Total Tayangan Halaman

Minggu, 15 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (038)

38.

Tekane Sudimin sing uga dikanthi dening wong tuwane angkat ing omahe wong tuwane, ndadekne bungahe Diman Bandhat lan Sudinem apa dene Daliyem karo Wagirah. Saking senenge, Sudinem nganti nangis gero-gero, anake lanang kuwi dirangkul banjur diambungi kaya jaman isih cilik biyen. Adhine Sudimin loro kuwi ya padha melu mingseg-mingseg, merga seneng. Mung Diman Bandhat sing ora nangis, nanging katon nek mripate melu kaca-kaca. Kabeh ora ana sing ngira nek anake lanang sing ditinggal neng Tanah Jawa sepuluhan tahun kepungkur, teka. Ora ijen nanging malah nggawa kanca telu cacahe.  Sawise rada sauntara, Sudimin nuli nuntun simboke dilungguh neng kursi. Omahe Diman Bandhat saiki wis beda adoh karo omah sing biyen dienggoni neng Tanah Jawa sing rupek, gedhege nam-naman pring, lan nek ana dhayoh digelarne klasa, Omah ing papan transmigrasi kuwi gedhe tur jembar, omah sing asli jatah saka Pemerintah wis diowahi total, nadyan saka njaba durung dilepa, gedhege omah wis malih dadi tembok, jogane plesteran alus, ana meja kursi tamu komplit. Kang mangkono kuwi nyata nuduhne yen uripe Diman Bandhat sakulawargane wis owah dadi lan apike. Sudimin uga banjur caos sasmita marang wong tuwane angkat supaya padha lenggah neng kursi tamu kuwi, merga wis sauntara nggone padha jumeneng mirsani solahe simboke Sudimin sing lagi ngesok rasa kangene marang anak lanang. Pak Bahadir nglenggana nek sing didhayohi kelalen ngacarani lungguh, mula ya banjur mapan lungguh neng kursi, semono uga Bu Albertina lan Wiwin Winarah.

 

“Maaf ndara Tuan…” sawise rada suwe kamitenggengen merga tekane anak lanang, Diman Bandhat lagi eling nek neng omahe ana dhayoh sing sajake dudu wong jawa, mula banjur gage-gage aweh pambagya wilujeng “selamat dateng di saya punya gubug ini, salam taklim saya untuk ndara Tuan bertiga”.

 

“Matur nuwun Pak Diman” sing wangsulan Pak Bahadir karo mesem “leres nggih ingkang kula sowani niki Pak Diman Bandhat lan Ibu Sudinem tiyang sepuhipun Mas Sudimin?. Sampun pekewed Pak, kula niki sanakanipun Pak Mantri Guru Suwaji, griya kula ing Ngayogya, nggih tiyang Jawi, nami kula Bahadir jangkepipun Ahmad Bahadir, niki semah kula naminipun Albertina dene lare estri menika anak kula Wiwin Winarah”.

 

“Ooo dados ndara niki sanes priyantun Landi nggih?” Diman Bandhat kaget carup gumun oleh wangsulan nganggo basa jawa sing alus, luwih alus tinimbang dheweke yen guneman nganggo cara jawa ngana kae “nggih nyuwun pangapunten, kula lepat, kula kinten menawi ndara tuan sekalihan lan ingkang putra niki wau nek piyantun Landi, nggih nyuwun pangapunten inggih ndara”.

 

“Boten dados menapa Bapak” sing wangsulan genti Bu Albertina “Bapak boten lepat, murugaken kula tiang tiga niki injih blas boten kados tiyang jawi. Menika inggih awit tiyang sepuh kula tuwin mbah-mbah kula menika asli tiyang Jerman, lha  menawi Pak Bahadir menika tiyang sepuhipun piyantun saking Nagari Turki, dene simbahipun saking bapak, menika piyantun Yunani”.

 

Diman Bandhat sing lungguh pas neng ngarepe Pak Bahadir keselanan meja, karo Sudinem sing lungguh neng kursi dawa dijejeri Sudimin sing sajak durung mari anggone kangen kuwi, mung manthuk-manthuk sajak kaya wis mudheng karo sing dingendikakne Bu Albertina. Sauntara wong tuwane padha nemoni dhayohe, Wagirah karo Daliyen sing saiki wis prawan gedhe-gedhe kuwi banjur padha ngadeg arep menyang pawon, gawe unjukan kanggo dhayoh-dhayohe. Sudimin tanggap banjur nututi adhi-adhine, oleh-oleh jajanan sing digawa saka Yogya banjur dicandhak digawa mlebu menyang Pawon.

 

“Nuwun sewu nDara Tuan” Diman Bandhat banjur guneman “niki wau kok sareng kalihan Thole, niku ndelalah ngepasi menapa mila sampun sareng saking Yogya mrika? Gek anggenipun bidhal saking Yogya kala menapa? Kok yah menten sampun dumugi mriki?”.

 

“Ngene lho Pak” sadurunge Pak Bahadir utawa Bu Albertina semaur, luwih dhisik Sudimin sing mlaku saka Pawon nyaut rembug  banjur bali mapan lungguh neng papane sekawit “Biyen jaman Pake karo mBok-e budhal transmigrasi kae, aku rak dikukup Pak Mantri Guru? Disekolahne neng SMP nggone mBah Cip kae?” .

 

“Iya banjur bacute kepiye?” Diman Bandhat nugel rembuge anake lanang “Mesthine olehmu sekolah neng SMP Kebangsaan kae rak ya wis rampung? Tak enteni nganti pirang-pirang tahun kok ora nusul mrene? Malah dumadakan tanpa kabar luwih dhisik, ujug-ujug teka?”.

 

“Mengko dhisik ta Pak ben anakmu kuwi crita dhisik, aja disauti ngono kuwi!” Sudinem genti nyauti rembuge sing lanang.

 

“Iya, iya” Diman Bandhat wangsulan karo mesem, banjur kandhane marang Sudimin “iya bacute piye Le?”.

 

“Sawise aku lulus SMP lan Pak Mantri Guru wis ora bisa maneh ngragati aku kanggo sekolah sing luwih dhuwur, sak jane aku ya banjur arep nusul mrene, melu Pak-e kerja neng Perkebunan PIR kene…….”.

 

“Lha wong sekolah dhuwur-dhuwur nganti SMP kok trima arep dadi kuli Perkebunan ki piye ta Le?” genti Sudinem sing nigas rembuge Sudimin.

 

“Kowe kuwi mau ngandhani ben anake crita dhisik, kok saiki malah nyaut-nyaut dhewe ta mBokmu?” Diman Bandhat mbales genti rada nyengol sisihane. Sudinem banjur meneng. Pak Bahadir lan Bu Albertina mesem, lanthine padha ditutupi nganggo tangan. Mung Wiwin sing lali ora nutup lambene sing uga melu mesem amba.

 

“nDelalah kersane Allah” Sudimin nutugne olehe crita “Bapa Bahadir karo Biyung Albertina kuwi tuwuh rasa welas marang aku, kanthi palilahe Bapak ya Pak Mantri Guru, aku banjur diramut, diopeni lan dwragadi disekolahne nganti lulus SMA lan isih didhawuhi supaya sekolah luwih dhuwur maneh, saiki anakmu iki wis Kuliah neng U Ge eM”.

