12.
Tahun
terus tambah, Sudimin wis ngalih sekolah. Dening Pak Suwaji Sudimin disekolahne
neng SMP KEBANGSAAN sing manggon neng Kutha Kecamatane. Wektu kuwi ing
Kedunggalar durung ana SMP Negeri, sekolah lanjutan sing statuse Negeri mung
siji yaiku STN. Jurusan sing ana ya mung
loro, Teknik Bangunan Air karo Teknik Bangunan Gedung. Merga nitik kelantipaning
pikire, dening Pak Suwaji, Sudimin didhawuhi mlebu menyang SMP wae. Manggone
SMP Kebangsaan kuwi ora adoh karo SD Pasopati sekolahane Sudimin sing biyen.
Pagaweyan
sing ditandangi Sudimin sanjabane wektu sekolah isih pancet kaya biyen. Mung gandheng
Sudimin wis sansaya gedhe, tandang gawene dadi luwih rikat. Mula iya banjur
bisa nyandhak gaweyan liyane, kalebu luwih kerep menyang sawah sanadyan mung
sak endhang-endhang tumpukan kawul sing didadekne papan thukule Jamur Damen.
Bener kaya sing dikandhakne Lik Sakir, wonge sida tiru-tiru Sudimin. Lan ora
mung Lik Sakir dhewe sing tiru-tiru lekase Sudimin, nanging akeh wong-wong sing
padha melu mbudidayakne Jamur Damen kanthi cara prasaja kuwi. Lan bener apa sing dadi pambadhene
Pakdhe Saidi biyen, rendhengan candhake sawise weruh nek Lik Sakir lan wong-wong
tumpukan kawule padha bisa ngasilake Jamur Damen sapirang-pirang, Pak Dalal ya
banjur ngatag Pakdhe Marimin, penggarape supaya melu-melu kaya sing ditandangi
kanca-kancane. Wangune Pak Dalal wis lali anggone maido Sudimin jaman pisanan
ngecakne wulangane buku Ilmu Hayat biyen. Sing luput ramalane malah ramalane
Sakir sing ngandhakne yen sawuse kawule bisa ngasilake jamur Pak Dalal neng
endi-endi rapat ngandhakne yen merga olehe nuturi Sudimin lan Lik Sakir saiki
pinter mbudidaya Jamur Damen.
Pak
Suwaji apa dene garwane sansaya mundhak tresna lan asihe marang Sudimin, nalika
Sudimin arep mlebu SMP biyen, dening Pak Suwaji Sudimin disunatne. Mesthi wae
ya sawise taren marang Diman Bandhat, wong tuwane Sudimin. Mula ora aran aneh
yen Sudimin uga sansaya bekti marang Guru kang uga pangayomaning uripe kuwi. Mungguhing
Sudimin sanadyan tata gelar sing dadi lantaran dheweke ana ing alam padhang iki
Diman Bandhat, wong tuwane lanang lan sing nglahirne sarta ngopeni kuwi Sudinem
wong tuwane wadon, sing kudu dipundhi-pundhi sarta diaji-aji ing selawase
uripe, nanging sing ndadekne dheweke weruh lan ngerti apa sing diarani urip lan
kepriye carane urip sing becik kuwi sing akeh ya awit saka sih kawelasane Pak
Suwaji lan Bu Suwaji. Tekad ing atine Sudimin, dheweke kuwi wajib ngabekti
marang wong tuwane sing cacahe papat, ora mung loro. Lan carane ngabekti uga
ora padha, kudu dijumbuhne karo mekaring budayane dhewe-dhewe. Kaya nalika
sawijining wengi, ngepasi Sudimin bali saka langgar, ngaji, ing pendhapa daleme
Pak Suwaji katon lagi ana wong jagongan sajak gayeng. Jebul wong tuwane loro
karo ngajak adhine loro Daliyem karo Wagirah sing lagi mara, entrane ngono kaya
wong merdhayoh.
“Kene
lungguh kene pisan Min” ngendikane Pak Suwaji sawise Sudimin mlebu omah “digoleki
Bapak karo Smbokmu iki lho?!?”
Ora
semaur apa-apa, Sudimin banjur melu mapan lungguh ing kursi sing isih kothong.
Batin takon-takon, ana pari gawe apa Bapak karo Simboke mara menyang daleme Pak
Suwaji, thik ngonowa adhine loro pisan uga diajak.
“Ngene
lho Le” Diman Bandhat banjur guneman ngandhani anake lanang “iki aku karo
mBokmu arep lunga adoh, adoh banget lan mbuh bisa tilik mrene maneh embuh ora,
karepku kowe karo adhi-adhimu ya arep tak jak pisan”.
Sudimin
domblang-domblong, durung nyandhak karo apa sing lagi wae dikandhakne bapakne.
“Merga
kowe dhewe ya ngerti” Diman Bandhat
nyambung omonge “nek panggah ora ngalih saka desa kene, sansaya suwe uripe
dhewe iki ora sansaya mapan nanging malah sansaya keponthal-ponthal ditinggal
dening kahanan, mula mumpung ana kalodhangan sing becik, arep tak gunakne mbok
menawa kanthi cara iki aku bisa ndandani panguripane dhewe sakulawarga”.
“Mengko
dhisik” Sudimin sing durung ngerti paraning tembung sing diucapne bapakne kuwi
nyela takon “sing dikarepne Pak-e iki piye ta? Aku blas ora mudheng. Pak-e karo
mBok-e arep ngajak aku karo Daliyem apa dene Wagirah lunga, kuwi lunga menyang
ngendi? Lan apa gandheng cenenge karo panguripane kulawargane dhewe?”.
