Total Tayangan Halaman

Kamis, 26 Januari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (005)


 

05.

“Raden Riyasa kagungan garwa setunggal ingkang tuhu sulistyeng warni” Puranta nutugne anggone crita “asmanipun Nyi Mirasih, wanita saking kitha raja Pajang. Dumuginipun ing Tambak awit ndherek tiyang sepuhipun ingkang ugi punggawa Kasultanan Pajang, nalika punggawa kasebat ngintunaken pambiyantu saking Kasultanan awujud redana kangge kamajenganipun Dhusun Tambak. Ki Lurah Riyasa sakalangkung kayungyun ndulu kasulistyaning Nyi Mirasih, nunten katembung dhateng tiyang sepuhipun menawi Mirasih badhe kapundhut minangka garwa. Punggawa Kasultanan kala wau sakalangkung suka manahipun, lajeng kaleksanan Mirasih dados garwanipun Ki Lurah Tambak Kapisan.

Nyi Mirasih sanget bekti dhateng kakungipun, makaten ugi Raden Riyasa ugi sanget anggenipun tresna dhateng garwanipun. Nalika kapundhut garwa dening Raden Riyasa ugi Ki Tambak Kapisan, Nyi Mirasih dening tiyang sepuhipun kinanthen emban ingkang nami Nyai Sidhem, inggih menika embanipun Nyi Mirasih wiwit taksih alit, mila yuswanipun Nyi Mirasih ingkang ugi Nyai Lurah Tambak kalihan Emban Sidhem menika boten patos kathah kaotipun, kepara langkung sepuh Nyi Mirasih katimbang Nyai Sidhem. Inggih Emban Sidhem menika ingkang ngladosi sedaya kabetahanipun Nyai Lurah Tambak Kapisan, awit saking menika boten nama aneh menawi Nyai Lurah sakalangkung kasok tresnanipun dhateng Nyai Sidhem.

Nalika Nyai Lurah Tambak Kapisan anggarbini, Ki Lurah sansaya sanget anggenipun nedahaken raos tresnanipun, bebasan renggang gula kumepyur pulut, sanaosa namung sagebyaring that-thit bebasanipun, Ki Lurah boten nate nilaraken ingkang garwa. Malah kuwajiban-kuwajiban minangka Lurah, kathah ingkang nunten kapasrahaken dhateng para Bebaunipun. Ingkang makaten menika, ndadosaken Nyai Lurah kajawi rumaos rena penggalihipun, ugi rumaos ajrih menawi damel kuciwaning para kawula, ingkang sampun tamtu rumaos dipun lirwakaken dening Ki Lurah. Inggih jalaran menggalih ingkang makaten kala wau, temah ndadosaken Nyi Mirasih asring lenggah kendel kados dene tiyang ingkang nembe ngelamun.

“Nuwun sewu Nyai Lurah” Emban Sidhem ingkang sumerep menawi bendaranipun asring lenggah dhelog-dhelog, susah manahipun mila lajeng munjuk atur “wekdal menika Nyai Lurah nembe anggarbini, ngandhut pasihaning Gusti Ingkang Maha Suci, awit saking menika prayoginipun Nyai Lurah angagengna raos panuwun dhumateng Gusti, boten sae menawi Nyai Lurah menggalih ingkang boten-boten, sansaya malih menawi kagem lenggah dhelog-dhelog kados tiyang ingkang nembe ngalamun, menika kirang prayogi malah kepara boten sae lho, Nyai Lurah”.

“Bener apa sing dadi kandhamu Sidhem” wangsulanipun Nyai Lurah “nalika Rama lan Ibu tedhak menyang Tambak biyen kae uga dhawuh kaya sing mbok kandhakne marang aku iki”.

Nalika samanten Ki Lurah nuju sare siang ing patunggonipun. Dados anggenipun rembagan antawisipun Nyai Lurah lan Emban Sidhem boten kapirsanan dening Ki Lurah Tambak Kapisan.

“Lha inggih awit saking menika” Emban Sidhem nutugaken anggenipun matur dhateng bendaranipun “menawi Nyai Lurah sampun pirsa, prayoginipun inggih dipun tindakaken menapa ingkang dipun dhawuhaken keng Ibu kala wau. Sampun ngulinakaken lenggah dhelog-dhelog makaten menika. Nuwun sewu lho Nyai Lurah, menawi kula  keparengaken ngertos estunipun Nyai Lurah menika nembe menggalih menapa ta?”.

“Hm……” Nyai Lurah unjal napas radi landhung lajeng paring wangsulan “ewuh aya anggonku arep kandha, Sidhem, amarga iki magepokan karo Ki Lurah sing sawuse pirsa nek arep kagungan putra iki, slagane malih beda”.

“Lho benten kados pundi ta Nyai Lurah?” Emban Sidhem matur “miturut panyawang kula, ketingalipun Ki Lurah sru sanget anggenipun tresna dhateng jengandika Nyai Lurah lho? Langkung-langkung sasampunipun Nyai Lurah nggarbini menika, menapa Nyai Lurah taksih rumaos kirang nampi katresnan saha sihipun Ki Lurah?”.

“Aja kliru ing panampa, Sidhem” Nyai Lurah paring wangsulan “merga aku weruh lan ngrasakne yen katresnane Ki Lurah marang aku sing banget gedhe iki, ndadekne aku kuwatir”.

“Kuwatos ingkang kados pundi ta Nyai Lurah? Ditresnani priyantun ingkang dipun tresnani menika harak nami kanugrahan? kok malah Nyai Lurah dhawuh menawi kuwatos, lajeng menapa ingkang dipun kuwatosaken?”

“Aku biyen tau krungu, Eyang Putri sawargi, nate paring pitutur marang Ibu lan Rama” Nyai Lurah lajeng nyethakaken ingkang dipun kuwatosaken “urut-urutaning katresnan kuwi ana pirang-pirang Tlundhagan kaya dene andha. Sing wajib nampa katresnan dhuwur dhewe kuwi  Gusti Kang Nitahake, dadi katresnan marang apa lan sapa wae kudu mapan ing sangisore rasa tresna marang Gusti, kalamun kongsi ana rasa tresna sing ngungkuli rasa tresna marang Gusti, mangka bakal nuwuhake kapitunan kang gedhe. Kaping pindho ing sangisore rasa tresna marang Gusti kuwi ya iku rasa tresna marang kuwajibane. Sok sapawa sing nglirwakne kuwajibane mung merga nuruti rasa tresna marang apa utawa sapa wae, adhakane bakal keduwung ing dina mburine. Tlundhagan sing kaping telu saka dhuwur, wujude katresnan marang kulawarga klebu tresna marang garwa lan putra sarta marang sesamaning titah”.

“Inggih kula lamat-lamat ugi nate mireng bab menika Nyai Lurah” Emban Sidhem nyela rembug.

“Lha wektu iki, Ki Lurah sajake lagi kurang bener anggone ngecakne rasa tresna sing ana penggalihe” Nyai Lurah paring wangsulan.

“Kirang leres kados pundi Nyai Lurah?”

“Urut-urutan tlundhagane katresnan kaya sing tak kandhakne ing ngarep mau dening Ki Lurah kaya diwalik, malah kepara kaya-kaya tlundhagan sing manggon ing dhuwur dhewe lan tlundhagan ing ngisore arep diilangake, kalah karo tlundhagan katresnan sing manggon ing ngisor dhewe”.

“Nuwun sewu Nyai Lurah” Emban Sidhem matur malih “cethanipun kados pundi?”.

“Lire mangkene, katresnane Ki Lurah marang aku iki sansaya suwe ora suda nanging malah tambah-tambah, luwih-luwih sawuse Ki Lurah uninga yen aku ngandhut putra sing ana wetengku iki. Kena diarani kabeh kawigatene Ki Lurah disuntak marang aku. Katresnane marang Gusti mung disambi wae, ketitik anggone manembah marang Gusti, Ki Lurah dadi suda, mung sedhela ora suwe kaya biyen-biyen nalika sepisanan aku teka ing Tambak kene. Kaping pindho, katresnane Ki Lurah marang kuwajiban ya iku kuwajiban dadi Lurah minangka suhing wong sadesa uga akeh sing dilirwakne. Meh kabeh pakaryan sing kudune ditindakne dening Ki Lurah, banjur dipasrahne marang para Bebau sing dipercaya. Ya iki kabeh sing ndadekne aku ewuh aya ing pambudi, Sidhem”.

Mireng wangsulan saking Nyai Lurah ingkang makaten menika, Emban Sidhem dereng saged matur kangge majaraken penggalihing bendaranipun, Emban Sidhem taksih ngrantos dhawuh salajengipun saking Nyai Lurah Tambak Kapisan.

