Total Tayangan Halaman

Rabu, 28 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (022)


 

22.

Nganti sauntara Sudimin mung meneng, ora nanggapi critane Pakdhe Saidi ngono kuwi. Pancen satemene ya merga kegawa saka umur sing wis dadi “Jaka Tanggung”, Sudimin uga kapencokan rasa sing jarene diarani rasa tresna utawa cethane rasa seneng marang bocah wadon. Sudimin ya wis bisa weruh endi sing diarani bocah ayu utawa kurang ayu, nanging kegawa dening kahanane sing mung pangkat dadi “wong ndherek” , Sudimin milih nyingidake rasa sing wiwit ngranuhi ing atine. Mung nek dhong wayah lungguh ijen ngana kae, Sudimin sajroning ati menang-meneng aweh biji marang bocah-bocah wadon sing kerep srawung karo dheweke, malah sok-sok ya mbiji wong wadon sing durung ditepungi barang, ora metung kuwi wong wadon enom, bocah, utawa wong sing wis setengah tuwa barang.

 

Ninuk, miturut pambijine Sudimin klebu bocah wadon sing duwe rupa lan duwe “daya tarik”, sanadyan uga duwe kekurangan sing ora sethithik. Nanging kekurangan-kekurangan sing diduweni Ninuk, kuwi satemene bisa diilangi utawa saora-orane disuda.  Sudimin uga ngerti nek jan-jane ngono, ora mung siji loro bocah lanang sing dadi kancane ing sekolahan, padha duwe rasa seneng marang Ninuk. Nanging merga (rumangsane Ngadimin) Ninuk kuwi duwe sipat seneng gumunggung dhiri, banjur ora krasa, kepencokan rasa, rumangsa ayu lan nduweni panganggep nek dheweke kuwi klebu golongane bocah wadon sing dhuwur kelase. Mula tumanggape Ninuk marang kanca-kanca lanang sing kepengin nyedhaki, ing semu rada nyepelekne. Kang mangkono mau mungguhe Sudimin klebu watak sing ora disenengi. Kajaba saka kuwi, merga Sudimin kerep ngerti lan srawung karo kulawargane Ninuk, mligine karo Bapake sing kerep ketemu nek ngepasi Sudimin ngirim Pakdhe Saidi menyang sawah ngana kae, Sudimin duwe dudutan nek dheweke kuwi ora sakelas karo kulawargane Ninuk. Pak Dalal kerep wae guneman sing mbok menawa jalaran ora krasa lan ora sengaja, wis ndadekne atine Sudimin lara.

 

Tau, ing angen-angene Sudimin tuwuh pangarep-arep sing keneng diarani pangarep-arep sing manut dawaning angen-angen utawa gagasan sing ngayawara. Gusti Allah malik kahananing uripe, temah dheweke bisa dadi wong sing ora kurang enthong, ora kurang irus lan wong-wong sakiwa tengene padha mbutuhake pitulungane, klebu kulawargane Ninuk, mligine Pak Dalal. Nek angen-angen kuwi bisa kasembadan, dheweke ora arep niru lekas lan watake Pak Dalal sing seneng nglarani atine wong liya, merga rumangsa dumeh duwe, dumeh pinter lan sapiturute, nanging Sudimin arep, ngajeni lan ngurmati Pak Dalal lan kulawargane, kareben wong kuwi kaweleh banjur dadi lan apike ……….

 

“Kok malah nglamun ta Min?” Sudimin kaget, Pakdhe Saidi mbuyarne sing ana angen-angene.

 

“Ora kok Pakdhe” karo setengah gragapan Sudimin wangsulan “mung lagi ora kepengin omong wae”.

 

“Lhah?. Aku iki mau ngomong apa anane” Pakdhe Saidi nutugne olehe guneman “dadi jebul Bu Dalal kae kepengin ngepek mantu kowe, gek dhasare anake wedok ya seneng marang awakmu. Kowe dhewe piye? Mesthi wae, ora saiki nanging ngenteni nek wis rampung anggonmu padha sekolah banjur nambah loro utawa telung tahun maneh”.

 

“Pakdhe Saidi ngerti Lumpang Watu sing manggon neng tulakan sawah kae?”  dumadakan Sudimin takon sing ora ana sambunge karo sing lagi digunem.

 

“Heh?” Pakdhe Saidi semaur gumun “ditakoni ora mangsuli malah takon bab Lumpang Watu sing neng tulakan? Ya ngerti ta neh? Kae Lumpang Watu wong-wong nek ngarani Lumpang Kentheng, sadurunge aku lahir Lumpang kae wis ana kana kae, ora tau ngalih, jarene kae tinggalane wong jaman Majapahit apa jaman sadurunge. Wong-wong ya ora ana sing wani ngelih utawa sembranan karo Lumpang kae, merga kae ana sing mbaureksa, Macan Putih sing gedhene sakebo babon, sok-sok nek wayah wulan purnama macan kuwi ngetok, ndadekne sing padha weruh girap-girap kaweden. Nek aku dhewe durung tau lan ora kepengin diweruhi macan putih kuwi.  Geneya kowe nakokne Lumpang Kentheng kae he?”.

 

“Upama mbesuk aku gelem dipek mantu Pak Dalal” Sudimin wangsulan karo mesem, suwarane keprungu sareh “ngibarate padha karo aku gelem nyunggi Lumpang Kentheng kae nganggo sirahku, Pakdhe”.

 

“Kok ngono?”

 

“Iya” Sudimin wangsulan karo mlengeh “wong sing gelem nyunggi lumpang kentheng kae, ora bakal ngolehne asil apa-apa, upama ana sing ngalembana ya mung dialem nek sing kuwat nyunggi kuwi wong sing rosa ngono wae, ora ana sing gelem ngopahi, dadi ya ora ana asile. Nanging, kurang-kurang bejane wong sing wani nyunggi lumpang kentheng kae, bisa muncrat polone he he he he”.

 

“Genahe piye Min?” Pakdhe Saidi durung mudheng karo sing dikandhakne Sudimin.

 

“Wani dadi mantune wong sugih kaya Pak Dalal ngana kae, kudu wani rekasa” Sudimin nyethakne trembunge “kudu sregep lan pinter nyambut gawe sing ana asile, sing bisa gawe senenge maratuwane, entuk-entukane ya mung akeh sing ngalembana nek mantune wong sugih kuwi sregep lan wekel nyambut gawe. Nanging sakehing tindak-tanduke kudu sarwa ngati-ati, ana klirune sethithik wae, utawa yen ana kurang penere olehe nyambut gawe, bisa cilaka. Bisa diundhat-undhat lan diundamana ora karuwan sing ndadekne ati lara, bisa uga diunek-unekne wong lanang sing tekane neng kono mung glundhung semprong, konthal-kanthil kathok thok. Banjur neng ngendi Pakdhe, manggone kepenak saupama aku kepengin dadi mantune wong sugih ? Banjur bojoku mengko ya mesthi kemaruk, rumangsa wis bisa nyukupi kabutuhane dhewe, karo wong lanang senengane mung sarwa ngremehake. Lha nek ngono apa ora banjur sirahku njeblos? Poloku muncrat? Apa ora nyekakne umur wae ?”.

