Total Tayangan Halaman

Senin, 15 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (61)

 



61.

Kanthi dipadhangi dimar teplok aku wong telu mangan bareng. Rampung mangan, Yu Minthul kandha yen pancen aku arep manggon neng kene, kanggo manganku saben dina aku dipenging olah dhewe, nanging arep dikirim saka omah. Aku mung meneng sing ateges nyarujuki apa sing dadi karepe Yu Minthul sing dibenerake dening Kang Togog. Aku uga dadi sansaya percaya marang Togog, jebul sisihane wae wis ora diblakani sapa sejatine aku, malah Kang Togog wis gawe crita yen aku iki temen-temen sedulur nak dulure dhewe sing durung ditepungi dening sisihane.

 

Kang Togog banjur ngajak aku metu saka jero warung, nggelar klasa neng latar, merga rembulan purnama wis njudhul saka langit sisih wetan. Ing mangsa ketiga ngene iki, nggelar klasa ing tengah latar kasunaran dening padhange rembulan tanggal kaping lima las ngene iki, nyata bisa ndadekne padhange angen-angen tenan. Sumribite barat sing silir-silir nggawa hawa adhem bisa nggampangne ilanging rasa kesel sawuse nyambut gawe meres tenaga sedina muput ing wayah awane.

 

Dalan ngarep warung sing tumuju menyang Desa kuwi jebul ora sepi banget, sanajan ing wayah wengi, sedhela-sedhela ana wong mlaku liwat kono. Siji loro padha aruh-aruh marang Kang Togog lan sisihane sing uga wis lungguh neng klasa.

 

“Nglaras ta Gog? Lha warunge ko kora mbok bukak?” ana wong liwat neng dalan mandheg sedhela karo ngluruhi Kang Togog.

 

“Durung gawe panganan Dhe, sing mau awan wis entek” wangsulane Togog.

 

“Iya saben dina rak ya ngono ta?” Wong kuwi guneman maneh “kok mung sing tak dhengarekne ki, padatan kowe nek wengi ngene iki ra kora tau ninggalne bojomu? Lha bengi iki kok isih neng warung?”

 

“Lha iki bojoku ya melu neng kene iki? Malah karo adhine barang kok!”

 

“Lhah kuwi mau Minthul ta? Ketutupan wewayangane wit Munggur, ndadekne aku pangling, tak sengguh nek wong lanang kuwi mau” wong kuwi mlaku nyedhak  karo nutugne olehe takon “adhine Minthul sing endi maneh? Wong Minthul ki ora duwe tunggal kok, kowe omong nek karo adhine barang kuwi?”.

 

“Adhiku nak dulur Dhe” wangsulane Togog karo ngingset lungguhe aweh panggonan marang wong sing lagi teka “Adhiku Genter saka Pandhansari”.

 

“O alaaah” wong kuwi banjur melu lungguh neng klasa “apa anake suwargi Kang Sarma? Kabare biyen Kang Sarma ki ninggal anak siji, apay a iki?”.

 

“Inggih Dhe” aku gage wae nyaut “nggih kula niki,  larene”.

 

“Iya-iya, aku iki biyen jaman nom-noman biyen, kancane glidhig bapakmu, nanging bareng Kang Sarma rabi oleh Pandhansari biyen, banjur blas ora tau endhang-endhang mrene, ngerti-ngerti aku krungu kabar saka Sawargi kang Giya nek jarene seduluere nom kuwi wis kepundhut, malah ngertiku sawise pendhak pindhone” wong kuwi banjur crita “lha jenengmu sapa? Wis omah-omah pa rung? Kok bojomu ora mbok jak kuwi?”.

 

“Inggih Dhe, nami kula Genter” wangsulanku nepungne dhiri.

 

“Genter iki durung rabi Dhe” Kang Togog nindhihi rembug “wong wektu iki Pandhansari sepi gaweyan, mula karepku Genter tak kon mandheg neng kene rada sauntara ben ngrewangi Minthul karo aku ana warung kene”.

 

“Iya aku krungu kabar jare Pandhansari lagi kena cobaning Hyang Agung, tanduran padha pusa merga diama dening Tikus wis sawatara suwene. Apay a pancen mangkono ta Ter? Iya jenengku Karta Cikrak” womg kuwi uga nepungne dhiri sawuse takon pawarta ngenani Desa Pandhansari sing lagi akeh tikus.

 

“Leres Dhe” aku wangsulan karo ngarang crita, jeneh sing dikandhakne Desa Pandhansari kuwi wae aku ya lagi ngerti ancer-ancere, durung tau weruh papan sing sabenere “mpun wiwit telune mene, tikus lan walang sangit sami ngrusuhi tanemane tiyang mrika, dados mrika sak niki paceklik turu alu, tiyang-tiyang kathah sing ngungsi pados tedha, kalebet kula sing lajeng mriki niki, mergi sedulur kula nggih Kantun Kang Togog kalih Yu Minthul niki sing kula ngertosi”.

 

“Niku mawon, angsale sumerep rupane sedulure nggih nembe mawon kok Dhe” Minthul sing maune meneng lungguh neng pojok klasa rada adoh melu amul rembug “dadi nggih ama tikus niku enten gunane, saged methukne sedulur sing empun meh ilang, merga boten tau sanjan sinanjan, kados Kang Togog kalih Adhi kula Genter niku”.

 

“He he he” Karta Cikrak nggleges alon “bener kuwi Thul. Bareng butuhe menungsa sansaya akeh ngene iki ndadekne wong dadi arang dolan, kabeh ketungkul karo gaweyan saben dinane sing ora ana rampunge, kaya aku iki ya ngono, wiwit omah-omah biyen nganti saiki ya durung tau ngajak mbokmu gedhe sanja menyang desa klahirane sing neng Sendhangngembes kana, kajaba pas Maratuwaku tinggal Donya kae, dadi putune maratuwa kuwi saiki pira aku ya ora ngerti”.

 

“Iya Dhe” Togog genti sing wangsulan banjur ditutugne takon “lha iki mau Dhe Karta arep menyang sawah apa mung klintong-klintong nglaras endahing purnama karo mlaku-mlaku mubeng desa?”.

