Total Tayangan Halaman

Rabu, 08 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (021)


 

21.

       Dalu lumampah kanthi limrah, dumugi enjing boten wonten ingkang wigati kangge kacariyosaken, labet inggih boten wonten prakawis ingkang wigatos. Nembe enjingipun nalika surya sampun nginggahi cakrawala sisih wetan watawis saklandheyan inggilipun, para Bebau sakalurahan Tambak tuwin para pamong lan Sapukawating Dhusun Tambak sampun sami mlempak. Nuhoni dhawuh saking Ki Lurah ingkang dipun wartosaken dening Bebau Sela kala wingi. Namung Bebau ing Padhukuhan iring kidul, inggih Ki Butulan ingkang boten katingal lenggah ing joganing pendhapa Kalurahan ingkang dipun gelari klasa menika.

       Boten dangu Ki Lurah ugi lajeng miyos saking dalem, lajeng nusul ndherek lenggah ing tikar ingkang sampun kagelar. Sasampunipun bage binage sawatawis, Ki Lurah lajeng mundhut pirsa dhateng Bebau Tengah lan Jagabaya magepokan kalihan jejibahan ingkang kala sonten kadhawuhaken :

       “Kepiye Ki Bau Tengah, wis ndika tindakne kanthi becik apa sing dadi prentahku wingi sore kae?”

       “Nuwun inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Tengah “sadaya dhawuh saking Ki Lurah sampun kula lampahi, lan nalika kula dipun takeni dening Ki Lurik menapa ingkang sampun kedadosan ngantos anggenipun wangsul pun Puranti, kula lan para sapukawat ingkang ngeteraken, kula inggih lajeng cariyos menapa wontenipun”.

       “Dadi simbahe Puranti ya wis ngerti kabeh kedadean sing dialami Puranti dina wingi kuwi?” Ki Lurah paring pandangu malih.

       “Leres Ki Lurah, inggih awit sampun kula cariyosi kala wau”.

       “Banjur kepiye sikepe Ki Lurik?”

       “Ki Lurik ngaturaken panuwun dhumateng Ki Lurah, kula ingkang kapurih ngaturaken, awit Ki Lurah sampun paring pangayoman dhateng putunipun, ugi Ki Lurik ngaturaken panuwun dhateng Ki Sela inggih awit saking pitulunganipun Ki Sela temah Puranti wilujeng saking bebaya ingkang sakalangkung ageng menika” Bebau Tengah ngaturaken wangsulan.

       “Ya tiba sapadha-padha, kamangka sing wis nylametake Puranti wingi kuwi dudu aku, nanging Gusti Kang Maha Agung lelantaran wis ngersakne ndika lan Ki Bau Sela ngliwati dalan sidhatan temah bisa nylametake Puranti” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah, ingkang lajeng mundhut pirsa malih “Lha kajaba kuwi apa ana maneh sing prelu ndika kandhakne marang aku gegayutan karo Ki Lurik?”.

       “Boten Ki Lurah” aturipun Bebau Tengah “nanging malah dhateng kula pribadi, Ki Lurik ndhawahaken sikepipun ingkang jejer minangka Simbahipun Puranti”.

       “Apa sing dikandhakne Ki Lurik marang ndika?” Ki Lurah ndangu malih.

       “Gandheng kula sampun kadenangan bilih kula menika jebul salah satunggaling Bebau ing Tambak mriki, lajeng Ki Lurik nedhi wangsulan menapa kajeng kula dhateng Puranti, kula inggih lajeng criyos menawi kula taksih pados wekdal ingkang sae, kangge nglamar Puranti saha kula ugi taken sinten ingkang wenang dados walinipun menawi Puranti benjing palakrami. Salajengipun, Ki Lurik wicanten bilih kula boten sisah mawi upacara ingkang neka-neka menawi badhe nglamar Puranti, tembung wangsulan kula kala wau sampun cekap kinarya panglamar menggahing Ki Lurik. Andilalah, kala dalu menika Ki Senu bapakipun Puranti kapinujon mertinjo ing griyanipun Ki Lurik, Ki Senu ugi sampun sarujuk menawi Puranti badhe kula semah. Puranti piyambak inggih sampun purun. Pramila kangge nyekapi sarat lampahing sarak, kala dalu Ki Lurik lan Ki Senu lajeng nglempakaken tangga tepalihipun sarta ngaturi Ki Kaum ingkang griyanipun gandheng kalihan wandenipun Ki Lurik. Ki Kaum lajeng makili Ki Senu njodhokaken kula kalihan Puranti kala dalu menika ugi” radi panjang lan dangu Bebau Tengah anggenipun matur dhateng Ki Lurah.

       “He he he jebul iki mau ana manten anyar teka kene ta?” anggenipun Ki Lurah paring wangsulan kalihan gumujeng. Bebau Sela ingkang ugi mireng lajeng tumut gumujeng tanpa nyuwanten. Para Bebau lan Sapukawat lintunipun ingkang dereng mudheng bongkot pucuking rembag antawisipun Ki Lurah kalihan Bebau Tengah namung sami pating domblong.

       “Lha Puranti banjur ndika ajak bali menyang Tambak maneh?” Ki Lurah lajeng ndangu dhateng Bebau Tengah.

       “Dereng Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Tengah “angkah kula benjing kemawon menawi kawontenan sampun longgar, nembe Puranti badhe kula ajak wangsul mriki, mawi upacara prasaja Bapak kalih Biyung angundhuh mantunipun. Kala dalu sasampunipun kakepyakaken dening Ki Kaum, kula kalih para kanca sapukawat padhukuhan Tengah inggih lajeng wangsul. Meh pletheking surya kala wau, kula sakanca mlebet griya”.

       “Para Bebau lan para Sapukawat Tambak kabeh” Ki Lurah lajeng ngendika mawi suwanten ingkang saged kapireng dening sedaya ingkang wonten ing pendhapa “satemene dina wingi kuwi ing Tambak ana kedadean sing gawe kodhenging pikirku. Meh wae ing dalan sidhatan antarane Padhukuhan Krajan karo Padhukuhan Kidul ana kadurakan sing nggegirisi lan njejemberi. Katujune konangan dening Ki Bau ing Sela lan Ki Bau Tengah sing kuwawa ngendheg lakuning kadurakan kuwi mau”.

       Ki Lurah lajeng nyariyosaken prakawis ingkang sampun dumados. Inggih wiwit Ki Bau Kidul kalih yoganipun kuwalon ingkang nami Puranti sowan ing pendhapa, ngantos dumugi Ki Butulan kalebetaken ing Pakunjaraning Dhusun sarta kautusipun Ki Bau Tengah ngeteraken Puranti wangsul dhateng Jatisari. Sadaya kadhawuhaken dening Ki Lurah tanpa wonten ingkang kacicir. Para Bebau lan para Sapukawating Dhusun Tambak, sami eram. Lan gumun awit sami boten nginten menawi Ki Butulan ngantos kados makaten trekahipun. Ingkang dipun mangertosi para Bebau lan Para Sapukawat sadangunipun menika, Ki Bebau kidul menika asring sanget suka pitutur ingkang sae dhumateng para sinoman.

       “Samengko piye kahanane Paman Bebau Kidul Ki Jagabaya?” Ki Lurah mungkasi anggenipun nyariyosaken lelampahan kala wingi, kanthi mundhut pirsa dhumateng Ki Jagabaya ingkang tinanggenah anjagi Ki Bebau Kidul ing pakunjaranipun.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” atur wangsulanipun Jagabaya  “wiwit kala dalu ngantos enjing niki wau, Ki Bebau Kidul taksih kados tiyang ingkang boten waras. Kajawi mbengak-mbengok misuh-misuh ugi boten kendel anggenipun mlampah kekiter ing salebeting pakunjaranipun. Wau kula cobi mlebeti dhateng pakunjaran, angkah kula badhe kula ajak rembagan sae-sae, nanging malah ngamuk, kula dipun dugang, dipun pisuhi lan dipun idoni menapa. Meh kemawon kula katut nesu, nanging rahayunipun taksih emut weling jengandika murih boten ngantos nyikara dhateng Ki Butulan”.

       “Ora maido Ki Jagabaya” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “mbok menawa wae saking ora kuwat ngampet rasa wirange, Paman Butulan dadi kaya mangkono. Pancen yen nitik olehe duwe sedya ala marang Puranti kaya kang dicritakne Ki Bau Sela apa dene Ki Bau Tengah sarta kang uga dibenerake dening Puranti dhewe, kudune Paman Bebau Kidul kuwi nampa pidana sing cukup abot. Luwih-luwih yen ditlusur memburi, anggone arep misungsunake Puranti dadia klangenanku kuwi mokal yen Paman Butulan ora duwe sedya kanggo golek rai saka aku temah bisa ngendhalekake kawicaksananku”.

