Total Tayangan Halaman

Kamis, 18 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (065)

65.

Cahya kuning kuwi dumadakan wis salin wujud, kaya dene wujude Kyai Bancik sing wujud bocah bajang mau, Cahya Kuning kuwi uga wujud bocah bajang mung duwe cahya sing sumunar kuning semu rada mbalerengi. Aku ora enggal sapa aruh marang wewujudan anyar iki, nanging aku panggah ora tinggal kaprayitnan, nek nitik solahe Bocah Bajang mawa cahya iki cetha nek ora sabaene, nanging duwe kadigdayan sing wangune ora gemen-gemen.

 

“Kula abdi jengandika Raden, sami kalihan Kyai Bancik” kandhane Bocah Bajang mawa cahya kuning kuwi alus, anoraga “kula pun Sipat ingkang wujud kasaripun arupi Slendhang Sutra Kuning ingkang tansah jengandika agem sabukan”.

 

Aku kaget semu gumun, mau Kyai Bancik sing wujude Keris nemoni lan aweh weruh sing dadi daya kekuwatan sing sinimpen ing awake, saiki Bocah Bajang iki ngaku yen dheweke Slendhang Sipat, sipat kandel peparinge Wa Anggara. Alon-alon tanganku nggrayahi bangkekan sing saben dina tak taleni nganggo Slendhang peparinge Wa Anggara kae. Kaya Kyai Bancik nalika ngongkon aku nggrayahi lempeng mau, saiki bangkekanku wis ora ketalenan slendhang Sipat maneh.

 

“Sami kalihan Kyai Bancik Raden” Slendhang Sipat sing wis wujud Bocah Bajang kuwi guneman maneh “minangka abdi, kula tansah ngantu-antu kaparingan dhawuh saking jengandika Bendara kula”.

 

“Mengko dhisik Kyai Sipat” aku wangsulan alon “aku ngerti yen jejer ndika iku mung piranti kanggo nyengkuyung apa sing tak karepake. Banjur piranti wujud Slendhang kaya ndika kuwi bisa digunakne ing babagan apa?”.

 

“Kados ingkang sampun jengandika buktekaken piyambak nalika jengandika Raden kepanggih prajurit Keling siswa-siswanipun Ajar Srapat saderengipun jengandika Raden kepangih kalihan Maharsi Doradruwasa nika. Menawi asta jengandika Raden kasabet kaping tiga mawi slendhang sipat, saestu saged damel mirisipun sok sintena ingkang amengsahi jengandika Raden lan menawi nekad boten miris mangka tiyang kala wau badhe nandhang lumpuh tanpa daya” Bocah Bajang mawa cahya kuwi aweh wangsulan.

 

“Iya aku wis mbuktekne dhewe ing babagan kuwi” aku guneman maneh “nanging tak kira ora mung mandheg tekan semono katiyasan sing mapan ana pusaka peparinge Wa Anggara iki”.

 

“Mila leres makaten Raden” wangsulane Slendhang Sipat sabanjure “Slendhang Sipat menika estu Slendhang ingkang dipun tampi dening Sang Begawan Satiban nalika panjenenganipun mahas ing samun ing pucuking Ardi Argapura nalika samanten, lajeng dening Panembahan Satiban kaparingaken dhateng Ki Kebayan Bulak Pandhe ingkang lajeng kaparingaken dhateng jengandika Raden menika. Saestu menawi Raden ngersakaken ngelih barang ingkang awratipun ngungkuli gunung pisan, menawi wonten peranganing barang menika saged katangsulan mawi Slendhang Sipat, saestu saged kanthi gampil jengandika seret utawi kabandhilaken”.

 

“mBok menawa ana piguna sing liyane ?” aku takon maneh.

 

“Kathah Raden” Slendhang Sipat wangsulan “manawi jengandika watak, Slendhang Sipat saged jengandika ajak nrabas tembok ingkang kandel tanpa damel risaking tembok, ugi saged jengandika dhawuhi murih ngewahi wewujudan jengandika dados wewujudanipun tiyang sanes ingkang jengandika kersakaken lan pigunipun ingkang sanes, benjang-benjang saged kula aturaken kanthi mirunggan. Samangke keparenga kula wangsul malih anggubed salira jengandika Raden, awit kula tingali lan kula raosaken dalu menika jengandika badhe nindakaken pakaryan ing kang wigatos, mugi2 kangge ngrampungi pakaryan menika kajawi ngginakaken Kyai Bancik mugi kula saged ugi kaginakna”.

 

Bubar muni ngono kuwi, Bocah Bajang mawa cahya kuwi ilang, lan kaya mau saiki ing bangkekanku wis katalenan Slendhang peparinge Wa Kebayan Bulak Pandhe sing wujud Slendhang Sutra Kuning kang aran Slendhang Sipat.

 

Sansaya bombong rasaning atiku, sansaya manteb tekading rasaku, wengi iki aku kudu bisa males lara wirange Rama Tumenggung marang Ki Suwela lan Makara sarta nagihake utang wirang sing disandhang dening Andalu merga saka tumindake Makara.  Kanthi laku dhedhemitan sing ora bisa disawang dening wong liya, aku mlaku kanthi kepenak, nurut dalan sing tumuju omahe Makara lan omahe Ki Suwela.

 

Bener apa sing dikandhakne dening Karta Cikrak pas mara menyang warunge Togog sore mau, wengi kuwi prajurit kraman saka Kedhiri lan Keling padha jaga-jaga kanthi sikep gegaman sing jangkep. Malah meh sadawaning rattan sing tak liwati, akeh prajurit sing uga mlaku baris wor sapantha-pantha kaya yen arep budhal methukne mungsuh ing palagan ngana kae. Weruh solahe para prajurit kraman kuwi, atiku dadi panas. Ngiras pantes mbuktekne warta sing tak tampa saka Kyai Bancik mau, aku ntedhaki Lurahing prajurit sing lagi mratitisake andhahane nggone padha mlaku.

 

“Dhug!” tanpa ngucapne apa-apa, tanganku kumlawe uwange lurah prajurit kuwi tak cakruk nganggo kepelan tangan sakayange.

