Total Tayangan Halaman

Rabu, 17 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (063)


 

63.

Sawuse padha meneng lan ngumbar gagasane dhewe-dhewe, dumadakan saka gredhu panjagan cedhak regol mlebu desa keprungu thonthongan ditabuh, uluk-uluk dara muluk rambah kaping telu. Karta Cikrak banjur ngadeg, suwara thonthongan cakruk nganggo irama dara muluk ngono kuwi wis dingerteni yen duwe teges ana wong sing neng gredhu parondhan kuwi ngundang kanca-kancane supaya enggal padha mara mrono, mligine sing padha duwe jejibahan ing wengi kuwi.

 

“Sajake ana sing celuk-celuk Gog” kandhane Karta Cikrak karo mbenerne jarike “rumangsane sing nabuh dara muluk kae tekane dhisik dhewe, ora ngerti nek wong sing wis Gerang iki wiwit mau olehe teka malah wis nindakne wajib ndelok dimar neng warung kene”.

 

“Iya Dhe” wangsulane Togog karo melu ngadeg “ayo nek ndika arep bali menyang gredhu, aku karo Minthul tak bareng, ngiras tak mapir menyang Gredhu aweh kabar yen warungku bengi iki ana sing nuroni, ya kuwi Adhiku Genter wong-wong lan prajurit-prajurit kae ben ora duwe pangira sing neka-neka”.

 

“Ngono ya luwih becik” Karta Cikrak aweh wangsulan.

 

“Ayo Thul bali dhisik, Adhi Genter ben leren” Togog ngajak bojone bali, banjur kandha marang aku “tinimbang mengko weruh apaapa sing ndadekne dheg-dhegan Adhi Genter turu neng jero warung wae, kahanan lagi ora pati becik kanggo leledhang ana latar sanadyan rembulane lagi purnama”.

 

“Iya Kang” aku wangsulan cekak.

 

Sawuse Wong telu kuwi padha mlaku rada adoh, klasa sing mau digelar Togog banjur tak gulung tak lebokne neng jero warung. Aku bali metu lungguh neng lincak sendhen wit munggur karo nggagas apa sing kudu tak tindakne wengi iki.

 

Pancen atiku sing lara merga ngerti kelakuwane Ki Suwela, Makara apa dene Waraka, wis aweh prentah supaya daya-daya tumindak malesake lara wirange wong-wong sing dadi kurban kajuligane wong-wong kuwi. Luwih-luwih lara wirange Andalu sing olehe lampus dhiri merga ora kuwat nandhang wirang jalaran wis diprosa asmara dening wong-wong sing duwe watak ngungkuli kewan, lan salah siji saka wong kuwi jebul Makara sing kudune aweh pitulungan marang Andalu, nanging jebul malah dadi salah siji saka kewan-kewan sing ambleger manungsa kuwi.

 

Aku uga kelingan yen tenane tekaku ing Bulak pandhe kene kuwi wis dingerteni dening para telik sandine prajurit Keling lan Kedhiri, lan tekaku iki bakal dipapagne kanthi kekuwatan sing kliwat saka wutuh, murih aku bisa dirangket lan digawe cilaka. Mula aku kudu luwih ngati-ati maneh, lan aku uga ora niyat ngendhani bebaya sing cetha ngadhang lakuku ing Padhukuhan Bulak Pandhe iki. Jalaran kaya sing wis tak kandhakne neng ngarep, aku ora bakal ninggalne Desa Bulak Pandhe kene sadurunge klakon males lara wirange Andalu, putrane Wa Anggara sing mati sia-sia merga saka pakartine Makara sakanca-kancane.

 

Dumadakan thukul gagasan ing angen-angenku, wengi kuwi aku arep nggoleki  Makara neng omahe sing manggon neng pinggiran Kutharaja Majapahit. Utang wirange Makara marang Andalu arep tak tagihne wengi kuwi, nanging aku ya nggagas kepiye carane murih aku bisa tekan kana lan kepethuk Makara tanpa dingerteni prajurit-prajurit Keling utawa Kedhiri?. Yen ngono aku kudu bisa tumindak kaya lakune maling, akua rep golek dalan sing arang diambah menungsa, sing bisa anjog ing omahe Makara. Nek perlu kanggo mlebu omahe Makara kudu nggangsir tlisig murih ora konangan wong. Dadi memper karo critane Bambang Aswatama sing nindakne laku maling, nggangsir kedhaton Ngastina kanggo males ukum marang Dhrethajumena sing wis nugel gulune wong tuwane, kaya sing dicritakne neng wayang purwa ngana kae.

 

Kanggo nindakne laku maling ngono kuwi, kudu diwiwiti sasoresorene iya yen wis ngancik wayah sepi bocah, mula aku banjur nutugn enggonku lungguh karo ngrancang apa wae sing kudu tak tindakne yen wis klakon adu arep karo Makara utawa Ki Suwela. Dumadakan saka sisih mburiku krasa kaya ana wong sing ngelus-elus pundhaku, aku dadi kaget lan tumuli mencolot maju karo noleh, sapa sing wis ngelus-ngelus pundhakku iki mau.

 

“Nyuwun pangapunten menawi kula sampun damel kejoting penggalih jengandika Raden” ana bocah cilik utawa kena diarani bocah bajang, merga dedege kira-kira mung sadhengkulku wae, sing ngadeg ing tilas papanku lungguh, karo guneman sing alus kebak trapsila marang aku. Aku dadi gumun, lan wiwit duwe pangira yen bocah bajang iki dudu bangsane janma manungsa, nanging bangsane apa?.

 

“nDherek tepang gladhi wanuh Raden, estunipun kula sampun radi dangu ndherek jengandika Raden Suwanda, nami kula Bancik Raden” bocah bajang kuwi guneman maneh, nggenahne sapa dheweke.

 

“Bancik?” aku wangsulan karo takon “Bancik kuwi sapa? Gajege lagi iki aku kepethuk karo awakmu he Bocah Bajang? Kowe kuwi bangsane apa? Lan ana parigawe apa dene bengi-bengi kowe teka nemoni aku neng kene? Sumurupa Bancik, aku iki Genter anake Ki Sarma saka Pandhansari, isih sedulur nak dulure kang Togog sing duwe warung iki”.

