Total Tayangan Halaman

Minggu, 19 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (031)

 

31.

       Gandheng Ki Lopara boten semaur, Puranta inggih lajeng mendel kalihan nyawang kemawon. Awit Puranta ajrih menawi Ki Lopara lan siswa-siswanipun lepat ing panampi kalihan sedyanipun ingkang sae. Sareng kawontenanipun Ki Lopara sansaya ketingal nguwatosi, katitik kalihan ambeganipun ingkang sansaya krenggosan lan cekak-cekak. Ki Jagabaya Bontot lajeng mbisiki ing talinganipun Ki Lopara :

       “Guru, menika Angger Puranta badhe caos hawa murni kangge ngusadani tatunipun Guru, menapa Guru ngeparengaken?”.

       Ki Lopara panggah boten semaur, nanging saged mbikak mripatipun malih lan saged manthuk, menika minangka tandha bilih piyambakipun purun dipun usadani dening Puranta mawi kekiyatan hawa murni.

       “Mangga Gus, Guru sampun kersa nampi hawa murni saking ndika” wicantenipun Ki Jagabaya Bontot dhateng Puranta.

       “Matur nuwun saderengipun Gus” Ki Bebau Kidul ugi tumut wicanten “mugi-mugi hawa murni ndika saged caos pitulungan dhateng Ki Lopara”.

       “Inggih Ki Bau lan Ki Jagabaya” wangsulanipun Puranta cekak.

       Puranta lajeng mapan linggih, ngempalaken kekiyataning batin, tanganipun kados dene lampahing tiyang samadhi, inggih menika mripatipun kados dipun remaken, nanging estunipun nglirik pucuking grana. Epek-epek dipun tangkepaken lan kapapanaken ing sangajenging dhadha. Mlebet lan medaling ambegan dipun tata. Sareng sampun sawatawis anggenipun lampah makaten, lajeng epek-epekipun ingkang kanan kaangkat majeng, ngarah dhateng raganipun Ki Lopara ingkang semendhe dhateng Ki Jagabaya Bontot. mBaka sakedhik, cahyanipun Ki Lopara pulih, boten pucet malih, ambeganipun ugi lajeng limrah kados padatan. Nanging panggah taksih dereng mbukak mripatipun. Sanaosa makaten Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya ketingal wiwit ayem malih, kekalihipun rumaos bilih Gurunipun boten siyos pejah awit kasoran tandhing kalihan Puranta.

       Manawi Ki Lopara mbaka sakedhik ketingal sansaya sae, benten malih kalihan kawontenanipun Puranta. Praupanipun ketingal pucet, abang dluwang kawontenanipun, kringet asrep mbanjir saking badanipun kados ilining toya banjir. Hawa murni ingkang dipun ginakaken kangge mbiyantu Ki Lopara pranyata boten sakedhik, meh sedaya kekiyataning Puranta telas kakuras kalebetaken dhateng raganipun Ki Lopara. Wekasan Puranta ngraosaken sakujuring salira kados linolosan bebayunipun. Nalika nglirik dhateng papanipun Ki Lopara ingkang sampun boten katingal pucet malih, Puranta ngendeli anggenipun kintun hawa murni. Nanging tenaganipun ugi sampun kantun sakedhik. Mila Puranta inggih lajeng, nata ambeganipun kangge mulihaken tenaganipun piyambak kanthi nglajengaken anggenipun linggih kados lampahing tiyang samadhi.

       “Ha…ha….ha……” dumadakan Ki Lopara mencolot saking papanipun sendhen dhateng Ki Jagabaya Bontot, lajeng gumujeng lakak-lakak. Tiyang-tiyang ingkang sumerep sami ningali kanthi praupan ngungun lan eram dhateng kawontenanipun Ki Lopara ingkang sampun pulih kados wau saderengipun perang tandhing kalihan Puranta.

       “Puranta wong bodho…….” Ing sela-selaning gumujengipun Ki Lopara wicanten seru “aku nedha nrima marang kowe sing wis lila aweh hawa murni marang aku, nanging sumurupa Puranta, uripku ora bakal krasa tentrem yen jagad iki isih kanggonan menungsa kaya kowe kuwi. Saiki rasakna lan tampanana Paser Angin saka Ki Lopara bakal tak tibakne menyang ragamu!”.

       Rampung anggenipun wicanten ngaten menika, Ki Lopara lajeng ndudut tulupipun ingkang kala wau dipun sengkelit ing geger. Lajeng lathinipun komat-kamit ngrapal mantram. Boten dangu tulup kaarahaken dhateng Puranta ingkang nembe samadhi mulihaken kekiyatan. Saking pucuking tulupipun Ki Lopara ketingal wonten cahya biru ingkang mencolot nyamber dhadhanipun Puranta.

       Kados gedebog ingkang kawratan uwoh, kadhawahan Paser Anginipun ki Lopara, Puranta lajeng nggeblag ing siti, rebah boten saged ebah. Kekiyatanipun ingkang badhe kapulihaken malah lajeng telas kenging ampuhipun Paser Angin ingkang dipun lepasaken Ki Lopara.

       “Bontot karo Waruju, saiki kari bageyanmu. Mongsaborong nggonmu arep males lara wirang marang menungsa sing jeneng Puranta iki. Aku arep leren ing padhepokan dhisik”. Ki Lopara lajeng mencolot, miyak tiyang-tiyang ingkang sami ngadeg ngupengi papan menika, lajeng gegancangan mlajar boten wonten ingkang sumerep purugipun.

       Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, tanggap kalihan ingkang dipun prentahaken dening Gurunipun. Tiyang kalih menika lajeng nyaketi papanipun Puranta ingkang ngglethak tanpa daya. Kados tiyang ingkang kesurupan setan, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot lajeng mrawasa Puranta kanthi sasekecaning manahipun. Gentosan tiyang kalih niku nyadhuk lan nepang tuwin ndugangi Puranta ingkang sampun boten saged males malih menika. Sakujuring badanipun Puranta lajeng dipun pidak-pidak badhe dipun remuk bebalungipun. Nalika samanten Sirep, semahipun Puranta dugi. Sumerep kawontenanipun Puranta ingkang dados pangewan-ewanipun Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, sakala njerit kamigilan, boten tega ndulu kawontenanipun tiyang jaler ingkang dados pangayomanipun menika.

       Mireng suwantenipun Sirep ingkang njerit kala wau. Jagabaya Bontot lan Bebau Kidul, ingkang inggih dhasaripun sampun ngraosaken sayah lajeng minggir nebih. Ngiras pantes badhe kendel, ngunjuk toya kangge nelesi gorokanipun ingkang sampun sami kraos ngelak.  Sirep lajeng nubruk kakungipun kalihan dipun tangisi.

       “Gek iki lelakon apa ta Kakang?” kalih nangis Sirep wicanten dhateng Puranta “apa luput ndika nganti ndika dipilara lan disiksa kaya mengkene dening Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot iki?”.

       “Aja nangis Sirep” dumadakan Puranta ingkang wiwit kala wau namung kendel sanaosa dipun dadosaken pangewan-ewan dening Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot jebul taksih saged guneman “mbok menawa iki wis dadi lakonku sajroning urip. Ora prelu digetuni lan ora pantes ditangisi, lakon kuwi wajibe ya dilakoni, awit iki wis dadi lakuning urip kang kudu dilakoni dening Puranta, mula kudu nggedhekne sangu kanggo nglakoni lakon sing dadi lakuning urip iki, ya iku kesabaran lan rasa pasrah marang Gusti. Aja sambat, aja nangis lan aja ngresula awit tangis, sambat lan pangresula kuwi ora dibutuhake ing laku, kajaba mung bakal ngrerendheti nggonku bisa oleh pitulungan saka Gusti”.

       Sirep boten saged wicanten menapa-menapa mireng pitutur ingkang medal saking lathinipun Puranta ingkang sampun boten nggadhahi daya menapa-menapa menika. Inggih ing wanci menika, Ki Lurah Tambak Kapindho ingkang dipun dherekaken Ki Bebau Tengah rawuh, miyak titiyang ingkang sami rapet jejer ngepung kupeng.

       Bebau Kidul lan Ki Jagabaya ketingal kaget, boten nyana menawi Ki Tambak Kapindho sampun lepas saking panyengkereming Paser Angin ingkang dipun tamakaken dening Ki Lopara kala wau. Nanging bawanipun tiyang ingkang sampun sugih pengalaman, tiyang kalih kala wau tumuli saged nindakaken lampah samudana temah babar pisan boten nedahaken kageting manahipun. Malah kekalihipun ugi lajeng nyaketi Ki Lurah, lajeng ndheprok ing ngarsanipun.

       “Nyuwun pangapunten lan tadhah duka Ki Lurah” saderengipun Ki Lurah paring pandangu menapa-menapa Bebau Kidul ngrumiyini caos atur dhateng Ki Lurah.

