Total Tayangan Halaman

Rabu, 24 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (076)


76.

Tekan panggonan sing mau, ya iku ing gisiking kali sing manggon neng sakulone padhukuhan Bulak Pandhe, jebul Ki Tanpa Aran wis mapag tekaku lan Lancur kanthi ngguya-ngguyu dhewe. Lancur manthuk aweh kurmat, aku uga banjur tiru-tiru ndhingkluk karo nindakne sembah kalbu nuduhne rasa kurmatku marang wong sing dening wong akeh diarani nek ora genep nalare kuwi.

 

“Gaweyanmu wis tak tandangi Ki Lancur” kandhane Ki Tanpa Aran nalika Lancur arep marani papan panggonan kanggo ndhelikne ragane Ki Suwela lan Makara sing wis dipocok gulune mau.

 

Lancur mandheg, banjur nyawang marang Ki tanpa Aran tanpa nganggo guneman.

 

“Ora susah bingung, bathang loro sing wis ora ana gunane mau wis tak buwang menyang alas kidul kono” kandhane Ki Tanpa Aran sabanjure “ndika ya ora susah ndadak nganggo muni matur nuwun marang aku, merga lekasku mbuwang bathang mau ora merga kepengin ngrewangi ndika, nanging pancen aku kepengin makani kewan-kewan sing ana alas kidul kono sing wis rada suwe padha ora ngrasakne panganan sing dianggep enak”.

 

“Nanging menawi kula ngaturne panuwun napa klentu Ki?” Lancur takon karo mesem.

 

“Ora ana barang sing kleru waton ora gawe laraning atine liyan, mung wae ya panggah ora ana gunane, kanggoku lan kanggo ndika” wangsulane Ki Tanpa Aran tanpa nuduhne rasa apa-apa, anyep.

 

“Lha lajeng menapa malih ingkang kedah kula lampahi Ki ?” Lancur nutugne kandhane karo takon marang wong tuwa kuwi, wangune Lancur ngira-ngira mbok menawa arep diprentah apa ta apa dening Ki Tanpa Aran.

 

“Lha sing arep tumandang kuwi ndika, lha kok malah takon menyang aku ta Ki Lancur?” Ki Tanpa Aran wangsulan sengak “ya sakersa ndika wae, ndika bisa banjur turu neng sudhung kana, gajege wiwit wingi sore ndika durung turu ta? Utawa golek mangsan dhisik sadurunge turu, sa ngertiku wiwit wingi ndika ya durung emplok-emplok apa-apa. nDika kuwi wong lumrah, beda karo Gus Wanda kuwi”.

 

“Nggih Ki” wangsulane Lancur karo mesem kecut, banjur nyoba takon maneh “bedane kula kalih Gus Wanda salintune ing pangkat lan drajat napa Ki?”

 

“Gus Wanda kuwi ora butuh leren, ora butuh turu, ora butuh mangan utawa ngombe kaya awake dhewe iki” wangsulane Ki Tanpa Aran, sing ndadekne aku eram, dene wong kuwi jebul wis ngerti  nek aku kaselehan daya dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa temah bisa ora luwe, ngelak, kesel lan ngantuk nganti sarus rong puluh tahun lawase.

 

“O, makaten nggih Ki?” Lancur nyethakne rembug.

 

“nDika kuwi senengane pancen diapusi kok” Ki Tanpa Aran nyentak Lancur “nek eneng wong kandha apa anane mesthi ndika  takokne bener orane, nanging nek diapusi wong ndika kuwi gtampang banget percayane”.

 

“Bener Ki Lancur” aku banjur melu nrambul gunem, mblakakne kang dadi kaluwihane ragaku “iya awit kaparingan daya kekuwatan dening kanjeng Eyang Resi Doradruwasa, ya iku sedulur tuwa saka gurune sawargi Rama Tumenggung lan Wa Kebayan Bulak Pandhe, aku bisa kaya sing didhawuhne Ki tanpa Aran mau nagnti satus rong puluh tahun suwene, yen wis kuwi ya bakal bali kaya lumrahe menungsa urip”.

 

Lancur manthuk-manthuk sajak eram, tilas punggawa dalem Katumenggungan kuwi mesthine uga gumun dene sawise pisah karo aku sawatara suwene banjur ngerti yen aku ana owah-owahan sing akeh, mligine ing babagan ngelmu jaya kawijayan.

 

“Uwis, ora sah nggagas lan ndedawa angen-angen sing durung cetha kang dadi gunane” ki tanpa Aran guneman maneh karo nyawang Lancur “saiki luwih becik ndika ndang budhal luru mangsan kanggo nyukupi butuhe raga, aku ya ora ngarep-arep sarta ora arep njaluk, nanging nek ndika golekne pisan, aku ya gelem”.

 

Lancur ora wangsulan, banjur menyat ngalih, ngunggahi gampenging kali, ninggalne aku karo Ki Tanpa Aran.

 

“Lha ndika apa ya arep banjur mbalik menyang warunge Togog maneh ta Gus?” saungkure Lancur Ki Tanpa Aran genti nakoni aku. Sepisan maneh aku eram marang kawaskithane wong sing katone ora waras iki, dene wis ngerti yen sadurunge tekan kene, aku manggon neng warunge Togog “sajake Togog lan sedulur anyar ndika, si Tomblok lan Si Codhot, luwih-luwih Si Minthul, dina iki lagi padha bingung, rumangsa kelangan ndika. Pancen ya lucu, wong dudu apa-apane kok bareng ora ana rumangsane padha kelangan”.

 

Aku durung bisa aweh wangsulan marang pitakone Ki Tanpa Aran iki, jalaran aku isih mikir-mikir apa sing arep tak lakoni dina iki lan dina-dina sabanjure.

 

“Upama ndika ora mangsuli sing tak takokne iki mau, ndika ya ora luput kok Gus, aku ya ora tuna” Ki Tanpa Aran guneman maneh “upama ndika wangsuli ya ora mbatheni apa-apa marang aku”.