 

“He he he he” Bocah bajang sing ngaku duwe jeneng Bancik kuwi ngguyu, banjur celathu “menawi kalih tiyang sanes, manga kemawon sakersa ndika badhe ngaken sinten kemawon, nanging menawi kalih kula inggih tanpa gina ta Raden? Jaragan kula sampun ngertos sedaya lelampahan jengandika wiwit bidhal nilar Dalem Katumenggungan kalih nitih Turangga Kyai Baratketiga, lajeng kepanggih kalih alusipun Resi Doradruwasa, lajeng kadhawuhan nyampurnakaken ngelmi Sejatining Sih dening Kanjeng Ratu Setyawati, lajeng jengandika bidhal malih dhateng Majapahit lan gantos nami dados Genter, menika boten wonten ingkang kecicir saking panyawang lan pamireng kula”.

 

Diuneni kaya mengkono kuwi aku dadi sansaya gumun. Cetha yen Bancik iki ngerti sabarang kalir sing magepokan karo lelakonku kabeh. Banjur tuwuh pitakon lan pangira-ira ing angen-angenku, nek dudu bangsane lelembut saka Alam Sonyaluri Bancik iki bisa uga Dewa sing lagi tumurun saka Kahyangan. Nanging apay a ana Dewa kok nganggp bebisik Bancik?.

 

“Kula menika dede Dewa saking kahyangan ingkang mangejawantah Raden” kaya ngerti apa sing lagi tak pikirake, Bancik guneman maneh “ugi dede panunggalanipun Jim, Setan, Peri, Prayangan, Ilu-ilu Banaspati saking jagad samun”.

 

“Yen dudu Dewa lan uga dudu bangsane Ji, banjur ndika kuwi bangsane apa?” aku genti takon.

 

“Kula menika barang ingkang kinodrat pejah, nanging kawiradatan dening Empu ingkang asma Panembahan Satiban saking Gunung Argapura, temah dados titah ingkang sepalih gesang sepalih pejah” wangsulane Bancik sing ora bisa tak ngerteni karepe, mung aku gumun wae dene Bancik nyebut-nyebut asmane Kanjeng Eyang Panembahan Satiban, ya gurune sawargi Kanjeng Rama Tumenggung Jatikusuma lan uga gurune Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sing wis makahyangan.

 

“Nuwun sewu Raden” Bancik sing sajak ngerti yen aku lagi ketaman rasa gumun banjur guneman maneh “menawi boten klentu, dhuk nalika jengandika badhe jengkar saking Dalem Katumenggungan rumiyin, dening Gusti Tumenggung Jatikusuma kaparingan sipat kandel wujud curiga alit, menapa leres makaten  Raden?”.

 

“Iya, bener apa sing dadi kandhamu iki” wangsulanku rada kaget “aku diparingi keris sing jeneng Kyai Bancik, dadi apa ndika kuwi………….?”.

 

“Leres Raden estunipun kula menika Kyai Bancik, wangkingan jengandika peparing saking Gusti Tumenggung Jatikusuma” Bancik aweh katrangan sapa satemene dheweke “smangke cobi jengandika pirsani, ing lempeng jengandika ingkang padatan sumlempit wangkingan Kyai Bancik, taksih wonten mriku menapa boten?”.

 

Aku nggrayahi lempengku, keris Kyai Bancik sing wiwit biyen ajeg tak sengkelit ana kono, jebul wis ora ana. Aku dadi sansaya gumun, menyang ngendi parane gegaman sing wujud keris iki? Kamangka selawase ora tau pisah karo lempengku kajaba yen aku wayah reresik awak, kuwi wae mesthi tak selehne ora adoh karo papanku, teka saiki wis ora ana?.

 

 

Ana candhake

Selasa, 16 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (062)


 

62.

Karta Cikrak ngingset lungguhe nyedhaki papane lungguh Togog, noleh ngiwa, nengen banjur noleh memburi. Sawuse sing ditoleh ora ana wewayangan apa-apa sing sajak dikuwatirake, banjur setengah bisik-bisik wiwit guneman. Mangsuli pitakone Togog sing lugu mau.

 

“Kowe ngerti punggawa Dalem Katumenggungan sing jeneng Makara kae?” sadurunge mangsuli pitakone Togog, luwih dhisik Karta Cikrak takon.

 

“Ya ngerti ta Dhe?” Togog wangsulan “Makara sing senengane mendem ciu karo kondhang tukang ndhemeni bojone wong liya kae ta?”.

 

“Iya bener” Karta Cikrak nyauti rembug “lha ya Makara kae sing ngandhani para Prajurit yen kira-kira wae Raden Bagus Suwanda bakal niliki kuburan kembar kuwi, merga kandhane Makara, satemene Raden bagus Suwanda kuwi kayungyun marang Andalu, malah jarene wis duwe niyat arep didadekne garwane, nanging dening wong tuwane Makara sing jeneng Ki Suwela, arep direkakne murih Andalu ora digarwa dening Raden Bagus Suwanda, cukup didadekne selir wae”.

 

“Oo, dadi Andalu kae selire Raden Bagus Suwanda?” Togog nyelani takon.

 

“Durung sida, merga durung nganti klakon nyelir Andalu, Raden Bagus Suwanda dumadakan murca saka dalem Katumenggungan, menyang ngendi parane ora ana sing ngerti” Karta Cikrak aweh wangsulan.

 

“Nuwun sewu Dhe” karo ngempet gumronjaling dhadhaku sing wis panas aku nyoba amul rembug “Ndika wau criyos nek sing ngandhani para prajurit murih ngulat-ulati kuburan kembar niku sinten Makara?,  nanging ndika nggih criyos nek tiyang sepuhe Makara niku rencange Den Bagus Suwanda?  Pripun ta genahe ngoten?”.