“Kamangka mesthine kowe ya ngerti, Sidhem” Nyai Lurah nglajengaken anggenipun ngendika “katresnan antarane priya wanita sing ana dhadhaku iki mung kagem Ki Lurah wae. Mula aku kewuhan anggonku arep caos pemut marang Ki Lurah supaya tumuli mapanake wajibing tresna jumbuh lan tlundhagan kang bener. Yen nganti ana tembung sing ora pas nggonku paring pemut, kurang bejane bisa-bisa Ki Lurah salah tampa banjur ndakwa yen katresnanku marang panjenengane wis luntur. Nanging, yen aku ora ngaturake pemut, aku kuwatir Ki Lurah bakal nemahi kapitunan kang wekasane bisa gawe papacintrakane wong sadesa”.

“Mila leres Nyai Lurah” Emban Sidhem nyauti pangandikanipun Nyai Lurah “inggih ingkang magepokan kalihan kathahing kuwajiban ingkang kapsrahaken dhateng Bebau ingkang pinitados, menika kula sampun mireng suwanten ingkang kirang sakeca saking sanjawining Dalem Kalurahan mriki”.

“Suwarane sapa lan suwara apa Sidhem?” Nyai Lurah lajeng nlesih dhateng Emban Sidhem.

“Ketingalipun bebau ingkang kapasrahan murih nindakaken kuwajiban ingkang mesthinipun dados kuwajibaning Ki Lurah, pranyata kathah ingkang boten mumpuni nanging rumaos langkung mangertos saha rumaos dumeh kuwaos. Temah para kawula ingkang dipun ladosi kathah ingkang kuciwa manahipun. Awit saking menika, Nyai Lurah kemawon ingkang kedah wantun munjuk ing ngarsanipun Ki Lurah prakawis menika. Awit manawi ngantos para kawula wiwitan kuciwa ing manah lajeng minggah dhateng gelaning pikir awit rumaos dipun lirwakaken dening Ki Lurah, saged nuwuhaken prakawis ingkang boten sae tumrap Ki Lurah miwah Dhusun Tambak mriki”.

“Kajaba saka iku, Sidhem” Nyai Lurah nglajengaken anggenipun ngendika “aku uga tau krungu pituture Eyang Kakung marang rayine Rama yaiku Paman Binangun. Jaman Paman Binangun durung suwe palakrama oleh Bibi Mumpuni biyen”.

“Pitutur ingkang kados menapa Nyai Lurah?” Emban Sidhem nyela rembug.

“Paman Binangun kuwi kaya Ki Lurah wektu iki, ya iku banget tresnane marang Bibi Mumpuni, temah kerep Paman Binangun ninggalake kuwajiban minangka satriyaning negara, merga lumuh adoh karo Bibi Mumpuni. Eyang kakung banjur paring pitutur, yen nresnani kawulaning Gusti kuwi aja nganti ngalahne tresnane marang Gusti, jalaran kang mangkono mau bisa ndadekne kang ditresnani dipisahake karo sing nresnani awit saka karsaning Gusti. Ya jalaran saka ati sing wis kadhung kinuwasan dening rasa gandrung, pituture Eyang kakung mau mung diinggihi dening Paman Binangun nanging babar pisan ora dicakne kanthi becik. Kowe ngerti, Sidhem apa kang wekasane dumadi?”.

“Menapa ingkang lajeng kedadosan Nyai Lurah?” Emban Sidhem matur nyuwun pirsa.

“Ora dingerteni sing dadi sababe, dumadakan Bibi Mumpuni kaganjar gerah dening Gusti Allah, lan madal sakehing tamba, wekasan Bibi Mumpuni seda durung kongsi kagungan putra” Nyai Lurah paring wangsulan “kang mangkono mau sing ndadekne Paman Binangun banjur kaya wong linglung, owah pikire nganti pirang-pirang tahun suwene, wekasan kalerenan saka anggone dadi abdi dalem Kasultanan. Aku kuwatir banget Sidhem, yen nganti aku utawa Ki Lurah bakal nemoni lelakon kaya sing disandhang Paman Binangun lan Bibi Mumpuni kuwi”.

“Inggih Nyai Lurah” Emban Sidhem nuli atur pamrayoga marang bendarane “manawi makaten, sampun nggagas was sumelang malih, prayogi menawi Nyai Lurah enggal atur pemut dhateng ingkang raka, inggih Ki Lurah Tambak Kapisan utawi Kanjeng Raden Riyasa. Nanging ugi kedah mawi basa ingkang sae, sampun ngantos Ki Lurah lepat ing panampi. Kula kinten ugi prayogi menawi Nyai Lurah ugi ngaturaken bilih anggenipun atur pemut dhateng keng raka menika lelandhesan pitutur saking ingkang Eyang tuwin kedadosan ingkang dipun sandhang dening ingkang Paman, pun Raden Binangun kala rumiyin”.

“Iya, iya Sidhem, aku njaluk pambiyantu pandonga marang kowe, muga-muga aku bisa atur pemut marang Ki Lurah tanpa gawe seriking penggalihe” pangandikanipun Nyai Lurah minangka wangsulan dhateng atur pamrayogining embanipun.

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (004)


 

04.

Ya wiwit kuwi Sendhang sing dadi papanku iki tak jenengake Sendhang Tambak, lan aku nganggo sebutan Ki Tambak utawa mBah Tambak.

Tatu-tatu ing ragane Puranta uga bebalunge sing wis padha remuk rengka kuwi, tak tambani nganggo campuran gegodhongan lan oyod-oyodan sing tak bobokne sarta tak blonyohne ing saranduning awake, Puranto katon jodho. Ora nganti telung dina, tatu-tatune wis ilang. Bebalunge sing padha remuk lan rengka kena pasiksan uga wis wiwit pulih. Puranta wis katon seger lan bisa diajak guneman akeh. Mesthi wae Sirep, bojone Puranta ya melu seneng atine. Saben dina Sirep tansah nindakne kuwajibane wong wadon, olah panganan ing pawon. Sirep lan Puranta padha olehe ora ngerti yen satemene sing diolah Sirep lan dipangan karo Puranta kuwi kabeh dumadi saka cipta, ya jalaran kekarone uga ora ngerti yen satemene dheweke wektu kuwi padha manggon ing alam antara, sing saupama ana manungsa liya sing kabeneran liwat ing papan kono ora bakal weruh omah sing sing cekli lan asri, plataran sing resik karengga kekembangan manekawarna ngono kuwi, sing katon ing pandulune wong wantah ora ana liya ya mung wujud alas bebondhotan sing ngubengi belik rada gedhe sing lumrah diarani sendhang.

“Ki Puranta apa dene Nyai Sirep” ing dina kapapat sawise aku rampung menehne adonan jamu sing kudu diombe Puranta aku wiwit nakoni sing ana gegayutane karo wong loro sing lagi tak tulungi iki “aku arep takon marang ndika sakloron, apa kira-kira ndika ora kabotan?”.

“Dhuh Kyai” sing wangsulan Puranta “nDika menika tuhu sampun nyambet nyawa kula, sampun paring pangayoman dhateng kula lan semah kula, kasaenan jengandika ingkang kaparingaken kula lan semah kula boten saged kaetang mawi menapa kemawon. Sampun malih namung caos wangsulan dhateng pandangunipun Kyai, badhe kadhawuhan menapa kemawon kula boten badhe suwala, sedaya badhe kula lampahi kanthi remening manah”.

“Mangga Kyai, kadhawuhna badhe mundhut pirsa menapa?” Sirep uga melu wangsulan “lan nyuwun pangapunten Kyai, dugi sapriki kula tuwin tiyang jaler kula, nyata boten sumerep ing tata, sampun kaparingan pitulungan ingkang kados makaten kathahipun, suprandene kula lan tiyang jaler kula dereng mangertos sinten sejatosipun jengandika Kyai, menapa jengandika menika Dewa ingkang mangejawantah? Menapa Malaikat ingkang amemba manungsa? Mugi Kyai keparenga paring sumerep dhateng kula lan tiyang jaler kula”.

“He he he….” Aku gumuyu krungu wangsulan ngiras pitakone Sirep ngono kuwi, tumuli aku aweh wangsulan “padha ngertenana ya Ki Puranta apa dene Nyai Sirep, satemene bares wae aku iki titah lumrah sing wis kakehan dosa, mula aku banjur manggon neng papan sing sepi iki kanggo mertobat nyuwun pangapuraning Gusti. Jenengku Tambak, ndika bisa nyebut aku Ki Tambak utawa mBah Tambak lan Sendhang sing ana sisihe omah iki jenenge Sendhang Tambak, mbok menawa wae ya padha karo jenenge desa asal ndika sakloron, nanging jeneng ora apa-apa yen jenenge padha”.

“Ngaturaken genging panuwun mBah Tambak” Puranta aweh wangsulan “jebul kula kesah saking Dhusun Tambak lajeng samangke kendel ing Sendhang Tambak. Samangke kaparenga mbah Tambak ndhawuhaken menapa ingkang badhe kapundhutaken pirsa saking kula miwah semah kula?”.