 

“Nyuwun pangapunten Kyai” aku guneman lirih karo aweh kurmat “anggen kula kendel lan mendel niki wau, boten kok ateges kula boten purun atur wangsulan dhateng ndika, jalaran kula taksih nata ukara kangge atur wangsulan. Lan malih kula niki taksih waras kok Kyai, menawi dipun ajak wicanten dening tiyang sanes inggih wajib suka wangsulan”.

 

“He he he……” Ki Tanpa Aran ngguyu nyekikik, banjur kandha “ndika ngrumangsani nek waras ta? Sokur ta nek ngono, muga-muga isih waras temenan, jalaran meh kabeh wong gendheng kae padha ora rumangsa nek lagi owah nalare, kajaba aku lho? Nek aku pancen ngrumangsani duwe nalar sing ora genep utawa ora waras. Heh he he “.

 

Aku ngerti nek sing dikandhakne Ki Tanpa Aran iki mau, ngemu wulangan ngelmu, nanging aku durung bisa nyandhak mungguh sing dadi karepe.

 

“Estunipun kula mila badhe dhateng warungipun Kang Togog malih Ki, nanging boten badhe nglajengaken anggen kula badhe nunut ngiyub ing mrika. Anggen kula badhe mrika niku namung badhe suka kabar dhateng Kang Togog menggah anggen kula kesah kala dalu ngantos wekdal menika. Salajengipun kula inggih badhe pamitan, jalaran taksih wonten sesanggeman ingkang dereng saged kula rampungaken” kandhaku marang Ki Tanpa Aran nyethakne mungguh sing arep tak tindakne dina iku.

 

“O ngono?” Ki Tanpa Aran wangsulan karo cengar-cengir lucu “nek jenenge sesanggeman kuwi ora mung isih ana nanging sing pas ya isih akeh, akeh banget, wong pancen sadurunge tumitah wae manungsa kuwi wis nggawa kesaguhan, nanging ya kuwi keh-kehane ya banjur padha lali, he he he kaya aku iki barang. Mula nek ndika isih eling karo sesanggeman kuwi jenenge satriya tenan”.

 

“Inggih Kyai” wangsulanku karo aweh kurmat “mugi Kyai paring pangestu dhateng kula, murih kula saged anetepi kasagahan ingkang sampun kula ucapaken”.

 

“Kabeh kuwi gumantung ing astaNe, titah mung sadrema wajib mbudidaya lan nyenyuwun murih bisa kasembadan kang sinedya, dadi luput banget yen mung njagakne pambudidaya luwih-luwih mung njagakne pangestune wong liya, merga akeh lho pangestu kuwi sing disebar-sebar neng ngendi-endi, nanging jebul pangestu sing palsu, pangestu sing mung tekan ing lambe, ora tulus tumeka jroning atine sing muni, tulusa nek ora disartani panyuwun sing tumemen marang pangwasaNe ya padha wae olehe muspra tanpa tanja” Ki Tanpa Aran genti aweh wangsulan lan iki cetha yen ngemu pitutur sing pantes lamun diangen-angen lan ditimbang bener lupute.

 

Aku manthuk-manthuk, sanadyan durung pati mudheng karepe, nanging aku uga ora wani ngarani mungguh bener utawa lupute ukara sing dikandhakne Ki Tanpa Aran iki. Ukara prasaja kuwi nyata mbutuhake wektu bisane dingerteni kang dadi karepe, lagi bisa diarani bener utawa lupute, pantes dienggo apa luwih becik diumbar wae.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (075)


 

75.

Sawise Lancur tak kandhani yen aku duwe kabisan sing bisa ndadekne ora bisa disawang dening mripat wantah lan bisa ndadekne barang apa wae ilang saka panduluning wong liya, mesthi wae ora tak kandhakne yen kuwi mau merga dayane Keris Kyai Bancik, Lancur seneng banget. Lan kanthi lega lila dheweke manut ing babagan andum gawe iki. Nanging Lancur kandha yen olehe arep mbuwang bangkene Suwela lan Makara sing wis tanpa sirah kuwi ngenteni mengko bengi yen wis wayah sepi uwong. Awan iki dheweke kepengin melu nandangi nyunduki sirahe Makara lan Suwela sarta vmanjer ing dalan prapatan, malah kepara aku mung dibagei supaya nyranani murih tandang gawe iki ora kaweruhan wong liya wae, dene kabeh gaweyan liyane arep ditandangi dening Lancur. Aku uga banjur nyaguhi panjaluke Lancur kuwi mau.

 

“Manawi makaten jengandika kasekecakna rumiyin anggenipun lenggah ing papan mriki, kula badhe pados bongkotan deling saha nugel gulune iblis kalih ingkang sampun dados bangke nika” kandhane Lancur karo ngadeg banjur menyat ninggalne aku.

 

Saungkure Lancur, mripatku bali  nyawang marang papane Ki Tanpa Aran sing mau glethakan ana pasir gisik kali karo dolanan ula bandotan. Aku ngadeg, Ki Tanpa Aran tak cedhaki. Jebul wong sing katone ora genep nalare kuwi lagi turu, malah ngorok sesenggoran, sauntara Ula bandhotan emprit sing wasis ngekrokne gulune kuwi gremetan ing awake. Ula kuwi kaya nurut sarandhuning awake Ki Tanpa Aran, wiwitane mlaku saka sirah banjur mudhun nganti tekan sikil, banjur mbali mlaku munggah maneh, karo ilate melet-melet. Aku banjur ngalih rada ngadoh, ora wani ngganggu wong sing lagi turu kuwi, mung sajroning ati rumangsa eram dene Ula bandhotan emprit sing kondhang galak lan duwe wisa sing bisa gawe patine sapa wae sing kena dicokot, katon lulut marang Ki Tanpa Aran.

 

Dumadakan saka kadohan lamat-lamat aku krungu suwarane wong sing lagi nembang, ngidungake pada Dhandhanggula :

 

Wiwit biyen tumeka saiki

Padha wae tekune manungsa

Yekti tan ana bedane

Kaya sing dadi atur

Dhuk ing kina marang Hyang Widhi

Yen penggawene jalma

Amung gawe kisruh

Dhemen ngutahaken ing rah

Amung awit nuruti pingining ati

Kuwasa lir Hyang Suksma.

