Total Tayangan Halaman

Minggu, 28 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (080)

 


80.

Sanadyan mung laku ndharat lire ora nunggang apa-apa, nanging awit aku wis ngaweruhi daya lan pangaribawane Keris Kyai Bancik apa dene Slendhang Sipat, kawimbuhan daya kekuwatan peparinge Kanjeng Eyang Resi Dora Druwasa sing ndadekne aku ora kasinungan kesel, ngantuk, luwe lan ngelak, ndadekne  lakuku ora ngrasakne apa-apa. Lakon saka Majapahit tumekan pereng lor sukune Gunung Lawu ora mbutuhake wektu sing suwe. Aku banjur kelingan marang paweling sarta peparinge Kakang mBok Ratu Setyawati kang rupa kalpika mawa sesotya sing wujude watu akik sing aran Kalpika Mustikaning Tirta.

 

Karo mesem tak sebut asmane Kakang mBok Ratu, banjur tak sawang watu putih sing ngrenggani ali-ali kuwi. Sepisanan sing katon wewayangan kang cetha ing jerone akik kuwi, ya iku wewayangane Kakang mBok Ratu mesem banjur ngawe-awe marang aku. Sakala ana rasa geter sajroning dhadhaku, bares wae pasuryan lan dedeg piadege sarta slaga kang ana ing Kakang mBok Ratu iki ora ana bedane karo pasuryan dedeg piadeg sarta slagane sawargi Andalu sing wis mapan ing kuburan kembar ing desa Bulak Pandhe. Nanging durung nganti aku kebanjur-banjur ngumbar rasa sengsem nyawang wewayangan ing akik mau, dumadakan sing katon ganti wujud taman sing asri lan endah banget. Taman sing kebak maneka warna tanduran kembang sing endah nengsemake, sinelingan karo maneka warna tanduran jejanganan lan who-wohan sing lagi wayahe angundhuh, kaya dene maneka warna pelem, jambu, rambutan, duren, klengkeng, manggis lan liya-liyane.

 

“Suwanda, murih enggal tumekan Taman Pangayoman ya Taman sing sira sawang iku, diage remna mripatmu lan sikilmu jumangkaha maju, aja nggagas liyane kajaba nggagas papan sing sira tuju, nganti patang puluh jangkah mengarep” dumadakan ana suwara sing mlebu ing sajroning atiku, suwara sing bisa tak rungokne ora nganggo gegodhonganing kuping.

 

Ora sranta, aku banjur ngeremne mripat, lan wiwit njangkahne sikil mengarep, karo sajroning ati nggambarake wujuding taman sing lagi wae tak weruhi ana sajroning kaplika Mustikaning Tirta. Lan nalika olehku ngetung cacahing jangkahku ganep oleh patang puluh jangkah, aku mandheg, nanging aku durungt wani mbukak mripat, kuwatir yen diarani luput dening sing aweh prentah marang akum au.

“Aja samar rasaning atimu Suwanda” ana suwara sing mlebu ana sajroning atiku maneh “dina iki Kanjeng Ratu wis ngersakne sira manjing ing patamanane, dadi ora bakal ana sesiku apa-apa tumrap sira mlebu ing sajroning taman, aku mung kaparingan nuntun lakumu wae. Saiki sira wis tumeka ing sajroning taman, mara bukaken tlapukaning mripatmu lan nyawanga kiwa lan tengenmu. Wusing kabeh sira rasakne, ing kono sira kadhawuhan nunggu ngenteni dhawuh apa sing bakal sira tampa saka Kanjeng Ratu”.

 

Alon-alon aku mbukak mripat, wiwitane krasa sulap lan mbalereng. Nanging ora suwe, banjur pulih bisa nyawang kanthi cetha marang apa wae sing ana sakiwa tengenku. Aku sansaya kasengsem marang endahing taman sing aran Taman Pangayoman iki, ora katon nadyan mung salembar gegodhongan alum utawa garing sing gogrog neng lemah sing ketutupan suket ijo sing thukul warata nganti saklebatan kaya wujude permadani sing digelar. Sumiliring angin sing rasane seger nyebarake gandaning kekembangan sing arum wor lan wangi sansaya mimbuhi agunging taman kuwi. Lamat-lamat keprungu suwara kumriciking banyu kang tumiba marang watu, tumibane kaya tinata nganggo wirama, kaya-kaya ngiringi tembanging manuk-manuk sing padha ngoceh sesautan saka dhuwuring kekayon, kanthi suwara endah sing ngemu rasa gambira ngrasakne urip ing jagad kang mardika.

 

Gandheng manut suwara sing tak tampa ing jeroning ati mau, aku kudu nunggu ing kene kanggo ngenteni timbalan saka Kang mBok Ratu, aku banjur tolah-toleh golek papan sing sakirane kepenak kanggo lungguh. Ora suwe aku wis nemu watu sing wangune kepenak dilungguhi, aku nyedhak banjur mapan lungguh ing watu kuwi, ngiras ngresepi kaendahaning taman. Endah wujude, seger lan arum gandane, sarta ngresepake suwara-suwara sing dituwuhake.

 

Jebul watu gedhe sing tak lungguhi kuwi ngongkang blumbang, sing bening lan nyarong banyune. Jroning blumbang katon slira-sliri kewan banyu, rupa maneka warna iwak-iwakan, wiwit Kutuk, Lele, Badher, Wader, Urang padha pating sliwer langen kanthi mardika, nambahi asrining blumbang. Ing pinggiring  blumbang ana wit waringin putih lan ing ngisore katon ana kucur sing banyune muncrat mendhuwur ora ana pedhote, banyu sing muncrat mendhuwur tumibane ditampani watu padhas, sing ya merga kuwi tumuli keprungu suwara kumricik sing kaya tinata mawa irama mau. Banyu sing muncrat tanpa kendhat kuwi, mili sing wusanane nuwuhake dadi kalen sing sansaya suwe sansaya gedhe temah dadi kali sing mili mengalor nurut wanguning bumi, saka dhuwur mengisor, embuh tekan ngendi aku durung ngerti.