“Ngene ya Ki Puranta lan Nyai Sirep” aku wiwit nakoni wong loro kuwi “wingenane nalika aku kandha yen ndika wong loro kuwi aneh, dene lelungan nanging ora ngerti menyang ngendi papan sing arep dituju. Banjur dening Nyai Sirep diwangsuli nek satemene ora ana sing aneh yen aku ngerti larah-larahe ndika sakloron tekan papan kene iki. Mulane saiki aku kepengin ngerti larah-larahe sing wis dadi sabab ndika sakloron lunga ninggalne omah lan desa ndika kuwi?”.

“Inggih mbah Tambak” sawuse meneng rada sauntara Puranta nuli wangsulan “murih langkung cethanipun atur kula badhe kula wiwiti saking wiwitaning cariyos, inggih mbok menawi mbetahaken wekdal ingkang radi dangu awit mila cariyosipun ugi radi panjang. Menapa mBah Tambak marengaken? Menawi boten inggih badhe kula aturaken cuplikan pungkasan kemawon nanging mbok menawi dereng patos cetha”.

“Lha wong aku ya ora duwe gaweyan apa-apa wae” aku wangsulan karo ngguyu “saupama ndika crita wiwit kawitan, kuwi tak kira luwih prayoga, nanging nek ndika ngrasa kasuwen ndika cuplik sing pungkasan kaya sing ndika kandhakne mau ya ora apa-apa”.

“Inggih mBah” Puranto wangsulan “cuplikan pungkasanipun makaten : kula menika kadakwa dening Ki Lurah Tambak inggih Ki Jaswana, ingkang estunipun maksih kadang kula sepuh tunggal bapa seje biyung. Kula dipun dakwa sampun nyidra utawi nyolong Sipat kandeling Desa Tambak ingkang wujud Wangkingan nama Kyai Pantek. Wangkingan menika wangkingan ingkang sae, yasanipun satunggaling Empu saking Kasultanan Pajang, kadamel saking tosan aji saking Redi Merapi, mawi dhapur Nagasasra lan kapamoran mawi sela lintang ingkang kapendhet saking kawahipun Gunung Merbabu, Kyai Pantek menika ngangem pendhok mas murni ingkang sakalangkung ambalerengi. Gandheng kula ngrumaosi menawi boten nyolong pusaka kala wau, mila kula inggih boten ngaken menawi nyolong. Lajeng Kakang Jaswana duka, nunten marentahaken para bebauning padesan murih meksa kula supados purun ngakeni menawi nyolong wangkingan menika. Nanging kula kukuh boten purun ngaken, temah kula dipun pisakit lan meh mawon kula dipun pejahi nanging boten siyos awit wonten welasing Kakang Jaswana dhateng kula. Kula katundhung kesah saking Dhusun Tambak, boten kaparengaken wangsul malih menawi kula boten saged ngaturaken Wangkingan Kyai Pantek dhateng Ki Lurah Jaswana. Mila kula lajeng kesah kanthi raga ingkang risak jalaran dipun sikara lan dipun siksa dening para bebau ing Tambak. Lha semah kula pun Sirep, boten negakaken kula mlampah piyambak mila lajeng ngancani kula mlampah, ing wekasan dumugi papan menika lan mbok bilih boten kadenangan dening jengandika mBah Tambak, mbok menawi kemawon kula sampun dumugining pejah jalaran sampun  sanget risake raga kula”.

“Kuwi cuplikan pungkasaning crita ndika Ki Puranta?” tumanggapku marang critane Puranta.

“Inggih leres mBah Tambak” wangsulane Puranta.

“Lha larah-larahe nganti ndika kadakwa nyolong sipat kandele desa tambak kuwi mesthine rak ya ana? Luwih-luwih sing ndakwa ndika kuwi isih sedulur tuwa ndika dhewe, keprungu aneh nek ana sedulur sing tega gawe pitnah marang adhine dhewe. Mula saiki becik yen ndika critakne wiwit kawitan wae murih sansaya cethane crita iki”.

“Inggih mBah, kaparengana kula miwiti criyos”.

“Mangga”

“Kawiwitan dhuking kina” Puranta miwiti critane “wonten salah satunggaling putra lembu peteng (Klambu/slambu Peteng) saking Narendra ing Pajang, inggih Kanjeng Sultan Adiwijaya, ingkang asma Raden Riyasa. Sasampunipun Raden Riyasa akil diwasa, wonten utusan saking Pajang dhateng griyanipun Nyi Partini. Utusan kala wau ndhawuhaken sabdanipun Kanjeng Sultan Adiwijaya murih putranipun ingkang nami Raden Riyasa menika boten sisah sowan dhateng Kraton putra ngabekti ing bapa, jalaran nalika samanten kawontenan nagari Pajang radi kirang sae. Sanadyanta makaten, kasok tresnanipun Sinuhun ing Pajang dhateng Raden Riyasa boten ical malah kepara wewah. Kanthi pambiyantu saking nagari Pajang, Raden Riyasa kadhawuhan babad wana ing sacelakipun kanthi wiyar watawis selangkung bahu. Boten dangu wana ingkang kababad menika lajeng dados padhukuhan ingkang dipun wastani Dhusun Tambak lan mawi serat kekancingan saking Nagari Raden Riyasa kajumengaken dados Lurah ing Tambak mriku lan kaparingan Sipat Kandel wujud Wangkingan ingkang wasta Kyai Pantek menika”.

“Dadi cikal bakale Desa Tambak sing saiki dilurahi sedulur ndika kuwi Raden Riyasa kang satemene isih putrane Kanjeng Sultan Pajang?” aku nyelani critane Puranta.

“Leres mBah Tambak” wangsulane Puranta “inggih raden Riyasa ingkang lajeng katelah mawi asma Ki Tambak Kapisan menika estunipun tiyang sepuh kula, ugi tiyang sepuhipun Kakang Jaswana ingkang samangke jumeneng minangka Lurah Tambak menika”.

“Dadi asmane wong tuwa ndika kuwi Ki Tambak Kapisan? Walah kathik banjur aku madhani nganggo jeneng mBah Tambak neh? Ya gandheng ndika kuwi putrane Ki Tambak Kapisan, aku wajib nyuwun pangapura dene jenengku madhani asmane wong tuwa ndika” aku kandha nembung njaluk pangapura marang Puranta.

“Kula kinten ing babagan menika mBah Tambak boten lepat” Puranta aweh wangsulan “jer boten wonten paugeran ingkang ngawisi tiyang nggadhahi nami ingkang sami, menapa malih kanyatanipun mBah Tambak ugi kagungan panguwaos dhateng Sendhang ingkang nami Sendhang Tambak menika?”.

“Pancen ya ana benere apa sing ndika kandhakne kuwi Ki Puranta” wasanane aku mbenerne panemune Puranta lan ngongkon supaya nutugne anggone crita “Saiki ndika tutugne anggon ndika crita”.

Karo guneman ngono kuwi mau, aku nggagas yen pantes lamun Puranta dudu wong sing sembarangan, nadyan nandhang tatu abot parandene isih duwe kekuwatan sing lumayan. Lha wong ya isih trahe Kanjeng Sultan Pajang, sanadyan wong tuwane Puranta mung dhapur putra saka Lembu Peteng. Lan tak sengaja aku ora arep ngowahi sikepku marang wong lanang sak bojone iki, sanadyan aku wis ngerti yen wong kuwi kena diarani isih wayah dalem Kanjeng Sultan Adiwijaya sing luwih kondhang nganggo asma timure ya Karebet utawa Raden Jaka Tingkir.

“Inggih mBah Tambak” wangsulane Puranta sing banjur nata lungguhe maneh kanggo nutugne olehe arep nyritakne larah-larahe lelakon sing lagi disandhang.

“Inggih awit pikantuk pambiyantuning Kanjeng Sinuhun ing Pajang, kawontenanipun Dhusun Tambak langkung cepet ngrembaka. Gesanging para kawula ing mriku ugi langkung sae, kacekapan menapa ingkang dipun betahaken kangge gesang sadinten-dinten. Pramila ugi boten nggumunaken menawi lajeng kathah ingkang sami ndherek bebadra mbabad wana angayom dhateng Dhusun tambak ingkang kaesuhan dening Ki Lurah tambak Kapisan”.

 

Ana candhake

Rabu, 25 Januari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (003)


 

03.

Krungu olehe rembugan wong lanang lan wong wadon sing lagi teka lan leren neng pinggir Sendhang kuwi, aku sing maune mapanake awak ana ing alaming prayangan, tumuli mlebu ing alam antara, ya iku alam sing manggon ing tengah, antarane alam maya lan alam nyata. Kanthi daya kekuwatan sing ana, wong loro kuwi tak geret manjing alam antara, dimen bisa tak ajak guneman lan jagongan, kaya sing tak tindakne marang sira Ki Sarkara wektu iki. Kang mangkono kuwi tak tindakne merga aku wis oleh dudutan yen wong loro sing lagi teka iki cetha yen lagi mbutuhake pitulungan. Luwih-luwih sawuse nyawang kahanane Puranta, wong lanang sing durung tuwa kuwi wis katon ngenes kahanane. Bener sing dikandhakne mau, yen ora enggal oleh pitulungan, kanthi wewaton kalumrahan sing dadi kukuming alam, Puranta ora suwe maneh bakal kentekan nyawa, jalaran ragane wis amoh sing ndadekne ora kuwat kanggonan jiwane.

