Total Tayangan Halaman

Kamis, 19 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (043)

 

43.

Sudimin mung bisa ndhingkluk amarikelu, apa sing dikandhakne Bapakne, sing jarene mung wong sing ora pati melek hurup, kuwi krasa kaya sabdaning Begawan Wiyasa nalika paring pitutur marang Raden Permadi ing jejeran wayang kulit sawuse perang gagal ngana kae. Semono uga Wiwin Winarah, sanadyan tata gelar sing oleh wejangan mau sisihane, nanging tumraping Wiwin pitutur sing dikandhakne maratuwane kuwi uga kanggo dheweke barang lan kudu dibudidaya murih kabeh bisa dileksanakne kanthi sabener-benere. Pak Bahadir lan Bu Albertina, rumangsa cocog lan sarujuk banget karo sing dikandhakne Diman Bandhat marang anake lanang kuwi. Maune kekarone rumangsa eram, ingatase mung Sak Diman Bandhat teka bisa aweh pitutur sing jero lan amba tebane kaya mangkono kuwi, nanging bareng dinalar kanthi wening, ya pancen ora mokal lan ora aneh maneh, wong kanyatane wong desa sing sekolahe mung tekan kelas telu SR kuwi, wong sing wis ngukir jiwa ragane Sudimin, bocah pinter sing wiwit SD nganti tekan Perguruan Tinggi mesthi nduweni biji sing luwih becik tinimbang kanca-kanca saangkatane. Dadi bisa dijupuk dudutan, tata gelar Diman Bandhat kuwi mung wong ndesa, nanging dhasare ngono kagadhuhan nalar lan rasa sing klebu genius, mung merga nasib wae sing ndadekne Diman Bandhat ora ana sing ngakoni nek dheweke kuwi sawijining wong sing klebu cerdik-cendekiawan.

 

“Tak kira kanggo wektu iki apa sing dikandhakne Pakmu kuwi wis luwih saka cukup Min” sawuse meneng sauntara, Pak Suwaji ngendika marang Sudimin “lan pituture Kang Diman Bandhat iki mau, becik katindakne ora mung dening Sudimin dhewe, nanging kalebu marang kabeh sing padha ngrungokne. Harak inggih makaten ta Dhimas?”.

 

“Leres sanget Kangmas” Pak Bahadir sing dumadakan didumuk Pak Suwaji atur wangsulan karo rada nggragap, banjur genti paring pitutur marang Wiwin “klebu kanggo kowe barang Adhik, adhik iki kena diarani wong sing beja kemayangan merga dening Gusti Allah tinakdirake duwe maratuwa Pakdhe Diman Bandhat lan Budhe Sudinem iki”.

 

“Inggih Bapa, dhawuhipun Pakdhe eh Pak-e kala wau badhe tansah kula emut-emut kangge rambatan anggen kula kalih Mas mecaki dinten-dinten salajengipun” atur wangsulane Wiwin.

Sudimin mesem amba. Atine rumangsa bombong lan lega dene isih ketunggon wong-wong tuwa sing klebu wicaksana lan uga kaparingan jodho wanita sing pinter nalar lan atine. Eseme Sudimin sansaya mundhak amba.

 

“Panjenengan niku menggalih menapa ta Mas?” Wiwin Winarah sing wis ngadeg ana sandhinge takon “mosok wiwit wau kok tansah mesam-mesem mawon, ngantos bojone nusul mlebu kamar ora digatekne blas!”.

 

“He…?” Sudimin gragapan, wangsulane “he eh, nggagas urip sing lucu iki lho Bune”.

 

“Lucu kados pundi? Menapane ingkang lucu?” Wiwin nguber pitakonan.

 

“mBuh apa sing njalari, pas Ibune pamit metu arep ngancani mBok Mi karo mBak Sri nonton Tivi mau, pikiranku nglambrang tekan ngendi-endi, nitik dalan sing tau tak liwati wiwit sadurunge mlebu SD nganti tekan mbok terne suntik nang nggone dokter Sigit banjur mampir nang warunge Kang Mungin mau, kabeh katon cetha”. Wangsulane Sudimin karo nggeser anggone ngglethak, aweh panggonan marang sisihane.

 

“Inggih ta ?” Wiwin mapan neng sisihe sisihane karo guneman “niku tegese panjenengan mbetahne istirahat Mas, wau Dokter Sigit rak inggih criyos ta? Mas niki boten kagungan catatan penyakit menapa-menapa, namung kedah pinter-pinter ngatur wekdal, sampun “memforsir” tenaga lan pikiran terus-terusan kados ingkang sampun. Sampun, sak niki mangga sare rumiyin, benjing mawon kula tak matur babagan ingkang langkung wigatos”.

 

“Perkara apa kuwi?” Sudimin noleh, genti nyawang sisihane sing wis ngeremne mripate arep turu.

 

“Sampun ta, sak niki sare rumiyin mawon” Wiwin melek maneh banjur  wangsulan karo mesem “benjing enjing mawon kula tak matur, panjenengan tamtu badhe kepencut kalihan ingkang badhe kula aturaken, amargi ingkang kula aturaken benjing menika langkung mencutaken katimbang ngemut-emut anggen panjenengan methik Jamur Damen Ing Pinggir Galeng utawi jagongan kalihan mBak Hartini sing lencir kuning utawi mBak Ninuk ingkang tregal-tregel nggemesaken nika”.

 

“Sampean kuwi senengane kok gawe penasaran wae lho?” Sudimin guneman karo nyiwel irunge sisihane “ya wis nek ngono, ayo ndang turu dhisik”.

Tangane Sudimin ngranggeh saklar lampu sing ana sisih ambene, ngganti lampu kamar sing maune padhang kencar-kencar malih dadi remeng-remeng sing cocog nek dienggo madhangi wong sing lagi kepengin turu.

 

Esuke bubar shalat subuh neng masjid sing ora adoh saka omah, Sudimin karo Wiwin Winarah bali luwih dhisik. Merga Yahya isih arep aweh kajian marang Remaja Masjid sing dianakne pendhak dina Ahad esuk. Pancen wiwit Yahya isih cilik biyen, kulawargane Sudimin kuwi nek wayah ora lunga saka omah, nek nindakne sembahyang milih melu jama’ah ana masjid, Kanthi mangkono, bisa luwih ngraketake anggone padha srawung karo tangga teparone. Sudimin sakulawargane ngrumangsani banget yen merga akehe ayahan sing kudu dirampungne, ndadekne ora pati bisa ngumpuli tangga, bisane ya nek wayah pertemuan RT kuwi wae mung pendhak sesasi sepisan, tur durung karuwan Sudimin bisa teka merga kudu nindakne tugas saka kampuse. Ya mung kanthi nindakne sembahyang berjama’ah neng masjid ngono kuwi kulawargane Sudimin bisa kepethuk saka sebagian tangga-tanggane.

 

“Mas sampun pirsa menapa dereng menawi Pak Puguh, Marbot masjid nika badhe kagungan kersa mantu?” karo mlaku mulih, Wiwin nakoni sisihane. Lagi wae lakune wong loro kuwi dilancangi wong lanang sing numpak pit, karo alok ndherek langkung., ya wong lanang kuwi sing jeneg Puguh, Marbot Masjid.

 

“Uwis, aku dhek emben kae gajege ya wis kandha nyang sampean ta?” wangsulane Sudimin mbalik takon.

 

“Dhek napa ta Mas? Kula kok supe” Wiwin takon maneh.