 

Mung jalaran pengin nguwasani

Padha-padha titahing Hyang Suksma

Manungsa ilang sipate

Temah lali ing dhawuh

Sesanggeman kang den saguhi

Sadurunge tumitah

Wajib nyebar hayu

Hayuning rat saisinya

Saben ari wajib mbudi mring basuki

Basukining sasama

 

Tembang sing keprungu ora banter nanging cetha kuwi, cetha aweh pasemon marang lelakon sing lagi dumadi. Aku banjur kepengin ngerti sapa sing ngidungake tembang dhandhanggula iki?  Nanging kaya sing uwis-uwis, saben-saben aku krungu suwarane wong nembang ing papan sepi ngono kuwi, ajeg kangelan bisa ngerteni saka ngendi asale suwara. Aku banjur ngalih panggonan, mbok menawa suwara tembang kuwi ana candhake lan sokur-sokur yen aku banjur ngerti sapa sing ngidungake. Nanging sawuse aku ngalih panggonan suwara tembang kuwi wis ora keprungu maneh. Aku banjur golek sindhenan kanggo ngepenakke nggonku lungguh.

 

Karo lungguh sendhen watu gedhe sing ana pinggir kali kuwi, pikiranku nglangut mecaki lelakon sing taksandhang iki. Ya gene teka ana lelakon sing kaya mangkene iki? Ya gene kudu ana kraman sing kajaba gawe bedhahing Majapahit lan kendhange Kanjeng Sinuhun, uga gugure Rama Tumenggung lan tumpese Wa Anggara sakulawargane pisan?. Ya gene nggonku duwe gegayuhan bisa urip tentrem karo Andalu, gegayuhan sing prasaja ora sing neka-neka, jebul ora kasembadan? Malah Andalu kudu mungkasi uripe srana ngliwati dalan sing banget gawe ngeresing ati ?.

 

“Raden, kula pun Andalu ingkang sowan” dumadakan ing ngarepku katon Andalu teka karo mapan lungguh timpuh ngaturaje sembah marang aku.

 

“Andalu…….” Aku kaget, rasa seneng sakala ngebaki dhadhaku.

 

“Inggih Raden” wangsulane Andalu kanthi suwarane sing renyah “kula ngaturaken genging panuwun, dene Raden sampun kepareng nagihaken utangipun Ki Makara ingkang sampun damel sakiting manah kula”.

 

“Iya Nimas, kabeh mau tak lakoni ya awit saka rasa tresnaku marang sliramu sing ora bakal luntur nganti langit runtuh” wangsulanku karo ngesotne lungguhku kepengin ngusap sirahe Andalu.

Nanging Andalu ngendhani, karo mundur gegantilaning atiku kuwi banjur guneman :

 

“Inggih Raden, sanaosa taksih dereng timbang menggah kasangsayanipun Ki Makara manawi katandhing kalihan tumindakipun dhateng kula, nanging saestu kula sampun lega lan kula ngaturaken genging panuwun dhumateng jengandika Raden pangayoman kula ing donya ugi ing delahan, samangke Raden kantuna rahayu, Andalu tansah ngrantos jengandika ing korining tapet loka”

Bubar muni ngono kuwi, Andalu dumadakan ilang saka panduluku.

 

“Andalu….Andalu…….” ora krasa aku nguwuh uwuh nyeluki jenenge Andalu,

 

“Sampun Gus, sampun” dumadakan Lancur wis ngadeg neng ngarepku, banjur aku dirangkul kenceng, karo dikandhani “sampun kesangeten anggen jengandika mrihatosaken Nini Andalu, kula aturi pitados dhateng kula, Sedaya ingkang jengandika tindakaken tamtu kapirsanan dening Nini Andalu saking mrika, kula pitados bilih Nini Andalu sampun nicil ayem lan lega awit jengandika sampun saged males sakit lan lingsemipun Nini Andalu awit pakartinipun Makara ingkang murang tata”.

 

“Iya Ki Lancur” aku aweh wangsulan alon “lagi wae aluse Andalu teka ing papan kene, ngaturake panuwun marang aku awit wis klakon bisa males lara wirange marang  Makara. Nanging, durung tutug nggonku bisa sapajagong karo Andalu, Andaku wis nglungani, Andalu ngenteni tekaku ing korining Tapet Loka. Furung mari kangenku marang Andalu, Ki Lancur…….”.

“Sampun-sampun Gus, taksih wonten prakaryan ingkang kedah jengandika tindakaken murih sansaya leganing penggalihipun Nini Andalu, Gusti Tumenggung, Ki Kebayan Bulak Pandhe” kandhane Lancur ngelingake aku.

 

“Samangke kula nengga dhawuh jengandika Gus Wanda” kandhane lancur sabanjure “sirah kekalih sampun kula pisah saking badanipun, bongkotan deling kangge manjer sirahipun iblis kekalih menika ugi sampun samekta, sawanci-wanci Gus Wanda ngersakaken bidhal, sadaya sampun samapta”.

 

“Yen mangkono luwih becik budhal saiki wae Ki Lancur” kandhaku aweh wangsulan ngiras prentah marang Lancur ngajak budhal manjer sirahe Ki Suwela lan Makara ing dalan prapatan tengahing desa Bulak Pandhe.

 

Ora mbutuhne wektu suwe kanggo manjer sirahe wong loro kuwi, sedhela wis rampung tanpa ana sing meruhi jalaran sanajan ora adoh saka papan kanggo manjer sirah kuwi akeh warung sing rame merga wong sing padha blanja, nanging ora ana siji-sijia sing weruh apa sing ditindakne Lancur sing tak tunggoni. Pangaribawane Keris Kyai Bancik nyata kena diejibake temenan.

 

“Ketingalipun sampun cekap Gus” kandhane Lancur karo nyedhaki aku, sawuse anggone manjer sirahe Suwela lan Makara wis rampung.