 

“Dadi kowe disekolahne nDara Tuan karo nDara Nyonyah iki nganti lulus SMA banjur saiki nyambut gawe neng Pabrik Susu Bubuk tunggale Kamelpo kae?” Sudinem banjur takon merga Sudimin olehe crita wis mandheg rada suwe, lan dianggep wis rampung.

 

Maune Sudimin ora mudheng karo sing dikandhakne simboke, nanging ora let suwe banjur ngguyu rada banter.

 

“UGM mBok, dudu SGM” wangsulane Sudimin ing sela-selane guyune “UGM kuwi cekakan saka Universitas Gajah Mada, aku isih sekolah nang kana ora nyambut gawe neng Pabrik Susu SGM”.

 

Pak Bahadir karo Bu Albertina sing uga lagi mudheng karepe Sudinem sawise Sudimin nggenahne, uga banjur ora kuwat ngempet guyune. Malah Wiwin uga melu ngguyu, rumangsane wong tuwane Sudimin kuwi pancen lucu.

 

“Piye ?” Diman Bandhat malah sing ketok kaget “kowe diragadi nDara Tuwan karo nDara Nyonyah iki nganti tekan Gajah Mada? Aku ya ngerti nek kuwi sekolahane para luhur lho Le? Ora angger wong bisa sekolah nyang Gajah Mada”.

 

“Bener Pak” wangsulane Sudimin “aku ya ngono, nek ora merga Bapa karo Biyung iki mokal aku bisa sekolah nang UGM kuwi”.

 

“Matur nuwun lho nDara Tuwan lan nDara Nyonyah” Diman Bandhat nyedhaki Pak Bahadir banjur ndheprok neng jogan karo ngrungkebi pangkon “ing atase namung saanakipun Diman bandhat kemawon, sampun panjenengan ragadi kados makaten, nyawa kula kemawon boten cekap kangge gantose ragad niku ndara…..”.

 

“Sampun-sampun Pak Diman” Pak Bahadir banjur ngendika “mangga lenggah ing nginggil kemawon, kula tak gentos sing criyos”.

 

Muni ngono kuwi Pak Bahadir karo nggeret tangane Diman bandhat banjur dituntun dilungguhne nang kursi.

 

“Criyosipun niku rak makaten ta Pak Diman saha Bu Diman” ngendikane Pak Bahadir sawise Diman Bandhat bali lungguh neng kursine “kula kalih Biyunge Wiwin menika rak ngertos menawi Sudimin niku lare ingkang pinter, eman sanget menawi namung sekolah namung lulus SMP lajeng mandheg, menawi saged sekolah langkung inggil, sansaya inggil anggenipun sekolah, mangke sansaya kathah manpangat kapinteranipun Sudimin, inggih kangge awakipun piyambak, inggih kangge tiyang kathah. Pramila kula kalih Biyungipun Wiwin lajeng matur Pak Suwaji, nembung nyuwun dikeparengaken ndherek mupu pun Sudimin badhe kula dhaken kados dene anak kula piyambak. Jebul Pak Suwaji boten saged paring putusan, jalaran ingkang wenang mutusaken pareng menapa botenipun Sudimin kula pupu, menika namung Pak Diman Bandhat saha Ibu, sanaosa makaten Pak Suwaji ugi paring dhawuh, bilih kangge sawatawis wekdal ngiras pantes ngentosi wekdal saged kepanggih panjenengan, kula dipun keparengaken ngajak Sudimin manggen ing gubug kula rumiyin, menawi sampun wonten wekdal kula kadhawuhan sowan Pak Diman saha Ibu. Lha wekdal menika, andilalah wonten dinten prei tigang dinten, kula sakulawarga lajeng sowan mriki kalihan ngajak Sudimin, saprelu nyuwun keparengipun Pak Diman marengaken kula ndherek momong Sudimin dados anak kula lan tamtu kemawon Bapak saha Ibu Diman inggih panggah dados tiyang sepuhipun Sudimin. Kados pundi menapa atur kula menika saged dipun kabulaken pak Diman?”.

 

“Kula kalih mbokne cah-cah sakalangkung matur nuwun nDara Tuwan, menawi nDara Tuwan lan nDara Nyonyah kepareng ngramut anak kula pun Sudimin menika. Malah sak niki babar pisan panggulawenthaipun anak kula Sudimin kula pasrahaken dhateng nDara Tuwan lan nDara Nyonyah sawetahipun” muni ngono kuwi Diman bandhat karo mripat kembeng-kembeng, rumangsa oleh nugrahaning Allah sing tanpa upama gedhene, dene anake lanang oleh pitulungan saka wong sing dikira wong landa kuwi.

 

 

Ana candhake

 

Jumat, 13 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (037)


 

 

37.

Neng Kedunggalar Sudimin mung nginep sawengi, sorene wis pangkat budhal menyang Yogya maneh. Angen-angene wis padhang, padhang sing diwiwiti saka sethithik rasa kelangan, Hartini sing jaman semana diangen-angen bisaa dadi jodhone jebul wis kedhisikan wong liya. Nanging, Sudimin ya ora ngluputne sapa-sapa, merga saupama saiki Hartini durung duwe calon, dheweke uga durung wani yen dikongkon nyaguhi wani urip bebarengan karo Hartini. Kuliahe durung rampung, durung bisa golek pengasilan sing bisa digunakne kanggo wragad ngopeni kulawarga. Karo maneh, Sudimin uga ngrasakne yen sansaya suwe sansaya akeh utang budine marang Kulawargane Pak Suwaji lan uga Kulawargane Pak Pak Bahadir sing rasa tresnane kulawarga loro kuwi bisa dirasakne dening Sudimin rumesep nganti tekan dhasaring ati. Minangka kanggo nicil nyaur bebuden becik sing ditampa, Sudimin kepengin nuduhake marang kulawarga loro kuwi, yen olehe wis padha iklas tanpa pamrih ngragadi urip lan sekolahe ora muspra, Sudimin mbudidaya supaya bisa dadi wong sing pinter tenan, mula rasa tresna marang wanita sing maune isih nisa ing atine, tumuli disingkirake kanggo sauntara, mbesuk wae yen wis titiwancine digoleki maneh.

 

“Kok namung sakedhap tilik dalem Ngawi ta Mas?” Wiwin Winarah sing saiki wis sekolah neng SMA, nakoni Sudimin sing wis bali menyang Yogya maneh “tiwas kula waunipun radi cuwa, boten saged ndherek mergi boten libur”.

 

Pak Bahadir apa dene Bu Albertina kuwi paring wuruk marang putrane supaya yen nggunakne basa jawa marang wong sing umure luwih tuwa kudu nganggo basa krama, dadi marang Sudimin Wiwin ya migunakne basa krama yen nuju omong-omongan.

 

“Ya amarga Dhik Wiwin ora ndherek kuwi sing marahi aku ora suwe neng Ngawi” wangsulane Sudimin karo mesem “sak jane Bapak karo Ibu Ngawi ya ngendika nek durung mari olehe kangen, nanging aku pilih ndang bali maneh menyang Yogya”.

 

“Lha menawi Bapak kalih Ibu dereng mantun anggenipun kapang, pacare Mas, sinten nika? mBak Ninuk napa mBak Hartini nika rak sansaya langkung dereng rumaos mantun kangenipun No Mas?” Wiwin takon karo ngguyu “sak jane ingkang pundi ta Mas pacare panjenengan niku? mBak Hartini ingkang lencir kuning, menapa mBak Ninuk ingkang tregal-tregel kados Dewi Banuwati nika?”