Kaya sing tak karepake, dumadakan Sirep, bojone Puranta ngadeg nyawang lumahing sendhang, ing kono Sirep tumuli weruh yen ing sisih kulone Sendhang Tambak kuwi ana omah cilik nanging cekli lan asri. Ya omah sing saiki kanggo jagongan antarane aku lan ndika Ki Sarkara iki. Omah lan pekarangane iki satemene yasane cipta kang asipat maya. Sirep uga weruh yen ing ngarep omah cilik sing cekli lan peni kuwi ana kaki-kaki tuwa sing lagi siram-siram tanduran kembang sing dadi pethetaning latar, sing or aliya ya aku dhewe. Sepisan maneh kanthi daya kekuwataning batinku, jiwa lan angen-angene Sirep tak geret supaya katut mlebu ing alam antara lan nggugu apa sing dadi karepku. Kang mangkono iku padatan mung bisa dicakne marang titah manungsa sing lagi kuwur pikire peteng atine temah benggang karo Gustine sanadyan tata lahir lathine ngucapne asmaNe nanging satemene ya mung tekan dhasaring gorokane wae.

“Kakang …..” Sirep ngajak guneman sisihane nganggo suwara sing beda karo mau, sing iki sajak klesak-klesik kaya wedi yen nganti ana wong liya sing melu ngrungokne gunemane “jebul papan kene iki ana sing ngenggoni…..”.

“Kuwi ya mesthi ta Dhi?” Puranta sing wis tanpa daya meksa semaur mangsuli kandhane sisihane “wong pancen jagad iki digelar dening Gusti kanggo panggonan titahE, sing ngenggoni papan sing katone sepi iki nek ora bangsane kewan alasan ya bangsane brekasakan, mula sepisan maneh aku kandha, sedhela maneh kira-kira aku bakal tumekaning pati, mbuh merga jalaran ragaku sing wis rusak iki, mbuh merga nampani kanepsone kewan alas sing rumangsa keganggu uripe merga tekane awake dhewe ing papane, bisa uga ditekak brekasakan didadekne bekakak kanggo lawuh mangan…….”.

“Aja nglawer tekan ngendi-endi sing ndika gagas Kakang!” karo rada sereng Sirep munggel tembunge Puranta “kae lho, neng kulon sendhang iki jebul ana omahe. Omah sing cekli lan peni lan katon asri, lan sing duwe omah uga lagi makarya nyirami tanduran kembange sing dadi rerengganing latare……”.

“Ngati-ati, aja mbok lokne!” kanthi obahing nalurine Puranta tangi saka anggone ngglethak banjur melu nyawang mengulon nurut sing disawang sisihane “bisa-bisa kuwi omahe Bangsa alus sing mbau reksa sendhang iki. Uwis, awake dhewe ethok-ethok ora weruh wae, lan titenana sedhela maneh omah kae rak ilang saka pandulu, merga pancen satemene omah kae ora manggon ing alam sing dienggoni manungsa, nanging manggon neng alame lelembut kana”.

Sirep katon percaya karo sing dikandhakne bojone, wong wadon kuwi tumuli ndhingkluk karo nyebut asmane Gusti, ndedonga nyuwun pangayoman saking panggodhaning Jim, Setan, Peri Prayangan. Aku mesem, jebul sanadyan  sajroning kahanan kentekan pangarep-arep kanggo mbacutake uripe, ing atine Puranta isih ana rasa percaya lan ora kepengin ngganggu utawa diganggu dening titah seje sing diarani bangsane lelembut kuwi mau. Lan Sirep, sisihane jebul uga ngandel banget karo sing dikandhakne bojone. Mula aku kudu nyaketi papane wong loro kuwi lan kudu bisa nuduhne nek aku ora duwe niyat  utawa sedya ala marang wong sakarone.

“Ehm…ehm….” Aku dhehem-dhehem ing sacedhake wong loro sing padha ndhingkluk karo nyebut-nyebut asmaNe Gusti kuwi, kanggo nuduhne nek aku wis meruhi wong loro kuwi. Pancinganku kena, Puranta karo Sirep padha kaget lan kanthi praupan sing sansaya pucet padha nyawang marang aku.

“Aneh” aku grenengan ijen “ing papan sepi sing sasuwene aku mapan ana kene ora tau diambah menungsa, teka iki ana wong loro lanang wadon sing padha lelungguhan ing pinggiring sendhang. Iki bangsane manungsa apa bangsane lelembut?”.

Wong loro sing krungu anggonku grenengan ijen kuwi, ora nyauti sing tak omongne. Mung mripate ora kedhep nyawang aku, lambene ora leren nggone umak-umik nyebut asmaNe Gusti.

“Nuwun sewu kisanak sakarone” wekasan aku banjur guneman tak tujokne marang Puranta lan Sirep “ndika sakloron kuwi bangsane mananungsa apa bangsane titah saka alam liya? Nek ndika sakloron iki bangsane janma manungsa, ndika iku saka ngendi lan arep menyang ngendi? Nduwe karep apa teka mrepegi papan panggonanku kene? Nek ndika sakloron jebul bangsa lelembut, tak jaluk ndika sakloron tumulia bali menyang alam ndika maneh lan aja pisan-pisan ngganggu gawe titahe Gusti sing wujud manungsa kaya aku iki, jalaran aku ya ora duwe sedya ala marang ndika!”.

Krungu ucapku sing mangkono iku, ketara yen Puranta lan Sirep banjur padha ngerti nek aku iki dudu kaya sing dikira, weruh nek aku iki dudu bangsane lelembut, nanging aku iki bangsane manungsa kaya dheweke wong sakloron.

“Nyuwun pangapunten Kyai” kanthi suwara alon lan keprungu rekasa Puranta guneman aweh wangsulan marang aku “nami kula Puranta lan menika Sirep, semah kula. Kula kekalih tiyang saking Dhusun Tambak sak leripun wana menika, kula kekalih mila nembe kekesahan saking desa Tambak, nanging kula bares kemawon dereng mangertos badhe dhateng pundi purug kula. Lan mugi nDika kepareng paring pangapura dhateng kula kekalih awit sampun damel kejoting penggalih ndika kanthi ndherek kendel ing papan menika”.

“Aneh….” Aku grenengan maneh “ana wong lelungan kok ora cetha ngendi sing dituju?”

“Mila kepireng aneh Kyai” Puranta nyauti nggonku grenengan “nanging mila makaten kasunyatanipun”.

“Inggih Kyai” Sirep melu guneman “kapireng aneh menika jalaran nDika mbok menawi dereng pirsa larah-larahipun, menawi ndika sampun pirsa tartamtu badhe boten mastani aneh malih. Kedahipun kula utawi tiyang jaler kula, ngaturaken dhateng ndika ingkang dados larah-larahipun ngantos kula kekalih keplantrang dugi papan mriki menika. Nanging gandheng kawontenan tiyang jaler kula taksih dereng saged criyos kathah, inggih kula nyuwun pangapunten menawi dereng saged criyos dhateng ndika bab ingkang njalari kula kekalih sampun ngganggu kamardikan ndika Kyai”.

“Iya, iya aku ngerti Nini” aku aweh wangsulan “tak sawang sisihan ndika ya Ki Puranta kuwi sajake lagi nandhang lara sing rada abot lan mbutuhake tetamba murih bisa waras. Apa ora luwih becik yen Ki Puranta kuwi enggal digolekne tamba? Awit miturut petungan nalarku, nek nganti kesuwen ora enggal oleh tamba utawa ora enggal ditambani, ya nuwun sewu iki bisa ndrawasi marang kaslametane”.

“Mila leres makaten Kyai, nanging……….” Sirep ora bisa nutugne olehe wangsulan mung luhe wae sing banjur dleweran mili saka mripat nelesi pipine.

“Uwis aja nemen-nemen nggonmu susah Nini” wekasan aku ngandhani Sirep “saiki ayo Kakungmu kuwi ditambani ana gubugku wae, tak cobane nganggo bobokan-bobokan lan omben-omben sing digawe saka gegodhongan lan oyod-oyodan wewarahe para mbah-mbah biyen, mbok menawa bisa dadi sarana warase lara sing lagi disandhang Ki Puranta”.

Banjur kandhaku marang Puranta :

“Ayo Ki Puranta tak tuntun mlaku menyang omahku wae, kareben ndika bisa leren luwih prayoga”.

“Matur nuwun sanget Kyai” wangsulane Sirep lan Puranta meh bebarengan.