 

Pakdhe Saidi ngguyu, krungu kandhane Sudimin sing ngono kuwi. Nek dinalar-nalar pancen ya ana benere. Arepa kaya apa nek wong lanang mung dianggep nunut urip marang maratuwa luwih-luwih marang bojo, kuwi genah neng ati lara. Sudimin jebul duwe pikiran sing luwih adoh tebane, ora mung nyawang satleraman wae nek dadi mantune wong sugih kuwi kepenak lan bisa melu mukti. Nek ngono, Sudimin mbesuk kira-kira bakal nyiriki saupama dipek mantu wong sugih, ngono panemune Pakdhe Saidi sing kober nyabrang ing angen-angene. Nek ngonowa, ketoke Sudimin kuwi mathuk upama dipek mantu dhewe, sanadyan si Sainem, anake wedok kae isih kelas papat SD, ketoke mbesuk nek wis wayahe dirabekne bakal cocog upama dadi bojone Sudimin. Nanging, apa sing ana pikirane kuwi dening Pakdhe Saidi sengaja disingidake dhisik, aja nganti Sudimin ngerti saiki, merga wektune isih suwe.

 

“Ya aja ngono olehmu nampa” kandhane Pakdhe Saidi ngiras nutupi suwara batine “aja su’udzon ngono kuwi. Jaremu dadi wong kuwi becik sing duwe pangira becik marang wong liya?”.

 

“He he he, he eh Pakdhe” wangsulane Sudimin “Ya wis nek ngono, sing tak omong bab lumpang kentheng mau cukup kanggo awake dhewe wae, nek nganti keprojol nyang wong liya marahi ora becik”.

 

Muni ngono kuwi Sudimin karo ngadeg, ngringkesi wadhah panganan sing mau dienggo madhahi kiriman kanggo Pakdhe Saidi.

 

“Lha kowe apa arep terus mulih ta Min?” Pakdhe Saidi takon, merga weruh Sudimin banjur nyangking wadhah kirimane.

 

“Iya” wangsulane Sudimin “arep ngethok pring apus, dening Ibu kadhawuhan nggawekne tepas pawon, karo erok-erok barang. Bar kuwi banjur nggawe irus karo ebor, wong Ibu wingi wis nglumpukne bathok cilik-cilik telu karo bathok klapa gedhe siji ngge gawe siwur”.

 

Pakdhe Saidi wis ora nyauti maneh, malah banjur ngadeg mlaku menyang kedhokan arep nutugne olehe ngaragi suket-suket sing ana kedhokan.

 

Sudimin ya banjur mulih. Karo mlaku angen-angene wis ngalih menyang gaweyan sing arep ditandangi, ngethok pring neng kebonan. Pancen Sudimin kuwi kajaba sregep ya duwe teku tlaten, pinter gawe barang-barang sing dianam saka iratan pring. Dadi nek mung tunggalane tompo, senik, tepas nganti tekan cikrak lan tomblok, kulawargane Pak Suwaji ora tau tuku, merga Sudimin bisa gawe dhewe.

 

Wingi pancen Sudimin weruh nek tepas neng pawon sing kulinane kanggo nepasi geni neng pawon wis ora wutuh maneh. Mula tanpa ngenteni diprentah Sudimin banjur matur nek dina iki arep gawe tepas sing anyar.

 

“Ya beneran nek sesuk mbok gawekne tepas anyar Min, sesuk erok-eroke gawekna pisan, wong erok-eroke wis coklek dangane” dhawuhe Bu Suwaji mangsuli kandhane Sudimin “jane sing dibutuhne ibu wektu iki kuwi irus karo siwur, irus sing kanggo nggoreng kopi kae wis ucul, bathoke wis cuwil kabeh, banjur siwur sing kanggo nyidhuk banyu neng genthong kae ya wis benthet, nanging arep ngomongi kowe tansah lali wae, lha kae ibu ya wis nyawisne bathok gedhe cilik, didokok neng paga sisih kidul kae”.

 

“Inggih benjing kalih ngethok deling apus, kula tak inggih pados bongkotan, mantun nganam tepas kalih erok-erok, irus kalih siwure kula damele pindhah, garanane kula damele saking bongkotan rosan ori kersane bakoh”  wangsulane Sudimin.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

Selasa, 27 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (021)


 

21.

Kaya padatan nek bubar nampa raport sekolahan mesthi banjur libur, liburan triwulan kapindho iki suwene rong minggu. Tumrap bocah-bocah lumrah, lire sing isih melu wong tuwane dhewe, dina-dina libur mesthi dienggo seneng-seneng, dolan utawa plesiran. Niliki kerabat cedhak kaya dene simbahe sing ana liya kutha lan liya-liyane. Mula liburan mesthi ditampa kanthi seneng dening meh kabeh bocah sekolah. Tumrap Sudimin, dina libur ya panggah ditampa kanthi ati seneng, merga libur dheweke bisa luwih akeh nindakne gaweyan-gaweyan omah lan gaweyan liyane  kaya gaweyan menyang sawah ngrewangi Pakdhe Saidi, ngolah lemah lan ngopeni tanduran. Sudimin dhewe nek wayahe menyang sawah ngana kae, rumangsane lagi nglaras liburan, merga Sudimin seneng nyinaoni tata carane wong tetanen, sing akeh ya kanthi nyemak apa sing ditandangi Pakdhe Saidi lan para penggarap kiwa tengene, uga ana sing dicocogne karo wulangan Ilmu Hayat sing disinaoni neng sekolahan. Pakdhe Saidi dhewe ya rumangsa seneng nek Sudimin menyang sawah, ora kok merga ana sing ngrewangi wae nanging Pakdhe Saidi seneng nek weruh bocah nom sing sregep kaya Sudimin ngono kuwi. Ora mung trima sregep, nanging tumemen nggone kepengin ngerti carane ulah tetanen, kajaba saka kuwi Pakdhe Saidi uga kerep nampa pituduh babagan tetanen sing durung dingerteni, saka Sudimin sing asale saka anggone sinau ing sekolahane.

 

“Bares wae aku iki seneng lho Min nek kowe saba nyang sawah ngene iki” kandhane Pakdhe Saidi ngepasi leren, ndhudhah kiriman sarapan sing dicangking Sudimin saka omah “miturut panrawangku kowe mbesuk bakal dadi wong tani sing peng-pengan, merga kawruhmu ing babagan tetanen komplit, ya saka pakulinane wong nggarap sawah kaya aku ngene iki, ya saka nggonmu ngangsu kaweruh neng sekolahan, nek sipat taberimu kuwi panggah mbok kukuhi, kowe mbesuk mesthi dadi wong tani sing ndrebala tenan Min”.

 

“Dadi wong tani Pakdhe?”  Sudimin wangsulan ngiras takon, karo mesem seneng.