 

Sanadyan satemene aku wis ora kasinungan rasa kesel lan ngantuk, dadi ya ora mbutuhake wektu kanggo leren utawa turu. Nanging, kegawa saka segering hawa lan endhaing suwara, ndadekne aku kepengin meneng, karo ngeremne mripat ana palungguhanku kono. Nanging durung nganti suwe olehku merem sinambi nglaras endahing kahanan, dumadakan ana suwara alok sapa aruh marang aku.

 

“Wis suwe nggonmu teka ing taman kene Suwanda?”.

 

Karo semu rada kaget merga suwara sapa aruh iki cetha mlebu ing kupingku, ora kaya suwara-suwara sing mau tak tampa, aku noleh kepngin weruh marang wong sing nakoni aku kanthi nora basal an njangkar jenengku kuwi mau. Aku dadi sansaya gumun jebul sing ana mburiku lan nakoni aku mau, Ki Jurudah abdine Kang mBok Ratu, sing tau tepung karo aku nalika aku sepisanan tekan Bumi Keduwang ing pratapane Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa. Mung sing ndadekne gumunku ya iku, nalika jaman ketemu nalika samana jenenge Ki Jurudah kuwi banget anggone ngaji-aji marang aku, tembung satembung sarwa ngajeni lan nganggo ukara basa krama, jumbuh karo jejerku sing kajaba putrane Rama Tumenggung Jatikusuma ing Majapahit, uga siswa wuragile Kanjeng Eyang Doradruwasa sing ateges isih sedulur prenah nom saka Kang mBok Ratu Setyawati sing jumeneng ing Kraton Katentreman kene, sing uga pepundhene Ki Jurudah sing ana ngarepku iki. Nanging, iki mau Ki Jurudah anggone nyapa lan nglorihi aku babar pisan ora basal an ora nganggo sebutan Raden nalika nyebut jenengku. Ana rasa ora pati kepenak sing nggremet sajroning dhadhaku.  Nanging kebat wae, rasa kuwi tak ampet, lan aku kepengin aweh wangsulan kanthi ora ngowah-owahi adat marang Ki Jurudah, muri hora nuwuhake perkara anyar sing ora becik kedadeyane.

 

“Inggih Ki Jurudah” wangsulanku nganggo basa krama “awit katuntun dening dayaning Kawibawan Kraton Katentreman miwah Taman Pangayoman, sampun radi sawatawis kula dumugi mriki”.

 

“Sokur yen lakumu ora kesasar temah bisa tekan kene merga dayane Akik Mustika Tirta sing diampilake dening Gusti Ratu marang kowe” Ki Jurudah guneman maneh, ora basa lan ora ngajeni babar pisan marang aku, malah kepara sajak ngremehake, ing semu nuduhne rasa ora senenge marang aku. Ing baytin aku nggagas, apa Ki Jurudah kuwi lagi lali yen sing diajak rembugan iki isih kadang timur saka pepundhene dhewe?.

 

“Suwanda, saiki rungokna apa sing arep tak kandhakne marang kowe” Ki Jurudah banjur nutugne olehe guneman marang aku “Magepokan karo tekaku mrepegi kowe iki mau, ya iku awit ngemban timbalan lan dhawuhe Gusti Ratu, aku kaparingan jejibahan nampani Akik Mustia Warih saka tanganmu lan bakal tak unjukne ing ngarsane Gusti Ratu jumbuh karo dhawuh sing tak tampa. Mula saiki diage kalpika kuwi enggal lolosen saka drijimu lan tumuli ulungna marang aku!”.

 

Tak empet-empet rasa sing ora kepenak sing nggremeti dhadhaku sansaya ora kuwat, weruh slaga lan gunemane Ki Jurudah sing drajate mung saabdi iki. Luwih-luwih bareng kanthi suwarne sing keprungu degsura mrentah marang aku, Raden Bagus Suwanda, supaya masrahake ali-ali Mustikaning Tirta sing tak enggo ing drijiku iki, babar pisan kanepsonku wiwit muntab, ora bisa nampa karo sikep lan slagane Ki Jurudah sing wis tak anggep murang tata iki.

 

 

Ana candhake.

 

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (079)


 79.

Saking kaget lan rasa gumune wong sawarung ora ana sing bisa kumecap, mung panyawange wae sing padha ora kedhep migatekne praupanku, kaya-kaya padha ora percaya karo mripate dhewe. Kanggo mbuktekne nek aku pancen “Genter” sing lagi wae padha dirembug lan dirasani, aku banjur njupuk juadah bakar neng layah sing tumumpang ing meja sangarepku sing isih anget, banjur tak pangan. Wong-wong isih durung ana sing guneman, nanging isih panggah olehe nguwasi karo nuduhne rasa gumune. Malah Minthul sing lagi wae metu saka Pawon, arep nyelehne panganan kanggo nambah isi mejane, dadi mandheg, ngadeg njegreg karo namatne aku.

 

“Aja padha gumun lan aja padha kaget Kang Togog karo Yu Minthul sarta Kang Tomblok apa dene Kang Codhot” aku banjur guneman murih wong-wong sing ana kono ora nduweni pangira sing neka-neka marang aku, tak sengaja aku ya ngrakit crita sing tenane ya mung ngayawara wae “aku pancen wis rada suwe lungguh neng kene, nanging aku gumun dene ora ana siji-sijia saka sedulurku sing padha nglorohi aku, malah pas Yu Minthul nyelehne layah sing isi juadah bakar iki mau meh wae layahe nyenggol sirahku, nanging Yu Minthul ya mung meneng wae. Wiwit esuk mulih saka kalen mau, aku rumangsa ana kedadeyan sing aneh, Kang Togog karo Yu Minthul tak takoni ora ana sing gelem mangsuli, tak jak omong ya ora ana sing migatekne. Aku banjur metu saka warung kene, mlaku-mlaku mlebu padesan wetan kono, nanging ya padha wae, wong sing kapinujon mlaku simpangan karo aku, nalika tak takoni ya ora ana sing gelem semaur, malah nyawang aku wae ya ora”.

 

“O, dadi kira-kira bener sing tak kandhakne mau” Codhot nyauti kandhaku “ndika wis ditutupi dening bangsa alus saka panyawange wong liyane ndika”.