       “Kajawi saking menika kula ugi badhe wadul Ki Lurah” dumadakan Bebau Tengah ingkang waunipun ketingal ayem lan remen manahipun, matur dhateng Ki Lurah mawi suwanten ingkang canthas “kula boten narimahaken dene Ki Bebau Kidul sampun damel cariyos ingkang ngayawara dhateng Puranti, kula dipun wastani lare nem ingkang urakan, dhemen mendem sarta suka damel dolanan prawan ugi mbergonjak semahipun tiyang sanes. Kula boten trima menika Ki Lurah”.

       “Tak jaluk ndika aja nambahi perkara Ki Bau Tengah” Ki Lurah paring wangsulan “sing njalari Paman Butulan crita ngayawara kuwi jalaran kawiwitan saka nggon ndika wis gawe crita sing uga ngayawara marang Puranti sarta mBah Lurik. Ya iku ndika sing wis ngaku mung buruh pangone Bebau Tengah. Lan maneh, critane Paman Butulan sing magepokan karo ndika, ora ana sing weruh utawa sing krungu kajaba Puranti lan Nyai Bebau Kidul wae, lan sadurunge warta ngayawara kuwi sumebar wis kena diendheg merga anane lelakon wingi sore kae. Dadi sepisan maneh tak jaluk ndika aja nambahi ruweting pikirku wae”.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Jaladri matur “inggih kula ndherek kersa jengandika”.

       “Iya sokur, aku nedha nrima banget Ki Jaladri” Ki Lurah paring wangsulan kalajengaken anggenipun ngendika kalihan Jagabaya “dadi saupama esuk iki Paman Bebau Kidul digawa ing ngarepku saperlu diadili kira-kira durung bisa ya Ki Jagabaya?”.

       “Kula kinten makaten Ki” wangsulanipun Jagabaya “awit miturut pamawas kula anggenipun ngamuk Ki Bebau Kidul ing Pakunjaran kala wau, namung ngupados marginipun pejah. Menawi kula utawi sapukawat ingkang kajibah nenggani pakunjaran kepancing kalihan trekahipun Ki Bebau boten mokal saged nuwuhaken pasulayan ingkang tundhonipun badhe anyepetaken pejahipun Ki Bebau piyambak. Kula kinten Ki Bebau Kidul menika sampun nginten menawi badhe kapatrapan pidana ingkang sakalangkung awrat lan piyambakipun rumaos boten badhe kiyat nglampahi pidana ingkang badhe kadhawahaken dhateng piyambakipun”.

       “Iya Ki Jagabaya” Ki Lurah paring wangsulan “kamangka satemene, kajaba pancen kaluputan sing ditindakne Paman Butulan pancen ya cukup gedhe, nanging uga ana tetimbangan liya sing bisa kanggo ngentheng-entheng pidanane, ya iku aku isih eling yen arepa kaya apa, Paman Butulan kuwi biyen duwe lelabuhan kang gedhe magepokan karo madege Kalurahan Tambak sing saiki tak lurahi iki. Mula awake dhewe kudu sabar, dienteni wae sedina rong dina, mbok menawa Paman Butulan wis kesel olehe ngamuk lan bisa diajak guneman kanthi becik, temah bisa ngakoni kanthi lila legawa yen dheweke pancen luput, kanthi mangkono isih ana pangarep-arep bisa mareni lan mertobat saka anggone duwe teku sing ora bener kuwi”.

       Nalika Ki Lurah nembe ngendika makaten kala wau, saking njawi ketingal wonten salah satunggaling sapukawat ingkang minggah pendhapa lajeng mbisiki talinganipun Jagabaya.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Jagabaya lajeng matur dhateng Ki Lurah.

       “Iya sapukawat kuwi mau kandha apa marang ndika?” Ki Lurah mundhut pirsa. Ki Jagabaya lajeng suka sasmita dhateng Sapukawat kasebat supados matur piyambak dhateng Ki Lurah.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” wekasan kanthi radi glagepan Sapukawat menika matur “anu ketingalipun Ki Bebau Kidul sampun pejah”.

       “Piye?” Ki Lurah kawistingal menawi kejot penggalihipun “Nek guneman sing cetha bocah sapukawat!. Coba balenana nggonmu kandha, sing alon-alon lan aja kesusu, murih cetha apa kang dadi kandhamu kuwi!”.

       Sapukawat andhahanipun Ki Jagabaya menika ketingal ajrih. Nanging Ki Jagabaya paring tutur murih Sapukawat menika matur ingkang sae, Ki Lurah boten badhe paring duka menawi aturipun Sapukawat menika boten ngayawara.

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (20)


 

20.

       Ngantos rampung anggenipun sami dhahar, Ki Lurah dereng nilaraken kursi papanipun lenggah. Jaswana ugi taksih keket anggenipun ngamplok Bapakipun. Emban Sidhem linggih piyambakan ing kursi ingkang boten tebih saking palenggahanipun Ki Lurah. Rewang ingkang kala wau tata dhahar ugi taksih wonten ing papanipun leren, dereng nglorodi pirantining dhahar Ki Lurah, malah sajak kesengsem anggenipun tumut mirengaken menapa ingkang dipun rembag Ki Lurah kalihan Emban Sidhem.

       “Pancen bener, nek wong maido kuwi kena diarani mung wong ndelok sing dhemen alok nanging ora tombok, nek digatekne bisa gawe mumete sing dipaido. Merga unine wong maido kuwi dhewe-dhewe, jumbuh karo panemune sing mung waton metu saka lambe” Ki Lurah ngendika malih, ngleresaken menapa ingkang dipun aturaken Emban Sidhem ingkang nyariyosaken pituturing tiyang sepuhipun “nanging pamaido sing tak tampa iki magepokan karo dina mburine si Thole Jaswana iki, Sidhem”.

       “Magepokan kalihan mbenjing tembenipun Gus Jaswana, Ki Lurah?” Emban Sidhem matur nyuwun pirsa “cethanipun menika kados pundi?”.

       “Sing diweruhi wong akeh, sing momong saben dinane si Jaswana iki rak kowe?” wangsulanipun Ki Lurah mawi pitakenan.

       “Mila leres lan makaten kanyatanipun Ki Lurah” wangsulanipun Emban Sidhem.

       “Lha ya kuwi, sing dadi dhasar anggone padha maido” Ki Lurah lajeng ngendika malih “padha alok yen Jaswana iki saben dina dituntun lan diwulang dening sing momong. Kamangka sing momong kuwi, nuwun sewu… iki kandhane wong-wong lho?”.

       Ki Lurah kendel sakedhap anggenipun ngendika, kapireng radi tidha-tidha anggenipun badhe nglajengaken ngendikanipun.

       “Inggih kados pundi Ki?” Emban Sidhem mbujung mawi pitakenan.

       “Sing momong Jaswana iki mung Emban, dadi wong-wong padha duwe panemu yen mbesuke sing ditiru lan digugu dening Jaswana ya asil pamomong saka Emban kuwi mau. Sepisan maneh kuwi kandhane wong-wong sing tak kandhakne maido mau lho, Sidhem?”. Ki Lurah paring wangsulan ngiras nyethakaken pangandikanipun.

       “Tumtrap kula menika boten pamaido Ki Lurah” Emban Sidhem kanthi suwanten tatag ngaturaken pamanggihipun “awit mila estunipun makaten, boten namung tiyang sanes ingkang akojah, nadyan kula ugi makaten, awit saben-saben kula matur dhateng Gus Jaswana, salebeting manah kula ugi anyurung mawi pandonga, mugi Gus Jaswana kersa andhahar pitutur ingkang kula aturaken. Ingkang makaten kala wau, awit kula ngrumaosi sampun nampi kapitayan saking Sawargi Nyai Lurah murih tumut momong putranipun. Lha menawi ngantos ing tembenipun Gus Jaswana menika nggadhuh sipat ingkang boten jumbuh kalihan kekudanganipun Nyai Lurah, ateges kula nyidrani kasagahan kula dhumateng suwargi. Iba wirangipun kula menawi benjang ing ari loka kaparengaken panggih kalihan Nyai Lurah bendara ingkang tuhu tresna dhateng kula menika?”.

       Ki Lurah boten enggal paring wangsulan, midhanget aturipun Emban Sidhem ingkang nedahaken kasetyanipun dhateng ingkang Bendara. Lan boten rumaos ajrih menawi anggenipun momong dipun lepataken dening Ki Lurah, awit Emban Sidhem anggenipun momong sampun mawi lelandhesan dhawuh saking bendaranipun.