 

“Iya” wangsulane Pakdhe Saidi “apa kowe ora seneng? Oh, iya ya? Kowe mesthi kepengin dadi Pegawe, wong sekolahmu wae saiki wis neng SMP”.

 

“Ora ngono Pakdhe” wangsulane Sudimin “aku ya kepengin saupama bisa dadi Wong Tani kaya sing mbok kandhakne kuwi mau, nanging apa ya bisa? Dadi wong tani kuwi pawitane ora mung bau Pakdhe, kaya sampean iki upamane, kajaba nggarap sawahe Bapak rak sampean ya duwe sawah dhewe senajan mung sak wolon bau? Lha nek aku? Sawahe sapa sing arep tak waris ben aku bisa dadi wong tani? Ya paling bisa dadi buruh penggarap wae ya wis apik”.

 

“Ya aja ngono Min” Pakdhe Saidi aweh tutur “rejekine menungsa kuwi sing nyekel Gusti Allah, siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima nugraha kuwi kabeh menungsa mung bisa mbudidaya lan kabul utawa orane olehe mbudidaya kuwi gumantung ana astane Gusti Allah. Karo maneh, apa kowe ya ora ana gagasan arep nusul Bapakmu nyang Sumantrah kana?. Gajege, neng kana kuwi Bapakmu wis oleh dum-duman lemah sing amba”.

 

“Iya Pakdhe” wangsulane Sudimin ngenaki rembug “mbuh mengko kapan wektune mesthine aku ya nusul Pak-e karo mBok-e, nanging wong jatah lemah sing ditampa Pak-e neng Bumi Transmigrasi kuwi wis rupa kebun Karet embuh kebun Sawit kok Pakdhe, wong sing dieloni Pak-e kuwi biyen Transmigrasi PIR. Dadi saupama aku nusul, ya ora bakal bisa oleh sawah”.

 

“O ngono ?” Pakdhe Saidi sajak mudheng karo tembung sing dikandhakne Sudimin “oraa oleh jatah sawah saka Pamarentah, bisa wae kowe mbesuk duwe sawah sing amba neng Jawa kene wae lho Min?”.

 

“Kok bisa ngono Pakdhe?”

 

“Kowe ngerti sapa Pak Dalal sing sawahe pirang-pirang bau lan salah sijine digarap Pakdhe Marimin kuwi?” Pakdhe Saidi takon. Sudimin ora semaur, nanging nggedhegake sirahe, minangka wangsulan yen dheweke ora ngerti.

 

“Pak Dalal kuwi biyen wong neneka saka Kulonan kana lho” Pakdhe Saidi nutugne olehe guneman “mbuh Klaten embuh Salatiga, aku ora pati genah, banjur tekane kene merga dipek mantu karo mBah Kaji Dulrokim sing sawahe ora karuwan ambane. Gek ndelalah anake mBah Kaji Dulrokim biyen kuwi ya mung siji Bu Dalal kuwi thok, mula sawise mbah Kaji Dulrokim seda saanane sawah dadi duweke Bu Dalal. Biyen jaman mBah Kaji Dulrokim isih ana, Pak Dalal kuwi ya sregep nek nyang sawah, nanging bareng maratuwane wis ora ana kabeh lan kabeh bandhane diwaris karo Bu Dalal, Pak Dalal malah banjur dadi ngepenakne awak, sawahe padha digarap-garapne wong, malah ya ana sing wis dilempit dadi dhuwit barang”.

 

“Lhah, lhah… Pakdhe Saidi ki esuk-esuk kok wis ngrasani wong” Sudimin nyela rembug karo ngguyu “lha ana gandhenge apa karo omong sampean sing ngandhakne nek bisa wae aku mbesuk dadi wong sing sugih, duwe sawah amba?”.

 

“He he he……” Pakdhe Saidi ngguyu “ora ngrasani Min, mung crita kanyatane. Gandhenge ta? Sapa ngerti kowe mbesuk dipek mantu wong sugih sing sawahe amba kaya nasibe Pak Dalal kuwi? Nek ngerti ana bocah nom sing sregep lan taberi kaya kowe kuwi, mesthi akeh sing kepengin ngepek mantu kowe”.

 

“Ho alaaah Pakdhe, kok kaya crita neng dongeng wae” Sudimin mangsuli tembunge Pakdhe Saidi “wong sugih gelem ngepek mantu bocah ora duwe apa-apa kuwi kena diarani sewu siji durung karuwan tumon. Sing lumrah wong golek mantu kuwi mesthi nganggo tetimbangan Bibit, Bobot lan Bebed. Lha nek wong kaya aku iki genah nek ora ana sing  mlebu, Bibit aku anake wong sing wis Transmigrasi, Bobot genah nek aku iki mung ngertine dadi bocah ndherek, bebed wong nek aku bisa nganggo sarung wae, ngenteni nek dipundhutne Ibu”.

 

Pakdhe Saidi mesem amba. Ora krasa disambi karo omong-omongan sarapan olehe nggawakne Sudimin mau wis entek, mlebu wetenge. Banjur nyandhak Kendhi, nglangga banyu sawarege.

 

“Nanging iki upama lho ya?” karo nyelehne Kendhi neng galengan, Pakdhe Saidi guneman maneh.

 

“Upama Piye Pakdhe?” Sudimin takon.

 

“Upama kowe kuwi ditembung Pak Dalal arep dipek mantu diolehne putrane sing sekolahe barenganmu kae apa kowe emoh Min?” Pakdhe Saidi takon, sing mungguhe Sudimin kaya suwara bledheg bantere. Ya gene Pakdhe Saidi takon kaya ngono ? Kamangka Sudimin ya ngerti nek satemene Ninuk, putrane Pak Dalal kae kena diarani kedanan marang dheweke. Sudimin ngerti ya saka slagane Ninuk saben-saben kepethuk dheweke, uga saka critane kanca-kancane sing ngabarne yen Ninuk kae kerep crita yen jarene Ninuk kuwi wis dipacangake karo Sudimin wiwit jaman Sudimin lan Ninuk isih bayi biyen. Mula bareng krungu pitakonan saka Pakdhe Saidi mangkono kuwi mau, Sudimin mung meneng ora bisa aweh wangsulan apa-apa, pikirane nglambrang tekan ngawang-awang.

 

“Dijak omongan kok ora njagongi ta Min?” Karo nglinting mbako neng klobote Pakdhe Saidi nyendhu Sudimin “ditakoni ora semaur malah ngelamun kaya wong lagi kelangan tegesan ?”.

Sudimin ngguyu sepa.

 

“Jeneh sampean olehe takon ya waton takon ngono wae kok” wangsulane Sudimin “nek olehe takon sampean kuwi mau tinemu nalar, ya mesthi tak wangsuli. Lha wong takon kok blas ora sambung karo kanyatan, kaya takon upama Jaran kae diwenehi sungu ngono mundhak patut apa ora ya?”.