 

“Apa kira-kira merga sabrebetan Adhi Genter iki memper karo Raden Bagus Suwanda kuwi ya Kang?” Tomblok mbumboni rembug “banjur sing mbaureksa desa kene utawa sing momong jiwa ragane Adhi Genter aweh pangayoman murih ora ana sing banjur nyekel Adhi Genter digawa menyang Kabayanan diakokne minangka Raden Bagus Suwanda?”.

 

“Tak kira bisa uga mangkono kedadeyane” Codhot aweh wangsulan “merga wong sing padha mbathara marang dhuwit, bisa wae merga ngiler ganjaran banjur meksa supaya Adhi Genter ngaku yen dheweke kuwi Den Bagus Wanda, nanging sing momong jiwa ragane Adhi Genter lan sing mbaureksa Bulak Pandhe isih ngayomi marang Adhi Genter”.

 

“Lha banjur sedina iki mau ndika menyang ngendi wae Dhi?” Togog sing uga wis ilang kagete banjur nakoni aku.

 

“Ora adoh kok Kang” wangsulanku sawise juadah sing tak pamah tak ulu “nalika lakuku tekan pasar ya neng prapatan tengah desal an wong-wong ya ora ana sing migatekne aku, dumadakan aku kepethuk wong loro sing gelem ngajak omong aku”.

 

“Wong loro kuwi sapa Dhi?” Minthul karo nyelehne layah sing dicekeli, menyang dhuwur meja genti takon.

 

“Aku lali ora takon sapa jenenge Yu” aku wangsulan “wong loro mau mung ngandhani aku karo mesam-mesem, supaya ngomongi Kang Togog, Yu Minthul, Kang Codhot, Kang Tomblok karo Dhe Karta Cikrak”.

 

“Dikongkon ngomongi perkara apa Dhi?” Tomblok takon “wong sing ndika sebutne wis mlumpuk neng kene, mung Lik Karta Cikrak sing durung ana, mengko nek prelu tak paranane, lha ndika kepethuk Lik Karta Cikrak kuwi dhek kapan?”.

 

“Mau bengi ngepasi Lik Karta Cikrak Rondha neng gredhu cedhak regol dalan mlebu desa, dikongkon marani warung iki” Togog sing aweh wangsulan “merga beneh karo padatan, dimare warung mau bengi urip, adate rak ora? Dhe Karta banjur kepethuk Adhi Genter lan kober jagongan lan omong-omongan, dhek bengi kuwi ndelalah aku karo Minthul rak ya mrene?”.

 

“nDang ditutugne olehe kandha Dhi” Minthul numpangi rembuge sing lanang, ditujokne menyang aku supaya nutuge crita “karo wong loro kuwi ndika dikongkon ngomongi apa marang aku karo Kakangmu lan uga wong-wong kabeh mau?”.

 

“Dikon ngabari yen mengko sore kabeh sing tak kandhakne mau bakal oleh rejeki sing tanpa dinyana-nyana sadurunge” wangsulanku “nanging ana sarate”.

 

“Sarate apa Dhi? Ndang dikandhakne tak rungokne” Minthul ketara gupuh olehe guneman, wong liyane padha mesem weruh slagane Minthul sing keprungu rada lucu kuwi.

 

“Mengko dhisik, tak tutugne critaku” wangsulanku karo mesem “bubar ngandhani ngono kuwi, wong loro sing tak kandhakne mau banjur ngajak aku mlaku mengalor lan aku dituduhi wong loro maneh sing lagi nandangi gaweyan sing marakne aku girap-girap kamiweden”.

 

“Apa sing ditandangi Dhi?” Togog nyela takon.

 

“Nyunduki sirah sing wis tanpa gembung nganggo pathok saka bongkotan pring ori, banjur dipanjer neng pinggir rattan” wangsulanku.

 

“Oo. Genah nek kuwi sirahe Ki Suwela karo Ki Makara sing rame dadi tontonane wong-wong mau” Codhot gunemen lirih nugel critaku.

 

“Iya Kang” aku mbenerne kandhane Codhot “wong-wong loro sing ngajak aku mau kandha padha karo sing ndika kandhakne yen kuwi ndhase Suwela karo ndhase Makara, jarene wong loro sing wis tanpa gembung kuwi wis tumindak dosa sing ngliwati wates  marang kulawargane Ki Kebayan Bulak Pandhe lan kulawargane Gusti Tumenggung Jatikusuma, mula banjur diwenehi pidana sing satimbang karo kaluputane dening abdine Gusti Tumenggung lan abdine Ki Kebayan sing ora kasat mata, ya iku bangsane lelembut sing uga mbaureksa desa kene”.

 

Wong sing krungu critaku padha manthuk-manthuk, eram.

 

“Bener kuwi, pancen priyayi loro kae wis ngliwati wates nggone nyidrani kasetyane marang Gusti Tumenggung lan gendhak sikara marang kulawargane Ki Kebayan” Togog grenengan lirih banget, banjur disambung karo pitakonan kanthi suwara sing lumrah, ora lirih kaya olehe grenengan “lha ndika banjur dikandhani bab sarat mau apa wujude Dhi?”.

 

“Sarate ndika kabeh klebu Dhe Karta Cikrak, ora oleh ngrembug bab olehku wis teka ing papan kene karo sapa wae, merga dina iki mengko aku kudu lunga saka kene” aku aweh wangsulan.

 

“Adhi Genter arep lunga? Banjur lunga menyang ngendi maneh Dhi?” pitakone Togog sawuse krungu yen dina kuwi aku arep lunga.

“nDika arep bali menyang Pandhansari maneh apa piye Dhi?” Yu Minthul ngimbuhi, melu takon. Sauntara Codhot karo Tomblok mung nyawang praupanku sajak ngenteni nggonku arep mangsuli pitakone Togog.

 

“Aku durung ngerti arep lunga menyang ngendi Kang, lan aku uga ora arep bali menyang Pandhansari Yu” wangsulanku karo ngetokne kanthong cilik loro sing isi dhuwit mas lan dhuwit perak, sangu peparinge Kanjeng Ibu Nyai Menggung nalika aku arep budhal menyang Kedhuwang biyen kae.