“He he he….” Sudimin ngguyu, karo batine ngalembana kuwate “daya ingat” sing diduweni Wiwin, sanadyan olehe kepethuk karo Ninuk lan Hartini mung saklebatan jaman liburan karo wong tuwane biyen, ewa semono isih apal karo Ninuk lan Hartini sing wektu kuwi ndolani Sudimin ing daleme Pak Suwaji.

 

“Kok malah gumujeng ta Mas?” Wiwin takon karo mbesengut lucu.

 

“Hartini karo Ninuk kae ngono mung kanca lumrah karo aku ya Dhik?” wangsulane Sudimin karo mesem “kaya dene Dhik Yudhi, Dhik Farel, Dhik Agus kanca-kancamu sing uga kerep ndolani awakmu neng omah kene ngana kae”.

 

“Inggih ta Mas? Tenane? Nek ngapusi bisa dosa lho?!”

 

“Tenan, malah telung wulan maneh Ninuk kae ya arep dadi manten, nek Hartini jarene isih pungkasane tahun iki” wangsulane Sudimin nyritakne kabar sing ditampa nalika tilik neng Ngawi wingi kuwi, banjur genti mbeda adhine angkat karo pitakonan “lha nek bocah-bocah lanang sing kerep apel mrene kae sing dipilih dadi pacare Dhik Wiwin sing endi ?, Yudhi kae bagus lho Dhik, nek Agus Gedhe dhuwur, Dhik Farel kae atletis, upama kon milih aku malah bingung dhewe”.

 

“Nek kula boten bingung Mas” wangsulane Wiwin karo ngguyu “wong lare-lare nika boten wonten ingkang kula pilih. Sedaya boten mlebet Nominasi”.

 

“Lho kok ngono? Dadi isih ana maneh sing mlebu nominasi?”

 

“Pituture Biyung nika, nek pados calon garwa niku kudu milih sing tresna lahir batin Mas? Gek ingkang kula ngertosi niku tiang jaler ingkang tresnanipun lahir batin dhateng kula niku namung kalih, ingkang setunggal inggih Bapa Bahadir lan ingkang nomer kalih nggih………” Wiwin ora nutugne olehe guneman, Bu Albertina miyos saka kamare nyedhaki panggonane sing lagi padha jagongan.

 

“Suk dina Sabtu ngarep banjur dina Senine kuwi rak tanggal abang ya Mas?” ora nganggo adangiyah apa-apa, Bu Albertina mundhut pirsa Sudimin. Pancen Bu Albertina kuwi nek nyeluk Sudimin nganggo sebutan Mas, kersane mbasakne Wiwin lan nek ngundang Wiwin nganggo sebutan Dhik, mbasakne Sudimin.

 

“Leres Biyung” wangsulane Sudimin.

 

“Wonten menapa ta Biyung kok mundhut pirsa bab tanggal abrit menapa?” Wiwin numpangi pitakonan “menapa badhe ngajak Wiwin kalih Mas tamasa?”.

 

“Bener” dhawuh wangsulane Bu Albertina karo mesem “maune Biyung nggagas arep sanja neng daleme Pak Suwaji Ngawi, nanging ngendikane Bapa mbesuk wae nek liburane rada dawa, karo maneh Masmu rak ya lagi wae bali saka Ngawi?”.

 

“Lha menawi makaten lajeng dhateng pundi Biyung?” Wiwin takon maneh.

 

“Bapa ngersakne ngajak Mas Dimin karo Dhik Wiwin, numpak Montor Muluk, merga iki sing diparani rada adoh” Bu Albertina paring wangsulan.

 

“Dhateng pundi Biyung?” Sudimin genti nyuwun pirsa.

 

“Bapa karo Biyung ngersakne tetepungan karo Bapak lan Simboke Mas Dimin sing aseli, merga dhawuhe Bapa sanadyan rada kasep, Bapa karo Biyung kudu matur lan nyuwun palilah marang Pak Diman lan mBok Sudinem, kareben anggone Mas Dimin dadi putrane Bapa lan Biyung sarta dadi Mase Dhik Wiwin luwih berkah” Bu Albertina paring wangsulan.

 

“Dados mengke dhateng daleme Pakdhe Diman Sumatera mrika Biyung, asoy……..”

 

“Iya, siap ta Mas ?” Bu Albertina mangsuli Wiwin banjur ndangu Sudimin.

 

“Inggih Biyung” Sudimin wangsulan alon karo ndhingkluk. Ora nyana ora ngira yen kangene marang wong tuwa lan sedulur-sedulure sing diampet meh sepuluh tahun suwene, bakal bisa ketambanan awit saka kawicaksanane Pak Bahadir lan Bu Albertina.  Meh wae, Sudimin ngruntuhake luh ketang trenyuhe, nanging isih bisa diampet. Ora sida mbrebes.

 

“Lha mangke saking Bandara Raden Intan dhateng dalemipun Pakdhe Diman niku taksih tebih napa boten Biyung?” Wiwin nyuwun pirsa maneh, ing angen-angene papane wong tuwane Sudimin kuwi isih wujud alas gung liwang-liwung adoh lor adoh kidul ngana kae.

 

“Ya rada adoh Dhik” Bu Albertina paring wangsulan karo mesem “nanging manut dhawuhe Pak Suwaji sing meh saben wulan tansah kirim-kiriman layang karo Pakdhe Diman Bandhat, saiki saka Bandara menyang Daleme Pakdhe Diman kuwi luwih gampang. Merga wis ana taksi sewan, mbayare uga ora pati larang, dalane ya wis aspalan, ora nganti setugel dina wis teka. Wis saiki ndang padha leren, wektune wis rada wengi”.

 

“Inggih, sugeng dalu Biyung” wangsulane Wiwin sing banjur ngadeg, menyat arep mlebu menyang kamare.

 

Sudimin dhewe uga banjur ngaturake Sugeng dalu marang Bu Albertina, banjur ngalih ngunggahi andha tumuju kamare sing manggon neng lantai loro. Pancen ing kulawargane Pak Bahadir lan Bu Albertina kuwi, wiwit biyen wis dikulinakne saben arep mapan turu utawa arep leren neng kamare, Wiwin apa dene Sudimin padha ngaturake ucapan “sugeng dalu” marang wong tuwane kuwi.

 

Tekan jero kamare, Sudimin mapan ngglethak, nanging nganti suwe ora enggal bisa turu. Angen-angene klambrangan tekan ngendi-endi. Wiwit nggambarake kaya apa mengko nek wis klakon kepethuk Bapak lan Simboke. Apa Bapake isih sok lara-laranen kaya biyen jaman isih manggon neng Kedunggalar, apa wis sehat kaya lumrahe wong-wong liyane?. Apa sing ditandangi Simboke saiki? Mesthine wis ora ngasag utawa gresek leles gogrogan pari nang sawah kaya biyen? Apa ya melu buruh neng Perkebunan kaya Bapake?. Banjur adhine wedok-wedok loro, Daliyem karo Wagirah, saiki wis sepira gedhene? Padha disekolahne apa ora?. Lha neng Bumi Transmigran PIR kana kuwi mesthine ya wis dibangun SD Inpres kaya sing ana kene, nek ora banjur menyang ngendi olehe sekolah bocah-bocah sing digawa wong tuwane menyang bumi transmigrasi kuwi?.