 

“Kowe durung pati mudheng bab iki Ter” Karta Cikrak semaur alon “maune Makara kuwi rak andhahane Raden Bagus Suwanda neng dalem Katumenggungan kana? Klebu Ki Suwela ya dadi andhahane Raden Bagus Suwanda. Nanging kuwi biyen jaman sing jumeneng minangka Tumenggung isih Gusti Tumengung Jatikusuma, wong tuwane angkat Raden Bagus Suwanda. Bareng Gusti Tumenggung Jatikusuma seda ing rana, Ki Suwela lan Makara banjur padha malik tingal, ora bela pati awit gugure pepundhene, malah banjur melu nyawiji karo para prajurit kraman. Malah kabare sadurunge ana kraman sing ndadekne Kanjeng Sinuhun kendhang saka praja kae, Ki Suwela lan Makara wis mangun pasekuthon karo wong-wong ing Keling, nanging ya kanthi sesidheman. Lagi sawuse Gusti Tumenggung gugur, wong loro kuwi banjur ngatonake jati dhirine”.

 

“Keparat ora weruh kabecikan tenan wong-wong sing mangkono kuwi” ora sengaja aku nggeget untu karo ngetokne pangucap minangka rasa gela lan kuciwaku marang Ki Suwela lan Makara.

 

“Pancen ya ngono kuwi tekune wong loro kae” Karta Cikrak semaur alon “wong-wong kene ya wis apal kabeh karo tekune wong loro kae. Nanging awake dhewe iki wong cilik sing ringkih ora duwe daya kekuwatan apa-apa, bisane mung mbenerake apa sing dadi ucape sapa sing lagi kuwasa”.

 

“Enggih Dhe” aku kelingan yen wektu kuwi aku iki Genter dudu Suwanda, mula tembungku ya tak gawe kaya mau sadurunge aku krungu kabar yen Andalu wis dikubur neng Kuburan Kembar.

 

“Wong cilik kaya awake dhewe ngene iki” Karta Cikrak guneman maneh, suwarane luwih alon tinimbang mau “bisane mung ngrewangi para bendara sing lakune bener sing saben wektu tansah mikirake kawulane kaya Raden Bagus Suwanda kuwi, mung sarana ndedonga lan nyenyuwun marang pangwasane Bathara, muga-muga Jawata kang Kawekas tansah paring pangayoman marang panjenengane. Lan muga-muga wae, wong-wong sing tekune kaya Suwela lan Makara kae enggal nampa benduning Dewa jumbuh karo kaculikane”.

 

“Iya Dhe” Togog genti semaur “nanging olehe nyenyuwun kuwi cukup ana ing batin wae, nek nganti keprungu wong-wong sing mBathara marang kumrincinge dinar, sadurunge panyuwune awake dhewe dimirengne dening Jawata, awake dhewe wis kedhisikan digantung utawa ditugel gulune, didadekne pangewan-ewan”.

 

“Kuwi wis cetha Gog” wangsulane Karta Cikrak “awake dhewe pancen kudu luwih ngati-ati, senajan satemene apa sing ditindakne cengkah karo suwaraning batin. Kaya yen ngadhepi iblis kaya Makara kae, tata gelar awake dhewe kudu kurmat lan kudu nyembah-nyembah, nanging sajroning batin rak misuh-misuh ta? Mosok menungsa waras kaya awake dhewe iki dikongkon ngajeni Iblis sing mripate wuta, nganti ora weruh ing budi becik, ora mung tumindak cidra mangun pasekuthon karo mungsuh wae, malah kabar sing tak tampa jebul Makara kuwi uga melu ngrodhapeksa Andalu sing cetha yen kuwi wanita sing banget ditresnani dening Raden Bagus Suwanda sing wis paring kekocah lan kamukten marang dheweke”.

 

Sansaya umub rasane getih sing mili ing sarandhuning ragaku krungu kandhane Karta Cikrak sing keri dhewe iki mau. Ora nyana ora ngira babar pisan yen Makara jebul wis kliwat wates nggone nyidrani kekancan antarane aku lan dheweke. Jebul menungsa kuwi wis wani melu ngrodha peksa Andalu lan sawuse Andalu suduk jiwa lan dipendhem neng kuburan kembar, saiki genti arep ngarah patiku sarana kongkonan prajurit kraman murih gawe cilakaku. Nanging aku isih eling, yen dina kuwi aku isih sajroning sesinglonan, durung wancine wong-wong kuwi ngerti yen aku iki sejatine Raden Bagus Suwanda, putra angkate Rama Tumenggung Jatikusuma. Mula aku ya banjur meneng, ngempet lan ngedhem panasing ati. Mung sajroning tekad, aku duwe prasetya, kudu bisa malesake lara wirange Andalu marang Makara lan para prajurit kraman sing wis ngrodhapeksa dheweke.

 

“Pancen jagad iki lagi gonjang-ganjing tenan kok Dhe” keprungu Togog guneman ngegongi rembuge Karta Cikrak “nek Makara utawa Ki Suwela tega nyidrani Gusti Tumenggung Jatikusuma munggahe marang Kanjeng Sinuhun Prabu, kuwi jalaran kepengin oleh palungguhan sing luwih dhuwur maneh, lha nek Juragan Waraka kae? Mung merga wedi yen dikira duwe kasetyan marang Ki Kebayan sing tenane isih maratuwane dhewe, banjur wani tumindak nistha, Rinten sing ora dosa apa-apa, diuman-uman banjur dikongkon mati lampus dhiri kaya sing ditindakne sedulur kembare, kamangka Juragan Waraka ya ngerti nek Rinten kuwi wis ajiwa loro, awit Rinten lagi ngandheg jabang bayi sing dumadi saka wijine Juragan Makara dhewe. Dadi mung merga kepengin oleh rai saka para prajurit Kraman, Juragan Waraka uga wis tega mateni anak bojone dhewe. Apa ngono kuwi ora luwih edan maneh?”.