 

“Cukup Ki Lancur” wangsulanku “saiki iki awake dhewe lan sirah loro sing ndika panjer kuwi durung ana sing bisa meruhi, mula muri hora konangan wong, ayo sumingkir rada ngadoh dhisik lan bakal tak bukak panyawange wong-wong sing liwat kene murih padha weruh yen ing pinggir dalan kuwi wis tinandur bongkotan pring sing nguwohne sirah”.

 

Sawise aku karo Lancur ngadoh lagi aku matah Kyai bancik supaya sirah loro kuwi bisa disawang nganggo mripat wantah. Lan klakon nalika ana wong sing weruh, sakala njerit kamigilan banjur bengok-bengok ngundang kanca-kancane. Ora suwe papan kono dadi rame, wong-wong padha kiaweden semu gila carup lan rasa giris, merga meruhi sesawangan sing oral umrah kuwi.

 

“Wis Ki, saiki ayo padha lunga saka kene” kandhaku marang Lancur “ndika bakal tak terne bali maneh marang papan pandhelikan ndika, lan sawise kuwi aku ya arep nerusne laku dhewe”.

 

Lancur ora wangsulan, dheweke ngerti nek wektu kuwi dheweke luput saka panyawange manungsa jalaran saka pangaribawaku, mula dheweke ya banjur mlaku nurut dalan sing mau diliwati, arep bali menyang pinggir kali maneh.

 

Ana candhake.

Selasa, 23 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (074)



74.

Ana rasa gumun ing atiku nalika wong sing katone ora genep nalare kuwi caket banget karo aku, ingatase sandhangan sing dienggo ketok luthuh, reged, rambute kaya gimbal lan nganggo iket sing suwek rowak-rawek, kulite busik kaya duwe sisik, nanging saka ragane kuwi mijil ganda arum kaya gandane lenga saka kayu cendhana. Pancen satemene wis suwe aku weruh wong sing dening Lancur diwenenehi jeneng Ki Tanpa Aran iki, ya iku nalika aku isih mapan ing dalem Katumenggungan minangka putra angkate Rama Tumenggung, wong kuwi kerep mlaku liwat neng dalan lan kala-kala mandheg neng ngarep Dalem Katumenggungan, luru gogrokan woh pelem utawa jambu banjur dipangan. Nanging ya lagi dina iki aku lungguh cecaketan karo dheweke sing pranyata nduweni ganda sing kaya gandane cendhana.

 

Lagi wae aku ngrasakne gumune atiku, dumadakan saka waliking suket sing ana gampenging gisik kali kuwi, njudhul ula cilik rupane ireng lan ing tenggoke ana rupa putih, cetha nek iki ula mandi sing jeneng ula bandhotan emprit. Ula kuwi kaya uler kilan mletikne awake, pencolotan sing wekasane tumiba ing pangkone Ki Tanpa Aran, aku kaget lan nedya aweh pitulungan supaya ula kuwi ora nganti nyathek wong sing katone ora pati genep nalare kuwi. Nanging jebul aku kalah kebat, kanthi gampang Ki Tanpa Aran nyaut ula sing sajak galak kuwi, gulune ula dijepit nganggo driji panuding karo jempolane.

 

“Dadi uwong kuwi aja gampang gumunan. Mundhak gampang keblithuk dening sing satemene mung wewayangan semu” Ki Tanpa Aran grenengan dhewe, karo guneman ngono kuwi, ula sing dijepit nganggo driji banjur dilebokne menyang kanthongan amoh sing nemplek ing klambine. Aku dadi sansaya gumun, babar pisan ora jumbuh karo unining grenengane wong setengah tuwa kuwi.

 

“nDika kuwi rak putrane Gusti Tumenggung Jatikusuma ta Gus?” tanpa maelu karo gumuning atiku, Ki tanpa Aran dumadakan nakoni aku.

 

“Dede Ki” wangsulanku bares, tak sengaja nggunakne tatakrama sing jangkep, ya iku tatakramane wong nom guneman karo wong sing luwih tuwa “jejer kula namung putra angkat kemawon”.

 

“Ya wis” Ki Tanpa Aran guneman maneh sajak ora nggatekne karo wangsulanku “mbuh anak angkat mbuh anak tenan kanggoku ora ana bathi utawa tunane. Mung wae, minangka wong sing ndelok, aku duwe wewenang alok, ora nuturi uga ora ngongkon, merga aku dudu sapa-sapane sapa wae, aku mung alok lan ora mbutuhne dirungokne utawa ora dening sing tak lokne”.

 

Aku sansaya ora mudheng karo sing dikandhakne wong sing nyata-nyata katon yen ora pati waras iki. Ewa samono aku ora bisa ora migatekne karo apa sing lagi wae dikandhakne, aku duwe pangira yen tembunge wong setengah tuwa kuwi dudu tembung sing lumrah, nanging tembung sing ana gegayutane karo lelakon sing lagi tak sandhang.

 

“Nuwun sewu Ki” aku rada nyaketne lungguhku karo wong kuwi banjur takon “menapa ingkang ndika kersakaken kalihan ingkang nembe ndika dhawuhaken menika kala wau?”.

 

“He he he” Ki Tanpa Aran ngguyu banjur guneman maneh “menungsa kuwi neng ngendi-endi kok padha wae ya? Pengin ngerti sing durung karuwan yen ana sambung rapete karo uripe. Nek ndika takon karepku apa? Aku dhewe ora ngerti aku iki duwe karep apa ora, butuhku mung ngunekne suwara nganggo lambe, ya kuwi sing mau tak arani mung alok merga aku mentas ndelok”.

 

Alok merga mentas ndelok?” aku mbaleni tembunge wong kuwi, banjur tak tutugne nganggo pitakonan maneh “nDika nembe kemawon mirsani menapa Ki?”.

 

“Lha merga aku duwe mripat, ya kabeh wewayangan sing mampir ing mripatku gelem ora gelem ya mesthi tak delok ta Gus?” karo setengah nyentak Ki Tanpa Aran aweh wangsulan sing ndadekne aku sansaya ora mudheng karo omongane wong kuwi.

