Total Tayangan Halaman

Rabu, 07 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (089)

 


89.

Bebasan nginanga durung abang, ngidua durung asat, Ki Tanpa Aran paring dhawuh marang aku lan Lancur supaya padha ngelekne mripat. Aku pancen ngrasakne ana sing beda, nalika sadurunge aku diprentah ngelekne mripat mau, hawa sakiwa tengene rasane beda adoh karo sadurunge aku ngeremne mripat mau. Hawane krasa atis nanging nyegerake awak. Lan nalika dhawuhe Ki Tanpa Aran kuwi tak tindakne, ya iku aku mbukak mripat sakala aku dadi kelingan papan kuwi. Aku wis tekan ngarep regole Taman Pangayoman. Nanging ana sing aneh. Neng sisihe gapura mlebu sing ana kanan keringe Regol, katon ana macan putih loro cacahe, suing siji njerum ana ing kiwaning regol dene sing siji kanthi sikep kang padha mapan ing satengene regol. Macan putih sing gedhene padha karo kebo babon kuwi ora ana sing nyuwara apa-apa, mung mripate sing abang angatirah katon lagi padha nguwasi aku wong telu. Ora mung kuwi wae, ing  wit asem sing thukul neng mburine regol, ya iku ing plataran Taman, katon ana ula sing gedhene kira-kira sagedeboge gedhang kepok , lagi muletake awake. Mung sirahe ula sing gedhene meh sadandang kanggo adang, katon ndengongok siaga nyander mangsan, mripate uga manther tumuju marang papanku wong telu.

 

“Wis tekan enggon Gus” Guru ngendika marang aku, sauntara tak lirik Lancur katon yen atine lagi gumun carob lang iris merga diulati Macan Putih loro karo ula gedhe.

 

“Inggih Guru” wangsulanku alon tak bacutne karo atur pitakonan “menapa awakipun piyambak badhe mlebet dhateng salebeting taman menika?”.

 

“He he he……” Ki Tanpa Aran ngguyu nyekikik banjur wangsulan “lha iya ngono, wong arep nggoleki sing duwe Taman ya prayogane mlebu wae menyang jero kono, nek konangan sing jaga taman awake dhewe rak banjur diwadulake marang bendarane, wong wenange sing mbau reksa taman iki ya mung wadul thok, ora wenang nyapa utawa tumindak apa-apa marang sapa wae sing bisa mlebu menyang jero taman”.

 

Kanthi wangsulan iki, nuduhake yen Guru wis ngerti banget kahanan lan pranatan taman kono kuwi. Aku banjur duwe gagasan yen satemene antarane Guru karo Kang mBok Setyawati iki duwe sesambungan sing raket, ora-orane kekarone mesthi wis anggone padha tepung.

“Lha mlebetipun liwat pundi Guru?” Lancur matur nyuwun pirsa marang Guru. Kang mangkono mau genah nek lumrah, merga dalan mlebune dijaga dening Macan Putih cacah loro sing gedhene sakebo babon, nadyan katone ora ana sing obah, nanging mripate macan loro kuwi nuduhne yen samekta nubruk lan mbekuk sok sapawa sing wani ngliwati dalan sing lagi dijaga. Lan saupama macan kuwi ora ngganggu gawe, cetha nek ula jinis puspapajang sing gedhene sak wit gedhang kepok lan nggubetake buntute neng wit asem mburi regol kuwi, katon lagi luwe lan mapane neng kono kuwi wangune lagi ngadhang mangsan sing liwat. Tan wurunga nek aku, Ki Tanpa Aran apa dene Lancur kumawani mlebu menyang taman liwat regol mlebu kuwi, bisa-bisa koncatan urip dadi mangsane Macan Putih loro kuwi, utawa nek ora ya klakon diulu dening Ula Gedhe sing lagi luwe kuwi.

 

“nDika rak ya wis weruh dalane mlebu ta Ki Lancur?” Guru wangsulan karo suwara rada nyentak “neng ngendi-endi nggon, gapura sing manggon neng regol ngarep ngono kuwi, nuduhne nek kuwi dalan kanggo mlebu. Ngono wae kok ndadak nganggo takon barang lho?!?”.

 

“Inggih Guru” wangsulane Lancur sajak ora pati seneng karo wangsulane Guru mangkono kuwi mau.

 

“Lha nggih piye?” Guru nyentak maneh “wangsulan ndika kuwi cetha nek ndika arep ngandhakne panemu nanging ndika ora wani, ndika arep kandha nek dudu kuwi wangsulan sing ndika butuhne, nanging ndika ora gelem blaka marang aku, ngono kok ngakune seneng dadi muridku, muride wong sing kondhang nek ora ganep nalare iki?”.

 

“Nyuwun pangapunten Guru” aku nyelani rembug “mbok bilih ingkang dipun kajengaken dening Ki Lancur, awit ing margi mlebet ketingalipun wonten bebaya ingkang ngadhang lampah”.

 

“nDika kuwi ya seneng melu-melu guneman wae ta Gus?” aku disentak dening Ki Tanpa Aran “tak tuturi ya? Dadi wong kuwi sanajan weruh nanging aja banjur seneng kumeruh, wong sing ora butuh ndika wenehi weruh ndika kabari, kuwi sok ndadekne wong-wong ora seneng marang ndika, ngerti?”.

 

“Nyuwun pangapunten Guru” aku wangsulan lirih banjur ndhingkluk.

 

“Mila leres ingkang dipun aturaken Gus Wanda wau Guru” Lancur matur maneh “ing mriku wonten sima kalih ingkang sakebo babon agengipun, lan ing wingking nika ketingal sawer ageng ingkang ketingalipun inggih nembe ngadhang mangsan, menawi awakipun piyambak liwat mriku menapa boten sami kemawon kalihan nglalu Guru?”.