 

Sansaya wengi sansaya adoh nggone klambrangan angen-angene Sudimin. Banjur kelingan critane Pak Suwaji sing nerokne critane Pak Dalal, apa bener yen dheweke biyen tau dijak ngasag simboke neng sawahe Pak Dalal lan dening Pakdhe Paeran Dengkek dheweke dikira pari ageman sing didhelikne simboke? . Apa bener yen jaman dheweke isih bayi pitung lapan, Bu Dalal tau kawetu tembunge kepengin njodhokne karo Ninuk anake wedok?.  Sudimin mesem, suk emben nek sida kepethuk, kuwi kabeh arep ditakokne marang wong tuwane, kepiye genahe?.

 

Sudimin mesem maneh, Wong Tuwa angkate ngajak numpak Montor Muluk, utawa Montor Mabur. Sing Sudimin selawase urip durung tau weruh kaya apa wujude Montor Muluk kuwi saka cedhakan, ngertine ya nek ana Montor Mabur sing liwat adoh neng langit, sing cat katon cat ora merga nasak mega lan mendhung. Mendah senenge saupama Sudimin bisa kepethuk kanca-kancane jaman sekolah neng SMP Kebangsaan biyen, dheweke mesthi bisa pamer nek dheweke sing dhisik dhewe weruh rasane numpak montor muluk. Nyuuut, Sudimin eling marang Hartini sing pungkasane tahun iki arep dadi manten. Lan dumadakan Sudimin rada kaget, nalika mau Wiwin sedulur angkate kuwi kandha yen wong lanang sing duwe rasa tresna lahir batin marang Wiwin kuwi, mung loro, sing siji cetha nek Pak Bahadir lan sing sijine maneh sapa?. Atake…..atake….. Sudimin keturon dhewe.

 

 

Ana candhake.

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (036)


  

36.

Wiwitane tuwuh gagasan arep blaka crita apa anane, yaiku arep ngaku nek dheweke saiki isih kuliah neng UGM lan manggon neng Yogya merga diangkat kaya dene anak dening pasangan Pak Bahdir karo Bu Albertina. Nanging, bareng digagas rada dawa maneh, merga Sudimin ya durung ngerti kahanane Hartini sing saiki wis dadi PNS kuwi luwih akeh maneh, wis omah-omah apa durung apa isih nyimpen rasa tresna marang dheweke apa ora?, wekasane kanthi dora sembada Sudimin aweh wangsulan :

 

“Aku iki manggonku ora cetha Har, jenenge wae wong luru pangan, ing ngendi ana papan sing sajake ana pangan sing kena tak jupuk ya aku ngalih menyang papan kuwi”.

 

“Dadi sidane kowe biyen bar saka SMP ya banjur golek gaweyan neng kutha ta? Tak kira nek nusul wong tuwamu neng bumi Transmigrasi kana!” Hartini takon maneh.

 

“Iya, aku isih durung kepengin dadi kuli perkebunan neng Sumatera kana, mesthine kowe ya ngerti dhewe, ijazah SMP kuwi ora ana ajine nek kanggo golek gaweyan neng kutha, dadi ya aku banjur nyambut gawe sakecekele, saka Pabrik siji ngalih menyang Pabrik liyane, dadi kuli kasar sing gaweyane abot nanging bayare mung cukup dienggo mangan. Nanging ya alhamdulillah, aku isih kaparingan kuwat” wangsulane Sudimin nutugne olehe dora.

 

“Ya ora apa-apa ta Min” wangsulane Hartini “sing penting diparingi sehat, lha awakmu saiki wis omah-omah apa durung? Gajege nek kerja neng Pabrik kuwi kancane sing ayu-ayu ya akeh?”.

 

“Omah-omah?” Sudimin mesem “lha wong ngopeni weteng siji wae sok ora bisa kebak, kok mikir omah-omah?. Lha awakmu wis kawengku kakung ya?”.

 

“Durung Min” Hartini wangsulan karo ngguyu “nek sida lagi pungkasane tahun iki, aku omah-omah. Wong kanggo tata-tata kabutuhan mburi, Bapakku isih nglumpukne wragad. Lha nek mapanmu ngolah-ngalih banjur suk olehku menehne undangan piye no Min?”.

 

“Yao ra prelu diwenehi undhangan ta Har” wangsulane Sudimin karo ngguyu, najan batine rumangsa ana sing ilang saka peranganing atine “wong saupama mbok wenehi undhangan ya durung karuwan nek aku bisa teka, wong nyambut gawe neng Pabrik kuwi ora duwe prei ya ora duwe tanggal abang. Karo maneh, ngge tuku karcis menyang mulih kuwi ya kudu mikir dhisik, nek perkara nyumbang ngono saupama aku ora aweh amplop kowe mesthine ya maklum. Ora liwat ya tak nyumbang donga wae, muga-muga olehmu omah-omah kaparingan langgeng lan murah rejekine”.

 

“Aamiin, matur nuwun lho Min” Hartini wangsulan karo mesem “jane kowe kuwi neng Pabrik apa lho Min? Kok rumangsaku saiki kowe mundhak resik, kaya wong Kantoran wae?”.

 

“Oalah kuwi ta?” Sudimin ngguyu “anu, aku kerja neng Pabrik Batu Baterei Har, panggonane resik tur tutupan rapet, dipasang AC dadi ya gak tau keneng sunar srengenge, mulane saiki aku ya malih pucet ora kaya biyen”.

 

“Nek pucete ki ora kok” wangsulane Hartini “nek mundhak resik pancen bener”.

 

Ora let suwe Hartini pamitan arep nerusne laku. Sudimin ya banjur nutugne olehe resik-resik latar. Bubar mbuwangi larahan menyang pawuhan banjur wijik, nuli mlebu omah pendhapa. Sudimin kelingan nek mau Bu Waji dhawuh yen Pak Waji ngersakne ngendikan karo dheweke.

 

“Iki lho Min, kopimu ketoke wis rada adhem” Pak Waji sing wis ngenteni neng kursi pendhapa ngendika bareng pirsa Sudimin wis mlebu omah.

 

“Inggih Bapak” atur wangsulane Sudimin karo mapan lungguh.

 

“Sajake mau kowe diparani kancamu ya?” Pak Suwaji ndangu, wangune pirsa nek mau dheweke jagongan karo Hartini.

 

“Inggih Bapak” atur wangsulane Sudimin “Hartini mampir saking sepedhahan”.

 

“Iya Bapak ya pirsa kok” Pak Suwaji ngendika maneh “Bu Hartini ki saiki rak mulang neng MTsN banjur ngekost neng daleme Bu Nada kidul Pasar kana kae, Hartini kae pancen bocah apik buktine ora lali karo Bapak, saben simpangan neng dalan ngana kae bocahe mesthi atur kurmat marang Bapak, senajan saiki wis dadi Guru lan Bapak mung dadi wong tani”.

 

“Inggih Bapak, wau Hartini inggih criyos, menawi mucal dhateng MTsN lan ngekost ing dalemipun Bu Nada, malah ugi criyos menawi pungkasan tahun menika badhe emah-emah” kandhane Sudimin nyambung ngendikane Pak Suwaji.

 

“Ooo Bocahe arep dadi manten? Tak kira nek ngenteni awakmu Min?” Pak Suwaji ketok nek rada kejot.

 

“Bapak niku kok nggih wonten-wonten kemawon lho?” Sudimin matur karo mesem “ngentosi kok ngentosi lare minggat ingkang boten kantenan purugipun, menapa malih wangsulipun”.