       “Apa sing wis kedadeyan Paman Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa.

       “Kapeksa kula kalihan Paman Jagabaya Bontot ngginakaken pamrawasa dhateng Gus Puranta, Ki Lurah” aturipun Bebau Kidul “jalaran sanaosa sampun kebukten panjenenganipun ingkang ndhustha Kyai Pantek, nanging panggah boten purun ngakeni. Inggih kapeksa kula lan Paman Bontot sakedhik damel sakit saliranipun Gus Puranta”.

       “Wis kebukten yen sing njupuk Kyai Pantek kuwi Dhimas Puranta, sedulurku dhewe?” Ki Lurah ketingal ngincangaken alisipun “ana bukti apa Paman?”.

       “Kala wau Guru, inggih Ki Lopara rawuh ing papan menika lajeng ngawontenaken prajanjen kalihan Gus Puranta, menawi Gus Puranta saged ngladosi Guru perang tandhing ngantos selangkung jurus ateges Gus Puranta boten ndhustha Kyai Pantek, kosok wangsulipun menawi saderengipun selangkung jurus Gus Puranta sampun boten kiyat nandhingi Guru, mangka menika bukti menawi Gus Puranta ingkang mendhet Kyai Pantek ing plangkanipun. Gus Puranta inggih sampun sarujuk, wekasan saderengipun selangkung jurus Gus Puranta sampun boten saged ngglawat. Angkah kula menawi Gus Puranta kersa ngakeni tumindakipun, inggih badhe kula usadani nanging panjenenganipun Gus Puranta milih boten ngendika menapa-menapa. Wasana kula kalih Paman Jagabaya mbudidaya murih Gus Puranta kersa ngendika lan ngakeni tumindakipun” kanthi trawaca Bebau Kidul atur wangsulan dhateng Ki Lurah.

       “Goroh…..!” dumadakan saking wingking wonten suwantenipun tiyang mbengok. Lan nalika Ki Lurah noleh, jebul ingkang mbengok menika Ki Sarana ingkang pupunipun ketingal dipun blebet mawi suwekan jarit.

       “Apa karepmu Sarana? Sapa sing mbok kandhakne goroh he ?” Ki Lurah mundhut pirsa “lan ya gene pupumu katone lagi tatu kena gegaman kuwi?”.

       “Kowe aja nyoba mbebuket banyu sing wis wening Sarana” Jagabaya Bontot mencerengi Ki Sarana saderengipun Ki Sarana atur wangsulan dhateng Ki Lurah “yen nganti kowe wani guneman sing nyulayani apa sing wis diaturne Ki Bau Kidul mau, aja takon dosa nek klakon tak suwek-suwek lambemu!”.

       “Gampang kuwi Ki Jagabaya” Ki Sarana ngencepaken lambe dhateng Jagabaya Bontot “perkara sing mau bisa ditutugne nek aku wis rampung matur marang Ki Lurah”.

       Dipun wangsuli makaten menika Jagabaya Bontot lajeng kendel, namung mripatipun mencereng kados badhe nglethak-nglethaka sirahipun Ki Sarana.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Sarana lajeng matur dhateng Ki Tambak Kapindho “ingkang goroh menika Ki Bau Kidul. Ki Bau Kidul sampun criyos ngayawara dhateng Ki Lurah, ingkang leres menika boten Lopara ingkang saged ngasoraken Gus Puranta, nanging kosok wangsulipun, malah upami boten dipun welasi Gus Puranta, tiyang tuwek tukang tenung nika wau mesthi sakniki sampun pejah. Nanging dhasar Tukang Tenung kancane dhemit, sampun ditulung malah males menthung dhateng Gus Puranta”.

       Ki Sarana lajeng nyariyosaken lelampahan wiwit Puranta kadugang dening Bebau Kidul ing Pendhapa Kalurahan, kasambet anggenipun Ki Sarana kerengan kalihan Bau Kidul lan Jagabaya Bontot ingkang ndadosaken pupunipun suwek kenging tumbak, ngantos dumugi anggenipun Puranta kadhawahan Paser Angin dening Ki Lopara.

       “Makaten menika lelampahanipun ingkang leres Ki Lurah” Ki Sarana mungkasi anggenipun cariyos, lajeng noleh dhateng wingking sarwi pitaken sora dhateng tiyang-tiyang ingkang wonten mriku “leres makaten ta sedulur sedaya?”.

       “Nggiiiiiiiiiiih…………..” meh sepalih langkung tiyang-tiyang ing mriku sami wangsulan.

       “Boten leres menika Ki Lurah” Jagabaya Bontot munjuk atur saderengipun Ki Lurah paring wangsulan dhateng anggenipun Ki Sarana cariyos “Ki Sarana menika kala wau dumadakan ngamuk ing Pendhapa, boten cetha sababipun ngamuk, kula kinten nembe kasambet utawi kapencokan dhedhemit. Gandheng anggenipun ngamuk kalih nyepeng tumbak kapeksa kula larak dhateng plataran lan kula lumpuhaken mawi tumbak kenging pupunipun. Lajeng tumindak kula kala wau dipun lepataken dening Gus Puranta. Meh kemawon kula kerengan kalih Gus Puranta, tujunipun Guru Kyai Lopara tumunten rawuh lan ngawontenaken prajanjen kalih Gus Puranta kados ingkang dipun aturaken Ki Bebau Kidul dhateng Ki Lurah kala wau. Kalih malih, mesthinipun Ki Lurah ugi sampun pirsa menggah kasektenipun Guru kula Ki Lopara, dados ketingal sanget menawi cariyosipun Sarana menika kala wau menawi ngayawara, inggih awit inggih cariyosipun tiyang ingkang nembe kepencokan dhedhemit ingkang nusup ing raganipun”.

Ana candhake

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (030)


 

30.

       Ki Bebau Tengah dereng saged atur wangsulan dhateng Ki Tambak Kapindho, senadyan estunipun Bebau ingkang yuswanipun sampun sepalih umur menika langkung pitados dhateng Puranta, nanging badhe ngaturaken pamanggihipun rumaos ajrih menawi dipun lepataken dening Ki Lurah. Nyai Lurah ingkang ugi taksih wonten ing papan mriku, inggih namung kendel kemawon, awit sampun wongsal-wangsul piyambakipun mireng saking Bebau Kidul bilih wonten kekiyatan ingkang badhe njungkeng kawibawanipun Ki Lurah menika.

       “Sabanjure Ki Bau Tengah” Ki Lurah ngendika malih “yen mau ndika wis aweh kabar marang aku, aku ketiban Paser Angin kang sinurung mantram gaib sing dilepasne dening wong sing nedya gawe kisruh ing Kalurahan kene. Miturut Paman Bau sapa menungsane kuwi he?”.

       “Ingkang langkung mangertos menika namung Angger Puranta Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Tengah.

       “Dadi ndika ora weruh dhewe?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

       “Leres Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Tengah blaka.

       “Padha karo aku Ki Bau” Ki Lurah ngendika malih “aku ya ora ngerti dhewe, nek ana wong-wong sing nedya arep njungkeng kawibawanku minangka lurah ing Tambak kene. Nek ndika merga dikandhani Dhimas Puranta, lha yen aku merga diwaduli dening Ki Jagabaya Bontot lan Paman Bebau Kidul. Sedina sadurunge Keris Kyai Pantek ilang saka plangkan, Paman Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot nemoni aku karo nganthi gurune sing asmane Ki Lopara. Miturut Paman Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot, pusaka piyandele wong loro kuwi asung sasmita manawa Kalurahan Tambak arep geger, jalaran ana wong sing nyusun kekuwatan lan nedya ngrebut panguwasa saka tanganku. Aku weruh dhewe nalika keris sekti sing duweke Paman Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot kuwi ditakoni dening Ki Lopara, keris-keris mau padha aweh sasmita yen ana wong sing duwe sedya kaya sing diwadulake Paman bebau lan Ki Jagabaya Bontot mau, kanthi bisa ngadeg jejeg ing dhuwuring jubinan ukirane ana ing dhuwur. Banjur Ki Lopara nambahi maneh yen satemene sing duwe sedya ala kuwi mau, isih sedulurku dhewe. Mula sanadyan Ki Lopara ora nyebutne jeneng, aku banjur duwe gagasan yen sedulurku kuwi mung siji ya iku Dhimas Puranta”.

       “Nanging kanyatanipun ingkang paring dhawuh dhumateng kula murih madosaken jampi Ki Lurah menika malah Angger Puranta Ki Lurah?” Ki Bebau tengah munjuk atur “dede Ki Lopara, utawi Ki Bebau Kidul menapa dene Ki Jagabaya Bontot”.

       “Mula kuwi, aku ya dadi rada bingung dhewe ngrasakne lelakon iki” Ki Lurah paring wangsulan “lha saiki Dhimas Puranta, Paman Bebau Kidul lan Ki Jagabaya sarta para pamong lan Sapukawating Kalurahan padha menyang ngendi?”.

