Total Tayangan Halaman

Senin, 09 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (032)


 32.

Weruh kancane padha mlengak sajak gumun, Sudimin meneng anggone ngguyu, dheweke kuwatir yen nganti kanca-kancane padha salah tampa maneh karo guyune kuwi. Tenan, jebule sing rada salah tampa malah Warsidi, krungu guyune Sudimin, Warsidi rumangsa nek olehe takon wis digeguyu, dianggep pitakonan sing lucu sing kudune ora ndadak ditakokne maneh.

 

“Kowe bisa wae ngguyu pitakonku iki mau Min” kandhane Warsidi sanadyan wis ora pati atos nanging keprungu nek atine rada gela “nanging olehku takon iki mau tenanan, lan merga kowe ngguyu aku banjur bisa mbadhe apa sing arep mbok tindakne marang Ninuk”.

 

“Apa kuwi?” Sudimin mbales takon .

 

“Kowe arep nggugu sing dikarepne Pak Dalal, nanging marang aku lan kanca-kanca sing wis mbok anggep batih dhewe, kowe arep kandha nek olehmu nuruti karepe Pak Dalal kuwi mung api-api, ora tenanan, ora tulus tekan ati, prelune kowe bisa ora pedhot nggonmu kekancan karo aku lan kanca-kanca liyane, mligine karo Hartini. Rak ya ngono ta? Dhasar akal kancil tenan kowe kuwi Min, bisa sedhakep karo awe-awe!” wangsulane Warsidi karo suwara sing landhep sing bisa ngabangake kupinge sing krungu.

 

Hartini karo Masirah ora numpangi rembug, nanging kekarone katon nek mbenerake apa sing dikandhakne Warsidi. Sudimin dadi bali ora kepenak rasane.

 

“Kowe kuwi pancen wis nemen olehmu sengit karo aku kok Di” kandhane Sudimin uga kanthi suwara sing nuduhne nek atine lagi mangkel “nganti kowe tega lan mentala ndakwa marang aku karo pandakwa sing banget remehe kuwi. Ngertia ya? Mokal mungguhe Sudimin arep nglakoni kaya sing mbok kandhakne kuwi, ora kok merga aku wedi nek nganti digenthing dening Ninuk munggahe Pak Dalal, uga ora jalaran aku ora gelem dipedhot nggonku kekancan karo kowe lan kanca-kanca kabeh, mligine Hartini. Merga nek mung digething wong wae, aku wis kulina ora tau disenengi wong akeh Di, ora merga klakoanku sing ora genah, nanging merga aku iki mung anake Diman Bandhat sing kondhang nek mlarate taker sikut. Lan bocah sing drajate mung abdi, bocah ngenger, bocah ndherek, aku ya ora arep nyalahne nek bocah-bocah sapantaranku wegah kekancan karo aku, mula pancen ora ana jamake watu inten diworne watu krikil kaya aku iki…….”.

 

“Iya, iya nek ora kaya sing dibadhe Warsidi banjur apa sing arep mbok tindakne?” Masirah sing wis ora betah ngrungokne tembung-tembunge Sudimin tumuli nyela rembug.

 

“Nek sirku, aku ora arep ngowah-owahi adat” wangsulane Sudimin “kaya-kaya aku ora tau krungu kabar sing mbok kandhakne mau. Aku ora arep ngowahi nggonku srawung karo Ninuk, Hartini, Masirah, Warsidi lan kanca-kancaku kabeh. Kajaba nek pancen kanca-kancaku wis ora gelem kekancan karo aku maneh, aku ya ora arep meksa nanging aku bakal panggah ora arep ngowahi adat”.

 

“Lha nek Pak Dalal mentog awakmu?” Masirah takon.

 

“Ora bakal kelakon Pak Dalal mentog aku, merga Pak Dalal wis nemoni Bapak lan aku uga arep ngecakne apa sing disuwunke tulung Pak Dalal marang Bapak, ya kuwi aja merga aku cedhak karo Hartini banjur srawungku karo Ninuk dadi renggang, Ninuk lan Pak Dalal duwe penganggep nek merga Hartini aku dadi adoh karo Ninuk, kamangka kanyatane rak malah kosok balen ta?” wangsulane Sudimin dipungkasi nganggo pitakonan.

 

“Kosok balen piye?” Warsidi genti sing takon.

 

“Wiwit biyen aku karo Ninuk kuwi ya tangga, ya kanca sing lumrah” wangsulane Sudimin “nanging keneng diarani olehe omong-omongan sajrone seminggu durung karuwan bisa omong-omongan najan mung ping pisan. Nanging nyatane sawise aku karo Hartini mundhak akrab, ya kuwi sakjege Hartini ajak-ajak ngenekne Sinau Kelompok kae, paling ora aku kepethuk lan jagongan karo Ninuk seminggu bisa ping telu ya apa ora?”.

 

“Kuwi mula bener” sing wangsulan malah Hartini “Nanging sing diarah Ninuk lan Pak Dalal  luwih saka kuwi, ya kuwi kowe kudu bisa dadi jodhone Ninuk”.

 

“Apa?. Jodho?”  Sudimin mesem “jodho kuwi tekdire Allah, kaya sing dikandhakne Pakku jaman semana marang Pak Dalal, nek pesthine aku dadi jodhone Ninuk mbuh kaya apa wujude sing dadi pepalang mesthi bakal sumingkir kabeh, ning nek dudu jodhone arepa dibudidaya kaya apa wae, ya panggah ora bakal kelakone. Aku wis matur Bapak, nek aku lagi bisa mikir jodho kira-kira ya limalas tahun maneh, wektu iki aku isih mikir golek dalan lan golek sangu kanggo urip ben bisa lumrah kaya wong liyane, dadi sasuwene limalas tahunan mengarep, aku ora arep wani mikir lan ngira-ira sapa sing bakal dadi jodhoku. Aku ya matur marang Bapak, nek jan-jane ngono bocah wadon sing kanggoku nduweni daya lan bisa ngisi atiku kuwi ya wis ana, nanging aku ora wani mblakakne isi atiku. Iya amerga kahanan sing menging aku ngandhakne sapa sing tak tresnani. Nek mbesuk aku wis bisa urip lumrah, ora nandhang kacingkrangan, lan bocah wadon kuwi isih durung nresnani wong liya lan uga durung winengku ing kakung, lagi mbok menawa aku wani blaka. Nanging nek uripku durung tumata, mbok ngantia satus tahun maneh, aku ya ora bakal blaka. Perkara Ninuk, ya ora prelu digagas, merga kajaba aku ora duwe rasa apa-apa marang dheweke, kajaba rasa minangka kanca lan tangga, Pak Dalal dhewe wis ngendika marang Bapak, nek duwe kersa, sing mbok menawa wae bisa dadi sarana ndadekne sansaya renggang lan adohe antarane aku lan Ninuk, ora merga apa-apa nanging ya merga tuwuh saka atine Ninuk dhewe sing bakal disengkuyung dening Bapake”.

 

“Sik…sik….sik…..” Warsidi sumela rembug “coba balenana lan cethakna sepisan maneh tembungmu sing keri dhewe kuwi mau. Pak Dalal ngersakne apa?”.