 

“Mula dadi wong kuwi aja sok rumangsa luwih dhisik weruh sadurunge bener-bener ngerti” Ki Tanpa Aran wangsulan karo mesem, ora nyentak-nyentak kaya mau “kanthi anane kucing putih loro karo ula tampar kae, nuduhake yen sing arep ditemoni Gus Wanda kuwi wis ngerti nek awake dhewe arep mrene. Lan dadi wong kuwi aja seneng ngingu pangira ala marang liyan, sanajan mbok menawa sing dikira kuwi mungsuh pisan. Awit satemene pangira kuwi adhakan bisa dadi kanyatan temenan, ana barang becik ndika kira ala mangka sing becik kuwi dening Hyang Agung banjur diowahi dadi ala, merga Hyang Agung kuwi dhemen banget ngabulake apa sing dipengini kawulaNe. Kaya dina iki, Kucing Putih lemu-lemu cacah loro karo ula tampar sing buntute nggubet wit asem kae, bisa uga olehe ana kene merga dikongkon dening sing arep ditemoni Gus Wanda, mapag awake dhewe, yen sing teka wis cetha kuwi bener-bener awake dhewe, mangka titah telu kuwi banjur matur marang bendarane nek awake dhewe wis teka. Nanging nek ndika padha nduwe pangira yen kewan telu kuwi ana kene nedya ngalang-alangi laku ndika, gampang wae Hyang Agung ngowahi kahanan sing dijumbuhne karo sing dadi pangira ndika kuwi. Ngerti?”.

 

“Inggih Guru” aku tumuli atur wangsulan “kula ngertos, ngaturaken genging panuwun awit peparinging pangertosan menika”.

 

“Kula ugi ngaturaken panuwun Guru” Lancur melu matur marang Ki Tanpa Aran.

 

“Ya wis” Guru ngendika maneh, saiki mbalik kaya wong sing ora genep, olehe ngendika karo cengar-cengir sajak ngece “nek wis padha ngerti, saiki ndika banjur kepiye ?”.

 

Aku nyawang Lancur arep njaluk tetimbangan kango atur wangsulan marang pitakone Guru iki. Nanging Lancur malah ngangkat pundhake, nuduhne nek dheweke ya ora ngerti apa sing arep diaturake.

 

“Nyuwun pangapunten Guru” wekasane aku sing atur wangsulan alon-alon “kula kalih Ki Lancur sami ing cublukipun, boten mangertos menapa ingkang kedah kula lampahi. Samangke kaparenga Guru paring dhawuh, kula kalih Ki Lancur kedah kados pundi murih saenipun lampah?”.

 

“He he he” Ki Tanpa Aran ngguyu nyekikik “ndika kabeh kuwi kok banjur gampang wedi kleru ta? Nek gampang kaweden samar nek kleru ngono kuwi ndadekne wong dadi ora pinter, ora gendheng nanging bodho. Merga tenane kanthi wedi yen kleru, ndadekne wong wegah mikir lan wegah tumandang, kamangka wong sing wegah mikir kuwi sing diarani wong goblog, wong goblog kae ora kok merga ora bisa mikir nanging mung sebab ora gelem mikir. Mula sanadyan megurua marang Brahmana sing sundhul langit kawruhe, nek wong ora gelem mikir, selawase ora bakal ilang bodhone.Ngerti?”.

 

Pancen sarwa ora kebeneran omongan karo Guruku sing sok kaya wong ora genep nalare iki. Apa-apa sarwa salah, apa-apa sarwa ora bener. Krungu ngendikane Guru sing ngono kuwi, aku temen-temen banjur rumangsa dadi wong sing bodho dhewe sangalam donya. Mula aku mung bisa meneng, ora bisa guneman apa-apa, bingung apa sing arep tak ucapne murih ora diklerokne dening Guru. Wangune Lancur ya padha karo aku, dheweke malah banjur ndhingkluk nyawang lemah karo ngrapetne lambene.

 

 

 

Ana candhake.


Selasa, 06 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (088)


88.

Sepisan maneh aku diwelehake dening Guruku, pancen aku gampang kepencut marang bab-bab sing satemene ora ana tuna lan bathine yen ta tak gagas, temah rasa kepencut kuwi malah ndadekne aku lali marang apa sing kudune tak pikir lan tak tindakne. Kaya upamane nggagas apa sing dingendikakne Guru mau, ya iku ngenani Kang mBok Setyawati sing diarani Guru olehe dadi wong wadon iya awit saka panggawene Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa iki mau. Ora krasa aku mesem dhewe, ngesemi nggonku duwe pakulinan sing tenane mung ngeceh-eceh dayaning nalar iki mau.

 

“Inggih Guru” wekasan aku banjur matur “mila sampun dados pakulinan, kula menika asring kapencut dhateng prakawis ingkang estunipun boten wonten sambetipun kalihan kula. Inggih awit saking menika, mugi jengandika Guru keparenga tansah anuntun lampah kula murih kula saged ngicali pakulinan ingkang boten wonten ginanipun menika kala wau”.

 

“Ngilangi pakulinan ngono kuwi, ora mbutuhne tuntunan” wangsulane Ki Tanpa Aran ora karo cengengesan kaya adate “nanging mung mbutuhne rasa eling, lire tansah eling marang apa sing kudune dipikir lan ditindakne lan rasa eling kuwi pancen kudu dilatih saka sethithik nanging ajeg, ora kena dhang thek mung sakecandhake. Nanging nek ndika mbutuhne tuntunan saka aku, aku ya ora kabotan waton ndika gelem sabar”.

 

“Inggih Guru, ngaturaken gunging panuwun” aku wangsulan karo nyembah kurmat.

 

“Aku ora mbutuhne panuwun, merga kuwi kuwajiban sing kudu tak tindakne minangka jejering guru marang muride” Ki Tanpa Aran aweh wangsulan karo suwara sengak kaya padatan ngana kae “saiki ndika tak tuduhi piye carane murih ndika bisa enggal kasembadan manunggal karo Ratu Setyawati, kuwi ta satemene sing banget ndika arep-arep? Iya apa ora?”.

 

“Nyuwun pangapunten, mila leres makaten Guru” wangsulanku karo mesem semu ngempet rasa isin. Tak lirik Lancur sing wiwit mau mung ndhingkluk wae, iya melu mesem, embuh mengku karep apa karo eseme si Lancur iki, mbok menawa wae ngesemi aku sing seneng nanging rada kisinan iki.

