Total Tayangan Halaman

Rabu, 10 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (058)

 

58.

Nanging anggone padha guyon kuwi dumadakan padha mandheg, ulat sing maune katon padha bingar merga padha ngguyu sing tulus ora merga digawe-gawe kuwi, malih dadi pucet lan semu kaweden. Warunge Togog kuwi ketekan Prajurit sikep gegaman cacah telu, pawakan lan praupane katon kasar-kasar mratandhani yen mung prajurit sing pangkate isih cendhek. Prajurit telu kuwi anggone mlebu warung tanpa nganggo deduga babar pisan, durung nganti dibagekne karo sing duwe warung, salah siji saka prajurit telu kuwi wis mbengok-mbengok takon :

 

“Endi sing duwe warung iki he?” takon ngono kuwi karo sikile sing siji diangkat ditumpangne menyang lincak sing tak lungguhi karo Codhot.

 

“Kula nDara…..” karo praupan pucet lan suwara gemeter Togog wangsulan disambung pitakonan “Ndara-ndara rawuh mriki badhe ngersakaken menapa?”.

 

“Dudu aku sing butuh” wangsulane Prajurit kuwi karo nyawang Togog, sauntara prajurit loro liyane banjur padha linggih neng lincak sing isih kothong, lan tanpa karo guneman apa-apa kekarone banjur padha nyaut panganan sing cumawis neng ndhuwur meja, dipangan.

 

“Inggih menawi makaten kula nyuwun pangapunten” Togog wangsulan.

 

“Tembungku durung rampung aja mbok sauri dhisik, goblog!” prajurit sing takon kuwi guneman maneh karo menthelengi Togog, Togog sing wiwit rada mari olehe wedi, bali dadi mengkeret maneh “kowe padha ngerti ta? Awan-awan sing panase kaya ngene iki, sing enak ngombe apa?”.

 

“Menawi tiang sadrajat kula ngeten niki sing seger nggih ngombe toya kendhi nDara” merga olehe takon prajurit  mau nganggo tembung “kowe padha ngerti ta” mula aku banjur nyaut aweh wangsulan “menawi priyantun ingkang kagungan serepan yatra lintune toya kendhi nggih kathah, legen napa duduh dawegan nggih seger”.

 

“Ha ha ha ha ,,,,,,” Prajurit kuwi ngguyu banter krungu wangsulanku “cangkemu muni nek wong kaya kowe sing seger kuwi banyu kendhi, nanging sing mbok adhepi dawegan, nek ngono kowe wong duwe serepan dhuwit?”.

Aku lagi krasa nek dawegan sing diladekne Togog mau durung kober tak entekne duduhe.

 

“Menawi niki benten nDara” aku wangsulan karo tak gawe rada ndhredheg vsethithik ben dikira wedi marang prajurit kuwi “dawegan sing kula ombe niki boten anggen kula tumbas, nanging niki wau opah nggen kula menek glugu ngundhuhi dawegan, kengkenane kakang kula Togog niku”.

 

“Ya wis, gak ngrembug perkara kuwi maneh” Prajurit kuwi guneman maneh, suwarane wis ora pati galak kaya pas lagi teka mau “saiki rungokna prentahku marang Togog karo kowe kabeh. Prajurit-prajurit sing saiki padha leren neng gredhu cedhak regol mlebu desa kae padha ngelak lan butuh ngombe, kae cacahe wong pitu karo aku lan kancaku loro kuwi kabeh ana sepuluh. Saiki pacakna dawegan cacah sepuluh, pilihna sing isih seger-seger, banjur terna mrana!. Sing macaki kareben Togog karo iki, sapa jenengmu he?”

 

Karo muni ngono kuwi prajurit kuwi nudingi aku.

 

“Kula ta nDara? Kula Genter adhine Kang Togog” gage aku wangsulan.

 

“Iya, gage kowe karo Togog milihi Dawegan sing isih seger lan sing gedhe-gedhe banjur pacakana” Prajurit kuwi wangsulan ngiras aweh prentah “kareben adil, mengko sing ngeterne menyang gredhu ben iki karo iki, jenengmu sapa ?”.

 

“Kula Codhot lan niki Tomblok nDara” Codhot gage wae olehe mangsuli merga ditudingi prajurit kuwi.

 

Aku karo Togog banjur ngalih njupuk bendho, nyedhaki panggonan dawegan arep nglakoni prentahe prajurit sing embuh dawegan kuwi dituku apa mung dijaluk lawaran wae, sing baku prentahe prajurit sing saben dina digetak-getak lurahe kuwi kudu enggal dituruti.

 

“Karo padha rungokna prentahku sabanjure” Prajurit kuwi guneman maneh “kowe kabeh padha sing ngati-ati, merga miturut telik sandi sing pinercaya desa kene arep ketekan menungsa sing arep gawe kisruh, jenenge Suwanda anake Tumenggung Jatikusuma sing wis mati, mula nek kowe ana sing weruh kumliwere Suwanda, aja padha kesuwen gage wae matur menyang pasanggrahan sing manggon neng tilas omahe Kebayan Bulak Pandhe kae. Ngerti?”.

 

“Inggih ngertos nDara” aku sing rada adoh manggonku wangsulan banter ben wonge krungu “Sinten wau? Suwanda? Tiangne niku sing pundi ta? Dedeg piadege pripun?”.

 

“Jarene wonge rada lemu, dhuwur kulite kuning resik, wonge bagus” Prajurit kuwi aweh katrangan “kuwi ancer-ancer sing tak tampa, wong aku dhewe ya durung tau wanuh karo wong sing jeneng Suwanda kuwi, kabare wong kuwi wis minggat luwih dhisik sadurunge Prajurite kanjeng Sinuhun sing jumeneng saiki teka neng Majapahit kene”.

 

Aku, Togog apadene Codhot karo Tomblok wis ora semaur maneh. Lagi bareng olehe macaki dawegan wis rampung, Togog banjur ngandhani Codhot karo Tomblok supaya ngeterne dawegan sing wis pacakan kuwi menyang gredhu cedhak regol dalam mlebu menyang ndesa.