 

“Pak Dalal ya wis maju cara mikire” wangsulane Sudimin “ora kepengin enggal-enggal mantu, nanging anake wedok kudu sekolah sing luwih dhuwur maneh, lulus SMP mengko Ninuk arep disekolahne nyang Kutha. Kowe wis nyandhak ta sing tak karepne?”.

 

“Durung Min” Hartini wangsulan “tutugna olehmu nyethakne, merga aku ya ngono, nek lulus SMP aku ya kepengin bisa mlebu menyang SMA neng Ngawi kana”.

 

“Apik kuwi Har” wangsulane Sudimin “nek mung lulus SMP wae, ora pati ana guna lan manfaat sing bisa dirasakne, dadi uga marang Masirah karo Warsidi nek bisa ya aja kesusu omah-omah, kudu nerusne sekolah dhisik”.

 

“Sapa sing arep ndang omah-omah?” Masirah nyaut kandhane Sudimin karo mrengut “wong aku ya kepengin bisa sekolah maneh nyang SPG ben bisa dadi Guru kok”.

 

“Nek aku cetha nek kudu bisa mlebu STM” Warsidi nyauti rembug “ndang dikandhakne sing cetha, apa sing mbok karepne karo tembungmu sing aku ora mudheng mau, Hartini ya durung mudheng”.

 

Sudimin mesem kalegan, kanca-kancane wis ora kaya mau tembung lan sikepe. Suwasana bali normal maneh.

“Kowe bocah telu mesthi padha karo aku, wis apal karo teku lan lagak lagon lan lageyane Ninuk kae” kandhane Sudimin sabanjure “lan kowe kabeh mesthi ya wis ngerti nek Kedunggalar kene iki kutha cilik, utawa malah isih kenek diarani ndesa, bocah sing pinter ya durung akeh, bocah sing gantheng lan gagah isih bisa dietung nganggo driji, beda adoh karo neng Ngawi utawa neng Madiun, neng kana kuwi bocah bagus, bocah pinter, bocah sing putrane wong sugih lan nduweni pangkat, akeh banget. Merga saka ngendi-endi padha mlumpuk neng kana. Saiki mbalik maneh menyang Ninuk, nek kepethuk lan kerep srawung karo bocah-bocah lanang sing bagus, gantheng, cekel dhuwit thik ya pinter pisan, kira-kira gampang apa kepenak wae Ninuk nglalekne bocah lanang sing nuwun sewu sanadyan rada pinter, nanging panguripane ora cetha, drajate mung sak abdi utawa wong ngenger kaya aku iki? Tulung aku dibantu mikir mangsuli pitakon sing keri dhewe iki!”.

 

“Ora tak rewangi mikir wangsulane Min” Warsidi wangsulan karo mesem amba, tilas-tilas rasa cuwa ing atine wis ora katon maneh “nanging tak dongakne muga-muga Ninuk kecanthol karo bocah kutha kaya sing mbok kandhakne kuwi”.

 

“Ora sah didongakne” Masirah nyaut rembug “kaya wis keneng dipesthekne, Ninuk mesthi wis lali karo Sudimin sadurunge kwartal keloro sak wise mlebu SMA neng Kutha. Aku percaya banget kuwi”.

 

“Ora mung Ninuk dhewe” Sudimin nutugne olehe guneman “durung karuwan nek kowe kabeh ya ora bakal malih slaga sawise padha lulus SMP lan bisa nerusne sekolah menyang Kutha. Merga, bocah sakelas iki sing durung cetha bathik lan tulisane sawise padha lulus SMP ya mung aku dhewe. Aku durung ngerti, apa aku banjur nusul wong tuwaku melu dadi buruh kuli perkebunan Karet utawa Kelapa Sawit neng Sumatera kana, apa banjur ngulandara dodolan bau kanggo nerusne urip neng kutha, utawa panggah dadi abdine Bapak neng dalem kene, aku ora ngerti. Sing cetha, drajatku bakal manggon adoh ing ngisormu kabeh, mula saupama mbesuk padha wegah kekancan karo aku, aku ya trima wae”.

 

Bocah telu padha meneng, ora ana sing bisa mangsuli apa sing lagi wae dikandhakne Sudimin sing keri dhewe iki. Sing cetha, bocah telu sing mau tekane nggawa ati panas, wis ora padha gela maneh.

 

 

Ana candhake.

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (031)

31.

Hartini, Masirah lan Warsidi katon nek gumun weruh owahe praupane Sudimin sing mau kober rada katut melu peteng saiki bali sumringah maneh. Luwih gumun maneh nalika Sudimin kandha yen ngibaratne bocah telu kuwi kaya bocah cilik sing mangan permen sarana dipamah lan banjur diulu. Iki padha wae ngandhakne nek bocah telu kuwi wis kesusu olehe gawe dudutan sawise nampa warta ora nganggo dirasakne sing luwih jero luwih dhisik banjur tumindak kanthi ati panas nekani Sudimin ing omahe bendarane kaya dina kuwi.

 

“Aku iki wis wola-wali nggagas Min” Warsidi guneman suwarane panggah keprungu atos “wis tak unggahne lan tak udhunke lan tak gathuk-gathukne karo lelakon sing wis kawuri. Entek-entekane ora ana dudutan kajaba pancen kowe kuwi wong pinter sing kejem lan mentala nggunakne kapinteranmu kanggo gawe wirangku lan uga mbok menawa wirange Hartini utawa malah uga kanca liyane. Saiki kowe kandha nek aku, Masirah apa dene Hartini mbok padhakne karo bocah cilik sing durung njawa banjur mamah permen sing kudune mung diemut wae, iki wis pas banget karo sing dikandhakne Masirah mau, kowe kuwi wong pinter sing dhemen nganggep wong liyane bodho kabeh”.

 

“Iya, aku ya ora serik mbok unekne ngono kuwi” karo mesem Sudimin mangsuli rembuge Warsidi sing panggah atos kuwi “lan aku ya ora butuh nyelaki utawa mbenerne apa sing mbok unekne marang aku ngono kuwi, merga wektu iki, cetha nek kowe wis ora percaya maneh marang aku, dadi apa sing tak kandhakne mungguhmu ya mung kaya suwarane menco sing tanpa ana tegese lan ora bisa dibiji bener utawa lupute. Mung wae, aku ya percaya yen becik bakal ketitik ala mesthi bakal ketara kuwi sok mbutuhne wektu sing rada suwe kanggo mbuktekne yen bener. Pancen wektu iki lakone isih becik ditampik lan ala ditampa. mBuh kapan wektune, kowe kabeh mesthi bakal weruh yen tenane aku ora kaya sing padha mbok unekne mau. Aku panggah kaya biyen sadurunge aku tepung becik karo Masirah apa dene Hartini lan durung raket karo Warsidi, Sudimin sing mung bocah ngenger sing asor drajate lan mung aji godhong jati garing, nanging setya marang ati nuraniku sing ora tau goroh selawase. Nanging ya kuwi, mbok menawa olehmu padha weruh kaya sing tak kandhakne mau wis kasep, aku lan kowe kabeh wis adoh ya atine ya ragane, atine merga kowe wis padha ora gelem srawung karo aku maneh kaya sing padha mbok kandhakne mau, ragane mbok menawa sawise aku bisa lulus SMP mengko bakal nusul wong tuwaku menyang tanah sabrang kana, utawa ngumbara nuruti grenjeting karep, sauntara kowe mesthi banjur padha nutugne olehmu padha sekolah neng kutha”.