“Miturut panyawangku, nganti saiki Setyawati kae isih ngugemi karepe sing mung arep urip ijen, lire durung gelem duwe bojo” Ki Tanpa Aran nutugne olehe ngendika “ya neng kono kuwi katon bodhone titah ing jagad iki, kalebu Seyawati sing satemene wola-wali nggagas yen ing kala mangsa tinamtu bojo utawa sisihan kuwi dibutuhake, nanging ajeg gagasane kuwi dipunggel dhewe malah dhasaring atine diapusi dhewe karo pawadan yen sing satemene dibutuhake kuwi bisa dadi pepalang nggone nggayuh kasampurnan”.

 

“Inggih Guru” aku nyela atur “gandheng kula ngrumaosi bilih kula estu taksih cubluk, babar pisan kula pasrah dhateng jengandika Guru, kados pundi murih kasembadaning sedya, dhawuh saking Guru estu badhe kula lampahi kanthi remining manah”.

 

“nDika kudu blaka marang Setyawati” Ki Tanpa Aran paring dhawuh maneh “lire Setyawati kudu ndika kandhani yen ndika wis kepencut marang kasulistyane sarta ndika kepengin mangun kulawarga karo dheweke. Lan ndika kandhani pisan, menawa Setyawati nampik apa sing dadi pepenginan ndika, mangka ndika kudu aweh ngerti yen lekas ndika kepengin ngepek Setyawati dadi sisihan ndika kuwi jalaran nindakne dhawuh saka Hyang Agung sing mbisiki ati ndika, uga ndika jarwani pisan yen murih ndika lan Setyawati bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih kanthi sampurna, ndika lan Setyawati kudu bisa manunggal salakirabi”.

 

“Manawi Kang mBok Ratu panggah boten purun utawi boten pitados ingkang kula criyosaken kados pundi Guru?”

 

“nDika kuwi pancen angel bisane pinter” Ki tanpa Aran mencereng “bola-bali aku wis kandha, dhisikna nggone nggagas sing pantes digagas, tindakna sing pantes ditindakne!. Nanging ndika panggah isih seneng nggagas sing durung wayahe digagas, ya kuwi sing ndadekne randhating jangkah lan laku ndika. Ngerti?” .

 

“Nyuwun pangapunten Guru” aku gage-gage ngakoni luput, wis mikirake kedadean sing jalarane wae durung tak lakoni.

 

“Iya” ki Tanpa Aran wangsulan anyep.

 

“Samangke kaparenga kula badhe bidhal malih dhateng Kraton Katentreman badhe manggihi Kang mBok Setyawati. Boten langkung pangestunipun Guru saha pandonganipun Ki Lancur ingkang kula suwun, mugi-mugi kula saged lebda ing karya” aku banjur pamitan arep nemoni Kang mBok Setyawati maneh.

 

Ki Tanpa Aran, ya Guruku kuwi ora semaur malah banjur cengar-cengir dhewe. Mung Lancur sing tak jaluki dongane, aweh wangsulan :

 

“Inggih Gus, boten langkung kula meling sampun ngantos nilar kaprayitnan, Hyang Agung mugi mayungana tindak jengandika”.

 

Aku banjur ngelus mustikaning kalpika Mustika Tirta peparinge Kang mBok Setyawati nalika samana. Kalpika banjur tak sawang tanpa kedhep binarengan angen-angen sing nyawiji tumuju marang Katon Katentreman. Awit kanthi cara iki, miturut welinge Kang mBok Setyawati jaman semana, mangka Hyang Agung bakal nuduhne dalan lan nuntun marang aku kanggo mlaku menyang Kraton Katentreman sing nduweni Taman sing aran Sendhang Pangayoman kuwi.

 

Nanging nganti suwe nggonku ngingeti sesotyaning Kalpika Mustika Tirta lan ngeningke angen-angen marang Kraton Katentreman, babar pisan ora ana asile. Gegambaraning Kraton Katentreman ora tumuli katon kaya nalika aku bali saka Majapahit wingenane. Nganti wola-wali anggonku mbaleni, nindakne piweling saka Kang mBok Setyawati magepokan karo guna katiyasane Kalpika Mustikaning Tirta, nanging panggah cabar tanpa ana asile.

 

“He he he……..” dumadakan Ki Tanpa Aran ngguyu nyekikik karo ngingeti aku.

 

“Wonten dhawuh Guru?” merga rumangsa digeguyu aku banjur matur, nyuwun dhawuh.

 

“Bola-bali wis dikandhani” Ki tanpa Aran wangsulan, nanging kaya ora ditujokne marang aku, mung grenengan ijen kaya kanggo awake dhewe “aja nemen-nemen olehe dhemen njagakne kaluwihane barang sing mung gaweyane wong, nanging ya meksa nekad wae. Rak wis cetha ta? Tumenggung Jatikusuma biyen nate kandha : ora aran kedadeyane, barang sing sing diejibne mungguh sing dadi kamandene, jebul bareng kapengkoking panca baya ubayane mung ambalenjani?”.

 

“Leres ingkang dados dhawuh jengandika menika Guru” aku mangsuli alon.

 

“Aku mung nerokne apa sing dadi pituture Bapak ndika angkat wae kok” Ki Tanpa Aran semaur karo mesem “ndika saiki wis ngerti dhewe, wektu iki nganti tekan suk kapan ora ana sing ngerti, sedulur tunggal guru ndika kuwi ora lila nek ndika ngancik wewengkon kratone. Mula murih wong kuwi ngerti nek sing duwe kaluwihan ora mung dheweke thok, ndika arep tak terne menyang Kratone Setyawati sing dalane durung ndika ngerteni kuwi”.

“Ngaturaken geng panuwun Guru” aku wangsulan karo neng ati rumangsa mongkog duwe guru kaya Ki tanpa Aran sing migatekne banget marang siswane iki.

 

“nDika tak kandhani pisan” Ki Tanpa Aran ngendika maneh “tenane Setyawati kuwi mapane wis ora ana ing jagad nyata maneh, nanging neng alam maya. Samono uga karo kraton lan patamanane ya manggon neng alam maya sing ana ing waliking alam kang kasat mata iki, mula ndika arep tak terne mrana lan tak rojongi apa sing ndika karepake iki”.

 

“Inggih Guru, kula namung saged ndherek ingkang dados dhawuh jengandika” wangsulanku.