 

“Nek ndika arep lunga apa ora mbebayani tumrap kaslametan ndika Dhi?” Tomblok nyela takon. Sauntara Codhot ngilik kanthongan loro sing lagi wae tak wetokne saka njerone buntelan salinku.

 

“Lungaku iki dudu karepku dhewe Kang” wangsulanku “nanging saka karepe wong loro sing ngandhani aku mau. Lan aku bakal diayomi saka gendhak sikarane wong-wong Kedhiri lan Keling sarta wong-wong Bulak Pandhe sing dadi  gedibale, dadi Kakang-kakang kabeh lan mBakyu Minthul aja padha nyumelangake marang keslametanku”.

 

Aku meneng sedhela ngenteni tumanggape wong-wong mau, nanging wong-wong kuwi mung meneng karo ora kedhep nguwasi aku. Mula banjur tak tutugne olehku guneman :

 

“Dene rejeki sing tak nkandhakne neng ngarep mau, saiki wis ana ngarepku iki” kandha ngono kuwi aku karo nudingi kanthong loro sing wis tak selehne dhuwur meja ngarepku. Tak sawang kabeh padha nyawang marang kanthong loro kuwi.

 

“Sing ana jerone Kanthong sing rupane kuning iki, supaya diedum dadi patang pantha” kandhaku sabanjure “patang pantha iku kanggo Kang Togog, mBakyu Minthul, Kang Codhot lan Kang Tomblok dene Kanthong  sing rupane putih, supaya dipantha dadi lima. Kajaba kanggo ndika wong papat, sing sapantha kanggo Dhe Karta Cikrak. Wis saiki padha ndika tindakne kanthi becik, aku bakal melu nekseni ana kene”

 

Bunar muni ngono kuwi, kanthong loro banjur tak srogne menyang ngarepe Togog. Nalika wong papat kuwi padha nindkane pakonku, karo ora ana sing nguwasi, aku ndudut Kyai Bancik saka lempengku lan taka tag supaya aku ilang saka pandulune wong-wong kuwi, aku banjur nutugne laku arep menyang Kraton Pangayoman nemoni Kang mBok Ratu Setyawati.

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (078)


 78.

Sawise tak gagas sedhela tumuli aku pamitan marang Ki Tanpa Aran yen dina kuwi aku arep nemoni Togog sedhela banjur nutugne laku menyang Kraton Katentreman nemoni Kang mBok Ratu Setyawati. Tak pamiti Ki Tanpa Aran mung cengar-cengir ora aweh wangsulan apa-apa. Lagi sawuse aku ngunggahi gampenging kali, wong sing kaya ora genep akale kuwi bengok-bengok, celuk-celuk, ngundang aku.

 

“Wonten dhawuh Kyai?” aku mandheg, noleh memburi banjur takon.

 

“He he he sing ngati-ati” wangsulane Ki Tanpa Aran karo nyawang aku sedhela, banjur ngalih.

 

Aku mesem, ngadhepi wong sekti sing duwe kelakuwan aneh ngono kuwi pancen kudu sabar. Sawise tak enteni sedhela Ki Tanpa Atan ora guneman apa-apa maneh, aku banjur nerusne laku.  Lan aku sengaja nggunakne pangaribawane Keris Kyai Bancik   murih ora diweruhi dening wong liya, kanthi mangkono ora bakal ana sing ngakang-alangi lakuku. Ora ana wong sing sujana lan uga ora ana wong sing nedya nganggu gawe marang aku.

 

Tekan dalan sing nyigar padhukuhan Bulak Pandhe, aku weruh akeh wong lanang-lanang sing padha mlaku sajak kesusu. Siji loro ana sing lakune mbalik, dadi simpangan karo sing lagi mlaku sajak kesusu sing wangune lagi arep budhal embuh menyang ngendi.

 

“Piye Kang, bener tenan? Isih ana kana ? apa wis dielih?” dumadakan aku krungu salah siji saka wong sing mlaku sajak kesusu kuwi ana sing takon marang wong sing sajake wis mlaku mulih. Aku mandheg kepengin krungu sing arep dikandhakne wong loro sing pethukan neng dalan kuwi.

 

“Bener” wangsulane sing ditakoni “bener-bener nggegirisi kahanane, marahi neng githok mengkorog, ora ana sing wani ngelih, prajurit-prajurit Keling ya padha wedi, wanine mung nyawang saka kadohan, padha kuwatir yen dikatutne dosane dening bangsa alus sing wis nuduhne kanepsone marang Ki Suwela lan Ki Makara kuwi”.

 

“Mosok nek kuwi gaweyane bangsa alus tenan neh Kang?” wong sing takon mau takon maneh.

 

“Kabeh wong kandhane ya mangkono kuwi” wangsulane sing ditakoni “jarene para prajurit mau, Ki Suwela karo Ki Makara kuwi mau bengi nengahi lagi ketungkul nggone rembugan karo Raden Lokapa lan Raden  Dhandhaka, dumadakan ilang tanpa tilas. Wong-wong padha ora weruh menyang ngendi parane, ngerti-ngerti ya wis awan iki mau, sirahe priyayi loro kuwi wis dipanjer neng dalan prapatan tanpa gembung lan sing manjer neng kono kuwi sapa ya ora ana sing weruh, kamangka dhek esuk durung ana apa-apa lan papan kono kuwi ora tau sepi wong, nanging ora ana sing weruh sapa sing manjer sirahe piyayi loro kuwi. Mula banjur dijupuk dudutan yen sing nindakne kabeh mau ora ana maneh kajaba bangsa alus sing lagi nesu marang priyayi loro kuwi”.

 

“Gek lupute Ki Suwela karo Ki Makara marang bangsa alus kuwi apa no Kang kok nganti dikonokne ngono kuwi?” wong sing takon nutugne pitakone.

 

“Awake dhewe iki wong cilik Dhi” sing ditakoni genti aweh tutur, suwarane digawe lirih olehe guneman dicedhakne neng sandhing kupinge sing takon “ora becik takon ngono kuwi, merga bisa dianggep luput dening sing lagi nyekel panguwasa desa kene”.

 

“Iya Kang” wong sing maune takon, aweh wangsula uga nganggo suwara lirih karo manthuk-manthuk.

