Total Tayangan Halaman

Minggu, 04 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (087)

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI

 

Kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

 

87.

Mau Ki Tanpa Aran ngendikakake yen Kang mBok Setyawati kuwi nduweni sipat semuci-suci, lire dhemen ngluputake liyan lan dumeh kasampiran panguwasa banjur dhemen sakepenake nibakne paukuman marang sing dianggep luput tanpa gelem ngrumangsani yen satemene kaluputan kuwi mung kaluputan sing lumrah. Mula aku banjur kepengin banget ngrungokne pituture guruku iki murih aku ora bola-bali diluputake dening Kang mBok sing temene mung kajibah aweh tuntunan marang aku. Lan aku enggal bisa mangwasani ngelmu peparinge Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa, kang sinebut Ngelmu Sejatining Sih kuwi.

 

“Tenane rak ngene ta Gus” Ki Tanpa Aran wiwit ngendika “ngelmu sing diarani Sejatining Sih peparinge Resi Doradruwasa marang ndika kuwi, temene mung ngelmu lumrah wujude laku sing kudu ndika tindakne sajroning ngayahi kuwajiban urip neng jagad padhang iki. Lan kanggo mangerteni laku kuwi, ora kudu nganggo sarat sing angel lan abot kaya sing dikandhakne Ratu Kraton Katentreman kae. Aku dhewe uga wis ngerteni mungguh sari pathine Ngelmu kuwi, dadi saupama Ratu Kraton Pangayoman kae ora gelem aweh tuntunan marang ndika, kuwi ora apa-apa, mengko aku sing bakal nuntun ndika murih bisa mangwasani Ngelmu pethingane Resi Doradruwasa kuwi”.

 

“Menawi makaten kula namung saged ngaturaken gunging panuwun Guru” aku rumangsa seneng krungu ngendikane Ki Tanpa Aran sing arep aweh tuntunan marang aku kalamun ta Kang mBok Ratu ora gelem nenuntun marang aku jalaran aku diangep durung resik saka dosa lan kaluputan sing wis kebacut tak tindakne “lajeng menapa ingkang kedah kula lampahi Guru?”.

 

“Kaya sing wis dikandhakne Setyawati marang ndika, ya iku ndika kudu nindakne laku sabar lan narima, nanging iya mung sakuwasa lan sakuwat ndika wae, Jalaran laku Sabar narima kaya sing dikandhakne Setyawati marang ndika kae, katone ora ana titah sing kuwawa nglakono kanthi sampurna. Nanging ndika kudu bisa ngaweruhi uga, ana wewadi apa dene Resi Doradruwasa matah marang Setyawati murih ndika katuntun kanggo ngaweruhi sejatining Ngelmu Sejatining Sih kuwi” Ki Tanpa Aran aweh wangsulan lan ngandhani yen ana wewadi sing durung tak ngerteni.

 

“Lajeng wewadi menika wujud menapa Guru?” aku matur kepengin ngerti.

“Resi Doradruwasa wis uninga yen wanita sing ndika tresnani nalika ndika tinggal lunga menyang Kedhuwang kae wis sirna jalaran saka budi candhalane Makara” Guru paring katrangan ngenani wewadi sing tak takokne “kamangka Resi Doradruwasa uga luwih uninga yen satemene bareng karo dikubure ragane Andalu, aluse anak prawane Anggara kuwi wis tinuntun dening Resi Doradruwasa supaya manunggal marang muride sing jeneng Setyawati kuwi. Mula dadi ora nggumunake yen ndika banjur kayungyun marang Setyawati wiwit nalika weruh kang kapisan kae. Mula Resi Doradruwasa sengaja ora nyampurnakne anggone paring wejangan marang ndika, malah banjur mrintah marang Setyawati supaya aweh tuntunan marang ndika, kang mangkono kuwi mung sarana sing ditempuh dening Guru ndika kuwi kanggo nyawijekne katresnan ndika marang aluse Andalu sing samengko manunggal karo Setyawati, mung emane Resi Doradruwasa sing satemene ratune wong waskitha kae kalepyan paningale temah ora metung yen ing sajroning Setyawati kajaba ana aluse Andalu uga ana alus liyane sing manggon luwih dhisik sing uga nduweni katresnane dhewe sing wujude dudu Raden Bagus Suwanda sing ditresnani Andalu”.

 

Aku manthuk-manthuk, lan banget nggonku eram ngaweruhi kawaskithane Ki Tanpa Aran sing ws nuduhne wewadi sing sasuwene iki babar pisan ora tau tak gagas. Wewadi sing wujud kawaskithan lan kawicaksanane Eyang Resi Doradruwasa.

 

“Sabanjure Gus” Ki Tanpa Aran nutugne anggone ngendika “temene ana cara sing luwih becik murih ndika apa dene Setyawati bisa mangwasani Ngelmu Pethingane Resi Doradruwasa sing aran Sejatining Sih kuwi”.

 

“Nuwun sewu Guru” aku nyela rembug “menapa Kang mBok Setyawati dereng sampurna anggenipun mangertosi ngelmi menika?”.

 

“He he he…….” Ki Tanpa Aran ngguyu, kaya padatan guyune ya memper guyune wong sing ora waras nalare ngana kae, kamangka iki mau wis sauntara anggone ngendika wis cetha ora nuduhne yen panjenengane kuwi wong sing ora ganep nalare, nanging malah nuduhne yen panjenengane kuwi nyata wong sing duwe kawaskithan linuwih “Pangertene sedulur tunggal guru ndika ngenani Ngelmune Resi Doradruwasa kuwi lagi mung sak kulit ayame wae Gus. Satemene dheweke ya ngrumangsani bab kuwi, nanging gandheng rumangsane ora ana wong liya sing luwih ngerti babagan ngelmu iku banjur rumangsa yen sanadyan pangertene ing Ngelmu Sejatining Sih mung sakulit ayam  nanging banjur rumangsa mung dheweke dhewe sing ngerteni babagan kuwi”.

 

“Makaten inggih Guru?” aku matur maneh “lajeng cara menapa  ingkang Guru dhawuhaken langkung sae murih kula kalihan Kang mBok Setyawati saged nguwaosi Ngelmi Sejatining Sih kasebat?”.