 

Prajurit loro sing mau padha mangan panganan sing cemawis neng ndhuwure meja, wangune durung tutug anggone padha mangan. Banjur njaluk godhong, pangan sing ana meja kono padha dijupuk banjur diungkus arep digawa menyang  gredhu.  Prajurit loro kuwi banjur nututi kancane sing wis mlaku ndhisiki tanpa pamit ditutne Codhot karo Tomblok sing nggawa dawegan pacakan.

 

“nDika wau kok baud anggene ngaku nek adhi kula Kisanak Genter? Malah nggih ngaku nek dawegan-dawegan niki wau sing ngundhuhi nggih ndika? Upami prajurit-prajurit wau ngertos menawi ndika niku dede tiang mriki, ndika saged cilaka lho? Dibeta teng Kabayanan lajeng disikara ngantos pejah” sawuse prajurit telu mau adoh ninggalne warunge Togog utawa asline duwe jeneng Wursita  kuwi bisik-bisik nyang cedhak kupingku.

 

“Enggih Kakang” wangsulanku uga karo bisik-bisik “awake dhewe ora sah basan binasan, ndika cukup nyeluk aku Genter lan aku tak nyeluk ndika Kang Togog, ben ora ana sing ngerti nek awake dhewe iki lagi wae olehe padha tepung”.

 

“Iya Dhi” Togog wangsulan alon “aku ya ora bakal crita menyang sapa wae nek tenane ndika kuwi wong saka Wonogiri kaya sing ndika kandhakne mau, nanging nek eneng wong takon arep tak warah nek ndika kuwi anake Pakku cilik sing omahe pandhansari dhukuh lor kono, ben ora ana sing sujana. Merga jenenge ing kahanan sing lagi kisruh ngene iki, sok akeh wong sing melik golek rai banjur ndilat marang mungsuh, tega ngurbanake wong liya sing tenane tanpa dosa”.

 

Aku meneng ora enggal semaur, banjur bali mapan linggih neng lincak sing mau tak lungguhi. Kakang Togog, nututi melu mapan lungguh ing cedhakku, ya neng nggon sing mau dilungguhi Codhot. Wong loro meneng-menengan ora ana sing guneman. Ora suwe Codhot karo Tomblok wis padha teka kono maneh, banjur padha mbaleni necep wedang kopine sing mau ditinggalne.

 

“Saka rumangsaku ki neng ngendi-endi kok padha wae ya Kang” karo lungguh Tomblok grenengan dhewe “wong ki nek lagi rimangsa menang, banjur sawiyah-wiyah marang mungsuhe sing wis dianggep kalah”.

 

“Kowe kuwi omong apa lho mBlok?” Kang Togig semaur lirih “sing mbok arani wong  menang kuwi sapa? Lan sing mbok arani mungsuhe kuwi ya sapa?”.

 

“Sapa maneh?” sing wangsulan malah Codhot “sing kalah ya awake dhewe ngene iki, awake dhewe iki cetha nek mungsuhe wong-wong saka Kedhiri sing macak prajurit kae ta neh? Sawise kanjeng Sinuhun kendhang saka praja, wong-wong Keling karo Kedhiri kae menyang wong-wong kene sing dudu gedibale rak sawiyah-wiyah ta? Coba kaya iki mau karo sing wis kedaden sadurunge, wong-wong kae wis njaluk kathik nganggo meksa, nggetak-nggetak sakepenake dhewe marang awake dhewe. Titenana mbesuk nek Kanjeng Sinuhun wis kundur saka maneh, wong-wong kae mesthi bakal tumpes tapis kabeh”.

 

Krungu olehe padha rembugan wong-wong kuwi, aku banjur duwe dudutan yen satemene wong des akene iki isih ana, malah kira-kira wae isih akeh sing setya marang kanjeng Sinuhun Brawijaya sing jengkar saka praja merga anane kraman sing ditindakne Adipati Girindrawardana .

 

 

Ana candhake.

 


Selasa, 09 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (057)


57.

mBuh nganti pirang dina suwene aku terus mlaku, ninggalne bumi Kedhuwang tumuju menyang Kutharaja ing Majapahit. Gandheng aku wis diselehi kekuwatan gaib dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa jaman kepethuk sepisanan kae, sing wujude aku ora kagadhuhan rasa kesel, luwe lan ngantuk, mula aku babar pisan ora leren mandheg, kajaba yen wayah bengi sing ndadekne kahanan dadi peteng dhet-dhet, sing bisa ndadekne aku kelangan arahe kiblat.

 

Pusaka Keris Kyai Bancik peparinge Rama Tumenggung sing dhawuhe Rama Tumenggung supaya diaturne ing ngarsane Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa isih tak sengkelit ana lempengku, pranyata tanpa mirsani bukti keris kuwi Kanjeng Eyang Resi wis luwih pana sapa satemene aku. Samono uga Slendhang Sutra Kuning sing karan Slendhang Sipat, peparing saka Wa Anggara, minangka sipat kandelku uga ora pisah saka anggaku. Malah sangu dhuwit emas sakanthong cilik paringane Kanjeng Ibu Nyai Tumenggung uga isih wutuh . Barang-barang mau kabeh pancen ora arep tak pisahne saka awakku, Keris Kyai Bancik apa dene Slendhang Sipat tak kira bakal ana gunane samangsa-mangsa aku kepethuk bebaya, dene dhuwit sangu peparinge Ibu Nyai Tumenggung bisa tak anggo sawayah-wayah yen aku mbutuhake sing prelu dituku nganggo dhuwit sanadyan satemene aku wis ora mbutuhake apa-apa, jalaran aku ora butuh mangan utawa ngombe sing ngendikane Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa nganti satus rong puluh tahun lawase.

 

Ora tak critakne reroncene marga, lakuku wis cedhak karo padhukuhan Bulak Pandhe, sing nalika durung tak tinggal padhukuhan kuwi kareh dening Wa Anggara sing pinercaya dening Negara dadi Kebayan. Saiki aku durung ngerti sapa sing gumanti nglungguhi palenggahane Wa Anggara. Kanggoku kuwi ora pati baku, merga sing luwih baku maneh aku kepengin, mangerteni kabar apa sing nyartani Andalu, putrane Wa Anggara sing arep dijodhokne karo aku.

 

Nalika lakuku tekan pategalan sing rada amba, sing manggon sakulone padhukuhan Bulak Pande aku mandheg. Ing pinggir dalan katon ana warung cilik sing dodol omben lan panganan. Aku nedya menggok arep mlebu menyang warung kuwi, sanadyan temene aku ora butuh mangan utawa ngombe, nanging aku golek warta luwih dhisik sing ana gandheng cenenge karo Padhukuhan Bulak Pandhe sawuse Wa Anggara gugur.