 

“Malah aku nggagas, bangsa alus kuwi bisa uga sing mbaureksa desane dhewe kene, sing diprentah dening Ki Kebayan jaman semana. Lha mesthine bangsa alus kuwi rak ngerti tumindake Ki Suwela lan Ki Makara marang kawula ing Bulak Pandhe kene sing sawenangt-wenang rumangsa dumeh wis menang, ngrampas lan ngrebut duweke kawula ya mung sageleme wae, kaya wingi kuwi Kebo Benthung duweke Dhe Jithut, awit dhawuhe Ki Makara, banjur dijupuk dening Prajurit jarene arep dienggo lawuh mangane para prajurit. Ya apa ora?” klesik-klesik isih bisa tak rungokne, wong sing lagi wae mulih saka anggone ndelok sirahe Ki Suwela lan Makara sing dipanjer neng dalan prapatan kuwi mbisiki kancane.

 

“Iya Kang” wangsulane sing dibisiki karo manthuk-manthuk “ya wis yen ngono, aku ta kora sah ndelok sirahe wong loro kuwi. Tak bali wae, wong omah tak kandhanane nek ora sah padha melu kuwatir lan mikir sing ora-ora, waton awake dhewe ora tumindak gawe kapitunane liyan, ora bakal diganggu dening para bangsa alus”.

“Bener kuwi Dhi” sing nuturi wangsulan karo mesem “ayo bali wae, bareng aku. Ora ana bathine ndelok sirah dipanjer tanpa gembung ngana kae, kajaba mung gawe mirising ati lan bisa-bisa banjur tom-tomen marakne ora bisa turu lan ora doyan mangan wae”.

 

Aku banjur nerusne laku, karo nyawang wong-wong sing sansaya akeh padha mara menyang dalan prapatan. Racak-racak miturut pangrunguku, akeh wong sing ora welas marang Ki Suwela apa dene Makara sing sirahe dipanjer dening Lancur kuwi, jalaran wong-wong akeh-akeh ya padha melu serik marang wong loro sing wis gawe gugure Wa Anggara ya Wa Kebayan ing Bulak Pandhe kono. Luwih serik maneh, panganggepe wong loro kuwi marang kawula ing Bulak Pandhe, kaya marang wong sing lagi kalah perang kabeh barang kaduwekane dianggep wis lumrah lamun dijarah dening sing rumangsa lagi menang perange. Sawuse aku rumangsa lega jalaran ngerti sikep lan suwara klesik-klesike para kawula Bulak Pandhe, aku banjur gegancangan mlaku menyang warunge Togog.

 

Kaya sing wis tak kira, Togog karo Minthul bojone, padha  bingung awit saka anggonku lunga tanpa pamit mau bengi. Malah ora mung wong loro kuwi wae sing padha bingung, Codhot karo Tomblok sing uga diwaduli dening Togog bab lungaku kuwi, uga padha melu bingung. Pas aku tekan warunge Togog, ing kono wis ana Togog sabojone sing lagi jagongan karo Codhot lan Tomblok. Aku melu lungguh neng lincak sing ora ana sing nglungguhi, nanging wong-wong kuwi ora padha weruh yen aku melu jagongan, jalaran aku isih ngunakne pangaribawane Kyai Bancik sing ndadekne wujudku ora bisa kadulu dening sapa wae.

 

“Nek pancen si Genter kuwi wong sing ala kudune lungane mesthi karo nggawa barang isen-isen warung iki sing kena didadekne dhuwit” kandhane Togog marang kancane jagongan “nanging nyatane barang-barang warung ora ana sing kalong babar pisan”.

 

“Lha ya gek lungane bocah kuwi menyang ngendi ya Kang?” Tomblok nyaut guneme Togog “aku kuwatir gek bocahe mau bengi pas metu banjur kepethuk prajurit Keling, ditakoni ora bisa aweh wangsulan sing cetha banjur digawa lan disikara neng pasanggrahane kana?”.

 

“Lha ya kuwi sing tak piker wiwit mau wangsulane Togog “nek bener kaya sing mbok omong kuwi, kok ya apes temen lakone si Genter? Bocah  kae katone duwe budi becik tur ya dhasare bocah sing lugu. Ora ngerti perkarane negara, kok bisa dadi korban lan nemoni lakon sing ndadekne sengsara………”.

 

“Ya muga-muga wae Genter ora dicekel prajurit kaya sing padha ndika kuwatirne kuwi” Codhot genti sing guneman “esuk mau aku krungu kabar jare sing mbaureksa padhukuhan kene, mau bengi nesu marang prajurit-prajurit sing lagi menang perang kae. Lurahe malah uga tetunggule Prajurit padha keneng amuk dening bangsa sing ora kasat mata, malah kabare Ki Suwela lan anake sing jeneng Ki Makara kae ilang dadakan digondhol menyang ngendi ora ana sing weruh. Banjur awan iki mau, wong-wong padha geger, jare sirahe Ki Suwela lan Ki Makara wis tanpa gembung, dipanjer neng dalan prapatan nggon pasar kana kae. Muga-muga wae, lungane Genter iki merga didhelikne bangsa alus lan dislametne saka tumindake wong sing arep ngarah cilakne”.

 

“Bener kuwi Kang Codhot” ora sranta karo ngatonake wujudku sing wis lungguh neng lincak cedhake wong-wong kuwi, aku mangsuli gunemane Codhot. Wong sing ana kono padha katon kaget, kabeh nyawang aku karo praupan sing nuduhne rasa gumune.

 

Kamis, 25 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (077)


77.

Rada suwe aku karo Ki Tanpa Aran meneng-menengan, embuh Ki Tanpa Aran lagi nggagas apa, aku ora ngerti. Nek gagasanku nglambrang tekan ngendi-endi, sing cetha ing Kutharaja Majapahit aku wis ora duwe sapa-sapa lan apa-apa maneh. Mungguhku ing Majapahit iki ora ana sing bisa tak arep-arep, tak bekteni apa dene sing tak tresnani. Palungguhan sing kinurmatan dening sapepadhaning wong wis ilang, Rama Tumenggung sing tak bekteni wis ora ana, Andalu sing tak tresnani mung kari crita. Tak gagas-gagas luwih prayoga yen aku enggal tumuli minggat ninggalne Majapahit sing saiki wis ora dadi Kutharaja maneh iki. Ora ana gunane kesuwen manggon neng kene, kajaba mung nambahi rasa lara ing telenging rasa.