 

Sadurunge Karta Cikrak aweh wangsulan, dumadakan saka kadohan keprungu suwarane wong lagi rerepen, adoh banget nanging keprungu cetha, rerepen tembang Asmaradana :

 

Lelakon ing jagad iki,

Nyata angel diraksakna,

Yen ora wening nalare,

Nalar kang wening punika,

Wahyu saka hyang suksma,

Mula aywa kongsi kliru,

Ngati-ati ywa tinilar.

 

Karta Cikrak, Togog, Minthul lan aku padha mingkem. Tembang Asmaradana sapada kuwi cetha yen aweh pepeling supaya kabeh padha ngati-ati, supaya kabeh padha ding waspada. mBok menawa pancen bener apa sing dikandhakne dening Togog, yen jagade lagi gonjang-ganjing. Urip neng jagad sing lagi gonjang-ganjing yen ora ngati-ati bisa dadi lan cilakane. Kahanan dadi sepi, ora ana sing guneman apa-apa, kabeh kairup dening perbawaning tembang Asmaradana sing keprungu ditembangne dening sawijining wanita, ora ana sing bisa ngira-ira suwara kuwi saka ngendi asale, nanging bisa dirungokne kanthi cetha. Angi wengi ing mangsa ketiga sansaya ngidhit nggone sumilir, nambahi kekes lan sepining wengi.

 

 

Ana candhake.

Senin, 15 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (61)

 



61.

Kanthi dipadhangi dimar teplok aku wong telu mangan bareng. Rampung mangan, Yu Minthul kandha yen pancen aku arep manggon neng kene, kanggo manganku saben dina aku dipenging olah dhewe, nanging arep dikirim saka omah. Aku mung meneng sing ateges nyarujuki apa sing dadi karepe Yu Minthul sing dibenerake dening Kang Togog. Aku uga dadi sansaya percaya marang Togog, jebul sisihane wae wis ora diblakani sapa sejatine aku, malah Kang Togog wis gawe crita yen aku iki temen-temen sedulur nak dulure dhewe sing durung ditepungi dening sisihane.

 

Kang Togog banjur ngajak aku metu saka jero warung, nggelar klasa neng latar, merga rembulan purnama wis njudhul saka langit sisih wetan. Ing mangsa ketiga ngene iki, nggelar klasa ing tengah latar kasunaran dening padhange rembulan tanggal kaping lima las ngene iki, nyata bisa ndadekne padhange angen-angen tenan. Sumribite barat sing silir-silir nggawa hawa adhem bisa nggampangne ilanging rasa kesel sawuse nyambut gawe meres tenaga sedina muput ing wayah awane.

 

Dalan ngarep warung sing tumuju menyang Desa kuwi jebul ora sepi banget, sanajan ing wayah wengi, sedhela-sedhela ana wong mlaku liwat kono. Siji loro padha aruh-aruh marang Kang Togog lan sisihane sing uga wis lungguh neng klasa.

 

“Nglaras ta Gog? Lha warunge ko kora mbok bukak?” ana wong liwat neng dalan mandheg sedhela karo ngluruhi Kang Togog.

 

“Durung gawe panganan Dhe, sing mau awan wis entek” wangsulane Togog.

 

“Iya saben dina rak ya ngono ta?” Wong kuwi guneman maneh “kok mung sing tak dhengarekne ki, padatan kowe nek wengi ngene iki ra kora tau ninggalne bojomu? Lha bengi iki kok isih neng warung?”

 

“Lha iki bojoku ya melu neng kene iki? Malah karo adhine barang kok!”

 

“Lhah kuwi mau Minthul ta? Ketutupan wewayangane wit Munggur, ndadekne aku pangling, tak sengguh nek wong lanang kuwi mau” wong kuwi mlaku nyedhak  karo nutugne olehe takon “adhine Minthul sing endi maneh? Wong Minthul ki ora duwe tunggal kok, kowe omong nek karo adhine barang kuwi?”.

 

“Adhiku nak dulur Dhe” wangsulane Togog karo ngingset lungguhe aweh panggonan marang wong sing lagi teka “Adhiku Genter saka Pandhansari”.

 

“O alaaah” wong kuwi banjur melu lungguh neng klasa “apa anake suwargi Kang Sarma? Kabare biyen Kang Sarma ki ninggal anak siji, apay a iki?”.

 

“Inggih Dhe” aku gage wae nyaut “nggih kula niki,  larene”.

 

“Iya-iya, aku iki biyen jaman nom-noman biyen, kancane glidhig bapakmu, nanging bareng Kang Sarma rabi oleh Pandhansari biyen, banjur blas ora tau endhang-endhang mrene, ngerti-ngerti aku krungu kabar saka Sawargi kang Giya nek jarene seduluere nom kuwi wis kepundhut, malah ngertiku sawise pendhak pindhone” wong kuwi banjur crita “lha jenengmu sapa? Wis omah-omah pa rung? Kok bojomu ora mbok jak kuwi?”.

 

“Inggih Dhe, nami kula Genter” wangsulanku nepungne dhiri.

 

“Genter iki durung rabi Dhe” Kang Togog nindhihi rembug “wong wektu iki Pandhansari sepi gaweyan, mula karepku Genter tak kon mandheg neng kene rada sauntara ben ngrewangi Minthul karo aku ana warung kene”.

 

“Iya aku krungu kabar jare Pandhansari lagi kena cobaning Hyang Agung, tanduran padha pusa merga diama dening Tikus wis sawatara suwene. Apay a pancen mangkono ta Ter? Iya jenengku Karta Cikrak” womg kuwi uga nepungne dhiri sawuse takon pawarta ngenani Desa Pandhansari sing lagi akeh tikus.

 

“Leres Dhe” aku wangsulan karo ngarang crita, jeneh sing dikandhakne Desa Pandhansari kuwi wae aku ya lagi ngerti ancer-ancere, durung tau weruh papan sing sabenere “mpun wiwit telune mene, tikus lan walang sangit sami ngrusuhi tanemane tiyang mrika, dados mrika sak niki paceklik turu alu, tiyang-tiyang kathah sing ngungsi pados tedha, kalebet kula sing lajeng mriki niki, mergi sedulur kula nggih Kantun Kang Togog kalih Yu Minthul niki sing kula ngertosi”.