“Mangga Kisanak pinarak nglebet mriki” sajak gupuh wong sing duwe warung mbagekne tekaku, banjur gumrecek tembunge nawakne dagangane “badhe ngersakne ngunjuk menapa? Wonten Toya Dawegan Klapa Wulung ingkang nembe anggenipun methik saking glugunipun, wonten legen, ugi wonten kopi ingkang toyanipun kedah dipun umubaken rumiyin……”.

 

“Kula nyuwun Dawegan kemawon Ki” aku wangsulan karo mapan linggih ing lincak dawa ngadhep meja, karo manthuk kurmat marang wong sing padha lagi ngadhep wedange dhewe-dhewe, wong sing uga padha karo aku, butuh tuku omben ing warung kuwi.

 

“Menawi makaten katuran nengga sakedhap nggih Kisanak, kersane deganipun dipun pacaki rumiyin” wong sing duwe warung kuwi guneman banjur mlaku menjaba karo njupuk bendho kanggo macaki klapa sing tak butuhake banyune “kalih nengga, manga dipun sambi niku wonten nyamikan Wajik, Jadah lan menapa menika ingkang wonten”.

 

“Inggih Ki” wangsulanku, banjur aku genti ngajak omongan wong sing linggih ora adoh saka panggonanku lungguh “nuwun sewu, wetan mriku niku padhukuhan pundi nggih Kisanak?”

 

Tak sengaja aku nambong, api-api durung wanuh karo laladan kono lan sajroning ati aku nyenyuwun marang Bethara muga-muga ora ana wong sing ora pangling karo wewujudanku sing satemene wis malih ora kaya jaman aku isih manggon neng dalem katumenggungan kae.

 

“Wetan mriku niku ta Kisanak?” wong sing takoni wangsulan nggenahne pitakonku karo nyawang sakujuring awakku tanpa kedhep, aku dadi ngedhap kuwatir yen nganti konangan nek aku iki Suwanda putra angkate Rama Tumenggung Jatikusuma .

 

“Inggih, kula wau saking kilen nglangkungi wana-wana, lajeng manggihi bulak pasabinan lajeng wonten pategilan mriki, dados sampun tigang dinten kula mlampah nembe badhe kepanggih padhusunan dinten menika mangke” aku aweh wangsulan karo nggawe crita sing rada ngayawara.

 

“Lha ndika niku sedherek saking pundi?” wong sijine sing mau meneng wae genti takon.

 

“Menawi asli kula, kula tebih saking Wonogiri Kisanak, nanging sampun dangu sanget kula nilar dhusun papan kula lahir saprelu ngumbara patos tedha, nglereg-nglereg mangetan wasana dumugi papan mriki niki” se[pisan maneh aku gawe crita sing ora nyata.

 

“Ndika ngagem asma sinten Kisanak? Meh kemawon kula wau ajeng klentu, ndika niku dedeg piadeg tuwin pasuryanipun memper kalihan priyagung ing Katumenggungan mriki, ingkang murca boten wonten ingkang mangertos dhateng pundi purugipun, kalih peken saderengipun wonten dahuru ingkang ndadosaken Gusti Prabu kendhang saking praja” wong sing wangsulan dhisik dhewe mau  takon jenengku lan nyritakne yen aku mirip karo priyagung Katumenggungan. Neng jero ati aku mesem, sing bener ora mirip maneh nanging ya aku sing priyagung sing dianggep murca kuwi.

 

“Ingkang mbentenaken namung, caranipun guneman kalih sandhangan ingkang ndika agem niku, kalih menawi Raden Bagus Suwanda priyagung ingkang kula aturaken wau pakulitanipun kuning ngemu giring, saliranipun radi lema menawi ndika, nuwun sewu ketingalipun gadhah pakulitan cemeng lan radi kera” wong kuwi nambahi katrangane.

 

“Inggih Kisanak, nami kula angsale nengeri bapa biyung kula rumiyin Wuluh Rahina, awit lahir kula kacariyos nyarengi lintang wuluh ndadari, nanging dening kanca-kanca kula dipun celuk mawi sebatan Genter, awit menawi katandhing kalih kanc-kanca sabarakan, kula niki inggil piyambak dedegipun, kados genter” wangsulanku sansaya adoh nggonku nggawe crita.

 

“Ing pundi-pundi niku sami mawon Kisanak Wuluh Rahina” wangsulane wong mau karo ngguyu “nami kula ingkang asli nggih sae, wong kalih tiyang sepuh kula dipun tengeri mawi jenang abang kanthi nami Sudira, nanging gandheng kula remen nedha woh-wohan pala gumandhul, kalih kanca-kanca lajeng dipun undang Codhot . Malah sak niki titiyang ing panggenan kula kathah sing boten tepang kalih Sudira, ingkang dipun tepangi nggih Codhot niki”.

 

“Sami kalihan kula Ki Sudira” aku melu ngguyu “tiyang nggen kula mrika nggih sami boten sumerep nami kula ingkang asli, lan ingkang dipun tepangi nggih Genter niki”.

 

“He he he….” Wong sing nakoni aku ngendi omahku mau genti sing ngguyu karo guneman “menawi nami kula Tomblok, Kisanak Genter. Kula boten ajeng criyos nek nami kula gawan bayi niku Parta, jalaran tiyang mriki boten wonten sing tepang kalih Parta”.

 

Krungu kandhane wong sing jarene ora arep ngaku jeneng asline kuwi mau aku dadi ngguyu, Codhot ya melu ngguyu pisan, wong telu dadi ngguyu banter, sajak merdika uripe.

 

“Thik padha pating cekakak ki jane ngono lagi ngguyu apa ta?” Sing duwe warung nyedhaki aku karo ngulungne dawegan sing wis pacakan lan wis dibolongi kanggo dalan ngombe, marang aku karo takon sajak gumun.

 

“Jenengmu biyen sapa Kang Togog?” Codhot wangsulan karo ngempet guyune, aku dadi ngerti nek sing duwe warung kuwi julukane Togog.