 

“Adhuuuuuuuh……..!” Lurah Prajurit sing oira weruh sangkan parane bilahi kuwi njerit kelaran banjur rubuh tumiba neng lemah, untune padha rampal saking bantere cakrukanku. Kanca-kancane padha kaget, banjur pating pencolot padha nyedhaki, kepengin ngerti apa sing wis dialami dening lurahe.

 

Genti sikilku sing tak obahne, Lurah Prajurit sing isih gereng-gereng kelaran kuwi tak gajul prenah dhadhane. Sepisan maneh Lurah Prajurit kuwi mbengok banter, banjur kejet-kejet semaput. Para andhahane dadi sansaya geger ora karuwan, aku sumingkir rada ngadoh, karo ngenteni apa sing bakal ditindakne para prajurit sing ditinggal semaput lelurahe kuwi.

 

“Piye ca iki?” salah sijine prajurit mbengok banter nakoni kanca-kancane “Ki Lurah dumadakan kaya ketiban gegaman sing ora katon ing mripat, ngerti-ngerti rubuh ing lemah lali puwa duksina”.

 

“Lha ya piye?” kancane ana sing semaur “katone Ki Lurah kena guna dhesthi sing ditindakne bangsa alus, mau aku krungu suwara kaya ana bindhi sing tumiba ing pipine Ki Lurah, banjur aku weruh Ki Lurah tiba neng lemah. Lan sing sadurunge Ki Lurah semaput iki mau mesthine kabeh ya padha krungu lan weruh, dhadhane Ki Lurah kaya ditibani gandhen wesi, sing ndadekne Ki Lurah banjur ora kelingan iki”.

 

“Sing ngganggu gawe Ki Lurah iki mau cetha nek dudu bangsane manungsa” prajurit liyane ana sing guneman “mbok menawa wae, Ki Suwela utawa Ki Makara pirsa sapa sing wis ngganggu gawe Ki Lurah iki lan nganggo sarat utawa sajen apa murih bangsa alus kuwi ora nindakne ganggu gawe maneh marang awake dhewe lan prajurit saka Kedhiri lan Keling liyane, jalaran bisa wae Ki Lurah wis nindakne sing dadi sirikane warga kene jalaran Ki Lura hora ngerti, ngerti-ngerti wis nampa pidana kaya ngene iki wujude”.

 

“Yen ngono” Prajurit sing dhisik dhewe nakoni kancane mau aweh prentah, wangune prajurit kuwi wewakile Lurah Prajurit sing lagi ngrasakne cakrukan karo gajulanku kuwi “ayo Ki Lurah digawa menyang pasangrahan, gajege wengi iki Ki Suwela karo Ki Makara uga lagi ana ing pasanggrahan”.

 

Krungu yen para prajurit kuwi arep nemoni Ki Suwela lan Makara ing pasanggrahan, batinku krasa seneng, rumangsa kabeneran tenan, olehku tumindak gawe cilakane Lurah Prajurit mau jebul malah ana gunane. Saupama aku mau bablas menyang omahe Makara, mesthi malah ora oleh gawe, wong Makara ora ana ing omahe, samono uga karo Ki Suwela. Yen bengi iki Ki Suwela karo Makara manggon neng Pasanggrahane Prajurit saka Kedhiri lan Keling, ateges wong loro kuwi manggon neng omahe Wa Anggara. Lan kuwi luwih becik kanggoku, bengi iki ora sah ndadak mindhon gaweni, wong loro kuwi bakal tak rampungi, jumbuh karo dosa lan kaluputan sing wis ditindakne.

 

Aku banjur ngadeg ngenteni budhale para prajurit sing arep nggawa lurahe sing ora eling kuwi menyang pasanggrahane, aku arep ngetutne saka mburi, mesthi wae karo isih ngecakne dayane Kyai Bancik sing wis ndadekne aku ora bisa disawang dening mripate wong-wong sing ana kono, kanthi cara iki tak kira luwih gampang kanggoku arep methuki Ki Suwela lan Makara, anake.

 

 

Ana candhake.
 

Rabu, 17 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (064)

64.

Bocah Bajang sing ngaku jeneng Bancik kuwi cengar-cengir ngguyu aku sing lagi bingung semu gumun dene gegaman peparinge Rama Tumenggung sing selawase ora tau uwal saka ragaku dumadakan wis ora ana.  Banjur karo mencolot neng dhuwur lincak sing mau tak engge lungguh, Bocah Bajang sing dedege mung sadhengkulku lan gedhene mung sak lengen kuwi guneman sansaya cetha :

 

“Mesthi kemawon boten wonten mriku Raden, jalaran estunipun Kyai Bancik ingkang wujud saben dintenipun rupi dhuwung menika, estunipun inggih kula menika”.

 

“Dadi ndika iku Keris Kyaiu Bancik?” aku takon.

 

“Leres Raden” wangsulane Bancik karo manthuk kurmat.

 

“Banjur ana karep apa ndika salin wujud kaya mangkono iku Kyai Bancik?” aku takon maneh.

 

“Mugi kaemutan Raden” kandhane Bancik anoraga “kula menika mila estu kawulanipun Bendara kula Raden Tumenggung Jatikusuma ingkang nunten kaparingaken dhateng jengandika Raden Suwanda, dados wekdal samangke menika Bendara kula inggih namung jengandika Raden Suwanda, ngantos dumugi titi wancinipun Raden Suwanda ngersakaken kula kesah misah kalihan jengandika Raden, kados lelampahanipun Kyai Baratketiga ingkang nunten dados titihanipun Sang Maharsi Doradruwasa kundur makahyangan”.

 

“Aja nyebut-nyebut jeneng Kyai Baratketiga maneh Kyai Bancik” aku wangsulan rada sengol “anane Kyai Baratketiga tak tundhung lunga nalika samana, merga aku ora ngerti sapa satemene Jaran sing jare asale saka Bumi Sumbawa kae”.

 

“Sami kalihan panganggep jengandika dhateng kula Raden” Kyai Bancik aweh wangsulan karo cengar-cengir “menawi boten mawi srana makaten tartamtu jengandika Raden namung badhe nganggep kula menika namung wujud tosan pinipih ingkang ginanipun namung kangge nyuduk sok sintena ingkang pantes sipun suduk, harak inggih makaten ta?”