       “Nuwun sewu Ki Lurah” Emban Sidhem lajeng wicanten malih “menika kala wau pamanggih kula, menawi Ki Lurah kagungan pamanggih utawi raos kuwatos menawi keng Putra pun Gus Jaswana benjangipun dados priya ingkang boten jumbuh kalihan kekudanganipun Ki Lurah awit langkung rumiyin kalebetan atur pitutur ingkang kula aturaken dhateng ingkang putra, kula ugi boten kawratan menawi kula boten kakaperangaken malih momong Gus Jaswana. Mesthi kemawon, kula inggih badhe nyuwun pamit wangsul dhateng Pajang malih, jer ing mriki sampun boten wonten ingkang kula dhereki”.

       “Sabar dhsisik Sidhem” Ki Lurah anggragap penggalihipun midhanget aturipun Emban Sidhem ingkang kantun piyambak menika “tak jaluk kowe aja banjur kleru panampa. Awit kaya sing tak kandhakne ing ngarep mau, aku banget nedha nrima marang kowe sing wis momong kanthi becik marang anakku lanang iki. Babar pisan ora ana rasa ing atiku kanggo ngluputake marang anggonmu momong anakku. Lan aku ya ora arep nggugu gedhene nuruti karo kojahe wong sing padha maido mau. Mung wae…..”.

       Ki Lurah kendel malih anggenipun ngendika.

       “Mung wae kados pundi Ki Lurah?” Emban Sidhem ketingal ngrantos bacuting ukara ingkang kandheg menika.

       “Mung wae, iki mung saupama lho?” wangsulanipun Ki Lurah, suwantenipun kapireng radi ndhredheg “jenenge saupama kuwi bisa dibacutake ya bisa diwurungake”.

       “Inggih Ki Lurah, saupami kados pundi?” Emban Sidhem nigas rembag jalaran Ki Lurah boten enggal nglajengaken anggenipun ngendika.

       “Saupama, eh, aku percaya Nyai Lurah ya Biyunge Jaswana ing alam kaswargan kana mesthi seneng, saupama ……..” Ki Lurah kendel malih anggenipun ngendika.

       “Nuwun sewu Ki Lurah” Emban Sidhem rumaos kirang sabar mirengaken dhawuh pangandikanipun Ki Lurah ingkang pedhot-pedhot ngaten menika, langkung-langkung nalika Ki Lurah kober nyebut asmanipun sawargi Nyai Lurah “Jengandika menika paring dhawuh dhateng abdi, ingkang namung drajat Emban. Nanging kawistingal Ki Lurah anggenipundhawuh nggembol raos pakewuh, menika tuhu kirang prayogi Ki, mangga kadhawuhna kanthi lugas kemawon, murih kula saged nampi ingkang kakersakaken Ki Lurah”.

       “Iya, iya. Aku njaluk pangapura Sidhem, pancen kudune aku kandha kanthi lugas lan apa anane wae, dadi ora mbingungake sing tak ajak guneman” Ki Lurah paring wangsulan.

       “Kula ingkang nyuwun pangapunten Ki Lurah” Emban Sudhem tumunten nyuwun pangaksami labet rumaos bilih anggenipun atur panyaruwe dhateng Ki Lurah kala wau saged dipun wastani murang ing tata krama.

       “Kanggo ngendheg unine wong sing padha maido mau, aku duwe cara nanging ya menawa kowe nyarujuki caraku iki kanthi lila legawaning ati, ora jalaran kapeksa” Ki Lurah lajeng paring dhawuh malih.

       “Ngagem cara menapa Ki Lurah?” Emban Sidhem miterang dhawuh.

       “Upama kowe leren nggonmu dadi Emban, nanging panggah duwe jejibahan momong anakku lanang Jaswana iki, kepiye mungguh panemumu?” Ki Lurah wangsulan sarwi mundhut pirsa.

       “Liripun kados pundi menika Ki?” Emban Sidhem ngetingalaken raos gumun lan boten mudhengipun.

       “Kanthi tulusing ati kang suci, aku njaluk lilaning atimu gelema Sidhem dadi Biyung sambunge momonganmu lan ya anaku lanang si Jaswana. Kanthi mangkono sliramu leren anggone dadi emban, nanging ganti dadi Nyai Lurah nyulihi sawargi kang wis tentrem ing alam kaswargan. Lan tumrap Jaswana bakal digulawenthah dening Biyunge dhewe sanadyan mung Biyung sambungan. Piye Sidhem? Apa panjalukku iki bisa mbok turuti? Nanging sepisan maneh aku njaluk lilaning atimu, aja merga kapeksa kowe gelem nuruti panjaluke dhudha sing wis rada tuwa iki” wasana Ki Lurah saged ngendika kanthi cetha menggah ingkang dados isen-isening penggalihipun.

       Rampung paring dhawuh makaten kala wau, kraos entheng lan longgar salebeting jajanipun Ki Lurah. Benten kalihan raosing manahipun Sidhem, awit boten nyana babar pisan, malah mbok menawi ngimpi kemawon boten badhe wani, piyambakipun ngajeng-ajeng tembung ingkang kados makaten kala wau, saking Ki Lurah.  Ananging bawanipun Emban Sidhem menika sampun dangu dados abdinipun Nyai Lurah ingkang nyata wicaksana, mila kanthi anteng Emban Sidhem kuwawa ngendheg raos gumronjaling manahipun. Sanaosa makaten, sakecap Emban Sidhem boten kuwawa atur wangsulan.

       “Piye Sidhem? Aku mung saderma njaluk” Ki Lurah ngendika malih “kowe wenang nampik lan wenang nuruti apa sing dadi panjalukku. Aja wedi marang aku, wangsulana kanthi tulus saka suwaraning batinmu. Sepisan maneh, aku ora duwe wewenang meksa utawa ora bakal meksa marang kowe, Sidhem”.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” kanthi suwanten ingkang alon nanging cetha, Emban Sidhem atur wangsulan “babar pisan kula boten badhe mancasi dhawuh jengandika, namung kemawon Ki Lurah kula aturi emut bilih Jengandika menika kenging kawastanan Trah Wiku Dibya, Turasing Narendra Utama, awit saking menika tuhu langkung prayogi menawi ngatos-atos anggen jengandika ndhawahaken sabda utawi pangandika”.

       “Karepmu kepiye Sidhem?” Ki Lurah mundhut pirsa.

       “Kapundhut garwa dening Jengandika Ki Lurah menika tuhu kanugrahan ingkang tanpa upami tumrap para Kenya utawi wanita ingkang boten gadhah garwa, nanging kula suwun dhateng jengandika Ki Lurah prayogi langkung rumiyin mahas ing samun, meminta nugrahaning Gusti, mugi kaparingan pitedah prayogi menapa botenipun menawi Ki Lurah ngersakaken kula anyulihi bendara kula Nyai Lurah sawargi minangka dados Biyung Sambungipun bendara kula pun Gus Jaswana. Salajengipun sasmita menapa kemawon ingkang badhe jengandika tampi saking Gusti, menika ingkang prayogi dipun lampahi. Sepisan malih kula namung ndherek kersanipun Ki Lurah, waton Ki Lurah boten nilar pitedah saking Gusti Ingkang Maha Asih” kanthi terang lan trawaca Emban Sidhem atur pamrayogi dhateng Ki Lurah.

       Midhanget atur pamrayogi ingkang makaten kala wau, sakalangkung suka penggalihipun Ki Lurah. Lan Ki Lurah rumaos sansaya sengsem dhateng ingkang momong putranipun menika. Awit Emban Sidhem sampun nedahaken bilih piyambakipun boten gampil kepencut dhateng luhuring pangkat saha kalenggahan, malah kepara langkung remen menawi bendaranipun purun sansaya nyaket dhateng Dzat Kang Maha Wicaksana.

       Rewang ingkang kala wau tata dhahar, ingkang ugi mireng wangsulanipun Emban Sidhem dhateng Ki Lurah, ketingal mlongo. Boten mudheng kalihan menapa ingkang dipun gagas dening Emban Sidhem, tiyang ingkang karentahan kanugrahan kemawon dugi boten daya-daya anampi, malah matur ingkang miturut pamanggihipun rewang kala wau atur ingkang “neka-neka”.