 

“Aku wengi iki rak ketiban urak rondha neng Gredhu cedhak regol mlebu desa kono kuwi ta Gog? Ngancani karo ngladeni para Prajurit sing ana kono, prajurit sing kereng-kereng saka Kedhiri apa saka Keling kuwi neh?” Karta Cikrak aweh wangsulan.

 

“Lha kok malah mlaku-mlaku mrene?” Togog takon.

 

“Mripate Prajurit-prajurit kae jan awas banget” Karta Cikrak aweh wangsulan “warungmu sing adate peteng, merga mbok tinggal mulih, bareng wengi iki mbok sumeti dimar ndudut kawigatene para prajurit kae, banjur aku dikongkon ndelok mrene, ana apa? Ngono. Lha Jaya Slunthu karo Min Gareng, mau ya dikongkon ndelok kuburan kembar sing neng lor desa kae”.

 

“Lha kuburan barang kok dikongkon marani ki apa neng kana ya ana sing nyumet dimar ta Dhe?” Togog takon karo mesem.

 

“Jarene Lurah Prajurit sing ana gredhu kana mau, mbok menawa wae wengi iki bakal ana wong teka sing arep gawe kisruh neng desane dhewe, lha pandhegane wong sing jarene arep gawe kisruh kuwi jenenge Suwanda, putrane Gusti Tumenggung Jatikusuma suwargi. Lha kowe rak ya ngerti ta? Nek kuburan kembar kae kuburane Rinten bojone Juragan Waraka karo sedulur kembare sing jeneng Andalu, loro-lorone padha mati suduk jiwa sawuse diprawasa dening prajurit sing menang perang?  Let sedina karo biyunge sing uga lampus dhiri  sawuse ngerti nek Ki Kebayan Bulakpandhe gugur lan Nyi Kebayan suthik dadi reh-rehane prajurit saka Keling. Satemene sing dirodhapeksa dening Prajurit sing rumangsa wis unggul yudane kae rak mung Andalu, merga Rinten katon nek wis meteng rada gedhe, nanging Rinten melu suduk jiwa pisan merga diuman-uman dening sing lanang. Didakwa nek wis ora suci maneh luwih-luwih nalika Rinten mara menyang omahe wong tuwane mbarengi Juragan Waraka ora ana omah pisan, saking puteging nalare Rinten banjur melu nusul kembarane nyudukne patrem sing wis dicencem ing upase ula weling menyang dhadhane dadi lan triwase”.

 

Kaya disamber gelap rasane krungu kojahe Karta Cikrak marang Togog sing mangkono iku, rasane atiku. Andalu sing tak lari kabare jebul wis dadi korban kawengisane perang, korban merga angkara murkaning manungsa sing wis kelangan rasa kamanungsane. Andalu wis kari wujud kuburan, merga mati kanggo nebus lara wirange, sawuse diprawasa lan dirodhapeksa nuruti nepsune prajurit sing nyata murang tata. Untuku nggeget, dhadhaku kaya pecah merga kobong dening genining kanepson sing dumadakan nyumet jejantungku. Nanging, aku isih meneng durung guneman apa-apa. Karta Cikrak, Togog apa dene Minthul sing padha lungguh tunggal saklasa karo aku durung ana sing weruh yen praupanku mesti wis owah ora karuwan, sunaring rembulan kang kaling-kalingan wewayangane godhonging wit munggur sing ngrembuyung, ndadekne praupanku ora ketara yen lagi nesu.

 

“Lha banjur gandhenge kuburan kembar karo tekane Raden Bagus Suwanda sing jarene arep gawe kisruh kuwi apa Dhe?” Togog sing babar pisan ora ngulatne aku, banjur takon marang Karta Cikrak sing lagi wae meneng anggine kojah.

 

 

Ana candhake.

Kamis, 11 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (060)


60.

Sidane aku wong papat wis sarujuk yen kanggo ngarah murih ora cilaka ing tangane para prajurit lan wong-wong sing dhemen laku cidra, kanggo sawantara suwene aku arep manggon neng Warunge Togog, ngiras pantes melu ngrewangi anggone Togog bebakulan lan yen bengi bisa melu nunggu warung kuwi, merga nek bengi Togog karo sisihane turu neng omahe sing ana sajerone desa Bulak Pandhe. Codhot apa dene Tomblok merga umur-umurane luwih tuwa sethithik tinimbang aku, yen ngundang aku cukup njangkar utawa nganggo ater-ater Adhi.

 

Nalika srengenge wis sansaya mudhun ing langit sisih kulon, Tomblok lan Codhot padha pamit arep bali menyang omahe. Dina kuwi wong loro sing nalika budhal saka omah duwe niyat arep menyang sawah, wurung merga mandheg neng warung sing wekasane kepethuk aku, sing miturut panemune Togog, Tomblok lan Codhot, prelu dibantu murih ora dadi korbane wong – wong sing rumangsa lagi menang perang.

 

“Dina iki mau tumrapku dina sing banget gawe senenge ati” kandhaku nalika Tomblok lan Codhot ngadeg sawise pamit nek arep bali “aku bisa kepethuk sedulurku tuwa lan oleh pagaweyan kanggo nutugne uripku. Aku matur nuwun banget marang Kang Tomblok lan Kang Codhot, luwih-luwih marang Kang Togog, merga arep ngrekakne aku ndika wong telu padha oleh kapitunan ing dina iki”.

 

“Kapitunan sing kepiye Dhi?” Tomblok bali lungguh maneh karo takon, Codhot melu-melu bali lungguh.

 

“Lha wis genah ta?” aku wangsulan karo mesem “ndika karo Kang Codhot, nandhang tuna merga kudune bisa nandangi gaweyan sing durung rampung neng sawah, nanging wurung merga jagongan karo aku neng kene. Lha nek Kang Togog, dawegan sepuluh katit digawa wong sing rumangsa menangan mau”.

 

“St…..” Togog nyaut karo nyelehne driji panudinge neng lambe “aja diomong, nek krungu wong marakne ora becik”.