 

“Pas aku kandha nek amplop saka Bandung ora tak wenehne sampean kae lho? Kae rak merga tak caosne Pak Puguh? Ya idhep-idhep mbantu bot-repote tangga lan kanca, wong sampean ya ngerti dhewe panguripane Kulawargane Pak Puguh ki ya mung ngana kae, mula sanadyan jarene olehe arep mantu kuwi mung climen, nanging wong ya jenenge duwe gawe mantu, panggah mbutuhake redana sing ora sethithik” Sudimin nggenahne olehe wis ngandhani Wiwin nek Pak Puguh arep duwe gawe mantu.

 

“Oo, inggih, inggih” Wiwin lagi kelingan “lha kala emben nika kula wastani nek dede Pak Puguh Marbot kok, Mas rak dhawuh Pak Puguh sing gawene resik-resik? Nggih kula kinten nek Pak Puguh sanese”.

 

Lakune Sudimin lan Wiwin wis tekan omah. Sudimin ndhisiki munggah, ora bablas mlebu, nanging malah mapan lungguh neng kursi teras. Wiwin uga banjur melu-melu lungguh neng kono.

 

“Jilu lusan niku tembung napa ta Mas?” dumadakan Wiwin takon maneh, ora ana sambunge karo sing lagi wae diomong karo mlaku mau.

 

“Lha sampean ki sing wong Sastra Jawa kok malah takon aku bab Jilulusan? Kuwi rak basa jawa” ora mangsuli pitakone bojone, Sudimin malah mbalekne pitakone Wiwin.

 

“Mosok Jilulusan niku basa Jawi Mas? Kula kok nembe niki mireng?” Wiwin nekad takon.

 

“Iya, kuwi gandhenge karo wong arep jejodhowan utawa arep besanan” wasana Sudimin gelem aweh wangsulan “Jilulusan kuwi cekakan saka Siji Telu Telu Kapisan, kuwi sok ana wong Jawa sing nyingkiri, ya iku njodhokne anak nomer siji utawa pambarep oleh bocah sing nomer telu lan kosok baline anak nomer telu karo anak sing lahir kapisan, nanging kuwi jaman biyen. Ana apa ta kok nakokne Jilulusan barang ki?”.

 

“Lha menawi Mas nyingkiri Jilulusan niku napa boten?” Wiwin durung mangsuli pitakone Sudimin, nanging malah takon maneh.

 

“Lha nek aku ya ora” Sudimin ngalahi aweh wangsulan luwih dhisik banjur takon “ana apa jane?”.

 

“Alhamdulillah” Wiwin semaur “jan-jane rak makaten ta Mas, putrane panjenengan Yahya niku kala emben rak matur dhateng kula, Yahya sampun kepengin rabi Mas”.

 

“Ya sokur alhamdulillah ta neh?” Sudimin munggel rembuge sisishane “kuwi ta sing jare arep sampean kandhakne mau bengi kae?”.

 

“He he he inggih Mas” wangsulane Wiwin karo ngguyu “nanging Yahya badhe matur Mas niku tidha-tidha, awit ingkang badhe dipun rabi Yahya niku anak nomer tiga, ragil pisan. Lha tiyang sepuhipun lare kala wau nyriyosi putrane, nek tiyang Jawi niku wonten ingkang nyiriki Jilulusan, sanaosa tiyang sepuhipun lare estrin kala wau boten. Kuwatosipun mangke menawi jebul awakipun piyambak, inggih tiyang sepuhipun Yahya taksih nyiriki Jilulusan menika, Pramila saderengipun kelajeng , lare estri niku criyos dhateng Yahya makaten menika kala wau”.

 

“O ngono ?” Sudimin lagi mudheng sing dikarepne Wiwin “saiki wis cetha nek awake dhewe ora nyiriki Jilulusan, nek miturut Yahya sing arep dirabi kuwi bocah sing becik akhlake awake dhewe ya kudu nyengkuyung lan ngrojongi karepe si anak. Bocah ngendi ta kuwi? Jarene Yahya jenenge sapa?”.

 

“Lare Ngawi, Mas” wangsulane Wiwin “alamate Perumahan Lawu Indah Ngawi, naminipun Arfa Khairiyah”.

 

“Omahe Ngawi?” Sudimin takon semu rada kaget.

 

“Inggih, Ngawi Kota Mas, sanes Kedunggalar” wangsulane Wiwin karo mesem.

 

 

Ana candhake.

 

Rabu, 18 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (042)


 

42.

Nalika Pak Suwaji lan Diman Bandhat karo bojone lagi jagongan kuwi, Sudimin nusul munggah ditutne Wiwin sing lagi wae sah dadi sisihane, dadi bocah loro kuwi ya sithik-sithik melu krungu apa sing dingendikakne Pak Suwaji apa dene dikandhakne Diman Bandhat lan Sudinem.

 

“Lho iki manten anyar kok ora enggal mlebu kamar ta?” Bu Suwaji alok karo mesem nalika pirsa Sudimin karo Wiwin mapan lungguh melu jagongan neng klasa “kok malah arep melu jagongan wong tuwa-tuwa?”.

 

“Taksih kepengin ngangsu kawruh dhateng para sepuh rumiyin Ibu” sing wangsulan Wiwin karo mesem semu isin.

 

“Lha wong iki wong tuwa lagi padha umuk-umukan omong klobot kok, dudu Pengajian” Pak Suwaji genti sing ngendika karo ngguyu.

 

“Criyosipun Dhik Wiwin, priyantun sepuh menika menawi ngendikan kathah ngemu suraos pitutur lampahing gesang Bapak, mila lajeng ngajak kula ndherek nusul mriki” atur wangsulane Sudimin.

 

“Pancen bener apa sing dikandhakne Gendhuk Wiwin kuwi Le” Diman Bandhat melu guneman “nek wong tuwa kaya Pak Mantri utawa Bu Mantri pancen nek ngendika ngemu pitutur sing becik, beda karo Pakmu utawa mBokmu sing cupet kawruhe iki, dadi malah sok omongane nggladrah ora genah”.

 

“Ya ora ngono” Pak Suwaji nyela rembug “merga satemene pitutur becik iku ora mesthi metu saka wong sing jarene jembar kaweruhe wae, nanging ora arang wong sing ngrumangsani duwe kaweruh cupet, kuwi sok nyimpen kaweruh sing dibutuhne lan digoleki wong akeh, nanging padha ora nemokne merga sing duwe kaweruh padha ora dianggep”.

 

“Iki mau rak lagi ngrasani kowe ta Le” Sudinem sing lungguhe dijejeri Wiwin kuwi melu guneman marang anake lanang.

 

“Ngraosi menapa Budhe?” Wiwin semlonong takon.

 

“He… nek nyeluk aja Budhe nDhuk” Diman Bandhat ngandhani Wiwin “merga wiwit mau wis dadi mBokmu, dadi awakmu nek nyeluk ya “mbok” aja Budhe!”.

 

“Inggih, kesupen Pakdhe, eh Pak-e” Wiwin semaur karo ngguyu.

 

“Ngrasani olehe bisa kaya saiki iki lho nDhuk” Sudinem nutugne olehe mangsuli pitakone Wiwin “merga biyen kuwi ora ana sing ngira, malah mBokmu karo Pakmu iki ngimpi wae ora wani nek Sudimin bisa kaya saiki iki. Wong biyen upama ora dikukup lan diramut Pak Mantri karo Bu Mantri ngono, Sudimin ya mesthi dadi gedibal sangalikur sing ora ana sing nganggep, merga bodho lan mlarat. Dadi Sudimin kuwi kudu tansah eling, kabecikan-kabecikan sing diparingne Pak Mantri karo Bu Mantri marang dheweke kuwi ora bisa ditaker saking akehe”.