 

“nDika dadi bingung dhewe ta?” bubar nyentak Ki Tanpa Aran banjur takon karo ngguyu “aku dhewe ya kerep bingung kok. Saking kerepe aku bingung, suwe-suwe aku dadi wong sing edan utawa ora waras ngene iki. Nek ndika ora kepengin edan ya aja kerep-kerep rembugan karo wong gendheng. Wis aku arep ngglethak dhisik, aku ya ora butuh ngerti ndika karo Lancur kuwi arep menyang apa, merga kuwi dudu perkaraku”.

 

Bubar muni ngono kuwi Ki Tanpa Aran banjur mudhun saka watu sing dilungguhi, mapan ngglethak neng dhuwuring wedhi gisiking kali kuwi. Ula sing mau dilebokne kanthong klambine dijupuk banjur ditumpangne ing dhadhane. Ula bandhotan sing duwe wisa mandi kuwi banjur nggremet alon dlusupan ana klambine Ki Tanpa Aran sing rowak-rawek. Aku mung bisa nyawang karo ora ilang-ilang rasa gumunku.

 

Sawise ditinggal glethakan dening Ki Tanpa Aran, aku lagi kelingan marang Ki Suwela lan Makara sing mau diseret dening Lancur lan tekan kene kober dithuthuki tutuke nganggo pedhang banjur didublag pasir kali dening Lancur. Aku ngadeg arep ndelok kepiye kahanane wong loro kuwi. Wagune Lancur uga wis tanggap karo karepku, Lancur melu ngadeg, banjur nututi aku nyedhaki Ki Suwela lan Makara sing mau digletakne kira-kira let sepuluh jangkah saka papanku jagongan karo Ki Tanpa Aran.

 

Bareng tak delok jebul wong loro kuwi wis ora duwe ambegan kabeh, wis padha mati. Mripate melek amba, nanging sing rupa ireng ing maniking mripat ora katon, mripat kuwi ketok kaya mecothot arep metu saka tlapukane. Saka cangkeme sing kebak wedhi, katon ana rupa abang, wangune ana getih sing arep metu nanging katutupan wedhi, dadi ya mung ana getih sethithik sing ndlewer metu saka pinggir lambe.

 

“Ketoke wis padha mati kabeh Ki Lancur” kandhaku marang Lancur.

 

“Inggih Gus” wangsulane Lancur “estunipun dereng marem raosing manah kula, nanging jebul iblis kalih menika kaselak sami pejah saderenge ngraosaken pasiksan ingkang radi timbang kalih dosanipun”.

 

“Wis ora prelu digetuni, saiki tak kira luwih prayoga yen mayit loro iki enggal dirukti” kandhaku marang Lancur sing isih durung ilang cuwane kuwi “dipendhem ana ngendi becike?”

 

“Dirukti Gus?” Lancur takon semu ngece “boten pantes iblis menika dipun pendhem, kange nglegani bentering manah kula dhateng kekalihipun, bathang kalih niki badhe kula pocok gulune, mengke sirahe badhe kula sunduki mawi bongkotan deling lan kula panjer ing prapatan tengah dhusun mrika, murih dados pangeling-elingipun tiyang kathah, tiyang ingkang gadhah teku iblis kados Ki Suwela miwah Ki Makara ngaten menika, benjing badhe manggih lelampahan ingkang makaten menika. Lan badanipun mangke badhe kula bucal dhateng jurang, ing wana sakidulipun Bulak Pandhe mrika, murih dibadhog sato wana panunggalaning sima lan srenggala”.

 

Tak gagas-gagas apa sing dikandhakne Lancur kuwi mula wis trep nek Ki Suwela apa dene makara oleh piwales sing mangkono kuwi. Wewayangane Andalu dumadakan kumlembar ing angen-angenku, Andalu sambat-sambat nalika diprawasa dening Makara lan kanca-kancane. Andalu sambat njaluk sih kawlasan supaya ora dirusak kasucene, nanging mung diwangsuli karo guyu-guyu sangar guyune menungsa sing lagi kerasukan iblis. Wasana aku sansaya sarujuk karo karepe Lancur sing arep nyunduki sirahe wong loro kuwi nganggo bongkotan pring banjur dipanjer neng dalan prapatan tengah desa. Malah aku banjur duwe gagasan, nedya andum gawe karo Lancur, murih slameting laku lan ora konangan wong, Lancur wae sing mbuwang awake Suwela lan Makara menyang alas kidul ndesa, dene gaweyan manjer sirahe wong loro kuwi neng dalan prapatan, bisa tak tindakne kanthi gampang. Nganggo kekuwataning keris Kyai Bancik, gaweyan kuwi bisa tak lakoni tanpa dingerteni dening sok sapaa wae.

 

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (073)

 


73.

Ki Suwela lan Makara sing isih durung bisa tangi lan sikile wis dicancang nganggo tampar lulup dening Lancur, nyawang marang aku karo sunaring mata nuduhne njaluk kawelasan. mBok menawa wae, jroning atine wong loro kuwi ana rasa kisruh jalaran nggambarake kaya apa dadine yen klakon diseret dening lancur digawa menyang pinggir kali kaya sing tak takokne marang Lancur iki mau.

 

“Anakmas Suwanda mugi wontena rasa kamanungsan dhateng kula, kula boten badhe suwala menawi kedah kapejahan wekdal sakniki ugi, nanging mbok inggiha sampun dipun siksa langkung rumiyin kados ingkang dipun aturaken dening tiyang nistha kados Lancur kala wau” kandhane Ki Suwela karo ambegan melar mingkus jalaran ngempet rasa lara ing awake.

 

“Sampun dipun rewes, ucapipun setan ingkang ableger menungsa menika Gus” sadurunge aku kober aweh wangsulan marang Ki Suwela, Lancur luwih dhisik nyaut gunem “estu badhe kula seret tiyang kalih niki dhateng tepining lepen, papan anggen kula ngingah lingsang saha slira ingkang sampun wancinipun kula sukani tedha”.