 

“Ki Lancur, ndika ndang tata-tata ngambah dalan sing diliwati mau, ayo ngeterne Gusa Wanda menyang Kraton Katentreman” Ki Tanpa Aran banjur paring dhawuh marang Lancur, dijak budhal ngeterne aku.

 

“Inggih Guru, suwawi kula dherekaken” wangsulane lancur banjur ngadeg.

 

Saka waliking klambi sing dienggo, Ki Tanpa Aran ngetokne slendhang sutra, rupane ijo, dicekeli pas ing tengah. Banjur dhawuh marang aku supaya melu nyekeli pucuking slendhang rupa ijo kuwi, sauntara Lancur didhawuhi supaya nyekeli pucuk sijine.

 

“Wis saiki ndika sakloron padha meneng lan padha merem kabeh, nek bisa ambegane rada diampet, merga iki arep tak jak ngambah dalan sing arang diliwati menungsa!” dhawuhe Ki tanpa Aran maneh sawuse aku lan Lancur padha nyekeli pucuking selendhang.

 

 

Ana candhake.

 

Minggu, 04 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (087)

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI

 

Kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

 

87.

Mau Ki Tanpa Aran ngendikakake yen Kang mBok Setyawati kuwi nduweni sipat semuci-suci, lire dhemen ngluputake liyan lan dumeh kasampiran panguwasa banjur dhemen sakepenake nibakne paukuman marang sing dianggep luput tanpa gelem ngrumangsani yen satemene kaluputan kuwi mung kaluputan sing lumrah. Mula aku banjur kepengin banget ngrungokne pituture guruku iki murih aku ora bola-bali diluputake dening Kang mBok sing temene mung kajibah aweh tuntunan marang aku. Lan aku enggal bisa mangwasani ngelmu peparinge Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa, kang sinebut Ngelmu Sejatining Sih kuwi.

 

“Tenane rak ngene ta Gus” Ki Tanpa Aran wiwit ngendika “ngelmu sing diarani Sejatining Sih peparinge Resi Doradruwasa marang ndika kuwi, temene mung ngelmu lumrah wujude laku sing kudu ndika tindakne sajroning ngayahi kuwajiban urip neng jagad padhang iki. Lan kanggo mangerteni laku kuwi, ora kudu nganggo sarat sing angel lan abot kaya sing dikandhakne Ratu Kraton Katentreman kae. Aku dhewe uga wis ngerteni mungguh sari pathine Ngelmu kuwi, dadi saupama Ratu Kraton Pangayoman kae ora gelem aweh tuntunan marang ndika, kuwi ora apa-apa, mengko aku sing bakal nuntun ndika murih bisa mangwasani Ngelmu pethingane Resi Doradruwasa kuwi”.

 

“Menawi makaten kula namung saged ngaturaken gunging panuwun Guru” aku rumangsa seneng krungu ngendikane Ki Tanpa Aran sing arep aweh tuntunan marang aku kalamun ta Kang mBok Ratu ora gelem nenuntun marang aku jalaran aku diangep durung resik saka dosa lan kaluputan sing wis kebacut tak tindakne “lajeng menapa ingkang kedah kula lampahi Guru?”.

 

“Kaya sing wis dikandhakne Setyawati marang ndika, ya iku ndika kudu nindakne laku sabar lan narima, nanging iya mung sakuwasa lan sakuwat ndika wae, Jalaran laku Sabar narima kaya sing dikandhakne Setyawati marang ndika kae, katone ora ana titah sing kuwawa nglakono kanthi sampurna. Nanging ndika kudu bisa ngaweruhi uga, ana wewadi apa dene Resi Doradruwasa matah marang Setyawati murih ndika katuntun kanggo ngaweruhi sejatining Ngelmu Sejatining Sih kuwi” Ki Tanpa Aran aweh wangsulan lan ngandhani yen ana wewadi sing durung tak ngerteni.

 

“Lajeng wewadi menika wujud menapa Guru?” aku matur kepengin ngerti.

“Resi Doradruwasa wis uninga yen wanita sing ndika tresnani nalika ndika tinggal lunga menyang Kedhuwang kae wis sirna jalaran saka budi candhalane Makara” Guru paring katrangan ngenani wewadi sing tak takokne “kamangka Resi Doradruwasa uga luwih uninga yen satemene bareng karo dikubure ragane Andalu, aluse anak prawane Anggara kuwi wis tinuntun dening Resi Doradruwasa supaya manunggal marang muride sing jeneng Setyawati kuwi. Mula dadi ora nggumunake yen ndika banjur kayungyun marang Setyawati wiwit nalika weruh kang kapisan kae. Mula Resi Doradruwasa sengaja ora nyampurnakne anggone paring wejangan marang ndika, malah banjur mrintah marang Setyawati supaya aweh tuntunan marang ndika, kang mangkono kuwi mung sarana sing ditempuh dening Guru ndika kuwi kanggo nyawijekne katresnan ndika marang aluse Andalu sing samengko manunggal karo Setyawati, mung emane Resi Doradruwasa sing satemene ratune wong waskitha kae kalepyan paningale temah ora metung yen ing sajroning Setyawati kajaba ana aluse Andalu uga ana alus liyane sing manggon luwih dhisik sing uga nduweni katresnane dhewe sing wujude dudu Raden Bagus Suwanda sing ditresnani Andalu”.

 

Aku manthuk-manthuk, lan banget nggonku eram ngaweruhi kawaskithane Ki Tanpa Aran sing ws nuduhne wewadi sing sasuwene iki babar pisan ora tau tak gagas. Wewadi sing wujud kawaskithan lan kawicaksanane Eyang Resi Doradruwasa.

 

“Sabanjure Gus” Ki Tanpa Aran nutugne anggone ngendika “temene ana cara sing luwih becik murih ndika apa dene Setyawati bisa mangwasani Ngelmu Pethingane Resi Doradruwasa sing aran Sejatining Sih kuwi”.

 

“Nuwun sewu Guru” aku nyela rembug “menapa Kang mBok Setyawati dereng sampurna anggenipun mangertosi ngelmi menika?”.