       “Iya. Sepisan maneh bener kang dadi aturmu Sidhem” wasana kanthi suwanten ingkang ngemu wibawa Ki Lurah angandika “aku arep nindakne panembah istikarah marang Gusti, yen kongsi aku nampa sasmita luwih prayoga kowe dadi biyung sambunge Jaswana, mangka tumuli kowe tak kanthi menyang Pajang, bakal tak tembung marang Bapa lan Biyungmu kanthi tatacara kang samurwate”.

       Nalika samanten jebul sampun radi dangu Jaswana ketileman ing pondhonganipun Ki Lurah lan sampun wancinipun nglilir. Nalika Jaswana nglilir, rumaos kaget awit boten kados padatan anggenipun tilem inggih menika ing embananipun Sidhem. Nanging dalu menika jebul ing pondhonganipun Bapakipun piyambak. Jaswana mulet lajeng nangis. Ki Lurah kejot lajeng daya-daya masrahaken Jaswana dhateng Emban Sidhem. Kalih nampeni Jaswana Emban Sidhem nunten pamitan dhateng Ki Lurah bilih badhe nilemaken momonganipun. Ki Lurah ugi lajeng jumeneng, jengkar nilar papan bujana, badhe nindakaken panembah ing wanci ngisa.

       Kalih tindak Ki Lurah lamat-lamat taksih midhanget suwantenipun Emban Sidhem ingkang rerepen kangge ngemban momonganipun :

       “Saranane wong yun luhung

       Betah tapa kurang guling

       Elinga laku jatmika

       Yen wacana kudu manis

       Murih sengseming sasama

Samaning manugsa sami…….

Senin, 06 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (019)


 

19.

       Nalika samanten wekdalipun sampun serap surya, Ki Wungkul sampun wangsul dhateng griyanipun ing Dhukuh Sela, Ki Jaladri lan para sapukawatipun cacah gangsal sampun bidhal dhateng Jatisari ngeteraken Puranti wangsul dhateng griyaning simbahipun, Ki Jagabaya lan para sapukawat ugi sampun andum damel anjagi Ki Butulan ingkang kalebetaken ing pakunjaraning dhusun. Ki Lurah tumunten sesuci lajeng nindakaken kuwajibaning gesang manembah dhateng Allah.

       Nalika Ki Lurah mandhap saking papan panembah, lajeng mlebet dhateng dalem wonten raos kepengin kepanggih kalih putranipun pun Jaswana. Jebul Jaswana ingkang nembe saged jajalan ngadeg, nembe dolanan ing sacaketipun Emban Sidhem ingkang ugi nembe nindakaken sembahyang.  Lare alit menika ketingal bingar polatanipun, tanganipun dipun damel nggeret-nggeret sandhangan panembahipun Emban Sidhem, sandhangan warni pethak ingkang anutupi sakujuring badan, namung tapaking tangan saha praupan kemawon ingkang boten katutupan ingkang warninipun pethak. Jaswana ketingal gambira, katitik saking suwantenipun ingkang asring gumujeng piyambak.

       Pirsa menawi Emban Sidhem taksih sembahyang, Ki Lurah boten tumuli nyaketi putranipun, kuwatos menawi ngganggu anggenipun sembahyang Emban pamomongipun Jaswana menika. Nembe sasampunipun Emban Sidhem mungkasi nggenipun manembah kanthi noleh manganan lan mangering, Ki Lurah ngersakaken badhe anyaketi, nanging inggih dereng ebah saking papanipun, nembe boten kedhep angulati solah bawanipun Jaswana ingkang katingal lucu, nggemesaken. Kados mangertos menawi Emban Sidhem sampun rampung anggenipun sembahyang, Jaswana lajeng nubruk pangkonipun Sidhem kalihan gumujeng nelakaken raos gambiranipun.

       “Sakniki wancinipun ndedonga dhateng Gusti, Gus” Emban Sidhem kapireng atur tutur dhateng momonganipun, tanganipun angelus sirahipun Jaswana “menawi sampun rampung sembahyang boten kenging supe nyuwun dhateng Pangeran mugi-mugi keng Ibu ingkang sampun tentrem ing alam langgeng tansah binerkahan dening Gusti, ugi nyuwunaken keng Rama pangayoman dhateng Pangeran, mugi anggenipun keng Rama ngayahi jejibahanipun tansah kaparingan rahayu dening Gusti Ingkang Maha Agung”.

       Rampung wicanten dhateng Jaswana makaten menika, Emban Sidhem nunten anadhahaken tanganipun kekalih ndedonga dhumateng Gusti kados ingkang nembe kemawon katuturaken dhateng Jaswana. Boten kraos wonten luh ingkang nelesi paningalipun Ki Lurah, inggih awit rumaos trenyuh ing salebeting penggalih. Samanten kasetyan lan katresnanipun Emban tilaranipun sawargi Nyai Lurah menika, dhumateng bendaranipun. Inggih dhateng panjenenganipun Ki Lurah piyambak sarta sawargi ingkang Garwa Nyai Lurah. Tresna tulus ingkang boten karana pamrih menapa-menapa. Katresnan ingkang boten awit murih kawigatosaning titah, nanging katresnan dhumateng titah ingkang kaunjukaken ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha Asih. Langkung trenyuh malih, jalaran Ki Lurah ingkang ngrumaosi bilih panjenenganipun menika jejering tiyang sepuh tumrap Jaswana, nanging sadangunipun menika boten kagungan kalodhangan kangge nenuntun putranipun ing reh kautaman, malah Emban Sidhem ingkang namung dhapur Emban suprandene mrelokaken asung  pitutur luhur dhumateng Jaswana, menggah kuwajibaning putra dhateng sudarma.

       “Hem, hem….. Jaswana durung bobuk ya Sidhem?” karumiyinan dhehem asung sasmita, Ki Lurah ndangu dhateng Emban Sidhem ingkang dereng menyat saking pasujudanipun.

       “Mangga Ki Lurah….” Emban Sidhem ketingal radi kaget awit rawuhipun Ki Lurah ing papanipun, lajeng atur wangsulan “menika Gus Jaswana nembe rampung sembahyang”.

       “Iya, iya. Aku ya weruh awit saka panuntunmu katone Jaswana mbesuk bakal dadi anak sing bekti marang wong tuwa lan mituhu marang Gusti Sing Maha Agung” Ki Lurah paring wangsulan saha pangalembana dhateng Emban Sidhem.

       “Mangga Gus, samangke ngaturaken sembah bekti dhateng keng Rama” boten atur wangsulan dhateng Ki Lurah, Emban Sidhem malah nyandhak Jaswana lajeng kacaketaken dhateng Ki Lurah. Lare alit menika ketingal ajrih sareng ningali pasuryanipun Ki Lurah, inggih tiyang sepuhipun piyambak, mila inggih lajeng mbalik ngadhep dhateng Sidhem kalihan prembik-prembik badhe nangis.

       “Kalihan Keng Rama boten pareng makaten Gus, kedah bekti…., mangga!” kanthi tembung ingkang alus Emban Sidhem nuturi lare ingkang dereng saged wicanten menapa-menapa menika. Elokipun, kados sampun mangertos kemawon, Jaswana ingkang waunipun badhe nangis lajeng gumujeng lan nalika dipun angkat dening Sidhem kacaketaken Ki Lurah, Jaswana lajeng boten ajrih malih, malah tanganipu ngranggeh-ngranggeh sajak kepengin nyuwun digendhong.

       “Pinter tenan putrane Bapa iki……” Ki Lurah lajeng nampani Jaswana, dipun pondhong kalih dipun alembana “matur nuwun saka kabeh kawigatenmu marang anakku, awit panuntunmu Jaswana bakal dadi satriya kang sejati, Sidhem. Muga-muga kabecikanmu antuka leliru saka Kang Maha Agung”.

       “Sanes awit panuntun kula Ki Lurah” Emban Sidhem atur wangsulan “nanging mila Gus Jaswana menika putra ingkang bekti dhateng tiyang sepuh, saha tansah emut kalihan welingipun ingkang Ibu, inggih Nyai Lurah sawargi saderengipun kundur ing ngayunaning Gusti, kula namung sadermi nindakaken kuwajiban minangka abdi kemawon Ki Lurah”.

       Ki Lurah boten paring wangsulan, sampun kasengsem mondhong Jaswana lajeng dipun ajak mlampah medal dhateng sanjawining bangsal. Emban Sidhem ingkang dereng lukar saking busana panembahipun, ugi lajeng ngetutaken saking katebihan. Anggenipun Ki Lurah mondhong Jaswana kalihan mlampah-mlampah ngubengi sakiteripun dalem Kalurahan. Para abdi inggih para rewang dalem kalurahan ugi sami ningali, meh sedaya sami nyaket sakedhap saprelu suka pangalembana dhateng Jaswana ingkang dipun pondhong Bapakipun.