 

Hartini katon rada kaget krungu wangsulane Sudimin marang Warsidi ngono kuwi. Banjur Hartini nyawang Masirah sajak njaluk tetimbangan apa sing dikarepake Sudimin karo wangsulan sing mangkono kuwi mau. Nanging sing disawang malah banjur ngangkat pundhak, tandha yen uga olehe ora ngerti. Masirah ganti nyawang Warsidi, kaya mau sing ditindakne Hartini marang dheweke. Warsidi ora aweh sasmita nanging ya meneng, ora guneman apa-apa.

 

“Nek ngono kowe ya wis ngerti bab ramene kabar kuwi? Lan kowe ora rumangsa nek kabar kuwi wis gawe larane kanca-kancamu kabeh?” wekasane Hartini sing ngalahi takon.

 

“Lagi watara setengah jam kepungkur aku ngerti” wangsulane Sudimin “sing paring kabar malah Bapak, bar paring kabar kuwi Bapak banjur miyos, aku mlaku memburi, banjur kowe karo Masirah lan Warsidi teka iki mau”.

 

“Lagi iki mau kowe krungu kabar kuwi?” Warsidi takon nggenahne wangsulane Sudimin.

 

“Iya” wangsulane Sudimin maneh “rak kabar sing jare aku wis dijodhokne karo Ninuk jaman aku isih cilik biyen kuwi ta?”

 

“Bener kabar bab kuwi” Warsidi guneman maneh “kok aneh?”.

 

“Aneh piye wong nyatane ya pancen ngono?” Sudimin wangsulan.

 

“Apa kowe ora tau diomongi Bapakmu, karepku Lik Diman utawa Simbokmu, bab jejodhowan kuwi?” Warsidi takon maneh.

 

“Ya ora ta Di” wangsulane Sudimin karo mesem “wong pancen ora ana perjanjian apa-apa antarane wong tuwaku karo wong tuwane Ninuk nek arep padha besanan? Mula aku panggah ngarani nek kabar kuwi kabar sing ngayawara, nek pancen kabar kuwi bener mesthine Pakku lan mBokku rak wis biyen-biyen ngandhani aku bab kuwi? Iya apa ora?”.

 

“Nanging kok Pak Dalal kandha nek kabar kuwi bener? Iki sing omong Pak Dalal, dudu Ninuk, nek sing omong Ninuk ngono bisa diarani ngayawara, nanging nek Pak Dalal? Mosok wong tuwa arep gawe-gawe crita sing ngayawara?” Hartini nyela rembug.

 

“Apa ? sing crita Pak Dalal Bapake Ninuk ? Apa Pak Dalal crita marang kowe dhewe?” Sudimin genti sing takon.

 

“Ora crita marang aku dhewe” wangsulane Hartini.

 

“Dadi kowe kuwi ya mung jarene wong? Banjur kowe percaya nek Pak Dalal ngendika sing ngono kuwi?” Sudimin olehe takon karo mesem rada kecut.

 

“Bener” wangsulane Hartini “aku pancen percaya nek wong sing ngomongi aku kuwi ora bakal ngapusi utawa omong goroh marang aku, anake dhewe, merga sing ngendika kuwi Bapakku”.

 

“Apa?” Sudimin kaget “sing ngandhani kowe Bapakmu dhewe? Kok bisa?”.

 

“Ya bisa wae ta Min?” wangsulane Hartini kalem “Bapakku karo Bapake Ninuk kuwi rak kanca nyambut gawe sing wis suwe? Saben wayah panen utawa saben Pak Dalal kuwi butuh arep dodolan gabah, mesthi sing digoleki lan dikongkon nuku kuwi Bapakku. Lha dhek emben telung dina kepungkur, Pak Dalal rawuh ing omahku. Ora arep nawakne gabahe, nanging malah njaluk tulung Bapakku supaya ngandhani aku murih aku ora seneng ngrusak pager ayu, senajanta pager kuwi ya durung ana wujude. Pak Dalal crita akeh-akeh, bab olehmu arep tiba saka gendhongane mBokmu jaman kowe isih bayi pitu biyen, nganti tekan anane rembug antarane Wong tuwamu lan Pak Dalal sarta Bu Dalal olehe wis padha sarujuk njodhokne kowe karo Ninuk. Mula aku sing dianggep bisa dadi pepalang nggone padha arep besanan kuwi, dijalukne tulung marang Bapakku supaya aku dikandhani supaya aja gelem dadi pacarmu lan malah kudu ngadoh aja oleh cedhak-cedhak karo kowe. Ora gantalan dina, saungkure Pak Dalal, aku ditimbali Bapak dikandhani kaya sing dijaluk Pak Dalal. Tekan kene, apa kowe isih arep selak? Lan panggah wani kandha nek kabar kuwi ngayawara?”.

 

“He he he he…..” Sudimin ngguyu “Persis banget Har…….”.

 

“Apane sing persis ?” Hartini takon, polatane ketok nek ora seneng merga ngira nek critane wis digeguyu dening Sudimin.

 

“Critamu sing mbok tampa saka crita saka Bapakmu kuwi persis karo crita sing tak tampa saka Bapak lagi wae iki mau” wangsulane Sudimin karo mesem.

 

“Dadi crita kuwi bener? Ora ngayawara kaya sing wis mbok kandhakne mau? Saiki kowe wis ngakoni nek wis nyingidne crita sing sabenere kuwi saka kanca-kancamu kalebu aku?” ora sranta Warsidi sing wiwit mau meneng guneman maneh, suwarane sansaya atos.

 

“Sapa sing kandha nek bener?” Sudimin wangsulan rada banter “Nek olehe crita Pak Dalal marang Bapake Hartini padha karo olehe crita marang Bapak,  saupama critane Pak Dalal kuwi bener, cetha nek ora ana rembug sing wis mateng nek aku dijodhokne karo Ninuk, merga jaman semana Bapakku  ora kepengin anake nyunggi lumpang kentheng, ngrabi anake wong sugih tur kinurmatan, kajaba nek anake ya aku iki wis apangawak prabata sing sembada ngangkat lumpang kentheng nganggo tangan sesisih digawa mlaku karo lembehan. Dadi ora ana rasa kuwatir yen sirahe pecah, polone muncrat merga keblegan abote lumpang kentheng sing wujud watu jaman kuna”.

 

“Nanging nyatane Pak Dalal kandha nek antarane wong tuwamu karo wong tuwane Ninuk wis padha mathuke nek kowe karo Ninuk dijodhokne?” Masirah genti sing takon.

 

“Dudu pasarujukan Rah” wangsulane Sudimin sareh “kuwi mung karepe Pak Dalal wae, utawa luwih pase karepe Ninuk wektu iki, Lha Pak Dalal kuwi mung nuruti panyuwune anak sing nek ora keturutan jarene awake dadi panas, lara. Pak Dalal kuwi wis jinja karo lelakon sing disandhang, ya kuwi putra-putrane ora ana sing gelem ngenger wong tuwane, kajaba Ninuk, kabeh wis kapundhut nalika jaman isih cili-cilik, mula Pak Dalal kuwi tansah kuwatir, kuwatir nek nganti ditinggal mati anake wedok sing mung siji thil kuwi”.