 

Ditkemak kaya mangkono kuwi aku ora semaur, mung meneng, ngenteni rembug sing sabanjure saka Kyai Bancik.

 

“Lha dene anggen kula kumawantun matur dhateng Raden Suwanda kanthi cara ingkang makaten menika, jalaran kula ngrumaosi bilih jengandika menika Bendara kula lan kula kawula jengandika. Kuwajiban jengandika minangka Bendara sampun jengandika tindakaken kanthi sae, inggih menika tansah ngreksa lan paring pangayoman dhateng kula ingkang jejer minangka kawula. Dene kuwajiban kula minangka kawula, mila namung nengga dhawuh saking Bendara menapa ingkang kedah kula lampahi, nanging kula raos minangka Bendara enggal, jengandika dereng pirsa menawi kula nengga dhawuh saking jengandika ingkang titi kalenggahan menika saestu nembe badhe nindakaken pakaryan ingkang sakalangkung awrat” kaya sing tak badhe, Kyai Bancik nutugne rembuge.

 

Aku lenger-lenger krungu kandhane Kyai Bancik sing mangkono kuwi mau, pancen sasuwene iki aku mung nganggep yen Keris sing tak sengkelit neng lempengku kae mung piranti kanggo ngadhepi bebaya. Mula aku ya ora aweh prentah apa-apa, jalaran mung wong sing ora waras sing aweh prentah marang barang sing ora bisa obah. Nanging jebul kanyatane Kyai Bancik iki jebul ora mung  bisa obah wae, nanging malah bisa caturan kaya lumrahe manungsa lan malah bisa maujud dadi bocah bajang sing nduweni anggautaning raga ora beda kaya manungsa lumrah. Saiki dheweke kandha yen ngenteni prentah saka aku sing dadi bendarane, banjur prayogane aku aweh prentah apa marang Bocah bajang sing temene wujud keris cilik iki?.

 

“Raden Suwanda menapa saestu jengandika kagungan kersa badhe manggihi titah murtad ingkang nami Makara lan Suwela?” sawuse rada suwe meneng, Kyai Bancik takon, sing dadi pitakone iki cetha mung aku dhewe sing meruhi jalaran gagasan anggonku kepengin bisa adu arep karo Makara kanggo nagih utang wirange Makara marang Andalu, yektu durung tak kandhakne marang sapa wae. Mangka kanthi anane pitakon saka Kyai Bancik sing mangkono mau, nuduhake yen Kyai Bancik malah luwih ngerti karo apa sing ana sajroning angen-angenku.

 

“Gene ndika wis ngerti apa sing ana sajroning batinku Kyai?” aku mbalik takon “Apa Kyai Bancik kuwawa tak jaluki tulung kanggo mujudne angen-angenku iki Kyai?”.

 

“Kula menika namung piranti Raden” wangsulane Kyai Bancik karo mesem “kuwawi menapa botenipun gumantung dhateng bendara ingkang ngginakaken kawula ingkang wujud piranti menika”.

“Sing dikarepne Kyai Bancik karo wangsulan mangkono kuwi piye?” aku  blaka yen durung ngerti apa sing dikarepne karo tembunge Kyai Bancik.

 

“Makaten inggih Raden” Kyai Bancik aweh katrangan “menawi jengandika Raden badhe ngginakaken piranti ingkang wujud wangkingan alit ingkang nami Kyai Bancik menika, salah satunggalipun mawi cara, kanthi ngusap wilahipun Kyai Bancik mawi tapak asta kanan manginggil, mangka jengandika Raden badhe boten saged katingalan dening sok sintena kemawon ingkang wujud janma manungsa, ngantos Raden ngusap wilah malih mawi asta ingkang sami, namung saking nginggil mangandhap, ing mriku jengandika badhe katingalan malih dening sadhengahing tiyang. Dados menawi jengandika Raden ngersakaken manggihi Makara utawi Suwela kanthi sesidheman lan boten kadenangan sinten kemawon cara kala wau saged jengandika tindakaken”.

 

Aku manthuk-manthuk rumangsa eram karo katiyasane keris Kyai Bancik peparinge Rama Tumenggung sing sasuwene iki durung tak weruhi mungguh sing dadi katiyasane.

 

“Salajengipun” Kyai Bancik nutugne rembuge “menawi Raden ngersakaken murih wonten wewujudan ingkang kasat mripat saged katut boten katingalan dening tiyang sanes, Raden cekap angusap wilahing keris Kyai Bancik mawi asta kering manginggil sarwi mirsani wewujudan ingkang jengandika kersakaken, ing mriku sadaya wewujudan kalebet janma manungsa badhe ical saking panduluning tiyang sanes ngantos jengandika Raden ngusap mangandhap wilahing keris Kyai Bancik mawi asta kering”.

 

“Sabanjure apa maneh Kyai ?” aku takon katiyasan liyane sing ana sajrone Keris Kyai Bancik.

 

“Taksih kathah sanget Raden” wangsulane Bocah Bajang sing jebul wujud liya saka Keris Kyai Bancik kuwi “mangke ing wanci sanes ingkang radi mirunggan saged kula jlentrehaken kanthi cetha. Namung kemawon, menawi jengandika taksih dereng uwal saking pusaka Kyai Bancik, liripun Kyai Bancik taksih nyenggol salira jengandika, estunipun boten wonten malih ingkang pantes jengandika ajrihi, jalaran sakujuring salira jengandika badhe boten pasah ketiban gegaman wujud menapa kemawon, inggih kenging sinebat jengandika badhe tan tedhas tapak paluning pandhe sisaning gerinda tanapi tedhaning kikir”.

 

“Ngono ya Kyai?”

 

“Inggih Raden” wangsulane Kyai Bancik sabanjure “samangke kula badhe wangsul dhateng panggenan ingkang jengandika kersakaken inggih menika sinengkelit ing lempeng jengandika Raden lan sedaya ingkang sampun kula aturaken, saged jengandika tindakaken, inggih menika ingkang kula wastani tumibaning dhawuh saking bendara dhateng kawula”.