 

“Iya mBok” Sudimin aweh wangsulan “aku ngerti kabeh kuwi, Bapak karo Ibu kuwi ora mung bendara sing tak dhereki lan tak nunuti urip wae, nanging malah kepara wis dadi wong tuwaku dhewe sing peparinge ora bakal bisa tak bales nganggo apa wae, bisaku ya mung tansah bekti marang Bapak lan Ibu, kaya dene bektiku marang Pak-e karo mBok-e”.

 

“Nanging awakmu ya kudu ngelingi Min” Pak Suwaji melu ngendika “merga awakmu gelem ndherek Bapak ing dalem kana kae, ndadekne Bapak lan Ibumu  ora karepotan ngrampungne pagaweyan, meh kabeh pagaweyan sing ana mbok tandangi kanthi iklas lan asile becik, kajaba saka kuwi nek mung ndherek Bapak lan Ibu wae, awakmu mesthi ya ora bisa kaya saiki iki, aja maneh kok nganti bisa sekolah menyang Luwar Negeri? Jeneh kowe kepengin nutugne sekolah menyang SMA wae, Bapak lan Ibu ya ora kuwawa aweh pambiyantu. Dadi upama ora ana Bapak lan Ibune Ning Wiwin, paling-paling kowe ya mung bisa dadi Buruh Pabrik sing pangkate tukang usung-usung barang. Dadi kabecikan sing saka Bapak karo Ibumu marang awakmu kuwi mung kaya banyu sing nyiprat kena awakmu wae, sing nyata-nyata gedhe lelabuhane marang awakmu kuwi ya Pak Bahadir karo Bu Albertina, sing wis dadi kajaba wong tuwamu angkat ya dadi maratuwamu”.

 

“mBok sampun sanget-sanget anggenipun paring dhawuh ta Kangmas” ora ngerti sangkan parane jebul Pak Bahadir lan Bu Albertina wis melu lenggahan ana klasa sing digelar neng jogan lantai dhuwur kuwi, sing tumuli nyaut ngendikane Pak Suwaji.

 

Wong-wong sing lagi padha katrem anggone jagongan padha kaget, lagi krasa yen sing kagungan dalem wis nusul melu jagongan.

 

“Ingkang kula aturaken niki wau mila kasunyatanipun lho Dhimas?” Pak Suwaji paring wangsulan marang Pak Bahadir, sawuse pirsa lan krasa yen Pak Bahadir jebul wis ana kono lan melu ngendika “cobi upami rumiyin Dhimas boten tedhak ing gubug kula? Harak Dhimas menapa dene keng rayi tuwin anak kula pun Wiwin, boten badhe tepang kalih kula ta? Lan mesthi kemawon boten badhe kepanggih kalihan Sudimin ingkang lajeng Dhimas kukub lan ramut kados dene putra piyambak menika?”.

 

“mBok menawi sadaya menika ingkang winastan kodrating jagad Kangmas” Bu Albertina genti sing ngendika “mila sampun kaserat ing garising gesangipun menawi Mas Sudimin menika kedah nglampahi gesang ingkang kados makaten lampahipun. Kawiwitan miyos saking guwa garbanipun Budhe Sudinem, dipun emong dipun sesepi, dipun openi ngantos dados lare demolan, saged makaten menika inggih awit saking katresnanipun Pakdhe Diman Bandhat ingkang boten ngreken wonten bledheg sesautan panggah bidhal madosaken ingkang dipun betahaken putra-putranipun kalebet Mas Sudimin menika. Lajeng gentos Kangmas tuwin mBakyu kanthi rila legawaning penggalih kepareng ngukub Mas Sudimin temah saged sekolah ing SMP lan Ngaji ing Langgaripun Kyai Wahid, ngantos lulus. Namung dhapur kaleresan kemawon kula lan Pak Bahadir sumerep wonten bebakalan sae, lajeng kepengin ndherek andhaku, wekasan kasembadan matur nembung dhateng Kangmas lan mBakyu saha dhateng Pakdhe Diman lan Budhe Sudinem, lan kula tuwin Pak Bahadir tuhu ngaturaken genging panuwun dene Kangmas tuwin mBakyu Suwaji miwah Pakdhe Diman tuwin Budhe Sudinem, ingkang sampun ngeparengaken Pak Bahadir miwah kula ndherek andhaku Mas Sudimin dados anak”.

 

Rumangsa trenyuh lan sansaya kelem rasaning atine Sudimin krungu rembugane para priyayi sepuh kuwi. Wiwit wong tuwane dhewe, banjur Pak Suwaji lan Bu Suwaji, sarta sing pungkasan Pak Bahdir lan Bu Albertina, wong tuwa angkat ngramgkep maratuwane, kabeh ora ana sing  ndhaku “paling berjasa” marang dheweke. Malah kepara padha ngalembana marang siji lan sijine. Sudimin rumangsa kasoran adoh durung paja-paja bisa madhani luhuring bebudene wong-wong sing diaku minangka wong tuwane dhewe kuwi. Ana rasa mrekitik ing atine Sudimin, saiba mulya rasane nek bisa niru lekase wong tuwa-tuwa kuwi nganti bisa madhani  luwih-luwih bisa ngungkuli duwe bebebuden kang luwih luhur tinimbang wong-wong tuwane kuwi.

 

“Aku kudu bisa!” dumadakan ora krasa, tembung kuwi mencolot saka lambene Sudimin kanthi suwara sing rada sora.

 

“Bisa menapa Mas?” Wiwin sing melu krungu panglocitaning bojone kanthi cepet takon.

 

“Bisa dadi anak sing bekti marang wong tuwa, wiwit Pak-e, mBoke, Bapak, Ibu, Bapa sarta Biyung sing kabeh wis ngruntuhake sejatining katresnan marang aku, tresna tulus ing lair tumekeng batin, tresna sing tanpa karana, kaya dene tresnaku marang sliramu lan tresnamu marang Mas” wangsulane Sudimin alon.

 

“Saiki ngene ya Le” genti Diman Bandhat sing guneman maneh “lan nuwun sewu Pak Mantri, Bu Mantri, Pak Bahadir lan Bu Albertina, kula ajeng ngandhani ingkang putra Sudimin, mbok menawi mangke wonten ingkang boten pas, tulung samia kersa ngleresaken”.

 

“Inggih mangga Pakdhe”

 

“Iya Kang, mangga”.