 

“Iya pancene ya ngono kuwi critane Bapak marang aku” Hartini melu numpangi rembug “Pak Diman Bandhat, Bapake Sudimin jaman semana ora nulak apa sing dadi kersane Pak Dalal lan Bu Dalal, nanging uga ora nampa, kira-kira ya mung manut jaman kelakone ngana kae”.

 

“Dadi kowe panggah ora bisa nampa apa sing dikersakne Pak Dalal, ngono apa piye Min genahe?” Warsidi takon maneh, suwarane wiwit ora atos kaya mau “Lha nek banjur Ninuk dadi lara tenan, apa kowe mentala lan tega?”.

 

“Ha ha ha …….” Sudimin ngguyu rada banter. Warsidi, Hartini lan Masirah padha mlengak. Gumun.

 

 

Ana candhake.

 

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (030)

30.

Sudimin daya-daya menyang emperan mburi sing padatan kanggo papan sinau kelompok, mau Bu Suwaji paring dhawuh yen dhayohe ngenteni neng kana. Pancen nek neng emperan mburi daleme Pak Suwaji kuwi, hawane luwih seger lan luwih adhem, ora panas kaya neng ngarep utawa papan liyane.

 

Jebul Pak Suwaji wis ana kono uga, bocah telu, Hartini, Masirah lan Warsidi padha lungguh jagongan karo Pak Suwaji.

 

“Mau Ibumu nggoleki kowe menyang Pawon lho Min, wis kepethuk apa?” lagi wae Sudimin nyedhak wis dipapag pitakonan saka Pak Suwaji.

 

“Sampun Bapak” Sudimin atur wangsulan “dhawuhipun Ibu, Warsidi madosi kula lan ngentosi ing mriki?”.

 

“Iya, lha iki bocahe” dhawuh wangsulane Pak Suwaji karo mesem “ya wis kono padha dikepenakne anggone padha lungguhan, Bapak tak ngrampungne gaweyan dhisik”.

 

“Inggih Bapak” Sudimin atur wangsulan,

 

“Matur sembah nuwun Bapak” Hartini, Masirah lan Warsidi melu wangsulan bareng.

 

Sudimin banjur mapan lungguh neng sandhinge bocah telu kuwi.

 

“Jare dhek esuk padha dolan mrene?” kandhane Sudimin miwiti rembug “aku dhek esuk pas nyang sawah, jane ora let suwe kowe padha pamitan bali aku ya wis teka”.

 

“Pancen iya” sing wangsulan Warsidi “banjur dening Bu Suwaji didhawuhi nek kepengin kepethuk kowe, sore supaya mrene maneh. Iki jane durung sore, nanging Hartini selak ora krasan leren neng nggone Masirah, mula ya banjur tak jak mrene iki”.

 

“Kok ketoke padha arep ngandhani bab sing wigati? Ana apa ta?” Merga Hartini lan Masirah ketok padha meneng lan ora katon eseme sing banget beda karo padatan, Sudimin tumuli nakoni dhayohe mungguh apa kang dadi sedyane.

Masirah, Hartini lan Warsidi padha pandeng-pandengan sauntara, Masirah bola-bali ngincangne alise marang Hartini lan Warsidi. Nanging kekarone ora ana sing tumuli guneman, malah padha ngangkat baune dhewe-dhewe.

 

“Ora…” bareng dienteni sauntara ora ana sing padha wangsulan, Sudimin banjur guneman maneh “sak jane ngono iki padha ana apa ta? Mbok aja gawe bingunge atiku neh?”.

 

“Wong digawe bingung sedhela wae kok wis sambat? Nek gawe bingung kancane nganti pirang-pirang sasi kok ayem wae?” Hartini semaur ora aweh wangsulan malah semune melehake, eseme babar pisan durung dikatonake, ulate panggah peteng semu anyel.

 

“Mengko dhisik ta?” Sudimin dadi sansaya ora mudheng karo kandhane Hartini ngono kuwi “karepmu kuwi aku wis gawe bingunge atimu nganti pirang-pirang sasi? Gawe bingung sing kepiye? Ya gene lagi saiki kowe blaka? Aku dhewe babar pisan ora ngertri nek wis gawe bingunge atimu lan kanca-kanca liyane, mbok tulung aku dikandhani, cethane ngono kepiye?”.

 

Hartini ora wangsulan, malah mripate genti genten ngingeti Masirah lan Warsidi, minangka sasmita supaya genti mangsuli pitakone Sudimin.

 

“Ngene lho Min” wekasane kanthi alon Warsidi sing guneman “jane-jane ngono upama nuruti prentahe atiku, aku wis wegah kepethuk kowe maneh. mBok menawa wae iki kanggo sing pungkasan aku rembugan karo kowe, merga jebul anggonmu kekancan karo aku iki mung lamis ora tulus lahir batin. Babar pisan kowe ora tau blaka, malah kepara ngalingi kabar sing ana sambung rapete karo kowe, sing kabar mau tak bantah lan tak gorohake, kowe ya ngerti lan ora menging, nanging jebule kowe ngapusi aku, api-api ora ngerti. Olehku nggorohake kabar sing sumebar kuwi mung merga aku ngrumangsani nek aku iki kancamu, jebul satemene kowe wis luwih dhisik ngerti nek kabar kuwi bener, lan kowe mung meneng wae. Nek wis ngene iki harak aku dhewe ta sing kecelik? Oleh-olehan merga aku ngrewangi lan mbelani kowe jebul mung wujud kewirangan ngene iki? Lha kok ngonowa, saiki kowe kandha nek ora ngerti, kuwi ora lucu Min!”.

 

“Aku sakanca ngerti nek kowe pancen pinter ing samubarang reh Min” Masirah genti numpangi rembug “nanging aja banjur kowe nganggep kanca-kancamu iki bodhone wis kliwat wates ngono kuwi, aku, Warsidi lan Hartini iki sanajan ora pinter kaya kowe, nanging ya isih bisa mikir kok Min, ora kaya sing mbok kira sasuwene iki”.

 

Krungu omongane Warsidi sing banjur disambung dening Masirah sing isine nguman-uman dheweke kuwi, Sudimin dadi legeg. Ora nyana ora ngira nek tekane kancane telu kuwi jebul mung arep nglabrak lan ngunek-unekne, sing satemene Sudimin dhewe durung pati mudheng ing ngendi dununge salah sing ditindakne. Pikirane banjur nyoba miyaki lelakon sasuwene srawung karo bocah telu kuwi, nanging panggah Sudimin durung weruh ing ngendi luput sing tau ditindakne. Rumangsane sasuwene iki, nggone kekancan ya sarwa becik, ora tau ana salah tampa sing ndadekne satron, nek ana bedane panemu adate iya banjur bisa dirampungne kanthi becik. Nanging iki mau Warsidi wis kipa-kipa nek rumangsa getun dene wis duwe kanca dheweke, Masirah malah ngundamana dheweke didakwa wis nggoblogne kanca-kancane.