 

Rampung guneman mangkono iku, dumadakan wewujudan Bocah Bajang banjur ilang saka panduluku, kasusul ana rasa gumrenjel ing lempengku. Nalika tak grayahi, jebul Keris Kyai Bancik sing maune ora ana wis mbalik manggon neng sengkelitanku maneh. Aku banjur nggagas, arep ngecakne apa sing lagi wae dikandhakne Kyai Bancik marang aku, aku nedya ngambah alam sing ora bisa disawang sapa wae. Aku kepengin enggal bisa males wirang marang Makara lan Ki Suwela sing nyata-nyata wis nyidrani kasetyane marang Kanjeng Rama Tumenggung Jatiukusuma munggahe marang Samparan Dalem Kanjeng Sinuhun Prabu Brawijaya. Lan kang luwih baku maneh, aku kepengin enggal bisa nagih utang lara wirang sing disandhang dening Andalu merga tumindake Makara sing koncatan jiwa kamanungsane.

 

Keris Kyai Bancik tak unus saka lempengku, ukirane tak candhak nganggo tangan kiwa, banjur karo memuji marang Hyang Agung sinartan tembung marang Kyai Bancik, wilahe keris tak usap mendhuwur nganggo epek-epek tangan tengen, kanthi mangkono aku wis percaya yen wektu kuwi aku ora bisa kesawang dening mripate sapa wae. Keris Kyai bancik banjur bali tak sengkelit neng lempengku kiwa lan aku tata-tata arep mlaku sumedya menyang omahe Makara sing manggon rada adoh saka papan kono, ya iku ing pinggirane Kutha Raja, cedhak karo Dalem Katumenggungan sing biyen tau tak panggoni.

 

Nanging durung nganti sikilku jumangkah, dumadakan saka dhuwur ana cahya sumorot anelahi gawe sulaping panyawangku, cahya kuwi mandheg persis ana ngarepku sajak arep ngadhang laku. Aku kaget lan banjur tata-tata ngadhepi bebaya.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (063)


 

63.

Sawuse padha meneng lan ngumbar gagasane dhewe-dhewe, dumadakan saka gredhu panjagan cedhak regol mlebu desa keprungu thonthongan ditabuh, uluk-uluk dara muluk rambah kaping telu. Karta Cikrak banjur ngadeg, suwara thonthongan cakruk nganggo irama dara muluk ngono kuwi wis dingerteni yen duwe teges ana wong sing neng gredhu parondhan kuwi ngundang kanca-kancane supaya enggal padha mara mrono, mligine sing padha duwe jejibahan ing wengi kuwi.

 

“Sajake ana sing celuk-celuk Gog” kandhane Karta Cikrak karo mbenerne jarike “rumangsane sing nabuh dara muluk kae tekane dhisik dhewe, ora ngerti nek wong sing wis Gerang iki wiwit mau olehe teka malah wis nindakne wajib ndelok dimar neng warung kene”.

 

“Iya Dhe” wangsulane Togog karo melu ngadeg “ayo nek ndika arep bali menyang gredhu, aku karo Minthul tak bareng, ngiras tak mapir menyang Gredhu aweh kabar yen warungku bengi iki ana sing nuroni, ya kuwi Adhiku Genter wong-wong lan prajurit-prajurit kae ben ora duwe pangira sing neka-neka”.

 

“Ngono ya luwih becik” Karta Cikrak aweh wangsulan.

 

“Ayo Thul bali dhisik, Adhi Genter ben leren” Togog ngajak bojone bali, banjur kandha marang aku “tinimbang mengko weruh apaapa sing ndadekne dheg-dhegan Adhi Genter turu neng jero warung wae, kahanan lagi ora pati becik kanggo leledhang ana latar sanadyan rembulane lagi purnama”.

 

“Iya Kang” aku wangsulan cekak.

 

Sawuse Wong telu kuwi padha mlaku rada adoh, klasa sing mau digelar Togog banjur tak gulung tak lebokne neng jero warung. Aku bali metu lungguh neng lincak sendhen wit munggur karo nggagas apa sing kudu tak tindakne wengi iki.

 

Pancen atiku sing lara merga ngerti kelakuwane Ki Suwela, Makara apa dene Waraka, wis aweh prentah supaya daya-daya tumindak malesake lara wirange wong-wong sing dadi kurban kajuligane wong-wong kuwi. Luwih-luwih lara wirange Andalu sing olehe lampus dhiri merga ora kuwat nandhang wirang jalaran wis diprosa asmara dening wong-wong sing duwe watak ngungkuli kewan, lan salah siji saka wong kuwi jebul Makara sing kudune aweh pitulungan marang Andalu, nanging jebul malah dadi salah siji saka kewan-kewan sing ambleger manungsa kuwi.

 

Aku uga kelingan yen tenane tekaku ing Bulak pandhe kene kuwi wis dingerteni dening para telik sandine prajurit Keling lan Kedhiri, lan tekaku iki bakal dipapagne kanthi kekuwatan sing kliwat saka wutuh, murih aku bisa dirangket lan digawe cilaka. Mula aku kudu luwih ngati-ati maneh, lan aku uga ora niyat ngendhani bebaya sing cetha ngadhang lakuku ing Padhukuhan Bulak Pandhe iki. Jalaran kaya sing wis tak kandhakne neng ngarep, aku ora bakal ninggalne Desa Bulak Pandhe kene sadurunge klakon males lara wirange Andalu, putrane Wa Anggara sing mati sia-sia merga saka pakartine Makara sakanca-kancane.

 

Dumadakan thukul gagasan ing angen-angenku, wengi kuwi aku arep nggoleki  Makara neng omahe sing manggon neng pinggiran Kutharaja Majapahit. Utang wirange Makara marang Andalu arep tak tagihne wengi kuwi, nanging aku ya nggagas kepiye carane murih aku bisa tekan kana lan kepethuk Makara tanpa dingerteni prajurit-prajurit Keling utawa Kedhiri?. Yen ngono aku kudu bisa tumindak kaya lakune maling, akua rep golek dalan sing arang diambah menungsa, sing bisa anjog ing omahe Makara. Nek perlu kanggo mlebu omahe Makara kudu nggangsir tlisig murih ora konangan wong. Dadi memper karo critane Bambang Aswatama sing nindakne laku maling, nggangsir kedhaton Ngastina kanggo males ukum marang Dhrethajumena sing wis nugel gulune wong tuwane, kaya sing dicritakne neng wayang purwa ngana kae.