 

“Lhah, wong jenenge ketemu sedulur nek mung ninggalne gaweyan setugel dina wae, ya ora ana rugine ta Dhi? Ngono kok ndika arani tuna, kanggoku malah bathi, netepi unen-unen Tuna satak bathi sanak ngana kae lho?” Tomblok aweh wangsulan.

 

“Iya Kang” wekasan aku aweh wangsulan “nanging, ndika wong telu aja padha salah tampa ya? Tenane ngono, tekaku neng kene iki mau ya nggawa sangu, asile nggonku keklumpuk nalika aku ngumbara golek upa. Mung kanggo tandha tresna lan atur panuwunku marang ndika wong telu, tak jaluk ndika padha gelema nampani saperangan cilik saka sangu sing tak gawa iki”.

 

Aku ngetokne kanthong sing isi dhuwit perak, banjur tak jupuk isine, kanggo Tomblok lan Codhot wong siji tak wenehi limang klithik, sing ajine padha karo regane wedhus siji. Lan kanggo Togog tak wenehi sepuluh Klithik, dadi tikel ping pindho kari sing ditampa Codhot utawa Tomblok.

 

“Kok mengkono ta Dhi?” Tomblok guneman karo mripate mblalak kaya wong kaget “dhuwit kuwi gajege olehmu keklumpuk sarana adus kringet dodol tenaga, kok malah ndika dum-dumne marang aku, iki apa wis bener?”.

 

“Iya Dhi Genter, dhuwit olehmu buruh-buruh kok mung arep mbok driyahne marang aku, kamangka gajege ndika kuwi ya isih butuh wragat kanggo urip lho?” Codhot melu guneman.

 

“Ngene lho Dhi” Togog amul gunem “Adhi Genter kuwi cetha nek sedulurku dhewe, karo sedulur kuwi aja dipadhakne karo wong liya, lire endi sing repot kudu dibantu, endi sing longgar kudu gelem ngrewangi sedulure sing lagi mbutuhake. Aja banjur mbok regani nganggo dhuwit perak utawa emas, ajine paseduluran kuwi ora bisa ditandhing-tandhingne karo apa wae”.

 

“Kakang-kakangku kabeh” aku wangsulan karo mesem “mau aku rak wis kandha, ndika kabeh aja padha salah tampa. Ya bener nek sing tak wenehne ndika iki nggonku keklumpuk sarana nyambut gawe tegese iki dhuwit sing ora olehku tumindak dudu, colong jupuk sapiturute, lan maneh kuwi mung saperangan cilik saka sangu sing tak gawa, dadi kanggo dina-dina sabanjure aku isih duwe simpenan sing cacahe cukup malah kepara isih bisa turah nek mung kanggo ngragati uripku sing kembang plonco tanpa anak tanpa bojo ngene iki. Dadi ndika tak jaluk gelema nglegani atiku, ndika tampa dhuwit sing mung kena ngge tuku suruh gambir sapanginangan paribasane iki, minangka tandha yen anggonku ngaturake panuwun marang Kakang-kakangku ditampa kanthi becik”.

 

Wekasan wong telu kuwi gelem nampani pawewehku lan padha ngaturake panuwun dhewe-dhewe. Banjur padha bali menyang omahe, klebu Togog sing dina kuwi ora sida kapitunan merga dawegan dagangane dirampog dening prajurit mau.

 

Nalika wektune wis meh surup srengenge, aku wis rampung nggonku reresik, adus neng kalen ora adoh ing mburi warung. Aku mapan lungguhan neng lincak sing manggon neng ngisor wit Randhu alas sawetane warunge Togog. Karo lungguh, aku nggagas, apa sing bakal tak tindakne dina sesuk. Sing cetha aku or alali karo ancasku sakawit, tekaku ing kene iki merga kepengin ngerti kahanane Andalu, malah aku uga wis duwe gagasan yen wis kepethuk, Andalu arep tak jak lunga saka kene, arep tak jak nemoni Kang mBok Setyawati lan aku arep nembung marang sedulur tunggal guruku sing kaprenah tuwa kuwi, nek arep nempil kamukten, murih ditampa dadi kulawarga utawa dadi kawula ing Kraton Katentreman. Nggagas sing mangkono kuwi, ndadekne aku mesem dhewe, wis gawang-gawang ing padoning mripat, mendah kaya apa tentreme nek aku wis klakon mangun omah-omah karo Andalu, wanita sing banget tak tresnani kuwi. Banjur urip prasaja ing Katon Katentreman, kaya lumrahe wong urip ing karang padesan, banjur aku kaparingan turun………..

 

“Lagi mikir apa ta Dhi Genter? Kok mesam-mesem dhewe kuwi?” ora weruh kapan tekane, dumadakan Togog wis aruh-aruh takon, neng sandhingku, ditutugne karo kandha “iki lho mBakyumu kepengin weruh adhine sing lagi teka saka Pandhansari”.

 

“Kaget aku Kang” aku gragapan aweh wangsulan “sing iki ta mBakyuku sing selawase durung tau ketemu aku ki?”

 

Aku manthukne sirah karo mesem marang wong wedok sing ngadeg neng sisihe Togog, wonge duwe pakulitan resik, awake lemu ora sumbut karo dedege sing ora pati dhuwur.

 

“Iya Dhi, ya aku iki Yumu sing jeneng Minthul bojone kakangmu Togog” Yu Minthul wangsulan grapyak “lha wong wiwit dadi bojone kangmu kuwi, aku ki durung tau lho dijak sanja menyang Pandhansari kuwi? Nek gagasan arep ngajak dolan neng nggone Lik Sarma ki jane ya wis suwe, nanging ya mandheg neng gagasan wae. Malah awakmu sing ndhisiki teka kene, benere pancen ya ngono, wong nom ki sing kudu ngalahi marani sing tuwa ngene iki”.

 

Ambak-ambak wong lemu kaya ngono, jebul Yu Minthul ki jebul ya grapyak, omonge klebu akeh.

 

“Mbakyumu ki ya ngono kuwi lho Dhi, karo jenenge sing lanang wae wis lali, aja maneh kok jenengku, lha wong nyebut jenenge dhewe wae ya ora bener” Togog nrambul gunem karo mesem.