“Ngaturaken Panuwun Gusti…….” Sirep muwuhi olehe guneman “nyata Paduka taksih kepareng paring pitulungan dhumateng kawula Paduka ingkang nembe kinganiaya, lumantar Kyai menika”.

Karo mlaku nuntun Puranta, atiku kober eram. Jebul Puranta iki wong lanang sing klebu duwe daya kekuwatan kanuragan sing ora cethek. Ketitik, balung garese wis padha rengka, sajake lagi wae dipupuh nganggo barang atos, semono uga balung ing lengen lan ing gagere, nanging kanyatane wong lanang bojone Sirep iki isih kuwat ngadeg lan isih kuwat mlaku senajan kanthi ngrekasa. Iki cetha nek Puranta iki satemene dudu wong lumrah, nanging klebu titahing Gusti sing kinacek.

Kanthi panggawening cipta, ing jogan omah maya kuwi wis tak gelarne permadani bludru jangkep sak bantale pisan. Puranta banjur tak kongkon ngglethak neng permadani kuwi. Sepisan maneh aku nggunakne dayaning cipta, banjur aweh prentah marang Sirep :

“Nini ing mburi kae ana pawon sing ing jerone jangkep isen-isene sing wujud prabot lan pirantining pawon. Tulung nggodhoga banyu nganti umub, gaweya wedang jahe sing bebakalane uga ana paga babragan kana lan olaha panganan sacukupe kanggo aku, ndika apa dene kakungmu Ki Puranta”.

“Inggih Kyai” wangsulane Sirep sing banjur mlaku menyang Pawon, Sauntara kuwi, merga tenagane dipeksa kanggo mlaku kamangka mau tenaga kuwi wis entek, Puranta banjur katon lemes dhempes, tanpa daya, ngglethak ora kuwat obah. Untune bola-bali katon digegetne, sajake kanggo ngampet rasa lara ing awake.

Aku tumuli nggoleki bothekan wadhah tamba sing biyen tak gawe saka pituduhe Guruku Ki Tanpa Aran, embuh pirang atus tahun kepungkur, jaman aku isih nggunakne jeneng Raden Bagus Suwanda biyen.

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (002)

02.

       Tekan jero guwa, jebul wong-wong andhahane Pradapa wis padha lungguh neng dhuwur nam-naman ble-ketheple. Wong papat kuwi wis padha ngedhep wedang jahe karo uwi godhogan sing isih kumebul panas. Ing sisih wetan pancen kanggo Pradapa, Rangga lan Marga uga wis dicawisake. Mula bareng wong telu sing lagi mulih saka kucur mau mlebu, lan melu lungguh neng dhuwur ble-ketheple, daya-daya Paing karo Tanggon ngadeg, marani pancen kanggo wong telu kuwi kanggo disuguhne neng ngarepe.

       “Mangga Gus kalih Adhi Rangga miwah Adhi Marga” kandhane Tanggon karo ngladekne omben wedang jahe panas sing diwadhahi kethokan bumbung pring ori ing ngarepe wong telu kuwi “ing guwa tengah wana wontene namung toya jahe kalih uwi godhogan”.

       “Matur nuwun Paman” wangsulane Pradapa sing uga banjur ngacarani Rangga lan Marga “mangga Dhi, dipun unjuk mumpung taksih dereng asrep”.

       “Iya kakang, matur nuwun” wangsulane Marga lan Rangga meh bareng.

       “Paman-paman kabeh” Pradapa nuli guneman marang andhahane “sawuse katiti dening Adhi Rangga lan Marga, mau nalika awake dhewe isih padha angler turu, kanggo sawatara awake dhewe isih aman saka ganggu gawene Ki Danara sakancane , kanthi awake dhewe mapan ing pandhelikan kene iki. Jalaran Ki Danara sakancane ora bakal wani nyabrang mengulon , gedhene nganti mlebu alas ing sakulone Kali Gebyog. Jalaran wong-wong kae jebul isih wedi yen nganti kena walate mBah Tambak sing mangwasani alas kene iki”.

       “Inggih Gus, kaleresan sanget menawi makaten” sing wangsulan Tanggon “nanging menapa awakipun piyambak badhe terus mapan ing guwa mriki? Harak boten ta? Samangke mangga Gus Pradapa enggal paring dhawuh, menapa ingkang kedah awakipun piyambak lampahi?”.

       “Sabar dhisik Paman” wangsulane Pradapa karo mesem “sawuse aku kasil dislametake dening Adhi Rangga lan Adhi Marga, temah ora sida mati kena gegaman kudhi sing disawatake dening andhahane Ki Danara, banjur tuwuh rasa wani ing angen-angenku niyat kanggo nglawan Ki Danara sakancane kae, aku kudu bisa nundhung wong-wong kae saka bumi Kepuh Agal tinggalane wong tuwaku lan wong-wong sing wis mbabad lan yasa desa kuwi”.

       “Lha menawi niku nyata nalar ingkang sae Gus” Paing genti sing nyaut gunem “kula mathuk sanget niku, awit tegil lan sabin gadhahane awakipun piyambak nika rumiyin anggenipun yasa para tiyang sepuhipun awake piyambak nggih direncangi totohan nyawa, lha nek sak niki trimah dados kukubane tiyang kados Ki Danara sakancane nika, awakipun piyambak niki saged kenging dosa ageng, boten saged njagi tilaranipun tiyang sepuh ingkang sampun jinempana ing angin lan boten ngajeni lara lapanipun. Mung jalaran awakipun piyambak jirih ing getih wedi ing pati. Mula mangga enggal dipun tata lan dipun rancang., benjang menapa awakipun piyambak wangsul lan nundhung Ki Danara sakancane saking dhusunipun piyambak?”.

       “Sepisan manes aku njaluk marang paman kabeh supaya sabar” Pradapa wangsulan karo panggah mesem “merga kanggo nundhung Ki Danara sakancane kae ora mung cukup diudhoni nganggo rasa wani utawa ora jirih getih wedi pati kaya sing ndika kandhakne kuwi. Tata gelar awake dhewe iki mung duwe kekuwatan wong lima. Yen mung bandha kendel sangu wani banjur awake dhewe nglabrag Ki Danara sakancane, tan wurunga bakal nemoni kaya lakone Sulung sing mlebu geni. Mati sia-sia lan kaniaya tur tanpa guna. Nanging aku percaya sanajan wektu iki kekuwatane dhewe mung wong lima, mengko nek Adhi Rangga lan Adhi Marga kepareng paring pituduh sarta rerigen awake dhewe mesthi nuli bisa gawe minggate Ki Danara sakancane pisan.  Lha sadurunge Adhi Rangga lan Adhi Marga paring eguh pratikel marang awake dhewe, iki aku arep nutugne crita sing wingi durung rampung kae luwih dhisik, mbok menawa kanthi tak rampungne critaku iki mengko bisa kanggo landhesan anggone Adhi Marga lan Adhi Rangga paring rerigen marang awake dhewe”.

       Tanggon sakancane padha nglirik marang Rangga lan Marga, wong papat andhahane Pradapa kuwi percaya karo sing dikandhakne Lurahe, jalaran wong papat kuwi nduwe pangira yen satemene Rangga lan Marga kuwi dudu manungsa sabaene, malah bisa uga bangsane malaikat sing diutus dening Gusti Allah murih paring pitulungan marang titah sing lagi siniya siya dening wong duraka. Ketitik anggone Marga kanthi cepet bisa mulihne tatu sing disandhang Pradapa wingi. Kamangka tatu kuwi kudune wis ndadekne Pradapa mati, nanging nyatane saiki malah wis mari. Lan mau bengi nalika Rangga lan Marga kanthi sesidheman metu ninggalne guwa, Tanggon ya weruh banjur ngindhik saka kadohan. Tanggon weruh Rangga lan Marga anggone mlaku ninggalne guwa tumuju Desa Kepuh Agal  luwih kesit tinimbang genyare that-thit, luwih kebat timbang playune kilat, wong loro kuwi kaya bisa mabur ngana kae.

       “Menika kula kinten inggih langkung prayogi Gus” wasana Tanggon nyengkuyung apa sing dikandhakne lurahe “samangke mangga katutugna anggen ndika nyariyosaken lelampahanipun Ki Sarkara nalika kacariyosan dening mBah Tambak, saderengipun Ki Sarkara ambabad wana temahan dados padhusunan ing Kepuh Agal, lan manawi kaparengaken kula sakanca ugi kepengin mirengaken cariyos menika, kaleresan jatah kangge nedha taksih anyekapi nganyos tigang dinten malih, dados dinten menika menawi boten wonten ingkang medal pados uwi utawi gembili saha buron wana inggih boten menapa-menapa”.

       “Iya Paman” wangsulane Pradapa sing banjur guneman marang Rangga lan Marga “mangga ta Adhi, kalih kula cariyos, Adhi kekalih kaparenga ngrahabi pasugatan saking Paman Tanggon sakadang menika”.