 

“Jenengku ta?” Sing duwe warung wangsulan karo mbalik takon “asline jenengku ki rak Mursita, embuh karo wong-wong kok dielih dadi Togog iki biyen piye? Padha wae karo bojoku kae, biyen jenenge rak Gemi, malah saiki ora ana wong sing ngerti Gemi ki sapa, malah Gemi dhewe ketoke nek jeneng Minthul kuwi mung jeneng julukan, ning nyatane nek diceluk Gemi ngono Minthul ki sok malah ora enggal semaur, beda karo nek diundang Minthul ngono gage wae olehe semaur”.

 

“Dados genahe ngoten lho Ki Mursita utawi Kisanak Togog” aku genti sing guneman “tiyang sekawan gangsal sak semah ndika niku mpun gantos nami sedaya. Nami ingkang asli sampun digantos, kula dados Genter, makaten ugi sedherek kalih menika, sak niki langkung kaprah gadhah nami Codhot kalih Tomblok”.

 

“Oo, nggih, nggih” Togog sing duwe jeneng asli Mursita kuwi wangsulan karo manthuk-manthuk. Wong liyane durung leren anggone padha glegesan dhewe, sauntara pitakonku ing ngarep durung ana sing aweh wangsulan.

 

 

Ana candhake. 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (056)

56.

Sansaya koming rasaning pikirku weruh slagane Kang mBok sing nyata ora bisa diselaki yen pancen wis nuwuhake branta sajroning nalarku. Nanging sepisan maneh aku isih kelingan yen aku iki isih kaprenah sedulure nom, kajaba saka iku aku uga ora lali yen tenane atiku wis ana sing nduweni, ya iku Andalu sing lagi tak sumelangake mungguh sing dadi nasibe.

 

“Nyuwun pangapunten Kang mBok” wekasan aku aweh wangsulan “kula boten saged atur wangsulan ingkang pas, jalaran estunipun kula kepengin sanget wangsul rumiyin dhateng Majapahit, nanjihaken kabar ingkang kula pireng. Mangke sasampunipun kula ngertos kawontenan Majapahit mawi panyawang kula piyambak, kula tumunten wangsul malih dhateng mriki saprelu nyampurnakaken Ngelmi Sejatining Sih asarana nampi pambiyantu saking Kakang mBok Ratu Setyawati”.

 

“Apa Dhimas Suwanda isih kurang percaya karo dhawuh pangandikane Eyang Resi sarta critane Paman Jurudah lan Paman Prasanta sing ngabarake kahanan Majapahit sawise Dhimas budhal menyang Kedhuwang ?” Kakang mBok sajak ora pati sarujuk yen aku arep tilik menyang Kutha Raja “sumurupa Dhimas, jaman Majapahit kanggone si Adhi kuwi wis dadi jaman sing kawuri, lire Gusti Kang Maha Agung wis kepareng ngersakake Dhimas Suwanda nggelar panguripan anyar sing ora manggon ing Majapahit maneh, nanging manggon neng papan anyar sing manggon ing salore Gunung Lawu lan Dhimas Suwanda kasampiran jejibahan nutugne lelabuhane Tumenggung Jatikusuma leladi marang bebrayan agung kanthi lelandhesan Ngelmu Sejatining Sih sing diparingake Kanjeng Eyang mau, mesthi wae sawuse Dhimas Suwanda bisa ngawruhi kanthi wutuh apa wae isining ngelmu sejatining sih kuwi sawise Dhimas kuwawa maca ukara ing waliking sabdane Kanjeng Eyang kang tinulis tanpa aksara kaucapake tanpa suwara mau”.

 

“Ing prakawis menika kula sampun nglenggana Kang mBok” aku aweh wangsulan “ugi kula sakalangkung pitados dhateng pangandikanipun Kanjeng Eyang Resi menapa dene kabar ingkang dipun asta dening Ki Jurudah miwah Ki Prasanta magepokan kalih kawontenan Majapahit ing wekdal menika. Anggen kula kepengin tilik dhateng Kitharaja menika kenging kawastanan kangge pamitan murih wewayangan Majapahit boten tansah ngranuhi manah kula, awit bares kemawon salah satunggal ingkang dados jalaran saking anggen kula dereng saged nata manah sarta nyiyagakaken nalar kangge nampi pambiyantu saking Kakang mBok menika inggih awit kula dereng saged nyupekaken Majapahit. Inggih kanthi kula tilik kangge pamitan menika ambok bilih saged dados lantaran kula saged nampi kawontenan ingkang kedah kula adhepi temah saged nampi pambiyantu saking Kakang mBok kanthi gangsar”.

 

“Yen pancen si adhi wis ora bisa dipenggak maneh, kapeksa pun Kakang ya mung bisa nglilani sarta titip weling sing kudu sira estokne Suwanda, ya iku wujud sirikan sing kudu sira tetepi sawuse klakon Dhimas Suwanda tekan Kutharaja” wekasan Kakang mBok Setyawati kandha yen ngidini aku tilik menyang Majapahit.

 

“Menapa ingkang kedah boten kula lampahi sadangunipun kula ing Majapahit mangke Kakang mBok?” aku takon apa sing kudu tak siriki.

 

“Nurut pawelinge Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa, sadurunge Dhimas Suwanda klakon bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih, Dhimas Suwanda ora dikeparengake tumindak sing bisa gawe patine titah sing wujud apa wae, kajaba sing ora disengaja kaya upamane ngeplak peranganing awak kamangka Dhimas Suwanda ora ngerti yen ing kono ana titah wujud lemut utawa sapanunggalane sing lagi mencok, saupama Dhimas weruh uga ora dikeparengake . Bakune Dhimas kudu bisa ngreksa dhiri temah ora gawe pepati kanthi pawadan apa wae” Kakang mBok njlentrehne sirikan sing kudu tak singkiri sasuwene aku durung bisa nguwasani ngelmu peparinge Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa, klebu nalika aku arep menyang Majapahit iki.

 

“Inggih Kang mBok” aku nyaguhi sing dadi welinge Kanjeng Eyang Resi sing dikandhakne Kang mBok Setyawati , jalaran sirikan sing mangkono kuwi cetha yen gampang banget anggone nglakoni lan aku mesthi bisa “dhawuhipun Kang mBok badhe tansah kula emut-emut lan kula estokaken”.