 

Sudimin banjur nyritakne olehe jagongan karo Hartini, wutuh ayam ora ana sing dikurangi.

 

“Ya bener kuwi Min” ngendikane Pak Suwaji sawise Sudimin rampung olehe crita “nek kowe ngaku isih kuliah neng Gajah Mada, bisa-bisa Hartini dadi getun olehe wis nampa katresnane calon bojone. Kanthi crita nek kowe mung buruh pabrik, kowe wis njaga rasa atine Hartini. Jane ngono bocah kae dhasare bocah sing apik, nanging pancen Gusti Allah wis nggarisne nek dudu jodhomu dadi kowe ya sing sabar wae. Percaya marang Bapak, kowe mbesuk mesthi oleh bojo sing luwih becik maneh tinimbang Hartini. Apa maneh nek karo Ninuk, Pak Dalal karo anake wedok kae padha wae olehe ora sumbut, karo jaman Pak Dalal mara mrene ngandhani Bapak supaya nuturi kowe ben gelem dijodhokne karo anake”.

 

“Boten sumbut kados pundi ta Bapak?” Sudimin matur karo mesem, guyune diempet weruh Pak Suwaji ketok nek rada sengit marang pak Dalal .

 

“Kowe ngerti Ninuk kae saiki rak wis mulang neng SMP Negeri kene, kae neh SMP sing biyen ST” Pak Suwaji paring wangsulan “wong pancen olehe kuliah mung njupuk sing setahunan ngana kae, Diploma Satu utawa Strata Nol, Bapak ora pati mudheng. Lan saiki wis arep dirabekne oleh kancane sing uga mulang neng sekolahan kono, kaya ngono lho?, Bapak iki ya ora diomongi, kamangka olehe nembung kepengin ngepek mantu kowe kae biyen ya durung dibatalne, malah neng ngendi-endi Pak Dalal kuwi crita nek anake wedok arep dipek bojo PNS putrane priyagung luhur, kamangka biyen tau disir bocah sing saiki wis minggat, bocah lola sing bisane mung gawe jamur damen ing pinggir galeng. Harak ngono kuwi marahi Bapak panas ta Min?”.

 

“Bapak kok kados dereng pana sinten Pak Dalal menika lho?” Sudimin ora bisa ngampet olehe ngguyu weruh nek Pak Suwaji katon nek muring “lha mbok nggih kersanipun, mangke menawi sampun kesel rak inggih kendel piyambak”.

 

“Iyane kuwi iya” Pak Suwaji paring wangsulan “nanging sok-sok ki ya neng kuping krasa panas lho?”.

 

“Inggih sampun samangke boten sah migatosaken Pak Dalal malih” Sudimin matur karo suwara alus.

 

“Bener Min” Bu Suwaji miyos saka jero omah mburi, banjur nyaut rembug “Bapakmu kuwi wis bola-bali Ibu aturi supaya ora nggatek wong kae, nanging panggah wae, suwe-suwe rak bisa keneng tekanan darah tinggi tenan ta Min?”.

 

“Iya iya, sawise kepethuk Sudimin aku wis ora arep nggatekne Pak Dalal maneh, arep crita nek anake dipek bojo sing duwe Pabrik Sepur ya karepe kono, sing baku ora sida ngepek mantu Sudimin. Atiku wis lega tenan” Pak Suwaji paring wangsulan marang garwane.

 

Critane sansaya dawa, genti-genten Pak Suwaji karo Bu Suwaji nyritakne kanca-kancane Sudimin sing biyen tau melu sinau kelompok neng emperan mburi, omah kono kuwi. Wiwit Masirah sing wis dadi Guru SD lan wis omah-omah oleh Warsidi kanca tunggal pasinaon jaman neng SMP ne, ning Warsidi mbacutake sekolah neng STM sing wekasane saiki dadi Karyawan BUMN sing kulina mborong bangunan-bangunan duweke negara. Uga Warsiyati sing padha karo Masirah, saiki uga wis mulang neng SD Negeri Pasopati, sekolahane Sudimin jaman SD biyen, Warsiyati uga wis omah-omah karo wong swasta sing sugihe ora karuwan, jenenge Anwar Mawardi, Sarjana Muda Hukum weton Undar, ning milih dadi wong swasta. Wis bisa tuku Sawah Yasan pirang-pirang panggonan, duwe toko sapirang-pirang, isih nglakone usaha truck kanggo ngusungi barang-barang lan usha liyane.

 

“Racak-racak kancamu sing sinau neng kene kae akeh sing padha mapan uripe Min” ngendikane Bu Suwaji sabanjure “nanging meh kabeh ya panggah sopan, nek kepethuk Ibu neng ngendi-endi wae, mesthi padha ndhisiki aruh-aruh banjur nyedhak ngajak salim, Ibu iki dianggep kaya gurune wae”.

 

“Sing dikandhakne Ibumu kuwi pancen bener, mung siji kae sing rada menjila, saka rumangsaku kok anggepe ngalah-ngalahne anake Menteri wae” Pak Suwaji numpangi rembug. Sudimin mesem, wis ngerti sapa sing diarani sing menjila kuwi mau.

 

“Jane ya ora nemen ngono kuwi Mas” Bu Suwaji nyaut rembug karo mesem “mung merga Panjenengan wis sengit dhisik, mula sapolah tingkahe bocah kae tansah ora gawe kepranane penggalih panjenengan”.

 

“Olehe ora sengit ki piye? Ndeleng kelakuwane wis dadi Guru barang unggah-ungguhe blas gak dienggo” wangsulane pak Suwaji rada sengol.

 

“Uwis gak sah ngrembug bocah sitok kae, ora ana gunane kajaba mung marahi anyel wae, bener ngono apa ora Min?” Bu Suwaji munggel rembug karo takon marang Sudimin.

 

“Inggih Ibu” wangsulane Sudimin karo mesem. Bu Suwaji jumeneng, wong olehe nyedhak menyang pendhapa mau satemene ora arep melu jagongan, nanging arep ngabari nek dhahar sarapan kanggo esuk kuwi wis tumata.

 

 

Ana candhake

Kamis, 12 Januari 2023

JAMUR DAMEN NENG PINGGIR GALENG (035)

 

35.

Critane Sudimin wis ora tau kocap, ya ing jagade para kanca-kancane jaman sekolah neng Sekolahane mBah Cip, ya neng donyane bocah-bocah sing biyen padha sinau bareng ing emperan mburi daleme Pak Suwaji. Semono uga ing pasrawungane para santri ing langgare Kyai Wahid. Sudimin pancen wis ilang lan wis ora ana sing rumangsa kelangan. Kabeh padha direpotne karo urusane dhewe-dhewe sing saiki wis ganti slagane. Mung kala-kala ing sawah kagungane, Pak Suwaji sing saiki ya wis pensiun lan kerep tindak menyang sawah, jeneng Sudimin sok isih diucapne, ya iku babagan anggone wis miwiti nandur jamur ing tumpukan damen sing nganti saiki isih dilestarekne dening Pakdhe Saidi.

 

“Dugi sepriki niku kula tesih kraos kecalan lho Pak Mantri” kandhane Lik Sakir nalika ngepasi Pak Suwaji tindak menyang sawah ngancani Pakdhe Saidi, pas kuwi lagi padha jagongan ing gubug cedhak “jamuran” , Pak Suwaji, Pakdhe Saidi lan Lik Sakir sing melu leren neng gubuge Pakdhe Saidi.