       Ki Bebau Tengah lajeng nyariyosaken, wiwit Ki Bebau Kidul ndugang Puranta lajeng Ki Sarana nantang Ki Bebau Kidul, ngantos Puranta utusan piyambakipun murih pados Dawegan Ijem ingkang sajanjang namung isi setunggal.

       “Dados mbok menawi kemawon taksih sami wonten ing Plataran Pendhapa Kalurahan, Ki Lurah” Ki Bebau Tengah mungkasi anggenipun cariyos lan matur mbok bilih kemawon titiyang kala wau taksih ing Plataran .

       “Elho dadi iki mau wong-wong padha kerengan dhewe-dhewe, Ki Bau?” Ki Lurah ketingal kejot penggalihipun midhanget aturipun Ki Bebau Tengah.

       “Kula kirang mangertos kanthi cetha Ki Lurah awit kula namung nggagas murih enggal saged kepanggih Dawegan Ijem ingkang sajanjang namung isi setunggal, namung kemawon saking katebihan kula wongsal-wangsul mireng suwanten keplok-keplok saha surak ingkang ambata rubuh saking Plataran Kalurahan” Ki Bebau Tengah matur jumbuh kalihan menapa ingkang dipun ngertosi.

       “Yen mangkono, aku kudu ngerti dhewe apa sing wis dumadi ing Plataran Kalurahan, sajake wong-wong kae wis tumindak sing dudu karepe dhewe, gawe gendra ana Plataran Kalurahan tanpa ana idi palilah saka aku, Lurah Tambak sing sejati” Ki Lurah ketingal radi duka, lajeng jumeneng nunten miyos menjawi badhe dhateng Plataran Pendhapa Kalurahan. Ki Bebau Tengah lajeng daya-daya nututi.

       Amangsuli cariyosipun Puranta ingkang nembe perang tandhing mengsah Ki Lopara. Saestu Puranta sampun nuruti pakenipun Ki Lopara ingkang nantang murih Purata purun gentos nyerang mawi jurusipun, boten namung endha utawi nangkis serangan saking Ki Lopara kemawon. Pranyata ngelmi kanuragan ingkang wonten ing angganipun Puranta boten nguciwani. Sanaosa dereng migunakeken kekiyatan ingkang wetah, ewa samanten saben-saben pangrangsanging Puranta dipun tangkis dening Ki Lopara, lajeng nuwuhaken suwanten ingkang banter. Papan ing sakanan keringipun kados ketrajang lindhu, horeg. Sampun watawis kalih dasa jurus anggenipun Puranta suka panyerang dhateng Ki Lopara, lan saben-saben jurus kapungkasan kanthi mencelatipun Ki Lopara gangsal ngantos pitung jangkah lajeng dhawah klumah golung koming ing nginggiling siti. Lan Puranta ugi kontal mundur watawis tigang jangkah, sanaosa boten ngantos dhawah, nanging panggah kuda-kudanipun ambyar, malah sok ngantos adegipun dados sempoyongan menapa.

       Ngancik jurus kaping selangkung kapetang saking anggenipun Puranta suka panyerang, Ki Lopara boten namung siyaga anangkis kemawon. Nanging malah tata-tata badhe gentos angrangsang malih.

       “Tak sabari jebul kowe ora njawa Puranta” Ki Lopara wicanten kados sima ingkang nggereng.

       “Nyuwun pangapunten Kyai” wangsulanipun Puranta kepireng sansaya tatag “inggih awit saking cetheking kawruh kula, temah boten mangertosi menapa ingkang Ki Lopara kersakaken”.

       “Aja kakehan cangkem!” Ki Lopara wangsulan kalihan nggetak “saiki tata-tataa kanggo manjing menyang dhasaring neraka!, kuwat nadhahi Jurus Upas Naga Biru, tak sembah dlamakanmu kowe Puranta”.

       Rampung wicanten makaten menika, Ki Lopara lajeng ngeremaken mripatipun. Sapandurat sampun dados biru sedaya saliranipun, ing tangan lan epek-epekipun ketingal kumendheng kukus keluk warni biru. Ki Lopara sampun nedya nglepasaken jurus pamungkasipun kangge nyirnakaken Puranta. Sakeplasan Puranta nggragap, nanging tumunten emut bilih dening tiyang sepuhipun nate kaparingan jurus sekti ingkang nami Aji Tawakalan. Aji ingkang namung kenging kaginakaken menawi nembe kepepet kemawon. Lan sedinten namung kenging ngecakaken aji menika kaping sepisan.

       Tiyang-tiyang ingkang ngepung kalangan sami ngampet ambegan, nalika sumerep kawontenanipun Ki Lopara ingkang sampun kawungkus pega warni biru lan Puranta ingkang dumadakan santun warni dados pethak memplak kados pethakipun salju ing pucaking wukir. Prabawanipun tiyang kalih menika sakalangkung ageng, temah kuwawa damel tiyang-tiyang ingkang ngepung sami mundur ngantos pinten-pinten jangkah.

       mBaka sakedhik Ki Lopara majeng nyaketi Puranta, samanten ugi ingkang dipun tindakaken Puranta. Nalika leting tiyang kalih menika kantun watawis setunggal dhepa. Kepireng Ki Lopara ngrapalaken mantram sekti ingkang kirang cetha menawi kapirengaken dening tiyang limrah. Puranta ugi lajeng angimbangi maos mantra piwucalipun Ki Tambak Kapisan inggih menika mantram Aji Tawakalan : - asalku saka Gusti lan mung marang Gusti aku bali, tan ana daya kekuwataning titah kang angungkuli pangwasaning Allah, aku ringkih lan apes mung Allah kang tan bisa kinalahake dening sok sapa wae – .

       Rampung anggenipun sami ngrapal mantram, Ki Lopara mencolot badhe namakaken epek-epekipun dhateng dhadhanipun Puranta. Puranta langkung prayitna, epek-epekipun Ki Lopara dipun papag mawi epek-epekipun ugi. Dumadakan srengenge kados surem, kawontenan dados peteng kados badhe jawah deres. Sakedhap-sakedhap ing sanginggilipun tiyang kalih kala wau, ketingal kilat warni biru lan warni pethak sami sesamberan lan nuwuhaken suwanten gumrebeg kados suwantenipun sindung riwut. Sansaya kekes manahipun tiyang-tiyang ingkang sami ningali, malah boten sakedhik tiyang-tiyang ingkang waunipun pados papan ing ngajeng piyambak, lajeng sami ndhesel mundur nebihi papan ingkang kangge perang tandhing Ki Lopara lan Puranta.

       Sareng sampun radi sawatawis dangu epek-epekipun Ki Lopara lan Puranta tempuk. Dumadakan wonten suwanten bledheg ingkang tanpa karumiyinan dening kilat, ndadosaken tiyang-tiyang sami gragapan kaget lan boten sranta sami nutupi kupingipun piyambak-piyambak.

Anyarengi suwanten bledheg kala wau, ketingal Puranta mencelat mumbul lajeng dhawah ing siti, dhawahipun jengkeng. Lajeng mutahaken rah seger saking tutuk warni abrit watawis sakemonan kathahipun. Praupanipun ketingal pucet, mratandhani menawi nembe nandhang tatu lebet. Puranta lajeng nindakaken lampah samadhi, epek-epekipun kekalih dipun tangkebaken dipun papanaken ing sangajenging dhadha. Alon-alonan Puranta nata wedaling napas. Sareng sampun sawatawis anggenipun asikep makaten menika, lon-lonan cahyanipun ingkang pucet pulih dados radi abrit malih. Nanging Puranta boten daya-daya ngadeg, namung mripatipun tansah waspada ngulati papanipun Ki Lopara.

Sauntawis menika, Ki Lopara ingkang ugi kontal mundur radi tebih, dhawahipun klumah. Saking tutukipun ngedalaken rah mateng warni cemeng kenthel radi kathah. Benten kalihan Puranta ingkang namung kendel lan boten nyuwanten menapa-menapa, Ki Lopara kalih ngathang-athang ing siti, mripatipun merem dhipet, nanging saking tutuk ngedalaken suwanten nggereng kados suwantenipun sima ingkang badhe nubruk mangsanipun.

Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot ingkang sumerep gurunipun rebah kapidara kados makaten menika, lajeng sami daya-daya anyaketi ing pangangkah badhe atur usada dhateng Ki Lopara. Ki Jagabaya Bontot lajeng, ngangkat sirahipun Ki Lopara dipun pangku ing pupunipun. Ki Bebau Kidul lajeng ngedalaken  gembes bumbung isi toya, Ki Lopara badhe dipun unjuki toya. Kajawi menika Ki Bebau ugi lajeng ngrogoh kanthongan rasukan ingkang dipun engge gurunipun. Mendhet bumbung isi jampi arupi bunderan warni soklat agengipun sa wijining kates. Ki Bebau Kidul mendhet bunderan kala wau cacah tiga, lajeng kalebetaken ing tutuking gurunipun lan kasentor mawi toya.