       Nalika tindakipun Ki Lurah dumugi papan bujana, angleresi rewang ingkang jejibahanipun tata dhahar kagem Ki Lurah nembe wonten mriku, nyawisaken dhahar dalunipun Ki Lurah. Ki Lurah lajeng kendel anggenipun tindak, nunten ngendika paring dhawuh dhateng abdi ingkang nembe tata dhahar kala wau :

       “Bibi, kabeneren banget saiki aku wis luwe lan kepengin mangan. Tulung cawisna piring lan unjukan siji maneh, aku kepengin mangan bareng karo anakku lanang Jaswana”.

       Abdi kala wau ketingal ngungun, mireng dhawuhipun Ki Lurah ingkang makaten kala wau. Awit boten jamakipun, lare taksih bayi kaajak dhahar ing sasana bujana makaten menika. Nanging Rewang kala wau inggih boten semanta menapa-menapa, malah lajeng daya-daya nindakaken dhawuhipun Ki Lurah.

       “Sidhem tulung nyeraka mrene” Ki Lurah lajeng nimbali Emban Sidhem kapurih nyaket.

       “Wengi iki aku kepengin mangan bareng karo anakku lanang” ngendikanipun Ki Lurah sasampunipun Emban Sidhem nyaket “sadurunge tulung aku tandukana dhaharan kaya sing ditindakne Nyai Lurah biyen, banjur kowe ya tanduka kanggo kowe dhewe, jalaran aku ngerti nek Jaswana durung bisa nuruti prentahku mangan bareng karo aku, mula kowe sing tak kongkon makili Jaswana”.

       Rewang ingkang kala wau nyawisaken dhahar ketingal sansaya ngungun sumerep sikepipun Ki Lurah ingkang makaten menika. Makaten ugi Emban Sidhem, rumaos radi kewetan anggenipun badhe nindakaken dhawuhipun Ki Lurah, nanging gandheng menika kala wau wujudipu prentah, wasana Emban Sidhem ugi lajeng nglampahi menapa ingkang dipun dhawuhaken bendaranipun.

       “Nuwun sewu, kaparenga Gus Jaswana kula ajakipun rumiyin Ki Lurah” aturipun Sidhem sasampunipun nanduki sekul salawuhanipun kagem Ki Lurah.

       “Ora!” Ki Lurah paring wangsulan “aku kepengin mangan karo nggendhong anakku lanang, aku meri marang kowe Sidhem. Saben dina kowe bisa mangan bareng karo Jaswana sing ana gendhonganmu, ya gene aku sing nyata-nyata wong tuwane ora tau bisa mangkono mau?”.

       Emban Sidhem boten saged atur wangsulan menapa-menapa. Lajeng Ki Lurah ngendika malih :

       “Lha endi olehmu tanduk sega kanggo kowe dhewe? Aku dhawuh marang kowe lungguha ing kursi kancanana aku mangan, makili anakku Jaswana”.

       Kalihan sikep ketingal kidhung, Emban Sidhem lajeng mapan linggih ing kursi, boten tebih kalihan Ki Lurah lajeng mendhet sekul salawuhipun kangge awakipun piyambak. Saking katebihan, rewang ingkang nata dhahar kala wau ningali kanthi praupan ingkang nedahaken gumunipun.

       “Wiwit ditinggal Biyunge Jaswana Lagi wengi iki aku ngrasakne enake panganan” ing sela-selaning dhahar Ki Lurah ngendika “aku matur nuwun banget marang kowe sing wis gelem makili Jaswana mangan bareng karo aku, mendah senenge yen saben dina bisa ngene iki?. Saiki saupama aku njaluk tulung marang kowe supaya gelem ngancani aku mangan saben dina, ora makili Jaswana kaya saiki apa kowe kabotan Sidhem?”.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” sasampunipun radi dangu Emban Sidhem nembe atur wangsulan “boten ateges ndaga dhawuh menawi kula kawratan, awit kersanipun Ki Lurah ingkang makaten kala wau saged nuwuhaken panginten ingkang boten-boten dening ingkang nyumerepi, saha malih kirang-kirang bejanipun saged ndadosaken kula supe, menawi kula menika namung abdi jengandika, lan menawi kula ngantos supe, menika saged sanget andrawasi kedadosanipun”.

       “Iya, iya. aku bisa nampa nggonmu kabotan nuruti pepenginanku iki” Ki Lurah paring wangsulan “kamangka aku uga isih duwe pepenginan liya, pantes utawa ora yen pepenginan mau tak kandhakne ing ngarepmu Sidhem?”.

       “Menapa menika Ki Lurah?” sajak ngatos-atos Emban Sidhem nyuwun pirsa ingkang ateges nglilani Ki Lurah ngandharaken ingkang dipun kersakaken.

       “Aku kepengin Jaswana bisa nampa katresnan wutuh saka wong tuwane, murih ing tembe bocah bagus iki bisa nutugne kanthi becik jejibahan sing tak emban samangsane aku wis kapundhut dening Kang Maha Agung” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah dhateng Emban Sidhem.

       “Menika kersa ingkang sakalangkung mulya Ki Lurah” Emban Sidhem matur lan caos pangalembana ingkang dados lekasipun Ki Lurah.

       “Mengko dhisik, sing tak kandhakne mau isih ana tutuge” Ki Lurah ngendika malih “kamangka kabeh wong ya weruh yen wektu sing tak duweni kudu diedum antarane kawigaten marang anak lan kawigaten marang jejibahanku. Tujune kanggo aweh sesuluh miwah tuntunan marang anakku lanang iki isih ana kowe, dadi labuh labetmu marang Jaswana iki luwih akeh tinimbang kawigatenku marang anakku lanang iki, Sidhem”.

       “Inggih Ki Lurah, mila menika sampun dados kuwajiban kula minangka abdinipun Gus Jaswana” Emban Sidhem atur wangsulan.

       “Ewa samono, sok ana lan sok keprungu pamaido saka wong sing ora weruh, sing tak tampa magepokan karo lelabuhanmu sing ora weruh wektu lan ora ngreken kesele raga lan pikiranmu kuwi Sidhem!” Ki Lurah ngendika malih.

       “Tiyang sepuh kula rumiyin nate nyukani tutur dhateng kula” Emban Sidhem lajeng matur “bilih tiyang maiben menika gampil lan mila limrah, langkung-langkung menawi anggenipun maiben jalaran saking boten ngertosipun. Mila prayogi menawi pamaiben ingkang makaten menika dipun umbar kemawon, dangu-dangu badhe kendel lan ical piyambak”.

       Ki Lurah namung manthuk-manthuk midhanget aturipun Emban Sidhem ingkang nedahaken jiwanipun ingkang sabar lan narimah makaten menika. Saking katebihan, Rewang ingkang wau tata dhahar tumut mirengaken menapa ingkang dados rembagan antawisipun Ki Lurah kalihan Emban Sidhem.

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (018)


 

18.

       “Nyuwun pangapunten saderengipun Ki Lurah” Bebau Sela miwiti anggenipun matur “estunipun ingkang kula sumerepi babagan ingkang wonten gandheng cenengipun kalihan Nini Puranti miwah Ki Bebau Tengah menika boten kathah, malah kula sumerep pawestri ingkang nami Puranti menika inggih nembe ing dinten niki wau. Inggih mangke ingkang kula aturaken winates ingkang kula mangertosi kemawon”.

       “Iya Ki Bau, coba kandhakna apa sing wis ndika weruhi” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.

       “Kala wau enjing, enjing sanget Ki Bau Tengah menika dugi ing griya kula. Saderengipun Ki Bau wetan langkung-langkung Ki Lurah rawuh. Kula kinten menawi Ki Bau namung sanja limrah, jebul anggenipun dugi kala wau badhe taken lan kalajengaken aminta sraya kula” Aturipu Ki Wungkul mawi tembung ingkang las-lasan dados cetha menawi kamirengaken.

       “Ki Bebau Tengah arep takon marang nDika lan arep dibacutne klawan minta sraya? Babagan apa kuwi Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa dhateng ki Bau Sela.

       “Kawiwitan kalihan sambatipun Ki Jaladri, dene sampun meh lungse yuswa nanging dereng amengku semah” aturipun Ki Wungkul caos wangsulan.

       “Sambat sing lumrah kuwi Ki Bau” Ki Lurah mesem kalih paring wangsulan “jeneh Ki Bau Tengah kuwi kanca-kanca sabarakane wis padha duwe anak demolan kabeh, nanging Ki Bau tengah isih ijen durung omah-omah”.