 

“nDika lan Ratu ing Kraton Katentreman kudu manunggalake jiwa lan raga dadi siji” wangsulane Guru karo pasuryan sajak wigati “lire, Setyawati kudu  bisa dadi bojone Suwanda lan Suwanda dadia sisihane Setyawati”.

 

Aku ora enggal guneman aweh wangsulan marang apa sing lagi wae didhawuhne guruku iku. Jalaran saupama sing didhawuhne guru iki yekti wis dadi pepenginan sing ora tau leren ngreridhu atiku. Malah saupama aku bisa mengku Kang mBok Setyawati dadi sisihanku ngono, ora sida bisa nyampurnakne ngelmu sing aran Sejatining Sih kuwi aku ya ora rumangsa apa-apa. Upama dikongkon milih, bisa duwe bojo Kang mBok Setyawati apa milih bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih, aku bakal milih Kang mBok Setyawati wae. Lha iki mau kok Guru ndhawuhake yen cara sing luwih becik kanggo bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih tumrapku lan tumrape Kang mBok Setyawati saranane wong lro kudu manunggal dadi bojo. Iki kanggoku temen-temen aran nugraha sing luwih saka sampurna.

 

“Piye Gus?” nedheng-nedhenge aku nggagas apa sing dadi dhawuhe Guru, Guru mundhut pirsa “kira-kira ndika mathuk lan sarujuk karo sing tak kandhakne iki mau apa ora he?”.

 

“Saestu kula remen sanget Bapa” wangsulanku karo mesem semu rada isin “nanging menapa Kang mBok Setyawati ngertos ing prakawis menika?”.

 

“Lha sing bisa aweh wangsulan marang sing ndka takokne keri dhewe iki cetha nek mung sedulur tunggal guru ndika dhewe ta Gus? Nek ndika takon marang aku genah nek ora pas babar pisan” wangsulane Ki Tanpa Aran karo pasuryan sing anyep kaya padatan.

 

“Lha lajeng kados pundi Guru?” aku matur maneh.

 

“Bola-bali kok mung bisa takon piya karo piye wae ta Gus?” Ki Tanpa Aran wangsulan karo nyentak lirih “nek ndika temen-temen nduweni panjangka bisa ngawruhi jatining Ngelmu Sejating Sih lan ngepek bojo wong sing olehe dadi wedok merga digawe dening Resi Doradruwasa kae, ya kudu enggal tumuli dijangkah. Ora kok mung kadospunda-kadospundi ngongo kuwi”.

 

Aneh!. Tembunge guru sing keri iki ana sing temen-temen ora cetha, mosok Kang mBok Setyawati dikandhakne nek olehe dadi wadon merga digawe deningKanjeng Eyang Resi Doradruwasa?  Apa maune Kang mBok Setyawati kae tumitah dadi wong lanang? Banjur disotne dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa dadi wadon? Apa piye?.

 

“Nah, rak tenan ta?” Ki Tanpa Aran nyendhu marang aku.

 

“Ingkang estu menapa Guru?” aku gage takon.

 

“nDika malah ora nggagas carane njangkah tumuju menyang sing ndika jangka, nanging malah nggagas sing oraana gunane babar pisan merga ora ana sambung rapete karo sing ndika pengini” Ki Tanpa Aran wangsulan karo cengar-cengir sajak ngece “karo maneh, ndika kuwi isih seneng mikir kaya wong bodho wae, nek saiki dadi wedok banjur ndika tegesi sadurunge kuwi mesthi lanang, ora mesthi mangkono Gus. Nanging bab iki becik ndika singkirne luwih dhisik saka angen-angen ndika, tinimbang angen-angen digawe repot merga nggagas sing ora ana gunane luwih becik kanggo nggagas nata caa kanggo njangkah murih kasembadan sing ndika jangka!”.

 

 

 

Ana candhake

 

Jumat, 02 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (086)



86.

Aku ora tumuli aweh wangsulan marang pitakone Ki Tanpa Aran kuwi. Jalaran aku isih nggagas, kono kuwi papan ngendi?. Nek nitik ana Ki Tanpa Aran lan Ki Lancur sing mrepegi aku, kira-kira wae anggone Kang mBok Setyawati mbalangne ragaku mau, nganti tekan laladan sing ora adoh karo Padhukuhan Bulak Pandhe sing isih cedhak karo Kutha Majapahit. Nanging mosok iya? Aku disawatake nganti samono adohe? Antarane papan sing disebut klawan jeneng Taman Sendhang Pangayoman karo Kutha Majapahit kuwi adoh banget, yen diparani sarana laku ndharat bisa mbutuhake wektu sepuluh dina luwih.

 

“nDika kuwi isih waras Gus” Ki Tanpa Aran sing pitakone durung tak wangsuli kuwi guneman maneh “upama mencelate raga ndika kuwi nganti tekan Majapahit utawa Bulak Pandhe, mesthi wis ora wutuh maneh. Dadi ndika saiki iki ya isih mapan sing ora adoh karo panggonane wong ayu sing ndika gandrungi kae mau”.

 

Jebul Ki Tanpa Aran nyata wong sing waskitha tenan, tanpa ana sing ngandhani wong sing ketoke ora genep nalare kuwi ngerti sing lagi tak gagas, malah dheweke uga ngerti yen satemene aku banget kayungyun ndulu kasulistyane sedulurku tunggal guru kae.

 

“Ngaturaken genging panuwun awit katranganipun Kyai” aku guneman minangka wangsulan marang apa sing dikandhakne Ki Tanpa Aran lagi wae mau.

 

“Satemene panuwun kaya sing ndika kandhakne kuwi ora pati ana gunane Gus” wangsulane Ki Tanpa Aran karo cengar-cengir “jalaran aku ora mbutuhne, nanging kareben kaya lumrahe wong sing waras nalare, panuwun ndika wis tak tampa. Saiki aku genti sing arep takon, sanajan wangsulan saka pitakonku iki mengko ya ora ana gunane kanggo aku, dadi upama ora ndika wangsuli utawa wangsulan sing ndika wenehne ora jumbuh karo sing ana angen-angen ndika, aku ya ora apa-apa”.