Sasampunipun kaunjukan jampi warni soklat kala wau, ketingal Ki Lopara saged mbikak mripatipun, nanging praupanipun inggih taksih pucet sanget. Ki Lopara lajeng suka sasmita dhateng Ki Jagabaya Bontot bilih piyambakipun ngersakaken lenggah. Ki Jagabaya tanggap, kanthi alon-alonan Ki Lopara dipun lenggahaken, Ki Jagabaya Bontot lenggah ing wingkingipun, dhadhanipun dipun engge sendhen dening Ki Lopara.

Puranta ingkang sampun radi pulih tenaganipun, rumaos welas sumerep kawontenanipun Ki Lopara. Miturut petanganing nalaripun, tiyang sepuh ingkang kondhang sekti mandraguna menika badhe boten saged katulungan umuripun menawi boten tumuli dipun usadani, kanthi kapulihaken tenaganipun. Puranta lajeng ngadeg, nyaketi papanipun Ki Lopara lajeng mapan linggih, kanthi suwanten ingkang alus Puranta wicanten :

“Nuwun sewu Kyai, miturut panyawanging mripat kula, Ki Lopara mbetahaken pambiyantu hawa murni kangge nututi plajengipun tenaga ingkang badhe oncat. Mugi wonten dhanganing penggalih, kula badhe atur pambiyantu ngaturaken hawa murni dhateng salira jengandika Kyai Lopara”.

Ki Lopara boten semaur, malah mripatipun wangsul merem malih, wajanipun dipun gegetaken sajak ngampet raos sakit ing badanipun. Ki Jagabaya Bontot miwah Ki Bebau Kidul, ketingal sami pucet praupanipun, mracihnani menawi kekalihipun nembe ngampet raos kuwatos.

 

Ana candhake

 

 

Kamis, 16 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (029)


 

29.

       Puranta mila nate mireng bab kondhanging kasektenipun tiyang ingkang nami Ki Lopara menika, satunggaling Dhukun ingkang nggadhahi pinten-pinten prewangan saking bangsaning Jim Setan Priprayangan. Kasektenipun prasasat saged njara langit. Inggih awit saking menika Puranta rumaos kedah langkung ngatos-atos, jalaran kirang-kirang begjanipun, wantun mengsah kalihan Ki Lopara menika saged dumugining tiwas lajeng yitmanipun dipun dadosaken mangsanipun para prewangan srayanipun Ki Lopara.

       Jurus kapisan dipun wiwiti, Ki Lopara majeng kalihan ngebahaken kepelanipun ngarah dhadha, Puranta boten purun nangkis mawi tangan, nanging milih ngendhani temah kepelanipun Ki Lopara namung ngengingi awang-awang, ewa samanten sumiyuting angin saged karaosaken dening Puranta bilih kepelan tanganipun Ki Lopara menika ngemu tenaga ingkang ageng sanget. Ngertos menawi kepelanipun dipun endhani, Ki Lopara lajeng ngingset adegipun tanpa ngangkat sukunipun, ngetutaken plajenging pangendhanipun Puranta. Lajeng gentos sukunipun ingkang dipun ginakaken nyerang Puranta, sukunipun Ki Lopara nyadhuk ngarah lambung. Puranta boten saged ngendhani, lajeng ngginakaken tangan kananipun ingkang kabekuk, sikutipun kangge nutupi lambung dene tanganipun kering kadamel mikuwati tangkisan tanganipun kanan.

       Kepireng suwanten gumebrug. Puranta kontal sekawan jangkah mundur, kuda-kudanipun buyar, nanging namung sakedhap sampun jejeg malih adegipun. Ki Lopara piyambak, kabendalan tenaganipun ingkang nanggor sikutipun Puranta, kontal mundur gangsal jangkah, sempoyongan nanging boten ngantos dhawah ing siti. Sami kalihan pangudasmaraning Puranta, Ki Lopara rumaos eram ndulu kekiyataning Puranta, sanaosa taksih timur suprandene kiyat nampani duganganipun ingkang sinurung kekiyatan hawa murni ingkang ageng. Adat ingkang sampun, sinten kemawon ingkang kadugang dening Ki Lopara begja-begjanipun badhe kontal rebah ing siti. Nanging jebul Puranta sajak boten pati kraos, sanadyan kuda-kudanipun kober ambyar nanging tumuten saged ndandosi adegipun. Ki Lopara ugi eram daya panangkising Puranta pranyata kuwawa mbendalaken tenaganipun piyambak temah kontal mundur, lan kober sempoyongan.

       “Aja kesusu ngguyu dhisik Puranta” Ki Lopara nggereng kalih nyawang Puranta “tenaga sing tak cakne kanggo iki mau durung ana setelon saka kekuwataning jususku, mula pantes wae yen kowe durung rubuh ndhepani lemah”.

       “Matur nuwun Ki Lopara” wangsulanipun Puranta kadamel ayem “tuhu kekiyataning jurus ndika ngedab-edabi, sanaosa namung kirang saking satelon, ewa dene saged damel badan kula mencelat mundur. nDika nyata tiyang sepuh ingkang nggegirisi, mugi-mugi anggen kula atur lelados dhumateng jengandika boten adamel cuwaning penggalih”.

       “Keparat, alus basamu nanging ngemu rasa sing paite ngluwihi godhogan babakan pule” Ki Lopara semaur, praupanipun sansaya abrit awih kaobong dening genining kanepson “muga-muga ora ana sing ngluputake aku yen kapeksa kowe mati ketiban jurusku”.

       “Mangga Ki Lopara, sampun tidha-tidha, paring tuntunan dhateng kula, kula pitados boten badhe wonten ingkang nglepataken ndika menawi kula boten kiyat nglampahi piwucal saking Ki Lopara” kepireng boten ngemu raos kuwatos, Puranta suka wangsulan.

       Ki Lopara sansaya mindhak anggenipun nesu, lajeng ngambali anggenipun ngrangsang lan nyerang Puranta, nanging Puranta panggah boten kendhat anggenipun tansah prayitna. Ngantos dangu lan pinten-pinten jurus sampun dipun cakaken dening Ki Lopara, ewa samanten dereng wonten tandha-tandha sinten ingkang badhe unggul ing salebeting perang tandhing menika. Jalaran nalika samanten Puranta namung sadremi ngladosi jurus ingkang dipun pasang dening mengsahipun, menawi saged dipun endhani inggih Puranta endha, nanging menawi boten saged inggih dipun tangkis. Lan saben-saben jurus seranganipun Ki Lopara kenging dipun tangkis dening Puranta, mesthi nuwuhaken suwanten jumleggur, wonten kekiyatan ageng kalih ingkang tatapan.  Lan saben-saben kalih kekiyatan menika tempuk, mesthi ingkang ngadhahi kekiyatan sami dene anggenipun kontal mundur. Ingkang menika nedahaken bilih kekiyataning Puranta kalihan kekiyataning Ki Lopara Dhukun Sekti gurunipun Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot menika mila boten tebih kaotipun. Tiyang-tiyang Tambak inggih para Sapukawating Kalurahan lan Para Pamong ingkang sumerep perang tandhing menika sami anggenipun gumun wor lan raos eram, jebul Puranta menika tebih saking anggenipun sami nginten ing saderengipun.

       Nalika samanten anggenipun perang tandhing tiyang kalih menika sampun kliwat saking tigang dasa jurus. Ki Lopara sampun rumaos bosen kalihan anggenipun namung nyerang lan Puranta namung endha sarta nangkis kemawon. Ki Lopara sampun boten ngrewes kalihan ucapipun piyambak nalika nantang Puranta kala wau, inggih menika namung nyukani selangkung jurus dhateng Puranta lan piyambakipun sampun pitados bilih Puranta saged dipun kawonaken boten ngantos selangkung jurus. Nanging Ki Lopara api-api supe dhateng ucapipun kala wau. Malah lajeng wicanten dhateng Puranta :

       “Puranta sanadyan aku wis tuwa tak jaluk kowe aja banjur ngremehake marang aku!”.

       “Sinten ingkang wantun ngremehaken jengandika Kyai?” wangsulanipun Puranta “inggih nyuwun pangapunten menawi awit saking bodho kula, boten saged ngladosi kanthi sae dhumateng jengandika ing gladhen menika”.

       “Aja api-api bodho kanthi ngajeni marang aku, kowe Puranta” Ki Lopara nggetak sora “apa kok kira aku ora ngerti nek kowe nedya nguras tenagaku kanthi mung wani ngendhani seranganku tanpa wani genti males nyerang?. Ayo yen nyata kowe perwira, genti tibakna jurusmu marang aku!”.