 

“Sabanjure Dhimas” Kang mBok Setyawati nutugne anggone guneman “yen dhimas wis sumurup kanyatan ing Majapahit diage dhimas tumuli pamitan lan bali nemoni pun Kakang, ora neng kene nanging awit papan iki sedhela maneh bakal bali marang wewujudan kaya sadurunge Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa mangasrama, ya iku wujud alas gung kanthi isen-isen sing banget nggegirisi”.

 

“Menawi boten wonten mriki lajeng dhateng pundi kula saged sowan Kang mBok Ratu?” aku takon.

“Si Adhi tak keparengake njujug ing Taman Sendhang Pangayoman sing mapan ing Kraton Katentreman” Kang mBok Setyawati aweh wangsulan “minangka srana Dhimas bisa teka kanthi gampang ing papan kuwi, si Adhi bakal tak ampili pusaka Kraton Pangayoman sing wujud kalpika sing aran Akik Mustikaning Tirta, sawayah-wayah si adhi kepengin menyang Kraton Katentreman, sawangen akik iki rada sauntara, mangka si adhi bakal dituntun dening Hyang Agung lumaku menyang papane Kraton Katentreman. Lan sepisan maneh welingku Suwanda, yen nganti si adhi jebul ora bisa bawa leksana ya iku netepi kasaguhan ora gawe pepati kaya sing tak kandhakne ing ngarep satemene banget gedhe wewalat sing bakal ditampa dening Dhimas Suwanda saka Sang Hyang Maha Prakosa”.

 

Kang mBok Setyawati banjur ngetokne ali-ali sing ana mripate wujud akik rupa putih bening, banjur diulungake marang aku. Gita-gita nggonku nampani kanthi senenging ati.

 

“Ngaturaken gunging panuwun Kang mBok” tembungku karo nampani ali-ali sing ana akike kuwi “samangke kaparenga keng rayi bidhal dhateng Majapahit, pangestunipun Kang mBok ingkang tansah kula jeng-ajeng, mugi kula saged lebda ing karya”.

 

“Iya Dhimas, diage sira budhala, duga-duga tansaha dhimas gawa, ngati-ati aja nganti keri” wangsulane Kang mBok karo mesem, mesem sing ngujiwat banget sing bisa gawe kumepyure panon saking olehe nengsemake “saiki padha sowing-sowangan, dhimas budhal menyang Kutharaja pun Kakang lan Paman Jurudah lan Paman Prasanta uga arep budhal bali menyang Kraton Katentreman”.

 

Rampung krungu ucape Kakang mBok Setyawati ngono kuwi mau, dumadakan ora weruh anggone obah, ngerti-ngerti Kang mBok Setyawati, Ki Jurudah apa dene Ki Prasanta wis ilang saka panduluku. Lan sadurunge ilang rasa gumunku, dumadakan bumi sing tak lungguhi obah-obah kaya diputer mubeng, kahanan dadi saya mbingungake bareng dumadakan malih dadi peteng ndhedhet lelimengan, saka langit keprungu suwarane gludhug sing saut-sautan ora nganggo wirama sing tumata. Nganti suntara suwene kahanan mangkono kuwi dumadi, mbarengi mandhege bumi saka olehe munyer, lamat-lamat saka kadohan keprungu suwara pangakake ula gedhe sing lagi luwe, pambaunge asu ajak sing ngalup-alup nrenyuhake, panggerone macan gembong sing kaya lagi luru memangsan. 

 

Suwara-suwara aneh kuwi sansaya suwe dadi sansaya cetha, banjur lon-lonan wiwit suda lan keprungu sansaya ngadoh saka papanku lungguh, suwe-suwe ilang babar pisan, bareng karo kahanan sing bali dadi padhang maneh. Mung eloke kahanan, klasa sing gumelar sing mau tak lungguhi, pendhapa sing jembar, latar sing gilar-gilar, kabeh wis ora ana. Sing katon neng kiwa tengenku saiki mung reruntuhan tilas wewangunan, bangsane kayu cagak, blandar lan sapanunggalane rata klawan lemah. Ompak watu sing wis padha lumuten. Kabeh digubel dening tetuwuhan rupa ri bandhil lan bebondhotan.

 

Aku ngadeg noleh mengiwa karo noleh manengen ngulati kahanan sing mbingungake nalarku iku. Jebul aku mau lungguh ing ngisor wit gedhe sing oyot-oyote pating pendhosol njudhuk ing lumahe lemah. Lan saka reruntuhan wewangunan kuwi dumadakan jumedhul ana ula ireng salengen gedhene, mriupate abang nyawang papanku ngadeg. Ula ireng kuwi mandheng banjur ngangkat sirahe, awake sing ngarep didegne, mekrok ngemba kaya enthong.

 

Aku siaga banjur nyandhak cuthik arep tak enggo nuthuk ula sing sajak mbebayani kuwi. Nanging aku banjur kelingan welinge Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa, lumantar Kang mBok Ratu Setyawati mau, ora dikeparengake gawe pepati kanthi pawadan apa wae. Cuthik sing wis tak goceki banjur tak buwang menyang lemah maneh. Saka panging wit sing ana dhuwurku keprungu suwarane manuk Drekuku, gumuyu. Bareng aku noleh mendhuwur nyawang prenahe manuk derkuku mau, jebul ing kana uga ana manuk Jalak Penyu sing uga banjur ngguyu, disambung karo ocehane sing sajak aweh sasmita marang aku :

 

“Tutna aku, tutna aku” manuk Jalak penyu kuwi cumlorot mudhun banjur nyolot-nyolot neng lemah. Aku tanggap, ula sing mau mekrok tak tinggal ngono wae, aku ngetutne lakune Jalak Penyu sing pencolotan nuduhne dalan marang aku.

 

 

Ana candhake.

 

 

Minggu, 07 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (055)

55.

Sawise meneng sedhela, kanggo nata ukara murih gampang ditampa dening Kakang mBok Setyawati, aku banjur wiwit guneman :

 

“Bares kemawon Kakang mBok, kula mila sampun saged nampi menapa ingkang dipun ngendikakaken dening Kanjeng Eyang kalawau, nanging rumaos kula dhawuh-dhawuhipun Kanjeng Eyang Resi menika kala wau namung tembung-tembung limrah ingkang sampun kaprah dipun kojahaken dening titiyang saderengipun, dados menawi kawastanan Ngelmu, menika menggah kula kok dereng pantes. Menika menggah pamanggih kula, borong anggen badhe Kang mBok badhe amastani”.