 

“Aku ki jane ora lali, Kang” Yu Minthul nyaut tembung “nanging golek murih bgampange wae, wong mandhak mung jeneng wae lho? Wong sak Bulak Pandhe kene iki arang sing tepung karo Gemi, arang sing ngerti sapa kuwi Mursita, lha nek karo Minthul bojone Togog, utawa Togog bojone Minthul, wong sak Bulak Pandhe mesthi wis tepung kabeh”.

 

“Iya, ya wis, Adhimu Genter ayo ndang dijak mangan, mumpung isih padhang” Kang Togog aweh wangsulan lan prentah marang bojone.

 

“Iya tak mlebu warung dhisik, karo tak uripne dilahe, ben gak kaya warung suwung” Yu Minthul banjur mlaku karo ngindhit tenggok sing wangune isi sega salawuhane.

 

Togog menyat, ora nututi sing wedok, nanging nyedhaki ting sing cumanthel neng emper warung, banjur diuripne dimare.

 

 

Ana candhake. 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (059)

59.

Aku durung niyat arep melu urun rembug ing babagan iki, jalaran aku kudu luwih ngati-ati maneh. Jebul tekaku ing Majapahit iki wis kaweruhan dening telik sandine Adipati Girindrawardana, lan jeneng Suwanda wis kecathet minangka salah siji saka ewone wong sing luwih setya marang Gusti Prabu sing wis kendhang saka praja. Nek karo Togog, aku wis percaya, kajaba dheweke ora ngerti yen satemene aki iki Suwanda sing dadi incerane prajurit Majapahit sing wis nyawiji karo Sinuwun Brawijaya sing anyar lan jumenenge neng Kedhiri, Togog ya wis kandha nek arep ndhaku aku iki sedulure, anake Pakne cilik sing omahe Pandhansari. Nanging marang wong loro, Codhot karo Tomblok aku durung ngerti apa tulis sing ana jero dhadhane, gampang kepencut gumrincinge ringgit banjur nganggep lumrah gawe cilakane wong liya apa ora?.

 

“Nanging awake dhewe kudu luwih ngati-ati lan kudu bisa ngayomi, padha tangga lan kanca sarta sedulur, Kang” Tomblok guneman ditujokne marang Togog.

 

“Kuwi mesthi lan kudu mBlok” Togog aweh wangsulan.

 

“Bares wae iki ana sambung rapete karo tekane Kisanak Genter ing warung kene Kang Togog” Codhot melu amul rembug, olehe guneman dilirihne nganti kaya wong bisik-bisik “mau meh wae aku ngira yen Kisanak Genter iki Raden Bagus Suwanda sing jarene Prajurit mau klebu dadi klilipe negara. Tumrap awake dhewe tekane Kisanak Genter iki ora apa-apa, nanging tumrape wong sing seneng olek rai lan seneng ngingu sipat jail, bisa didadekne perkara”.

 

“Sing mbok karepne ?” Togog genti takon karo bathuke dijengkerutne.

 

“Saupama ana wong liya sing weruh nek warung kene ketekan wong manca sing durung ditepungi, banjur wadul menyang Kabayanan kana, bisa-bisa Kisanak Genter banjur dirangket ngono wae, lan awake dhewe dikatutne melu luput, merga wis ngayomi mata-pitaning mungsuh, karepku dudu mungsuhe awake dhewe nanging mungsuhe wong-wong sing lagi edan karo olehe wis menang perang kae”.

 

“Kuwi bener lan klebu ing nalar Dhot” Togog aweh wangsulan karo suwara sing ora kalah lirihe “mulane akum au wis rembugan karo Genter, wiwit saiki awake dhewe nek ngundang aja nganggo sebutan neka-neka, cukup Adhi Genter utawa Kang Genter ngono wae, lan iya ora sah ndadak nganggo basa krama, muri hora ana wong sing sujana”.

 

“Iya rembugan piye Kang?” Tomblok genti sing takon.

 

“Adhi Genter iki tak prayogakne mandheg neng warung kene wae, tegese aja nerusne laku dhsisik wong dheweke kuwi pancen wong sing lagi ngumbara, merga nek nerusne laku bisa-bisa ing papan liya ana wong sing duwe watak ora kaya awake dhewe, Adhi Genter bisa dilolopne neng nggone para prajurit kraman kae, rak ya mesakne ta? Kamangka temene Adhi genter kuwi wong sing ora ngerti apa-apa kaya awake dhewe iki kabeh, ngertine sapa sing kuwasa ya kuwi sing digugu prentahe” Togog aeh wangsulan lan nerangne apa sing dadi karepe.

 

“Lha nek neng kene ana wong sing weruh nek Adhi Genter iki dudu wong kene banjur diwadulne menyang Kabayanan kepiye Kang?” Tomblok takon maneh “rak ya padha wae, Adhi Genter cilaka banjur wake dhewe katut melu cilaka, cilaka neng tangane wong cendhala. Pancene aku tau krungu pituture wong tuwa, nek wong sing digawe cilaka dening wong cendhala budine kuwi aluse bakal tinampa dening Hyang Maha Agung tanpa dilandrat luwih dhisik banjur dileboikne menyang Swargaloka, nanging aku kok durung kepengin mlebu suwarga saiki ta Kang? Ya nek bisa kuwi mengko keri-kerinan wae”.

 

Aku mesem krungu gunemane Tomblok sing lucu kuwi, wong liyane ya melu padha ngguyu. Ing tengahing kahanan sing kisruh kaya mangkono mau, Tomblok isih kober gawe geguyon sing lucu.

 

“Mau wis tak rembug karo Adhi Genter lan wonge ya wis mathuk karo eguh pratikelku” sawuse meneng olehe ngguyu, Wursita sing luwih kondhang nganggo jeneng Togog kuwi aweh wangsulan.

 

“Eguh pratikel sing endi kuwi Kang?” Codhot nguber karo pitakonan.

 

“Durung kober tak kandhakne” wangsulane Togog karo mesem “jeneh janji arep tak kandhakne keselipan kojah liyane kok”.

 

“Ya wis, saiki ndang omongna!” Codhot semaur ngiras ngongkon “ben cetha”.