       “Mila lajeng kula tuturi murih enggal pala krama, tumrap Ki Bau Tengah pala krama menika boten prakawis ingkang abot, tiyang inggih samudyanipun sampun nyekapi” Ki Bebau Sela nglajengaken anggenipun matur  “lha sareng kula tuturi makaten kala wau, Ki Bau Tengah lajeng criyos menawi piyambakipun nembe kesandhung ing warata, kabentus ing tawang suwung, kayungyun dhateng satunggaling Kenya lan ugi criyos menawi Kenya kasebat sanadyan dereng blaka nanging sampun  wonten tandha-tandha purun nampi katresnanipun Ki Bebau. Salajengipun, Ki Bebau pitaken menapa saenipun Kenya kasebat katembung lan dipun lamar pisan dhateng tiyang sepuhipun ? Lan menapa kemawon uba rampe ingkang kedah dipun bekta menawi badhe nglamar? Lan gandheng Ki Bau tengah Sepuh, inggih bapakipun Ki Bau Tengah wekdal menika sampun sepuh sanget, Ki Jaladri lajeng minta sraya dhumateng kula kinen amakili tiyang sepuhipun anglamar lan nembung lare estri ingkang dados gegantilaning manahipun Ki Bau menika. Sareng kula takeni pawestri menika naminipun sinten? Yoganipun sinten? Griyanipun pundi? . Ki Bau Tengah lajeng wicanten menawi naminipun kenya ingkang dados pilihanipun menika Puranti, Ki Bau dereng mangertos namining tiyang sepuhipun, nanging sampun ngertos naminipun Simbah ingkang dipun dhereki Puranti, inggih menika Ki Lurik, Bakul Benteran, ingkang griyanipun radi tebih saking mriki inggih menika ing Dhusun Jatisari”.

       “Oooo, iya, iya banjur bacute kepiye?” Ki Lurah wiwit uninga menawi Ki Bebau Tengah sampun kayungyun dhateng Puranti lan kanthi menika nedahaken bilih ingkang dipun cariyosaken Puranti ing ngajeng boten ngayawara.

       “Kula lajeng suka wangsulan dhateng Ki Bau Tengah, mila saenipun inggih enggal dipun tembung lan dipun lamar pisan. Nanging saderengipun bidhal nglamar, langkung prayogi menawi suka wewara dhateng Puranti lan Simbah ingkang dipun dhereki menawi Ki Bebau badhe nglamar, ngiras pantes pados kabar sinten tiyang sepuh minangka walinipun Puranti menawi saestu dados jodhonipun Ki Bebau Tengah. Lan kula ugi sampun nyagahi paminta srayanipun Ki Bau Tengah kangge nglamaraken” Ki Wungkul kendel sakedhap ngulu idu awit gorokanipun kraos sangklit, sasampunipun menika aturipun dipun lajengaken malih “Ki Bebau Tengah lajeng criyos bilih benjing piyambakipun badhe dhateng Jatisari manggihi Ki Lurik saha Nini Puranti lan badhe pados kabar sinten walinipun Nini Puranti menawi badhe palakrama benjang”.

       “Walaah tujune durung kelakon ya Ki Bau?” Ki Lurah nigas rembag kalih mesem wiyar “upama sida budhal harak sida kecelik, utawa saora-orane ora bakal kepethuk karo Nini Puranti, jeneh Nini Puranti jarene wis rong dina ana omahe Biyung lan Ramak-e?”.

       “Inggih mila leres makaten Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Bau Sela kalih gumujeng lirih.

       “Saiki aku wis ngerti sesambungan antarane Ki Bau Tengah lan Nini Puranti” Ki Lurah lajeng ngendika “nanging aku ora arep melu-melu ngrembug perkara kuwi, jalaran kuwi kalebu perkara kang asipat pribadi. Saiki kabeh genti padha rungokna aku arep takon marang Paman Bebau Ing Padhukuhan sisih Kidul”.

       “Sumangga Ki Lurah” ingkang atur wangsulan namung Ki Bebau Sela.

       “Paman Bebau Kidul……” Ki Lurah lajeng andangu dhateng Ki Butulan.

       “Ora sah ndadak takon sing neka-neka Ki Lurah” kanthi tembung ingkang kapireng santak Ki Bebau Kidul atur wangsulan, mawi basa ngoko kados dhateng andhahanipun kemawon. Bebau Tengah, Bebau Sela miwah Puranti ingkang mireng suwantenipun Ki Butulan makaten menika ketingal sami kaget.

       “Sabar dhisik Paman, aku mung arep takon marang ndika kanthi becik-becik” kados boten wonten ganjelan menapa-menapa Ki Lurah panggah ngendika mawi tembung ingkang sareh.

       “Kowe kuwi apa wis budheg ta Rah?” Ki Butulan malah nggetak  dhateng Ki Lurah “aku wis kandha, aja takon neka-neka, ora bakal aku sudi mangsuli apa sing arep mbok takokne. Ngerti?”

       Wicanten makaten kala wau Ki Bebau Kidul kalihan mripatipun mencereng mliliki Ki Lurah, kados mripatipun sima ingkang badhe anubruk cempe. Ki Bebau Sela ingkang kala wau sampun mandhap kanepsonipun, dupi mireng lan pirsa suwanten lan sikepipun Ki Bebau Kidul makaten menika lajeng tuwuh malih kanepsonipun. Tanpa nyuwun palilah sinten-sinten, Ki Wungkul lajeng ngadeg nyaketi papanipun Ki Bebau Kidul linggih. Ki Butulan dipun dugang mawi sikil kanan, kenging uwangipun. Sanadyan boten sambat Ki Butulan inggih lajeng glangsaran ing jogan. Ngantos dangu nembe saget tangi. Kalihan mapan linggih kanthi tangan taksih kabanda, Ki Butulan nyawang Ki Wungkul mawi sorot mripat ingkang murup.

       “Cuh, Cuh. Cuh !!!” Ki Butulan ngidu dhateng jogan kaping tiga lajeng wicanten kasar “Bajingan kowe Wungkul, dudu ,manungsa nanging asu kowe kuwi”.

       “Ooo wong Gerang ora keneng digawe becik!” Ki Wungkul nyauti gunem kalihan ancang-ancang badhe mbente Ki Butulan malih. Nanging…….

       “Cukup Ki Bau!!!” suwanten panggetakipun Ki Lurah, kuwawa ngendheg ebahipun Ki Bebau Sela, temah wurung anggenipun badhe mbente Ki Bebau Kidul.

       “Ora ana gunane tumindak kasar lan mung nuruti kanepson sing ora bisa mikir ngono kuwi Ki Bau” sasampunipun Bebau Sela mapan linggih malih, Ki Lurah lajeng ngendika kanthi suwanten sareh.

       Bebau Sela inggih lajeng tumungkul, rumaos lingsem awit sampun tumindak ingkang boten leres miturut pambijinipun Ki Lurah.

       “Saiki yen pancen Paman Butulan durung gelem diajak guneman, ya ora dadi apa” Ki Lurah ngendika malih “mbok menawa wae lagi kekeselen, dadi ya butuh leren dhisik”.

       “He Lurah cengoh….!” Ki Butulan nyuwanten sora “aja kakehan gunem, ayo mumpung tanganku isih dibanda, gage unusen kerismu sudukna menyang dhadhaku ora-ora nek bakal tak endhani!”.

       “Ki Bau Tengah!” tanpa maelu ucapipun Ki Butulan ingkang kados tiyang ingkang sampun boten waras ngaten menika, Ki Lurah lajeng paring dhawuh dhateng Ki Bau Tengah “Thuthuken Thonthongan Kayu Elo sing gumatung ing blandar empering Pendhapa kae, timbalana Ki Jagabaya supaya teka kene saiki uga!”.

       Ki Bau Tengah nunten ngadeg, nyaketi Thonthongan lajeng nindakaken dhawuhipun Ki Lurah. Thothongan katabuh kaping tiga sungsun tiga lajeng kasusul uluk-uluk dara muluk, minangka tengara bilih Ki Lurah ngersakaken sowanipun Ki Jagabaya ing kalurahan wekdal menika ugi.

       Boten dangu Ki Jagabaya ugi sampun dumugi ing Kalurahan, duginipun boten piyambakan nanging nganthi para mudha ingkang dados sapukawating Kalurahan. Sedaya siyaga ing dedamel, awit nyipta menawi Kalurahan nembe ing salebeting bebaya.