       “Kyai ngersakaken kula sinau nyerang?” wangsulanipun Puranta panggah mawi suwanten ingkang alus lan sareh “menawi menika ingkang ndika kersakaken, inggih nyuwun pangestu Kyai, kula badhe nuruti menapa pamundhutipun Ki Lopara”.

       “Bagus! Ayo kaya apa tandangmu lan sepira kekuwataning jurusmu, tak enteni tibakna marang ragaku, Keparat!” Ki Lopara nyuwanten kanthi suwanten sajak ngremehaken dhateng Puranta.

       Puranta lajeng nata adeging kuda-kudanipun, badhe nuruti panantanging mengsahipun. Sawatawis menika ngantos pinten-pinten glugu ing Padhukuhan Tambak ingkang dipun tingali dening Ki Bebau Tengah ingkang madosi Dawegan ijem ingkang sajanjang namung isi setunggal badhe kangge njampeni Ki Tambak Kapindho, ingkang kados tiyang kecalan nalar awit ketaman Paser Angin ingkang sinurung mantram gaib. Sareng anggenipun mider-mider sampun radi kraos kesel, Ki Bebau Tengah sumerep wonten klapa ijem genjah ing pinggiring margi ingkang wonten daweganipun, sejanjang namung isi setunggal. Boten sranta, dawegan nuli kapethik lan kapacakan lajeng dipun bekta wangsul dhateng Kalurahan.

       Jebul nalika Ki Bebau tengah dumugi Kalurahan, Ki Tambak Kapindho sampun dipun elih dhateng amben dipun tenggani Nyai Lurah lan para abdi. Sadaya sami bingung nyumerepi kawontenanipun Ki Tambak Kapindho ingkang kados makaten menika. Sampun dipun unjuki mawi unjukan jahe ingkang anget lan saliranipun Ki Lurah ingkang asrep njejet dipun seka mawi toya lan awu benter, ewa samanten Ki Lurah panggah boten ewah, tetep dlongap-dlongop domblang domblong boten saged guneman menapa-menapa.

       “Nuwun sewu kula ingkang sowan Ki Lurah” Ki Bebau Tengah nyuwun idi badhe mlebet dhateng panggenanipun Ki Lurah dipun lenggahaken.

       “Mangga, mangga Paman Bau” Nyai Lurah nunten paring wangsulan jalaran Ki Lurah boten paring tanggapan menapa-menapa.

       “Matur nuwun Nyi Lurah” Ki Bau Tengah wicanten kalih nyepengi dawegan ijem ingkang sampun dipun pacaki sepetipun “nyuwun pangapunten menawi sowan kula radi randhat, awit nembe kemawon jejampi kangge Ki Lurah saged kula panggihaken ing pategilan celak margi pekarangan kula”.

       “Jampi kangge Ki Lurah, Paman Bau?” Nyai Lurah ketingal gumun, boten nginten menawi Ki Bau Tengah jebul kesah pados jampi kangge Ki Lurah “menapa menika Paman Bau?”.

       “Dhawuhipun angger Puranta kala wau, kula kadhawuhan pados dawegan ijem ingkang sajanjang namung isi setunggal kapurih ngunjukaken dhateng Ki Lurah. Lha menika wujudipun dawegan kala wau, samangke mangga kaparenga Nyai Lurah ngunjukaken toyaning dawegan menika dhateng Ki Lurah” wangsulanipun Ki Bau Tengah kalihan nyaosaken dawegan ingkang dipun cepeng dhateng Nyai Lurah.

       “Inggih Paman Bau” wangsulanipun Nyai Lurah “nyuwun tulung ndika cepengi badan lan astanipun Ki Lurah murih boten nampel dawegan ingkang badhe kula unjukaken toyanipun”.

       Kasembadan Ki Lurah sampun ngunjuk toya dawegan kados ingkang kaparentahaken dening Puranta dhateng Ki Bebau Tengah. Waunipun Nyai Lurah lan Ki Bebau Tengah radi ngedhap manahipun, awit sasampunipun kaunjukan toyaning dawegan, Ki Lurah ngeremaken netranipun lajeng mapan sare ing amben. Sakujuring salira ngedalaken riwe ingkang kados toya banjir temah rasukan tuwin sinjang ingkang dipun agem teles kebes kados kacelup ing toya.

       Nyai Lurah kober mirsani praupaning Ki Bebau Tengah kalihan ngemu raos sujana. Ki Bebau tengah ingkang boten nginten menawi Ki Lurah badhe kados makaten, sakalangkung ing ajrihipun. Boten kraos rasukanipun ugi lajeng teles dening riwe asrep.

       “Ehm…em….” Dumadakan Ki Lurah Tambak Kapindho sampun lenggah malih, slaganipun sampun kados tiyang ingkang nglilir saking tilem, lajeng dhehem lan ngendika “ana ngendi aku iki?”.

       “Sokur bage sekethi jumurung Kyaine……” Nyai Lurah nyebut sokur lajeng matur caos wangsulan dhateng Ki Lurah “Kyaine sampun waluya jati jati temahan Nirmala, awit sampun kaunjukan jejampi piwucaling Dhimas Puranta ingkang dipun padosaken dening Paman Bebau Tengah”.

       “Dhimas Puranta?” Ki Lurah mundhut pirsa “menyang ngendi bocahe saiki? Ya gene aku digolekne jamu dening Ki Bebau Tengah? Aku kena apa?”.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Bau Tengah lajeng munjuk atur “estunipun boten wonten ingkang sumerep kajawi Angger Puranta lan tiyang ingkang nedya damel kisruhing Kalurahan Tambak mriki, Ki Lurah sampun kadhawahan Paser Angin ingkang sinurung mantram gaib saking tiyang sekti ingkang nedya damel kisruh ing Kalurahan Tambak mriki, katujunipun Angger Puranta pirsa, mila lajeng dhawuh dhumateng kula murih pados jejampi murih Ki Lurah lepas saking sawabing Paser Angin kala wau”.

       “Iya….iya Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan kalihan ngemut-emut menapa ingkang sampun kedadosan, lajeng dhawuhipun malih “aku kelingan, mau ing Pendhapa Kalurahan, aku nyrengeni Puranta awit miturut palapurane Paman Bebau Kidul lan Paman Jagabaya Bontot, sing nyidra Keris Kyai Pantek kuwi Puranta. Nanging mau Puranta nyelaki kabeh sing dadi pandakwaku lan ndadekne Paman Bebau Kidul nesu. Sabanjure aku banjur ora eling apa-apa. Aku mung kelingan bareng karo Paman Bebau Kidul mencolot nyedhaki Puranta, aku weruh cahya biru sing banget mbalerengi mripatku. Lan ana suwara sing mlebu ing kupingku mangkene : - Ki Lurah, salah siji saka ndika karo Puranta kudu lunga saka Kalurahan Tambak kene, yen ora, kabeh turune Ki Tambak Kapisan bakal tak tumpes kelor ora ana sing kari -. Bubar kuwi aku wis ora weruh lan ora krungu apa-apa maneh. Ngerti-ngerti wis ana kene.  Mula bareng ndika kandha yen aku ketaman Paser Angin sing sinurung mantram gaib lan  sing nuduhi jamu kanggo aku kuwi Puranta, aku banjur dadi sansaya bingung, endi sing kudu tak percaya?”.

 

Ana candhake

Rabu, 15 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (028)


 

28.

       Mireng wicantenipun Puranta ingkang nyamekaken Ki Bebau Kidul kalihan Ki Jagabaya Bontot kalihan kirik utawi anak segawon, tiyang kalih menika sansaya muntab kanepsonipun. Ki Jagabaya ingkang nembe saged tangi saking anggenipun dhawah, ketingal praupanipun dados abrit mangar-mangar samanten ugi praupanipun Ki Jagabaya dados kados ulam urang ingkang dipun bakar ing latu mawa, abrit semu cemeng. Kalih misuh-misuh nyebat namining kewan-kewan remeh, Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot sesarengan majeng ngintunaken serangan dhateng Puranta, mawi gegamanipun piyambak-piyambak. Tumbakipun Ki Bebau Kidul ngarah dhadha dene Pedhangipun Ki Jagabaya kasabetaken ngarah sirahipun Puranta. Nanging Puranta ingkang wiwit alit klawan dhedhemitan wineleg ngelmu kanuragan dening Ki Lurah Tambak Kapisan, sampun siyaga saderengipun. Kanthi ngebahaken raganipun prasaja kemawon, samberan pedhang lan panjojohing tumbak saged dipun endhani. Malah kalih endha Puranta kober ngangkat dhengkulipun kanan, sikilipun kadugangaken temah ngengingi sangandhaping cangklakanipun Ki Jagabaya Bontot. Ki Jagabaya ingkang boten nyana badhe kaparingan dlamakanipun Puranta, sakala misuh badanipun kontal mundur watawis sekawan jangkah lajeng dhawah jekangkangan. Pisuhanipun Ki Jagabaya ngagetaken Ki Bebau Kidul, boten sranta lajeng noleh pamanipun ingkang kontal mundur menika, Puranta langkung prayitna kalih mencolot cendhak kemawon, tanganipun ingkang ngepel dipun dhawahaken ing dhadhanipun Ki Bebau Kidul, nanging mleset temah namung ngengingi salang pundhak. Nadyanta makaten, Bebau Kidul sampun koming temah dhawah ing siti. Pisuhipun boten kantenan.