 

“Lancur aku njaluk ngapura…….” Makara sing maune mung meneng karo nangtis saiki kawetu kandhane njaluk ngapura marang Lancur “aku ngakoni luput lan dosa karo kowe Lancur, aku janji ora arep mbaleni tumindakku sing wis njalari sisihanmu tumekeng pati. Lan aku janji Lancur, yen kowe gelem aweh pangapura marang aku sarta gelem aweh kalodhangan marang aku kanggo urip, akua rep mertobat lan bakal nggugu sakabehing apa sing dadi prentahmu. Kajaba saka kuwi, separo saka bandha donya duwekku, kalebu para selirku, bakal tak pasrahake marang kowe kanggo nebus kaluputan lan dosaku”.

 

“Ora mung kuwi nak Lancur” Ki Suwela ngimbuhi rembug “separo saka kabeh kaduwekanku uga bakal tak pasrahne marang kowe. Kowe uga bakal tak pupu minangka anakku sing ing tembe mbesuke sing bakal maris kabeh duwekku samangsane aku kapundhut dening Dewa, nanging aku lan kakangmu Makara aja mbok siksa lan aja mbok pateni ya?”.

 

Keprungu ngasih-asih njaluk diasihi suwarane Ki Suwela karo Makara sing njaluk urip marang Lancur. Nanging Lancur malah ngguyu ngakak sajak ngece marang wong loro kuwi.

 

“nDika njaluk ngapura Ki Makara?” kandhane Lancur ing sela-selaning guyune “wiwit kapan ndika weruh lan ngerti tembung kuwi?. Satemene, nek aku ngono bisa-bisa wae aweh pangapura marang ndika Ki Makara, luwih-luwih marang Ki Suwela sing wis sepuh kuwi, tak umbara paling-paling ora nganti seket tahun ya wis bakal mati………”.

 

“Bener kuwi nak Lancur….” Ki Suwela nyaut rembuge Lancur “sliramu ora usah ndadak kangelan mateni aku, ora suwqe maneh aku mesthi wis mati kegawa saka umur sing wis tuwa iki. Najan ta mangkono, aku ora bakal blenja ing janji, separo saka kaduwekanku mesthi bakal tak pasrahne marang sliramu tenan, lan sliramu bakal dadi anakku sing wuragil……..”.

 

“Rembug kula dereng rampung Ki Suwela” Lancur wangsulan karo ngguyu “sing oten saged ngapura dosa ndika kalih Ki dosane ki Makara niku dede kula, nanging semah kula. Lan kula nggih boten ajeng mejahi ndika kalih Ki Makara, kula namung badhe nyukani tedha dhateng kewan ingon-ingon kula sing empun radi dangu luwe lan betah nedha perangan raganing manungsa sing asring kangge tumindak dosa lan nistha”.

 

Krungu anggone padha omong-omongan antarane Ki Suwela karo Lancur, satemene aku arep melu udhu rembug. Aku kepengin melehake Ki Suwela sing durung suwe nggone kandha yen gelem wae dipateni, nanging aja nganggo disiksa luwih dhisik. Nanging bareng krungu tembunge Makara sing nembung njaluk urip marang Lancur, banjur malih salin ukara. Ki Suwela melu-melu njaluk urip kanthi ngudhokne separo saka barang kaduwekane sarta arep mupu lancur dadi anak wuragile. Nanging durung kongsi lambeku menga, kedhisikan karo Lancur sing guneman marang aku :

 

“Nuwun sewu lan nyuwun pangapunten Gus, manga kula dherekaken pados papan ingkang radi ayom ing tepining lepen kilen mriku, ngiras nglaras gendhing-gendhing panembrama ingkang badhe dipun sekaraken dening semah kula kalih Nini Andalu saking alam antara mrika…….”.

 

Krungu jeneng Andalu diunekne dening Lancur, rasa sengitku marang Makara lan Ki Suwela bali murub ngobong kanepsonku maneh. Lan durung nganti aku aweh wangsulan marang Lancur, Lancur wis ndhisiki obah karo mlaku tangane nggeret tampar lulup sing wis nyencang sikile Ki Suwela lan Makara. Wong loro kuwi melung-melung sambat njaluk tulung, nanging lancur babar pisan ora ngrewes, malah saka lambene keprungu suwara gegandhangan ura-ura, kaya ura-urane kadang tani nalika lagi mluku lan nggaru sawahe ngana kae.

 

Olehe golek dalan Lancur tumuju pinggir kali kaya sing dikandhakne mau, jebul milih ngliwati panggonan sing akeh ri bandhil lan bebondhotan, kang mangkono mau sansaya ndadekne sengsarane wong loro sing diseret nganggo tampar lulup kuwi. Wekasane nalika lakune wis tekan nggon sing dituju, ya iku ing ngisoring jurang, ing gisiking kali, Lancur ngendhegne nggone mlayu. Nanging Ki Suwela lan Makara wis ora karuwan wewujudane. Kekarone padha olehe semaput lan ora eling. Semaput sing ora ethok-ethok, nanging semaput sing jalaran temen-temen ora kuwat lara . Wong loro sing wewujudane wis ora karuwan kuwi dening Lancur diseret nyedhak banyu. Lancur dhewe banjur nyemplung neng kali, Ki Suwela lan Makara padha disirati nganggo banyu kali.

 

Kesiram siratan banyu kali, wong loro kuwi wiwit eling. Nanging panggah durung bisa obah, mung sambate wae sing ngaruara nganggo suwara sing wis lirih banget. Upama aku ora kelingan sepira sedhih lan ngrekasane Andalu nalika diprawasa dening Makara lan Wa Nyai Kebayan sing dirodhapeksa dening Ki Suwela, kira-kira aku wis ora mentala nyawang kahanane  lan ngrungokne sambate wong loro kuwi. Nanging bareng aku kelingan panandhange Andalu lan tumindake wong loro sing wis nyidrani kasetyane marang Rama Tumenggung, sarta ngelingi yen wong loro kuwi wis aweh prentah supaya mateni aku, samangsa-mangsa aku teka ing Bulak Pandhe kene, sambat lan rerupane Ki Suwela lan Makara tak anggep ya mung lumrah wae.