 

“Sing ngerti nek Genter iki pangumbara saka Wanagiri rak mung awake dhewe sing neng kene  iki ta?” Togog mincing nganggo pitakonan marang Codhot lan Tomblok.

 

“Iya banjur kepriye?” Tomblok takon.

 

“Dicukupne wong telu iki wae sing ngerti asal-usul lan pangumbarane Genter” Togog ngandhakne budidayane “saiki arep tak gawe crita nek Genter iki dudu wong Wanagiri, nanging bocah saka Pandhansari, anake pakku cilik sing wis rada suwe olehe tinggal Donya. Dadi nek ana wong takon sapa sejatine Genter, cukup padha wangsulan nek Genter kuwi adhiku nakdulur, sing ngungsi golek pangan mrene jalaran Pandhansari wektu iki nandhang paceklik awit saka pangamuke Tikus sing ngama tandurane para Kadang Tani”.

 

“Nuwun sewu Kang Togog” aku nyaru rembug arep takon.

 

“Iya ana apa Dhi?” Togog wangsulan karo takon aku arep omong apa.

 

“Kabar sing keri dhewe kuwi mau apa bener? Lire pancen kepara nyata yen ama tikus lagi ndadi ana ing Pandhansari kana ?”.

 

“Bener kuwi Dhi” Tomblok aweh wangsulan “wis telung tiga iki, para kadang tani neng kana ora bisa ngundhuh tandurane, kajaba tikus sing ora karuwan cacahe uga ama walang sangit iya ndadi”.

 

“Kuwi kira-kira merga wong kana padha lali ing wajib marang Sang Hyang Bathari Sri lan Sang Hyang Sadana temah pepacuhe padha diterjang, oleh-olehane banjur krangkenge Tikus Jinada lan Walang Bajangkirik padha menga, banjur prentah andhahane ngrusak tandurane para kadang tani kuwi” Codhot mbumboni rembug.

 

“Ya mengkono kuwi sing dadi eguh pratikelku marang Adhiku si Genter, tak jaluk Tomblok karo Codhot ya sing bisa melu mbenerake crita gaweyanku iki. Kanthi mangkono, ora ana pawadan tumrap wong sing duwe watak srei banjur bgawe cilakane Genter lan uga cilakane awake dhewe kabeh” Togog mungkasi kandhane.

 

Tomblok karo Codhot padha manthuk-manthuk tandha yen sarujuk. Aku rumangsa eram marang kaluhuraning budine wong telu kuwi, sanajan kanyatane wong telu kuwi klebu ewone wong bodho sing manggon ing padesan urip saben dinane kira-kira ya adoh saka tembung turah, utawa malah kena diarani sajroning kacingkrangan, ewa samono katresnan lan kasetyane marang Gusti Prabu Brawijaya sing wis jengkar ninggal praja babar pisan ora suda. Kajaba saka iku, sanadyan lagi wae ketaman kapitunan merga dagangane dijarah rayah tanpa di ijoli nganggo dhuwit dening para prajurit, ewa samono Togog babar pisan ora ngrembug perkara kuwi, malah ketungkul anggone kepengin aweh pitulungan marang Genter sing wujude ya aku iki.

 

Aku banjur kelingan yen ing buntelan sing tak gawa kuwi, kajaba ana sandhangan kanggo salinku, uga ana kanthong loro sing kebak-kebak. Kanthong sing siji isine dhuwit mas sing anggonku keklumpuk wiwit aku nampa blanja sepisanan saka Dalem Katumenggungan. Dene kanthong sing sijine sangu peparinge Kanjeng Ibu Nyai Tumenggung nalika akua rep budhal menyang Kedhuwang kae. Tuwuh rasa pengin ing atiku, dhuwit-dhuwit kuwi arep tak gunakne kanggo aweh pambiyantu marang wong Bulak Pandhe sing wis akeh digawe tuna dening para prajurit andhahane Gusti Adipati Girindrawardana, sing saiki isih masanggrah ing tilas daleme Wa Anggara. Nanging ora saiki, ngenteni wektu sing mathuk lan murih salah tampa lan ndadekne wong telu kuwi pada sujana marang aku. Kanggo ngijoli kapitunane Kang Togog dina iki,  arep tak wenehi  wenehi dhuwit perak sing ora pati akeh cacahe nanging wis turah yen mung kanggo nuku dawegan sing dirampog prajurit mau. Kang mangkono mau, karo kanggo ngiras atur panuwunku marang Kang Togig sing wis nglilani aku manggon neng warunge iki.

 

 

 

Ana candhake.

 

Rabu, 10 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (058)

 

58.

Nanging anggone padha guyon kuwi dumadakan padha mandheg, ulat sing maune katon padha bingar merga padha ngguyu sing tulus ora merga digawe-gawe kuwi, malih dadi pucet lan semu kaweden. Warunge Togog kuwi ketekan Prajurit sikep gegaman cacah telu, pawakan lan praupane katon kasar-kasar mratandhani yen mung prajurit sing pangkate isih cendhek. Prajurit telu kuwi anggone mlebu warung tanpa nganggo deduga babar pisan, durung nganti dibagekne karo sing duwe warung, salah siji saka prajurit telu kuwi wis mbengok-mbengok takon :

 

“Endi sing duwe warung iki he?” takon ngono kuwi karo sikile sing siji diangkat ditumpangne menyang lincak sing tak lungguhi karo Codhot.

 

“Kula nDara…..” karo praupan pucet lan suwara gemeter Togog wangsulan disambung pitakonan “Ndara-ndara rawuh mriki badhe ngersakaken menapa?”.

 

“Dudu aku sing butuh” wangsulane Prajurit kuwi karo nyawang Togog, sauntara prajurit loro liyane banjur padha linggih neng lincak sing isih kothong, lan tanpa karo guneman apa-apa kekarone banjur padha nyaut panganan sing cumawis neng ndhuwur meja, dipangan.

 

“Inggih menawi makaten kula nyuwun pangapunten” Togog wangsulan.

 

“Tembungku durung rampung aja mbok sauri dhisik, goblog!” prajurit sing takon kuwi guneman maneh karo menthelengi Togog, Togog sing wiwit rada mari olehe wedi, bali dadi mengkeret maneh “kowe padha ngerti ta? Awan-awan sing panase kaya ngene iki, sing enak ngombe apa?”.