 

“Ngene lho Min” Pakdhe Saidi nginger lungguhe rada nyedhak karo Sudimin, banjur guneman klesik-klesik nanging cetha “olehku takon mangkono kuwi mau, merga watara sepasar kepungkur, Pak Dalal rak sambang sedulure sing neng Sragen, Bu Dalal gak dijak. Mula sing ngirim panganan Pakdhe Marimin nyang sawah Bu Dalal dhewe”.

 

“Jane sampean kuwi ngomong apa ta Pakdhe?” Sudimin semanta “wis omongane klesak-klesik kaya wong dodol upas, kathik malah nyritakne wong liya sing lunga”.

 

“Sabar sik ta” Pakdhe Saidi wangsulan karo mesem “aja mbok srekali dhisik tembungku iki, rungokna ben cetha”.

 

“Iya, piye?”

 

“Lha Pas Bu Dalal ngirim kuwi mau, wonge banjur nyedhaki aku wong olehku leren awor karo Pakdhe Marimin, wong ngepasi kuwi Pakdhe Marimin kentekan klobot. Lha Bu Dalal kuwi ngendika, ngrasani awakmu, ora ngrasani elek nanging malah ngalembana akeh-akeh. Bu Dalal ya crita nek putrane wadon sing jeneng Ninuk kae kancamu sekolah nyang SMP ne mBah Cip Dunggalar kana. Bu Dalal ngandhakne nek Ninuk karo kowe kuwi kanca sing cedhak lan akrab banget, Bu Dalal rumangsa seneng merga kuwi. Lha entek-entekane Bu Dalal banjur ngendika ngene marang aku karo Pakdhe Marimin : ya muga-muga wae antarane Ninuk karo Sudimin ora mung mandheg dadi kanca ya Pakdhe, aku kepengin nek bisa bocah loro kuwi manunggala dadi siji kanggo selawase………”.

 

 

Ana candhake

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (020)


 

20.

Sauntara kuwi, Hartini sing sanadyan kaceke bijine neng Raport rada adoh nek dibandhing karo Sudimin, nanging Hartini bisa manggon neng peringkat loro ing kelase. Ora kaya Ninuk sing marang wong tuwa lan kanca-kancane tansah crita yen olehe kasil nglungguhi peringkat loro neng kelase kuwi amarga dheweke kurang tenanan wae anggone sinau lan kurang tliti olehe maca soal sing diadhepi, saupama gelem rada tenanan sethithik ngono wae, ora mokal nek Ninuk ora mung peringkat loro, malah kira-kira bisa dadi Bintang Pelajare Kelas loro sasekolahan kaya sing saiki dienggoni Sudimin. Hartini kandha marang sing padha ngalembana marang dheweke, yen satemene dheweke kuwi ora ngira nek nganti bisa oleh peringkat. Hartini kandha yen ngrumangsani banget pikirane pancen ora pati landhep, dhasare ya ora pinter, nanging merga kerep srawung karo Sudimin, mligine nalika padha-padha bareng sinau sing ndadekne dheweke bisa ngundhakne biji.

 

“Aku rumangsa kepotangan budi karo kanca-kancaku kabeh, mligine marang Sudimin, merga ya saka panyengkuyunge kanca-kanca kabeh aku bisa tenanan nggonku sinau, luwih-luwih bareng sing nuntuni sinau kuwi Sudimin sing sabar lan gampang nggone nerangne ngana kae. Upama aku ora melu sinau kelompok lan mung sinau neng omah dhewe, paling ya kaya adate peringkat loro nanging saka ngisor” kandhane Hartini marang kanca-kancane, nalika lagi jagongan sadurunge kelas mlebu lan wektu kuwi sing melu jagongan ora mung Kelas Loro A wae, nanging campur karo kelas liyane, kelas siji lan kelas telu barang.

 

“Nanging munggahe peringkatmu hebat lho mBak” Nita sing Triwulan kepungkur ngenggoni peringkat telu panggah aweh pangalembana “malah aku sing kesingkir, mlorot dadi peringkat papat”.

 

“Aja mung nyawang peringkate Dhik Nita” wangsulane Hartini sabar “nanging ya sawangen angkane. Bijiku karo bijimu kuwi mung kacek siji, semono uga karo Sri Gunawan ya mung kacek siji. Kowe kuwi ora mlorot, merga bijimu luwih becik tinimbang raport kuwartalan dhek emben, lan kowe ya ora kesingkir merga jumlahe bijimu padha karo bijine Sri Gunawan, peringkate telu dienggoni cah loro kowe karo Sri Gunawan, malah nek dipetung tenan ngono kowe luwih dhuwur timbang Sri Gunawan, merga neng Pelajaran Olah Raga kowe kalah karo Sri Gunawan, nanging neng Pelajaran Ilmu Bumi kowe menang. Lan kalahmu karo aku mung neng Pelajaran Ilmu Aljabar thok”.

“Bener mBak” Warsiyati sing wiwit mau mung nyemak olehe kanca-kancane padha omong, genti guneman “kelas nggone dhewe dadi rasanane para Guru, rata-rata padha mundhak kabeh. Dadi bintange kelas loro kuwi panggah neng kelase dhewe, mau pas aku njupuk absen neng kantor mau, aku krungu Pak Tasmadi lagi ngendikan karo Pak Dalijan, loro-lorone padha ngalembana bocah-bocah kelas nggone dhewe”.

 

“Aku ya krungu kok” Rinata sing lagi kelas siji melu nyaut rembug “malah sing dialem Pak Tas mau mBak Hartini, merga sing njalari bijine kelas loro A dadi padha mundhak apik kuwi rak saka anane Belajar Kelompok sing dirintis mBak Hartini”.

 

“Nek kuwi ya ora bener Dhik” gage wae Hartini nyaut kandhane Rinata “sinau bareng sing manggon neng nggone Sudimin kae merga ngecakne rigen saka Bu Sri Supingah, lha sing ngrintis ya dudu aku dhewe, nanging kabeh sing padha melu sinau bareng”.

 

“Iya nanging nek miturut panemuku” Warsiyati guneman maneh “sing paling gigih supaya sinau bareng iki bisa tetep mlaku kanthi becik ya kowe mBak Har lan sing luwih gedhe udhune ya Sudimin sing disengkuyung dening Pak Suwaji Bapak sing didhereki kae”.

 

“Nek Sudimin kae gak prelu dialem maneh mbak” Nita sing mau rumangsa kesingkir peringkate nyaut guneme Warsiyati “Sudimin kae pancen bocah sing super tenan, blas ora ana kurange, sopan, anteng, bagus, pinter, wis pokoke kabeh dipek dhewe karo Sudimin”

 

Bocah liyane padha mesem krungu gunemane Nita sing ngalembana Sudimin ngono kuwi.

 

“Nanging kanggoku Sudimin kae ya isih kurang Dhik” Warsiyati nyaut rembuge Nita karo mesem.

 

“Kurange nggon apa mBak?” Nita njengkerutne bathuke “apa merga Sudimin mung bocah sing ndherek utawa ngenger neng nggone Pak Suwaji kuwi? Kuwi dudu kurang mBak, padha karo aku lan bocah-bocah liyane sing uga mung ndherek, mung kaceke sing tak dhereki isih wong tuwaku dhewe, nanging rak ya panggah mung ndherek?”.