 

Bareng Ki Suwela lan Makara wis wiwit eling saka anggone semaput, Lancur mencolot munggah, mentas saka kali. Suwela lan Makara sing ing sela-selaning sambate isih kober misuh-misuh sarta nyepatani Lancur, dicedhaki. Kaya mau, Lancur ndudut pedhang saka wrangkane, nggunakne gigire pedhang, lambene Makara lan Suwela banjur digedhig. Sisa-sisa untune wong loro kuwi padha prothol ketiban linger pedhange Lancur. Digedhig nganggo linger pedhang, wong loro kuwi ora meneng olehe sambat nanging malah sansaya banter anggone padha misuh-misuh lan ngucapne sepata marang Lancur. Lancur dadi kaya wong sing wis kesetanen, tangane loro pisan ngraup wedhi ing gisiking kali kuwi, genti-genten tutuke Syuwela lan Makara didublak lan dijejeli wedhi nganti kebak, ndadekne suwarane wong loro kuwi entek.

 

“Heh…heh…heh…. “ dumadakan ana suwarane wong ngguyu, sakala aku noleh menyang arahe suwara. Jebul ing saka dhuwur gampeng katon ana wong setengah tuwa sing rupane ora karuwan mencolot mudhun lan tumapaking sikile presis ing ngarepe Lancur sing lagi kesetanen ndublag Suwela lan Makara nganggo pasiring kali.

 

“Ki Tanpa Aran?” ora krasa aku nyebut jeneng kuwi alon.

 

“Nggih Gus” wong tuwaku semaur karo ngguyu “niku nami kula sing nyukani Lancur andhan jengandika niki. Sekedhap nggih? Kula ajeng omong kalih Ki Lancur riyin!”.

 

“Badhe dhawuh napa Ki?” Lancur gage takon.

 

“Cukup!” Ki Tanpa Aran wangsulan setengah nyentak “sedhela maneh wong loro kuwi modar dhewe, ndika tinggal, ayo njagongi Raden Bagus Suwanda dhisik, ngancani aku!”.

 

Bubar wangsulan ngono kuwi, Ki Tanpa Aran banjur mapan lungguh neng wedhen sacedhake anggonku ngadeg. Ngerti Ki Tanpa Aran linggih, aku ya banjur mapan lungguh marep marang wong sing kaya wong ora genep nalare kuwi. Lancur uga banjur melu nyedhak lan mapan lungguh ing cewdhakku.

 

 

Ana candhake.


Senin, 22 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (072)


 72.

Sauntara Lancur leren anggone crita, mripatku genti ngulati Ki Suwela lan Makara sing durung eling saka anggone semaput, kekarone isih meneng ora obah. Najan ing ati ana rasa sujana, yen anggone meneng ora obah wong loro kuwi ora semaput temenan, nanging ngenteni lenaku kanggo mlayu utawa kanggo males nyerang aku, nanging aku ora pati kuwatir. Mula kekarone isih tak umbar ora tak uthik-uthik babar pisan.

 

“Pranyata anggenipun ngupakara ngantos kula saged pulih kados makaten menika mbetahaken wekdal ingkang radi dangu” Lancur nutugne anggone crita, kawigatenku mbalik marang critane Lancur maneh “lan nalika kula sampun mantun, kula pamitan dhateng ingkang ngupakara menika menawi badhe wangsul, nanging tiyang ingkang kados tiyang boten genep nalaripun niku suka wangsulan lan ngabari bilih kula sakniki sampun boten gadhah griya lan boten gadhah kulawarga malih jalaran griya kula dipun obong lan semah kula dipun bradhat dening brandhalan kengkenanipun Makara. Mila tiyang wau lajeng meling, mangke menawi kula mbetahaken papan kangge ngaso prayogi wangsul malih dhateng papanipun tiyang kasebat, inggih papan kangge ngupakara kula menika”.

 

“Lha wong sing aweh pitulungan marang ndika sing katone kaya wong ora genep kuwi satemene sapa?” aku nyelani takon.

 

“Dugi sepriki kula inggih dereng ngertos Gus” wangsulane Lancur, karo nutugne critane “jalaran saben-saben kula taken sinten piyambakipun menika, tiyang kala wau namung wicanten bilih piyambakipun menika namung kawulanipun Gusti lan dereng gadhah nami, Pramila lajeng kula sebat Ki Tanpa Aran”.

 

“Banjur ndika sida bali menyang omah ndika sing jare Ki Tanpa Aran wis diobong wonge Makara kuwi, apa ora?” aku takon maneh.

 

“Siyos lan kula lajeng ngertos bilih kawontenaning nagari Majapahit sampun ewah” wangsulane Lancur “kula mireng kabar bilih Gusti Prabu sampun kendhang jengkar saking praja jalaran nagari kabedhah dening wadya bala saking Keling, Gusti Tumenggung sakulawangsanipun sami gugur ing madyaning palagan lan rencang-rencang kula ingkang suwaunipun dados abdi ing dalem Katumenggungan sami dipun cepeng lan dipun kunjara malah ugi kathah ingkang sampun dipun pejahi dening mengsah ingkang sampun mimpang ing perang. Ingkang taksih gesang merdika Kantun titiyang ingkang manut dhateng ki Suwela saha Ki Makara, ingkang saguguripun Gusti Tumenggung dening Prajuriting mengsah kapitados nggentosi kalenggahan jengandika Gus Wanda”.

 

“Sing nggenteni kalungguhanku Makara apa Ki Suwela?” aku nyela takon.

 

“Ki Suwela ingkang kabantu dening Ki Makara, Gus” wangsulane Lancur “dene kalenggahan Tumenggung ketingalipun dereng wonten ingkang nyulihi, ngrantos dhawuh saking Kedhiri rumiyin”.

 

“Lha sawise ndika ngaweruhi kahanan sing wis owah ngono kuwi ndika banjur kepriye?” aku takon.