 

“Ngene lho ya?, aku iki ora mudheng lan ora ngerti karo apa sing wis padha mbok kandhakne kuwi mau” alon-alon Sudimin wiwit semaur “Warsidi wis rumangsa nandhang wirang merga mbelani aku lan ngarani yen anggonku kekancan kuwi mung lamis, kuwi aku ya ora ngerti jlentrehe ngono piye. Kabar sing semebar kuwi kabar apa? aku ya ora tau ngerti. Luwih-luwih tembunge Masirah sing ndakwa yen aku wis nggoblogne kanca-kancaku, kuwi ing sisih ngendi? Aku ora rumangsa nek ngono kuwi. Dadi arepa olehmu padha guneman nganti kaya bethet sewu ngoceh bebarengan, nek aku ora mbok tuduhi kanthi cetha aku wis tumindak apa sing jebule tumindakku kuwi kleru lan wis gawe larane atine kanca-kancaku, aku ya ora bakal ngerti. mBok nesonana nek sing mbok nesoni ora ngerti rak ya padha wae kowe nesoni wong turu sing ora krungu ta?. Tulung genahna lan cethakna sagamblang-gamblange, kleruku kuwi manggon neng endi? Nek pancen aku kleru tenan, aku ya arep nyoba ndandani murih apike, nanging nek kowe kabeh wis ora percaya, ya aku ikhlas nampa ukuman saka kowe kabeh”.

 

“Nek sing guneman ngono kuwi liyane Sudimin, aku isih bisa nampa Min” wangsulane Warsidi karo suwara sing atos “nanging nek sing guneman kuwi kowe keprungu nek lucu. Mokal bocah sing kapinterane nganti pitung wong kaya kowe kuwi, durung nyandhak karo apa sing lagi wae tak kandhakne”.

 

“Dadi kowe panggah ora gelem blaka marang aku?” Sudimin takon suwarane uga keprungu wiwit ana atose.

 

Warsidi ora enggal semaur, untune digegetne kanggo nahan mubaling kanepsone.

 

“Ngene wae Min” wekasan sing guneman genti Hartini suwarane alus nanging cetha yen ngemu rasa gela “tenane olehku nggoleki kowe iki mau ora arep ngrembug perkara kuwi, merga aku ya ngerti nek wis ora ana gunane maneh. Nanging niyatku saka omah mau mung arep njaluk tulung marang kowe, mbok menawa bisa diarani iki panjaluk tulungku sing pungkasan”.

 

“Kabeh kok sarwa sing pungkasan kuwi genahe piye ta?” Sudimin wangsulan suwarane bali keprungu sareh maneh.

 

“Aku njaluk tulung supaya kowe gelem ngandhani Ninuk” Hartini nutugne olehe guneman “merga pangiraku mung marang kowe Ninuk bisa lan gelem percaya, nek omonganku wae dening Ninuk ya ora dianggep babar pisan”.

 

“Kok tekan Ninuk barang kuwi babagan apa maneh ta Har?” Sudimin dadi sansaya gumun lan kober muser pikirane tekan ngendi-endi.

 

“Aku ora ngerti sapa sing ngomongi, jarene Ninuk, aku lan kowe kuwi wis ana sesambungan batin antarane bocah lanang karo bocah wadon. Lan merga kuwi Ninuk banjur duwe dudutan yen aku iki wis ngrusuhi utawa mbubrahne sesambungan antarane Ninuk karo kowe sing wis dadi petung mateng antarane wong tuwane Ninuk karo wong tuwamu sing aseli. Aku ya wis kandha marang Ninuk, nek antarane awake dhewe iki durung ana rembug apa-apa kajaba rembug kekancan sing lumrah, nanging sajake Ninuk panggah ora percaya marang aku. Mula aku banjur ngajak Warsidi karo Masirah iki mau, nemoni lan njaluk tulung marang kowe, supaya kowe gelem ngandhani Ninuk, kepiye sing sanyatane sesambungan antarane aku lan kowe”.

 

Sudimin mesem, polatane dadi bali sumilak padhang. Sudimin wiwit bisa ngerti karo apa sing dikandhakne Warsidi lan Masirah mau. Nanging Sudimin banjur nggagas, olehe ngerti perkara rembugan antarane Pak Dalal lan Bu Dalan karo wong tuwane jaman dheweke isih bayi iku lagi awan iki mau, kuwi wae merga olehe pirsa Pak Suwaji sing banjur nyritani dheweke merga ya dicritani Pak Dalal lagi esuk mau. Lha iki Hartini kok wis ngerti critane Pak Dalal sing dicritakne marang Pak Suwaji? Yen ngono cetha nek Pak Dalal olehe nyritakne rembugan antarane Pak Dalal karo wong tuwane, ora mung marang Pak Suwaji dhewe. Banjur marang sapa maneh anggone Pak Dalal adol prungu crita lelakon sing wis suwe banget kedadeyane kuwi?.

 

“Iya, iya, iya” Wekasan Sudimin guneman alon nanging cetha “saiki aku lagi ngerti marang apa sing dikandhakne Warsidi lan Masirah marang aku mau. Kowe kabeh kuwi kena tak arani kaya bocah cilik sing merga seneng karo panganan sing jenenge permen, olehe mangan permen banjur dipamah lan diulu, dadi ora ngerti kanthi sawutuhe rasa sing ana permen kuwi mau”.

 

 

Ana candhake.

 

Jumat, 06 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (29)


 

29.

Sudimin mesem mlengeh oleh pandangu saka Pak Suwaji mangkono kuwi mau. Banjur ndilat lambene, nuli atur wangsulan :

“Kula ngrumaosi Bapak, kula menika sinten? lan sinten Sri Hartini menika?, kados ingkang kasebat ing Buku Yasanipun Profesor HAMKA ingkang sesirah Di Bawah Lindungan Ka’bah nika, saupama dipun sanepakaken kaliyan tosan, sami-sami tosanipun kula menika inggih namung Arit Gowang ingkang sampun gablug lan dibucal ing pinggir radosan. Menawi Sri Hartini menika saged kaupamekaken Dhuwung ingkang apendhok emas. Boten badhe wonten cariyosipun tiyang ingkang kagungan Wangkingan apendhok emas badhe rila manahipun menawi Dhuwungipun dipun sandhingaken kalihan arit gablug, ingkang gowang malah sampun teyengen pisan. Mila saking menika kula lajeng kedah ngicali raos tresna dhateng Hartini saderengipun kula manggih bilahi ing tembenipun inggih menika raos sakiting manah ingkang kasebabaken awit kula ingkang boten ngrumaosi drajat kula”.

 

“Iya Bapak pirsa sing mbok karepake, yen pancen tekadmu mangkono Bapak ya melu jumurung. Malah sing baku saiki temenana nggonmu golek sangune urip, ya kuwi kabisan lan kapinteran. Merga aku tau krungu dhawuhe Kyai Wahid jarene Kanjeng Nabi nate paring dhawuh yen wong sing paling cilaka kuwi wong sing bodho sing ora gelem mbudidaya murih ilang bodhone” Pak Suwaji paring wangsulan disusul paring pitutur.

 

“Inggih Bapak”.

 

“Lha saiki Bapak ya arep mundhut pirsa sepisan maneh” Pak Suwaji ngendika maneh “sawise kowe krungu critane Pak Dalal sing kepengin njodhokne putrane karo kowe kuwi kepiye mungguh panemumu?”.

 

“Sami Bapak” Sudimin atur wangsulan.

 

“Padha karo Panemune Pak Dalal?” Pak Suwaji mundhut pirsa karo mesem.

 

“Nggih boten ta Bapak!?” Sudimin atur wangsulan karo ngguyu.

 

“Lha piye?”