 

Kanggo nindakne laku maling ngono kuwi, kudu diwiwiti sasoresorene iya yen wis ngancik wayah sepi bocah, mula aku banjur nutugn enggonku lungguh karo ngrancang apa wae sing kudu tak tindakne yen wis klakon adu arep karo Makara utawa Ki Suwela. Dumadakan saka sisih mburiku krasa kaya ana wong sing ngelus-elus pundhaku, aku dadi kaget lan tumuli mencolot maju karo noleh, sapa sing wis ngelus-ngelus pundhakku iki mau.

 

“Nyuwun pangapunten menawi kula sampun damel kejoting penggalih jengandika Raden” ana bocah cilik utawa kena diarani bocah bajang, merga dedege kira-kira mung sadhengkulku wae, sing ngadeg ing tilas papanku lungguh, karo guneman sing alus kebak trapsila marang aku. Aku dadi gumun, lan wiwit duwe pangira yen bocah bajang iki dudu bangsane janma manungsa, nanging bangsane apa?.

 

“nDherek tepang gladhi wanuh Raden, estunipun kula sampun radi dangu ndherek jengandika Raden Suwanda, nami kula Bancik Raden” bocah bajang kuwi guneman maneh, nggenahne sapa dheweke.

 

“Bancik?” aku wangsulan karo takon “Bancik kuwi sapa? Gajege lagi iki aku kepethuk karo awakmu he Bocah Bajang? Kowe kuwi bangsane apa? Lan ana parigawe apa dene bengi-bengi kowe teka nemoni aku neng kene? Sumurupa Bancik, aku iki Genter anake Ki Sarma saka Pandhansari, isih sedulur nak dulure kang Togog sing duwe warung iki”.

 

“He he he he” Bocah bajang sing ngaku duwe jeneng Bancik kuwi ngguyu, banjur celathu “menawi kalih tiyang sanes, manga kemawon sakersa ndika badhe ngaken sinten kemawon, nanging menawi kalih kula inggih tanpa gina ta Raden? Jaragan kula sampun ngertos sedaya lelampahan jengandika wiwit bidhal nilar Dalem Katumenggungan kalih nitih Turangga Kyai Baratketiga, lajeng kepanggih kalih alusipun Resi Doradruwasa, lajeng kadhawuhan nyampurnakaken ngelmi Sejatining Sih dening Kanjeng Ratu Setyawati, lajeng jengandika bidhal malih dhateng Majapahit lan gantos nami dados Genter, menika boten wonten ingkang kecicir saking panyawang lan pamireng kula”.

 

Diuneni kaya mengkono kuwi aku dadi sansaya gumun. Cetha yen Bancik iki ngerti sabarang kalir sing magepokan karo lelakonku kabeh. Banjur tuwuh pitakon lan pangira-ira ing angen-angenku, nek dudu bangsane lelembut saka Alam Sonyaluri Bancik iki bisa uga Dewa sing lagi tumurun saka Kahyangan. Nanging apay a ana Dewa kok nganggp bebisik Bancik?.

 

“Kula menika dede Dewa saking kahyangan ingkang mangejawantah Raden” kaya ngerti apa sing lagi tak pikirake, Bancik guneman maneh “ugi dede panunggalanipun Jim, Setan, Peri, Prayangan, Ilu-ilu Banaspati saking jagad samun”.

 

“Yen dudu Dewa lan uga dudu bangsane Ji, banjur ndika kuwi bangsane apa?” aku genti takon.

 

“Kula menika barang ingkang kinodrat pejah, nanging kawiradatan dening Empu ingkang asma Panembahan Satiban saking Gunung Argapura, temah dados titah ingkang sepalih gesang sepalih pejah” wangsulane Bancik sing ora bisa tak ngerteni karepe, mung aku gumun wae dene Bancik nyebut-nyebut asmane Kanjeng Eyang Panembahan Satiban, ya gurune sawargi Kanjeng Rama Tumenggung Jatikusuma lan uga gurune Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sing wis makahyangan.

 

“Nuwun sewu Raden” Bancik sing sajak ngerti yen aku lagi ketaman rasa gumun banjur guneman maneh “menawi boten klentu, dhuk nalika jengandika badhe jengkar saking Dalem Katumenggungan rumiyin, dening Gusti Tumenggung Jatikusuma kaparingan sipat kandel wujud curiga alit, menapa leres makaten  Raden?”.

 

“Iya, bener apa sing dadi kandhamu iki” wangsulanku rada kaget “aku diparingi keris sing jeneng Kyai Bancik, dadi apa ndika kuwi………….?”.

 

“Leres Raden estunipun kula menika Kyai Bancik, wangkingan jengandika peparing saking Gusti Tumenggung Jatikusuma” Bancik aweh katrangan sapa satemene dheweke “smangke cobi jengandika pirsani, ing lempeng jengandika ingkang padatan sumlempit wangkingan Kyai Bancik, taksih wonten mriku menapa boten?”.

 

Aku nggrayahi lempengku, keris Kyai Bancik sing wiwit biyen ajeg tak sengkelit ana kono, jebul wis ora ana. Aku dadi sansaya gumun, menyang ngendi parane gegaman sing wujud keris iki? Kamangka selawase ora tau pisah karo lempengku kajaba yen aku wayah reresik awak, kuwi wae mesthi tak selehne ora adoh karo papanku, teka saiki wis ora ana?.

 

 

Ana candhake

Selasa, 16 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (062)


 

62.

Karta Cikrak ngingset lungguhe nyedhaki papane lungguh Togog, noleh ngiwa, nengen banjur noleh memburi. Sawuse sing ditoleh ora ana wewayangan apa-apa sing sajak dikuwatirake, banjur setengah bisik-bisik wiwit guneman. Mangsuli pitakone Togog sing lugu mau.

 

“Kowe ngerti punggawa Dalem Katumenggungan sing jeneng Makara kae?” sadurunge mangsuli pitakone Togog, luwih dhisik Karta Cikrak takon.