 

“He he he…….” Ki Tanpa Aran ngguyu, kaya padatan guyune ya memper guyune wong sing ora waras nalare ngana kae, kamangka iki mau wis sauntara anggone ngendika wis cetha ora nuduhne yen panjenengane kuwi wong sing ora ganep nalare, nanging malah nuduhne yen panjenengane kuwi nyata wong sing duwe kawaskithan linuwih “Pangertene sedulur tunggal guru ndika ngenani Ngelmune Resi Doradruwasa kuwi lagi mung sak kulit ayame wae Gus. Satemene dheweke ya ngrumangsani bab kuwi, nanging gandheng rumangsane ora ana wong liya sing luwih ngerti babagan ngelmu iku banjur rumangsa yen sanadyan pangertene ing Ngelmu Sejatining Sih mung sakulit ayam  nanging banjur rumangsa mung dheweke dhewe sing ngerteni babagan kuwi”.

 

“Makaten inggih Guru?” aku matur maneh “lajeng cara menapa  ingkang Guru dhawuhaken langkung sae murih kula kalihan Kang mBok Setyawati saged nguwaosi Ngelmi Sejatining Sih kasebat?”.

 

“nDika lan Ratu ing Kraton Katentreman kudu manunggalake jiwa lan raga dadi siji” wangsulane Guru karo pasuryan sajak wigati “lire, Setyawati kudu  bisa dadi bojone Suwanda lan Suwanda dadia sisihane Setyawati”.

 

Aku ora enggal guneman aweh wangsulan marang apa sing lagi wae didhawuhne guruku iku. Jalaran saupama sing didhawuhne guru iki yekti wis dadi pepenginan sing ora tau leren ngreridhu atiku. Malah saupama aku bisa mengku Kang mBok Setyawati dadi sisihanku ngono, ora sida bisa nyampurnakne ngelmu sing aran Sejatining Sih kuwi aku ya ora rumangsa apa-apa. Upama dikongkon milih, bisa duwe bojo Kang mBok Setyawati apa milih bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih, aku bakal milih Kang mBok Setyawati wae. Lha iki mau kok Guru ndhawuhake yen cara sing luwih becik kanggo bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih tumrapku lan tumrape Kang mBok Setyawati saranane wong lro kudu manunggal dadi bojo. Iki kanggoku temen-temen aran nugraha sing luwih saka sampurna.

 

“Piye Gus?” nedheng-nedhenge aku nggagas apa sing dadi dhawuhe Guru, Guru mundhut pirsa “kira-kira ndika mathuk lan sarujuk karo sing tak kandhakne iki mau apa ora he?”.

 

“Saestu kula remen sanget Bapa” wangsulanku karo mesem semu rada isin “nanging menapa Kang mBok Setyawati ngertos ing prakawis menika?”.

 

“Lha sing bisa aweh wangsulan marang sing ndka takokne keri dhewe iki cetha nek mung sedulur tunggal guru ndika dhewe ta Gus? Nek ndika takon marang aku genah nek ora pas babar pisan” wangsulane Ki Tanpa Aran karo pasuryan sing anyep kaya padatan.

 

“Lha lajeng kados pundi Guru?” aku matur maneh.

 

“Bola-bali kok mung bisa takon piya karo piye wae ta Gus?” Ki Tanpa Aran wangsulan karo nyentak lirih “nek ndika temen-temen nduweni panjangka bisa ngawruhi jatining Ngelmu Sejating Sih lan ngepek bojo wong sing olehe dadi wedok merga digawe dening Resi Doradruwasa kae, ya kudu enggal tumuli dijangkah. Ora kok mung kadospunda-kadospundi ngongo kuwi”.

 

Aneh!. Tembunge guru sing keri iki ana sing temen-temen ora cetha, mosok Kang mBok Setyawati dikandhakne nek olehe dadi wadon merga digawe deningKanjeng Eyang Resi Doradruwasa?  Apa maune Kang mBok Setyawati kae tumitah dadi wong lanang? Banjur disotne dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa dadi wadon? Apa piye?.

 

“Nah, rak tenan ta?” Ki Tanpa Aran nyendhu marang aku.

 

“Ingkang estu menapa Guru?” aku gage takon.

 

“nDika malah ora nggagas carane njangkah tumuju menyang sing ndika jangka, nanging malah nggagas sing oraana gunane babar pisan merga ora ana sambung rapete karo sing ndika pengini” Ki Tanpa Aran wangsulan karo cengar-cengir sajak ngece “karo maneh, ndika kuwi isih seneng mikir kaya wong bodho wae, nek saiki dadi wedok banjur ndika tegesi sadurunge kuwi mesthi lanang, ora mesthi mangkono Gus. Nanging bab iki becik ndika singkirne luwih dhisik saka angen-angen ndika, tinimbang angen-angen digawe repot merga nggagas sing ora ana gunane luwih becik kanggo nggagas nata caa kanggo njangkah murih kasembadan sing ndika jangka!”.

 

 

 

Ana candhake

 

Jumat, 02 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (086)



86.

Aku ora tumuli aweh wangsulan marang pitakone Ki Tanpa Aran kuwi. Jalaran aku isih nggagas, kono kuwi papan ngendi?. Nek nitik ana Ki Tanpa Aran lan Ki Lancur sing mrepegi aku, kira-kira wae anggone Kang mBok Setyawati mbalangne ragaku mau, nganti tekan laladan sing ora adoh karo Padhukuhan Bulak Pandhe sing isih cedhak karo Kutha Majapahit. Nanging mosok iya? Aku disawatake nganti samono adohe? Antarane papan sing disebut klawan jeneng Taman Sendhang Pangayoman karo Kutha Majapahit kuwi adoh banget, yen diparani sarana laku ndharat bisa mbutuhake wektu sepuluh dina luwih.

 

“nDika kuwi isih waras Gus” Ki Tanpa Aran sing pitakone durung tak wangsuli kuwi guneman maneh “upama mencelate raga ndika kuwi nganti tekan Majapahit utawa Bulak Pandhe, mesthi wis ora wutuh maneh. Dadi ndika saiki iki ya isih mapan sing ora adoh karo panggonane wong ayu sing ndika gandrungi kae mau”.