 

Wong setengah tuwa kuwi kumat maneh, omongane dadi sakarepe dhewe. Nanging aku ngerti yen satemene apa sing ana waliking ukara sing diucapake dening Ki Tanpa Aran kuwi ana bab-bab sing satemene wigati. Mula kanthi kurmat aku banjur wangsulan klawan blaka :

 

“Kula badhe nindakaken lampah kados ingkang dipun dhawuhaken dening Kang mBok Setyawati, kados ingkang sampun ndika pirsani Kyai”

 

“Sapa sing ngandhani ndika yen aku wis ngerti omongane Setyawati marang ndika kuwi? Aja kemeruh marang apa sing satemene ora ndika weruhi Gus!” Ki Tanpa Aran guneman karo nyentak krungu wangsulanku sing mangkono kuwi mau.

 

“Inggih nyuwun pangapunten Kyai” aku wangsulan alus “mila boten wonten ingkang nyriyosi, namung awit saking panginten kula kemawon, ingkang adhakanipun ndika sampun pirsa sanadyan boten wonten ingkang atur uninga”.

 

“He he he he” Ki Tanpa Aran ngguyu karo cengar-cengir “ya ngono kuwi kawitane dadi wong gendheng kaya aku iki, seneng percaya marang pangira sing durung nyata mung wewaton pakulinan, nek ndika kepengin sansaya edan ngono kuwi becik banget ditutugne, mengko suwe-suwe ndika rak kaya aku iki he he he”.

 

“Nyuwun pangapunten Kyai” aku gage wae njaluk ngapura lan nyritakne kanthi bares apa sing kudu tak lakoni “estunipun anggen kula dhateng Kraton Katentreman kala wingi menika rak inggih kados ingkang sampun kula aturaken dhateng ndika nika, inggih menika badhe netepi sesanggeman dhateng Kang mBok Ratu. Nanging jebul kula kaanggep lepat, jalaran sampun nerjang pepacuh, damel pejahipun Ki Suwela lan Makara. Wekasan kangge nebus kalepatan kasebat, kula kedah nindakaken lampah Sabar Narima, ingkang dangunipun sekawan dasa dinten kapetang wiwit dinten menika”.

 

“Heh…heh…heh….” Ki Tanpa Aran ngguyu maneh “wong kaya Setyawati ngana kae, rumangsane dheweke ora tau tumindak luput. Dadi nek ana wong kleru gage wae anggone ngluputake, sansaya yen kasampiran wewenang aweh pidana. Kamanga nek nek tak gagas, lakon sing kudu ndika lakoni kuwi kuwih abot tinimbang laku sadurunge. Nanging bawane ndika wis kadhung kayungyun marang pasuryan, dedeg piadeg lan slaga sing memper karo praupan lan solah bawa sing dadi duweke anak prawane Ki Anggara, ndika tanpa mikir dawa tumuli nyaguhi ngono wae. Apa ndika kira-kira kuwawa nindakne laku kuwi kanthi becik lan bener ?. Atake, tiwas ndika lakoni ngaya-ngaya jebul isih diluputne maneh dening Ratu Kraton Katentreman, sing semuci-suci kae?”.

 

Ditakoni ngono kuwi, aku ora bisa aweh wangsulan. Tak gagas-gagas pancen ya ana benere apa sing dikandhakne Ki Tanpa Aran kuwi. Banjur yen aku wis rampung nindakne laku patang puluh dina nanging meksa dianggep durung bener dening Kang mBok Setyawati, mangka gelem ora gelem aku kudu nglakoni maneh laku panebusing kaluputan sing dikandhakne Kang mBok Ratu luwih abot lan luwih suwe maneh nganti matikel-tikel yen ditandhing karo lakon sing lagi wae arep tak ayati iki. Yen mangkono banjur besuk kapan aku bisa kasembadan nampani tuntunan kanggo nyampurnakne ngelmu Sejatining Sih peparinge Kanjeng Eyang Doradruwasa?.

 

“Aku satemene bisa wae aweh pitutur marang ndika, gegayutan karo laku sing kudu ndika lakoni iki Gus” bareng nganti suwe aku ora bisa mangsuli pitakone, Ki Tanpa Aran banjur guneman maneh “nanging aku wedi marang walat, kuwalat merga saka nggonku kumenthus, wani nuturi siswane Resi Suci Doradruwasa sing kabare wis makahyangan, kamangka sing tak tuturi kuwi ya dudu apa-apaku, dudu muridku pisan”.

 

“Menawi makaten menapa Ki Tanpa Aran kersa nampi saupami kula nyuwun murih saged dados siswa jengandika? Saestu kanthi suka gembiraning manah kula badhe nglampahi sedaya dhawuh jengandika Kyai, menawi kula saged katampi dados siswa jengandika” gage wae aku matur, kepengin maguro marang Ki Tanpa Aran.

 

“nDika kepengin dadi muride wong ora waras kaya aku iki?” Ki Tanpa Aran takon karo gumuyu nyekikik.

 

“Kula boten mastani jengandika menika gerah engetan Kyai” wangsulanku alus “lan kula boten badhe mirengaken kojahing tiyang sanes ingkang badhe mada dhateng kula, bakenipun kula sampun pitados bilih kangge nggayuh kasampurnaning gesang menika kula kedah meguru dhateng jengandika Ki Tanpa Aran”.

 

Bubar guneman ngono kuwi aku banjur sujud ing ngrasane Ki Tanpa Aran karo matur :

 

“Dhuh Guru, kaparenga nampi sembah pangabekti saking siswa jengandika pun Suwanda”.

 

“Menawi Gus Wanda ingkang dereng dangu anggenipun tepang kalih ndika, sampun katampi dados siswa, mangka kula ugi nyuwun murih kula ugi saged dados siswa ndika Ki” dumadakan Lancur sing wiwit mau mung meneng wae, bareng weruh aku sujud ing ngrasane Ki Tanpa Aran banjur melu ndheprok banjur niru lekasku, sujud lan njaluk supaya ditampa dadi siswane wong sing kerep ngaku yen duwe nalar ora pati ganep kuwi.

 

“Edan….edan…edan…..” Ki Tanpa Aran grenengan dhewe “kabeh-kabeh wis padha arep edan, merga padha niyat meguru marang wong edan. Nek ngene iki apa ora edan tenan?”.