 

“Ngene lho le” Diman Bandhat miwiti pituture “mesthine kowe ya duwe pepenginan bisa mbales budi marang kabeh sing wis nuntun lakumu nganti kaya saiki lan mbok menawa mengkone bakal luwih becik maneh. Ngertia ya? Aku percaya mbok menawa kowe mbesuk bisa dadi wong sing mukti wibawa, sinung bandha sinung pangkat, sinung pakurmatan, Bapak lan Ibumu apa dene Bapa lan Biyungmu, uga Pakmu karo mBokmu ora ngarep-arep sembulih rupa bandha donya saka kowe, merga apa? Bapak lan Ibumu apa dene Bapa lan Biyungmu wis ora kurang enthong lan ora kurang irus maneh paribasane, Aku, Pakmu lan mBokmu ya wis rumangsa cukup, sanadyan mung barang wewehan saka negara, Pakmu lan mBokmu ya wis duwe tegal sing kena dienggo sangu nglakoni urip, adhi-adhimu loro ya wis mentas kabeh, kabeh ya padha wis duwe kebon lan Garapan dhewe-dhewe sing cukup kanggo urip lan nyekolahne anak-anake mbesuk. Mula aku mung meling marang kowe, ngelingana lan mangertenana, sak rekasa-rekasaning ati kuwi ora ana sing ngungkuli rekasaning atine wong mlarat sing lagi kesrakat lan wong bodho sing kepengin suda bodhone nanging ora kuwawa ngliwati dalane. Mula yen mbesuk kowe wis bisa urip cukup, aja dhemen ngeremne mripat, sawangen kiwa tengenmu. Aja abot tanganmu ngulungne pambiyantu marang wong sing lagi kesrakat, aja ngeman tenaga lan bandhamu kanggo aweh pitulungan marang wong sing kepengin ngangsu kaweruh murih suda bodhone. Lan kang luwih wigati maneh, aja pisan-pisan kowe nglalekne sanadyan mung sagebyaring that-thit suwene, kabeh kang kamulyan sing ana kuwi dudu merga saka pambudidayamu dhewe, nanging kabeh amung saka sih wilase Gusti Sing Maha Welas. Dadi aja kowe pisan-pisan nglalekne manembah marang Pangeran, ngunjukne rasa sukur lan panuwun kanthi nuhoni dhawuh-dhawuhE, klebu nyebar kabecikan marang kabeh umat manungsa kanthi adil, ora kena mbedak-mbedakne pangkat, drajat, kaduwen, suku kalebu agamane. Tak kira kuwi dhisik pituturku marang kowe, mbok menawa isih akeh kurange mengko Bapak lan Ibumu sarta Bapa lan Biyungmu sing bakal nambahi”

 

 

(ana candhake)

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (041)

 

41.

Sepisan engkas, Sudimin lagi bisa mbatang apa tutuge tembung sing diucapake dening adhine angkat sing kepunggel, jaman Biyunge dhawuh nek dheweke arep diajak nemoni wong tuwane neng Sumatera biyen. Sudimin dhewe satemene uga ngrasakne, sanadyan akeh kanca lan tepungan bocah wadon sing ing pasrawungan katon padha kepengin cedhak karo dheweke, nanging sing dirasakne Sudimin bocah-bocah wadon kanca lan tepungane kuwi ora tulus nggone cedhak karo dheweke, beda karo Wiwin Winarah sing katresnane bisa dirasakne tresna lahir trusing batin. Mula akeh ing jagad iki wong sing kandha jarene tresna marang wong liya, nanging sejatine kuwi goroh. Katresnane kang mung dadi kudhung kanggo nutupi pamrih kanggo dhiri pribadine. Katresnan kang mangkono iku kaya dene jamaking wong dol tinuku neng pasar, kaya bakul karo wong blanja. Siji lan sijine padha dene olehe golek bathi. Katresnan kang mangkono iku nyata nduweni sarat sing kudu bisa nekakne bathi kanggo sing jarene anresnani. Sawayah-wayah sarat kuwi ora diwujudi utawa prei olehe mujudi, rasa sing jarene tresna kuwi kanthi gampang bisa malih dadi rasa gething. Beda karo katresnane Wiwin Winarah marang dheweke sing wis rada suwe dirasakne, Wiwin Winarah ora tresna marang awake dhewe, nanging temen-temen akeh rasa tresnane marang dheweke. Lan Sudimin mula uga kepengin nimbangi, males kabecikaning katresnane Wiwin sing tuhu tulus lan suci. Iku wujuding katresnane Sudimin sing temen tresna tulus sing ora mung merga nuruti hawa lan napsune. Tresna kang tulus ora ngudokne sing ditresnani mbales katresnane, ora ngudokne sing ditresnani nuruti pangajak hawa napsune, dadi uga ora ngudokne Wiwin dadi sisihane. Arepa dadi sisihane sapa wae, katresnane Sudimin marang Wiwin ora bakal luntur, jalaran pancen Sudimin ora merga katuntun hawa napsune anggone tresna marang adhik angkate kuwi, iya wujude hawa napsu apa wae, mligine napsu kang gegayutan karo sengseme rasa priya marang wanita.

 

“Lha Awakmu piye Mas?” bareng wis rada suwe kahanan tintrim sawuse Wiwin ngaturne isen-isening atine marang Bapa lan Biyunge, Pak Bahadir genti nakoni Sudimin sing lagi katrem karo angen-angene sing nglambrang tekan ngendi-endi.

 

“Inggih Bapa?” rada gragapan Sudimin atur wangsulan “sanadyan boten sami kalih raosing manahipun Adhik, nanging saestu kula ugi tresna dhateng Dhik Wiwin, tresna kula dhateng Dhik Wiwin menika dede napsu ingkang kekemul tembung tresna Bapa, nanging tresna tulus lahir trusing batos”.

 

“Inggih Bapa, kula ugi saged ngraosaken ingkang dipun aturaken Mas menika” Wiwin numpangi rembug, mbok menawa ketang rasa senenging atine dene jebul Mase angkat kuwi duwe rasa kang padha karo rasane.

 

“Yen pancen mangkono” genti Bu Albertina sing ngendika “minangka wong tuwa sing uga tau ngalami dadi nom, Biyung apa dene Bapa bisa nyengkuyung apa sing padha dirasakne Mas karo Adhik iki. Mung wae, awake dhewe iki kabeh mung sipating titah sing ora sepi saka lali lan luput. Sanadyan rasa tresna sing ana atine Mas lan Adhik kuwi temen-temen katresnan kang suci, nanging dhawuhing Gusti sing kamot sajroning Kitab Suci nyebutake yen anak putune Iblis kuwi nyata baud mbebujuk hawa napsu sing cumondhok ing atine para Trah Adam, iya apa ora?”.

 

“Mila leres ingkang dipun dhawuhaken Biyung menika” sing luwih dhisik atur wangsulan Sudimin “inggih awit saking menika, keng putra nyuwun dhawuh menapa ingkang kedah kula lampahi murih boten kelajeng mbikak margi kangge setan mlebeti ing manah kula”.

 

“Bagus” Pak Bahdir ngendika karo mesem, katon yen penggalihe lega “yen mangkono, becike ati sing wis nyawiji antarane Mas karo Adhik iki enggal tumuli dikepyakne murih dingerteni tangga kiwa tengen kene, iya manut karo laku piwulanging agama sarta jumbuh karo paugeraning nagara. Ya nek bisa sadurunge Mas pangkat menyang negarane Paman Sam kuwi”.

 

“Inggih Bapa, kula namung saged ndherek Bapa murih saenipun, kados pundi” sing wangsulan dhisik genti Wiwin Winarah.

 

“Yen mangkono” Bu Albertina tumuli paring dhawuh “murih rancage laku, saiki ayo padha andum gawe. Sesuk Bapa tak suwun tindak menyang Kalurahan nyuwun pituduh marang punggawa Kalurahan yen arep duwe gawe mantu. Biyung karo Wiwin, budhal menyang Ngawi matur marang Pak Suwaji yen putra momongane, bakal diijabne. Banjur sing pungkasan, Mas kudu budhal menyang Sumatera matur lan mbedhol Pakde lan Budhe Diman sarta Gendhuk Wagirah karo  Gendhuk Daliyem menyang dalem kene, saprelu nunggoni lan mangestoni olehe Mas karo Adhik ijaban. Piye?”.

 

“Kula ingkang ndherek Biyung dhateng Ngawi?” Wiwin nyuwun pirsa “menapa boten saenipun, kula ngancani Mas murugi Pakdhe lan Budhe Diman mawon?”.