 

“Dudu kuwi Dhik karepku”  Warsiyati cepet-cepet nggone nyauti kandhane Nita “nek bab ndherek utawa ngenger, kabeh wae ya padha, padha olehe ngenger kaya sing mbok kandhakne kuwi. Karepku ngene lho, Sudimin kae bakal luwih komplit maneh nek ……..”.

 

“Gelem ngepek pacar aku ya mBak?” Nita ngguyu mlengeh.

 

“Ora!” Warsiyati wangsulan karo mesem “nek kowe dipek Sudimin, banjur Gunadi kon karo sapa?”.

 

“He he he, lha sapa mBak?” Nita bali mlengeh.

 

“Ya sing cocog lan serasi ndhampingi Sudimin ki, miturutku mung ana siji thok!” wangsulane Warsiyati.

 

“Kowe mBak? Lha Mas Anwar sing wis suwe olehe ngenteni arep mbok kapakne?” Nita males Warsiyati.

 

“Dudu aku!” Warsiyati nyuwara rada dhuwur.

 

“Lha sapa?” bocah-bocah liyane meh bareng nyaut nganggo pitakonan.

 

“mBak……. Hartini”.

 

“Weh, bener, bener tenan kuwi” Nita semaur karo ngguyu seneng “pancen cocog kok. Sudimin kae nek karo mBak Hartini, padha sregepe, padha pintere, sing siji bagus sijine ayu, wis cocog tenan kuwi”.

 

Bocah-bocah liyane sing uga ngerti nek satemene Hartini kuwi uga mambu ati marang Sudimin, padha pating cruwet mbenerne apa sing dikandhakne Nita. Mesthi wae, sanajan ana rasa seneng neng atine, panggah wae Hartini dadi mbrabak praupane, ngempet isin.

 

“Kowe aja nyelaki batinmu dhewe mBak” Warsiyati guneman maneh karo mesem “kanca-kanca wis mathuk kabeh, dadi kowe ya kudu nampa karo ati sing seneng, aja ethok-ethok, emoh nanging jane ngarep-arep!”.

 

“Heh, kowe kuwi kabeh ki omong apa?” Hartini ngadeg karo guneman rada banter “mbok aja seru-seru ngono kuwi, nek keprungu Ninuk sida kojur aku mengko”.

“Apa Ninuk?” Masirah sing wiwit mau mung meneng genti semaur “aku wingi dikandhani karo Warsidi, kabar sing kerep disebar dening Ninuk kae ngayawara kabeh. Pancen Ninuk kae seneng marang Sudimin, nanging Sudimin ora ngimbangi blas, malah nek karo wong tuwane Ninuk wae Sudimin kuwi ya ora gathuk, dening Pak Dalal, Sudimin  ora pati dianggep, diremehne dumeh mung bocah sing ngenger, dadi kabar nek Sudimin kuwi pacare Ninuk, kuwi kabar dubluk alias ngayawara. Sudimin wegah dadi pacare Ninuk”.

 

“Kuwi kabar sing mbok tampa saka Warsidi ta?” Warsiyati nggenahne marang Masirah.

 

“Iya nanging aku percaya mBak!” wangsulane Masirah.

 

“Aku ya percaya kok” sing wangsulan malah Nita “nanging ketoke olehmu nekakne kabar saka Warsidi durung jangkep mBak!”.

 

“Durung jangkep piye?” Masirah mbalik takon.


“Njajal dieling-eling dhisik!” Nita semaur karo ngguyu.

 

“Lha wong Masirah bar kepethuk Warsidi kok kon ngeling-eling ta Dhik?” Warsiyati bali guneman “aku ya ngerti kok, nek Masirah lali ana siji kabar saka Warsidi sing durung dikandhakne”.

 

“Apa maneh ta jane?” Masirah takon karo mlilik lucu.

 

“Warsidi mesthi crita nek Sudimin kae pancen emoh nek karo Ninuk” Warsiyati nyambung olehe guneman “ora merga Ninuk kurang ayu, utawa liyane, nanging merga neng atine Sudimin wis ana sing ngrenggani, ya kuwi ….. mBak Hartini”.

 

“Iya nek kuwi pancen bener” wangsulane Masirah karo ngguyu “Kuntul kecemplung sawah, betul dan tidak salah”.

 

“Wis krungu dhewe ta mbak Har?” Warsiyati genti nakoni Hartini “saiki jamane wis beda, ora kudu bocah lanang sing miwiti, mula kowe ndang cepet wae, nulis surat apa piye dikirimne menyang Sudimin, mengko aku gelem sing dadi Tukang Pose”.

 

“Ya ngene wae ta mbak” Masirah banjur kandha menyang Warsiyati “nek mBak Hartini isih tidha-tidha, durung wani ndhisiki gawe layang, awake dhewe sing dadi kanca rakete mbak Har lan uga kanca cedhake Sudimin sing kudu tumandang, piye bisane wong loro kuwi ndang bisa gandheng, mengko Warsidi ya tak kandhanane wonge mesthi seneng lan gelem mbantu nglancarne gaweyane dhewe iki”.

 

Krungu rembuge kanca-kancane sing satemene wis gawe senenging atine ngono kuwi, Hartini wis ora kuwat maneh melu ngrungokne, kegawa saka rasa isin rumangsa digojlogi kanca-kancane. Mula ora guneman apa-apa, setengah mlayu Hartini ninggalne kanca-kancane tumuju menyang ruang kelase. Nalika kuwi mbarengi mBak Rokhani nuthuk bel kaping telu, minangka tandha nek bocah-bocah wayahe mlebu.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

 

 

Senin, 26 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (019)

19.

Dina-dina candhake, sinau bareng neng emper daleme Pak Suwaji kuwi mlaku sansaya becik. Bocah-bocah wis padha weruh kanthi nyata yen sinau modhel ngono kuwi gedhe banget manpangate. Mula saben dina Senin, Rebo lan Jumuah sadurunge sinau bareng diwiwiti ajeg wis padha teka luwih dhisik. Bocah lanang lan bocah wadon padha dene olehe padha semangat sinau. Kerep wae, saka sekolahan wis padha nyepakne soal-soal sing ora bisa digarap dhewe, banjur tekan panggonan sinau bareng kuwi ditakokne kancane kepriye carane nggarap kanthi cepet lan bener.  Nek isih anyar-anyaran sinau bareng kae, sing bisa ngrampungi perkara ngono kuwi meh ajeg nek Sudimin, nanging sawise sinau bareng kuwi lumaku kanthi lancar, wiwit ana siji loro sing padha nyulihi Sudimin, genti sing aweh warah marang kanca-kancane.  Sudimin dhewe entrane neng kono wis dadi instruktur, lagi tumandang yen kanca-kancane wis padha sambat ora eneng sing bisa.