 

“Niku mawon, angsale sumerep rupane sedulure nggih nembe mawon kok Dhe” Minthul sing maune meneng lungguh neng pojok klasa rada adoh melu amul rembug “dadi nggih ama tikus niku enten gunane, saged methukne sedulur sing empun meh ilang, merga boten tau sanjan sinanjan, kados Kang Togog kalih Adhi kula Genter niku”.

 

“He he he” Karta Cikrak nggleges alon “bener kuwi Thul. Bareng butuhe menungsa sansaya akeh ngene iki ndadekne wong dadi arang dolan, kabeh ketungkul karo gaweyan saben dinane sing ora ana rampunge, kaya aku iki ya ngono, wiwit omah-omah biyen nganti saiki ya durung tau ngajak mbokmu gedhe sanja menyang desa klahirane sing neng Sendhangngembes kana, kajaba pas Maratuwaku tinggal Donya kae, dadi putune maratuwa kuwi saiki pira aku ya ora ngerti”.

 

“Iya Dhe” Togog genti sing wangsulan banjur ditutugne takon “lha iki mau Dhe Karta arep menyang sawah apa mung klintong-klintong nglaras endahing purnama karo mlaku-mlaku mubeng desa?”.

 

“Aku wengi iki rak ketiban urak rondha neng Gredhu cedhak regol mlebu desa kono kuwi ta Gog? Ngancani karo ngladeni para Prajurit sing ana kono, prajurit sing kereng-kereng saka Kedhiri apa saka Keling kuwi neh?” Karta Cikrak aweh wangsulan.

 

“Lha kok malah mlaku-mlaku mrene?” Togog takon.

 

“Mripate Prajurit-prajurit kae jan awas banget” Karta Cikrak aweh wangsulan “warungmu sing adate peteng, merga mbok tinggal mulih, bareng wengi iki mbok sumeti dimar ndudut kawigatene para prajurit kae, banjur aku dikongkon ndelok mrene, ana apa? Ngono. Lha Jaya Slunthu karo Min Gareng, mau ya dikongkon ndelok kuburan kembar sing neng lor desa kae”.

 

“Lha kuburan barang kok dikongkon marani ki apa neng kana ya ana sing nyumet dimar ta Dhe?” Togog takon karo mesem.

 

“Jarene Lurah Prajurit sing ana gredhu kana mau, mbok menawa wae wengi iki bakal ana wong teka sing arep gawe kisruh neng desane dhewe, lha pandhegane wong sing jarene arep gawe kisruh kuwi jenenge Suwanda, putrane Gusti Tumenggung Jatikusuma suwargi. Lha kowe rak ya ngerti ta? Nek kuburan kembar kae kuburane Rinten bojone Juragan Waraka karo sedulur kembare sing jeneng Andalu, loro-lorone padha mati suduk jiwa sawuse diprawasa dening prajurit sing menang perang?  Let sedina karo biyunge sing uga lampus dhiri  sawuse ngerti nek Ki Kebayan Bulakpandhe gugur lan Nyi Kebayan suthik dadi reh-rehane prajurit saka Keling. Satemene sing dirodhapeksa dening Prajurit sing rumangsa wis unggul yudane kae rak mung Andalu, merga Rinten katon nek wis meteng rada gedhe, nanging Rinten melu suduk jiwa pisan merga diuman-uman dening sing lanang. Didakwa nek wis ora suci maneh luwih-luwih nalika Rinten mara menyang omahe wong tuwane mbarengi Juragan Waraka ora ana omah pisan, saking puteging nalare Rinten banjur melu nusul kembarane nyudukne patrem sing wis dicencem ing upase ula weling menyang dhadhane dadi lan triwase”.

 

Kaya disamber gelap rasane krungu kojahe Karta Cikrak marang Togog sing mangkono iku, rasane atiku. Andalu sing tak lari kabare jebul wis dadi korban kawengisane perang, korban merga angkara murkaning manungsa sing wis kelangan rasa kamanungsane. Andalu wis kari wujud kuburan, merga mati kanggo nebus lara wirange, sawuse diprawasa lan dirodhapeksa nuruti nepsune prajurit sing nyata murang tata. Untuku nggeget, dhadhaku kaya pecah merga kobong dening genining kanepson sing dumadakan nyumet jejantungku. Nanging, aku isih meneng durung guneman apa-apa. Karta Cikrak, Togog apa dene Minthul sing padha lungguh tunggal saklasa karo aku durung ana sing weruh yen praupanku mesti wis owah ora karuwan, sunaring rembulan kang kaling-kalingan wewayangane godhonging wit munggur sing ngrembuyung, ndadekne praupanku ora ketara yen lagi nesu.

 

“Lha banjur gandhenge kuburan kembar karo tekane Raden Bagus Suwanda sing jarene arep gawe kisruh kuwi apa Dhe?” Togog sing babar pisan ora ngulatne aku, banjur takon marang Karta Cikrak sing lagi wae meneng anggine kojah.

 

 

Ana candhake.

Kamis, 11 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (060)


60.

Sidane aku wong papat wis sarujuk yen kanggo ngarah murih ora cilaka ing tangane para prajurit lan wong-wong sing dhemen laku cidra, kanggo sawantara suwene aku arep manggon neng Warunge Togog, ngiras pantes melu ngrewangi anggone Togog bebakulan lan yen bengi bisa melu nunggu warung kuwi, merga nek bengi Togog karo sisihane turu neng omahe sing ana sajerone desa Bulak Pandhe. Codhot apa dene Tomblok merga umur-umurane luwih tuwa sethithik tinimbang aku, yen ngundang aku cukup njangkar utawa nganggo ater-ater Adhi.

 

Nalika srengenge wis sansaya mudhun ing langit sisih kulon, Tomblok lan Codhot padha pamit arep bali menyang omahe. Dina kuwi wong loro sing nalika budhal saka omah duwe niyat arep menyang sawah, wurung merga mandheg neng warung sing wekasane kepethuk aku, sing miturut panemune Togog, Tomblok lan Codhot, prelu dibantu murih ora dadi korbane wong – wong sing rumangsa lagi menang perang.