 

“Ora!” Bu Albertina paring wangsulan “lelungan nganti tekan Ngawi ngene iki, Biyung mbutuhne kanca sing kena diajak omong-omongan neng dalan. Nek Adhik kepengin ngancani Mas, suk emben wae nek karo ndherekne kundur Pakdhe Diman, sawise rampung ijaban, dadi Mas karo Adhik wis kaiket talining urip salakirabi”.

 

“Inggih Biyung” Sudimin genti sing atur wangsulan “kula ndherek kersanipun Biyung”.

 

Rembugan neng Ruang Tamu sing wekasane malih dadi Rapat Kulawarga kuwi wis rampung kanthi asil sing gawe senenge kabeh isine omah. Let sepuluh dina saka anggone padha rembugan, daleme Pak Bahadir dadi reja. Plataran omah sing jembar kuwi dipasangi tarub. Tangga teparo sing manggon ing sakiwa tengene padha teka kabeh, nuhoni ulemane Kulawarga Bahadir. Pancen sing diulemi ya mung tangga teparo limang RT, ditambah Pak Lurah lan punggawa Kantor Kalurahan. Pak Suwaji lan Bu Suwaji wis wiwit wingi rawuh ing kono, tindake saka Kedunggalar nitih kendharaan sing disupiri Mas Jadmika sopire Pak Bahadir sing oleh jejibahan mapag Pak Suwaji lan Bu Suwaji lan ndherekne kundur sesuk sawise nenggani olehe ijaban Sudimin lan Wiwin Winarah lan kangen-kangenan karo Kulawargane Pak Bahadir. Diman Bandhat jangkep sak bojo, anak, mantu lan putune, brungkat kimpul budhal kabeh bareng karo lakune Sudimin, wis luwih saka sepasar anggone padha teka lan nginep ing daleme Pak Bahadir kono.

 

Adicara prasaja sing diwiwiti wiwit bubar sembahyang Isyak kuwi lumaku kanthi rancag, jumbuh karo sing dipengini dening sing kagungan kersa. Pak Kepala KUA sawise rampung nindakne kuwajibane minangka Pencatat Nikah pamitan luwih dhisik, merga isih ana jejibahan kang padha ing papan liya. Para tamu liyane, padha katungkul lan kasengsem marang lakuning adicara candhake. Diwiwiti Pambuka, banjur Pak Bahadir ngaturake Pambagya Rahayu marang para tamu sarta atur panuwun awit pambiyantune para sanak kadang kabeh, ora kelalen pak Bahadir uga nyuwunake pangestu marang putra-putrane sing lagi wae diijabne, uga mamitake Sudimin sing sanadyan lagi wae dadi manten nanging kanggo sauntara kudu pisah panggonan karo bojone, merga kudu nindakne wajib ngangsu kaweruh neng negara manca. Para tamu sing lagi padha ngerti nek Sudimin saiki arep budhal kuliah menyang Amerika, padha eram. Merga katone ora pati ndayani jebul Sudimin nggembol kaluwihan sing ngedab-edabi. Mula banjur padha alok grenengan dhewe-dhewe :

 

“Ya lumrah wong pinter kuwi bisa disawang saka lagak lagon lageyan saben dinane, Mas Sudimin putra angkate Pak Bahadir sing saiki wis dadi mantune kuwi, pancen priyayine sopan, tur ora gumedhe, asring kumpul karo nom-noman lan aweh bimbingan bocah sinoman kene, ya sregep ngibadah, nek maca Al-Qur;an kepenak dirungokne. Dadi ya lumrah wae nek banjur bisa sinau menyang Luwar Negeri, wong pancen dhasare bocah nom sing pinter ning ora keminter”.

 

Wong liyane uga padha ngalembana marang Sudimin dhewe-dhewe.

 

Watara Jam sanga bengi, adicara wis rampung. Para tamu padha kundur ing daleme dhewe-dhewe, karo nggawa warta sing bakal didadekne bebakal kandha nek lagi dhong jagongan utawa kepethuk karo kanca lan tangga. Pak Suwaji lan Bu Suwajil, ora banjur mapan sare nanging isih merlokne jagongan karo Diman Bandhat lan Sudinem, neng lantai dhuwur. Nggelar klasa kaya jaman padha jagongan neng omahe Diman Bandhat sadurunge budhal Transmigrasi biyen.

 

“Ya iki sing diarani Tunggak Jarak Mrajak ngana kae Kang Diman” ngendikane Pak Suwaji marang Diman Bandhat sing lungguh sila ing ngersane Pak Suwaji dijejeri Sudinem, bojone.

 

“Menika tegesipun pripun Pak Mantri?” Diman Bandhat semaur, karo takon.

 

“Ora kok aku rumangsa luwih dhuwur drajate timbang drajatmu ya?” Pak Suwaji paring wangsulan “aran ora pati nggumunake nalika anakku loro kae uga bisa sinau tekan Eropa. Merga upama disanepakne kayu ngono aku iki klebu kayu sing gedhe, jero oyote. Beda karo kowe sing upama wit ya wit jarak, sing lumrah oyode cethek. Mula bares wae, upama sampean biyen kandha marang wong-wong tanggane dhewe nek sampean kepengin anakmu lanang bisa kuliah menyang Luwar Negeri, wong-wong mesthi padha ngguyu, ngguyu ngece. Iya apa ora?”.

 

“Lha nggih sampun cetha ta Pak Mantri” wangsulane Diman Bandhat karo mesem “sampun malih kok namine sekolah dugi Gajah Mada? Lha tiyang malah wonten sing njampangi, Dimin saged sekolah ngantos lulus SD Pasopati mawon, criyose nglengkara”.

 

“Malah rumiyin kula meh kemawon, nyarujuki Sudimin medal anggenipun sekolah lajeng berah Ngongon Maesa” Sudinem melu amul rembug kelingan jaman Sudimin isih cilik biyen “tujunipun Pakne niku kukuh lan Pak Mantri kanthi legawa kepareng ngukup sarta ngramut Thole. Dados upami boten wonten sih kawlasan saking Pak Mantri Guru, estu nglengkara Sudimin saged dados lare ingkang kados makaten menika”.

 

 

Ana candhake 

 

Selasa, 17 Januari 2023

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (040)


 

40.

Dina Senin esuk, Pak Bahadir sakulawarga kalebu Sudimin sing wis temen-temen dadi anak angkate Pak Bahadir lan Bu Albertina merga wis ditembung lan dililani dening Diman Bandhat lan Sudinem, pamitan arep bali menyang Yogya. Sudimin uga kandha marang wong tuwa lan adhi-adhine nek mbesuk-mbesuk ana wektu longgar bakal ngelangake kanggo tilik menyang omah pemukiman kaum transmigrant kuwi.  Nalika Sudimin, Wiwin Winarah, Daliyem karo Wagirah lagi padha katrem anggone omong-omongan, Pak Bahadir ngajak Bu Albertina lan Diman Bandhat karo Sudinem, golek panggonan rada adoh. Ana rembug saka Pak Bahadir lan Bu Albertina sing arep dikandhakne mligi kanggo Diman Bandhat lan Sudinem. Sudimin sing satemene ya weruh sarta krungu nek wong tuwane angkat arep ngajak rembugan pribadi karo wong tuwane sing aseli, ora guneman apa-apa. Mung ana tandha pitakon sing tuwuh ana sajroning atine, Bapa lan Biyung arep ngendikan apa karo Pak-e lan mBok-e?.

 

Ora suwe olehe padha jagongan, taksi sewan sing wis dipesen supaya mapag wayah disewa saka Bandara kae wis teka. Sudimin gita-gita olehe banjur ngaturi wong tuwane angkat nek taksine wis teka.