 

Jebul Ki Tanpa Aran nyata wong sing waskitha tenan, tanpa ana sing ngandhani wong sing ketoke ora genep nalare kuwi ngerti sing lagi tak gagas, malah dheweke uga ngerti yen satemene aku banget kayungyun ndulu kasulistyane sedulurku tunggal guru kae.

 

“Ngaturaken genging panuwun awit katranganipun Kyai” aku guneman minangka wangsulan marang apa sing dikandhakne Ki Tanpa Aran lagi wae mau.

 

“Satemene panuwun kaya sing ndika kandhakne kuwi ora pati ana gunane Gus” wangsulane Ki Tanpa Aran karo cengar-cengir “jalaran aku ora mbutuhne, nanging kareben kaya lumrahe wong sing waras nalare, panuwun ndika wis tak tampa. Saiki aku genti sing arep takon, sanajan wangsulan saka pitakonku iki mengko ya ora ana gunane kanggo aku, dadi upama ora ndika wangsuli utawa wangsulan sing ndika wenehne ora jumbuh karo sing ana angen-angen ndika, aku ya ora apa-apa”.

 

Wong setengah tuwa kuwi kumat maneh, omongane dadi sakarepe dhewe. Nanging aku ngerti yen satemene apa sing ana waliking ukara sing diucapake dening Ki Tanpa Aran kuwi ana bab-bab sing satemene wigati. Mula kanthi kurmat aku banjur wangsulan klawan blaka :

 

“Kula badhe nindakaken lampah kados ingkang dipun dhawuhaken dening Kang mBok Setyawati, kados ingkang sampun ndika pirsani Kyai”

 

“Sapa sing ngandhani ndika yen aku wis ngerti omongane Setyawati marang ndika kuwi? Aja kemeruh marang apa sing satemene ora ndika weruhi Gus!” Ki Tanpa Aran guneman karo nyentak krungu wangsulanku sing mangkono kuwi mau.

 

“Inggih nyuwun pangapunten Kyai” aku wangsulan alus “mila boten wonten ingkang nyriyosi, namung awit saking panginten kula kemawon, ingkang adhakanipun ndika sampun pirsa sanadyan boten wonten ingkang atur uninga”.

 

“He he he he” Ki Tanpa Aran ngguyu karo cengar-cengir “ya ngono kuwi kawitane dadi wong gendheng kaya aku iki, seneng percaya marang pangira sing durung nyata mung wewaton pakulinan, nek ndika kepengin sansaya edan ngono kuwi becik banget ditutugne, mengko suwe-suwe ndika rak kaya aku iki he he he”.

 

“Nyuwun pangapunten Kyai” aku gage wae njaluk ngapura lan nyritakne kanthi bares apa sing kudu tak lakoni “estunipun anggen kula dhateng Kraton Katentreman kala wingi menika rak inggih kados ingkang sampun kula aturaken dhateng ndika nika, inggih menika badhe netepi sesanggeman dhateng Kang mBok Ratu. Nanging jebul kula kaanggep lepat, jalaran sampun nerjang pepacuh, damel pejahipun Ki Suwela lan Makara. Wekasan kangge nebus kalepatan kasebat, kula kedah nindakaken lampah Sabar Narima, ingkang dangunipun sekawan dasa dinten kapetang wiwit dinten menika”.

 

“Heh…heh…heh….” Ki Tanpa Aran ngguyu maneh “wong kaya Setyawati ngana kae, rumangsane dheweke ora tau tumindak luput. Dadi nek ana wong kleru gage wae anggone ngluputake, sansaya yen kasampiran wewenang aweh pidana. Kamanga nek nek tak gagas, lakon sing kudu ndika lakoni kuwi kuwih abot tinimbang laku sadurunge. Nanging bawane ndika wis kadhung kayungyun marang pasuryan, dedeg piadeg lan slaga sing memper karo praupan lan solah bawa sing dadi duweke anak prawane Ki Anggara, ndika tanpa mikir dawa tumuli nyaguhi ngono wae. Apa ndika kira-kira kuwawa nindakne laku kuwi kanthi becik lan bener ?. Atake, tiwas ndika lakoni ngaya-ngaya jebul isih diluputne maneh dening Ratu Kraton Katentreman, sing semuci-suci kae?”.

 

Ditakoni ngono kuwi, aku ora bisa aweh wangsulan. Tak gagas-gagas pancen ya ana benere apa sing dikandhakne Ki Tanpa Aran kuwi. Banjur yen aku wis rampung nindakne laku patang puluh dina nanging meksa dianggep durung bener dening Kang mBok Setyawati, mangka gelem ora gelem aku kudu nglakoni maneh laku panebusing kaluputan sing dikandhakne Kang mBok Ratu luwih abot lan luwih suwe maneh nganti matikel-tikel yen ditandhing karo lakon sing lagi wae arep tak ayati iki. Yen mangkono banjur besuk kapan aku bisa kasembadan nampani tuntunan kanggo nyampurnakne ngelmu Sejatining Sih peparinge Kanjeng Eyang Doradruwasa?.

 

“Aku satemene bisa wae aweh pitutur marang ndika, gegayutan karo laku sing kudu ndika lakoni iki Gus” bareng nganti suwe aku ora bisa mangsuli pitakone, Ki Tanpa Aran banjur guneman maneh “nanging aku wedi marang walat, kuwalat merga saka nggonku kumenthus, wani nuturi siswane Resi Suci Doradruwasa sing kabare wis makahyangan, kamangka sing tak tuturi kuwi ya dudu apa-apaku, dudu muridku pisan”.

 

“Menawi makaten menapa Ki Tanpa Aran kersa nampi saupami kula nyuwun murih saged dados siswa jengandika? Saestu kanthi suka gembiraning manah kula badhe nglampahi sedaya dhawuh jengandika Kyai, menawi kula saged katampi dados siswa jengandika” gage wae aku matur, kepengin maguro marang Ki Tanpa Aran.

 

“nDika kepengin dadi muride wong ora waras kaya aku iki?” Ki Tanpa Aran takon karo gumuyu nyekikik.

 

“Kula boten mastani jengandika menika gerah engetan Kyai” wangsulanku alus “lan kula boten badhe mirengaken kojahing tiyang sanes ingkang badhe mada dhateng kula, bakenipun kula sampun pitados bilih kangge nggayuh kasampurnaning gesang menika kula kedah meguru dhateng jengandika Ki Tanpa Aran”.