 

“Ya ngerti ta Dhe?” Togog wangsulan “Makara sing senengane mendem ciu karo kondhang tukang ndhemeni bojone wong liya kae ta?”.

 

“Iya bener” Karta Cikrak nyauti rembug “lha ya Makara kae sing ngandhani para Prajurit yen kira-kira wae Raden Bagus Suwanda bakal niliki kuburan kembar kuwi, merga kandhane Makara, satemene Raden bagus Suwanda kuwi kayungyun marang Andalu, malah jarene wis duwe niyat arep didadekne garwane, nanging dening wong tuwane Makara sing jeneng Ki Suwela, arep direkakne murih Andalu ora digarwa dening Raden Bagus Suwanda, cukup didadekne selir wae”.

 

“Oo, dadi Andalu kae selire Raden Bagus Suwanda?” Togog nyelani takon.

 

“Durung sida, merga durung nganti klakon nyelir Andalu, Raden Bagus Suwanda dumadakan murca saka dalem Katumenggungan, menyang ngendi parane ora ana sing ngerti” Karta Cikrak aweh wangsulan.

 

“Nuwun sewu Dhe” karo ngempet gumronjaling dhadhaku sing wis panas aku nyoba amul rembug “Ndika wau criyos nek sing ngandhani para prajurit murih ngulat-ulati kuburan kembar niku sinten Makara?,  nanging ndika nggih criyos nek tiyang sepuhe Makara niku rencange Den Bagus Suwanda?  Pripun ta genahe ngoten?”.

 

“Kowe durung pati mudheng bab iki Ter” Karta Cikrak semaur alon “maune Makara kuwi rak andhahane Raden Bagus Suwanda neng dalem Katumenggungan kana? Klebu Ki Suwela ya dadi andhahane Raden Bagus Suwanda. Nanging kuwi biyen jaman sing jumeneng minangka Tumenggung isih Gusti Tumengung Jatikusuma, wong tuwane angkat Raden Bagus Suwanda. Bareng Gusti Tumenggung Jatikusuma seda ing rana, Ki Suwela lan Makara banjur padha malik tingal, ora bela pati awit gugure pepundhene, malah banjur melu nyawiji karo para prajurit kraman. Malah kabare sadurunge ana kraman sing ndadekne Kanjeng Sinuhun kendhang saka praja kae, Ki Suwela lan Makara wis mangun pasekuthon karo wong-wong ing Keling, nanging ya kanthi sesidheman. Lagi sawuse Gusti Tumenggung gugur, wong loro kuwi banjur ngatonake jati dhirine”.

 

“Keparat ora weruh kabecikan tenan wong-wong sing mangkono kuwi” ora sengaja aku nggeget untu karo ngetokne pangucap minangka rasa gela lan kuciwaku marang Ki Suwela lan Makara.

 

“Pancen ya ngono kuwi tekune wong loro kae” Karta Cikrak semaur alon “wong-wong kene ya wis apal kabeh karo tekune wong loro kae. Nanging awake dhewe iki wong cilik sing ringkih ora duwe daya kekuwatan apa-apa, bisane mung mbenerake apa sing dadi ucape sapa sing lagi kuwasa”.

 

“Enggih Dhe” aku kelingan yen wektu kuwi aku iki Genter dudu Suwanda, mula tembungku ya tak gawe kaya mau sadurunge aku krungu kabar yen Andalu wis dikubur neng Kuburan Kembar.

 

“Wong cilik kaya awake dhewe ngene iki” Karta Cikrak guneman maneh, suwarane luwih alon tinimbang mau “bisane mung ngrewangi para bendara sing lakune bener sing saben wektu tansah mikirake kawulane kaya Raden Bagus Suwanda kuwi, mung sarana ndedonga lan nyenyuwun marang pangwasane Bathara, muga-muga Jawata kang Kawekas tansah paring pangayoman marang panjenengane. Lan muga-muga wae, wong-wong sing tekune kaya Suwela lan Makara kae enggal nampa benduning Dewa jumbuh karo kaculikane”.

 

“Iya Dhe” Togog genti semaur “nanging olehe nyenyuwun kuwi cukup ana ing batin wae, nek nganti keprungu wong-wong sing mBathara marang kumrincinge dinar, sadurunge panyuwune awake dhewe dimirengne dening Jawata, awake dhewe wis kedhisikan digantung utawa ditugel gulune, didadekne pangewan-ewan”.

 

“Kuwi wis cetha Gog” wangsulane Karta Cikrak “awake dhewe pancen kudu luwih ngati-ati, senajan satemene apa sing ditindakne cengkah karo suwaraning batin. Kaya yen ngadhepi iblis kaya Makara kae, tata gelar awake dhewe kudu kurmat lan kudu nyembah-nyembah, nanging sajroning batin rak misuh-misuh ta? Mosok menungsa waras kaya awake dhewe iki dikongkon ngajeni Iblis sing mripate wuta, nganti ora weruh ing budi becik, ora mung tumindak cidra mangun pasekuthon karo mungsuh wae, malah kabar sing tak tampa jebul Makara kuwi uga melu ngrodhapeksa Andalu sing cetha yen kuwi wanita sing banget ditresnani dening Raden Bagus Suwanda sing wis paring kekocah lan kamukten marang dheweke”.

 

Sansaya umub rasane getih sing mili ing sarandhuning ragaku krungu kandhane Karta Cikrak sing keri dhewe iki mau. Ora nyana ora ngira babar pisan yen Makara jebul wis kliwat wates nggone nyidrani kekancan antarane aku lan dheweke. Jebul menungsa kuwi wis wani melu ngrodha peksa Andalu lan sawuse Andalu suduk jiwa lan dipendhem neng kuburan kembar, saiki genti arep ngarah patiku sarana kongkonan prajurit kraman murih gawe cilakaku. Nanging aku isih eling, yen dina kuwi aku isih sajroning sesinglonan, durung wancine wong-wong kuwi ngerti yen aku iki sejatine Raden Bagus Suwanda, putra angkate Rama Tumenggung Jatikusuma. Mula aku ya banjur meneng, ngempet lan ngedhem panasing ati. Mung sajroning tekad, aku duwe prasetya, kudu bisa malesake lara wirange Andalu marang Makara lan para prajurit kraman sing wis ngrodhapeksa dheweke.