 

“Dina iki mau tumrapku dina sing banget gawe senenge ati” kandhaku nalika Tomblok lan Codhot ngadeg sawise pamit nek arep bali “aku bisa kepethuk sedulurku tuwa lan oleh pagaweyan kanggo nutugne uripku. Aku matur nuwun banget marang Kang Tomblok lan Kang Codhot, luwih-luwih marang Kang Togog, merga arep ngrekakne aku ndika wong telu padha oleh kapitunan ing dina iki”.

 

“Kapitunan sing kepiye Dhi?” Tomblok bali lungguh maneh karo takon, Codhot melu-melu bali lungguh.

 

“Lha wis genah ta?” aku wangsulan karo mesem “ndika karo Kang Codhot, nandhang tuna merga kudune bisa nandangi gaweyan sing durung rampung neng sawah, nanging wurung merga jagongan karo aku neng kene. Lha nek Kang Togog, dawegan sepuluh katit digawa wong sing rumangsa menangan mau”.

 

“St…..” Togog nyaut karo nyelehne driji panudinge neng lambe “aja diomong, nek krungu wong marakne ora becik”.

 

“Lhah, wong jenenge ketemu sedulur nek mung ninggalne gaweyan setugel dina wae, ya ora ana rugine ta Dhi? Ngono kok ndika arani tuna, kanggoku malah bathi, netepi unen-unen Tuna satak bathi sanak ngana kae lho?” Tomblok aweh wangsulan.

 

“Iya Kang” wekasan aku aweh wangsulan “nanging, ndika wong telu aja padha salah tampa ya? Tenane ngono, tekaku neng kene iki mau ya nggawa sangu, asile nggonku keklumpuk nalika aku ngumbara golek upa. Mung kanggo tandha tresna lan atur panuwunku marang ndika wong telu, tak jaluk ndika padha gelema nampani saperangan cilik saka sangu sing tak gawa iki”.

 

Aku ngetokne kanthong sing isi dhuwit perak, banjur tak jupuk isine, kanggo Tomblok lan Codhot wong siji tak wenehi limang klithik, sing ajine padha karo regane wedhus siji. Lan kanggo Togog tak wenehi sepuluh Klithik, dadi tikel ping pindho kari sing ditampa Codhot utawa Tomblok.

 

“Kok mengkono ta Dhi?” Tomblok guneman karo mripate mblalak kaya wong kaget “dhuwit kuwi gajege olehmu keklumpuk sarana adus kringet dodol tenaga, kok malah ndika dum-dumne marang aku, iki apa wis bener?”.

 

“Iya Dhi Genter, dhuwit olehmu buruh-buruh kok mung arep mbok driyahne marang aku, kamangka gajege ndika kuwi ya isih butuh wragat kanggo urip lho?” Codhot melu guneman.

 

“Ngene lho Dhi” Togog amul gunem “Adhi Genter kuwi cetha nek sedulurku dhewe, karo sedulur kuwi aja dipadhakne karo wong liya, lire endi sing repot kudu dibantu, endi sing longgar kudu gelem ngrewangi sedulure sing lagi mbutuhake. Aja banjur mbok regani nganggo dhuwit perak utawa emas, ajine paseduluran kuwi ora bisa ditandhing-tandhingne karo apa wae”.

 

“Kakang-kakangku kabeh” aku wangsulan karo mesem “mau aku rak wis kandha, ndika kabeh aja padha salah tampa. Ya bener nek sing tak wenehne ndika iki nggonku keklumpuk sarana nyambut gawe tegese iki dhuwit sing ora olehku tumindak dudu, colong jupuk sapiturute, lan maneh kuwi mung saperangan cilik saka sangu sing tak gawa, dadi kanggo dina-dina sabanjure aku isih duwe simpenan sing cacahe cukup malah kepara isih bisa turah nek mung kanggo ngragati uripku sing kembang plonco tanpa anak tanpa bojo ngene iki. Dadi ndika tak jaluk gelema nglegani atiku, ndika tampa dhuwit sing mung kena ngge tuku suruh gambir sapanginangan paribasane iki, minangka tandha yen anggonku ngaturake panuwun marang Kakang-kakangku ditampa kanthi becik”.

 

Wekasan wong telu kuwi gelem nampani pawewehku lan padha ngaturake panuwun dhewe-dhewe. Banjur padha bali menyang omahe, klebu Togog sing dina kuwi ora sida kapitunan merga dawegan dagangane dirampog dening prajurit mau.

 

Nalika wektune wis meh surup srengenge, aku wis rampung nggonku reresik, adus neng kalen ora adoh ing mburi warung. Aku mapan lungguhan neng lincak sing manggon neng ngisor wit Randhu alas sawetane warunge Togog. Karo lungguh, aku nggagas, apa sing bakal tak tindakne dina sesuk. Sing cetha aku or alali karo ancasku sakawit, tekaku ing kene iki merga kepengin ngerti kahanane Andalu, malah aku uga wis duwe gagasan yen wis kepethuk, Andalu arep tak jak lunga saka kene, arep tak jak nemoni Kang mBok Setyawati lan aku arep nembung marang sedulur tunggal guruku sing kaprenah tuwa kuwi, nek arep nempil kamukten, murih ditampa dadi kulawarga utawa dadi kawula ing Kraton Katentreman. Nggagas sing mangkono kuwi, ndadekne aku mesem dhewe, wis gawang-gawang ing padoning mripat, mendah kaya apa tentreme nek aku wis klakon mangun omah-omah karo Andalu, wanita sing banget tak tresnani kuwi. Banjur urip prasaja ing Katon Katentreman, kaya lumrahe wong urip ing karang padesan, banjur aku kaparingan turun………..

 

“Lagi mikir apa ta Dhi Genter? Kok mesam-mesem dhewe kuwi?” ora weruh kapan tekane, dumadakan Togog wis aruh-aruh takon, neng sandhingku, ditutugne karo kandha “iki lho mBakyumu kepengin weruh adhine sing lagi teka saka Pandhansari”.