 

“Menawi tiang sadrajat kula ngeten niki sing seger nggih ngombe toya kendhi nDara” merga olehe takon prajurit  mau nganggo tembung “kowe padha ngerti ta” mula aku banjur nyaut aweh wangsulan “menawi priyantun ingkang kagungan serepan yatra lintune toya kendhi nggih kathah, legen napa duduh dawegan nggih seger”.

 

“Ha ha ha ha ,,,,,,” Prajurit kuwi ngguyu banter krungu wangsulanku “cangkemu muni nek wong kaya kowe sing seger kuwi banyu kendhi, nanging sing mbok adhepi dawegan, nek ngono kowe wong duwe serepan dhuwit?”.

Aku lagi krasa nek dawegan sing diladekne Togog mau durung kober tak entekne duduhe.

 

“Menawi niki benten nDara” aku wangsulan karo tak gawe rada ndhredheg vsethithik ben dikira wedi marang prajurit kuwi “dawegan sing kula ombe niki boten anggen kula tumbas, nanging niki wau opah nggen kula menek glugu ngundhuhi dawegan, kengkenane kakang kula Togog niku”.

 

“Ya wis, gak ngrembug perkara kuwi maneh” Prajurit kuwi guneman maneh, suwarane wis ora pati galak kaya pas lagi teka mau “saiki rungokna prentahku marang Togog karo kowe kabeh. Prajurit-prajurit sing saiki padha leren neng gredhu cedhak regol mlebu desa kae padha ngelak lan butuh ngombe, kae cacahe wong pitu karo aku lan kancaku loro kuwi kabeh ana sepuluh. Saiki pacakna dawegan cacah sepuluh, pilihna sing isih seger-seger, banjur terna mrana!. Sing macaki kareben Togog karo iki, sapa jenengmu he?”

 

Karo muni ngono kuwi prajurit kuwi nudingi aku.

 

“Kula ta nDara? Kula Genter adhine Kang Togog” gage aku wangsulan.

 

“Iya, gage kowe karo Togog milihi Dawegan sing isih seger lan sing gedhe-gedhe banjur pacakana” Prajurit kuwi wangsulan ngiras aweh prentah “kareben adil, mengko sing ngeterne menyang gredhu ben iki karo iki, jenengmu sapa ?”.

 

“Kula Codhot lan niki Tomblok nDara” Codhot gage wae olehe mangsuli merga ditudingi prajurit kuwi.

 

Aku karo Togog banjur ngalih njupuk bendho, nyedhaki panggonan dawegan arep nglakoni prentahe prajurit sing embuh dawegan kuwi dituku apa mung dijaluk lawaran wae, sing baku prentahe prajurit sing saben dina digetak-getak lurahe kuwi kudu enggal dituruti.

 

“Karo padha rungokna prentahku sabanjure” Prajurit kuwi guneman maneh “kowe kabeh padha sing ngati-ati, merga miturut telik sandi sing pinercaya desa kene arep ketekan menungsa sing arep gawe kisruh, jenenge Suwanda anake Tumenggung Jatikusuma sing wis mati, mula nek kowe ana sing weruh kumliwere Suwanda, aja padha kesuwen gage wae matur menyang pasanggrahan sing manggon neng tilas omahe Kebayan Bulak Pandhe kae. Ngerti?”.

 

“Inggih ngertos nDara” aku sing rada adoh manggonku wangsulan banter ben wonge krungu “Sinten wau? Suwanda? Tiangne niku sing pundi ta? Dedeg piadege pripun?”.

 

“Jarene wonge rada lemu, dhuwur kulite kuning resik, wonge bagus” Prajurit kuwi aweh katrangan “kuwi ancer-ancer sing tak tampa, wong aku dhewe ya durung tau wanuh karo wong sing jeneng Suwanda kuwi, kabare wong kuwi wis minggat luwih dhisik sadurunge Prajurite kanjeng Sinuhun sing jumeneng saiki teka neng Majapahit kene”.

 

Aku, Togog apadene Codhot karo Tomblok wis ora semaur maneh. Lagi bareng olehe macaki dawegan wis rampung, Togog banjur ngandhani Codhot karo Tomblok supaya ngeterne dawegan sing wis pacakan kuwi menyang gredhu cedhak regol dalam mlebu menyang ndesa.

 

Prajurit loro sing mau padha mangan panganan sing cemawis neng ndhuwure meja, wangune durung tutug anggone padha mangan. Banjur njaluk godhong, pangan sing ana meja kono padha dijupuk banjur diungkus arep digawa menyang  gredhu.  Prajurit loro kuwi banjur nututi kancane sing wis mlaku ndhisiki tanpa pamit ditutne Codhot karo Tomblok sing nggawa dawegan pacakan.

 

“nDika wau kok baud anggene ngaku nek adhi kula Kisanak Genter? Malah nggih ngaku nek dawegan-dawegan niki wau sing ngundhuhi nggih ndika? Upami prajurit-prajurit wau ngertos menawi ndika niku dede tiang mriki, ndika saged cilaka lho? Dibeta teng Kabayanan lajeng disikara ngantos pejah” sawuse prajurit telu mau adoh ninggalne warunge Togog utawa asline duwe jeneng Wursita  kuwi bisik-bisik nyang cedhak kupingku.

 

“Enggih Kakang” wangsulanku uga karo bisik-bisik “awake dhewe ora sah basan binasan, ndika cukup nyeluk aku Genter lan aku tak nyeluk ndika Kang Togog, ben ora ana sing ngerti nek awake dhewe iki lagi wae olehe padha tepung”.

 

“Iya Dhi” Togog wangsulan alon “aku ya ora bakal crita menyang sapa wae nek tenane ndika kuwi wong saka Wonogiri kaya sing ndika kandhakne mau, nanging nek eneng wong takon arep tak warah nek ndika kuwi anake Pakku cilik sing omahe pandhansari dhukuh lor kono, ben ora ana sing sujana. Merga jenenge ing kahanan sing lagi kisruh ngene iki, sok akeh wong sing melik golek rai banjur ndilat marang mungsuh, tega ngurbanake wong liya sing tenane tanpa dosa”.