       “Ya gene ndadak nganggo misuh-misuh nyeluki kewan sing neng kene ora ana Ki Bau lan Ki Jagabaya?” kalih mesem sarwi nyawang tiang kalih ingkang nembe badhe tangi saking anggenipun dhawah, Puranta wicanten “ayo padha tangia, ndika kena maju bebarengan utawa yen kurang bisa ngundang kanca kanggo nyoba anake Ki Tambak Kapisan iki. Bisa tukaran apa ora?”.

       “Setan alas ora genah kowe Puranta!” Ki Bebau Kidul misuh kalih wangsulan “Maling licik kaya kowe kuwi pancen ora pantes diwenehi urip, nanging sadurunge tumeka pati, kowe kudu ngrasakne pasiksan sing luwih abot jalaran saka tumindakmu sing wis wani nyolong piyandel Kalurahan Tambak”.

       “Aja mung waton ndakwa tanpa ana bukti kang nyata Ki Bau” wangsulanipun Puranta “wis sansaya tuwa umur ndika kuwi mbok ya disuda anggon ndika ngecakne laku culika kaya ngono kuwi. Eling Ki Bau, ora nganti satus tahun maneh ndika kuwi mesthi wis ora bisa ngrasakne kanikmataning donya, luwih-luwih Paman ndika Ki Jagabaya Bontot kuwi, ora nganti ngenteni gedhene anak ndika sing ragil kae, paling ya wis jempo, bisa mlaku ora dibantu nganggo reken kuwi wae jeneng wis aran beja”.

       “Iblis keparat tenan kowe Puranta” Ki Jagabaya sakala nggetak kalih majeng sajangkah sarwi ngencengi anggenipun nggegem gaganging pedhang “pancen lambene maling kaya lambemu kuwi ora bisa guneman nek ora nyelaki tumindakmu”.

       “Sapa sing maling Ki Jagabaya?” Puranta mesem kalih wangsulan “kanthi nyawang polah ndika sakloron, saiki aku weruh sapa satemene sing wis wani nyolong Kyai Pantek saka plangkane”.

       “Nek kowe pancen ngerti kandhawa” Ki Bebau Kidul gentos ingkang nggetak “sapa he?”.

       “Salah siji saka ndika wong loro” wangsulanipun Puranta “yen aku diarani nyolong Kyai Pantek arep tak enggo apa hara? Upama aku kepengin dadi Lurah ing Tambak kene, wis biyen-biyen aku bisa dadi Lurah tanpa  kudu nyolong Kyai Pantek luwih dhisik jalaran paugeraning Kalurahan cetha nyebutake yen aku duwe wewenang nutugne sesanggemane wong tuwaku. Beda karo ndika wong loro kuwi, wis diwelasi dening Ki Tambak Kapisan, diparingi kalungguhan sing murwat, ewa samono isih kurang trima, malah sajake saiki kepengin dadi Lurah pisan…….”.

       “Celeng setan tenan kowe Puranta!” Ki Bebau Kidul mendhot wicantenipun Puranta kalih pisuhipun “mbuh apa sing mbok sedya kowe wis maling Kyai Pantek, banjur kanggo nutupi letheking gegedhohanmu kowe malah wani ndakwa aku karo Paman Bontot. Cangkemmu kuwi pancen durung bisa leren nggone gawe crita ngayawara yen durung tak kekrek nganggo wilahaning tumbakku iki…..”.

       “Aja mung bisa guneman wae Ki Bau” Puranta sampun wiwit suda kasabaranipun “ayo yen nyata ndika bisa, buktekna bisa apa ora tumbakmu ngekrek cangkemku!”.

       Dipun tantang kados makaten kala wau, Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot lajeng majeng siyaga badhe ndhawahaken dedamelipun dhateng Puranta. Nanging Puranta langkung waspada lan prayitna wiwit kala wau. Boten dangu ing kalangan ingkang kinepung kupeng dening titiyang ing Kalurahan Tambak menika sampun rame awit kangge ngunggar kasudiran antawisipun Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot ingkang musus dedamelipun piyambak-piyambak  ngrubut Puranta ingkang tanpa mbekta dedamel menapa-menapa.

       Saking plataran papan anggenipun sami kerengan Puranta ingkang kakrubut Ki Jagabaya Bontot lan Ki Bebau Kidul, wongsal-wangsul kepireng keplok lan surak ambata rubuh suwantenipun. Titiyang Tambak ingkang sadangunipun menika ngertosipun Puranta menika namung tiyang limrah ingkang sarwa prasaja, sakniki sami sumerep menawi Puranta menika tuhu putranipun Ki Tambak Kapisan, ingkang nggadhahi ngelmi ulah kanuragan. Tiyang-tiyang menika wongsal-wangsul keplok-keplok kalih surak-surak nalika sumerep Ki Bontot, Jagabaya ingkang kondhang cendhala lan asring damel sakiting tiyang limrah warga Kalurahan Tambak ingkang dipun anggep lepat, menika wongsal-wangsul dipun damel gulung koming dening Puranta. Makaten ugi Ki Waruju ingkang dereng dangu nampi kapitadosan saking Ki Tambak Kapindho minangka sesepuhing para Bebau ingkang remen tumindak sesongaran, dhemen nenantang adu katiyasan dhateng sok sintena kemawon ingkang benten pamanggih kalih piyambakipun, asring dhawah kalenggak awit solahipun piyambak jalaran dipun endhani pangrangsangipun dening Puranta. Tumbak pusaka ingkang kala wau saged damel tatu ageng ing pupunipun Ki Sarana, jebul tanpa wonten pedahipun nalika badhe kangge mrawasa Puranta. Tumbakipun Ki Waruju lan Pedhangipun Ki Bontot babar pisan boten saged nyenggol badanipun Puranta, malah dugangan lan kepelanipun Puranta ingkang saben-saben dipun ebahaken kuwawa ndadosaken tiyang kalih menika sami dhawah jekangkangan ing plataran Kalurahan Tambak.

       Dangu-dangu ketingal menawi Ki Jagabaya Bontot tuwin Ki Bebau Kidul sampun katelasan kekiyatan. Malah ambeganipun ugi sampun cekak-cekak, krenggosan kados maesa ingkang kekeselen awit nggeret garu utawi waluku ing wanci tengange.

       “Saiki kepriye sing dadi kersa ndika Ki Bau lan Ki Jagabaya?” sumerep mengsahipun sami kesayahen, Puranta boten nutugaken anggenipun neter kekalihipun kalihan jurus-jurus kanuraganipun, nanging malah pitaken dhateng kekalihipun “isih nekad arep nutugne nggon ndika arep nyikara aku, apa ndika ngakoni wae yen pandakwa ndika marang aku mau satemene mung gawe-gawe wae?”

       Ngantos dangu Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot boten mangsuli pitakenipun Puranta. Sanaosa sampun boten wantun majeng nrajang mawi dedamelipun malih, nanging kekalihipun dereng purun ngakeni menawi sampun kasoran ing juritipun.

       “Yen ndika sakoloron isih kepengin nutugne anggon ndika gegojegan karo aku ing lataring pendhapa Kalurahan iki, ya ora apa-apa” Puranta wicanten malih “ndika bisa ngombe-ngombe luwih dhisik murih kekuwatan ndika pulih, banjur nutugne nggon ndika nekad arep gawe cilakaku. Aja pakewuh, aku sabar kok ngenteni ndika sakloron”.

       “Nyata ndika wong sekti sing pilih tandhing sembada jayeng palugon Gus” dereng ngantos Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya semaur, dumadakan wonten tiyang sepuh ingkang nyangking tulup mlebet ing salebeting kalangan lan wicanten dhateng Puranta “nanging tak jaluk aja girang gumuyu luwih dhisik, jalaran satemen ndika durung kena diarani nek wis menang”.

       “Nuwun sewu Kyai” Puranta radi kaget awit duginipun tiyang sepuh ingkang nyangking tulup menika, sakeplasan Puranta emut bilih tiyang menika kala wau ingkang nglepasaken Paser Angin ingkang kasurung mantram gaib dhateng Ki Lurah Tambak Kapindho, nanging Puranta api-api dereng mangertos “ndika menika sinten lan wonten kersa menapa dene murugi papan kula gegojegan kalihan Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot?”.

       “He he he…..” Tiyang sepuh menika gumujeng ngekek lajeng wangsulan “ditepungake wae ya Gus? Jenengku Kyai Lopara, ya senadyan mung kaya mangkono asile, sing aweh tuntunan ngelmu kanuragan marang si Waruju lan Si Bontot kuwi ora ana liya kajaba ya aku Ki Lopara iki”.