 

“Guru mugi kaparenga nampi sembah kula pun Suwanda” isih karo sujud aku matur.

 

“Inggih Guru, mugi sembah kula pun Lancur” Lancur nerokne apa sing lagi wae tak kandhakne.

 

“Iya-iya, iya” Ki Tanpa Aran ngguyu ngakak banjur aweh wangsulan “wis tak tampa kabeh, saiki ndika wong loro wis dadi muridku lan wiwit dina iki ndika wong loro wis tak idini sinau dadi wong gendheng kaya aku. Saiki ndika gek padha tangi kabeh merga ora ana gunane suwe-suwe sujud ngono kuwi”.

 

Aku banjur tangi, mapan lungguh, timpuh ing ngarepe Ki Tanpa Aran, Guruku. Lancur uga banjur tumindak sing padha, lunguh timpuh ing prenah mburiku.

 

“gandheng Gus Wanda saiki wis dadi muridku, mangka aku arep aweh tutur, ya kuwi pituture wong edan marang wong gendheng, sing ana sambung rapete karo laku sing didhawuhake dening wong ayu sing jarene duwe nalar sing waras, nanging satemene dhawuh sing diucapake cengkah karo lakuning nalar sing isih waras” Guruku Ki Tanpa Aran banjur wiwit guneman, arep aweh pitutur marang aku, magepokan karo laku sing kudu tak lakoni dhawuh saka Kang mBok Ratu Setyawati.

 

 

 

Ana candhake

Kamis, 01 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (085)


85.

Nganti rada sauntara Kang mBok Setyawati mung kendel karo mesam-mesem dhewe sing nuduhake rasa seneng ing sajroning atine. Sanadyan satemene aku ya ora ngerti apa sing ana sajroning atine Ratu ing Kraton Katentreman iki, nanging pikiranku dadi sansaya nglambrang tekan ngendi-endi. Ing atiku tuwuh pangarep-arep sing ora ana sambung rapete karo sing lagi wae dadi rembug antarane aku karo Kang mBok Ratu. Tuwuhing pangarep-arep ing ati iki, iya jalaran saka saking kepengine atiku sing kayungyun marang kasulistyaning sedulur tunggal guru iki, bisa jumbuh karo sing dikarepake Kang mBok Setyawati. Lire bisaa atiku lan atine Kang mBok Ratu jumbuh lan nunggal karep, aku kapencut marang Kang mBok Setyawati lan Dheweke uga kasengsem marang aku. Kuwi pangarep-arep ing atiku sawuse weruh eseme wong ayu sing pait madu iki.

 

 “Sepisan maneh pun kakang arep takon” nalika angen-angenku wis adoh olehe klambrangan dumadakan Kang mBok Setyawati ngajak guneman “apa sing dikandhakne Dhimas Suwanda lagi wae iki mau bisa tak percaya? Lire, Dhimas Suwanda temen bakal nindake sarat masrut sing bakal tak kandhakne murih Dhimas bisa nampani tuntunan kanggo ngaweruhi Ngelmu Sejatining Sih kuwi?”.

 

“mBok inggih Kang mBok Ratu sampun sanget-sanget anggenipun cubriya kalihan kula” aku wangsulan karo mesem “sanadyan kados menapa, kula menika jejering satriya ingkang kedah saged bawa leksana. Liripun, menapa ingkang sampun kula aturaken tartamtu badhe kula wujudi, sanaosa kedah mawi pangurbanan, sampun malih namung dumugi sakit sanaosa ngantos pejah, kula boten badhe blenja ing kasagahan”.

 

“Bagus!” Kang mBok Setyawati ngalembana, banjur nutugne rembug “jalaran ngene ya Dhimas, yen kongsi si adhi blenja marang kasaguhan, kuwi bisa ndadekne Si Adhi kaanggep luput, lan kanggo ndandani kaluputan kuwi mbutuhake pangorbanan sing gtedhene tikel tekuk saka gedhening pangorbanan sing dadi sarat masrut sing bakal tak kandhakne lan bakal ditindakne Dhimas Suwanda dina iki”.

 

“Inggih Kang mBok” wangsulanku manteb “suwawi enggala kadhawuhaken, menapa ingkang kedah kula lampahi? Kula aturi pitados, sawanci-wanci sampun cetha dhawuhipun Kang mBok Ratu dhateng kula, mangka sanadyan kedah colok lintang sambung obor, dhawuh menika tartamtu kula lampahi” .

 

“Yen mangkono” Kang mBok Ratu wiwit ngadhakne sarat masrut kanggo nebus kaluputan sing wis tak lakoni ya iku gawe patine Ki Suwela lan Makara wingenane kae “kang sapisan, Si Adhi prayoga ngeremne netra, nyawijekne pangrungu, muri hora tumpeng suh nggone Dhimas Suwanda nampa dhawuh sing bakal tak kandhakne”.

 

“Sendika ngestokaken dhawuh” aku wangsulan banjur wiwit ngeremne mripat, nyawijekne pangrungu, mung mligi arep ngrungokne apa sing bakal dikandhakne Kang mBok Setyawati.

 