 

“Kajeng kula sami kalihan sikep kula dhateng Sri Hartini” Sudimin nggenahne karepe “dados kula inggih boten badhe gadhah niyat tresna dhateng Ninuk, putranipun Pak Dalal menika”.

 

“Nanging, saupama Ninuk kuwi disanepakne Keris sing pendhoke emas, Pak Dalal ya seneng-seneng wae lho upama disandhingne kowe sing mbok sanepakne kaya Arit Gablug sing wis teyengen mau?” Pak Suwaji njajagi tekad lan niyate Sudimin.

 

“He he he he” Sudimin ngguyu lirih banjur matur “nadyan makatena, kula inggih langkung pitados dhateng criyosipun Pake kula kados ingkang Bapak cariyosaken wau”.

 

“Sing endi kuwi?”

 

“Bilih tiyang menika, manahipun gampil goyang, sedina nglampra sawengi ngimpi” ature Sudimin cetha “inggih wekdal menika Ninuk mbok menawi kemawon remen dhateng kula lan Pak Dalal ugi nyarujuki, nanging kula sakedhik-sakedhik inggih ngertos watak wantunipun Ninuk, saha pambeganipun Pak Dalal ingkang tansah ngrojongi menapa ingkang dados pepenginanipun Ninuk, awit Pak Dalal ajrih menawi ngantos kecalan putranipun ingkang Kantun setunggal niku”.

 

“Watak wantune Ninuk sing kepiye sing mbok karepake?”.

 

“Wekdal samangke menika Ninuk mila tresna lan asih dhateng kula” Sudimin nyethakne maneh sing dikarepne “menika jalaran ngertosipun Ninuk inggih namung winates ing pasrawunganipun wekdal menika. mBok bilih kemawon wekdal samangke Ninuk dereng kepanggih lare jaler ingkang kapinteranipun nglangkungi kula. Mangke menawi Ninuk sampun mlebet SMA ing Kitha mrika, tartamtu badhe kepanggih lan tepang kalih kathah lare jaler ingkang samudayanipun tebih ing nginggil kula. Lha ing mriku mangke Ninuk mbaka sakedhik badhe nyupekaken kula, menapa malih Pak Dalal ingkang wasis micara nanging nyatanipun kawon kalihan putranipun menika, mesthi kanthi remening manah ngrojongi pikajengipun Ninuk. Menawi samangke kula ndherek ingkang dados kersanipun Pak Dalal kanthi remen, boten mokal benjingipun kula ugi kedah ndherek kersanpun Pak Dalal malih kanthi manah nelangsa, lan menika kula boten kepengin. Malah kula sepisan malih badhe ndherek kersanipun Bapak, badhe tumemen pados sanguning gesang rumiyin”.

 

Olehe matur mangkono mau katon yen ature Sudimin tulus mijil saka dhasaring ati suci. Mula Pak Suwaji uga banjur nayogyani kantji renaming penggalih. Mung wae, sepisan maneh Pak Suwaji kepareng nggogohi ati sucine Sudimin.

 

“Bapak nayogyani banget karo sing dadi aturmu mau Min, Nanging…….”

 

“Nanging menapa Bapak?”.

 

“Yen sekolahmu mung mandheg sawise tamat SMP kuwi durung paya-paya nyukupi yen kanggo sanguine urip, lan supaya bisa nyukupi kowe kudune nutugne menyang sekolahan sadhuwure maneh” pak Suwaji kendel sedhela anggone ngendika. Sudimin mung bisa meneng durung bisa atur wangsulan apa-apa.

 

“Kamangka, Bapak bisane mbantu sekolahmu ya mung tekan kowe lulus SMP wae” ngendikane Pak Suwaji nyambung dhawuh sing wis kawetu ing ngarep.

 

“Menika sampun langkung saking cekap Bapak” atur wangsulane Sudimin kanthi suwara sing kebak rasa panarima, awit Sudimin krungu yen suwara pangandikane Pak Suwaji kuwi uga ngemu rasa pangeman yen Sudimin mung sekolah tekan lulus SMP wae “pitulunganipun Bapak dhateng kula sampun kliwat saking kathah lan ageng. Boten ateges kula sampun tuwuk namung lulus SMP mangkenipun, manawi kula kapeksa boten saged sekolah malih kula badhe ngecakaken kaweruh-kaweruh ingkang sampun nate kula tampi wiwit SD ngantos SMP kanthi sasae-saenipun. Sanadyan makatena, menawi Gusti kepareng ngersakaken kula saged sekolah malih sasampunipun lulus SMP mangke, tartamtu boten kekirangan margi”.

 

“Upama nganggo cara ngene piye ? Bakune kowe mbesuk bisa nutugne olehmu sekolah sawise lulus SMP dhisik?” Pak Suwaji nawakne cara.

 

“Caranipun kados pundi Bapak?” Sudimin nyuwun pirsa.

 

“Carane saiki kowe api-api nyarujuki kabeh sing dikersakne Pak Dalal, nanging kowe uga ngajokne sarat masrut sing kudu diwujudi dening Pak Dalal, ya kuwi Pak Dalal kudu kersa ngragati sekolahmu paling ora nganti lulus SMA utawa Sekolah Kejuruan Tingkat Atas. Piye yen ngono ?”.

 

Sudimin meneng sedhela, pikirane sing landhep wis bisa ngaweruhi yen sejatine rerigen sing didhawuhne Pak Suwaji kuwi mung kanggo nyoba marang dheweke. Dudu watake Pak Suwaji sing muruki muride murih duwe pangawak prau, gelem obah merga ngalab opah. Pak Suwaji bola-bali paring warah yen gelem mbantu wong liya kuwi aja merga ngarep-arep sembulih apa-apa, nanging kudu dilakoni kanthi ikhlas lahir tumusing batin, minangka srana kanggo manembah marang Kang Maha Kawasa. Ora kok kaya sing lagi wae didhawuhne iki mau.

 

“Nyuwun pangapunten Bapak” Sudimin kanthi suwara sing alon nanging keprungu cetha matur “kula boten saged nglampahi ingkang kados makaten menika kala wau, awit kula boten badhe ngucemaken asmanipun Bapak namung kangge mbujung kabetahan kula ingkang dereng kantenan sagedipun kacepeng. Sampun malih kok mawi ngunjukaken sarat dhateng Pak Dalal kados makaten kala wau, saupami tanpa kula nyuwun nanging Pak Dalal paring dhawuh tawa-tawa dhumateng kula murih kula saged sekolah malih sasampunipun tamat SMP mangke kanthi nanggel wragadipun, dereng kantenan kula badhe sumrinthil nampi kanthi bingahing manah. Kula namung purun nampi pitulunganing asanes menawi pitulungan menika kaparingaken kanthi ikhlas boten murih menapa-menapa, kados anggenipun Bapak saha Ibu paring pitulungan dhumateng kula ngantos titiwanci menika”.

 

Byar padhang, katon sumringah pasuryane Pak Suwaji midhanget atur wangsulane Sudimin sing nuduhne jiwa kasatriyane kuwi. Mula karo mesem sing nuduhne yen lagi karenan penggalihe, pak Suwaji banjur paring dhawuh :

 

“Ya wis yen pancen mangkono sing dadi tekadmu, Bapak mung bisa melu ndedonga nyuwun kamurahaning Gusti Sing Maha Kawasa, muga-muga kasembadan apa sing mbok sedya. Saiki kana mbok menawa kowe arep ngapa ta ngapa bisa mbok tindakne, perkara anggone Bapak mundhut pirsa sarta nyritakne critane Pak Dalal iki mau ora sah nemen-nemen nggonmu nggagas”.