       “Iya Kakang” wangsulane Rangga karo ngranggeh njupuk uwi sing diwadhahi layah watu ing ngarepe “mangga yen ndika arep nutugne crita sing wingi durung kober tutug”.

       “Inggih Adhi, salajengipun mBah Tambak dhawuh dhateng Ki Sarkara makaten :

       Sawise aku ngrumangsani yen aku iki wis wujud prayangan lan aku ngrumangsani sakehing kaluputanku marang Hyang Agung lan pepadhaning titah, lan kekuwatanku wis bali pulih, aku banjur duwe niyat arep nglakoni tapa brata ing Sendhang iki, aku ora kepengin nggayuh apa-apa kajaba mung siji ya iku nyuwun palimirmaning Gusti supaya antuk pangapura.

       Jenenge wong lagi nindakne tapa, aku ya cegah mangan cegah turu karo ngulat-ulati kahanan sakiwa tengene papan kene. Karepku, manawa ana titahing Gusti mbuh apa wae wujude, sing mbutuhake pitulungan bakal tak tulungi kanthi rila legawa tanpa pamrih apa-apa. Ora adoh saka Sendhang iki, mung watara lakon setugel dina ana padhukuhan, wong-wong ngarani jenenge Desa Tambak. Mula aku banjur njenengake Sendhang iki Sendhang Tambak.

Olehku weruh nek ing saelore Sendhang Tambak iki jebul wis ana padhukuhan sing jeneng Desa Tambak kuwi, jalarane merga aku weruh ana wong loro lanang wadon, mlaku ngliwati papan kene, kahanane katon memelas, lan sajak kentekan tenaga. Sing lanang saranduning awake katon tatu kabeh, tatu sing jalaran katone kena pasiksan saka wong liya. Raine babak belur ora karuwan, lambene pecah, mripate abuh. Olehe mlaku kanthi dituntun dening sing wadon. Wong loro kuwi banjur leren ana pinggiring sendhang.

“Wis Dhi tekan kene wae anggonmu ngeterne aku” karo mapan ngglethak ing lemah tanpa lemekan apa-apa wong lanang kuwi kandha marang sing wadon “tak kira aku wis ora kuwat maneh nutugne laku, lan mbok menawa ora suwe aku tumuli mati ing papan kene. Luwih becik nek sliramu tumuli bali wae”.

“Ora Kang” wangsulane sing wadon karo ngusapi eluhe “wis dadi tekading atiku, wiwit aku mbok rabi kae, aku wis janji marang atiku dhewe, mbuh bakal nemoni lakon sing kaya apa wae, aku panggah bakal setya ngabekti dadi bojomu. Nek Kakang ngongkon aku bali menyang omah, apa pancen kakang wis ora tresna maneh marang Sirep bojomu iki?”.

“Aja salah tampa ya Rep” sing lanang semaur “tresnaku marang sliramu kuwi wis padha karo tresnane rasa legi marang gula, dadi sanadyan nganti tekan jaman apa wae, aku Puranta ora bakal kalong rasa tresnane marang Sirep, ya sliramu bojoku. Mung wae, nek sedhela maneh aku mati ana kene, sliramu banjur kepriye?. Nek aku ngongkon sliramu bali, kuwi ya merga saka rasa tresnaku marang sliramu. Nek sliramu panggah nunggoni bathangku ana kene, mendah kaya apa rekasane uripmu?. Aku ora bakal nglilani bojoku rekasa lan kaniaya. Kosok baline nek sliramu bali, tata gelar sliramu iku isih nom lan isih kasinungan rupa sing nggambar, tak kira wong-wong sing biyen tau ngarepake sliramu dadi bojone nanging ora kasembadan merga sliramu wis kadhung milih aku, bakal mbaleni nyaketi sliramu lan ngajak urip bebarengan. Sliramu Sirep bisa milih salah siji saka wong-wong kuwi, minangka gantiku. Aku lila lan legawa lahir trusing batin, sliramu winengku priya seje, merga kanyatane aku ora bisa nutugne urip nyisihi sliramu, malah matiku wae mati sing nggawa jeneng sing njejemberi, kabeh wong ing Tambak wis ngarani nek aku iki maling sing luwih dening nistha merga wani nyolong darbeke bendara sing kudune tak reksa lan tak jaga……”.

“Kakang Puranta, aku luwih percaya marang Adile Sing Maha Kuwasa” wangsulane Sirep nigas rembuge sisihane “Kakang ora kena mati, Kakang kudu panggah urip lan bali waras kaya wingi uni, Kakang kudu percaya yen Kakang kuwat nampani coba saka Gusti iki, mbuh kapan wektune Gusti mesthi bakal miyak wewadi sing saiki durung ana sing ngerti iki, sapa satemene sing wis kumawani nyolong pusaka Sipat Kandele Desa Tambak sing wujud keris sing pendhoke emas kuwi. Mula aja kakang tutugne nggone guneman nek wis arep tumekan pati, elinga kakang kabeh iki pacoban saka Gusti kakang kudu kuwat nampani coba kanggo nggayuh drajat sing luwih mulya……..”.

 

Ana candhake.

 

 

 

 

Senin, 23 Januari 2023

TIKANING WARIH 7 (001)


 

01.

Hawane krasa atis, rasa adhem ora mung tekan lumahing kulit wae, nanging krasa nusup tekan jero balung. Mula ora mokal yen Tanggon, Tolu, Paing lan Pangkas banjur padha ngrapetaken kemule kanggo nutupi awake, murih rasa adhem ora nemen-nemen nyiksa awake. Wong papat andhahane Bagus Pradapa kuwi sajak ora mikir bebaya apa-apa, anggone turu bener-bener dikepenakne. Suwara siliring angin  parak esuk sing nerjang gegodhongan ing alas, tumlethoking banyu bun sing kaya suwara udan arep teka saya nambahi wong papat kuwi ngrapetake mripat, supaya ora tangi dhisik. Gagasane padha. Wong papat kuwi duwe panemu yen wektune isih “bengi”, durung wayahe tangi.

Sauntara kuwi, ing pajokan sing rada kiwa, Bagus Pradapa wis tangi saka anggone turu. Bocah nom kuwi ngrasakne segering awake, tatu tilas kena kudi ing lempenge wis pulih lan ora krasa lara babar pisan. Menang-meneng Pradapa rumangsa gumun marang bocah nom loro sing wis nulungi dheweke, temah ora sida mati ing tangane Lurah Danara lan andhahane. Yen nitik saka tamba sing ditibakne marang tatune sing nduweni daya ngedab-edabi kaya ngono kuwi, cetha yen nom-noman sing jeneng Marga kuwi dudu menungsa sabaene. Adat sing lumrah, nambani tatu kaya sing disandhang dheweke wingi kae, yen sing nambani kuwi Dhukun sekti sing nduweni japa mantra mandi, paling ora mbutuhake wektu sepasar munggahe tekan sesasi lagi tatu tilas gegaman bisa nutup. Nanging Marga lan Rangga ora nganti setugel dina olehe nibakne tambane, wis bisa mulihake tatune.

“Apa wong loro kae, Dewa sing ngejawantah ya?” pitakonan kang mangkono kuwi bola-bali keprungu saka telenging atine Pradapa. Banjur dititugne anggone ngudarasa :

“Wingi wis akeh nggonku nyritakne lelakon sing disandhang Mbah Tambak, paraga sing wis nulungi wong tuwaku biyen. Lan dina iki mengko kudu tak tutugne nganti entek, ya tekan lelakon sing kudu tak sandhang dina iki. Nanging menyang ngendi wong loro mau?. Kamangka aku tangi mau ora let suwe sawise suwara rijalolah meneng. Nanging wong loro sing mau mapan turu ana sandhingku kuwi wis ora ana”.

Pradapa banjur ngadeg, mripate lirak-lirik ngulati papan kiwa tengene, nggoleki Rangga lan Marga sing ora katon ing panyawange. Karo nyandhak gaman sing dadi sipat kandele, Pradapa mlaku arep metu saka jero guwa, nggoleki Rangga lan Marga ana jaba. Tekan lawanging guwa, Pradapa weruh yen wayahe wis saput lemah. Pedhut peteng mbaka sethitik wiwit sumingkir kaya-kaya wedi marang srengenge sing wis aweh tengara yen sedhela maneh bakal teka, njudhul saka bantala sisih wetan, kanthi rupa abang sing sansaya suwe sansaya cetha, madhangi jagad sing mentas wae dikemuli dening petenging wengi. Pradapa kepengin mlaku nggoleki Rangga lan Marga, nanging isih tidha-tidha, dheweke isih metung ing jabaning guwa kuwi ora mokal akeh bebaya sing ngarah marang dheweke. Nanging Pradapa selak kepengin ngaweruhi, saiki iki Marga lan Rangga ana ngendi?.

“Sugeng enjang Kakang ……” dumadakan Pradapa dikagetne dening suwara alus kang nyapa dheweke. Ora let suwe katon Rangga mlaku nyaketi dheweke ditutne Marga sing mlaku ana mburine. Liwat padhanging esuk sing durung sepiraa cetha, Pradapa weruh yen Rangga lan Marga awake teles dening kringet.