 

“Kaget aku Kang” aku gragapan aweh wangsulan “sing iki ta mBakyuku sing selawase durung tau ketemu aku ki?”

 

Aku manthukne sirah karo mesem marang wong wedok sing ngadeg neng sisihe Togog, wonge duwe pakulitan resik, awake lemu ora sumbut karo dedege sing ora pati dhuwur.

 

“Iya Dhi, ya aku iki Yumu sing jeneng Minthul bojone kakangmu Togog” Yu Minthul wangsulan grapyak “lha wong wiwit dadi bojone kangmu kuwi, aku ki durung tau lho dijak sanja menyang Pandhansari kuwi? Nek gagasan arep ngajak dolan neng nggone Lik Sarma ki jane ya wis suwe, nanging ya mandheg neng gagasan wae. Malah awakmu sing ndhisiki teka kene, benere pancen ya ngono, wong nom ki sing kudu ngalahi marani sing tuwa ngene iki”.

 

Ambak-ambak wong lemu kaya ngono, jebul Yu Minthul ki jebul ya grapyak, omonge klebu akeh.

 

“Mbakyumu ki ya ngono kuwi lho Dhi, karo jenenge sing lanang wae wis lali, aja maneh kok jenengku, lha wong nyebut jenenge dhewe wae ya ora bener” Togog nrambul gunem karo mesem.

 

“Aku ki jane ora lali, Kang” Yu Minthul nyaut tembung “nanging golek murih bgampange wae, wong mandhak mung jeneng wae lho? Wong sak Bulak Pandhe kene iki arang sing tepung karo Gemi, arang sing ngerti sapa kuwi Mursita, lha nek karo Minthul bojone Togog, utawa Togog bojone Minthul, wong sak Bulak Pandhe mesthi wis tepung kabeh”.

 

“Iya, ya wis, Adhimu Genter ayo ndang dijak mangan, mumpung isih padhang” Kang Togog aweh wangsulan lan prentah marang bojone.

 

“Iya tak mlebu warung dhisik, karo tak uripne dilahe, ben gak kaya warung suwung” Yu Minthul banjur mlaku karo ngindhit tenggok sing wangune isi sega salawuhane.

 

Togog menyat, ora nututi sing wedok, nanging nyedhaki ting sing cumanthel neng emper warung, banjur diuripne dimare.

 

 

Ana candhake. 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (059)

59.

Aku durung niyat arep melu urun rembug ing babagan iki, jalaran aku kudu luwih ngati-ati maneh. Jebul tekaku ing Majapahit iki wis kaweruhan dening telik sandine Adipati Girindrawardana, lan jeneng Suwanda wis kecathet minangka salah siji saka ewone wong sing luwih setya marang Gusti Prabu sing wis kendhang saka praja. Nek karo Togog, aku wis percaya, kajaba dheweke ora ngerti yen satemene aki iki Suwanda sing dadi incerane prajurit Majapahit sing wis nyawiji karo Sinuwun Brawijaya sing anyar lan jumenenge neng Kedhiri, Togog ya wis kandha nek arep ndhaku aku iki sedulure, anake Pakne cilik sing omahe Pandhansari. Nanging marang wong loro, Codhot karo Tomblok aku durung ngerti apa tulis sing ana jero dhadhane, gampang kepencut gumrincinge ringgit banjur nganggep lumrah gawe cilakane wong liya apa ora?.

 

“Nanging awake dhewe kudu luwih ngati-ati lan kudu bisa ngayomi, padha tangga lan kanca sarta sedulur, Kang” Tomblok guneman ditujokne marang Togog.

 

“Kuwi mesthi lan kudu mBlok” Togog aweh wangsulan.

 

“Bares wae iki ana sambung rapete karo tekane Kisanak Genter ing warung kene Kang Togog” Codhot melu amul rembug, olehe guneman dilirihne nganti kaya wong bisik-bisik “mau meh wae aku ngira yen Kisanak Genter iki Raden Bagus Suwanda sing jarene Prajurit mau klebu dadi klilipe negara. Tumrap awake dhewe tekane Kisanak Genter iki ora apa-apa, nanging tumrape wong sing seneng olek rai lan seneng ngingu sipat jail, bisa didadekne perkara”.

 

“Sing mbok karepne ?” Togog genti takon karo bathuke dijengkerutne.

 

“Saupama ana wong liya sing weruh nek warung kene ketekan wong manca sing durung ditepungi, banjur wadul menyang Kabayanan kana, bisa-bisa Kisanak Genter banjur dirangket ngono wae, lan awake dhewe dikatutne melu luput, merga wis ngayomi mata-pitaning mungsuh, karepku dudu mungsuhe awake dhewe nanging mungsuhe wong-wong sing lagi edan karo olehe wis menang perang kae”.

 

“Kuwi bener lan klebu ing nalar Dhot” Togog aweh wangsulan karo suwara sing ora kalah lirihe “mulane akum au wis rembugan karo Genter, wiwit saiki awake dhewe nek ngundang aja nganggo sebutan neka-neka, cukup Adhi Genter utawa Kang Genter ngono wae, lan iya ora sah ndadak nganggo basa krama, muri hora ana wong sing sujana”.

 

“Iya rembugan piye Kang?” Tomblok genti sing takon.

 

“Adhi Genter iki tak prayogakne mandheg neng warung kene wae, tegese aja nerusne laku dhsisik wong dheweke kuwi pancen wong sing lagi ngumbara, merga nek nerusne laku bisa-bisa ing papan liya ana wong sing duwe watak ora kaya awake dhewe, Adhi Genter bisa dilolopne neng nggone para prajurit kraman kae, rak ya mesakne ta? Kamangka temene Adhi genter kuwi wong sing ora ngerti apa-apa kaya awake dhewe iki kabeh, ngertine sapa sing kuwasa ya kuwi sing digugu prentahe” Togog aeh wangsulan lan nerangne apa sing dadi karepe.