 

“Aja kesusu kandha nek ora bisa” tembunge Sudimin marang kanca-kancane “karo nyoba aweh katrangan, awake dhewe bisa karo mikir piye carane murih bisa ngrampungne soal sing dianggep rumit ngono kuwi. Lha nek wis tekan tengah-tengah, kapeksa mandheg, kanca liyane rak bisa aweh bebantu, dadi jenenge ya sinau bareng tenan”.

 

“Iya Min, nanging rumangsaku nek sing nerangne ki liyane kowe, rasane kok piye ngono lho?!?” Lastri bocah sing padatan ora akeh duwe gunem, semaur, banjur panemune kuwi dijalukne pikuwat marang Hartini sing nuju lungguhe cedhak dheweke “rak ya ngono ya mBak Har?”.

 

“Bener Dhik Lastri” Hartini semaur alon “nanging sing dikandhakne Sudimin mau aku ya mathuk, aku dhewe bisa ngrasakne, kanthi aweh katrangan disambi karo ngeling-eling ngono kuwi bisa ndadekne pikiran dadi luwih urip, kuwi rumangsaku lho?. Nanging nek kanca-kanca luwih seneng sing aweh jawaban kudu Sudimin, aku ya malah luwih seneng maneh. Wektune dadi bisa luwih cepet”.

 

“Ya nek kabeh sing nerangne kudu Sudimin, jenenge padha wae awake dhewe iki ndadekne Sudimin minangka Guru Les” Warsidi numpangi rembug karo setengah guyon, “wektune pancen luwih cepet lan bisa nyinaoni soal liyane, nanging pikirane dhewe ora urip-urip kaya sing dikandhakne Hartini mau, merga kabeh mung njagakne Sudimin wae. Tujune Sudimin kuwi bocah sing lugu, upama sing dadi Sudimin kuwi aku ngono, genah nek banjur juwal mahal, bocah-bocah wedok kuwi kudu luwih kerep nggawakne jajan, he he he …..”.

 

Bocah-bocah padha mesem amba malah ana uga sing banjur ngguyu lirih krungu gunemane Warsidi sing najan karo guyon nanging uga ngemu makna ngono kuwi.

 

Olehe muni ngono kuwi mau, Warsidi karo nglirik Ninuk sing saiki geleme nggawa jajan rada akeh nek dina Rebo karo Jumuah, merga Ninuk ngerti nek dina Senen Sudimin ajeg nek pasa. Malah kerep wae, sanajan dina Rebo utawa Jumuah Sudimin iya pasa, merga ngepasi tanggal telung dina sakitere wulan purnama.

 

“Aku ya mathuk karo panemune mBak Hartini mau, nanging ana tambahane” api-api ora ngerti nek disemoni Warsidi, Ninuk melu urun rembug.

 

“Tambahane apa Dhik? Eh, sing mbok mathuki panemuku sing endi?” Hartini nyela takon karo mesem. Satemene ngono Hartini kuwi duwe rasa sing rada ewa nek karo Ninuk, merga Hartini ngerti banget nek Ninuk kerep wae nyatur dheweke karo kanca liyane nek Hartini mentas jagongan karo Sudimin.

 

“Sing kuwi lho mBak” wangsulane Ninuk “sing nerangne bisa gentenan, sok mBak Tien, sok mBak Yati, utawa Warsidi lan kanca liyane. Lha tambahane, Sudimin kudu neng sandhinge, dadi saupama olehe nerangne kanca-kanca mau ana sing kleru utawa ora pas, Sudimin bisa enggal-enggal mbenerake, dadi kanca-kanca ora malah sansaya bingung”.

 

“Wis, wis kuwi dirembug mengko wae” Sudimin sing miwiti mbukak rembugan munggel rembug “saiki ayo gek ndang diwiwiti sinaune, endi sing mau durung cetha olehe nampa katrangan saka Bapak Ibu Guru lan prelu dirembug murih terange?”.

 

Bocah-bocah ora ana sing semaur, kabeh banjur padha ngetokne buku-buku saka tase dhewe-dhewe, dibukaki lan arep dikandhakne perangan ngendi sing padha durung dingerteni kanthi cetha.

 

Dina-dina terus mlaku maju ora tau ana mundure. Wektu kanggo “Ulangan Umum” wis teka. Jaman kuwi Ulangan Umum dienengne setahun mung kaping pindho, ya iku ing Triwulan kapindho lan Triwulan pungkasan. Ya kanthi Ulangan Umum ngono kuwi bisa ditonton sepira maju utawa mundure bocah-bocah sekolah nggone bisa nampa piwulang sing ditampa. Ulangan Umum sing teka iki Ulangan Umum Triwulan kapindho (kira-kira cara saiki ya semester kapisan). Bocah-bocah sasekolahan padha semangat anggone ngadhepi. Kabeh ora ana sing kepengin oleh biji luwih asor tinimbang biji raport triwulan sadurunge. Semono uga bocah-bocah sing padha melu sinau bareng neng emperan daleme Pak Suwaji. Bocah-bocah kuwi maune kaya padatan padha dheg-dhegan kuwatir nek ora bisa nggarap soal-soal ing Ulangan Umum sing diawasi kanthi ketat dening Guru-Guru Pengawas kuwi. Nanging, ya merga saka asile nggone padha sregep melu sinau bareng, ndadekne bocah-bocah kuwi seneng lan marem. Rata-rata soal sing ora bisa digarap lan dirampungne kanthi becik, kurang saka sepuluh persen. Dadi bocah-bocah sing melu sinau bareng kuwi duwe rasa optimis nek calone bakal mundhak becik biji sing ditulis ana raporte dhewe-dhewe.

 

Tenan. Sawise Ulangan Umum rampung lan disusul dum-duman Buku Raport, bocah-bocah kelas loro A, biji ing wulangan Ilmu Pasti lan Bahasa Inggris rata-rata padha mundhak becik. Semono uga bocah sing manggon neng kelas liya, nanging melu sinau bareng kelas loro A sing dirintis dening Hartini minangka Ketua Kelase, uga padha mundhak becik biji-bijine. Lan kaya jaman-jaman sadurunge, bocah kelas loro sasekolahan sing bijine apik dhewe ya Sudimin. Ninuk sing jaman kelas siji nganti kelas loro Triwulan kapisan angka ing raporte mbuh siji mbuh loro mesthi katutan angka sing ditulis nganggo mangsi abang, ing Raport Triwulan kapindho iki, mulus bijine ireng kabeh. Malah ing kelas loro C Ninuk oleh peringkat loro. Kang mangkono kuwi mau, ndadekne Bu Samusih Wali Kelase paring pangalembana lan panjurung murih Ninuk luwih sregep maneh nggone sinau. Bocah-bocah liyane akeh sing padha kepengin melu Ninuk sinau bareng neng sinau kelompok sing dianakne dening Kelas Loro A sing manggon neng emperan mburi daleme Pak Guru Suwaji kuwi, nalika padha krungu atur wangsulane Ninuk marang Bu Samusih nek dheweke melu sinau kelompok sing dianakne bocah-bocah kelas loro A.