“Kanggo ngresiki dosa sing wis kebacut dhimas lakoni” Kang mBok wiwit ngandhakne sarat masrut sing mau dikandhakne, sawise aku meneng karo merem “Dhimas kudu nindakne laku sabar lan narima. Lire Dhimas kudu bisa mujudne urip kanthi nglakoni : kang kapisan lila lamun kelangan nora gegetun. Kapindhone trima yen ketaman sakserik sameng dumadi. Dene jangkepe kang kaping telu yaiku Legawa nalangsa lan pasrah marang purbaning Hyang Suksma. Sartane Dhimas kudu tansah ngugemi gegebenganing kapitayan lamun apa kang ana lan dumadi sarta kang tumanduk marang Dhimas Suwanda, kabeh kuwi ora ana sabab liya kajaba mung awit saka kersa Hyang Kang Maha Agung kang tan pisan-pisan kagungan kersa gawe cilakaning titahE. Mula bener laku kang bakal dhimas tindakne iki satuhune laku langgeng kang kudu linakonan dening sanggyaning titah kang murih marang katentremaning urip lan jatining kamulyan langgeng, nanging mung titah kang piniji nampa nugraha wae sing bisa nglakoni, jalaran titah sinandhangan sipat lali iya lali kang tekane awit saka pambujuking hawa nnapsu patang prakara. Mula murih akeh elinge lan sethithik laline, sajroning patang puluh dina iki Dhimas kudu bisa nindakne laku mau lan ora kena lirwa sethithik-sethithika. Lan panggonan kangge nindakne laku patang puluh dina kuwi ora ana ing kene, nanging ing sajabaning wewengkon Kraton Katentreman lan Taman Sendhang Pangayoman. Yen ta apa sing tak kandhakne iki mau temen-temen bisa Dhimas wujudi, mangka sawise lepas saka wektu patang puluh dina,  tanpa Dhimas jaluk, Dhimas bakal katuntun mlebu ing Kraton Katentreman liwat dalan Taman Sendhang Pangayoman lan ing kono bakal tak wiwiti anggonku aweh tuntunan marang Dhimas Suwanda murih ngaweruhi Ngelmu Sejatining Sih. Kajaba saka iku, Dhimas uga bakal nampa kanugrahan agung saka Hyang Suksma Kawekas lumantar pun kakang, embuh apa lan kaya apa wujude pun kakang durung ngaweruhi”.

 

Kang mBok Setyawati mandheg olehe ngandhakne sarat masrut sing kudu tak lakoni. Nanging aku durung wani nyelani guneman apa-apa, aku isih ngenteni mbok menawa isih ana dhawuh liya sing magepokan karo sing arep tak lakoni iki.

 

“Sabanjure” temenan ora suwe Kang mBok Setyawati banjur nutugne olehe guneman “Dhimas Suwanda bakal tak sawatake saka papan  kene, ing ngendi Dhimas tumiba ya ing kono Dhimas kudu miwiti nindakne laku sing tak kandhakne mau”.

 

Krungu kandhane Kang mBok Setyawati sing pungkasan kuwi, aku banjur mbukak mripatku. Tak sawang Ratu Kraton Katentreman sing ayune ngungkuli Sang Hyang Bathari Ratih kuwi wis mudhun saka kursi gadhing sing mau manggon ing awang-awang. Malah saiki wis ngadeg ing ngarepku, neng tangane katon ana angkin ireng ditekuk lan dicekel nganggo tangan kanane. Nanging mung sedhela aku bisa ngulati kahanan kuwi, awit dumadakan angkin ireng kuwi dikebutake marang dhadhaku. Ora ana rasa apa-apa, nanging aku kaya disurung dening kekuwatan sing gedhe, ndadekne panduluku dadi peteng dhedhet lelimengan, babar pisan ora ana cahya sing bisa ndadekne mripatku weruh apa-apa. Jebul ora mung panduluku wae sing dadi peteng, nanging klebu pancadriya lan panca indraku uga dadi ora bisa digunakne, pangganda, pangrungu, pangecap lan pangrasaku babar pisan ilang. Mung angen-angenku sing isih bisa mlaku kanthi rada sampurna.

 

Nganti sawatara suwene kahanan sing tumanduk marang aku kuwi lumaku. Nganti weruh-weruh aku wis ora ana ing papan sing mau tak lungguhi, kang mangkono kuwi ambarengi mbalike pandulu lan pancadriya sarta panca indraku. Aku dadi weruh yen wektu kuwi aku mapan ana dhasaring jurang sing jero, kiwa lan tengenku mung wujud gegampengan sing wangune angel lamun diliwati kanggo munggah, mentas saka dhasar jurang kuwi. Sauntara kupingku krungu suwara sing aneh-aneh saka kiwa tengene papan kuwi, kaya ana suwara guyu carup lan suwara tangis, suwara panjerit lan suwara panggresah wor suh dadi siji, nanging ora cetha dirungokne. Hawa adhem sing krasa njekut wiwit bisa tak rasakne nggremeti ragaku nimbus menyang bebalung lan jerohanku.

 

Nganti suwe aku ora tumindak apa-apa, angen-angenku isih repot nggagas aku iki ana ngendi? Lan aku durung bisa mikir apa sing kudu tak tindakne.

 

“Heh..heh…heh….” dumadakan aku dikagetne anane suwara guyu sing cetha, aku tau ngerti sapa sing kulina ngguyu kaya mangkono kuwi, nanging sapa aku isih lali. Tak sawang arahe suwara guyu, ora katon ana menungsa. Aku banjur ngadeg, arep nyedhaki asale suwara guyu mau kanggo ngerteni sapa satemene sing lagi ngguyu mau.

 

“Dadi wong waras kuwi aja seneng kagetan lan aja dhemen gumunan” dumadakan ing mburiku keprungu wong guneman kanthi suwara sing cetha. Ora sranta aku noleh memburi.

 

“Wis suwe ndika ana kene mau Gus?” jebul sing guneman mau Ki Tanpa Aran, wong sing solah lan slagane kaya wong sing ora ganep nalare kae. Ki Tanpa Aran ngadeg karo mbanda tangan memburi, ditutne Lancur sing kanthi sikep sing padha, mung mripate wae katon manther nyawang marang aku.

 

 

 

Ana candhake.

 

Rabu, 31 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (084)


84.

Sadurunge aku aweh wangsulan marang kabeh pandakwane Kang mBok Setyawati, aku mbutuhake wektu sedhela kanggo nata ukara murih bisa runtut. Kanthi mangkono bakal keprungu yen dirungokne, ora waton muni madoni marang sing ndakwa mung waton ngeyel kaya lumrahe wong rebut bener. Lan sawuse ukara tinata kanthi rapi ing atiku, Kang mBok Setyawati bali tak sawang praupane, saka rumangsaku praupan kuwi sansaya sumunar anelahi, ka[rebawan dening ayuning rupane.

 

“Sira arep omong apa Suwanda?” sadurunge lambeku menga, Kang mBok Setyawati ndhisiki takon karo rada mencereng, ketara yen lagi nesu.