       “Oooo dados jengandika menika Gurunipun Ki Bebau saha Ki Jagabaya Bontot ingkang sekti mandraguna menika?” Puranta wicanten kalihan mesem, anggenipun nyebat Ki Bebau saha Ki Jagabaya kaimbetan pangalembana ingkang cengkah kalihan kawontenan ingkang sanyatanipun.

       “Bener, kaya sing wis tak kandhakne lan ora bakal tak selaki yen aku iki pancen Gurune Waruju lan Bontot. Ora prelu ndadak ndika mamerne kasekten ndika kanthi ngandhakne yen Waruju lan Jagabaya kuwi sekti mandraguna sing wis bisa ndika gawe dolanan” Ki Lopara suka wangsulan kanthi suwanten ingkang sengak nedahaken boten remening manahipun.

       “Nyuwun pangapunten Kyai……” Puranta nyuwun pangapunten dhateng Ki Lopara, awit anggenipun ngalembana semu dhateng Ki Bebau miwah Ki Jagabaya.

       “Ora prelu ndika njaluk pangapura Gus” wangsulanipun Ki Lopara salajengipun “saiki ngene wae, kanggo ngringkes wektu, aku kepengin nyoba sepira kasudiran ndika ing papan kene”.

       “Kersanipun Kyai Lopara menapa?” Puranta rumaos menawi Ki Lopara badhe males wirangipun para murid-muridipun dhateng piyambakipun.

       “Yen ndika kuwat ora nganti rubuh sajroning selawe jurus ngadhepi aku” Ki Lopara wicanten “aku ngaku kalah lan bakal njabut pandakwane Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot marang ndika sing kadakwa wis nyidra Pusaka Kalurahan sing jeneng Keris Kyai Pantek kuwi mau. Kosok baline nek ndika ora wani ngadhepi aku utawa sajroning selawe jurus ndika wis rubuh ora bisa tangi, ndika aja selak maneh yen temen-temen ndika sing nyolong Kyai Pantek saka plangkane. Piye Gus Puranta?”.

       Rumaos runtik manahipun Puranta mireng panantangipun Ki Lopara, ingkang meksa murih piyambakipun ngladosi panantang ingkang estunipun boten klebet ing nalar menggah ingkang dados sirikanipun. Mila kanthi suwanten ingkang alon nanging cetha, Puranta lajeng wangsulan :

       “Ngantosa langit rubuh pisan, kula boten badhe ngakeni manawi kula ingkang nyolong piyandel Kalurahan Tambak menika, jer kula estu boten nyolong. Nanging gandheng Ki Lopara ingkang paring dhawuh supados kula ngladosi anggenipun badhe paring panuntun ing reh kanuragan dhateng kula, mangga suwawi kula dherekaken Kyai, badhe kula ladosi menapa ingkang jengandika kersakaken”.

       Titiyang ingkang ngepung kupeng kalangan ing latar Pendhapa Kalurahan menika meh sedaya sami ngempet ambegan, mireng wangsulanipun Puranta ingkang teteg lan tatag boten ketingal ajrih babar pisan menika. Awit titiyang ing mriku sampun asring mireng menggah Ki Lopara menika tiyang sekti ingkang tanpa tandhing ingkang kondhangipun saged nyepeng lan nggraji angin. Ki Lopara lajeng nyilakaken sinjangipun tata-tata badhe ngecakaken jurusipun kangge nyerang Puranta.

 

Ana candhake

AENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (027)


 

27.

       Sapandurat Puranta supe menawi nembe wonten ing parepataning Ki Lurah lan Para Bebau. Tumrap Puranta tingkahipun Ki Bebau Kidul menika sampun nglangkungi wates, sok sintena kemawon boten kenging nampi kados ingkang nembe kemawon dipun tampi dening Puranta. Awit saking menika, Puranta lajeng siyaga ing dhiri kanthi pasang kuda-kuda kangge ngadhepi Ki Bebau Kidul menawi badhe tumindak ingkang kados wau.

       Jebul ingkang rumaos runtik manahipun boten namung Puranta kemawon, Ki Bebau tengah lan Para Sapukawating Kalurahan ingkang sampun dangu anggenipun dados Sapukawat, kathah ingkang boten narimahaken dene putranipun Ki Lurah Tambak Kapisan dipun sikara dening Ki Bebau Kidul. Menapa malih sareng tiyang-tiyang menika sami sumerep menawi Ki Jagabaya Bontot ingkang ugi sampun nglolos pedhang, ketingal menawi badhe suka pambiyantu dhateng Bebau Kidul, Sakala Ki Bebau tengah ugi lajeng mencolot ngadeg ing papan antawisipun Puranta kalihan Ki Jagabaya Bontot, Pedhangipun ugi sampun dipun unus saking wrangka, siyaga badhe kangge ngadhepi sok sintena ingkang badhe ganggu damel dhateng Puranta.

       Nyumerepi ingkang kados makaten, Puranta lajeng emut bilih piyambakipun boten kenging nuruti manah ingkang benter ing salebeting pendhapa Kalurahan menika. Badhea kados menapa, Pendhapa menika yasanipun Ki Tambak Kapisan inggih tiyang sepuhipun piyambak, menawi ngantos kerengan ing pendhapa mriku ateges sami kemawon ngremehaken kawibawaning Pendhapa sarta sampun nyepelekaken dhateng ingkang yasa Pendhapa. Pramila Puranta lajeng wangsul linggih ing papanipun sakawit, kados boten ngreken sikepipun Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot. Nanging estunipun Puranta sampun siyaga, sawanci-wanci wonten bebaya dugi, sampun kapetang kanthi titi kados pundi anggenipun badhe ngadhepi.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” kalih mapan linggih Puranta nyobi matur dhateng Ki Lurah ingkang kados tiyang ingkang kenging gendam, netranipun mirsani dhateng papanipun Puranta, nanging lisanipun menga lan boten wicanten menapa-menapa “kapeksa kula candhet anggen kula matur awit wonten tiyang ingkang boten sumerep ing tata badhe damel kisruh ing pendhapa agung Kalurahan menika”.  

       Sanaosa sampun kaaturan mawi ukara ingkang makaten kala wau, parandene Ki Tambak Kapindho taksih dereng mantun saking anggenipun kados tiyang ingkang kenging gendam kala wau, panggah ngembang duren ndlongop kados tiyang ingkang kirang nalar.

       Benten malih kalih sikepipun Bebau Kidul ingkang sampun nyepengi ukiraning dhuwungipun, sumerep Puranta linggih sansaya ndadra anggenipun murang tata. Awit Bebau Kidul sampun mangertos menawi Ki Lurah Tambak Kapindho kangge sawatawis wekdal boten badhe saged ngendika malah obah kemawon boten badhe saged, ingkang makaten menika jalaran Ki Bau Kidul inggih Ki Waruju sampun sumerep menawi kala wau wonten cahya biru ingkang dhumawah ing jangganipun Ki Lurah, inggih cahya biru menika cahyaning paser angin ingkang dipun lepasaken dening Ki Lopara, gurunipun ingkang kala wau amping-amping Ki Bebau Kidul lajeng anyarengi Ki Waruju anendhang Puranta kala wau, Ki Lopara nglepasaken Paser angin ingkang mawi kekiyataning mantra gaib menika temah ndadosaken Ki Tambak Kapindho boten saged menapa-menapa, ilining rah ing saliranipun kados mandheg dadakan. Ki Bebau Kidul lajeng nyaketi Puranta malih, lajeng kanthi suwanten ingkang songar lan sangar wicanten dhateng Puranta :

       “He Maling ya gene kowe mapan lungguh maneh? Sumurupa, Ki Lurah wis paring palilah marang aku kanggo nugel gulumu, yen kowe panggah ora gelem ngaku. Mula sawangen Ki Lurah ora ngendika apa-apa, pirsa karo tumindakku marang kowe. Saiki kowe kari milih salah siji, ngaku yen wis nyolong Kyai Pantek banjur kowe legawa nampa pidana kanthi dikethok tanganmu. Apa kowe panggah ora ngaku banjur tak tugel gulumu? He?”.

       “Bebau Kidul sing murang tata” dereng ngantos Puranta mangsuli wicantenipun Bebau Kidul, sampun wonten satunggalipun Sapukawating Kalurahan ingkang ngadeg ing wingkingipun Puranta kanthi anyepengi dedamelipun ingkang wujud tumbak awangun trisula, ingkang lajeng nyaut rembagipun Bebau Kidul “aja dumeh kowe lagi kasampiran Panguwasa banjur sawenang-wenang patrapmu. Ngertia, aku Sarana Sapukawating Kalurahan Tambak sing ora narimakne patrapmu sing wis degsiya marang Gus Puranta. Yen nyata kowe wong lanang tenan, ayo metua menyang latar kana adhepana Sarana sadurunge kowe nyumbari Gus Puranta”.

