25.
Dereng ngantos setunggal wulan jumeneng
dados Lurah, Jaswana ingkang samangke ngagem asma Ki Tambak Kapindho sampun
ngecakaken kawicaksanan enggal kanthi ngewahi kawicaksanan ingkang sampun
katetepaken dening Ki Tambak Kapisan. Jaman Ki Tambak Kapisan sasampunipun Ki Wungkul
lengser saking kalenggahan minangka Bebau ing Sela lan kagantos anakipun,
sesepuhing para Bebau lajeng kapasrahaken dhateng Bebau Tengah ingkang
yuswanipun sepuh piyambak katimbang Bebau ing Padhukuhan sanesipun. Samangke
dening Ki Tambak Kapindho sesepuhing Bebau Sakalurahan Tambak kapasrahaken
dhateng Bebau Kidul, ingkang taksih kaprenah Pamanipun Nyai Lurah utawi Nyai
Tambak Kapindho. Lajeng ki Bontot ingkang suwaunipun namung Kabayan ingkang
jejibahanipun namung ambiyantu Bebau Kidul kainggahaken pangkatipun dados
Jagabaya Desa ingkang mbawahi para Jagabaya ing padhukuhan sa Kalurahan. Bebau
Tengah ingkang ngrumaosi sampun radi lunges ing yuswa, inggih namung saged
nurut menapa ingkang dados kawicaksananipun Ki Tambak Kapindho. Namung ing
salebeting batos nraos eman dene ingkang kapiji anyulihi piyambakipun kok Bebau
Kidul ingkang miturut pamawasipun , kirang anjangkepi sarat masrut, jalaran Ki
Bebau Kidul ingkang nami Ki Waruju menika katthah kawula ingkang ngraosi ingih
jalaran taksih remen ngabotohan lan ngunjuk unjukan ingkang damel wuru. Makaten
ugi kawicaksanan ingkang nginggahken pangkatipun Ki Bontot, ingkang yuswanipun
boten kaot tebih kalihan yuswanipun Bebau Tambak. Ki Bontot menika ugi nggadhahi
pakulinan ingkang kirang nocogi manahipun para kawula, awit remen meksa sinten
kemawon murih nggega dhateng pamanggihipun kanthi ngugungaken kuwaosipun.
Lan mila saestu sareng kawicaksananipun
Ki Tambak Kapindho menika dipun cakaken, Ki Bebau Kidul menapa dene Ki Bontot
lajeng malih slaganipun. Kekalihipun lajeng asring ngendel-endelaken dumeh
sampun kasampiran panguwaos dening Ki Tambak Kapindho, lajeng remen tumindak
sakajengipun piyambak. Ingkang makaten wau ndadosaken prihatosipun para Bebau,
Para Sapukawating Kalurahan miwah para kawula ing Kalurahan Tambak.
Ki
Bau Tengah ingkang nyumerepi kedadosan ingkang saged nuwuhaken risaking tata
reh parentah ing Tambak, boten wantun matur piyambak dhateng Ki Tambak
Kapindho, nanging lajeng ngandharaken pamanggihipun dhateng Puranta, ingkang
semahipun taksih kaprenah pulunanipun piyambak.
“Menawi kula kalerenan anggen kula dados
sesepuhing para Bebau menika estunipun malah kaleresan anakmas” criyosipun
Bebau Tengah dhateng Puranta “awit kula piyambak inggih sampun rumaos sepuh,
tenaga kula sampun kathah susutipun. Namung kemawon, menawi ingkang nggentosi
kula menika Ki Bau Kidul, raosing manah kula kok kirang sreg. Jalaran anakmas
Puranta piyambak mesthinipun ugi sampun uninga menggah tekunipun Ki Waruju ingkang
kathah nyebal saking piwucaling agami ingkang dipun rasuk, kados dene anggenipun
remen ngabotohan adu sawung, dhadhu kodhok ula, ngunjuk arak saha remen
gontas-gantos selir kanthi boten mawi rikuh pakewuh makaten menika”.
“Inggih Paman Bau” wangsulanipun Puranta
angegongi panglocitaning Bebau Tengah “kajawi saking menika, kawicaksananipun
Ki Lurah ingkang sanesipun ugi kula raosaken boten trep, inggih menika kanthi
ngangkat drajatipun Ki Kebayan Bontot dados pangareping para Jagabaya. Kamangka
awakipun piyambak sarta para kawula ing Tambak meh sedaya sampun sami sumerep
menggah pakulinan ingkang boten sae ingkang asring katindakaken dening Ki
Bontot”.
“Bares kemawon Anakmas” Bebau Tengah
wicanten malih “badhe atur pemut dhateng Ki Lurah, kula ajrih, kula kuwatos
dipun wastani menawi boten lila masrahaken jejibahan minangka Sesepuhing Bebau
menika. Saha kula ajrih menawi kula nampi suwanten ingkang damel sakiting manah
kula. Nanging menawi kawicaksanan ingkang boten wicaksana menika boten
kaleresaken murih leresipun, kula kuwatos Kalurahan Tambak ingkang sampun
tumata awit katata kanthi premati dening Ki Tambak Kapisan badhe bibrah jalaran
kawicaksananipun Ki Tambak Kapindho menika”.