 

“Sedaya ingkang jengandika dhawuhaken kala wau, mila boten wonten ingkang badhe kula selaki” aku wiwit aweh wangsulan “nanging mugi kaemutan Kang mBok, Suwela miwah Makara ingkang sampun pejah kanthi kados ingkang jengandika dhawuhaken menika, saestu boten pantes menawi dipun bela. Jalaran, sampun malih namung dipun pejahi kanthi cara ingkang kados makaten, kapejahana mawi cara ingkang kejemipun tingkel ping sadasa pisan, estu dereng timbang kalihan dosa lan kalepatan ingkang dipun lampahi dening tiyang kalih menika. Dados anggen kula sampun nyidrani kasagahan kula boten badhe damel pepati kasebat, inggih awit kapeksa dening kawontenan, murih jejeging adil. Menapa lepat menawi wonten tiyang ingkang malesaken sakit wirangipun tiyang ingkang luhur pakartinipun dhateng tiyang ingkang culika sarta candhala ing budi kados Suwela kalihan Makara menika?”.

 

“Manis tembungmu Suwanda” Kang mBok Setyawati mesem, sanadyan olehe mesem kasurung rasa sengit, nanging mungguhku esem mau nyata isih pait rasane madu tinimbang eseme wong ayu iki “sira nyoba endha saka pandakwa sing nyata, nanging sumurupa dhawuh saka Kanjeng Eyang Resi mung siji ora kena gawe pepati mung kuwi. Dadi embuh sabab apa ora kena kanggo pawadan kanggo mbenerake yen  nyatane dhawuh kuwi ora bisa sira leksanakne. Karo maneh, sing wenang duwe wewenang ngecakne lakuning pangadilan kuwi ora sadhengah uwong klebu kaya sira kuwi, nanging mung kang sinampiran panguwasa dening Hyang Suksma sing wenang nibakne pidana marang wong sing kaanggep luput. Sartane kawruhana lan ngelingana, yen sira ora lali karo dhawuh piwulange Bapakmu angkat ya Tumenggung Jatikusuma, Gusti Tumenggung nate paring piwulang yen satuhune manawa males ala marang wong tumindak ala, kuwi kabeh dadi ala lan ora ana sing diarani kabecikan. Males kabecikan klawan tumindak sing becik, kuwi aran wis lumrah lan tibane dadi timbang. Yen ana wong sing tumindak ala marang sira, kamangka sira kuwawa males, nanging sira kepara milih asung pangapura lan mbudidaya murih wong ala kuwi bisa bali liwat dalan sing bener temah gelem mertobat lan nggedhekne panggawe becik, ing kono lagi kena diarani sira kuwi klebu siswa sing bisa nglakoni piwulange Panembahan Satiban sing dilunturake marang Tumenggung Jatikusuma sing wekasane diwarahake marang sira. Nanging nyatane piwulang-piwulang kuwi babar pisan ora ana sing sira tindakne. Apa ngono kuwi sing diarani titah kang bisa ngabekti marang guru sarta wong tuwa? He? Suwanda, wangsulana!”.

 

Apa sing dikandhakne Kang mBok Setyawati ngono kuwi, tuhu jumbuh karo unine piwulang sing tau tak tampa saka sawargi Kanjeng Rama Tumenggung. Dadi aku ora bisa umbal guneman kanggo aweh wangsulan kanggo mbenerake tumindakku sing nyatane diarani luput gedhe dening Kang mBok Setyawati sing uga kanthi dhasar piwulang sing tau tak tampa. Nanging nek nitik saka unine piwulang sing diampil dening Kang mBok Setyawati iki mau, kudune nadyan aku wis tumindak luput sing gedhe, isih ana pangarep-arep kanggo nampani pangapura. Isih ana pangarep-arep aku bisa ndandani kaluputan mau minangka srana panebusing dosa. Mula aku banjur duwe gagasan, tinimbang udur rembug sing sayekti tanpa guna, luwih becik aku ngakoni sakehing kaluputanku lan saguh nampa pidana apa wae, waton wekasane aku bisa oleh pangapura banjur Kang mBok Setyawati tumuli aweh tuntunan marang aku magepokan karo ngelmu sing wis tinurunake marang aku dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa nanging durung tak ngerteni apa sing dadi isine, ya kuwi Ngelmu Sejatining Sih. Lan bares wae, wektu kuwi ing angen-angenku satemene bab nampa tuntunan ngelmu kuwi bisa dikandhakne ora pati baku, aku isih luwih kepengin kanthi nampa tuntunan jlentrehing Ngelmu Sejatining Sih iki, bisa dadi sarana nggonku bisa cecaketan karo sedulur tunggal guruku sing wis gawe gonjang-ganjinge atiku iki. Lan sasuwene cecaketan mengko, aku kudu bisa nelukne atine wong ayu iki temah kanthi legawa gelem dadi tetimbanganing uripku.

 

“Dhuh Kang mBok Ratu” wekasan aku guneman, suwaraku tak gawe trenyuh murih bisa nyenggol pangrasane sing taka jak guneman “samangke kula saged angakeni kanthi tulusing manah bilih kula saestu sampun dados titah ingkang duraka lan kebak dosa. Inggih awit saking menika, pejah gesang kula sawetahipun wonten ing asta jengandika Kang mBok Ratu, badhe kadhawahan pidana menapa kemawon wujudipun, kula namung saged pasrah kanthi rila legawaning manah, sadaya badhe kula lampahi kanthi boten badhe angresula, namung mugi wonten sih wilasa saking jengandika Kang mBok Ratu, saderengipun kula pejah mugi Kakang mBok kepareng maringaken tuntunan dhumateng kula murih kula saged mangertosi Ngelmi Sejating Sih piwucal pungkasan dhateng kula saking Kanjeng Eyang Maharsi Doradruwasa”.

 

Wangune tembungku sing tak ucapne nganggo suwara sing nrenyuhake kuwi wis bisa nundhung rasa sengi ting atine wong ayu sing lungguh neng kursi gadhing kang mapan inga wang-awang kuwi. Tak sawang pasuryane Kang mBok Setyawati wis padhang kaya pasuryan sing tau tak sawang sepisanan nalika aku kepethuk ing Keduwang jaman semana. Pasuryan sing katon sumunar kablebet cahya ruruh kang merak ati, pasuryan sing jebles karo praupane Andalu putrane sawargi Wa Anggara ing Bulak Pandhe. Sansaya ngrembaka tuwuhing pangarep-arepku marang kasaguhane Ratu Kraton Katentreman aweh tuntunan marang aku murih bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih.