 

“Pancen bener, urip neng kene kuwi wis ora mencutake maneh” dumadakan Ki Tanpa Aran guneman, aku kaget wong tuwa kuwi kaya nyemoni marang gagasan sing ana atiku “nanging nek jenenge manungsa arep urip neng bumi ngendi wae, jan-jane ya padha wae, ora bakal krasan nek ora keturutan apa sing dadi karepe lan kapunggel apa sing dadi critane”.

 

Aku ora semaur, malah ethok-ethok ora migatekne apa sing lagi wae diucapne wong sing katon ora genep nalare  kuwi.

 

“Akeh wong sing  ngerti lan ngakoni jenenge kesaguhan kuwi kudu diudi murih bisane diwujudi” Ki Tanpa Aran guneman maneh, kaya mau olehe guneman ya mung grenengan kaya ditujokne marang awake dhewe, panyawange ora tumuju marang aku, nanging menyang banyune kedhung sing meneng kuwi “nanging keh-kehane ya mung mandheg neng pocapan, wegah nandangi nek wis rada suwe banjur nganggo pawadan lali, kamangka kasaguhan kuwi ya lagi, durung katutupan dening kesaguhan anyar, ewa semono diumbar kleyar, ya kaya mangkono kuwi sing marahi gegayuhan jugar, banjur yen wis genti ngluputne jaman utawa papan, kang mangkono iku nyata yen ora klebu nalar. Pancen ya rada angel mbedakne nasar apa pancen kesasar?”.

 

Kaya diithik-ithik pangrasaku dening ucape Ki Tanpa Aran ngono kuwi. Tembung-tembung sing katone mung metu nurutiobahe lambe kuwi, cetha yen wis nyemoni marang aku. Akum au lagi wae kandha yen isih duwe sesanggeman sing kudu tak tindakne, nanging nyatane gagasanku sing nglambrang mau, babar pisan ora nyenggol karo anggonku arep netepi sesanggemanku sing tak kandhakne mau.

 

“Nuwun sewu Kyai” alon-alon aku guneman tak tujokne marang Ki Tanpa Aran “mila saestu, kabekta dening kawontenan ingkang tansah ngisruhaken manah, kula sok nyupekaken sesanggeman ingkang mesthinipun enggal kula lampahi. mBok ndika kersa paring pitedah dhateng kula ta Kyai?, menapa ingkang prayogi kula lampahi, murih kula enggal saged netepi kesagahan ingkang sampun kathah ingkang kula supekaken wau”.

 

“He he he……” Ki Tanpa Aran ngguyu karo cengar-cengir “ndika kuwi ya aneh? nJaluk pituduh kok marang wong gendheng? Apa ndika kepengin dadi gendheng? Tak tuturana mangsa ndika arep nggugu? Jeneh piwelinge wong sing nalare jangkep, wasis ing sakehing kawruh agal lan alus, tur rupane ya ayu, kuwi wae wis ndika lirwakne? Gajege ana sedulur tuwa sing kajibah nuntun adhine murih bisa maca ngelmu kang tinulis tanpa aksara, ngrungokne piwulang sing tanpa suwara?”.

 

“Jagad Dewa Bathara” aku nyebut ing sajroning ati, ukarane Ki Tanpa Aran sing keri dhewe iki mau kaya palu gedhe sing ditibakne menyang dhadha rasane. Aku wis diwelehake melek-melekan, aku wis nyidrani marang apa sing dadi welinge Kang mBok Setyawati nalika aku pamitan arep tilik lan pamitan marang bumi Majapahit luwih dhisik murih bisa gangsar nggonku nampa tuntunan ngelmu Sejatining Sih peparinge Sawargi Kanjeng Eyang Doradruwasa sing murih aku bisa nampa kanthi sampurna kudu dituntuni dening Kang mBok Setyawati, Ratu ing Kraton Katentreman. Nalika semana aku diweling, sadurunge aku bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih, aku kudu mbudidaya murih aja nganti gawe pepati utawa tumindak sing bisa njalari ana titahing Gusti sing mati, ora ngemungake titah sing wujud manungsa sanadyan paribasan mung sawujude mrutu utawa tengu pisan ora kena mati jalaran saka tumindakku. Nanging, kanyatane aku wis nglalekne apa sing dadi welinge Kang mBok Setyawati, mbuh wis pira cacahe kewan cilik-cilik bangsane jingklong sing mati tak cablek merga tak anggep ngganggu, malah sing lagi wae tak tindakne dina iki mau, cetha yen wis adoh ninggalne weling sing dikandhakne Kang mBok Ratu. Mung nuruti rasa sengit saka ati sing kebak pangigit-igit, aku wis dadi jalaran matine Ki Suwela lan Makara kanthi pati sing nyata kaniaya.

 

Dumadakan jantungku krasa kaya mandheg, kasumpet dening rasa getun kedhuwung sing ora kena digambarake sepira gedhene. Aku banjur kelingan dhawuh pungkasan saka Kanjeng Rama Tumenggung sing tak tampa, ya iku aku kadhawuhan puruita kanggo necep ngelmu marang Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa. Pranyata sawuse aku nampa ngelmu, mung kari nyampurnakne wae, jebul aku ora kuwawa. Aku isih kalah karo panggodha, nuruti ubaling hawa napsu, kepengin males lara wirang marang Ki Suwela apa dene Makara. Yen mangkene, nyata yen aku wis gawe kuciwane sawargi Rama Tumenggung, sawargi Wa Anggara uga sawargi Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa. Lan sing luwih gawe sedhihing pikirku, aku wis gawe kuciwane Kang mBok Setyawati. Apa aku iki isih pantes nyebut Kang mBok marang panjenengane, wong nyatane nadyan wis kadhaku dadi siswane Eyang Resi Doradruwasa suprandene aku ora bisa netepi dhawuh piwulange sing dititipne marang Ratu Kraton Katentreman kuwi ?.