 

“Inggih bakenipun kula kalih mbokne niki kantun ndherek menapa ingkang Pak Bahadir dhawuhne wau” isih ana sisa suwarane Diman Bandhat sing dirungu Sudimin nalika dheweke nyedhaki papan anggone jagongan wong tuwane kuwi.

 

“Inggih Matur nuwun Pakdhe Diman” wangsulan saka Bu Albertina iya isih kober dirungokne Sudimin sing ora ngerti bongkot pucuke sing lagi wae dirembug “nanging lare-lare sampun diparingi ngertos rumiyin, benjing mawon nek wancine sampun nyaketi”

 

“Inggih Bu”

 

“Nyuwun pangapunten Biyung kalihan Bapa, Pake lan mBoke” isih saka rada kadohan Sudimin matur “anu, taksi ingkang dipun pesen kala wingenane nika sampun dugi”.

 

“Ya kabeneran nek ngono, saiki ayo gek ndang budhal wae, timbang mengko kumrungsung ana dalan” wangsulane Pak Bahadir karo ngadeg “Pesawate mengko rak jam setengah loro ta? Dadi isih ana wektu rada longgar kanggo leren neng Bandara”

 

“Sampun inggih Pakdhe lan Budhe, kula sakulawarga nyuwun pamit, wangsul. nyuwun pangestu mugi-mugi kaparingan slamet”  Bu Albertina pamitan karo nyalami Diman Bandhat lan Sudinem banjur diterokne Pak Bahadir.

 

Olehe nguntapne dhayoh-dhayohe, Diman Bandhat sanak bojone nganti tekan ratan, papan kanggo parkire mobil taksi sewan kuwi, lagi bali mlebu omah maneh sawuse mobile ora katon maneh merga menggok neng dalan prapatan sing tumuju menyang kutha.

 

Sawuse tekan omah Yogya maneh, kulawargane Pak Bahadir lan Bu Albertina ya mbalik kaya dina-dina sadurunge menyang Sumatera. Lire ya lumrah wae, Sudimin sing satemene pengin ngerti apa sing dirembug wong tuwane pas arep budhal mulih kae, ya ora wani matur nyuwun pirsa marang wong tuwane angkat. Nek Wiwin Winarah, pancen ora ngerti lan ora nggagas blas nek wong tuwane rembugan karo Diman bandhat lan Sudinem. Nganti pirang-pirang dina, Sudimin nyoba mbadhe-mbadhe apa isine rembugane wong tuwane kuwi, nanging panggah ora bisa nemokne jawabane. Nganti suwe-suwe Sudimin lali, merga ketutup karo akehe ayahan sing kudu dirampungne.

 

Dina terus mlaku, wektu sansaya adoh ninggalne dina kawuri. Wiwin sing duwe gegayuhan utawa cita-cita kepengin dadi Guru kuwi wis ketampa kuliah neng IKIP. Nunggak semi karo wong tuwane, sing dipilih Wiwin neng kampuse yaiku Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa. Sudimin dhewe ya wis rampung olehe nempuh S1, lulus tur oleh pangalembana, paling cepet anggone nempuh kuliah lan paling dhuwur IP ne. Awit saka rerigene para Dosen-dosene, Sudimin malah banjur ditarik mlebu, dipercaya melu mikuwati fakultase, kanthi dadi Dosen neng kampus kono. Ora mung kuwi kanugrahan sing ditampa dening Sudimin, sawise sinengkakne dadi Dosen, durung nganti kober mulang wis oleh kanugrahan kuliah menyang njaban rangkah, ya iku menyang San Fransisco State University kanggo nempuh S2.

 

Sing rumangsa seneng amarga Sudimin oleh kanugrahan ngono kuwi, ora mung Sudimin dhewe nanging uga wong saomah, Pak Bahadir, Bu Albertina sarta Wiwin Winarah. Pak Suwaji sing ana Kedunggalar uga dicaosi pirsa, Panjenengane uga rumaos rena penggalihe, semono uga Bu Suwaji. Nanging anggone atur kabar marang tilas Bendarane kuwi, Sudimin uga karo meling supaya kabar bab kuwi aja diwarak-warakne marang tangga teparone luwih-luwih marang tilas kanca-kancane jaman sinau neng SMP Kebangsaan biyen. Pak Suwaji uga nayogyani sing dadi ature Sudimin kuwi. Wong Tuwane Sudimin sing ana Sumatera, sing ora pati mudheng babagan kuliah, ya melu seneng, semono uga adhi-adhine sing saiki wis padha dirabekne kabeh. Mula welinge Diman Bandhat karo Sudinem marang anake lanang kuwi, aja kedlarung-dlarung mung mikir olehe sekolah wae, nanging yak on mikir supaya enggal omah-omah.

 

“Mas karo adhik” dhawuhe Bu Albertina marang Sudimin lan Wiwin Winarah, ing sawijining wengi nalika padha bebarengan nindakne dhahar wengi “mengko nek wis rampung olehe padha mangan, Biyung karo Bapa ngersakne rembugan sithik karo Mas lan Adhik neng ruang tamu kana”.

 

“Inggih Biyung” wangsulane Sudimin lan Wiwin Winarah meh bareng.

 

Wektu kuwi olehe budhal Sudimin menyang Amerika kari kurang telulikur dina maneh.

 

“Iki wigati tenan Mas lan Dhik” Pak Bahadir wiwit ngendika sawise bocah loro lungguh ngadhep Bapa karo Biyunge neng ruang tamu “ora nganti sesasi maneh Mas rak arep budhal menyang Amerika ta?”

 

“Inggih Bapa” wangsulane Sudimin.

 

“Bapa karo Biyung banget nyengkuyung marang Mas sing arep nutugne sinaune lan nambahi ngelmu sarta kawruhe iki. Nanging sadurunge Mas budhal, Bapa arep ngandhakne apa sing wis dadi pasarujukan antarane Bapa lan Biyung karo Pak Diman lan Bu Sudinem jaman semana”.

 

Wiwin mung meneng wae, durung nyandhak karo apa sing dingendikane wong tuwane lanang kuwi. Beda karo Sudimin, sing banjur kelingan jaman tilik wong tuwane neng Sumatera biyen. Mula Sudimin ya banjur nata ati kepengin enggal krungu apa sing arep didhawuhne Pak Bahadir kuwi, dhawuh sing wis pirang-pirang tahun dadi cangkriman ing sajroning atine.

 

“Satemene sanadyan wis dadi pasarujukan antarane Bapa lan Biyung karo Pakdhe lan Budhe Diman” Bu Albertina ngimbuhi rembug “ora arep diblakakne marang Mas utawa Adhik yen sajake ora ndadekne sarjuning atine Mas utawa Adhik. Nanging bareng Biyung pirsa liringing mripate Mas lan Adhik saben dinane, merga Biyung ya tau nglakoni dadi wong enom, Biyung banjur matur marang Bapa, supaya wewadi sing sasuwene iki kineker ing atine Bapa lan Biyung supaya enggal diblakakne wae marang Mas lan Adhik”.

 

Sudimin panggah meneng, ora wani nyambung gunem, sanadyan wis bisa mbadhe apa isining wewadi sing arep didhawuhne wong tuwane angkat kuwi. Semono uga, Wiwin Winarah uga ora wani guneman apa-apa, sanadyan satemene wiwit bisa nyandhak menyang ngendi underaning rembug sing bakal didhawuhne Bapa lan Biyunge kuwi mengko.