“Inggih Paman” Puranta suka wangsulan “mila
kedah ingkang saged atur pemut dhateng Ki Lurah ing babagan menika, nanging
Paman rak ugi pirsa bilih manut pranatan Kalurahan ingkang enggal menika, jejer
kula namung kawula limrah, menawi badhe ngaturaken pamanggih magepokan kalihan
tata rakiting parentah ing Kalurahan Tambak kedah mawi lantaran para-para
ingkang sampun piniji, kados dene Bebau utawi Sapukawating Kalurahan. Malah
kangge ndherek ing parepatan saben sepeken ing pendhapa Kalurahan kemawon kula
ugi boten gadhah wewenang kangge ngaturaken pamanggih kajawi langkung rumiyin
nitipaken pamanggih menika dhateng ingkang kasebat kala wau”.
“Nanging ndika kedah emut lho anakmas”
Bebau Tengah wicanten malih.
“Emut bab menapa Paman?” Puranta pitaken.
“Salah satunggal ingkang anjalari kula
kalerenan saking Sesepuhing para Bebau menika boten saged kapisahaken kalih
atur kula dhateng Ki Tambak Kapisan saderengipun lengser saking Kalurahan.
Nalika samanten meh kemawon kula paben kalihan Bebau Kidul, jalaran kula dipun
sujanani boten badhe sarujuk menawi Gus Jaswana ingkang kapasrahan Kyai Pantek
lan mila estunipun ingkang wenang nampi Kyai Pantek menika menawi nurut Paugeran
harak namung ndika Anakmas Puranta? Nanging jebul anakmas Puranta malah
ngersakaken ingkang nggentosi ingkang Bapa, Ki Lurah ingkang samangke menika.
Estunipun kula ngertos, menawi anggen ndika masrahaken kalenggahan Lurah menika
kajawi kasurung raos percaya lan tresna dhateng Ki Lurah ingkang sak niki niku,
ugi jalaran Anakmas ngeman menawi ngantos Kalurahan Tambak wonten dahuru, awit
pangincimipun Bebau Kidul lan Kebayan Bontot ingkang ngumbar suwanten ing
pundi-pundi nanging boten ngakeni, menawi ngantos mbenjang menawi ingkang
gumantos Lurah dede Gus Jaswana, badhe damel kisruh ing Tambak mriki lan kula
piyambak ugi nimbangi kanthi nyebar suwanten kados Ki Bau Kidul lan Ki Bontot,
menawi badhe mbabati sok sintena ingkang damel kisruhing Kalurahan lan mila
kula sampun nyiyagaken kekiyatan kalihan Ki Jagabaya jalaran kula sumerep
menawi Ki Bebau Kidul lan Ki Bontot sampun nusun kekiyatan kangge damel
kisruhing kalurahan”.
“Inggih Paman kula ugi ngakeni bab menika”
Puranta suka wangsulan “Kula kinten, Ki Waruju menapa dene Ki Bontot badhe
mendha menawi kula purun ngalah, nanging jebul malah kados makaten
kawusananipun. Kula pitados anggenipun Ki Lurah kagungan kawicaksanan-kawicaksanan
ingkang boten wicaksana menika, boten awit kersanipun piyambak, nanging awit
saking pambujukipun Ki Bebau Kidul lan Ki Bontot”.
“Menika sampun cetha Anakmas” Bebau
tengah wicanten kalih mesem “jalaran boten mokal menawi Ki Waruju menapa dene
Ki Bontot menika taksih ngigid-igid dhateng Ki Tambak Kapisan lan para
putranipun, dhateng kula ugi dhateng Ki Wungkul lan turun-turunipun, jalaran
taksih dereng narimakaken pejahipun Ki Butulan kala rumiyin. Ki Waruju lan Ki
Bontot nginten menawi pejahipun Ki Butulan jalaran paekanipun Ki Lurah, kula
lan Ki Wungkul, menika ketitik saking sumebaring cariyos ngayawara ing
wande-wande ingkang nyariyosaken bilih tiyang sepuhipun Ki Waruju menika rumiyin
tiyang ingkang satuhu wicaksana. Kamangka kanyatanipun boten leres”.
“Inggih Paman” Puranta suka wangsulan “badhea
kados menapa, kula ugi kedah ngakeni menawi lahiripun kawicaksanan ingkang
boten wicaksana menika, kula tumut udhu lan kedah tanggel jawab. Inggih awit
saking menika, kula nyuwun pangestu dhateng Paman Bebau, kula badhe sowan ing
ngarsanipun Kakangmas Jaswana, badhe atur pemut murih Kakangmas Jaswana wangsul
malih ngambah margi ingkang sampun ginarisaken dening Bapa Raden Riyasa
salebeting Kakangmas Jaswana ngayahi jejibahan mninangka Lurah ing Kalurahan
Tambak mriki menika”.