 

“Pancen jagad iki lagi gonjang-ganjing tenan kok Dhe” keprungu Togog guneman ngegongi rembuge Karta Cikrak “nek Makara utawa Ki Suwela tega nyidrani Gusti Tumenggung Jatikusuma munggahe marang Kanjeng Sinuhun Prabu, kuwi jalaran kepengin oleh palungguhan sing luwih dhuwur maneh, lha nek Juragan Waraka kae? Mung merga wedi yen dikira duwe kasetyan marang Ki Kebayan sing tenane isih maratuwane dhewe, banjur wani tumindak nistha, Rinten sing ora dosa apa-apa, diuman-uman banjur dikongkon mati lampus dhiri kaya sing ditindakne sedulur kembare, kamangka Juragan Waraka ya ngerti nek Rinten kuwi wis ajiwa loro, awit Rinten lagi ngandheg jabang bayi sing dumadi saka wijine Juragan Makara dhewe. Dadi mung merga kepengin oleh rai saka para prajurit Kraman, Juragan Waraka uga wis tega mateni anak bojone dhewe. Apa ngono kuwi ora luwih edan maneh?”.

 

Sadurunge Karta Cikrak aweh wangsulan, dumadakan saka kadohan keprungu suwarane wong lagi rerepen, adoh banget nanging keprungu cetha, rerepen tembang Asmaradana :

 

Lelakon ing jagad iki,

Nyata angel diraksakna,

Yen ora wening nalare,

Nalar kang wening punika,

Wahyu saka hyang suksma,

Mula aywa kongsi kliru,

Ngati-ati ywa tinilar.

 

Karta Cikrak, Togog, Minthul lan aku padha mingkem. Tembang Asmaradana sapada kuwi cetha yen aweh pepeling supaya kabeh padha ngati-ati, supaya kabeh padha ding waspada. mBok menawa pancen bener apa sing dikandhakne dening Togog, yen jagade lagi gonjang-ganjing. Urip neng jagad sing lagi gonjang-ganjing yen ora ngati-ati bisa dadi lan cilakane. Kahanan dadi sepi, ora ana sing guneman apa-apa, kabeh kairup dening perbawaning tembang Asmaradana sing keprungu ditembangne dening sawijining wanita, ora ana sing bisa ngira-ira suwara kuwi saka ngendi asale, nanging bisa dirungokne kanthi cetha. Angi wengi ing mangsa ketiga sansaya ngidhit nggone sumilir, nambahi kekes lan sepining wengi.

 

 

Ana candhake.

Senin, 15 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (61)

 



61.

Kanthi dipadhangi dimar teplok aku wong telu mangan bareng. Rampung mangan, Yu Minthul kandha yen pancen aku arep manggon neng kene, kanggo manganku saben dina aku dipenging olah dhewe, nanging arep dikirim saka omah. Aku mung meneng sing ateges nyarujuki apa sing dadi karepe Yu Minthul sing dibenerake dening Kang Togog. Aku uga dadi sansaya percaya marang Togog, jebul sisihane wae wis ora diblakani sapa sejatine aku, malah Kang Togog wis gawe crita yen aku iki temen-temen sedulur nak dulure dhewe sing durung ditepungi dening sisihane.

 

Kang Togog banjur ngajak aku metu saka jero warung, nggelar klasa neng latar, merga rembulan purnama wis njudhul saka langit sisih wetan. Ing mangsa ketiga ngene iki, nggelar klasa ing tengah latar kasunaran dening padhange rembulan tanggal kaping lima las ngene iki, nyata bisa ndadekne padhange angen-angen tenan. Sumribite barat sing silir-silir nggawa hawa adhem bisa nggampangne ilanging rasa kesel sawuse nyambut gawe meres tenaga sedina muput ing wayah awane.

 

Dalan ngarep warung sing tumuju menyang Desa kuwi jebul ora sepi banget, sanajan ing wayah wengi, sedhela-sedhela ana wong mlaku liwat kono. Siji loro padha aruh-aruh marang Kang Togog lan sisihane sing uga wis lungguh neng klasa.

 

“Nglaras ta Gog? Lha warunge ko kora mbok bukak?” ana wong liwat neng dalan mandheg sedhela karo ngluruhi Kang Togog.

 

“Durung gawe panganan Dhe, sing mau awan wis entek” wangsulane Togog.

 

“Iya saben dina rak ya ngono ta?” Wong kuwi guneman maneh “kok mung sing tak dhengarekne ki, padatan kowe nek wengi ngene iki ra kora tau ninggalne bojomu? Lha bengi iki kok isih neng warung?”

 

“Lha iki bojoku ya melu neng kene iki? Malah karo adhine barang kok!”

 

“Lhah kuwi mau Minthul ta? Ketutupan wewayangane wit Munggur, ndadekne aku pangling, tak sengguh nek wong lanang kuwi mau” wong kuwi mlaku nyedhak  karo nutugne olehe takon “adhine Minthul sing endi maneh? Wong Minthul ki ora duwe tunggal kok, kowe omong nek karo adhine barang kuwi?”.

 

“Adhiku nak dulur Dhe” wangsulane Togog karo ngingset lungguhe aweh panggonan marang wong sing lagi teka “Adhiku Genter saka Pandhansari”.

 

“O alaaah” wong kuwi banjur melu lungguh neng klasa “apa anake suwargi Kang Sarma? Kabare biyen Kang Sarma ki ninggal anak siji, apay a iki?”.

 

“Inggih Dhe” aku gage wae nyaut “nggih kula niki,  larene”.

 

“Iya-iya, aku iki biyen jaman nom-noman biyen, kancane glidhig bapakmu, nanging bareng Kang Sarma rabi oleh Pandhansari biyen, banjur blas ora tau endhang-endhang mrene, ngerti-ngerti aku krungu kabar saka Sawargi kang Giya nek jarene seduluere nom kuwi wis kepundhut, malah ngertiku sawise pendhak pindhone” wong kuwi banjur crita “lha jenengmu sapa? Wis omah-omah pa rung? Kok bojomu ora mbok jak kuwi?”.

 

“Inggih Dhe, nami kula Genter” wangsulanku nepungne dhiri.