       Rampung anggenipun wicanten Sapukawat ingkang nami Ki Sarana menika lajeng mlampah medal tumuju plataraning Pendhapa Kalurahan. Kados jangkrik mambu kili, sakala Bebau Kidul lajeng nututi lampahipun Sarana. Ki Jagabaya Bontot ingkang sumerep Ki Bebau Kidul mlampah nututi Sarana, ugi lajeng nututi mlampah medal. Tanggap Bebau Tengah ingkang boten badhe negakaken Ki Sarana, jalaran Ki Sarana menika taksih mambet waris kalihan Ki Jaladri, nem-neman ingkang asalipun saking Jatisari. Ki Bebau Tengah nunten badhe sumusul Sarana dhateng Plataraning Pendhapa Kalurahan.

       “Paman Bebau” dumadakan Puranta ngadeg lajeng mrepegi Ki Bebau Tengah kalih wicanten kanthi bisik-bisik dhateng kupingipun Ki Jaladri “kaparenga kula nyuwun tulung, ndika padosaken dawegan ijem ingkang sajanjang namung isi setunggal, kaunjukna toyaning dawegan dhateng Ki Lurah. Ketingalipun Ki Lurah nembe ketaman Paser Angin Biru. Prakawis kaslametaning Ki Sarana, kapasrahna dhateng kula kemawon”.

       Ki Bebau Tengah ingkang sampun nate mireng dedongengan prakawis Paser Angin, nunten tanggap kalihan wicantenipun Puranta. Kanthi semaur “Nggih” Ki Bebau Tengah lajeng miyos badhe pados menapa ingkang dipun prentahaken dening Puranta kasebat. Puranta piyambak ugi lajeng menyat tumuju plataran badhe suka pitulungan dhateng Ki Sarana ingkang jalaran kebranang manahipun temah lajeng wantun suka panantang dhateng Bebau Kidul, inggih Ki Waruju.

       Jebul titiyang ingkang wau sami linggih ing joganing pendhapa, sampun kathah ingkang nilaraken papanipun. Meh sedaya ngalih dhateng plataran ngepung kupeng Ki Sarana ingkang nembe perang tandhing kalihan Ki Waruju. Kantun Bebau Ler, Bebau Sela, Bebau Wetan lan Bebau Kilen ingkang taksih wonten ing Pendhapa. Para Bebau menika lajeng sami ngrubung Ki Lurah Tambak Kapindho ingkang ketingal dlongap-dlongop kados tiyang koncatan nalar. Sedaya sami bingung, boten sumerep caranipun ngusadani Ki Lurah ingkang dumadakan kados makaten menika.

       Dugi plataran Puranta lajeng miyak tiyang-tiyang ingkang sami ngepung kupeng damel kalangan kangge Ki Sarana miwah Ki Waruju. Ki Waruju sampun salin gegamanipun, menawi kala wau nyepengi dhuwung samangke gantos gegaman tumbak, kangge ngadhepi Ki Sarana ingkang ugi gegaman tumbak amripat trisula. Anggenipun perang tandhing Bebau Kidul mengsah Sapukawating Kalurahan menika ketingal rame. Kekalihipun ketingal sami-sami prigel anggenipun nyolahaken dedamelipun piyambak-piyambak. Ngantos radi sawatawis dangu kekalihipun ngunggar kasudiran, gentosan anggenipun sami kalindhih. Nanging dangu-dangu ketingal menawi Ki Sarana langkung panjang napasipun, Ki Bebau Kidul katingal mbaka sakedhik ketleyek, malah sampun kaping setunggal utawi kaping kalih Ki Sarana saged nggarutaken pucuking trisulanipun ngengingi gegeripun Ki Waruju, temah rasukanipun Ki Bebau Kidul ketingal abrit kenging kringet ingkang kacaruban rah. Ki Bebau Kidul sansaya waringutan, nanging panggah boten saged ngimbangi kacukatanipun Ki Sarana nyolahaken dedamelipun.

       Dumadakan Ki Jagabaya Bontot ingkang waunipun namung kendel ningali, mencolot mlebet dhateng salebeting kalangan. Kanthi pedhangipun ingkang ageng, Ki Bontot gentos angrangsang dhateng Ki Sarana. Kanthi makaten paprangan ingkang suwaunipun sampun ngetingalaken bilih Ki Sarana badhe unggul, samangke lajeng salin kawontenan. Dipun krubut kalih Ki Sarana tuhu kacipuhan tandangipun. Malah saya dangu Ki Sarana sansaya kadheseg mundur, wongsal-wangsul gedandapan ngendhani gegaman kalih ingkang duginipun boten sesarengan. Saya dangu sansaya ketingal kendho tandangipun Ki Sarana, rasukan ingkang dipun engge ing prenah geger sampun ketingal abrit kenging rah ingkang campur kringet, jalaran sampun wongsal-wangsul pucuking pedhangipun Ki Jagabaya Bontot  saged nggarit prenah gegeripun Ki Sarana.

       Sumerep kawontenanipun Ki Sarana ingkang sampun kethetheran lan kendho tandangipun, kekiyatanipun Ki Bebau Kidul kados pulih malih. Solahipun wangsul cukat malih. Kados gadhah mripat, pucuking tumbak ingkang kabekta Ki Waruju tansah kekiteran ngubengi gulunipun Ki Sarana. Sawatawis menika, Pedhang ing tanganipun Ki Jagabaya Bontot ugi ketingal kados solahing sawer bandhotan ingkang nembe kebrongot jalaran ngadhepi solahipun kadhal. Lan nalika Ki Sarana sampun sansaya ketleyek, dumadakan tumbakipun Ki Bebau Kidul saged ngengingi nunjem prenah pupunipun Ki Sarana. Ki Sarana njerit awit keraos sakit, temah ical kaprayitnanipun. Inggih ing wekdal ingkang makaten kala wau, pedhangipun Ki Jagabaya Bontot ebah badhe nembus jejantungipun Ki Sarana. Ki Sarana rumaos sampun boten saged ngendhani utawi nangkis malih, salebeting manah kantun pasrah dhateng pangwasanipun Gusti Allah. Mripatipun dipun remaken awit boten wantun ningali pucuking pedhangipun Ki Jagabaya nyudhet dhadhanipun lan nyigar jejantungipun. Anggraita salebeting wardaya bilih namung dumugi samanten anggenipun gesang ing ngalam donya menika.

       Nanging dumadakan Ki Sarana ingkang sampun ngraos dumugi watesing gesang. Mireng suwanten gumebrug banter, kasusul suwanten pisuh ingkang sora. Boten krasa Ki Sarana mbikak mripatipun. Ing ngajengipun ketingal Puranta ingkang ngadeg kalihan pasang kuda-kuda kalih mripatipun boten kedhep nguwasi Ki Jagabaya Bontot lan Ki Bebau Kidul ingkang dhawah glangsaran ing siti kalih misuh-misuh boten kantenan.

       “Tulung ndika mundur dhisik Ki Sarana” tanpa mawi noleh Puranta wicanten dhateng Ki Sarana kanthi suwanten ingkang lirih nanging saged kapireng dening ingkang dipun ajak guneman “tak tetere sepira kasudirane menungsa loro sing dhemen tumindak sawenang-wenang dumeh kasampiran panguwasa iki”.

       Ki Sarana boten semaur nanging inggih kanthi rekaos lajeng mundur, katampen dening kancanipun badhe kaupakara tatunipun. Titiyang ingkang boten nyana menawi Puranta jebul nadyan sakedhik nggadhahi kaprigelan ing reh ulah kanuragan, sami ngungun. Nanging ugi wonten ingkang lajeng keplok-keplok ngetingalaken senenging manahipun dene Puranta saged damel Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya dhawah glangsaran, kamangka nalika semanten boten mbeta dedamel menapa-menapa.

       “Maling edan keparat” Ki Bebau Kidul misuh-misuh kalih tangi saking anggenipun dhawah “aja mbok kira kowe wis menang Maling elek sing wanimu mung nglimpe ora wani adu dhadha, nyata kowe menungsa sing licik , babar pisan ora duwe watak Satriya”.

       Dipun pisuhi makaten menika Puranta namung mesem, sakedhik kemawon boten ngetingalaken menawi manahipun dados serik awit dipun pisuhi dening Bebau Kidul.

       “Saseneng lan sagelem ndika arep ngarani aku wong apa Ki Bau” ing sela-selaning esemipun Puranta suka wangsulan “nadyan aku ora kandha wong sak mene akehe iki ana sing wuta, kabeh padha weruh lan ngerti ana Bebau lan Jagabaya sing jarene sekti, nanging lagi ngadhepi sawijining Sapukawating Kalurahan wae wedi nek maju ijen, wanine krubutan kaya kirik sing ngrubut cempe cilik”.

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...