 

“Kelangan apa Kang Sakir?” tumanggape Pak Suwaji “lha olehe ilang kira-kira neng ngendi? Mengko atake lali olehe ndokokne wae?”.

 

“He he he…..” Lik Sakir ngguyu “tiang sing ical niku senes barang kok Pak Mantri, dados nggih cetha nek boten kelalen angsale nyelehne”.

 

“Kelangan kok dudu barang? Banjur apa kuwi?” Pakdhe Saidi melu amul gunem.

 

“Mosok neh nek kowe ya ora melu rumangsa kelangan ta Pakdhe?” Lik Sakir genti nakoni Pakdhe Saidi karo mesem “Kuwi lho, calon mantumu sing ora sida”.

 

“Oalah, si Sudimin ta?” Pakdhe Saidi wangsulan karo ngguyu “kowe kuwi nek ngarani kok angger wae, ning jane upama aku duwe mantu Sudimin kae ya seneng ndhe. Nanging bocahe malah ilang tekan saiki durung ana kabare ngono lho?”.

 

“Lha inggih ta Pak Mantri” Lik Sakir guneman maneh marang Pak Suwaji “jane ngoten Sudimin nika sak niki teng pundi ta? Gajege sampun gangsal tahun langkung lho, kok babar pisan boten sambang nggih boten enten layang? Napa katrem ngrencangi Kang Diman Bandhat nggarap siti teng Sumatera mrika nggih?”.

 

“He he he…” Pak Suwaji wangsulan karo gumujeng  “Ora Kang, Sudimin ora nusul wong tuwane, nanging bocahe lagi nindakne laku prihatin tapa brata neng cedhake Gunung Merapi kana lho”.

 

“Mertapa Pak Mantri?” Lik Sakir sajak ketok nek gumun, Pakdhe Saidi ya melu-melu ndomblong karo nguwasi pasuryane Pak Suwaji “Jaman sakniki kok kaya jaman Mataram mawon ta Pak Mantri? Gek Sudimin ki kok ya ana-ana wae lho?”.

 

Pak Suwaji gumujeng renyah, krungu kandhane Lik sakir ngono kuwi.

 

“Teka jaman kapan wae, jenenge wong laku prihatin kuwi panggah ana wae Kang Sakir” dhawuhe Pak Suwaji sabanjure “nek jaman biyen laku tarak brata kuwi ya digambarne kaya nek Sri Erlangga tapa neng alas Wonogiri, utawa kaya Raden Sutawijaya sing manekung neng pinggir segara. Nek jaman saiki, jenenge wong laku prihatin ki ya kaya sing dicakne Sudimin sasuwene iki, maune nindakne laku tapa brata manggon neng omahku nganti telung tahun lan sawise oleh wahyu jatmika rupane ijazah SMP banjur nutugne nggone tapa neng cedhake Gunung Merapi kana, nganti saiki durung rampung, olehe tapa ya kaya dene nalika tapa melu aku biyen”.

 

“Ooo, dados Sudimin nika sak niki ndherek tiang mrika Pak Mantri? Kok nggih wonten nggih tiang mrika sing tepang kalih Sudimin?” Pakdhe Saidi genti sing nyuwun pirsa.

 

“Kae lho Pakdhe” Pak Suwaji paring wangsulan “kancane Si Respati sing biyen tau dolan lan nginep sepasar neng omah kene kae lho, sing saiki didhereki Sudimin”.

 

“O, tiang tiang sing semahe Landa nika ta Pak Mantri?” Pakdhe Saidi nggenahne “nggih, nggih kula kelingan. Nggih sokur nek Sudimin ndherek tiang sing semahe Landa nika, nika ketingale tiyange sae, Landa sing boten kemlanda, malah nate tumut Sudimin teng sabin napa, nek kalih jamur damen ketingale remen sanget”.

 

Ngono kuwi satleraman rembugan sing nyenggol jenenge Sudimin, merga Lik Sakir lan Pakdhe Saidi pancen keneng diarani kanca sing kliwat kenthel karo Sudimin, kanca nek wayahe padha-padha nyambut gawe ana sawah. Beda karo kanca sing jarene ya kanca rakete Sudimin liyane. Ya kuwi kanca-kanca sing biyen prasasat renggang gula kumepyur pulut, ya kuwi kanca-kanca sakelas nalikane sekolah neng SMP Kebangsaan. Warsidi saiki wis nyambut gawe dadi Pengawas neng Perusahaan sing kulina mborong-mborong gawe gedhung, gawe jembatan, gawe rattan lan liya-liyane. Uripe wis keceh dhuwit wong bayare ya klebu gedhe, ora suwe maneh arep omah-omah oleh sing biyen dadi pacare jaman neng SMP, Masirah sing saiki wis diangkat dadi Guru SD Inpres ing sekolahan sing ora adoh saka omahe. Bayare ya wis lumayan gedhe, lha wong ya lulusan SPG, dadi wiwit nymabut gawe wis duwe pangkat Pengatur Muda, golongan dua a. Ninuk, putrane Pak Dalal sing jaman SMP tau mothah marang wong tuwane supaya bisa dijodhokne karo Sudimin, saiki blas wis ora nggagas maneh marang bocah sing dianggep wis ilang kuwi. Tumrap Pak Dalal lan Ninuk, ilange Sudimin saka Kedunggalar lan dikira ngulandara neng kutha mburu upa kanthi sangu ijazah SMP kuwi, malah dadi berkah. Merga Ninuk wis luwih akeh meruhi ambane jagad, sing jebul wong lanang sing luwih sampurna tinimbang Sudimin kuwi akeh. Salah sijine, saiki wis dadi pacangane sing nikahe kari telung sasi maneh. Jaka Sudiyanta, Kakak kelase jaman sekolah neng SMA loro Madiun sing banjur nutugne kuliahe neng IKIP Ketintang njupuk D1 Pendidikan, sing wusana ngeterne dheweke dadi Guru SMP Negeri ing Kedunggalar kono. Ninuk dhewe bar saka SMA ya banjur kuliah neng IKIP Malang, njupuk S.01 Pendidikan, lan saiki ya wis magang dadi GTT neng SMP Kedunggalar awor karo pacangane.  Beda maneh karo lakone Sri Hartini, bocah ayu sing uga pinter kae. Lulus saka SGO Sala, Hartini banjur ketampa dadi PNS, mulang Olah Raga neng MTsN Kedunggalar, saiki nek sore nyambi kuliah maneh neng IKIP PGRI Ngawi. Hartini dhewe sawise dadi Guru, ya banjur tepung karo kanca guru tunggal sak sekolahan, jenenge Agus Supriyanta lulusan IAIN Walisanga Semarang, saiki mulang Fiqih neng MTsN kono. Ing pungkasan tahun iki kekarone nikahan.

 

Let sedina olehe dirasani Pak Suwaji karo Kang Sakir lan Pakdhe Saidi pas leren neng gubug sawah, Sudimin teka neng daleme Pak Suwaji. Dadi entrane ngono ya kaya bocah kuliahan sing endhang omah. Pak Suwaji karo Bu Suwaji rena banget nampa tekane Sudimin. Sudimin dhewe, ya ora ngowah-owahi adat. Senadyan wis ora ndherek neng omah kono, nanging pas tangi turu esuk-esuk, mulih saka subuhan neng langgare Kyai Wahid, ora kikuk lan ora kidhung Sudimin wis nyandhak sapu, nyaponi latar.