 

Bubar guneman ngono kuwi aku banjur sujud ing ngrasane Ki Tanpa Aran karo matur :

 

“Dhuh Guru, kaparenga nampi sembah pangabekti saking siswa jengandika pun Suwanda”.

 

“Menawi Gus Wanda ingkang dereng dangu anggenipun tepang kalih ndika, sampun katampi dados siswa, mangka kula ugi nyuwun murih kula ugi saged dados siswa ndika Ki” dumadakan Lancur sing wiwit mau mung meneng wae, bareng weruh aku sujud ing ngrasane Ki Tanpa Aran banjur melu ndheprok banjur niru lekasku, sujud lan njaluk supaya ditampa dadi siswane wong sing kerep ngaku yen duwe nalar ora pati ganep kuwi.

 

“Edan….edan…edan…..” Ki Tanpa Aran grenengan dhewe “kabeh-kabeh wis padha arep edan, merga padha niyat meguru marang wong edan. Nek ngene iki apa ora edan tenan?”.

 

“Guru mugi kaparenga nampi sembah kula pun Suwanda” isih karo sujud aku matur.

 

“Inggih Guru, mugi sembah kula pun Lancur” Lancur nerokne apa sing lagi wae tak kandhakne.

 

“Iya-iya, iya” Ki Tanpa Aran ngguyu ngakak banjur aweh wangsulan “wis tak tampa kabeh, saiki ndika wong loro wis dadi muridku lan wiwit dina iki ndika wong loro wis tak idini sinau dadi wong gendheng kaya aku. Saiki ndika gek padha tangi kabeh merga ora ana gunane suwe-suwe sujud ngono kuwi”.

 

Aku banjur tangi, mapan lungguh, timpuh ing ngarepe Ki Tanpa Aran, Guruku. Lancur uga banjur tumindak sing padha, lunguh timpuh ing prenah mburiku.

 

“gandheng Gus Wanda saiki wis dadi muridku, mangka aku arep aweh tutur, ya kuwi pituture wong edan marang wong gendheng, sing ana sambung rapete karo laku sing didhawuhake dening wong ayu sing jarene duwe nalar sing waras, nanging satemene dhawuh sing diucapake cengkah karo lakuning nalar sing isih waras” Guruku Ki Tanpa Aran banjur wiwit guneman, arep aweh pitutur marang aku, magepokan karo laku sing kudu tak lakoni dhawuh saka Kang mBok Ratu Setyawati.

 

 

 

Ana candhake

Kamis, 01 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (085)


85.

Nganti rada sauntara Kang mBok Setyawati mung kendel karo mesam-mesem dhewe sing nuduhake rasa seneng ing sajroning atine. Sanadyan satemene aku ya ora ngerti apa sing ana sajroning atine Ratu ing Kraton Katentreman iki, nanging pikiranku dadi sansaya nglambrang tekan ngendi-endi. Ing atiku tuwuh pangarep-arep sing ora ana sambung rapete karo sing lagi wae dadi rembug antarane aku karo Kang mBok Ratu. Tuwuhing pangarep-arep ing ati iki, iya jalaran saka saking kepengine atiku sing kayungyun marang kasulistyaning sedulur tunggal guru iki, bisa jumbuh karo sing dikarepake Kang mBok Setyawati. Lire bisaa atiku lan atine Kang mBok Ratu jumbuh lan nunggal karep, aku kapencut marang Kang mBok Setyawati lan Dheweke uga kasengsem marang aku. Kuwi pangarep-arep ing atiku sawuse weruh eseme wong ayu sing pait madu iki.

 

 “Sepisan maneh pun kakang arep takon” nalika angen-angenku wis adoh olehe klambrangan dumadakan Kang mBok Setyawati ngajak guneman “apa sing dikandhakne Dhimas Suwanda lagi wae iki mau bisa tak percaya? Lire, Dhimas Suwanda temen bakal nindake sarat masrut sing bakal tak kandhakne murih Dhimas bisa nampani tuntunan kanggo ngaweruhi Ngelmu Sejatining Sih kuwi?”.

 

“mBok inggih Kang mBok Ratu sampun sanget-sanget anggenipun cubriya kalihan kula” aku wangsulan karo mesem “sanadyan kados menapa, kula menika jejering satriya ingkang kedah saged bawa leksana. Liripun, menapa ingkang sampun kula aturaken tartamtu badhe kula wujudi, sanaosa kedah mawi pangurbanan, sampun malih namung dumugi sakit sanaosa ngantos pejah, kula boten badhe blenja ing kasagahan”.

 

“Bagus!” Kang mBok Setyawati ngalembana, banjur nutugne rembug “jalaran ngene ya Dhimas, yen kongsi si adhi blenja marang kasaguhan, kuwi bisa ndadekne Si Adhi kaanggep luput, lan kanggo ndandani kaluputan kuwi mbutuhake pangorbanan sing gtedhene tikel tekuk saka gedhening pangorbanan sing dadi sarat masrut sing bakal tak kandhakne lan bakal ditindakne Dhimas Suwanda dina iki”.

 

“Inggih Kang mBok” wangsulanku manteb “suwawi enggala kadhawuhaken, menapa ingkang kedah kula lampahi? Kula aturi pitados, sawanci-wanci sampun cetha dhawuhipun Kang mBok Ratu dhateng kula, mangka sanadyan kedah colok lintang sambung obor, dhawuh menika tartamtu kula lampahi” .

 

“Yen mangkono” Kang mBok Ratu wiwit ngadhakne sarat masrut kanggo nebus kaluputan sing wis tak lakoni ya iku gawe patine Ki Suwela lan Makara wingenane kae “kang sapisan, Si Adhi prayoga ngeremne netra, nyawijekne pangrungu, muri hora tumpeng suh nggone Dhimas Suwanda nampa dhawuh sing bakal tak kandhakne”.

 

“Sendika ngestokaken dhawuh” aku wangsulan banjur wiwit ngeremne mripat, nyawijekne pangrungu, mung mligi arep ngrungokne apa sing bakal dikandhakne Kang mBok Setyawati.