       “Linggiha  nyedhak kene Ki Jagabaya” dhawuhipun Ki Lurah dhateng Ki Jagabaya. Ingkang kadhawuhan ugi lajeng majeng, mapan linggih caket kalihan Ki Lurah. Namung Ki Jagabaya boten saged nyingidaken gumuning manahipun sumerep kawontenanipun Ki Bau Kidul ingkang bengep praupanipun lan kabanda mawi iket tanganipun.

       “Aja ndadak takon ana apa, yen wis wayahe kabeh bakal ngerti dhewe” Ki Lurah lajeng ngendika “saiki aja kesuwen, tak prentah marang nDika Ki Jagabaya, Paman Bebau Kidul iki singidna ana papan sing kulina kanggo nyingidake  durjana sing konangan gawe onaring desa. Nanging welingku aja nganti Paman Bebau ana sing nyikara, jagananen sing rapet aja nganti bisa metu saka pandhelikan. Yen wis wancine bakal tak takoni, saiki Paman Bau durung bisa diajak guneman”.

       “Sendika ngestokaken dhawuh Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya “kepareng kula lampahi sak menika”.

       “Iya sing ngati-ati aja kaya bocah cilik” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.

       Ki Jagabaya lajeng asung sasmita dhateng para sapukawat pandherekipun. Ingkang kasasmintan tanggap, lajeng wonten nem-neman sekawan ingkang nyaketi Ki Bebau Kidul, lajeng dipun peksa ngadeg lan kagiring mlebet dhateng papan ingkang dipun tedahaken dening Ki Jagabaya.

       “Mengko dhisik….” Dumadakan Ki Lurah ngendika radi seru.

       “Wonten dhawuh Ki Lurah?” Ki Jagabaya nyuwun pirsa.

       “Mengko nek wis tekan panggonane, iket sing kanggo naleni tangane Paman Bebau kuwi ndika uculi lan ndika wenehne marang Paman Bebau” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.

       “Samangke kula lajeng kados pundi Ki Lurah?” sapengkeripun Ki Jagabaya, dumadakan Puranti ingkang wiwit wau namung kendel, nyuwanten nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah “bares kemawon, kula ajrih menawi wangsul dhateng griyanipun Biyung, ajrih menawi dipun pisakit, jalaran Biyung menika sami tekunipun kalih Ramake”.

       “Ngene wae” ki Lurah lajeng paring dhawuh “mengko nadyan colok lintang sambung obor, ndika bali wae menyang Jatisari mundhak dadi pangangen-angene simbah ndika Ki Lurik, gegayutan karo iki tak prentahne marang Bebau Tengah supaya nganthi sapukawat sacukupe, kena lima kena pitu, kancanana lan reksanen lakune Nini Puranti nganti tekan omahe Simbahe, ndika kena nggunakne kreta kalurahan lan para sapukawat supaya jejaranan”.

       “Ngaturaken genging panuwun Ki Lurah” aturipun Puranti kapireng menawi remen manahipun.

       “Kaparenga kula tata-tata langkung rumiyin Ki Lurah” Ki Jaladri ingkang ugi rumaos remen awit kadhawuhan ngeteraken Puranti lajeng nyuwun pamit badhe tata-tata.

       “Iya nanging aja suwe-suwe, ora prelu ndika ndadak macak gajah pasang tlale, merga laku ndika menyang Jatisari iki ora arep nindakne panglamar kaya sing ndika aturne marang Ki Bau Sela mau” Ki Lurah paring wangsulan kalihan mesem. Ki Bebau Tengah ndherek mesem. Puranti ketingal radi mbrabak praupanipun.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (017)


 

17.

       Ki Lurah mesem salebeting penggalih midhanget aturipun Puranti ingkang nyebataken bilih nalika tetepangan kalih piyambakipun Ki Jaladri ngaken namung Pangenipun Ki Bebau ing Padhukuhan Tengah. Menika nedahaken bilih Ki Jaladri namung badhe njajagi sepinten anggenipun Puranti nganggep dhateng piyambakipun menawi boten kesasapan pangkat menapa-menapa. Nanging Ki Lurah boten nglajengaken anggenipun menggalih bab sesambetanipun Ki Jaladri kalihan Puranti, tumrap Ki Lurah mesthi kemawon langkung baken enggala saged ngrampungaken prakawisipun Ki Butulan ingkang samangke nembe dados pesakitanipun Ki Bebau Sela tuwin Ki Jaladri.

       “Sabanjure Nini Puranti” Ki Lurah lajeng ngendika malih “ndika melu ngrungokne apa sing lagi wae dicritakne Ki Jaladri marang aku, kang uga jeneng ndika katut kasebut ana crita. Sing tak takokne marang ndika, Ki Jaladri iki mau critane ngayawara lan wis dora marang aku?, apa pancen witing klapa salugune pancen ya mengkono kedadeyane?”.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Puranti atur wangsulan, samangke sirahipun sampun radi dipun angkat, boten marikelu kados wau “sedaya ingkang dipun aturaken Kakang Jaladri ing ngarsa jengandika menika kala wau boten wonten ingkang sisip, sedaya leres. Lan gandheng menika sampun kados makaten kawontenanipun, menapa kula kaparengaken ngaturaken prakawis ingkang wonten sambung rapetipun kalihan kedadosan menika Ki Lurah?”.

       Ki Lurah boten enggal paring wangsulan, namung salebeting batos ngunandika menawi Puranti menika tuhu pawestri ingkang nggadhahi kekendelan, jumbuh kalihan cakriking tiyang ingkang mbranyak polatanipun, tregal-tregel solahipun.

       “Iya tak lilani ndika ngandhakne apa sing wis dumadi sing ana sambung rapete karo critane Ki Jaladri sing uga ndika alami dhewe” wekasan Ki Lurah paring palilah dhateng Puranti.

       “Makaten Ki, menawi kala wau enjing Ramake inggih Ki Bebau Butulan sowan mriki lan nedya nglarapaken kula dhateng Ki Lurah, menika estunipun cengkah kalih kekajengan kula piyambak. Nanging bawanipun kula kapeksa dening Ramake saha Biyung, kula inggih boten saged menapa-menapa kajawi namung kendel lan kula boten wantun matur dhateng Ki Lurah bab menika kala wau enjing, awit kula ajrih dhateng Ramake. Pramila nalika Ki Lurah mutusaken boten kepareng nampi pisungsungipun Ramake, estunipun kula sanget matur nuwun dhumateng jengandika Ki Lurah. Nanging jebul sareng dumugi margi ingkang sepen kula badhe dipun damel cilaka dening Ramake ingkang rumaos sampun kula damel wirang, tujunipun kaselak wonten Kakang Jaladri saha Ki Bebau Wungkul ingkang paring pitulungan” Puranti matur kanthi cetha sarta radi panjang dhateng Ki Lurah. Ki Bau Sela lan Ki Bau Tengah ingkang ugi tumut mirengaken sami manthuk-manthuk, salebeting manah sami nocogaken aturipun Puranti menika kalihan rembagipun Ki Butulan ing pategilan waliking grumbul kala wau.

       “Dadi satemene ndika ora duwe karep suwita marang aku kaya sing dikandhakne bapakmu kuwalon mau esuk?” Ki Lurah ndangu Puranti, nyethakaken menapa ingkang nembe kemawon dipun aturaken Puranti.

       “Leres Ki Lurah” wangsulanipun Puranti “awit sanaosa kula niki anakipun Biyung Jatun ingkang dados semahipun Ki Butulan, wiwit alit kula menika boten tumut Biyung nanging kula dipun openi dening simbah ing Jatisari mrika, kepanggih kalihan biyung menapa dene Ramake niku dereng kantenan setunggal tahun sepisan. Mila kalih dinten kapengker kula dugi dhateng Tambak  mriki ing griyanipun Ramake, awit kula dipun kengken Simbah magepokan kalihan anggen kula kekancan kalihan Kakang Jaladri”.

       “Wadhuh, sing ndika kandhakne iki kok malah sansaya ndadekne aku rada bingung” kanthi suwanten sareh Ki Lurah paring pangandika “teka tekan Ki Jaladri barang?”.

       “Cethanipun makaten Ki Lurah” Puranti lajeng matur malih “watawis wiwit tigang wulan kapengker kula tepang kalihan Kakang Jaladri, kepanggih nalika Dhusun Jatisari ngawontenaken Bersih Dhusun, nalika samanten kula tumut nyindheni pagelaran tayub lajeng Kakang Jaladri ingkang ugi tepang kalih salah satunggaling Bebau ing mrika nyaketi kula lan ngajak tetepangan, inggih ngakenipun Berah Pangenipun Ki Bebau ing Padhukuhan Tengah bawah Kalurahan Tambak. Anggenipun dumugi Jatisari ningali pagelaran tayub ing adicara Bersih Dhusun menika awit ngleresi Kakang Jaladri pados rumput ingkang ing Tambak criyosipun sampun angel dipun padosi temah anggenipun pados ngantos dumugi Jatisari. Salajengipun Kakang Jaladri kerep mampir dhateng wandenipun Simbah lan ngajak jagongan kula ingkang ugi gadhah kuwajiban ngladosi unjukan wedang dhateng sinten kemawon ingkang mampir ing wandenipun Simbah”.