 

“Dhimas Suwanda” kaya siniram tirta wayu sewindu rasaning atiku krungu tembunge Kang mBok Ratu Setyawati sing dumadakan guneman, nyeluk jenengku nganggo sebutan “dhimas” kanthi suwara sing alus lan endah sing ngungkuli endahing kidungane para hapsari ing kaswargan.

 

“Kawula nuwun inggih Kang mBok?” gurawalan aku tumuli mangsuli.

 

“Satuhune sagedhe-gedhening dosa sing wis dilakoni dening Dhimas Suwanda, yekti isih gedhe pangapura sing kudu dhimas tampani” Kang mBok Setyawati nutugne anggone guneman sing ndadekne senenging atiku.

 

“Kaparenga pun Suwanda ngaturaken sewu gening panuwun Kang mBok” aku tumuli aweh wangsulan karo nyembah lan nungkulake sirah, ing batin surak-surak saking rasa seneng sing tanpa upama sing tak rasakne.

 

“Pun kakang ora bakal nyelaki jejibahan sing kadhawuhake Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa” kang mBok Ratu nutugne anggone ngendika, “ya iku aweh tuntunan marang Dhimas Suwanda murih bisa manunggal klawan Ngelmu Sejating Sih, nanging………”

 

“Nanging kados pundi Kang mBok?” ora sranta aku nugel rembug nganggo pitakonan, jalaran Kang mBok Setyawati ora enggal nutugne tembunge.

 

“Nanging ana sarate” wangsulane Kang mBok Setyawati sabanjure “sawuse Dhimas Suwanda kacemplung ing juranging dosa, Dhimas Suwanda kudu luwih dhisik ngresiki jiwa lan raga, yen wis lagi bisa pun kakang aweh tuntunan marang si Adhi”.

 

“Menapa ingkang kedah kula lampahi Kang mBok?” aku gage semaur “sanadyan saupami kangge ngresiki jiwa lan raga kula saking lumuting dosa kedah mawi sarana dipun obong ing samodraning latu, saestu kanthi suka gambiraning manah pun Suwanda badhe anglampahi ambyur ing samodraning latu kasebat”.

 

Kang mBok ratu ora enggal guneman aweh wangsulan marang kasaguhan sing tak kandhakne iku. Mung ing lathine katon ana esem sing sumringah nuduhne senenging atine, ya esem kuwi sing ndadekne aku sansaya njahe wana, piyang payingan sajroning ati.

 

 

Ana candhake



Selasa, 30 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (083)



83.

Weruh tekane Kang mBok Ratu Setyawati sing lenggah ana kursi gadhing inga wang-awang, sumeleh tanpa landhesan gumantung tanpa canthelan ngono kuwi, Ki Prasanta sing maune ngadeg pasang kuda-kuda siaga ngadhepi aku, banjur ndheprok lungguh neng lemah. Adhepe diinger marang prenahe Kakang mBok Ratu, malah Ki Jurudah sing mau nglemprak, ngglethak sing katon tanpa daya, kanthi trengginas uga banjur tangi lan lungguh kaya patrape Ki Prasanta. Aku sing wiwit pisanan ketemu karo Kang mBok Setyawati wis duwe rasa seneng, senenging priya marang wanita, awit pasuryan, dedeg piadeg sarta slagane Kang mBok Ratu sing babar pisan ora slewah karo Andalu, dadi rada dheg-dhegan. Ana rasa aneh sing nggremet sajroning dhadhaku. Luwih-luwih bareng weruh peranganing gulu mangisor sing ketutupan slendhang tipis rupa ijo maya-maya, lan slendhang kuwi tansah obah kena sumribite angin, ndadekne dhadhaku krasa kumesar. Bares wae, aku banget kasengsem ndulu Kakang mBok Setyawati sing saka rumangsaku luwih ayu tinimbang Bathari Ratih sing jarene dewaning wong ayu ing kahyangan cakrakembang kae. Saking kasengseme atiku, ora krasa aku ndomblong ora kuwawa omong, lali marang sakehing kedadeyan sing lagi wae kelakon, lali marang endahing sesawangan sajroning taman sing mau kober gawe ngungunku.

 

“Suwanda, ya gene sira sing jejer dhayoh, teka wani gawe gendra ing papan kene?” kanthi sorot netra sing landhep, Kang mBok Ratu tanpa tedheng aling-aling nakoni aku.

 

“Nyuwun pangapunten Kang mBok Ratu” karo rada glageban aku aweh wangsulan “inggih saderengipun pangabekti kula mugi kunjuk ing ngarsa jengandika langkung rumiyin. Namung mugi kauningan saha mugi diagung ing pangaksaminipun menawi kula dereng mangertos kalihan dhawuh pangandika jengandika ingkang mastani damel gendra menika”.

 

“Wasis banget sira ngobahne ilat Suwanda?” tanpa mangsuli nggonku atur bekti kang mBok Setyawati semaur sengit, nanging saka rumangsaku pasuryane Kang mBok Setyawati malah wuwuh manise, ndadekne atiku sansaya sengsem ndulu pasuryane “sira wis wani ninggal tata krama lan tumindak murang tata, pamer kasudiran lan kadigdayan, adol gendhung marang kulawarga Kraton Katentreman, nanging sira bisa api-api ora ngerti karo tembungku sing ngandhakne yen sira wis gawe gendra? Licik sira Suwanda!. Apa pancen wis thukul lekas ing atimu nedya nyoba kasekten ana Kraton Katentreman kene he ?”.

 

“Nyuwun pangapunten Kang mBok” kanthi tembung sing alus aku aweh wangsulan “saglugut pinara sasra boten wonten ing manah kula badhe nindakaken kados ingkang jengandika dhawuhaken menika kala wau. Parandene kedadosan antawisipun kula kalihan Ki Jurudah ingkang nembe kemawon menika niki wau, inggih mbok menawi awit saking salah tampi kemawon. Mugi Kang mBok Ratu kersa paring pangaksami dhateng kula pun Suwanda”.

 

“Salah tampa?” Kang mBok Ratu njedhirne lathine, mimbuhi patute, sansaya nengsemake yen disawang “apa mbok kira aku ora weruh kabeh sing wis sira lakoni he?”.