 

Tak lirik, Kakang mBok Setyawati njengkerutne bathuke, katon yen lagi mikir tembung sing lagi tak ucapne minangka kanggo aweh wangsulan marang pitakon sing ditujokne aku mau.

 

“Mengko dhisik Dhimas” sawuse rada sauntara nggone njengkerutne bathuke Kakang mBok Setyawati banjur guneman maneh “ing ngarep wis tak kandhakne yen, Ngelmu Sejatining Sih sing diparingake marang Dhimas dening Kanjeng Eyang kui mau, ing walike tembung sing disabdakne Kanjeng Eyang Resi, isih luwih akeh maneh piwulang sing luhur lan suci, yen si adhi pranyata mung bisa nampa lan krungu sing disabdakne Kanjeng Eyang lan durung bisa nyumurupi ukara sing ora kocap kuwi, ateges si Adhi isih mbutuhake pambiyantu saka pun kakang minangka sedulur tuwane si Adhi. Nanging, sadurunge pun kakang aweh pambiyantu, aku luwih dhisik kudu mangerteni si Adhi iki isih mbutuhake Wedharaning Ngelmu Sejatining Sih iki apa ora? Yen Dhimas Suwanda nyata isih mbutuhake, mangka pun kakang nyata ora kabotan aweh pambiyantu jer kuwi wis dadi kuwajibanku minangka sedulur tuwa, lan pancen weling sing tak tampa saka kanjeng Eyang pancen kudu mangkono. Nanging yen Dhimas Suwanda jebul wis rumangsa ora mbutuhake ngelmu sing kanggone mung minangka piranti leladi marang bebrayan agung iki, yekti ora ana guna lan paedahe yen ta aku meksa aweh pambiyantu marang Dhimas, murih bisa nggadhuh ngelmu Sejatining Sih iki kanthi rada sampurna”.

 

Aku dadi rada ora kepenak nampa ucape Kang mBok Setyawati iki, ya gene arep aweh pambiyantu marang aku sing jare sedulure enom wae kok ndadak nganggo ditakoni luwih dhisik butuh lan orane? Kamangka aweh pambiyantu marang aku magepokan karo ngelmu sing lagi dirembug iki, cetha yen wis dadi dhawuhe Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa marang dheweke. Nanging, slagane Kang mBok Setyawati pas lagi guneman marang aku mau kuwi, sing tak senengi. Tembung-tembunge sing metu saka lathine, keprungu enak dirungokne nganggo kuping, obahing lathi sing wor lan liringing netrane sarta obahing peranganing raga liyane, katon sarwa pantes lang awe sengseme sapa sing ndulu. Meh wae aku lali, yen sing lagi guneman karo aku iki sedulur tunggal guruku sing kaprenah tuwa, tak kira yen sing guneman iki mau Andalu sing wewayangane tansah kumanthil-kanthil ing telenging atiku. Iya Andalu, sing praupan, pawakan, solah bawa, kabeh memper banget karo Kakang mBok Setyawati. Andalu sing wis kuwawa dadi pamecut marang aku supaya ninggalne Majapahit saperlu puruita menyang Kedhuwang kanggo nampa ngelmu sing kena dienggo sangu lelayaran ing samodraning bebrayan antarane aku karo dheweke.

 

Jalaran nyumurupi solah bawa lan suwarane Kakang mBok Setyawati sing sarwa ceples karo Andalu kuwi, ndadekne rasa kangenku marang Andalu wis angel diampet maneh. Luwih-luwih nganti saiki aku durung ngerti lakon apa sing disandhang dening Andalu sawuse Wa Anggara gugur bareng karo Rama Tumenggung dadi sawur tawuring Majapahit. Lan nalika mau aku nyuwun pirsa marang Kanjeng Eyang mungguh nasib sing disandhang Andalu, aku ora oleh wangsulan sing maremake babar pisan.

 

Bareng mikir bab iki, aku banjur nggagas yen satemene olehku arep puruita marang Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa iki kajaba merga nampa minangka nglakoni paukuman saka Rama Tumenggung Jatikusuma, ya sing baku arep golek sangu murih nggonku nglakoni urip bebarengan karo Andalu bisa lestari lan nemu bagya mulya. Mulane aku banjur ndawakne gagasan, aku kudu luwih dhisik weruh lan bisa mesthekne yen kahanane Andalu wektu iki ing sajroning kahanan sing becik. Andalu isih urip kanthi suci, ora dirusak dening mungsuhe Wa Anggara, ya andhahane Gusti Adipati Girindrawardana sing wis kasil anggone ngraman Majapahit.  Jalaran yen nganti jebul Andalu wis dadi barang jarahan lan katut diboyong dening sing lagi menang perang, utawa kasucene wis direbut dening prajurit sing kegiwang atine merga weruh kasulistyane Andalu, kanggo apa Wedharing Ngelmu Sejatining Sih kuwi tak ngerteni? Ora ana gunane babar pisan. Kajaba yen….. aku durung wani mblakakne suwarane angen-angenku. Muga-muga Andalu isih kaya jaman sadurunge aku lunga ninggal Majapahit wingenane.

 

“Piye Dhimas?” bareng suwe aku ora semaur, Kakang mBok Setyawati banjur nakoni aku maneh. Olehe takon karo mesem sing ngujiwat banget, ati lanangku gumronjal ora karuwan, nanging aku isih eling yen katresnanku wis tak tibakne marang Andalu sing jarene Wa Anggara Andalu uga banget tresna marang aku.

 

“Nyuwun pangapunten Kang mBok” alon-alon aku wangsulan “menawi kang mBok ndangu kados makaten menika, inggih kula wangsulaken dhateng jengandika kakang mBok ingkang sampun nampi dhawuh saking Kanjeng Eyang Resi. Menawi kakang mBok kasdu nindakaken welingipun sawargi Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa ingkang nembe kemawon kundur makahyangan, inggih sumangga dene menawi kakang mBok boten kasdu ing panggalih temah eman paring pambiyantu dhateng kula, keng rayi estu boten saged menapa-menapa. Sadaya purba wonten asta jengandika Kakang mBok Ratu Setyawati”.