 

“Lha nek neng kene ana wong sing weruh nek Adhi Genter iki dudu wong kene banjur diwadulne menyang Kabayanan kepiye Kang?” Tomblok takon maneh “rak ya padha wae, Adhi Genter cilaka banjur wake dhewe katut melu cilaka, cilaka neng tangane wong cendhala. Pancene aku tau krungu pituture wong tuwa, nek wong sing digawe cilaka dening wong cendhala budine kuwi aluse bakal tinampa dening Hyang Maha Agung tanpa dilandrat luwih dhisik banjur dileboikne menyang Swargaloka, nanging aku kok durung kepengin mlebu suwarga saiki ta Kang? Ya nek bisa kuwi mengko keri-kerinan wae”.

 

Aku mesem krungu gunemane Tomblok sing lucu kuwi, wong liyane ya melu padha ngguyu. Ing tengahing kahanan sing kisruh kaya mangkono mau, Tomblok isih kober gawe geguyon sing lucu.

 

“Mau wis tak rembug karo Adhi Genter lan wonge ya wis mathuk karo eguh pratikelku” sawuse meneng olehe ngguyu, Wursita sing luwih kondhang nganggo jeneng Togog kuwi aweh wangsulan.

 

“Eguh pratikel sing endi kuwi Kang?” Codhot nguber karo pitakonan.

 

“Durung kober tak kandhakne” wangsulane Togog karo mesem “jeneh janji arep tak kandhakne keselipan kojah liyane kok”.

 

“Ya wis, saiki ndang omongna!” Codhot semaur ngiras ngongkon “ben cetha”.

 

“Sing ngerti nek Genter iki pangumbara saka Wanagiri rak mung awake dhewe sing neng kene  iki ta?” Togog mincing nganggo pitakonan marang Codhot lan Tomblok.

 

“Iya banjur kepriye?” Tomblok takon.

 

“Dicukupne wong telu iki wae sing ngerti asal-usul lan pangumbarane Genter” Togog ngandhakne budidayane “saiki arep tak gawe crita nek Genter iki dudu wong Wanagiri, nanging bocah saka Pandhansari, anake pakku cilik sing wis rada suwe olehe tinggal Donya. Dadi nek ana wong takon sapa sejatine Genter, cukup padha wangsulan nek Genter kuwi adhiku nakdulur, sing ngungsi golek pangan mrene jalaran Pandhansari wektu iki nandhang paceklik awit saka pangamuke Tikus sing ngama tandurane para Kadang Tani”.

 

“Nuwun sewu Kang Togog” aku nyaru rembug arep takon.

 

“Iya ana apa Dhi?” Togog wangsulan karo takon aku arep omong apa.

 

“Kabar sing keri dhewe kuwi mau apa bener? Lire pancen kepara nyata yen ama tikus lagi ndadi ana ing Pandhansari kana ?”.

 

“Bener kuwi Dhi” Tomblok aweh wangsulan “wis telung tiga iki, para kadang tani neng kana ora bisa ngundhuh tandurane, kajaba tikus sing ora karuwan cacahe uga ama walang sangit iya ndadi”.

 

“Kuwi kira-kira merga wong kana padha lali ing wajib marang Sang Hyang Bathari Sri lan Sang Hyang Sadana temah pepacuhe padha diterjang, oleh-olehane banjur krangkenge Tikus Jinada lan Walang Bajangkirik padha menga, banjur prentah andhahane ngrusak tandurane para kadang tani kuwi” Codhot mbumboni rembug.

 

“Ya mengkono kuwi sing dadi eguh pratikelku marang Adhiku si Genter, tak jaluk Tomblok karo Codhot ya sing bisa melu mbenerake crita gaweyanku iki. Kanthi mangkono, ora ana pawadan tumrap wong sing duwe watak srei banjur bgawe cilakane Genter lan uga cilakane awake dhewe kabeh” Togog mungkasi kandhane.

 

Tomblok karo Codhot padha manthuk-manthuk tandha yen sarujuk. Aku rumangsa eram marang kaluhuraning budine wong telu kuwi, sanajan kanyatane wong telu kuwi klebu ewone wong bodho sing manggon ing padesan urip saben dinane kira-kira ya adoh saka tembung turah, utawa malah kena diarani sajroning kacingkrangan, ewa samono katresnan lan kasetyane marang Gusti Prabu Brawijaya sing wis jengkar ninggal praja babar pisan ora suda. Kajaba saka iku, sanadyan lagi wae ketaman kapitunan merga dagangane dijarah rayah tanpa di ijoli nganggo dhuwit dening para prajurit, ewa samono Togog babar pisan ora ngrembug perkara kuwi, malah ketungkul anggone kepengin aweh pitulungan marang Genter sing wujude ya aku iki.

 

Aku banjur kelingan yen ing buntelan sing tak gawa kuwi, kajaba ana sandhangan kanggo salinku, uga ana kanthong loro sing kebak-kebak. Kanthong sing siji isine dhuwit mas sing anggonku keklumpuk wiwit aku nampa blanja sepisanan saka Dalem Katumenggungan. Dene kanthong sing sijine sangu peparinge Kanjeng Ibu Nyai Tumenggung nalika akua rep budhal menyang Kedhuwang kae. Tuwuh rasa pengin ing atiku, dhuwit-dhuwit kuwi arep tak gunakne kanggo aweh pambiyantu marang wong Bulak Pandhe sing wis akeh digawe tuna dening para prajurit andhahane Gusti Adipati Girindrawardana, sing saiki isih masanggrah ing tilas daleme Wa Anggara. Nanging ora saiki, ngenteni wektu sing mathuk lan murih salah tampa lan ndadekne wong telu kuwi pada sujana marang aku. Kanggo ngijoli kapitunane Kang Togog dina iki,  arep tak wenehi  wenehi dhuwit perak sing ora pati akeh cacahe nanging wis turah yen mung kanggo nuku dawegan sing dirampog prajurit mau. Kang mangkono mau, karo kanggo ngiras atur panuwunku marang Kang Togig sing wis nglilani aku manggon neng warunge iki.

 

 

 

Ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...