 

“Jamak lumrahe getun kuwi manggone ana ing mburi” dumadakan Ki Tanpa Aran guneman maneh “nanging nek mung digetuni, sayekti tanpa guna. Yen wis tumindak luput kudu wani ndhadha ing kaluputane lan kudu kanthi lega njaluk pangapura, murih ndika bisa mangerteni ngelmu Sejatining Sih sing diparingne dening Resi Doradruwasa kuwi. Jalaran, kira-kira wae, tanpa ngerteni ngelmu Sejatining Sih, ndika bakal nemoni urip kaya wong sing kesasar lan ora bakal bisa nutugne lakuning urip kanthi lumrah, sadurunge ndika bisa ngaweruhi isining ngelmu Sejatining Sih kuwi mau”.

 

“Inggih Kyai” aku nimbangi apa sing dikandhakne Ki Tanpa Aran, kanthi ati sing wis pepes “nanging menapa sakintenipun Ratu Kraton Katentreman ingkang piniji dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa nuntun kula menika taksih purun paring pangapura dhateng kula lan purun nuntun kula kangge mangertosi Ngelmu Sejating Sih kasebat?”.

 

“Ha ha ha ha…….” Ki Tanpa Aran sing mau wis tumata olehe guneman saiki mbalik kaya wong ora waras maneh, tak takoni diwangsuli nganggo guyu lakak-lakak, banjur guneman sing nek dirungokne bisa gawe panasing kuping “Nah, saiki ndika wis klakon dadi wong gendheng tenan. Takon kok marang wong gendheng, wis edan kathik ora nduweni wangsulane pitakon kuwi mau, ngono kok ngaku jarene wong sing waras nalare ha ha ha…….ha “.

 

Sanadyan aku ya ora seneng disrani wis dadi gendheng, nanging aku mung bisa meneng.

 

“Sing duwe wangsulan saka pitakon ndika kuwi cetha dudu aku Gus” kandhane Ki Tanpa Aran maneh “sak jagad iki sing nduweni wangsulan saka pitakon ndika mau mung siji, ya iku ya mung muride Resi Doradruwasa sing ayu dhewe kae he he he”.

 

“Inggih, inggih Kyai” wangsulanku groyok.

 

“Saiki kari ndika piye olehe arep nindakne, nek ndika rumangsa isih mbutuhne tuntunan murih bisa mangerteni Ngelmu Sejating Sih, ndika wis ngerti apa sing prayogane ndika tindakne lan upama ndika milih urip ing juranging sasar, ndika ya ngerti, apa sing kudu ndika lakoni. nDika nkuwi wong pinter dudu wong bodho, uga dudu wong gendheng lan ora patut dadi wong edan, kuwi ndika kudu ngerti Raden bagus Suwanda putra angkate Gusti Tumenggung Jatikusuma menungsa setengah dewa sing dadi kekasihe Sang Hyang Maha Nasa”.

 

 

 

Ana candhake

 

Rabu, 24 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (076)


76.

Tekan panggonan sing mau, ya iku ing gisiking kali sing manggon neng sakulone padhukuhan Bulak Pandhe, jebul Ki Tanpa Aran wis mapag tekaku lan Lancur kanthi ngguya-ngguyu dhewe. Lancur manthuk aweh kurmat, aku uga banjur tiru-tiru ndhingkluk karo nindakne sembah kalbu nuduhne rasa kurmatku marang wong sing dening wong akeh diarani nek ora genep nalare kuwi.

 

“Gaweyanmu wis tak tandangi Ki Lancur” kandhane Ki Tanpa Aran nalika Lancur arep marani papan panggonan kanggo ndhelikne ragane Ki Suwela lan Makara sing wis dipocok gulune mau.

 

Lancur mandheg, banjur nyawang marang Ki tanpa Aran tanpa nganggo guneman.

 

“Ora susah bingung, bathang loro sing wis ora ana gunane mau wis tak buwang menyang alas kidul kono” kandhane Ki Tanpa Aran sabanjure “ndika ya ora susah ndadak nganggo muni matur nuwun marang aku, merga lekasku mbuwang bathang mau ora merga kepengin ngrewangi ndika, nanging pancen aku kepengin makani kewan-kewan sing ana alas kidul kono sing wis rada suwe padha ora ngrasakne panganan sing dianggep enak”.

 

“Nanging menawi kula ngaturne panuwun napa klentu Ki?” Lancur takon karo mesem.

 

“Ora ana barang sing kleru waton ora gawe laraning atine liyan, mung wae ya panggah ora ana gunane, kanggoku lan kanggo ndika” wangsulane Ki Tanpa Aran tanpa nuduhne rasa apa-apa, anyep.

 

“Lha lajeng menapa malih ingkang kedah kula lampahi Ki ?” Lancur nutugne kandhane karo takon marang wong tuwa kuwi, wangune Lancur ngira-ngira mbok menawa arep diprentah apa ta apa dening Ki Tanpa Aran.

 

“Lha sing arep tumandang kuwi ndika, lha kok malah takon menyang aku ta Ki Lancur?” Ki Tanpa Aran wangsulan sengak “ya sakersa ndika wae, ndika bisa banjur turu neng sudhung kana, gajege wiwit wingi sore ndika durung turu ta? Utawa golek mangsan dhisik sadurunge turu, sa ngertiku wiwit wingi ndika ya durung emplok-emplok apa-apa. nDika kuwi wong lumrah, beda karo Gus Wanda kuwi”.

 

“Nggih Ki” wangsulane Lancur karo mesem kecut, banjur nyoba takon maneh “bedane kula kalih Gus Wanda salintune ing pangkat lan drajat napa Ki?”

 

“Gus Wanda kuwi ora butuh leren, ora butuh turu, ora butuh mangan utawa ngombe kaya awake dhewe iki” wangsulane Ki Tanpa Aran, sing ndadekne aku eram, dene wong kuwi jebul wis ngerti  nek aku kaselehan daya dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa temah bisa ora luwe, ngelak, kesel lan ngantuk nganti sarus rong puluh tahun lawase.

 

“O, makaten nggih Ki?” Lancur nyethakne rembug.