 

“Kanggo ngresiki dosa sing wis kebacut dhimas lakoni” Kang mBok wiwit ngandhakne sarat masrut sing mau dikandhakne, sawise aku meneng karo merem “Dhimas kudu nindakne laku sabar lan narima. Lire Dhimas kudu bisa mujudne urip kanthi nglakoni : kang kapisan lila lamun kelangan nora gegetun. Kapindhone trima yen ketaman sakserik sameng dumadi. Dene jangkepe kang kaping telu yaiku Legawa nalangsa lan pasrah marang purbaning Hyang Suksma. Sartane Dhimas kudu tansah ngugemi gegebenganing kapitayan lamun apa kang ana lan dumadi sarta kang tumanduk marang Dhimas Suwanda, kabeh kuwi ora ana sabab liya kajaba mung awit saka kersa Hyang Kang Maha Agung kang tan pisan-pisan kagungan kersa gawe cilakaning titahE. Mula bener laku kang bakal dhimas tindakne iki satuhune laku langgeng kang kudu linakonan dening sanggyaning titah kang murih marang katentremaning urip lan jatining kamulyan langgeng, nanging mung titah kang piniji nampa nugraha wae sing bisa nglakoni, jalaran titah sinandhangan sipat lali iya lali kang tekane awit saka pambujuking hawa nnapsu patang prakara. Mula murih akeh elinge lan sethithik laline, sajroning patang puluh dina iki Dhimas kudu bisa nindakne laku mau lan ora kena lirwa sethithik-sethithika. Lan panggonan kangge nindakne laku patang puluh dina kuwi ora ana ing kene, nanging ing sajabaning wewengkon Kraton Katentreman lan Taman Sendhang Pangayoman. Yen ta apa sing tak kandhakne iki mau temen-temen bisa Dhimas wujudi, mangka sawise lepas saka wektu patang puluh dina,  tanpa Dhimas jaluk, Dhimas bakal katuntun mlebu ing Kraton Katentreman liwat dalan Taman Sendhang Pangayoman lan ing kono bakal tak wiwiti anggonku aweh tuntunan marang Dhimas Suwanda murih ngaweruhi Ngelmu Sejatining Sih. Kajaba saka iku, Dhimas uga bakal nampa kanugrahan agung saka Hyang Suksma Kawekas lumantar pun kakang, embuh apa lan kaya apa wujude pun kakang durung ngaweruhi”.

 

Kang mBok Setyawati mandheg olehe ngandhakne sarat masrut sing kudu tak lakoni. Nanging aku durung wani nyelani guneman apa-apa, aku isih ngenteni mbok menawa isih ana dhawuh liya sing magepokan karo sing arep tak lakoni iki.

 

“Sabanjure” temenan ora suwe Kang mBok Setyawati banjur nutugne olehe guneman “Dhimas Suwanda bakal tak sawatake saka papan  kene, ing ngendi Dhimas tumiba ya ing kono Dhimas kudu miwiti nindakne laku sing tak kandhakne mau”.

 

Krungu kandhane Kang mBok Setyawati sing pungkasan kuwi, aku banjur mbukak mripatku. Tak sawang Ratu Kraton Katentreman sing ayune ngungkuli Sang Hyang Bathari Ratih kuwi wis mudhun saka kursi gadhing sing mau manggon ing awang-awang. Malah saiki wis ngadeg ing ngarepku, neng tangane katon ana angkin ireng ditekuk lan dicekel nganggo tangan kanane. Nanging mung sedhela aku bisa ngulati kahanan kuwi, awit dumadakan angkin ireng kuwi dikebutake marang dhadhaku. Ora ana rasa apa-apa, nanging aku kaya disurung dening kekuwatan sing gedhe, ndadekne panduluku dadi peteng dhedhet lelimengan, babar pisan ora ana cahya sing bisa ndadekne mripatku weruh apa-apa. Jebul ora mung panduluku wae sing dadi peteng, nanging klebu pancadriya lan panca indraku uga dadi ora bisa digunakne, pangganda, pangrungu, pangecap lan pangrasaku babar pisan ilang. Mung angen-angenku sing isih bisa mlaku kanthi rada sampurna.

 

Nganti sawatara suwene kahanan sing tumanduk marang aku kuwi lumaku. Nganti weruh-weruh aku wis ora ana ing papan sing mau tak lungguhi, kang mangkono kuwi ambarengi mbalike pandulu lan pancadriya sarta panca indraku. Aku dadi weruh yen wektu kuwi aku mapan ana dhasaring jurang sing jero, kiwa lan tengenku mung wujud gegampengan sing wangune angel lamun diliwati kanggo munggah, mentas saka dhasar jurang kuwi. Sauntara kupingku krungu suwara sing aneh-aneh saka kiwa tengene papan kuwi, kaya ana suwara guyu carup lan suwara tangis, suwara panjerit lan suwara panggresah wor suh dadi siji, nanging ora cetha dirungokne. Hawa adhem sing krasa njekut wiwit bisa tak rasakne nggremeti ragaku nimbus menyang bebalung lan jerohanku.

 

Nganti suwe aku ora tumindak apa-apa, angen-angenku isih repot nggagas aku iki ana ngendi? Lan aku durung bisa mikir apa sing kudu tak tindakne.

 

“Heh..heh…heh….” dumadakan aku dikagetne anane suwara guyu sing cetha, aku tau ngerti sapa sing kulina ngguyu kaya mangkono kuwi, nanging sapa aku isih lali. Tak sawang arahe suwara guyu, ora katon ana menungsa. Aku banjur ngadeg, arep nyedhaki asale suwara guyu mau kanggo ngerteni sapa satemene sing lagi ngguyu mau.

 

“Dadi wong waras kuwi aja seneng kagetan lan aja dhemen gumunan” dumadakan ing mburiku keprungu wong guneman kanthi suwara sing cetha. Ora sranta aku noleh memburi.

 

“Wis suwe ndika ana kene mau Gus?” jebul sing guneman mau Ki Tanpa Aran, wong sing solah lan slagane kaya wong sing ora ganep nalare kae. Ki Tanpa Aran ngadeg karo mbanda tangan memburi, ditutne Lancur sing kanthi sikep sing padha, mung mripate wae katon manther nyawang marang aku.

 

 

 

Ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...