“Menika kula kinten inggih langkung
prayogi Anakmas” tumanggapipun Bebau Tengah kalih mesem “nanging Anakmas kedah
ngatos-atos, sampun ngantos kadenangan Ki Bebau Kidul menapa dene Ki Bontot.
Awit menawi ngantos tiyang kalih menika ngertos bab menika, kajawi aturipun
Anakmas Puranta dhateng Anakmas Jaswana badhe muspra tanpa gina, ugi saged
ngundang memala tan wurunga kekalihipun badhe maeka murih Anakmas Puranta
cilaka”.
Saestu anuju satunggaling sonten ing
wanci sabibaring serap surya, ing wekdal ingkang mirunggan, Puranta siyos sowan
dhateng dalem Kalurahan. Ujubipun namung martuwi kasugenganipun ingkang raka
inggih Ki Jaswana ingkang sampun jumeneng kanthi sebatan Ki Tambak Kapindho. Ki
Lurah Tambak Kapindho sanget suka penggalihipun awit sowanipun Puranta menika.
Kekalihipun lajeng sami jejagongan ingkang gayeng, jejagonganipun kakang kalih
adhinipun. Inggih ing kalodhangan menika, Puranta lajeng ngaturaken murih Ki
Lurah Tambak Kapindho kersa amirsani malih kawicaksanan enggal ingkang dipun
cakaken. Kathah-kathah anggenipun Puranta ngaturaken bab prihatosing para Bebau,
Para Sapukawating Kalurahan mandhapipun para kawula, awit slaganipun Ki Bontot
lan Ki Bau Kidul ingkang dhemen tumindak kanthi akekudhung panguwaos lajeng
damel kuciwaning para kawula.
Midhanget aturipun ingkang Rayi makaten
menika, Ki Tambak Kapindho lajeng ngendika :
“Iya Dhimas, aku banget ngaturake panuwun
marang Dhimas Puranta. Kabeh kang Dhimas kandhakake iki bakal tak gagas tak
limbang lan tak timbang, yen merga kawicaksanan sing wis tak cakake bisa
mbebayani tumrap karaharjane Kalurahan Tambak iya mesthi bakal tak suwak lan
tak ganti nganggo kawicaksanan kang jumbuh karo kang dibutuhake dening
Kalurahan lan kawula ing Tambak kabeh”.
“Ngaturaken genging panuwun Kangmas”
kantho raos marem Puranta ngaturaken panuwun dhateng Ki Tambak Kapindho.
Sasampunipun kaanggep sampun cekap
betahipun, Puranta lajeng pamitan badhe wangsul dhateng griyanipun malih. Ki Tambak
Kapindho inggih lajeng nguntabaken wangsulipun Puranta ngantis dumugi regol
ngajeng. Kalihan mlampah wangsul Puranta nggagas, bilih boten dangu malih
para-para ingkang sami kacuwan awit kawicaksananipun Ki Tambak Kapindho, badhe
tumuli mantun. Estunipun salebeting manah Puranta ugi kepengin daya-daya saged
manggihi Bebau Tengah kangge ndumugekaken wartos ingkang dipun anggep
ngremenaken menika, nanging gandheng kawontenan sampun radi dalu, Puranta
lajeng murungaken anggenipun badhe bablas dhateng griyanipun Bebau Tengah. Ing
batos badhe manggihi Ki Bau tengah ing dinten candhakipun kemawon.
Nanging jebul petanganipun Puranta
mleset, dinten enjingipun Puranta jebul repot magepokan kalihan anggenipun
badhe nanem pantun ing sabinipun. Repotipun Puranta boten cekap setunggal
dinten, nembe ing dinten katiga Puranta radi longgar. Lajeng enjingipun
tata-tata badhe dhateng griyanipun Bebau Tengah.
“Kula nuwun Gus” dumadakan nalika Puranta
badhe menyat saking griyanipun wonten tamu tiyang kalih, inggih sapukawating
Kalurahan ingkang asikep dedamel ingkang jangkep. Puranta radi ngungun
manahipun. Lajeng pitaken menapa pikajengipun sapukawating kalurahan kekalih
menika dumugi ing griyanipun kanthi asikep dedamel ingkang jangkep.
“Nyuwun pangapunten Gus” wangsulanipun
salah satunggal saking Sapukawating Kalurahan menika “kula namung sadremi
nindakaken kuwajiban, inggih menika anglarapaken Gus Puranta ing sangajenging
Parepatan Dhusun. Awit saking menika, murih saenipun sumangga Gus Puranta kula
dherekaken bidhal sak niki ugi dhateng Pendhapa Kalurahan, sampun ngantos
ndadak kula ngginakaken pamrawasa”.