“Oh, Sugeng enjing” karo semu gragapan Pradapa wangsulan “saking pundi niki wau Adhi? Kok ketingalipun sampun gemrobyos?”

“Saka sesuci neng kucur, banjur nindakne wajibing urip sembahyang subuh Kakang” wangsulane Rangga  “rampung subuhan banjur golek kringet ngiras nglemesne otot-otot sing kaku merga kegubet adheming bedhidhing wayah esuk iki”.

Pradapa rada kaget karo wangsulane Rangga sing ngandhakne nek mentas sesuci lan nindakne wajibing urip sembahyang subuh. Pradapa kelingan, jaman biyen dheweke saben dina ajeg nindakne laku sembahyang limang wektu, wong tuwane banget anggone wanti-wanti, repota sing kaya apa jenenge sembahyang kuwi ora kena ditinggal. Nanging sawuse wong tuwane ora ana, ora ana maneh sing ngelingake kuwajiban kuwi, luwih-luwih sawuse Pradapa sansaya kerep srawung karo wong-wong sing dierami merga duwe kaluwihan-kaluwihan ing jagading kanuragan sing kabeh mau ora tepung karo jenenge sembahyang, Pradapa mbaka sethithik ninggalne kuwajiban sing wektune wis ditemtokne sedina kaping lima kuwi. Ana rasa sing tuwuh ing atine Pradapa, kepengin bali kaya biyen, nindakne kuwajibaning urip kaya jaman wong tuwane isih ana biyen.

“Lha kakang Pradapa kok wis metu saka guwa?” genti Marga sing takon “arep menyang ngendi?”.

“Bares mawon Adhi” wangsulane Pradapa blaka “estunipun, kula wau madosi ndika kekalih, nanging sareng kula mireng menawi adhi kekalih nembe kemawon nindakaken sembahyang subuh, dumadakan kula kepengin sanget nglampahi sembahyang malih, awit sampun sawatawis wekdal kuwajiban menika kula lirwakaken. Menapa Adhi kepareng nedahaken kula margi dhateng kucur kangge sesuci?”.

“Ayo tak terne menyang Kucur Kakang” wangsulane Marga rumangsa seneng.

“Mangga Adhi kula dherekaken”

“Aku tak ya melu menyang kucur maneh nek ngono” Rangga melu guneman.

Wong telu kuwi banjur budhal mlaku menyang Kucur, ngeterne Pradapa sing arep sesuci lan nindakne kuwajiban.

“Kanggo sauntara manggon neng guwane Kisanak Tanggon lan kanca-kancane apa dene kluyuran ing sakiwa tengene kuwi ora mbebayani tumrap ndika Kakang Pradapa” kandhane Rangga sawuse Pradapa rampung nindakne kuwajibane, ing dhuwure watu kumalasa sing duwe raen leter. Wektu kuwi Rangga lungguh neng watu ora adoh saka papane Pradapa lan Marga uga lungguh ing watu sandhinge.

“Kok Adhi saged paring dhawuh makaten?” Pradapa takon semu gumun.

“Mau sasirepe suwara rijal, aku karo adhiku nyoba kanthi sesidheman ngendhangi Desa Kepuh Agal lan kober mampir ing  Kalurahan ya omah ndika kae” wangsulane Rangga “nganti dina iki, omah sing ndika tinggal ora mutawatiri, merga ki Danara lan andhahane durung wani blaka marang kawula ing Kepuh Agal nek wis gawe cilaka ndika. Mau kuwi, nganti rijal sirep Ki Danara isih lungguh neng pendhapa omah ndika, ngandhani marang wong-wong sing padha jaga ing regol panjagan yen ndika ilang durung kena dilari ing ngendi papane. Ki Danara ya kandha nek dheweke rumangsa kelangan merga ndika ngilang kuwi mau. Mula olehe kandha marang wong-wong sing sajake isih duwe kasetyan marang ndika, Ki Danara arep nggoleki ndika nganti ketemu lan bisa bali menyang Kepuh Agal maneh. Mung wae, nalika ana salah sijine wong sing padha rondha kuwi ngajak nggoleki ndika menyang alas sakulone kali, Ki Danara kandha mokal ana wong sing bisa slamet yen wani mlebu alas sakulone kali kuwi, jalaran Ki Danara kandha nate oleh weling saka Ki Sarkara yen alas sing manggon neng sakulone kali kuwi dadi reh-rehane mBah Tambak lan sing sapa wani ngambah alas kuwi tranpa ana palilah saka mBah Tambak, bakal kena walat, kurang-kurang bejane mulih wis dadi wong sing owah pikire, banjur mati. Lan kandhane Ki Danara iku uga dibenerake dening wong liyane singluwih tuwa. Mula aku banjur duwe dudutan nek Ki Danara saandhahane pisan ora bakal wani ngambah papan kene iki”.

“Mila leres prakawis wana sakilene lepen menika kagunganipun mBah Tambak, dugi sapriki taksih kathah ingkang pitados Adhi” wangsulane Pradapa “lan mila leres, jaman rumiyin kathah titiyang ingkang njarag ngambah wana sakilene lepen menika, sareng wangsul lajeng ewah nalaripun lan jaman tiyang sepuh kula taksih wonten, lajeng dipun suwunaken pangaksami dhateng mBah Tambak, ing ngriku lajeng tiyang ingkang ewah nalaripun menika saged mantun. Malah wonten ingkang sasampunipun saras saking sakitipun criyos ingkang sarwa nggegirisi magepokan kalihan wadya balanipun mBah Tambak. Nanging menapa inggih Ki Danara ugi pitados bab walat saking mBah tambak menika Adhi, angemuti menawi Ki Danara menika tiyang ingkang neneka dede asli Dhusun Kepuh Agal menika?”.

“Katone percaya lan ngandel kakang” sing wangsulan genti Marga “jalaran nalika Ki Danara ninggalne pendhapa dalem ndika ditutne karo andhahane, ing dalan andhahane takon bab angkere alas ing manggon ing kulon kali iki Ki Danara kober nesu, merga andhahane dianggep ora percaya lan wani ngrasani mBah Tambak, kamangka mBah Tambak kuwi jarene Ki Danara nek dirsasani sapa wae mesthi ngerti, lan nek nganti mBah Tambak nesu sing ngrasani bisa cilaka”.

“Inggih Adhi” Pradapa banjur guneman njaluk rerigen “samangke kula nyuwun eguh pratikelipun Adhi Rangga lan Adhi Marga, menapa lampah ingkang kedah kula tindakaken? Menapa kula nerusaken lampah mangsulaken Keris Sipat kandeling Dhusun Kepuh Agal menika dhateng Sendhang Ngiyom murih boten dipun kuwaosi dening Ki Danara inking nedya njonkeng kawibawan ing Kepuh Agal? Menapa kula pados srayan kangge nundhung ki Danara saandhahanipun ? Lajeng dhateng pundi anggen kula kedah padaos sraya?”.

“Kanggo nemtokne endi sing kudu ndika lakoni” Rangga aweh wangsulan “luwih dhisik ndika kudu ngrampungne crita ndika marang aku bab lelakone mBah Tambak sing dicritakne marang Ki Sarkara ya wong tuwa ndika sing wingi durung rampung kae”.

“Inggih Adhi” wangsulane Pradapa karo mesem “mangga suwawi kula dherekaken wangsul dhateng guwa malih, ing mrika mangke saged kula lajengaken cariyosipun”.

Wong telu banjur menyat, mlaku bebarengan bali menyang guwa papan pandhelikane Tanggon sakancane.

Jumat, 20 Januari 2023

44.

Sudimin mesem.

 

“Lha nek wong Kedunggalar ya arep apa?” pitakone marang Wiwin “ya malah keneng diarani  napak tilase wong tuwane sing asale saka nDesa cedhak watu adoh ratu iki. Lha wong tuwane asmane sapa?”.

 

“Drs, Agus Supriyanta, M.Pd.I nembe kemawon Pensiun saking Kantor Kemenag Ngawi, criyosipun Thole jabatan terakhir Kasi Urusan Haji, napa ngaten? Lha menawi ibunipun kagungan asma Bu Sri, tutuge sinten Yahya kirang cetha, sak niki ngasta ing Kemenag, nglenggahi jabatan Kepala salah setunggaling MAN ing Ngawi” wangsulane Wiwin nekakne kabar sing ditampa saka anake lanang.

 

“Wadhuh calon besan sampean ki wong gedhe-gedhe no Bune?” Sudimin takon maneh karo ngguyu “kok Yahya ki golek bojo ya milih putrane wong luhur ya?”.

 

“Lha enggih ta Mas?” Wiwin wangsulan karo mencep “lha nek dereng gedhe nggih dereng gadhah anak, Panjenengan niku nggih ana-ana wae lho? Sing baku Yahya mpun cocog lan mpun sreg, rak nggih empun ta?”.