Diman
Bandhat mesem, banjur nyawang Pak Suwaji karo matur :
“Nyuwun
tulung Pak Mantri, Sudimin panjenengan tuturi ingkang kula kajengaken niki,
kula ajeng guneman kok angel lan boten saged nata ukarane”.
“Ngene
lho Min” karo mesem lan tanpa mangsuli panembunge Diman Bandhat, Pak Suwaji
ngendika marang Sudimin “Wektu iki Pemerintah rak mbukak daftaran
Transmigrasi?. Kowe ngerti ta apa kuwi Transmigrasi?”.
“Inggih
ngertos Bapak” wangsulane Sudimin wiwit bisa nyandhak apa sing dikarepne dening
bapakne karo tembung lunga adoh mau “menapa Pak-e kalih mBok-e badhe ngajak kula kalihan adhik-adhik
Transmigrasi?”.
“Bener”
dhawuh wangsulane Pak Suwaji rumaos rena penggalihe dene Sudimin cepet nyandhak
yen diajak rembugan “lha lemah tujuan Transmigrasi kuwi manggone neng Baturaja, Lampung kana. Kabar sing tak tampa,
Transmigrasi sing arep dieloni Bapak karo simbokmu iki jinis Transmigrasi PIR,
ya kuwi mbukak tanah Perkebunan Inti Rakyat. Neng kana mengko saben wong
sakeluarga oleh jatah omah sak pekarangane jembare setengah hektar, pekarangan
samono kuwi bisoa ditanduri tanduran pangan. Banjur oleh kebun sing wis
ditanduri Karet lan butuh diopeni murih dadine, rong hektar. Lan kabeh kuwi mau
nyambut gawe bareng karo Perusahaan sing dipilihne Pemerintah, kanggo ngagati
tanduran lan mbesuk nek wayah panen sing diwenehi wewenang nuku asile kebun
kuwi. Lan sasuwene rong tahun, pangane para peserta transmigrant ditanggung
dening Pemerintah. Kari saiki kowe piye?
Melu wong tuwamu apa keri ana kene nutugne sekolah lan yen wis lulus SMP kowe nusul
mrana?”.
Sudimin
meneng sedhela, pikirane isih nimbang lan nglimbang, endi sing arep dipilih? Nek
nitik pangandika sing didhawuhne Pak Suwaji kuwi, Pak Suwaji isih kersa
didhereki nganti lulus SMP. Mengko nek wis lulus SMP dheweke dikeparengne nusul
wong tuwane menyang papan panggonan sing anyar. Nanging Sudimin ya nggagas,
lulusan SMP kuwi beda karo lulusan ST utawa Sekolah Kejuruan liyane, lulus SMP
kuwi isih mbutuhne sekolah sing luwih dhuwur maneh supaya ngerti carane nyambut
gawe utawa bisa nyambut gawe. Sekolah menyang SPG upamane kepengin dadi Guru,
sekolah neng STM nek kepengin bisa nyambut gawe sing ana gandheng cenenge karo
Teknik lan sapiturute. Dadi Saupama mengko wis lulus SMP banjur nusul wong
tuwane, tan wurunga tekan kana ya ora bisa nyambut gawe apa-apa kajaba mung
mbantu wong tuwane sing dhasare ya dadi wong tani. Nadyan ta mangkono, Sudimin
uga isih rumangsa eman yen kudu metu saka sekolahe mung beteke kepengin
ngetutne wong tuwane menyang tanah sabrang, golek papan jembar sing jarene
lemahe loh jinawi, tulus kang sarwa
tinandur sing ndadekne murah kang sarwa tinuku.
“Piye
Le?” bareng Sudimin ora enggal atur wangsulan, Diman Bandhat banjur mbaleni
takon “kowe melu budhal saiki bareng karo adhi-adhimu? Apa ngenteni lulus
sekolah dhisik lagi mbesuk nusul?”.
“Olehe
budhal menyang Baturaja kuwi rak isih rada suwe ta Pak?” Sudimin genti takon “tegese
kuwi ora sesuk utawa sesuke, paling ora rak ya ana sepasar utawa rong pasar
maneh ta?”.
“Dhawuhe
Pak Kyai Mundir sing dadi Pengarepe para Transmigran, isih suk tanggal siji
enteke sasi iki, dadi ya isih rong puluh dina luwih” wangsulane Diman Bandhat “Transmigrasi
iki ujube rak bedhol Pesantren ta Le? Dadi sing budhal asline ya para santri
utawa kulawargane Santri ing Pondhoke Pak Kyai Mundir, lha aku wis didhaku
minangka kulawarga Pondhok, mula saiki gelem ora gelem aku karo mBokmu ya kudu
sinau sembahyang kaya lumrahe wong Pondhok Pesantren. Ana apa ta kok kowe
nakokne kapan olehe budhal?”.
“Aku
butuh wektu kanggo mikir Pak” wangsulane Sudimin “sedina utawa rong dina maneh
aku tak aweh wangsulan, milih budhal bareng karo Pak-e apa ngenteni lulus
dhisik lagi nusul lan bisa uga ana pilihan liyane”.
Pak
Suwaji sing uga midhanget wangsulane Sudimin manthuk-manthuk, panjenengane
pirsa yen atine Sudimin lagi ewuh aya ing pambudi.
Ana
candhake.