 

“Menapa menika Kang mBok Ratu?”

 

“Ngertia Suwanda” Kang mBok Setyawati guneman maneh “wiwit sira budhal menyang Majapahit sing jarene sira mung kepengin weruh kahanane sawuse Sinuwun Prabu kendhang jengkar saka praja, nanging kanyatane malah sira kanthi ati sing lega wis nyidrani janjimu marang Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sing mbok kandhakne ing ngarepku kae, nganti kedadeyan dina iki kanthi bandha ngelmu gadhuhan lan pusaka silihan sira wis wani murang tata ing papan kene, ora ana sing kliwatan, kabeh wis tak ngerteni. Ngerti?”.

 

Bareng Kang mBok Ratu ngucap kaya mangkono kuwi, aku dadi meneng. Jroning atiku kandha lan sujana yen wis ana wong sing wadul marang Kang mBok Setyawati kanthi gawe crita sing ngayawara. Jalaran saka rumangsaku, aku ora nindakne laku cidra marang Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa kaya sing didakwakake Kang mBok Ratu iki. Mung nek bab anggonku wis kerengan karo Ki Jurudah lan kober tantangt-tantangan karo Ki Prasanta, mbok menawa bisa wae diarani nek aku wis ngendel-ngendelne dumeh kagadhuhan ngelmu kanuragan saka Sawargi Rama Tumenggung lan kaampilan gegaman rupa Keris Kyai Bancik lan Slendhang Sipat.

 

“Ya gene sira ora gage wangsulan Suwanda?” Kang mBok Setyawati bali takon maneh sawuse rada sauntara aku meneng, nggagas apa sing dikandhakne mau.

 

“Makaten Kang mBok” aku wangsulan alon, karo ora leren nggonku nguwasi Kang mBok sing saka rumangsaku saya mencutne ati wae iki “Menawi mekaten ingkang jengandika kersakaken, estu bilih sampun wonten kedadosan salah tampi. Liripun makaten, mila kula akeni menawi kula sampun kerengan kalihan Ki Jurudah ingkang sakalangkung rame, lan menawi menika kula kaanggep lepat, kula saestu namung saged tadhah dosa lan siaga nampi menawi kedah kapringan pidana saking jengandika kang mBok Ratu. Nanging, menawi kula kadakwa sampun nyidrani kasagahan kula dhateng Kanjeng Eyang Panembahan Resi Doradruwasa, kados ingkang kula ucapaken ing ngarsa jengandika, menika saestu boten leres. Malah anggen kula daya-daya sowan mriki menika inggih awit kula badhe netepi kesagahan kula nampi piwucal ngelmu peparingipun Kanjeng Eyang Doradruwasa lumantar tuntunan saking Kang mBok Ratu. Nanging mugi kauningana Kang mBok, sasampunipun kula saged dumugi ing Taman Pangayoman awit saking daya lan pangaribawanipun Kalpika peparing jengandika nenggih Kalpika Mustikaning Tirta, lan kadhawuhan ngrantos timbalan jengandika dumadakan Ki Jurudah rawuh mrepegi kula lan kanthi sikep degsura badhe ngrebat Kalpika Mustikaning Tirta saking tangan kula, satemah dados kerengan kala wau”.

 

“Dadi sira isih kepengin nggadhuh Ngelmu Sejatining Sih kuwi Suwanda?” Kang mBok Setyawati nakoni aku karo mencep, dhadhaku dadi sansaya krasa kumesar. Jroning ati tuwuh gagasan, baya mulyaning uripku yen aku bisa kasembadan mengku sedulur tunggal guruku iki minangka jatukramaku.

 

“Dhuh Kang mBok, kenging menapa boten? Saestu kula anggen kula daya-daya dumugi mriki menika namung badhe nyuwun katuntun dening jengandika murih kula saged maris ngelmu Sejatining Sih menika” wangsulanku alus lan anoraga.

 

“Nadyan satemene sira ora gelem yen tak arani, nanging kanyatan sing ana ora bisa diselaki Suwanda” kandhane Kang mBok Ratu karo mripat sing nyawang praupanku kanthi landhep .

 

“Menapa menika Kang mBok?”

 

“Kaya sing wis tak kandhakne ing ngarep” Kang mBok Setyawati aweh wangsulan, “sira wis nyidrani janjinira dhewe sing sira kandhakne ing ngarepku nalika sira arep budhal menyang Majapahit kae. Ya iku sira saguh netepi piweling saka Eyang Resi Doradruwasa minangka sarat kanggo nampa tuntunan Ngelmu Sejatining Sih, ya iku sasuwene sira durung bisa ngaweruhi werdining Ngelmu Sejatining Sih, sira ora dikeparengake gawe patining titah wujud apa wae utawa dadi sarana matining titah rupa apa wae. Nanging kanyatane, apa sing wis sira tindakake marang Ki Suwela lan Makara, ora mung gawe pati wae sing sira lakoni, nanging malah wis tumindak siya sing ngluwihi wates. Sawise klakon gawe patine Suwela lan Makara kanthi cara sing keliwat siya, isih mbok tambah klawan tumindak sing luwih siya maneh, kanthi mongkog sajroning ati sirahe Suwela lan Makara mbok panjer ing papan kang rame temah gawe giris atine sing padha weruh. Saiki arep nganggo cara apa sira bakal nyelaki apa sing tak kandhakne iki he Suwanda?”.

 

Aku njegreg ora wangsulan, pancen nalika semana, ketang rasa sengit lan nesuku marang Ki Suwela lan Makara sing wis tumindak siya marang Kanjeng Ibi Nyi Tumengung, Wa Nyai Kebayan Bulak Pandhe lan luwih-luwih marang Andalu, aku wis mentala tumindak kaya sing diucapne Kang mBok Ratu mau. Nanging kudune Kang mBok Ratu bisa aweh biji klawan adil, lakon sing tak ntindakne kuwi kabeh mung sadrema aweh piwales, ora merga aku sing seneng tumindak siya lan nistha. Iki sing arep tak kandhakne marang Kang mBok Ratu, kanggo mbuktekne yen ora sawutuhe kabeh kuwi luputku. Luputku bisa dianggep ilang merga anane pawadan sing yekti tinemu ing nalarku.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...