 

“Iya” wangsulane Sudimin “Kira-kira Yahya apa ya blaka nek anake Dosen Sastra Jawa apa ora ya?”.

 

“Botena ngaken ngoten, calone Yahya nggih mpun ngertos” Wiwin nyethakne sapa satemene calone anake lanang kuwi “tiyang Arfa sing dipilih Yahya niku rumiyin kuliahe nggih tunggal sakampus, adhik kelas let tigang tahun, lare kalih niku sami-sami aktif teng LDK”.

 

“Ya wis nek ngono, Yahya ora sah ndadak sampean dhawuhi matur bapake perkara iki, sampean dhawuhi Bapake wis mathuk ngono. Lan Yahya ya kon ndang matur marang wong tuwane…. sapa mau?”.

 

“Arfa Khairiyah Mas” Wiwin nyebut jenenge calon mantune.

 

“Iya, Yahya sampean dhawuhi  matur marang wong tuwane Arfa, Bapak karo Ibune wis siaga ing dhiri arep nglamar. Ya ben luwih cetha, Yahya didhawuhi supaya bares wae, nek Bapake iki biyen ya wong Ngawi, anake Diman Bandhat lan tau ndherek ngabdi marang Pak Suwaji Kepala SD Negeri Pasopati. Dadi ben pirsa bibitane Yahya kuwi mung saka wong Pidak Pajarakan, saupama wong tuwane Arfa ora sarju ing penggalih kagungan mantu sing mung turune wong ndesa, drajate mung wong ndherek, bisa paring dhawuh marang Yahya nek anggone arep nglamar ora sah ditutugne. Dene nek panjenengane kuwi ora metung bibite Yahya kuwi turune sapa, awake dhewe sowan nglamar mrana kuwi ora diarani wong nglamak lan degsura”.

 

“Inggih Mas” wangsulane Wiwin sing banjur menyat arep mlebu omah.

 

Let seminggu sawise Sudimin jagongan karo Wiwin neng Teras kuwi mau, karo sarapan esuk neng meja makan Yahya, matur marang Bapake.

 

“Sedaya welingipun Bapak sampun Yahya aturaken dhateng tiyang sepuhipun Arfa, Bapak” ature Yahya ngati-ati.

 

“Iya? Klebu bibitanmu sing mung anake tilas abdine Pak Suwaji barang?” wangsulane Sudimin karo mesem seneng.

 

“Inggih sampun, ugi kula aturaken pisan menawi simbah wedok inggih simbokipun Bapak menika namine Sudinem padamelanipun ngasag lan buruh-buruh dhateng sabin,  malah kula wewahi menawi simbahipun Yahya inggih tiyang sepuhipun Bapak, menika manggen ing Sumatera ndherek Transmigrasi napa” wangsulane Yahya “menawi bibit saking Ibu namung kula aturaken bilih Eyang Kakung Putri menika pangumbara saking nagari manca, lajeng sepuh lan seda wonten Yogya mriki”.

 

“Sokur, nek ngono” wangsulane Sudimin “banjur tumanggape Bapak ibune Arfa piye?” .

 

“Waunipun Pak Agus ketingal pripun ngaten” atur wangsulane Yahya karo rada mesem “lajeng Bu Sri gumujeng nelakaken menawi penggalihipun rena. Bu Sri matur dhateng Pak Agus, bilih Bu Sri sampun tepang sae kalihan Bapak, ugi sampun apal kalihan asmanipun Simbah Lanang lan Simbah Wedok, Diman Bandhat kalih Sudinem, ugi asmanipun Lik Daliyem saha Lik Wagirah napa. Bu Sri ugi ngendika menawi jaman alitanipun ugi asring dolan ing dalemipun Eyang Suwaji, ngendikanipun jaman rumiyin Bapak menika pinter nanem utawi damel Jamur Damen ingkang raosipun eca. Bu Sri criyos menawi Bapak menika wiwit SD nganyos SMP tansah dados Bintang Pelajar………”.

 

“Mengko dhisik !” Sudimin nyela rembuge Yahya “asmane Ibune Arfa kuwi jangkepe sapa? Lan ngastane ana ngendi? Kok wis pirsa Bapak ?”.

 

“Menawi asma jangkepipun Yahya boten ngertos Bapak” wangsulane Yahya “ngertos kula nggih namung Bu Sri makaten, ngastanipun Kepala MAN, tahun ngajeng sampun pensiun. Saderengipun menika, ngasta Pengawas Pendidikan Agama Islam ing Kemenag Ngawi. Menawi Pak Agus saderengipun purna ngasta ing Kemenag ugi, Kasie Haji saderengipun menika ngasta Kasie Pontren”.

 

“Sri sapa ya?” Sudimin grenengan dhewe karo ndemok bathuk.

 

“Lha awakmu kok cepet temen tekan daleme Pak Agus lho Nang?” Wiwin genti nakoni anake lanang.

 

“Lha menika kaleresan Bu, kala Rebo nika Yahya wonten tugas dhateng Pondok Modern Gontor Putri 1 ingkang manggenipun ing Mantingan Ngawi, lajeng Yahya mampir pisan dhateng dalemipun Pak Agus ing Perumahan Lawu Indah. Dados kala Rebo menika anggen kula sowan inggih dipun kancani Mas Jaka Sumarsana ingkang nyetiri mobilipun, kalih Ustadz  Aziz, kanca mucal ing Kampus ingkang ugi alumnus Pondok Gontor Ponorogo” wangsulane Yahya.

 

“Lha sawise kowe matur ngono kuwi mau, dhawuh wangsulane Pak Agus karo Bu Sri piye?” Wiwin takon maneh.

 

“Dhawuhipun Pak Agus dhateng kula, menawi Bapak saha Ibu badhe nglamar Arfa, saged benjing dinten Ahad ngajeng, welingipun boten sisah ngasta menapa-menapa. Menawi Bapak utawi Ibu ing dinten kasebat nuju wonten urusan ingkang wigatos, saged Ahad candhakipun utawi salonggaripun Bapak lan Ibu kemawon, nanging saderengipun kula kapurih ngaturi pirsa Pak Agus rumiyin” wangsulane Yahya sing banjur matur “Dospundi Bapak benjing Ahad ngajeng Bapak wonten acara menapa boten?”.

 

“Lha nek awakmu pancen wis manteb, Suk Ahad ngarep Bapak ya bisa. Ibune ya bisa ta?” wangsulane Sudimin karo nakoni sisihane.

 

“Saged Mas” wangsulane Wiwin Winarah karo mesem “angkah kula menawi Panjenengan mathuk, benjing mampir Kedunggalar pisan, Pak Suwaji lan Bu Suwaji dipun aturi ndherek nembungaken Yahya, murih sansaya kraos sakral lamaranipun. Pripun menawi makaten?”.

 

“Tak kira kuwi ya luwih becik, Ibune” wangsulane Sudimin “mung siji sing rada ngganjel neng angen-angenku wektu iki”.

 

“Menapa Bapak?” Yahya matur  nyuwun pirsa bapake.

 

“Calon Maratuwamu wadon kuwi lho!. Sapa? Kok wis apal karo Bapak?” wangsulane Sudimin mbalik takon.

 

“O inggih, Bu Sri kala emben inggih dhawuh makaten : Bapake Mas Yahya mengko rak kejot, nek ora ya banjur gumun, kok Bu Sri wis wanuh karo panjenengane. Nanging Mas Yahya ora prelu matur neka-neka, mbesuk nek wis klakon rawuh mrene Pak Profesor Doktor Sudimin rak kemutan nek tau kagungan kanca Bu Sri iki. Makaten dhawuhipun Bu Sri dhateng kula, Bapak” Yahya atur wangsulan nyritakne lan nirokne gunemane Calon Maratuwane marang dheweke.

 

Sudimin mecucu. Wiwin Winarah mesem amba, kandhane :

 

“Nek kula saged nginten-inten Mas, ning nggih boten kula aturaken sak niki. Timbang mengke jebul panginten kula klintu, kula rak lajeng lingsem piyambak”.

 

“Kleru gak apa-apa, sapa kira-kira?” Sudimin mburu rembug.

 

“mBoten, benjing Ahad ngajeng mawon, Mas rak pirsa piyambak” wangsulane Wiwin karo mesem “utawi menawi ngersakaken pirsa samenika, cobi Mas mundhut pirsa dhateng Pak Drs, Anis Purwanto, napa Pak Ir, Eko Agus Djoko Susilo, utawi piyantun OOB sanesipun mangke rak pirsa”.

 

Sudimin mrengut. Wiwin karo Yahya mesem amba.

 

 

Cuthel.

 

Telas sinerat ing Gubug Palereman suksma, Ngarengan Kidul Sepur, Setu Pahing 28 Jumadilakir 1956 Ehe anyarengi 21 Januari 2023. Sinengkalan : Rasaning maruta manjing bantala (1956).

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...