 

Aku meneng ora enggal semaur, banjur bali mapan linggih neng lincak sing mau tak lungguhi. Kakang Togog, nututi melu mapan lungguh ing cedhakku, ya neng nggon sing mau dilungguhi Codhot. Wong loro meneng-menengan ora ana sing guneman. Ora suwe Codhot karo Tomblok wis padha teka kono maneh, banjur padha mbaleni necep wedang kopine sing mau ditinggalne.

 

“Saka rumangsaku ki neng ngendi-endi kok padha wae ya Kang” karo lungguh Tomblok grenengan dhewe “wong ki nek lagi rimangsa menang, banjur sawiyah-wiyah marang mungsuhe sing wis dianggep kalah”.

 

“Kowe kuwi omong apa lho mBlok?” Kang Togig semaur lirih “sing mbok arani wong  menang kuwi sapa? Lan sing mbok arani mungsuhe kuwi ya sapa?”.

 

“Sapa maneh?” sing wangsulan malah Codhot “sing kalah ya awake dhewe ngene iki, awake dhewe iki cetha nek mungsuhe wong-wong saka Kedhiri sing macak prajurit kae ta neh? Sawise kanjeng Sinuhun kendhang saka praja, wong-wong Keling karo Kedhiri kae menyang wong-wong kene sing dudu gedibale rak sawiyah-wiyah ta? Coba kaya iki mau karo sing wis kedaden sadurunge, wong-wong kae wis njaluk kathik nganggo meksa, nggetak-nggetak sakepenake dhewe marang awake dhewe. Titenana mbesuk nek Kanjeng Sinuhun wis kundur saka maneh, wong-wong kae mesthi bakal tumpes tapis kabeh”.

 

Krungu olehe padha rembugan wong-wong kuwi, aku banjur duwe dudutan yen satemene wong des akene iki isih ana, malah kira-kira wae isih akeh sing setya marang kanjeng Sinuhun Brawijaya sing jengkar saka praja merga anane kraman sing ditindakne Adipati Girindrawardana .

 

 

Ana candhake.

 


Selasa, 09 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (057)


57.

mBuh nganti pirang dina suwene aku terus mlaku, ninggalne bumi Kedhuwang tumuju menyang Kutharaja ing Majapahit. Gandheng aku wis diselehi kekuwatan gaib dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa jaman kepethuk sepisanan kae, sing wujude aku ora kagadhuhan rasa kesel, luwe lan ngantuk, mula aku babar pisan ora leren mandheg, kajaba yen wayah bengi sing ndadekne kahanan dadi peteng dhet-dhet, sing bisa ndadekne aku kelangan arahe kiblat.

 

Pusaka Keris Kyai Bancik peparinge Rama Tumenggung sing dhawuhe Rama Tumenggung supaya diaturne ing ngarsane Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa isih tak sengkelit ana lempengku, pranyata tanpa mirsani bukti keris kuwi Kanjeng Eyang Resi wis luwih pana sapa satemene aku. Samono uga Slendhang Sutra Kuning sing karan Slendhang Sipat, peparing saka Wa Anggara, minangka sipat kandelku uga ora pisah saka anggaku. Malah sangu dhuwit emas sakanthong cilik paringane Kanjeng Ibu Nyai Tumenggung uga isih wutuh . Barang-barang mau kabeh pancen ora arep tak pisahne saka awakku, Keris Kyai Bancik apa dene Slendhang Sipat tak kira bakal ana gunane samangsa-mangsa aku kepethuk bebaya, dene dhuwit sangu peparinge Ibu Nyai Tumenggung bisa tak anggo sawayah-wayah yen aku mbutuhake sing prelu dituku nganggo dhuwit sanadyan satemene aku wis ora mbutuhake apa-apa, jalaran aku ora butuh mangan utawa ngombe sing ngendikane Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa nganti satus rong puluh tahun lawase.

 

Ora tak critakne reroncene marga, lakuku wis cedhak karo padhukuhan Bulak Pandhe, sing nalika durung tak tinggal padhukuhan kuwi kareh dening Wa Anggara sing pinercaya dening Negara dadi Kebayan. Saiki aku durung ngerti sapa sing gumanti nglungguhi palenggahane Wa Anggara. Kanggoku kuwi ora pati baku, merga sing luwih baku maneh aku kepengin, mangerteni kabar apa sing nyartani Andalu, putrane Wa Anggara sing arep dijodhokne karo aku.

 

Nalika lakuku tekan pategalan sing rada amba, sing manggon sakulone padhukuhan Bulak Pande aku mandheg. Ing pinggir dalan katon ana warung cilik sing dodol omben lan panganan. Aku nedya menggok arep mlebu menyang warung kuwi, sanadyan temene aku ora butuh mangan utawa ngombe, nanging aku golek warta luwih dhisik sing ana gandheng cenenge karo Padhukuhan Bulak Pandhe sawuse Wa Anggara gugur.

“Mangga Kisanak pinarak nglebet mriki” sajak gupuh wong sing duwe warung mbagekne tekaku, banjur gumrecek tembunge nawakne dagangane “badhe ngersakne ngunjuk menapa? Wonten Toya Dawegan Klapa Wulung ingkang nembe anggenipun methik saking glugunipun, wonten legen, ugi wonten kopi ingkang toyanipun kedah dipun umubaken rumiyin……”.

 

“Kula nyuwun Dawegan kemawon Ki” aku wangsulan karo mapan linggih ing lincak dawa ngadhep meja, karo manthuk kurmat marang wong sing padha lagi ngadhep wedange dhewe-dhewe, wong sing uga padha karo aku, butuh tuku omben ing warung kuwi.

 

“Menawi makaten katuran nengga sakedhap nggih Kisanak, kersane deganipun dipun pacaki rumiyin” wong sing duwe warung kuwi guneman banjur mlaku menjaba karo njupuk bendho kanggo macaki klapa sing tak butuhake banyune “kalih nengga, manga dipun sambi niku wonten nyamikan Wajik, Jadah lan menapa menika ingkang wonten”.