 

“nDika kuwi senengane pancen diapusi kok” Ki Tanpa Aran nyentak Lancur “nek eneng wong kandha apa anane mesthi ndika  takokne bener orane, nanging nek diapusi wong ndika kuwi gtampang banget percayane”.

 

“Bener Ki Lancur” aku banjur melu nrambul gunem, mblakakne kang dadi kaluwihane ragaku “iya awit kaparingan daya kekuwatan dening kanjeng Eyang Resi Doradruwasa, ya iku sedulur tuwa saka gurune sawargi Rama Tumenggung lan Wa Kebayan Bulak Pandhe, aku bisa kaya sing didhawuhne Ki tanpa Aran mau nagnti satus rong puluh tahun suwene, yen wis kuwi ya bakal bali kaya lumrahe menungsa urip”.

 

Lancur manthuk-manthuk sajak eram, tilas punggawa dalem Katumenggungan kuwi mesthine uga gumun dene sawise pisah karo aku sawatara suwene banjur ngerti yen aku ana owah-owahan sing akeh, mligine ing babagan ngelmu jaya kawijayan.

 

“Uwis, ora sah nggagas lan ndedawa angen-angen sing durung cetha kang dadi gunane” ki tanpa Aran guneman maneh karo nyawang Lancur “saiki luwih becik ndika ndang budhal luru mangsan kanggo nyukupi butuhe raga, aku ya ora ngarep-arep sarta ora arep njaluk, nanging nek ndika golekne pisan, aku ya gelem”.

 

Lancur ora wangsulan, banjur menyat ngalih, ngunggahi gampenging kali, ninggalne aku karo Ki Tanpa Aran.

 

“Lha ndika apa ya arep banjur mbalik menyang warunge Togog maneh ta Gus?” saungkure Lancur Ki Tanpa Aran genti nakoni aku. Sepisan maneh aku eram marang kawaskithane wong sing katone ora waras iki, dene wis ngerti yen sadurunge tekan kene, aku manggon neng warunge Togog “sajake Togog lan sedulur anyar ndika, si Tomblok lan Si Codhot, luwih-luwih Si Minthul, dina iki lagi padha bingung, rumangsa kelangan ndika. Pancen ya lucu, wong dudu apa-apane kok bareng ora ana rumangsane padha kelangan”.

 

Aku durung bisa aweh wangsulan marang pitakone Ki Tanpa Aran iki, jalaran aku isih mikir-mikir apa sing arep tak lakoni dina iki lan dina-dina sabanjure.

 

“Upama ndika ora mangsuli sing tak takokne iki mau, ndika ya ora luput kok Gus, aku ya ora tuna” Ki Tanpa Aran guneman maneh “upama ndika wangsuli ya ora mbatheni apa-apa marang aku”.

 

“Nyuwun pangapunten Kyai” aku guneman lirih karo aweh kurmat “anggen kula kendel lan mendel niki wau, boten kok ateges kula boten purun atur wangsulan dhateng ndika, jalaran kula taksih nata ukara kangge atur wangsulan. Lan malih kula niki taksih waras kok Kyai, menawi dipun ajak wicanten dening tiyang sanes inggih wajib suka wangsulan”.

 

“He he he……” Ki Tanpa Aran ngguyu nyekikik, banjur kandha “ndika ngrumangsani nek waras ta? Sokur ta nek ngono, muga-muga isih waras temenan, jalaran meh kabeh wong gendheng kae padha ora rumangsa nek lagi owah nalare, kajaba aku lho? Nek aku pancen ngrumangsani duwe nalar sing ora genep utawa ora waras. Heh he he “.

 

Aku ngerti nek sing dikandhakne Ki Tanpa Aran iki mau, ngemu wulangan ngelmu, nanging aku durung bisa nyandhak mungguh sing dadi karepe.

 

“Estunipun kula mila badhe dhateng warungipun Kang Togog malih Ki, nanging boten badhe nglajengaken anggen kula badhe nunut ngiyub ing mrika. Anggen kula badhe mrika niku namung badhe suka kabar dhateng Kang Togog menggah anggen kula kesah kala dalu ngantos wekdal menika. Salajengipun kula inggih badhe pamitan, jalaran taksih wonten sesanggeman ingkang dereng saged kula rampungaken” kandhaku marang Ki Tanpa Aran nyethakne mungguh sing arep tak tindakne dina iku.

 

“O ngono?” Ki Tanpa Aran wangsulan karo cengar-cengir lucu “nek jenenge sesanggeman kuwi ora mung isih ana nanging sing pas ya isih akeh, akeh banget, wong pancen sadurunge tumitah wae manungsa kuwi wis nggawa kesaguhan, nanging ya kuwi keh-kehane ya banjur padha lali, he he he kaya aku iki barang. Mula nek ndika isih eling karo sesanggeman kuwi jenenge satriya tenan”.

 

“Inggih Kyai” wangsulanku karo aweh kurmat “mugi Kyai paring pangestu dhateng kula, murih kula saged anetepi kasagahan ingkang sampun kula ucapaken”.

 

“Kabeh kuwi gumantung ing astaNe, titah mung sadrema wajib mbudidaya lan nyenyuwun murih bisa kasembadan kang sinedya, dadi luput banget yen mung njagakne pambudidaya luwih-luwih mung njagakne pangestune wong liya, merga akeh lho pangestu kuwi sing disebar-sebar neng ngendi-endi, nanging jebul pangestu sing palsu, pangestu sing mung tekan ing lambe, ora tulus tumeka jroning atine sing muni, tulusa nek ora disartani panyuwun sing tumemen marang pangwasaNe ya padha wae olehe muspra tanpa tanja” Ki Tanpa Aran genti aweh wangsulan lan iki cetha yen ngemu pitutur sing pantes lamun diangen-angen lan ditimbang bener lupute.

 

Aku manthuk-manthuk, sanadyan durung pati mudheng karepe, nanging aku uga ora wani ngarani mungguh bener utawa lupute ukara sing dikandhakne Ki Tanpa Aran iki. Ukara prasaja kuwi nyata mbutuhake wektu bisane dingerteni kang dadi karepe, lagi bisa diarani bener utawa lupute, pantes dienggo apa luwih becik diumbar wae.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...