 

“Genter iki durung rabi Dhe” Kang Togog nindhihi rembug “wong wektu iki Pandhansari sepi gaweyan, mula karepku Genter tak kon mandheg neng kene rada sauntara ben ngrewangi Minthul karo aku ana warung kene”.

 

“Iya aku krungu kabar jare Pandhansari lagi kena cobaning Hyang Agung, tanduran padha pusa merga diama dening Tikus wis sawatara suwene. Apay a pancen mangkono ta Ter? Iya jenengku Karta Cikrak” womg kuwi uga nepungne dhiri sawuse takon pawarta ngenani Desa Pandhansari sing lagi akeh tikus.

 

“Leres Dhe” aku wangsulan karo ngarang crita, jeneh sing dikandhakne Desa Pandhansari kuwi wae aku ya lagi ngerti ancer-ancere, durung tau weruh papan sing sabenere “mpun wiwit telune mene, tikus lan walang sangit sami ngrusuhi tanemane tiyang mrika, dados mrika sak niki paceklik turu alu, tiyang-tiyang kathah sing ngungsi pados tedha, kalebet kula sing lajeng mriki niki, mergi sedulur kula nggih Kantun Kang Togog kalih Yu Minthul niki sing kula ngertosi”.

 

“Niku mawon, angsale sumerep rupane sedulure nggih nembe mawon kok Dhe” Minthul sing maune meneng lungguh neng pojok klasa rada adoh melu amul rembug “dadi nggih ama tikus niku enten gunane, saged methukne sedulur sing empun meh ilang, merga boten tau sanjan sinanjan, kados Kang Togog kalih Adhi kula Genter niku”.

 

“He he he” Karta Cikrak nggleges alon “bener kuwi Thul. Bareng butuhe menungsa sansaya akeh ngene iki ndadekne wong dadi arang dolan, kabeh ketungkul karo gaweyan saben dinane sing ora ana rampunge, kaya aku iki ya ngono, wiwit omah-omah biyen nganti saiki ya durung tau ngajak mbokmu gedhe sanja menyang desa klahirane sing neng Sendhangngembes kana, kajaba pas Maratuwaku tinggal Donya kae, dadi putune maratuwa kuwi saiki pira aku ya ora ngerti”.

 

“Iya Dhe” Togog genti sing wangsulan banjur ditutugne takon “lha iki mau Dhe Karta arep menyang sawah apa mung klintong-klintong nglaras endahing purnama karo mlaku-mlaku mubeng desa?”.

 

“Aku wengi iki rak ketiban urak rondha neng Gredhu cedhak regol mlebu desa kono kuwi ta Gog? Ngancani karo ngladeni para Prajurit sing ana kono, prajurit sing kereng-kereng saka Kedhiri apa saka Keling kuwi neh?” Karta Cikrak aweh wangsulan.

 

“Lha kok malah mlaku-mlaku mrene?” Togog takon.

 

“Mripate Prajurit-prajurit kae jan awas banget” Karta Cikrak aweh wangsulan “warungmu sing adate peteng, merga mbok tinggal mulih, bareng wengi iki mbok sumeti dimar ndudut kawigatene para prajurit kae, banjur aku dikongkon ndelok mrene, ana apa? Ngono. Lha Jaya Slunthu karo Min Gareng, mau ya dikongkon ndelok kuburan kembar sing neng lor desa kae”.

 

“Lha kuburan barang kok dikongkon marani ki apa neng kana ya ana sing nyumet dimar ta Dhe?” Togog takon karo mesem.

 

“Jarene Lurah Prajurit sing ana gredhu kana mau, mbok menawa wae wengi iki bakal ana wong teka sing arep gawe kisruh neng desane dhewe, lha pandhegane wong sing jarene arep gawe kisruh kuwi jenenge Suwanda, putrane Gusti Tumenggung Jatikusuma suwargi. Lha kowe rak ya ngerti ta? Nek kuburan kembar kae kuburane Rinten bojone Juragan Waraka karo sedulur kembare sing jeneng Andalu, loro-lorone padha mati suduk jiwa sawuse diprawasa dening prajurit sing menang perang?  Let sedina karo biyunge sing uga lampus dhiri  sawuse ngerti nek Ki Kebayan Bulakpandhe gugur lan Nyi Kebayan suthik dadi reh-rehane prajurit saka Keling. Satemene sing dirodhapeksa dening Prajurit sing rumangsa wis unggul yudane kae rak mung Andalu, merga Rinten katon nek wis meteng rada gedhe, nanging Rinten melu suduk jiwa pisan merga diuman-uman dening sing lanang. Didakwa nek wis ora suci maneh luwih-luwih nalika Rinten mara menyang omahe wong tuwane mbarengi Juragan Waraka ora ana omah pisan, saking puteging nalare Rinten banjur melu nusul kembarane nyudukne patrem sing wis dicencem ing upase ula weling menyang dhadhane dadi lan triwase”.

 

Kaya disamber gelap rasane krungu kojahe Karta Cikrak marang Togog sing mangkono iku, rasane atiku. Andalu sing tak lari kabare jebul wis dadi korban kawengisane perang, korban merga angkara murkaning manungsa sing wis kelangan rasa kamanungsane. Andalu wis kari wujud kuburan, merga mati kanggo nebus lara wirange, sawuse diprawasa lan dirodhapeksa nuruti nepsune prajurit sing nyata murang tata. Untuku nggeget, dhadhaku kaya pecah merga kobong dening genining kanepson sing dumadakan nyumet jejantungku. Nanging, aku isih meneng durung guneman apa-apa. Karta Cikrak, Togog apa dene Minthul sing padha lungguh tunggal saklasa karo aku durung ana sing weruh yen praupanku mesti wis owah ora karuwan, sunaring rembulan kang kaling-kalingan wewayangane godhonging wit munggur sing ngrembuyung, ndadekne praupanku ora ketara yen lagi nesu.

 

“Lha banjur gandhenge kuburan kembar karo tekane Raden Bagus Suwanda sing jarene arep gawe kisruh kuwi apa Dhe?” Togog sing babar pisan ora ngulatne aku, banjur takon marang Karta Cikrak sing lagi wae meneng anggine kojah.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...