 

“Nek mas-mas karo mBak-mbak iki kepengin melu sinau bareng neng sinau kelompok sing dieloni mBak Ninuk kuwi pancen ya becik” Dhawuh ngendikane Bu Samusih marang Kelas loro C kuwi “nanging apa panggonane isih ana? Ibu kagungan panemu, luwih becik nek Kelas Loro C iki gawe kelompok dhewe sing carane padha karo kelompoke bocah-bocah kelas loro A sing dieloni mBak Ninuk iki”.

 

Bocah sakelas padha gumrenggeng, meh kabeh nyarujuki karo apa sing dadi pituture Bu Wali Kelas kuwi. Pating celebung wiwit padha guneman ngongkon marang Ketua Kelase supaya enggal mbentuk kelompok sinau bareng kaya sing ditindakne kelas loro A kae.

 

“Nanging kula panggah badhe ndherek ing kelompoke lare Kelas Kalih A lho Bu” Ninuk matur marang Bu Samusih, merga Ninuk duwe panemu : nek nganti dheweke ninggalne sinau kelompoke kelas loro A lan melu ing kelompoke kelas loro C sing lagi arep dibentuk, padha wae Ninuk ngiklasne Sudimin sansaya raket karo Hartini. Ninuk ngerti dhewe, nganti tekan saiki Hartini ora kendho nggone kepengin sansaya cedhak lan dadi pacare Sudimin. Lan nek nganti pepenginane Hartini kuwi kasembadan, Ninuk babar pisan ora lila.

 

“Ngono ya ora apa-apa mBak Ninuk” dhawuh wangsulane Bu Samusih “nek jane sinau bareng kuwi kepenak nek tunggal sakelas, nanging nek kowe milih sinau bareng karo bocah-bocah sing ana kelas loro A ya ora apa-apa, apa ta sing marahi mBak Ninuk pilih awor karo kelas loro A tinimbang karo kanca tunggal kelase?”.

 

“Lha kula kadhung kulina kalih kelompok niku lho Bu” atur wangsulane Ninuk dora “mangke menawi ndherek kelompk enggal rak kedah adaptasi malih?”.

 

“O ngono?” Bu Samusih mesem “ya wis, Ibu ngira nek ana sabab liyane”.

 

“Boten kok Bu”.

 

“Wonten dhing Bu” Sigit bocah sing senengane klecon nyuwara banter.

 

“Apa kuwi?” tanpa disengaja Bu Wali Kelas nganggapi,

 

“Murugaken ing mrika kalih njagi Sudimin Bu” atur wangsulane Sigit karo ngguyu “kerana boten disrobot cewek sanes”.

Bocah sakelas padha ngguyu bareng. Ninuk dadi mbrabak abang praupane, ora cetha embuh nesu embuh seneng atine.

 

 

Ana candhake.

 

Minggu, 18 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING [INGGIR GALENG (18)

18.

Nganti sauntara ora ana sing enggal aweh wangsulan krungu pitakon lan panemune Sudimin sing mangkono kuwi mau. Hartini karo Warsiyati padha inget-ingetan dhewe-dhewe, nanging durung ana sing wani guneman, nyarujuki utawa duwe panemu sing seje.

 

“Maaf kanca-kanca kabeh” dumadakan Sugi ngangkat tangane njaluk wektu kanggo guneman “sanadyan aku iki ngrumangsani nek pikiranku rada kethul nek dibandhingne karo pikiranmu kabeh. Nanging aku duwe panemu, kanthi anane sinau kelompok iki gedhe banget manfaate tumrap awake dhewe mligine kanggo aku, lan sing paling gedhe lelabuhane ing babagan iki ora ana liya kajaba kancane dhewe Sudimin, merga Sudimin awake dhewe luwih gampang mudheng karo wulangan sing diparingne Bapak lan Ibu Guru. Mula gandheng Sudimin wis ngusulne supaya wektune sinau ditambahi dadi telung jam setengah kanggo rong pelajaran, luwih becik awake dhewe manut lan nyengkuyung apa sing diusulne Sudimin iki mau lan uga kudu matur nuwun marang dheweke. Setuju kabeh?”

 

“Setujuuuuu!” kompak ambata rubuh bocah-bocah semaur bareng.

 

“Nambahi apa sing diusulne Sugi sing wis disetujoni iki mau” sawuse olehe semaur bareng wis meneng, Hartini genti sing guneman “awake dhewe iki pancen kudu matur nuwun marang Sudimin, merga Sudimin wis akeh mbantu awake dhewe, wiwit resik-resik lan nata kursi kanggo awake dhewe nganti tekan mbantu murih awake dhewe bisa luwih ngerti marang apa sing wis ditampa ing kelas nanging durung pati mudheng. Saiki aku arep takon marang kanca-kanca kabeh, mathuke nganggo cara apa awake dhewe ngaturne panuwun marang Sudimin?”.

 

Ditakoni Hartini ngono kuwi, bocah-bocah banjur padha omong alon marang kanca sing manggon ana cedhake, kahanan dadi rada rame senadyan ora banter suwarane, nanging kaya suwarane pasar sing lagi temawon ngana kae.

 

“Kuwi ta ? Gampang wae!” dumadakan Warsidi semaur banter, ndadekene kabeh mripat padha nyawang dheweke “watone demi kanca-kanca Hartini gelem lan Ikhlas Beramal”.

 

“Apa kuwi? kok kaya mottone Departemen Agama wae?” Warsiyati sing genti nyaut kandhane Warsidi.

“Aja kuwatir Har” ora mangsuli pitakone Warsiyati Warsidi nutugne kandhane “kowe aja kuwatir Har, dhawuhe Pak Wahidin Guru Agamane dhewe kae wong kuwi nek ikhlas beramal bakal dadi lan senenging atine, klebu kowe mengko nek wis gelem nindakne kuwi”.

 

“Iya, aku ya wis ngerti kuwi” wangsulane Hartini sajak ora sabar “aku mbok kon kudu piye?”.

 

“He he he….. kowe kudu gelem dadi pacare Sudimin” wangsulane Warsidi karo ngguyu banter.

 

“Huh…..!!!” karo praupan mbrabak abang, merga katempuh rasa seneng wor lan rasa isin, Hartini wangsulan setengah nyentak  “iki ngrembug perkara sing serius War, ora guyon!”.

 

Sauntara bocah-bocah liyane banjur padha pating cruwet dhewe-dhewe nanggapi guyonane Warsidi sing kober dikira rembug tenanan kuwi mau.

 

“Kuwi jenenge dudu Ikhlas Beramal War, nanging Pucuk dicita ulam tiba” Soni guneman karo ngguyu.

 

“Nek mung ngono kuwi sing dadi carane, ora mung mBak Hartini wae sing gelem, mbok liyane ya mesthi semrinthil rindik asu digitik” Nita bocah sing rada kenes melu semaur.

 

“Nek ngono kowe barang ya gelem nek dikongkon Ikhlas Beramal kaya sing diomongne Warsidi kuwi mau no Nit?” Marsana sing lungguhe cedhak karo Nita genti takon karo plengah-plengeh. Sing ditakoni sakala mbrabak praupane.