 

“Inggih Bapak” wangsulane Sudimin, banjur ngadeg arep ngalih.

 

“Oh, iya meh wae Bapak kelalen…..” dumadakan Pak Suwaji ngendika maneh.

 

“Inggih wonten dhawuh menapa Bapak?” Sudimin nyadhong dhawuh.

 

“Suk Sabtu malem Ahad ngarep, Masmu si Respati arep tilik omah karo ngajak kanca”.

 

“Mas Respati badhe kundur?” Sudimin nyethakne dhawuhe Pak Suwaji.

 

“Iya, layange sing nganggo prangko kilat, wis teka mau esuk. Nanging ya mung sepasar neng omah karo ngajak kancane sing kepengin ngerti kahanane desa kene, wong Jerman karo bojone, bojone kuwi  wong Turki lan nggawa anak siji. Mengko utawa sesuk sak kobermu wae, kamare Masmu Prayitna resikana lan tatanen sing becik, ben dienggoni kancane Masmu Respati”.

 

“Inggih Bapak”

 

Pak Suwaji banjur jumeneng lan bali tindak mlebu omah. Sudimin banjur ngalih metu saka Pawon, pikirane nggagas gaweyan apa sing luwih dhisik arep ditindakne, merga wektune wis kalong akeh dienggo jagongan karo Bendarane. Sudimin banjur memburi, niyate arep resik-resik pekarangan mburi luwih dhisik.

 

Lagi wae arep nyandhak sapu, dumadakan Sudimin krungu nek ditimbali Bu Suwaji. Sapu diselehne, daya-daya marani panggonane juragane putri.

 

“Kae lho, kowe digoleki kancamu sing mau esuk mrene!” Bu Suwaji jebul wis jumeneng neng cedhak lawang pawon, banjur paring dhawuh nek ana kancane Sudimin sing mara nggoleki dheweke “kana ditemoni dhisik, mbok menawa ana sing wigati. Gaweyane ditinggal dhisik, mikir gaweyan kuwi ora ana enteke ya?”.

 

“Inggih Ibu” atur wangsulane Sudimin alon. Sudimin kelingan mau Bu Suwaji wis paring dhawuh nek dhek esuk pas dheweke menyang sawah, Hartini kanthi dikancani Masirah lan Warsidi teka mrono nggoleki dheweke. Atine Sudimin bali rada dheg-dhegan maneh.

 

 

Ana candhake.

Kamis, 05 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (028)


 

28.

Sudimin isih anteng karo meneng, nyemak pangandikane Pak Suwaji sing nerokne critane Pak Dalal. Sudimin uga banjur kelingan marang critane bocah-bocah kancane sekolah, sing ngandhakne nek jarene Ninuk kuwi kerep crita marang sapa-sapa yen Ninuk kuwi wis dipacangne wiwit cilik karo dheweke. Kanthi nyemak crita sing dingendikakne Pak Suwaji ngono kuwi mau, apa sing dikojahne Ninuk kuwi ora satus persen luput. Isih ana sing bener, merga ana sumbere . Mung wae mbok menawa anggone nampa sumber kuwi kurang pas, utawa olehe merdeni sumbering crita mung wewaton penafsirane dhewe, critane Ninuk dadi sakarepe dhewe, dijumbuhne karo sing dikarepne. Dadi saiki Sudimin ngandhani atine dhewe, ora kena ngluputne Ninuk merga seneng kojah bab nek wis dipacangne wiwit cilik, nanging ya ora kena mbenerake jalaran crita sing dikojahne Ninuk wis diimbuhi klawan penapsirane dhewe.

 

“Ngono kuwi critane Pak Dalal marang Bapak dhek mau esuk” Pak Suwaji mungkasi olehe nirokne critane Pak Dalal “mulane Bapak mau mundhut pirsa : apa bapakmu biyen tau crita sing ana sambung rapete karo mbesuk nek kowe wis wayahe omah-omah”.

 

“Lha kok lajeng Pak Dalal nyariyosaken dhateng Bapak menika mengku kersa menapa Bapak?” Sudimin matur alon minangka tanggaping wacana.

 

“Lha kuwi, ana critane dhewe maneh” Pak Suwaji paring wangsulan.

 

“Cariyos menapa malih Bapak? Kok kados sandiwara radio kemawon?” Sudimin matur nyuwun pirsa karo ngguyu lirih.

 

“Pancen bener, ana maneh critane” Pak Suwaji paring wangsulan uga karo gumujeng alon “kowe ngerti ta nek putrane Pak Dalal kuwi jane ana papat, nanging sing lulus anggone ngenger nganti tekan gedhe rak mung Ninuk dhewe? Merga adhi-adhine Ninuk sing cacahe ana telu, wis kapundhut sadurunge umure ganep sepasar, malah sing keri dhewe kae, wis ora ana wiwit ana sajroning kandhutan”.

 

“Inggih Bapak”

 

“Lha Ninuk kuwi wae, jaman isih cilik sadurunge sekolah biyen kerep lara-laranen, malah ngendikane Pak Dalal nganti saiki, nek apa sing dipengini ora dituruti dening Bapak lan Ibune, banjur awake panas lan ndleming ora karuwan”.

 

“Wadhuh, makaten inggih Bapak?” Sudimin matur karo mesem, karo batine ngandhakne nek Ninuk kuwi pancen bocah aleman.

 

“Iya, ya awit saka kuwi, Bapak banjur duwe dudutan yen rawuh lan anggone crita Pak Dalal marang Bapak, mung merga wedi utawa kuwatir yen Ninuk nganti lara utawa panas awake maneh” dhawuh wangsulane Pak Suwaji sabanjure.

 

“Liripun kados pundi Bapak?”

 

“Lire mangkene” Pak Suwaji nyambung critane “Pak Dalal uga nyritakne, mesthine olehe crita ya merga dicritani putrane, yen sawuse kowe karo Ninuk sekolahe awor neng SMP nggone mBah Cip, nggonmu sambung kekancan karo Ninuk dadi lan rakete. Mundhak dina sansaya raket lan sansaya cedhak, malah jarene kerep wae Ninuk njaluk warah carane nggarap wulangan-wulangan sing dheweke durung mudheng marang kowe, jarene Pak Dalal maneh, kowe ya seneng banget yen Ninuk gelem njaluk warah marang awakmu. Apa ya pancen bener mangkono?”.

 

“Pripun nggih Bapak?” Sudimin atur wangsulan sajak ewuh aya “menika wonten leresipun nanging ugi wonten ingkang boten pas”.

 

“Lire kepiye?”

 

“Leresipun, mila saestu menawi srawung antawisipun kula kalih Ninuk menika mila lajeng wewah raketipun sasampunipun minggah ing kelas kalih, jalaran Ninuk mila saben seminggu dugi dhateng griya mriki saha kepanggih kula, paling boten kaping tiga, Senin, Rebo lan Jumuah. Awit Ninuk ugi tumut sinau kelompok ingkang dipun wontenaken ing emperan wingking nika. Makaten ugi menawi dipun wastani Ninuk asring nyuwun warah babagan wulangan ingkang piyambakipun dereng patos ngertos. Nanging anggenipun nyuwun warah inggih kanthi wontenipun sinau kelompok menika, ingkang andilalah kula ingkang langkung asring saged nerangaken caranipun nggarap wulangan ingkang dereng sami mudheng menika” Sudimin atur wangsulan nyethakne apa sing sanyatane.