 

“mBok uwis ta Min” Bu Suwaji sing pirsa nek Sudimin nyapu banjur nyedhak “mengko ben disaponi Yu Sumbruk, adate wonge tekane jam pitu”.

 

“Boten menapa-menapa Ibu” wangsulane Sudimin karo mesem “kula nggih sampun kangen kalihan nyapu latar mriki kok. Menawi latar Yogya mrika namung ciyut, boten saged disambi olah raga kados menawi nyaponi latar mriki”.

 

“Biyuh, kowe kuwi wis dadi Mahasiswa neng Perguruan Tinggi kondhang lho kok isih kober-kobere nyapu” Bu Suwaji paring wangsulan karo sajroning ati ngalembana marang prasajane Sudimin.

 

Sudimin ora wangsulan, kajaba mung mesem, banjur nutugne olehe nyapu.

 

“Mengko nek wis rampung, mlebua neng pendhapa, Ibu gawekne Kopi” ngendikane Bu Suwaji maneh “karo Bapakmu mau dhawuh nek ngersakne jagongan karo kowe sinambi nyruput kopi. Nanging Bapakmu saiki ya isih tindak-tindak olah raga ringan ngubengi  dalan RW”.

 

“Inggih Ibu” wangsulane Sudimin cekak, sing banjur ibut anggone nutugne ngobahne sapune.

 

Nalika Sudimin arep nimpal larahan sing wis diklumpukne, dumadakan Sudimin dikagetne dening suwara sing tau ditepungi, ngundang jenenge.

 

“Lho Hartini? Saka ngendi iki mau Har?” karo semu kaget Sudimin genti nakoni sing ngundang jenenge. Jebul Hartini sing isih lungguh ing sadhel sepedhane.

 

“Biasa, saben esuk tak ajegne sepedhahan mubeng desa” wangsulane Hartini karo mesem, rumangsane Sudimin eseme Hartini sansaya katon manis “aku saiki rak kost neng daleme Bu Nada kulon Gedhung Pancasila kae?, nyedhaki sekolahanku, saiki aku neng MTsN kok Min”.

 

“Oh, saiki wis dadi Bu Guru ya?” wangsulane Sudimin karo mesem “aku mung bisa melu seneng Har, awakmu saiki wis dadi wong tenan. Lan matur nuwun lho, masiya wis dadi Bu Guru isih kersa ngajak omong-omongan wong ndherek kaya aku iki”.

 

“O alah Min, gek kowe kuwi omong apa lho?” Hartini rada mrengut “saiki kowe neng ngendi? Kok bar lulus SMP banjur ilang, thik ngonowa tanpa sambang tanpa layang pisan”.

 

Sudimin mesem, karo nata ukara ing sajroning atine. Tembung apa sing kira-kira cocog kanggo aweh wangsulan marang Hartini sing biyen tau cedhak karo dheweke.

 

 

Ana candhake.


JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (034)

 


34.

Bocah-bocah kancane Sudimin wis wiwit wira-wiri golek sekolahan dhewe-dhewe, padha ndhaftarne menyang Sekolahan sing dicocogi. Hartini ora sida mlebu SMA, nanging milih dhaftar menyang SGO Sala. Warsidi dhaftar menyang STM Siji Madiun, Masirah menyang SPG Negeri Ngawi. Ninuk sing sadurunge wis rada suwe milang-miling golek Sekolahan sing dianggep maju, sidane dhaftar menyang SMA Loro Madiun sing manggon neng Jalan Biliton. Nanging kabeh mau ya lagi dhaftar, isih kudu ngliwati test luwih dhisik, bisa ketampa lan bisa uga ora. Bocah-bocah liyane sing ngrumangsani bijine pas-pasan lan pancen ngerti nek ora pati pinter, padha melu ndaftar menyang Sekolahan-sekolahan swasta, ana sing neng Ngawi lan uga ana sing neng Paron, Madiun lan sapiturute.

 

Sudimin sing maune wis pasrah marang kersane sing gawe urip, menang-meneng wis nicil ayem. Nanging dening Pak Suwaji uga wis diwanti-wanti ora prelu kandha-kandha marang sapa wae, malah banjur ngilang saka pandulune kanca-kancane, tenane Gusti Allah wis ngabulake panyuwune Sudimin, temah bisa nerusne sekolah sing luwih dhuwur maneh. Lan ora baen-baen, olehe nutugne sekolahe Sudimin ora mung neng Ngawi utawa neng Madiun, nanging neng Kutha sing luwih gedhe, Ngayogyakarta.

 

“Iki dhaftaran sekolah rak wis padha bukak ta Min?” pandangune Pak Suwaji sawijining sore, nalika Sudimin mulih saka langgare Kyai Wahid.

 

“Ketingalipun makaten Bapak, kula mireng-mireng saking siaran RRI Madiun sasampunipun Warta Daerah saben dinten, kathah sekolahan-sekolahan ingkang mbiwarakaken Pengumuman Penerimaan Siswa Baru Kelas Setunggal” atur wangsulane Sudimin.

 

“Iya, bapak ya krungu kuwi” Pak Suwaji ngendika maneh “nek ngono kowe ndang tata-tata wae, sesuk budhala menyang Yogya”.

 

“Dhateng Yogya Bapak?” Sudimin matur nyuwun pirsa, durung nyandhak karo kersane Pak Suwaji.

 

“Iya” Pak Suwaji paring wangsulan “mau awan Bapak rak nampa Telegram”.

 

“Inggih Bapak” Sudimin nyaut rembug “kala wau kula inggih sumerep Pegawe Telegram saking Walikukun, mriki numpak Pit, nanging kula boten mangertos Bapak pikantuk telegram saking sinten”.

 

“Saka Pak Pak Bahadir lan Bu Albertina” Pak Suwaji paring wangsulan “paring kabar nek Pendhaftaran neng SMA Yogya kana ditutup suk Sabtu jam siji awan, lan test dianakne dina Senin karo Selasa, mula Pak Bahadir karo Bu Albertina banjur dhawuh supaya kowe enggal-enggal pangkat menyang Yogya, sesuk isih dina Rebo, dadi wektune isih nutut kanggo mbok ngge ndhaftar”.

 

“Nyuwun pangapunten Bapak” karo rada rangu-rangu Sudimin matur “kula kok dereng mudheng kalihan dhawuhipun Bapak menika ta? Menawi keparengaken kula kepengin ngertos kados pundi cethanipun”.

 

“Iya, iya…..” Pak Suwaji paring wangsulan karo setengah gumujeng “ya sing gedhe pangapuramu nek Bapak wis ndhisiki gawe putusan tanpa kandha marang awakmu luwih dhisik”.

 

“Putusan menapa menika Bapak?” Sudimin matur “boten dados menapa, kula pitados bilih putusan saking Bapak tartamtu sae kangge kula”.

 

“Kowe kelingan ta Pak  Bahadir karo Bu Albertina pas sanja lan manggon neng omah kene kira-kira seminggu kae?”  Pak Suwaji mundhut pirsa.

 

“Inggih kemutan Bapak” wangsulane Sudimin “putranipun nika sae sanget, kerep tumut kula menawi kula dhateng sabin, malah Bu Albertina nika nggih sae sanget, boten mantra-mantra menawi tiyang Walandi, ugi nate tumut dhateng sabin sepisan, tumut ramban jamur damen”.