 

“Inggih Ki” wangsulanku, banjur aku genti ngajak omongan wong sing linggih ora adoh saka panggonanku lungguh “nuwun sewu, wetan mriku niku padhukuhan pundi nggih Kisanak?”

 

Tak sengaja aku nambong, api-api durung wanuh karo laladan kono lan sajroning ati aku nyenyuwun marang Bethara muga-muga ora ana wong sing ora pangling karo wewujudanku sing satemene wis malih ora kaya jaman aku isih manggon neng dalem katumenggungan kae.

 

“Wetan mriku niku ta Kisanak?” wong sing takoni wangsulan nggenahne pitakonku karo nyawang sakujuring awakku tanpa kedhep, aku dadi ngedhap kuwatir yen nganti konangan nek aku iki Suwanda putra angkate Rama Tumenggung Jatikusuma .

 

“Inggih, kula wau saking kilen nglangkungi wana-wana, lajeng manggihi bulak pasabinan lajeng wonten pategilan mriki, dados sampun tigang dinten kula mlampah nembe badhe kepanggih padhusunan dinten menika mangke” aku aweh wangsulan karo nggawe crita sing rada ngayawara.

 

“Lha ndika niku sedherek saking pundi?” wong sijine sing mau meneng wae genti takon.

 

“Menawi asli kula, kula tebih saking Wonogiri Kisanak, nanging sampun dangu sanget kula nilar dhusun papan kula lahir saprelu ngumbara patos tedha, nglereg-nglereg mangetan wasana dumugi papan mriki niki” se[pisan maneh aku gawe crita sing ora nyata.

 

“Ndika ngagem asma sinten Kisanak? Meh kemawon kula wau ajeng klentu, ndika niku dedeg piadeg tuwin pasuryanipun memper kalihan priyagung ing Katumenggungan mriki, ingkang murca boten wonten ingkang mangertos dhateng pundi purugipun, kalih peken saderengipun wonten dahuru ingkang ndadosaken Gusti Prabu kendhang saking praja” wong sing wangsulan dhisik dhewe mau  takon jenengku lan nyritakne yen aku mirip karo priyagung Katumenggungan. Neng jero ati aku mesem, sing bener ora mirip maneh nanging ya aku sing priyagung sing dianggep murca kuwi.

 

“Ingkang mbentenaken namung, caranipun guneman kalih sandhangan ingkang ndika agem niku, kalih menawi Raden Bagus Suwanda priyagung ingkang kula aturaken wau pakulitanipun kuning ngemu giring, saliranipun radi lema menawi ndika, nuwun sewu ketingalipun gadhah pakulitan cemeng lan radi kera” wong kuwi nambahi katrangane.

 

“Inggih Kisanak, nami kula angsale nengeri bapa biyung kula rumiyin Wuluh Rahina, awit lahir kula kacariyos nyarengi lintang wuluh ndadari, nanging dening kanca-kanca kula dipun celuk mawi sebatan Genter, awit menawi katandhing kalih kanc-kanca sabarakan, kula niki inggil piyambak dedegipun, kados genter” wangsulanku sansaya adoh nggonku nggawe crita.

 

“Ing pundi-pundi niku sami mawon Kisanak Wuluh Rahina” wangsulane wong mau karo ngguyu “nami kula ingkang asli nggih sae, wong kalih tiyang sepuh kula dipun tengeri mawi jenang abang kanthi nami Sudira, nanging gandheng kula remen nedha woh-wohan pala gumandhul, kalih kanca-kanca lajeng dipun undang Codhot . Malah sak niki titiyang ing panggenan kula kathah sing boten tepang kalih Sudira, ingkang dipun tepangi nggih Codhot niki”.

 

“Sami kalihan kula Ki Sudira” aku melu ngguyu “tiyang nggen kula mrika nggih sami boten sumerep nami kula ingkang asli, lan ingkang dipun tepangi nggih Genter niki”.

 

“He he he….” Wong sing nakoni aku ngendi omahku mau genti sing ngguyu karo guneman “menawi nami kula Tomblok, Kisanak Genter. Kula boten ajeng criyos nek nami kula gawan bayi niku Parta, jalaran tiyang mriki boten wonten sing tepang kalih Parta”.

 

Krungu kandhane wong sing jarene ora arep ngaku jeneng asline kuwi mau aku dadi ngguyu, Codhot ya melu ngguyu pisan, wong telu dadi ngguyu banter, sajak merdika uripe.

 

“Thik padha pating cekakak ki jane ngono lagi ngguyu apa ta?” Sing duwe warung nyedhaki aku karo ngulungne dawegan sing wis pacakan lan wis dibolongi kanggo dalan ngombe, marang aku karo takon sajak gumun.

 

“Jenengmu biyen sapa Kang Togog?” Codhot wangsulan karo ngempet guyune, aku dadi ngerti nek sing duwe warung kuwi julukane Togog.

 

“Jenengku ta?” Sing duwe warung wangsulan karo mbalik takon “asline jenengku ki rak Mursita, embuh karo wong-wong kok dielih dadi Togog iki biyen piye? Padha wae karo bojoku kae, biyen jenenge rak Gemi, malah saiki ora ana wong sing ngerti Gemi ki sapa, malah Gemi dhewe ketoke nek jeneng Minthul kuwi mung jeneng julukan, ning nyatane nek diceluk Gemi ngono Minthul ki sok malah ora enggal semaur, beda karo nek diundang Minthul ngono gage wae olehe semaur”.

 

“Dados genahe ngoten lho Ki Mursita utawi Kisanak Togog” aku genti sing guneman “tiyang sekawan gangsal sak semah ndika niku mpun gantos nami sedaya. Nami ingkang asli sampun digantos, kula dados Genter, makaten ugi sedherek kalih menika, sak niki langkung kaprah gadhah nami Codhot kalih Tomblok”.

 

“Oo, nggih, nggih” Togog sing duwe jeneng asli Mursita kuwi wangsulan karo manthuk-manthuk. Wong liyane durung leren anggone padha glegesan dhewe, sauntara pitakonku ing ngarep durung ana sing aweh wangsulan.

 

 

Ana candhake. 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...