 

Sepisan maneh Kakang mBok mesem sing ngujiwat banget, meh wae gawe runtuh isen-isening dhadhaku, ketang saking kasengsem ndulu esem sing diwenehne dening Sang Pindha Ratih iki. Banjur disusuli guneman sing keprungu ndhemenake :

 

“Si Adhi kuwi lho? Kok bisa-bisane guneman kaya mangkono ta? Mesthi wae pun mBakyumu iki ora bakal wani ndaga dhawuhe Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa murih tansah aeeh pambiyantu marang Dhimas Suwanda. Dadi kanthi si Adhi aweh wangsulan kaya mangkono iku mau, si Adhi wis siyaga ing dhiri kanggo nampani pambiyantu saka pun Kakang? Jalaran kanggo nampani pambiyantu saka pun kakang murih Dhimas Suwanda bisa miyak wiwaraning gaib, ngrungokne weca sing tanpa suwara, maca piwulang sing tanpa aksara, sing manggon ana waliking sabda kang wis kangendikakne dening Kanjeng Eyang Resi marang si Adhi, iku ana sarate, ya iku si Adhi kudu bisa nata ati murih dadi resik saka sakehing kekarepaning hawa napsu, nata piker murih wening temah ora kaworan pamikir sing ora mardika. Apa si adhi wis bisa mujudake sarat iki?”.

 

Sepisan maneh aku meneng, ora enggal semaur. Rasa kangenku marang Andalu sengaja tak ora tak penggak, jalaran aku kuwatir yen nganti aku lali purwa duksina, kagiwang suwara slaga lan pawakan sarta pasuryane Kakang mBok Setyawati sing sansaya suwe sansaya gawe kepencute atiku. Aku ora kepengin dadi selulur nom sing nrucak marang sedulur tuwa.

 

“Sepisan malih kula nyuwun pangaksami Kakang mBok” karo ndhingkluk aku aweh wangsulan “menapa keng rayi kaparengaken nyuwun palilah kangge nata manah langkung rumiyin?. Jalaran kula ngertos, bilih ing titi wanci menika pikiranipun keng rayi nembe kuwur, nalaripun Suwanda nembe nglantur, saha manah kula nembe kisruh ingkang boten kantenan. Kanthi kawontenan ingkang kados menika cetha menawi kula dereng samekta nampi pambiyantu saking Kakang mBok, ingkang sanyata kula betahaken menika”.

 

“Iya Dhimas” Kakang mBok Setyawati wangsulan karo slaga sing ora owah “banjur nganti suk kapan kira-kira Dhimas Suwanda bisa nata ati lan nata piker kanggo nampa pambiyantu saka pun Kakang iki?”.

 

 

 

Ana candhake.
 

Sabtu, 06 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (054)


 

54.

Ya lagi iki aku ngerti yen wong moksha saragane kuwi pancen nyata anane, lan aku duwe pangira yen sing bisa mangkono kuwi ya mung wong-wong sing wis oleh kanugrahan saka Hyang Agung, iya awit saka anggone padha tumemen sajrone nglakoni dadi kawulaNe.  Bareng wis rada sauntara Kanjeng Eyang sing didherekne Resi papat siswane Panembahan Kumbangtaman saka Gunung Merapi kuwi ora katon maneh, aku lagi kelingan yen mau neng pendhapa kene iki akeh wong-wong sing padha linggih neng klasa. Nanging saiki wong pirang-pirang sing mau kober tak weruhi, kabeh wis ora ana kono. Menyang ngendi parane? Kapan olehe lunga?. Aku dadi bingung, nyawang klasa-klasa sing gumelar nanging ora ana sing nglungguhi kuwi.

 

“Pinarak rumiyin Raden Suwanda” dumadakan Ki Jurudah ngajak lungguh, tak sawang Ki Prasanta uga banjur mapan lungguh neng klasa sing isih gumelar kuwi. Aku ora wangsulan nanging uga banjur melu lungguh. Sauntara wong wadon ayu sing pasuryane mirip Andalu, siswane Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sing jeneng Ratu Setyawati, uga wis mapan lungguh timpuh rada adoh saka panggonanku . Wong ayu kuwi katon isih tumungkul nuduhne yen atine lagi susah.

 

“Kanjeng Ratu, kaparenga samangke paring dhawuh menapa ingkang kedah kula lampahi?” alon-alon lan katon ngati-ati Ki Prasanta matur marang pepundhene sing nganti suwe ora guneman apa-apa kuwi.

 

Ora krasa aku melu ndengengek nyawang marang wong wadon sing jare Ratu Kraton Katentreman sing nduweni Taman Sendhang Pangayoman kuwi. Ora kleru maneh, pancen Setyawati iki memper banget karo Andalu, pantes menawa dadi sedulur kembar telu karo sisihane Waraka pisan.

 

Rasa kangenku marang Andalu dadi sansaya nunjem sajroning piker, nanging kepiye kahanane Andalu wektu iki? Manggon ing ngendi? Apa banjur dadi putri boyongan dadi barang rampasaning perang katut digawa prajurite Adipati Girindrawardana sing wis menang anggone nindakne kraman?. Rasa kuwatirku sansaya angel tak kendhaleni, aku duwe karep arep enggal pamit wae marang Ki Jurudah lan Ki Prasanta uga Setyawati, pamit yen arep bali menyang Majapahit awit nggonku puruita marang Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa kaanggep wis cukup ketitik Kanjeng Eyang wis ngersakne moksha kundur marang mula-mulane.

 

“Mengko dhisik Paman Jurudah apa dene Paman Prasanta” dumadakan wong ayu kuwi aweh wangsulan marang Ki Prasanta “sadurunge ingsun nibakne dhawuh marang ndika sakloron,  aku arep luwih dhisik nyampurnakne weling saka Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa marang aku sing ana sambung rapete karo putra angkate Tumenggung Jatikusuma”.

 

Aku sing uga krungu apa sing dikandhakne dening wanita ayu kuwi dadi mikir, jebul Eyang Resi uga wis titip weling marang wanita ayu kuwi supaya dikandhakne marang aku. Banjur kira-kira, apa wujude weling mau? Wujud wulang apa wujud liyane?  Apa malah wujud prentah?. Aku ora bisa ngira-ira maneh, mung wae sansaya suwe tak waspadakne, pasuryan lan pawakane wanita sing jarene Ratu ing Kraton Katentreman iki sansaya mundhak katon nengsemake.