 

“Bu Albertina kae dudu Walanda ya?” Pak Suwaji mesem “nanging kae priyayi asli Jerman lha nek kakunge kae asli Turki keturunan Yunani. Lha jebule priyayi loro kae banget kaengsem marang kowe Min, kasengsem merga nggonmu sregep, tulus nyambut gawe, sregep ngibadah lan pinter momong kanca-kancamu kabeh. Priyayi loro kae jebul sasuwene neng omah kene tansah ngulat-ulati sapari polahmu kabeh. Bareng priyayi loro kae pirsa nek neng kene kowe wis ora duwe sapa-sapa lan mbok menawa wae kowe bingung yen kepengin nutugne sekolahmu, Pak Bahadir lan Bu Albertina banjur nembung marang Bapak nek arep mundhut pitulungan marang kowe”.

 

“Pak Bahadir kalih Bu Albertina badhe mundhut pitulungan dhateng kula?” Sudimin mlengak semu gumun “prakawis menapa menika Bapak?”.

 

“Si Wiwin Winarah, putrane Pak Bahadir karo Bu Albertina kae rak ora duwe sedulur?” Pak Suwaji nutugne olehe paring wangsulan “mula bareng tepung karo kowe sing dikira padha olehe ora duwe dulur, seneng banget. Banjur nyuwun marang Bapa karo Biyunge…….”.

 

“Inggih Wiwin lare alit nika menawi ngaturi Bu Albertina Biyung menawi ngaturi Pak Bahadir Bapa, boten Mamah kalih Papah….” Sudimin nigas ngendikane Pak Suwaji.

 

“Iya” Pak Suwaji nyambung olehe ngendika “sing disuwun Wiwin, supaya Bapa lan Biyunge kersa ndadekne kowe dadi sedulure Wiwin. Dhasare Pak Bahadir lan Bu Albertina ya wis kasengsem marang kowe, mula banjur dhawuh marang Bapak supaya kowe gelema nuruti sing dadi pepenginane Wiwin. Lha minangka atur panuwune Pak Bahadir lan Bu Albertina yen kowe bisa nuruti pamundhute, kowe bakal diparingi hak kaya dene hak sing ditampa Wiwin saka Bapa Biyunge, ya hak apa wae”.

 

Sudimin lagi mudheng karo sing didhawuhne Bendarane kuwi. Nanging nganti sauntara durung guneman apa-apa. Nganti pak Suwaji banjur paring pangandikan maneh :

 

“Oleh dhawuh saka Pak Bahadir lan Bu Albertina kaya mangkono kuwi, tanpa mikir dawa bapak banjur nyaguhi, malah kepara wis lancang atur wangsulan yen Kowe gelem nuruti apa sing dadi pepenginane Wiwin mau. Nanging Bapak nyuwun wektu yen olehmu nuruti dhawuhe Pak Bahadir lan Bu Albertina kuwi sawise kowe lulus SMP. Merga saka Bapak wis tuwa, lan akehe ayahan sing diadhepi Bapak lali durung ngandhakne bab iki marang kowe. Mula Bapak sepisan maneh mundhut pangapuramu sing gedhe”.

 

Ora krasa luh dleweran saka mripate Sudimin, banjir kaya sumber kang mili ing perenging gampeng pagunungan. Rasa bungah lan trenyuh sarta rasa panuwun marang bendarane apa dene rasa syukur marang Gusti Allah wor suh carub dadi siji. Saya suwe Sudimin sansaya ora kuwat ngempet rasa ngondhok-ondhok sing munggah tekan gulune, wasana karo nangis mingseg-mingseg, Sudimin ngraup sampeane Pak Suwaji karo matur kanthi pedhot-pedhot :

 

“Samanten agening katresnanipun Bapak ingkang kaparingaken dhateng kula, Bapak babar pisan boten lepat nanging malah kepara sampun maringi kanugrahan dhateng kula ingkang boten wonten tandhingipun. Saestu kula namung saged ngaturaken genging panuwun dhumateng Bapak saha Ibu, ingkang tansah ngramut kula kanthi rila legawa ikhlas lahir trusing batin……”.

 

“Wis Min, aja kaduk ati nggonmu nampani kanugrahaning Gusti iki” Wasana Pak Suwaji nyandhak tangane Sudimin supaya bali lungguh neng kursine karo ngendika “yen kowe pancen gelem minangkani pamundhut saka Pak Bahadir lan Bu Albertina Bapak mung titip weling, wujudna rasa bekti lan tresnamu marang Pak Bahadir lan Bu Albertina, kaya dene nggonmu wis bekti marang Bapak lan Ibumu ing omah iki. Sing luwih sregep maneh nggonmu sinau, mbok menawa ing kono dadi dalan kamuktenmu”.

 

“Inggih Bapak” atur wangsulane Sudimin suwarane isih keprungu rada serak “pangestunipun bapak saha Ibu ingkang tansah kula suwun, mugi kula boten damel kuciwaning penggalihipun Bapak saha Ibu miwah Pak Bahadir tuwin Ibu Albertina, saha mugi-mugi kula saged dados sedherekipun Dhik Wiwin ingkang sae”.

 

“Iya, saiki enggal tata-tata kana” Pak Suwaji paring wangsulan maneh “Merga mbok menawa kowe wiwit sesuk sawise tekan Yogya bakal dadi wong Yogya, saupama ana wektu kanggo sanja mrene, tekamu ing omah kene wis beda. Ora prelu kowe kandha marang sapa-sapa bab kanugrahan sing mbok tampa iki, mbesuk wae yen wis ana buktine yen kowe bisa nuduhne yen anggonmu nampani kanugrahan saka Gusti iki kanthi tumemen temah bisa ana tandha yen uripmu dadi luwih becik tinimbang dina iki, kowe lagi kena kandha-kandha marang kanca-kancamu yen kowe jebul uga bisa sekolah ora beda karo kanca-kancamu sing putrane wong sing mampu”.

 

“Inggih Bapak” wangsulane Sudimin banjur menyat tumuju kamar papan turone.

 

Karo tata-tata, Sudimin ora kendhat nggone muji sukur marang Pangeran. Lan jroning atine tansah ngaturake panuwun marang bendarane, Pak Suwaji lan Bu Suwaji. Ana tekad sajroning atine, Sudimin ora bakal nglalekne kabeh kabecikan sing tau ditampa saka Pak Suwaji lan Bu Suwaji. Jroning atine uga nenuwun marang Sing Maha Kuwasa, muga-muga ing tembe dheweke bisa genti nyembulih males budi becik marang Pak Suwaji lan kulawargane.

 

Ana sapletik rasa kepengin ing sajroning atine, arep ngabari Hartini, Sudimin ngira yen Hartini pantes krungu yen dheweke nemu lakon sing nyenengne atine. Nanging diwurungne, isih ana sisa rasa ora percaya marang wong sing jarene Warsidi duwe rasa tresna marang dheweke kuwi. Bener bendarane, mbesuk wae nek wis kasembadan uripe dadi luwih becik lagi kanca-kanca dikabari, sadurunge kuwi bisa ditonton piye sikepe kancane marang dheweke. Dheweke kudu bisa njaga anggone bisa sekolah menyang Yogya iki dadi wadi, kanggo ngaweruhi wewadi sing disingidake dening kanca-kancane, dadi owah ngremehake dheweke utawa ora sawise kanca-kancane rumangsa wis mundhak drajate merga luwih dhuwur sekolahe. Sudimin banjur mesem.

 

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...