 

“Mas lan Adhik wis tau krungu dedongengane Raden Wiratmaya putrane Adipati Sarah Lawe ing Tuban lan Dewi Srihuning putrane Senapati Wangsapati sing gugur nalika mungsuh Adipati Urubisma ing lakon Kraman Blambangan?” dumadakan Pak Bahadir mundhut pirsa marang putra-putrane, sawuse Sudimin lan Wiwin nganti suwe ora tumanggap marang dhawuh saka Bapa lan Biyunge.

 

“Mesthi kemawon sampun Bapa” kanthi cepet Wiwin Winarah atur wangsulan luwih dhisik “Srihuning ingkang suwaunipun nandhang bingung salebeting manahipun, jalaran nandhang kunjana papa dhateng Raden Wiratmaya ingkang dipun kinten sedherekipun piyambak nanging sampun ndhawahaken raos tresna antawisipun priya lan wanita dhateng piyambakipun menika ta?”.

 

“Bener Dhik” sing paring wangsulan genti Bu Albertina “lha olehe Bapa mundhut pirsa mangkono iku mau, kanthi wewaton ngulati kanthi sesidheman slagane Mas lan Adhik sasuwene iki, sajake lakon katresnane Sri Huning lan Wiratmaya kuwi bisa nular ing dalem kene. Mula Biyung lan Bapa mundhut pirsa marang Mas lan Adhik, apa pangirane Bapa lan Biyung magepokan karo critane Dewi Srihuning lan Raden Wiratmaya mau ana benere?”.

 

Oleh pamundhutan pirsa sing kaya mangkono kuwi mau, sakala Sudimin mbrabak abang. Ora bisa nyelaki suwaraning atine yen satemene sawuse ngerti nek Hartini arep rabi biyen, jroning atine Sudimin wis ana rasa aneh sing nggremet ing jero dhadhane lamun nuju cecaketan karo sedulure angkat kuwi. Sanadyan ta mangkono nganti dina kuwi Sudimin uga durung blaka marang sapa-sapa ngenani rasa aneh sing nggremeti dhadhane kuwi. Beda karo Wiwin, sing dhasare duwe sipat luwih “terbuka”, sanajan durung wani ngandhakne, dheweke ngerti lan nyarujuki panjeriting atine sing kepengin dadi jodhone sedulure angkat, ya Sudimin kuwi.

 

“Mila leres Bapa lan Biyung” kanthi suwara sing cetha Wiwin atur wangsulan “estunipun wiwit taksih dhateng SMA rumiyin, Wiwin sampun gadhah raos tresna dhateng Mas. Jalaran, Wiwin sampun sarujuk kalih Biyung, bilih menawi pados bojo, menika kedah milih tiang jaler ingkang nggadhahi raos tresna lahir trusing batin dhateng Wiwin. Kamangka sadangunipun Wiwin gesang lan tepang priya kathah, boten wonten ing jagad menika priya ingkang tresnanipun dhateng Wiwin lahir trusing batin kajawi namung kalih, inggih menika Bapa piyambak lan setunggalipun inggih Mas menika. Mila Wiwin lajeng janji ing salebeting manah, menawi boten saged dados jodhonipun Mas lan boten kepanggih tiyang jaler ingkang kados Mas, Wiwin trimah wadat selaminipun”.

 

 

Ana candhake.

Senin, 16 Januari 2023

JAMURDAMEN ING PINGGIR GALENG (039)


  

39.

Sidane Kulawargane Pak Bahadir olehe nginep neng omahe Diman Bandhat rong bengi. Malem Ahad karo malem Senin. Malem Ahad kuwi digunakne kanggo ngesok kangen lan jagongan sing gayeng antarane Kulawargane Pak Bahadir karo kulawargane Diman Bandhat. Wiwin, katrem dhewe karo Wagirah lan Daliyem, adhine Sudimin sing saiki wis padha sekolah neng SMP. Prawan-prawan kuwi wis katon raket banget ora mantra-mantra kaya lagi tepung, nanging kaya wis suwe banget olehe padha kekancan. Manekawarna sing dirembug. Dadi bisa krasa luwih gayeng.

 

Kaya sing wis diangen-angen saka omah, ing malem Ahad, Sudimin sida nakokne marang wong tuwane bab crita jaman dheweke isih cilik, ya iku critane Sudinem sing didakwa nyolong pari ageman dening Paeran Dengkek, rewange Pak Dalal sing wekasane jare Pak Dalal lan Bu Dalal mara neng omahe Diman Bandhat banjur ngrembug anggone kepengin ngajak besanan kae. Oleh pitakonan saka anak lanang ngono kuwi, Diman Bandha apa dene Sudinem ya banjur kelingan lelakon jaman semana sing wis suwe ora tau mampir ing angen-angene. Iya lelakon jaman isih lara lapa ing Tanah Jawa urip sing sarwa kacingkrangan, beda adoh karo jaman saiki sing uripe wis keneng diarani cukup, merga sanadyan isih dipotong utang-utang kanggo urip nalika lagi teka biyen, asil saka Perkebunan Karet  bisa dipanen, isih turah yen kanggo ngragadi urip saben dinane.

 

“Sak jane aku karo mBokmu iki wis wegah ngeling-eling lelakon jaman neng Jawa biyen Le” kandhane Diman Bandhat miwiti crita minangka kanggo mangsuli apa sing ditakokne dening Sudimin “merga kajaba ora ana gunane, uga sok marakne tatu-tatu ing ati sing wis mari, sok krasa lara maneh lan nek ditutug-tutugne bisa ngrerandhat olehe nyambut gawe”.

 

“Iya Pak” Sudimin nyelani rembug “nanging iki kapeksa tak takokne, merga aku kepengin ngerti kepiye sak jane crita sing satemene Pak olehe Pak Dalal kepengin ngajak besanan Pak-e karo mBok-e jaman semana kuwi, senajan saiki wis cetha nek mokal Pak-e besanan karo Pak Dalal, merga anake wedok Pak Dalal sing ora duwe tunggal kae, telung sasi maneh arep dirabekne”.

 

“Pancen sing dikandhakne Pak Dalal marang Pak Mantri Guru, sing dadi Bapakmu kuwi, ora kabeh kleru, ana sing bener” Diman Bandhat aweh wangsulan “Bu Dalal jaman semana pancen kasengsem weruh wujudmu sing dijejerne karo anake wedok, lan kober ngomong nek kepengin njodhokne kowe karo Ninuk. Pak Dalal wektu kuwi ya melu guneman sing surasane nyengkuyung apa sing dikandhakne bojone. Nanging, aku wis aweh wangsulan sing surasane wegah besanan karo wong sugih kae. Merga Pakmu iki jaman kuwi ngrumangsani nek mung gedibal sangalikur paribasane, lha nek gelem dijak besanan karo Pak Dalal rak padha wae arep ngulakne rekasa lahir batine marang kowe?”.

 

“Kok saged makaten Pak Diman?” Pak Bahadir sing uga melu jagongan, nyelani takon. Merga pak Bahadir lan Bu Albertina ya lagi krungu dina iki mau, yen Sudimin duwe crita jaman semana.