       “Dadi sasuwene iki Ki Jaladri kuwi wis kerep sanja menyang warunge Simbah ndika lan  jagongan karo ndika?” Ki Lurah munggel aturipun Puranti mawi pandangu mundhut pirsa.

       Bebau Tengah katingal ndhingkluk kalihan praupan mbrabak semu abrit mireng pandangunipun Ki Lurah dhateng Puranti ingkang nyebat naminipun menika. Bebau Sela ingkang wiwit wau ketingal nahan kanepsonipun, tumut ndhingkluk sumerep ewah-ewahan ingkang wonten praupanipun Bebau Tengah, ndhingkluk kalihan ngampet anggenipun badhe gumujeng.

       “Leres Ki Lurah” Puranti atur wangsulan lan kalajengaken anggenipun cariyos “inggih awit saking menika, nunten Simbah nakeni kula menapa kinten-kinten ing manahipun Kakang Jaladri wonten raos dhumateng kula. Kula inggih lajeng mangsuli menawi kula dereng mangertos. Lajeng Simbah nakeni raos kula dhateng Kakang Jaladri menapa wonten raos seneng menapa boten?”.

       “Banjur wangsulan ndika marang Simbah ndika kepiye?” Ki Lurah ndangu kalihan semu mesem ingkang kaampet.

       “Kula inggih bares menawi inggih makaten menika……” wangsulanipun Puranti kalihan praupan mbrabak anjambu darsana.

       “Iya, aku wis mudheng” Ki Lurah mesem “sabanjure kepiye?”.

       “Simbah lajeng kengkenan Pak Cilik Sawal, taksih pulunanipun Simbah piyambak, supados ngeteraken kula dhateng Tambak saprelu criyos dhateng Biyung tuwin Ramak-e bab sesambetan kula kalihan Kakang Jaladri menika. Kajengipun Simbah, Ramak-e supados mlambangi Kakang Jaladri ingkang bendaranipun Kakang Jaladri menika mesthinipun taksih rencang kalihan Ramak-e ingkang ugi Bebau ing Tambak mriki” Puranti atur wangsulan.

       Salebeting batos Ki Lurah paring pangalembana dhateng Ki Lurik, Simbahipun Puranti ingkang ketingal ngatos-ngatos anggenipun njagi putunipun , saking panggodhaning tiyang jaler. Ing salebeting penggalih Ki Lurah ugi ngalembana dhateng Puranti ingkang panggah nggadhahi raos tresna dhateng Ki Jaladri ingkang namung ngaken satunggaling Pangon, boten priya sugih ingkang sinung pangkat.

       “Pak Cilik Sawal boten sipeng ing Tambak, sasampunipun kula kapanggihaken kalihan Biyung lan Ramak-e, Pak Cilik Sawal ugi lajeng pamit wangsul dhateng Jatisari malih” Puranti nglajengaken anggenipun criyos.

       “Lha sawise ndika kepethuk Paman lan Bibi Butulan lan ngandhakne welinge Simbah, kepiye tuamnggape Biyung lan Ramak ndika ?” Ki Lurah lajeng mundhut pirsa malih.

       “Waunipun Biyung sarujuk kalihan kajenge Simbah, nanging sareng Ramak-e gadhah pamanggih ingkang benten, Biyung lajeng tumut pamanggihipun Ramak-e” wangsulanipun Puranti.

       “Lha panemune Paman Butulan kepiye he?” Ki Lurah ndangu malih.

       “Ramak-e criyos menawi boten sarujuk menawi kula jejodhowan kalihan Kakang Jaladri, jalaran criyosipun Ramak-e, Kakang Jaladri menika lare nem ingkang ndhugal, nakal lan urakan, boten ngilo kalihan drajatipun ingkang namung berah Pangen. Criyosipun Ramak-e malih, Kakang Jaladri menika lare nem ingkang polet lan lumuh, remen sesukan ingkang nerjang sarak nyingkiri bebener, remen mendem arak, remen damel dolanan para prawan, malah remen ugi anggonjak pawestri ingkang sampun winengku kakung menapa. Amargi Kakang Jaladri gadhah aji Pengasihan saha Sapuregel, Pramila kathah titiyang ingkang kapusan lan boten gething kalih piyambakipun, kalebet bendaranipun Kakang jaladri piyambak” Puranti ngaturaken pamanggihipun Ki Bebau Kidul ingkang dipun criyosaken dhateng piyambakipun. Ketingal Ki Jaladri mencereng mripatipun, untunipun nggeget kalihan nyawang dhateng Ki Butulan. Nanging ugi boten ebah saking papanipun linggih.

       “Lha ndika ya banjur percaya karo apa sing dikandhakne Paman Bau ngono kuwi mau?” Ki Lurah mundhut pirsa.

       “Ing antawisipun ngandel kalihan boten Ki Lurah, nanging manah kula lajeng angles, awit sampun cetha menawi anggen kula dugi ing Tambak menika boten nguwohaken asil menapa-menapa” Puranti atur wangsulan .

       “Sabanjure kepiye?” Ki Lurah ngersakaken murih Puranti nyambet anggenipun cariyos.

       “Ramake ingkang sumerep menawi kula nandhang sedhih lan bingung, lajeng ngandhani murih kula boten susah” Puranti nglajengaken aturipun “Ramake criyos menawi sampun cumawis jodho kangge kula ingkang samudayanipun tebih mapan ing sanginggilipun Kakang Jaladri. Criyosipun Ramak-e, ingkang badhe kajodhokaken kalihan kula menika, priya dhudha ingkang sampun peputra setunggal, dados dhudha awit katilar seda garwanipun. Priya ingkang sakalangkung njenthara, kagungan kalenggahan ingkang kinurmat, katenggan bandha donya ingkang boten wilangan kathahipun, inggih menika jengandika piyambak Ki Lurah”.

       “Ooooo……. Sabanjure?”.

       “Gandheng kula ngrumaosi kula menika sinten? Kula lajeng sanjang dhateng Ramak-e, menawi kula ajrih, awit tuhu boten kepanggih nalar menawi Ki Lurah kersa kalihan lare dhusun pidak pajarakan kados kula menika. Nanging Ramake kukuh ing pamanggihipun, malah lajeng criyos menawi Ki Lurah menika bebasan sampun ginegem ing regemaning Ramak-e, sedaya ingkang dados kekajenganipun Ramak-e tartamtu badhe dipun turuti dening Ki Lurah. Biyung kula ugi tumut ngiyataken menapa ingkang dipun criyosaken Ramak-e, setengah dipun peksa kula dipun ajak sowan ing ngarsanipun Ki Lurah kala wau enjing” Puranti mungkasi anggenipun matur.

       “Dadi ulet-uletan kaya jladren lemah sing arep dicithak dadi bata, bareng aku krungu critane Nini Puranti ngono kuwi” Ki Lurah lajeng ngendika “nanging murih adile, aku kudu takon maneh marang Ki Bebau Tengah magepokan karo critane Puranti sing uga nyenggol jenenge iki mau. Piye Ki Bau Tengah?”.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Bebau Tengah atur wangsulan kalihan praupan mbrabak abrit “kula boten kuwawa matur dhateng Ki Lurah bab leres lan botenipun cariyos ingkang dipun aturaken Puranti kala wau. Nanging menawi kaparengaken, inggih murih adilipun, kula suwun Ki Lurah paring pandangu dhateng Ki Bebau Sela ingkang estunipun ugi sampun ngertos anggen kula kluyuran ngantos dumugi Jatisari lan mampir ing wande wedangipun mBah Lurik menika”.

       “Elho? Jebul sansaya adoh lan amba iki lakone crita?” Ki Lurah ngendika alon “nanging ya ora dadi apa, malah kepara luwih becik murih sansaya cethane kedadeyan ing sore iki. Coba Ki Sela, tulung critaa sing ana sambung rapete karo sing dicritakne Nini Puranti lan Bebau tengah iki mau!”.

       Ki Wungkul nginger anggenipun linggih, sasampunipun kendel sakedhap nunten amiwiti matur dhateng Ki Lurah.

 

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...