 

“Inggih Kanjeng Ratu” nalika aku isih ubeg karo pikiranku dhewe, Ki Prasanta wis mangsuli apa sing dikandhakne Setyawati “kaparenga abdi paduka anengga dhawuh”.

 

“Iya Paman, ora liwat kepenakna dhisik anggon ndika padha linggih, aku tak rembugan karo adhiku Suwanda” wangsulane Setyawati karo mesem, sing banjur disambung gunem sing ditujokne marang aku :

 

“Suwanda, sadurunge aku kandha akeh-akeh luwih dhisik akua rep aweh weruh marang keng slira bab sambunge antarane Setyawati lan Suwanda”.

 

“Ing…gih Kanjeng Ratu” aku wangsulan alon, karo jroning ati tuwuh pitakonan apa sing dikarepake tembung sambunge antarane Setyawati karo Suwanda iki mau.

 

“Aja keladuk nggonira nampa rembugku Suwanda” Ratu Setyawati banjur guneman maneh “yen diwawas saka suwene nggonira manggon neng alam padhang iki karo suwene nggonku wiwit dilahirake, mula umurmu adoh manggon ana ing sangisorku, jalaran bares wae aku dipupu dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa kuwi wiwit nalika sing ngasta jejeg pusaraning adil ing Majapahit isih Kanjeng Sinuhun Prabu Brawijaya Wikramawardana. Jaman kuwi mbok menawa wong tuwamu sing dadi Panewu biyen kae durung dilahirake. Nanging gandheng antarane sira karo aku iki isih padha-padha siswane Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa, mula sliramu kena diarani adhiku tunggal sapaguron, lan sliramu wenang nyeluk aku kanthi sebutan Kang mBok utawa mBakayu. Dadi suwaken sebutan Kanjeng Ratu marang aku, awit aku iki nyata mbakayumu lan sliramu kuwi adhiku, luwih-luwih sliramu kuwi dudu utawa durung dadi kulawarga saka Kraton Katentreman sing tak suhi”.

 

Aku mesem sajroning ati, ngguyu pikiranku sing mau kober mikir sing ora-ora, kegawa saka sansaya kasengseme atiku ndulu wewujudane Ratu Kraton Katentreman kuwi.

 

“Manawi makaten keng rayi namung badhe ngestokaken dhawuh Kakang mBok” beda karo suwarane atiku, lambeku ngetokne wangsulan marang Kang mBok Setyawati.

 

“Iya Adhi” Kang mBok Setyawati wangsulan karo mesem, wangune kalegan atine krungu wangsulanku kuwi mau “sabanjure, aja si adhi ndakwa marang pun kakang yen wis ngremehne lungiting nalare si adhi, yen pun kakang arep takon bab anggonmu nampa dhawuh pungkasan saka Kanjeng Eyang utawa Bapa Guru Resi Diradruwasa mau?. Ngene ya Dhi, aku nyebut Kanjeng Eyang marang Bapa Guru iki merga kajaba Guruku, Resi Doradruwasa kuwi iya gurune wong tuwaku , Rama Prabu Brawijaya Wikramawardana wiwit poanjenengane isih ngagem sebutan Raden Damarwulan biyen, padha karo Dhimas Suwanda nadyan Dhimas iki siswa wuragile Kanjeng Eyang ing Kedhuwang kene, nanging Dhimas Suwanda uga putra angkate Tumenggung Jatikusuma sing anggone meguru marang sedulur nome Kanjeng Eyang Doradruwasa wiwit isih ngagem asma Kunthing”.

 

“Inggih Kakang mBok” aku wangsulan karo mesem krungu katrangan sing dikandhakne Kakang mBok Setyawati kuwi “nuwun sewu, ingkang Kakang mBok kersakaken kalihan dhawuhipun kanjeng Eyang Resi dhateng kula kala wau cethanipun kados pundi?”.

 

“Apa Dhimas Suwanda wis bisa nampa kanthi sampurna apa wae wulangan kang kadhawuhne dening Kanjeng Eyang mau? Jalaran ing waliking ukara sing dingendikakne, nyata luwih ukara sing ora keprungu ing kupinge sing padha ana, mula yen mung krungu ngono wae durung karuwan bisa nampa lan mangwasani sejatining Ngelmu Agung kang winastan Ngelmu Sejating Sih sing dingendikakne Kanjeng Eyang sadurunge jengkar makahyangan mau” Kakangmbok Setyawati nyethakne tembung pitakone marang aku.

 

Aku ora enggal bisa kumecap aweh wangsulan, awit kaping sepisan yen aku kandha blaka manawa apa sing didhawuhne Kanjeng Eyang mau babar pisan ora ana sing bisa tak ngerteni maknane, mangka mesthi aku bakal nampa pamaido saka kakang mBok Setyawati yen aku iki bocah bodho. Kaping pindho yen nganti aku aweh wangsulan manawa wis ngerti lan bisa nampa kabeh dhawuhe Kanjeng Eyang Resi mau, aku kuwatir yen banjur ditakoni dening Kakang mBok Setyawati magepokan karo ngelmu sing diarani Sejatining Sih kuwi mau. Mula aku banjur meneng, nganti suwe ora bisa kumecap apa-apa.

 

“Piye Dhimas?” Kakang mBok Setyawati guneman maneh “apa isih kurang cetha mungguh sing dadi pitakonku marang si adhi iki mau?”.

 

“Boten Kakang mBok” aku gragapan aweh wangsulan “namung kemawon kraos radi kewetan anggen kula badhe atur wangsulan, awit ajrih menawi kakang mBok duka dhateng keng rayi, pun kula”.

 

“Aja kaya bocah cilik Dhimas” Kakang mBok Setyawati gumuyu renyah, kepenak banget dirungokne nganggo kuping iki “Si Adhi bisa wangsulan kanthi sanyatane awit wangsulane si Adhi kuwi ana sambung rapete karo jejibahan sing tak tampa saka Kanjeng Eyang Resi magepokan karo binabare ngelmu Sejatining Sih sing wis dipracayakake marang Dhimas Suwanda”.

 

Aku wis ora bisa endha maneh, gelem ora gelem kudu aweh wangsulan marang kakang mBok Setyawati sing jejer minangka gantine Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa iki.

 

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...