 

“Aku ta?” wangsulane Nita bali kenes “nek aku emoh kok, wong aku ora pengin dadi pacare Sudimin, nanging aku milih dadi pacarmu wae!”.

 

“Uwis, uwis olehe guyon mengko wae” Hartini nguneman rada seru. Bocah-bocah ya banjur padha meneng.

 

“Kanca-kanca kabeh” sawuse kahanan bali pulih, Sudimin dumadakan guneman, sanadyan ora banter nanging suwarane cetha yen dirungokne “Aku matur nuwun banget marang kowe kabeh, merga wis rumangsa nek awit anaku ana kene ana gunane. Perkara matur nuwun kaya sing dikandhakne Soni lan Hartini mau, aja digagas nemen-nemen. Merga kanthi marahi kowe kabeh mau, aku uga oleh bathi. Apa? Ya kuwi aku luwih lanyah lan luwih gampang ngapalne apa wulangan sing ditampa pas neng kelas kae. Dadi sinau bareng ngene iki kabeh bathi lan ora ana sing rugi”.

 

“Sing rugi kucing ya Min?” Warsidi bali ngajak guyon.

 

“Bener War” Sudimin wangsulan serius ora katut guyone Warsidi “nek pancen kowe kabeh arep menehi aku atur panuwun marang aku, aku ya wenang milih apa wujude atur panuwun mau”.

 

“Apa Min?” Hartini nyelani takon.

 

“Gampang wae” wangsulane Sudimin karo mesem “kowe kabeh kudu sansaya tenanan olehe padha sekolah lan sinau, migatekne apa sing diwulangake Bapak lan Ibu Guru. Wis mung kuwi panjalukku, ora sah mikir liyane. Saiki wayahe leren”.

 

Kahanan dadi temawon maneh.

 

“Wis wayahe leren iki cah…..” dumadakan Warsidi guneman banter maneh “ayo aja pelit-pelit, sing mau nggawa bontot ndang padha ditokne, aku tak melu amul merga aku ora melu uwul he he he”.

 

Nek guyone Warsidi sing iki ora ndadekne rame kaya mau. Malah bocah-bocah wadon sing kulina nggawa panganan, padha njupuk panganan gawane dhewe-dhewe sing mau disinggahne neng jero tase. Ninuk, sing wiwit mau ngenteni tekane wektu ngaso, gage wae anggone arep ngecakne sing dirancang wiwit mau. Linggihe ngalih nyedhaki Sudimin karo nggawa Mie Goreng sing diwungkus nganggo godhong. Sauntara tangane kiwa nyekeli sendhok cacah loro.

 

“Iki lho Min, mau sengaja tak gawakne saka omah kanggo kowe” kandhane Ninuk karo nyelehne buntelan isi Mie Goreng ing ngarepe Sudimin sing ditumpangi sendhok pisan.

 

“Apa kuwi Nuk?” Sudimin takon semu gumun.

 

“Mie Goreng gaweyanku dhewe” wangsulane Ninuk karo mesem “mau teka saka sekolah aku banjur masak, mie ne tak wenehi suwiran iwak ayam karo tak wenehi jamur damen, olehe ngundhuhne Pakdhe Marimin saka sawah. Enak lho Min, ayo ndang dimaem aku ya arep maem saiki kok”.

“Mie Goreng masakanmu dhewe, mesthi enak banget kuwi Nuk” wangsulane Sudimin nanging mie sing ana ngarepe babar pisan ora disenggol.

 

“Iya enak tenan kok” wangsulane Ninuk karo wiwit nyendhok mie ne.

 

“Nanging eman, aku njaluk pangapuramu wae Nuk, awan iki aku ora kepengin mangan utawa ngombe apa-apa” kandhane Sudimin “Nek olehku mangan mengko nek wis adzan Maghrib, mesthine wis ora pati enak”.

 

“Lhah ? Kowe pasa ta Min?” Ninuk takon suwarane nuduhne nek atine cuwa. Sudimin mung manthuk karo mesem.

 

“Lha tiwas tak gawakne kanggo kowe? Rak ya malah mubadzir iki jenenge?” suwarane Ninuk keprungu yen sansaya kecuwan atine. Olehe arep mangan bareng karo Sudimin neng cedhake kanca-kancane buyar, ora sida klakon.

 

“Lha ben ora mubadzir ya diwenehne sapa kono ta neh?” Sudimin wangsulan karo mlengeh “mbok wenehne Soni sing sendhen cagak karo turu kuwi rak ya malah apik, tinimbang wonge mung merem karo ngorok ngono kuwi”.

 

Ninuk ora wangsulan, bocah ayu kuwi ora bisa nyingidne rasaning atine. Lambene malah mrengut, untune digegetne. Nanging Sudimin api-api ora ngerti, malah banjur karo nyedhaki Soni, Sudimin kandha :

 

“Soni tak gugahe, bocah iki kajaba pinter turu ya sok dremba, senengane mangan enak tur ya akeh”

 

Muni ngono kuwi, Sudimin karo ndemek tangane Soni sing disedhakepne kaya wong lagi semedi.

 

“Heh, kaget aku!” didemek tangane Soni nglilir banjur takon “ana apa Min?”.

 

“Kae lho digawakne Mie Goreng karemanmu, kana gek ndang dipangan, aja mung turu wae” kandhane Sudimin mangsuli pitakone Soni sing kaya wong gragapan .

 

“Apa ? Mie Goreng? Endi? Sapa sing nggawakne?” kemrecek Soni takon.

 

“Iya Mie Goreng sing dimasak karo daging ayam lan jamur damen” wangsulane Sudimin “kae lho neng meja ngarepe Ninuk, pancen sing nggawakne Ninuk kok”.

Soni ngadeg banjur marani kursi sing mau dilungguhi Sudimin, banjur mapan lungguh. Mie goreng sing ana wungkusan dicandhak banjur dibukak.

 

“Matur nuwun lho Nuk” kandhane Soni karo arep nyendhok mie neng ngarepe kuwi “ndelok gandane Mie iki enak tenan, dhasare wetemgku wis krasa rada luwe pisan, cocog tenan iki. Iki olehmu tuku apa olehe masak Ibumu Nuk?”.

 

“Sing masak aku Son” wangsulane Ninuk setengah aras-arasen nggone semaur.

 

“Wah, pinter masak tenan kowe Nuk” kandhane Soni karo mesem “beja tenan suk sing bisa ngepek bojo kowe, bojomu mbesuk mesthi krasan neng omah, karo bola-bali kon masakne”.

 

Ninuk wis wegah mangsuli, atine cuwa. Cuwa banget, karepe masakane kon mangan Sudimin, malah sing mangan Soni bocahe lemu senengane turu.

 

Hartini sing olehe lungguh ora pati adoh, satemene ya ngerti nek Ninuk lagi kagelan atine. Batine ngguyu, semune nyokurne. Nanging Hartini pilih meneng wae, ora semanta kaya ora ngerti apa sing lagi wae kedadeyan.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...