 

“Lha inggih ta nDara Tuwan” wangsulane Diman Bandhat karo ngguyu “wong kula nggih ngertos tekune Pak Dalal niku, tiyange etungan banget, geleme ngetokne dhuwit nek enten sing diarep-arep bathine, purun nulung ning nggih disarengi pados untung, boten tulus kados tiyang sanese ngoten nika. Kula nggih mpun tau ditulungi Pak Dalal, kula disukani pantun sekawan agem sing dipikul Paeran Dengkek, kalih wos kinten-kinten nggih sacenthak, ning nggih niku angsale nyukani kula niku mawi pamrih supados kula boten nesu najan anak kula meh kemawon didamel cilaka. Ngoten mawon, teng njawi Pak Dalal niku ngumbar crita nek merga mesakne urip kula sing kesrakat lajeng kula dibantu kanthi pantun sekawan agem  kalih wos sacenthak niku. Lha nek pancen tiyang niku remen tetulung dhateng tiyang mlarat, mbok inggih kuwajibane Zakat nek pas panen nika ditetepi? Boten! Selawase urip, kula niki dereng tau krungu Pak Dalal mbayar Zakat anggenipun panen. Benten tebih kalih Pak Mantri Guru nika, saben panen zakate nggih dibayarne, saben-saben wulan bayare nggih dizakati, sok kangge langgar ning nggih kathah-kathah kangge mbantu tiyang mlarat sing gesange kesrakat. Nek Pak Dalal paling purune sedekahan nggih nek bar panen lajeng nganakne kenduren ngundang tiyang sekampung, malah sok dipilihi sing diundang kudu santri utawi tiyang sing purun sembahyang, nek boten nggih boten diundang”.

 

“Lha gandhenge kalih dhawuh panjenengan nek panjenengan kersa dijak besanan sami mawon kalih kulak rekasa kangge Sudimin niku pripun?” Pak Bahadir takon karo mesem, merga critane Diman Bandhat sing nyandra tekune Pak Dalal kuwi keprungu lucu.

 

“Lha enggih ta nDara Tuwan…..”

 

“Sekedhap Pakdhe Diman” Bu Albertina nyela rembug, nigas tembunge Diman Bandhat.

 

“Inggih pripun nDara Nyonyah?” Diman Bandhat wangsulan suwarane ketara nek rada kaget.

 

“Nek nyeluk kula kalih Pak Bahadir niku, sampun ngangge sebutan nDara Tuwan napa nDara Nyonyah ngoten niku. Boten sae. Cekap ngangge subutan Kang, Yu napa sanese waton boten ngangge sebutan nDara” wangsulane Bu Albertina.

 

“Oalah nggih, nggih nDar…. Eh Bu Bahadir” wangsulane Diman Bandhat kamisosolen. Banjur disambung nutugne olehe wangsulan marang Pak Bahadir :

 

“Niku ngeten Pak Bahadir. Lha nek ngantos dadi mantune Pak Dalal sing tekune kados ngoten niku, mengke rak Dimin mung didadosne kados berahe, tenagane diperes, nek enten kirang penere banjur diundhat-undhat, mlebune teng omahe mriku namung glundhung suling, konthal-kanthil kathok thok. Nek ngoten napa Dimin boten badhe rekaos rasaning manahe?”.

 

“Oo dados makaten?” Pak Bahadir mesem.

 

“Enggih” Diman Bandhat wangsulan “merga wekdal semanten kula taksih gesang kesrakat, benten tebih kalih sak niki. Najan kebun karet gadhuhan kula niku nggih angsale nyukani nagari, ning kula rak sampun gadhah? Kula boten rumaos remeh nek diarani mandhak duwe kebun ya olehe menehi negara wae, menggah kula tesih gagah kula tinimbang Pak Dalal sing sabine senajan amba nggih namung warisan saking maratuwane mawon?”.

 

“Dados upami sak niki dijak besanan kalih Pak Dalal, Pakdhe Diman sampun boten kuwatos ngulakne rekaos Mas Sudimin?” Bu Albertina takon karo rada ngguyu.

 

“Ning menawi saged lan nggugu kula, Sudimin kula kandhani nek pados bojo sampun kados Ninuk sing wong tuwane gadhah teku ngoten niku, malah kinten-kinten mawon tekune Ninuk nika nggih boten tebih kalih tekune tiyang sepuhe, lha wong kacang mosok nggih ajeng ninggal lanjarane neh?” wangsulane Diman Bandhat uga karo ngguyu.

 

“Ya wis Pak nek ngono” Sudimin sing maune mung meneng karo ngrungokne genti guneman “Pak-e ora prelu kuwatir, aku ora arep dadi mantune Pak Dalal lan ora arep golek bojo sing wong tuwane duwe teku kaya tekune Pak Dalal”.

 

“Ya Sokur nek pancen ngono” wangsulane Diman Bandhat banjur disusul ngaturi Pak Bahadir lan Bu Albertina mbaleni ngrahabi suguhan sing ana dhuwur meja. Sing diaturi uga banjur padha nglegani atine sing nawani.

 

“Iki panemune wong tuwamu sing bodho lan cupet kawruhe Min” Diman Bandhat bali ngandhani anake lanang “ya nek mbok nalar ana benere bisa mbok enggo lan mbok cakne kanggo sangu nglakoni urip, nanging nek mungguhmu ora bener ora mbok enggo ya ora apa-apa”.

 

“Apa kuwi Pak?” Sudimin takon

 

“Dadi wong urip neng donya kuwi nirua lakune wong sing kajen lahir batine, ora mung kajen ing tata gelare wae, nek neng ngarepe, wong-wong padha mundhuk-mundhuk kurmat, nanging nek wis ana pungkure wong-wong padha ngiwi-iwi lan ngede-ede. Kowe kuwi klebu bocah sing beja, senajan tata gelar ngrekasa. Bejane ngene, kowe diramut lan dikeparengake ndherek Pak Mantri Guru, kae priyayi sing luhur lahir batine, ora ngendel-endelne dumeh wong pangkat, ora kumalungkung dumeh ketunggon bandha donya sing akeh, malah kerep wae Pak Mantri kae paring dhawuh nek pangkat lan bandha donya kuwi kabeh amanat saka Pengeran, ora keneng dipamer-pamerne nanging kudu bisa digunakne kanggo aweh pitulungan marang sapa wae sing mbutuhake, ora kena mbedak-mbedakne rupa lan jinise manungsa, uga ora kena mbedak-mbedakne agama sing dirasuk, sing mbutuhake pitulungan ya wajib ditulungi kanthi becik jumbuh lan paugeraning negara apa dene piwulange agama. Dadi kowe minangka abdine Pak Mantri kudu bisa niru lekase Pak Mantri. Semono uga saiki iki, kowe keneng diarani ngabdi utawa ndherek nDara Tuwan…. Eh, Pak Bahadir lan Bu Albertina sing uga ora beda karo Pak Mantri, kowe kudu sinau piye carane murih kowe bisa duwe teku kaya Pak Bahadir. Dadi upama mbesuk kowe bisa dadi priyayi lan kadunungan kasugihan, kowe ora dadi kumenthus, ngendel-endelne pangkat sing mung sampiran, ora ngedhir-edhirne bandha sing mung titipan. Samono uga saupama kowe kinodrat dadi wong sing ora duwe, kowe ora dadi wong sing mung seneng sambat, neng ngendi-endi pamer mlarat, murih diwelasi wong sing dijak omong, sarta kosok baline kowe ora banjur duwe teku wis mlarat nanging malah kemlinthi, duwe slaga kaya wong ana ning satemene kopong, kuwi jenenge wong mlarat sing kakehan polah, wekasane uripe mesthi sansaya bubrah”.

 

Sansaya wengi olehe padha jagongan dadi sansaya krasa nges. Genti-genten Sudimin ngrungokne pitutur-pitutur becik, ya saka Diman Bandhat, bapakne, saka Sudinem simboke, uga saka pak Bahadir lan Bu Albertina sing wis dadi wong tuwa angkate.

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...