 

“Kula ngertos, bilih kula menika kalebet tiyang ingkang dipun mengsahi dening Li Suwela lan Ki Makara, mila dening tangga tepalih ingkang estunipun taksih setya dhateng Gusti Tumenggung lan sengit dhateng tiyang kalih menika, kula dipun criyosi supados ngungsi pados slamet rumiyin, ngiras pantes ngrantos wartos kunduripun Kanjeng Sinuhun saprelu ngrebat nagari saking pangwasnipun mengsah. Gandheng kula boten gadhah papan kangge mlajar pados gesang, lajeng kula mbalik wangsul tumut Ki Tanpa Aran ingkang manggen ing guwa ingkang mapan ing gampenganing lepen, boten tebih saking mriki, Saben dina kanthi sesidheman kula gresek tedhan ing sakanan keringipun lepen menika, andilalah niki wau pas kula medal pados tedha kula sumerep klebatipun Paman Dhukut Pekathik Katumenggungan ingkang kabaripun ical sareng lan guguripun Gusti Tumenggung, ing papan menika. Pramila lajeng kula purugi nanging boten wonten, malah kula sumerep jengandika nembe paring pangandikan dhateng iblis kekalih menika” Lancur mungkasi nggone crita.

 

“Hm………” aku unjal ambegan landhung sawuse ngerti lelakone Lancur sing uga wis cilaka merga panggawene Makara.

 

“Menawi kaparengaken kula badhe nyuwun palilah saking jengandika, Gus” Lancur dumadakan kandha yen arep njaluk palilah marang aku.

 

“Palilah baba pa Ki Lancur? Aku dhewe wektu iki wis ora kasampiran panguwasa apa-apa, malah kepara uripku ya ora beda karo ndika, ya iku dadi burone wong sing lagi menang perang, yen ana kurang bejane aku bisa kecekel lan dipateni dening Prajurit Kedhiri utawa Keling di dadekne pangewan-ewan kanggo nambahi kekesing atine para kawula ing Majapahit, mligine sing manggon neng Padhukuhan Bulak Pandhe kene” wangsulanku marang Lancur lan nggenahne nek aku wis ora wenang aweh palilah apa-apa sing gegayutan karo tata pengrehing praja.

 

“Kula ngertos Gus” wangsulane Lancur karo mesem pait “ingkang kula kajengaken, mugi kula dipun parengaken males rasa sakit miwah wirang kula dhateng Ki Suwela lan Ki Makara saderengipun tiyang kalih menika pejah ing asta jengandika, mbok menawi kanthi kula saged tumut mbales sakit wirang menika mange saged ndadosaken tetreming alusipun semah kula ingkang dipun pejahi dening Ki Makara sasampunipun dipun risak kasucenipun minangka semah kula”.

 

Aku ora enggal bisa aweh wangsulan marang panjaluke Lancur sing tak anggep lumrah kuwi. Jalaran sawise wong loro, Ki Suwela lan Makara padha semaput ngono kuwi, aku banjur rada repot olehku arep aweh panyiksan marang sakarone, kanggo nagihne lara wirange Andalu marang Makara lan lara wirange  Wa Nyai Kebayan marang Ki Suwela.

 

“Yen panjaluk ndika kuwi tak turuti, banjur apa sing arep ndika tindakne marang wong loro iki Ki Lancur?” sawuse meneng sedhela, Lancur banjur tak takoni.

 

“Estunipun tiyang kados Ki Suwela lan Ki Makara menika, ngantos dipun pejahi kaping satus kemawon dereng saged kangge nglunasi utangipun dhateng kula” wangsulane Lancur karo ngguyu pait “nanging kula sampun badhe trimah, menawi saderengipun tiyang kalih menika pejah, menawi langkung rumiyin kula saged makani kewan ingah-ingahan kula ingkang wujud Slira, kanthi ngrikiti pajaleranipun tiyang kalih menika”.

 

Lagi wae rampung olehe kandha Lancur nyebutake apa sing arep ditindakne, tanpa tak nyana babar pisan, dumadakan Ki Suwela lan Makara sing mau isih padha semaput banjur mletikne awake memburi lan tumuli bisa ngadeg, nadyan ora jejeg.

 

“Pancen Setan tenan kowe Lancur” karo ngadeg sing semu sempoyongan Ki Suwela misuhi Lancur “dumeh aku wis kaya mangkene, banjur kowe arep tumindak sing siya lan nistha kejem ngungkuli setan marang aku lan anakku Makara?. Titenana wae, kowe mesthi bakal tak gawe cilaka sing ngluwihi anggonmu arep gawe cilakaku iki mau!”.

 

“Ha ha ha……” Lancur ngadeg karo ngguyu “sing ndika kandhakne niku kuwalik Ki Suwela, dina niki lakone mpun benten kalih dina wingi lan wingenane, dina niki sing cilaka dede kula malih, nanging ndika kalih anak ndika niku. Ha..ha ….ha”.

 

Karo ngguyu ngono kuwi, dumadakan Lncur ngliga pedhang saka wrangka sing gumantung neng lempenge. Ki Suwela lan Makara sing adage durung jejeg kuwi dicedhaki, banjur disabet nganggo pedhang, nanging dipilih ora nganggo mripate pedhang sing landhep, dadi olehe nyabet nganggo gigire. Dadine kaya keneng sabetan teken wesi, Ki Suwela lan Maraka gentenan nggone rubuh neng lemah, golung koming kaya pitik disembeleh, karo melung-melung sambat lara, jalaran kekarone padha olehe wis pepes balung tangan prenah sadhuwure sikute.

 

Lancur ngguyu kaya kalegan atine, banjur ngetokne dhadhung tamparan saka lulup waru saka kanthongan klambine, sikile Ki Suwela lan Makara sing padha kroncalan kuwi disaut, banjur ditaleni kaprenah dhuwur polok.

 

“Nuwun sewu Gus Wanda” Lancur genti madhep marang aku karo kandha sawise rampung olehe naleni sikile wong loro kuwi “tinimbang ing mriki, mengke saged kadenangan tiyang, kula kinten langkung prayogi menawi  tiyang kalih menika dipun beta dhateng papan sacaketing sudhung kula kemawon”.

 

“Dadi wong loro iki arep ndika seret menyang pinggiring kali kono apa Ki Lancur?” pitakonku nggenahne karepe Lancur sing ngajak nggawa Ki Suwela lan Makara menyang papan sing kira-kira angel dingerteni dening wong liya.

 

 

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...