 

“Lha jaremu ana sing kurang pas? Sing endi kuwi?” Pak Suwaji mundhut pirsa maneh, senajan satemene sethithik-sethithik uga wis pirsa karo sing dikarepake Sudimin.

 

“Menika makaten” Sudimin atur wangsulan “ingkang sepisan, anggenipun Ninuk nyuwun warah menika estunipun boten mligi dhateng kula, nanging dhateng sedaya kanca ingkang sami ndugeni sinau kelompok, namung kemawon inggih niku wau, andilalah ingkang kathah saged nerangaken kanthi cetha menika kok kula. Saha malih, anggen kula nerangaken menika boten kangge Ninuk kemawon, nanging ugi dhateng kanca-kanca sedaya”.

 

“Banjur sing kapindho?”

 

“Ingkang kaping kalihipun, mila leres menawi kula remen lan kanthi bingahing manah menawi wonten kanca ingkang pitaken bab wulangan ingkang dereng patos dipun ngertosi menika, lan kanthi bingah menawi saged kula lajeng nerangaken menggah cethanipun. Makaten menika boten namung menawi ingkang pitaken Ninuk kemawon, nanging ugi kanca-kanca sanesipun. Dados menawi dipun wastani kula remen marahi Ninuk, menika mila boten lepat nanging inggih kirang pas menawi dipun wastani anggen kula remen menika namung menawi ingkang kula warahi Ninuk kemawon” Sudimin njangkepi wangsulane.

 

“Iya Bapak wis bisa nampa karo sing mbok aturne kuwi” Pak Suwaji ngendika karo mustakane manggut-manggut “mung wae sajake olehe crita Ninuk marang Bapake, ora kaya sing mbok aturne iki mau. Merga isih ana sambungane crita”.

 

“Wadhuh” Sudimin kaya sambat “lajengipun crita menapa malih Bapak?”.

 

“Merga dicritani Ninuk olehe srawung karo kowe, nanging beda adoh karo sing mbok aturne iki mau, ndadekne Pak Dalal rumangsa kaya weruh ayat-ayate Gusti Allah sing wujude Ayat Kauniyah, ya iku ayat sing ora kamot ing Kitab Suci, nanging anane kedadeyan sing sajak ngemu pituduh utawa hidayah” Pak Suwaji paring wangsulan.

 

“Ayat Kauniyah Bapak? Weleh-weleh, Pak Dalal kuwi thik kaya Wali wae?” Sudimin grenengan ijen.

 

“Iya” Pak Suwaji ngendika karo mesem “rumangsane pak Dalal, raketing srawungmu karo Ninuk kuwi, minangka pepeling saka Gusti Allah. Ya kuwi Pak Dalal lan Bu Dalal dielingne nek nate kagungan niyat arep njodhokne putrane karo anake Kang Diman Bandhat, ya kuwi pas kowe isih cilik, kaya sing wis dicritakne Bapak neng ngarep mau. Mula pak Dalal lan uga Bu Dalal ya banjur ngersakne supaya niyat sing wis kocap jaman semana bisoa kasembadan”.

 

“Kersanipun Pak Dalal kalih Bu Dalal badhe njodhokne Ninuk kalih kula?” Sudimin matur, karo batine wiwit nata ukara kanggo atur wangsulan yen dheweke ora duwe rasa tresna marang Ninuk, kajaba tresna lumrah antarane kanca karo kanca.

 

“Bener” Pak Suwaji paring wangsulan “nanging ora saiki, merga Pak Dalal uga kepengin Ninuk bisa sekolah luwih dhuwur maneh. Dadi paling cepet ya ngenteni nek Ninuk wis tamat SMA”.

 

Sudimin isih meneng, durung atur wangsulan, isih ngenteni critane Pak Suwaji sabanjure.

 

“Lha anggone Pak Dalal nyritakne bab niyate besanan karo wong tuwamu jaman semana kuwi, supaya Bapak pirsa, banjur kersa melu ngandhani kowe murih sansaya ngraketake nggonmu srawung karo Ninuk kareben niyat sing wis diucapne Pak Dalal lan Bu Dalal jaman semana kuwi bisa kasembadan kanthi lancar” sawise pirsa nek Sudimin meneng wae, Pak Suwaji nutugne olehe ngendika “merga ngendikane Pak Dalal, sing mesthine ya saka wadulane putrane, jarene keri-keri iki, sikepmu katon rada beda marang Ninuk. Dene sing njalari, merga ana bocah wadon liya sing wis wani ninggalne sipat-sipating bocah wadon sing sarwa semu ing samubarang reh. Bocah wadon sing keri kuwi mau, jarene tanpa duwe rasa ewuh pakewuh ngatonake rasa tresnane marang kowe, kathik dhasare bocahe ya kasinungan rupa sing ayu, lencir kuning pisan, dadi ya ora mokal nek kowe banjur kegiwang atimu, banjur nglanggati tresnane bocah wadon mau. Lan malih ora migatekne maneh marang Ninuk. Kowe ngerti sapa bocah wadon sing keri iki?”.

 

“Menapa Sri Hartini Bapak?” Sudimin mbadhe jenenge bocah wadon sing dicritakne Pak Suwaji. Amarga mau, sadurunge crita akeh-akeh Pak Suwaji uga mundhut pirsa perkara olehe srawung karo Hartini, putrane juragan gabah sing sugihe ora karuwan kae.

 

“Bener, jenenge Sri Hartini” Pak Suwaji mbenerake wangsulane Sudimin “apa bener Sri Hartini kuwi kaya sing dicritakne Pak Dalal marang Bapak kaya sing wis bapak dhawuhne marang kowe mau? Lire antarane Hartini karo kowe padha-padha olehe mambu ati utawa padha tresnane?”.

 

Ditlemak nganggo pitakonan kaya mangkono kuwi, Sudimin mbrabak, pancen atine ora bisa selak yen dheweke satemene uga seneng marang Hartini, mung wae dheweke duwe niyat ora arep ngandhakne rasa tresnane kuwi marang sapa wae, kalebu marang Hartini sing jarene kanca-kancane, luwih-luwih jarene Masirah apa dene Warsidi Hartini kuwi kepengin bisa dadi pacare.

 

“Nyuwun pangapunten Bapak” wusanane karo suwara sing alon Sudimin banjur atur wangsulan marang bendarane “saupami kula kasinungan sarat ingkang jangkep makaten bares mawon kula mila remen menawi cecaketan kalih Hartini ingkang ketingalipun ugi remen menawi kekancan kalihan kula, nanging gandheng sarat ingkang kula ngadhahi taksih tebih dereng nyekapi, mila lajeng kula punggel namung kekancan limrah kemawon. Dados menawi dipun wastani menapa kula remen kalih Hartini menika leres, nanging menawi menapa kula tresna dhateng Hartini menika lepat, jalaran kangge nresnani Hartini menggah kula, kula dereng saged nyekapi sarat masrutipun”.

 

“Lha kok nganggo sarat masrut barang ta Min? Apa wujude kuwi?”.

 

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...