Total Tayangan Halaman

Rabu, 22 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (033)


 

33.

       Ki Lurah estunipun boten mangertos saking pundi asalipun lan sinten ingkang ngintun aji dipa-paweling dhateng penggalihipun menika. Nanging sareng kalimbang-limbang, mila pantes lamun suwanten ingkang mlebeti ing penggalihipun menika menawi ta dipun turuti. Pramila Ki Lurah nunten, jumangkah anyaketi papanipun Puranta ingkang taksih linggih ing siti, kanthi tatu lebet ingkang nemen, dipun tenggani dening Sirep semahipun. Para Bebau ingkang wau sami linggih ing sacaketipun Ki Lurah ugi lajeng ndherek, tumut ing wingkingipun Ki Lurah.

       “Piye kahananmu saiki Dhimas?” sasampunipun caket papanipun Puranta, Ki Lurah nunten ngendika mundhut pirsa kawontenanipun Puranta.

       “Awit pangestu jengandika, kawontenan kula sae Ki Lurah” atur wangsulanipun Puranta, kalih ing salebeting manah rumaos remen dene Ki Lurah ingkang kala wau kenging teluhipun Aji Paser Angin, samangke sampun waluya.

       “Puranta, satemene wektu iki aku sajroning kahanan kang bingung awit ilange Keris Kyai Pantek” Ki Lurah ngendika malih “lan arep nggorohake ature Paman Jagabaya Bontot apa dene Paman Bebau Kidul kang nibakne pandakwa marang awakmu kuwi rasane angel sajroning atiku. Jalaran sanadyan tanpa ana bukti kang nyata, nanging aku duwe rasa percaya marang katiyasane Keris Pusaka piyandele Paman Bebau Kidul sing asung sasmita lamun pandakwane Paman Bebau Kidul lan Paman Jagabaya Bontot kuwi bener”.

       “Inggih Ki Lurah” Puranta ingkang kawontenanipun dereng pulih menika atur wangsulan “menawi Ki Lurah langkung pitados dhateng Ki Bebau Kidul tuwin Ki Jagabaya Bontot tinimbang dhateng atur kula, kula boten saged menapa-menapa. Lan menawi kula kapeksa dipun anggep lepat, kula sagah nampi pidana alitipun sakit agengipun dumugi pejah, kula boten badhe suwala. Namung kemawon, menawi kula kadhawuhan nedahaken  Dhuwung Kyai Pantek samangke wonten pundi?, kula boten sagah. Jer kula pancen boten mangertos ing pundi papanipun”.

       “Mengko dhisik Dhimas, aja kesusu kaduk ati bela panampa nggonmu nampa rembug saka aku sing durung rampung iki” Ki Lurah paring wangsulan dhateng Puranta malih “tenane ngono, olehku ora bisa nggorohake ature Paman Bebau Kidul apa dene Paman Jagabaya Bontot kuwi padha wae anggonku ora bisa ora percaya karo ature dhimas Puranta lan Bebau Tengah apa dene Bebau Sela kang ngandhakake yen ora tinemu ing nalar yen ta Dhimas Puranta sing ndhustha Dhuwung Kyai Pantek saka Plangkane. Apa maneh bareng aku ngerti sing ngongkon nggolekne usada kanggo nambani nggonku ketiban Aji Paser Angin jebul Dhimas Puranta dhewe”.

       Ketingal Bebau Tengah, Bebau Sela lan para Jagabaya, kathah ingkang saderengipun ketingal suntrut awit Ki Lurah ndhawuhaken menawi pitados dhateng wadulanipun Bebau Kidul tuwin Ki Jagabaya Bontot, samangke dados radi lejar malih. Benten kalihan praupanipun Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, ingkang suwaunipun ketingal bingar, dupi mireng menawi Ki Lurah ugi pitados dhateng aturipun Bebau Tengah, sakala lajeng ketingal radi surem. Langkung-langkung sareng ngertos menawi anggenipun Ki Lurah saged waluya sasampunipun kedhawahan Paser Angin ingkang kalepasaken kanthi dhedhemitan dening Ki Lopara, jebul awit Puranta sampun ngengken tiyang murih madosaken jampinipun. Tanpa kraos tiyang kalih menika lajeng mencerengi dhateng Puranta, nanging boten gineman menapa-menapa.

       “Lajeng kersanipun Ki Lurah kados pundi?” Puranta lajeng matur nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah.

       “Saiki saupama aku minangka Lurah ing Tambak kene, njaluk lelabuhan lan pangorbanane  Dhimas Puranta murih Kalurahan Tambak iki bisa lepas saka sakehing sambekala apa Dhimas Puranta kira-kira ora kabotan?” dumadakan Ki Lurah mundhut pirsa lan nanting kasetyanipun Puranta dhateng Kalurahan Tambak.

       “Ki Lurah” kanthi suwanten ingkang teteg Puranta lajeng matur “wiwit sumerep alam padhang menika, kula sampun kepotangan budi dhateng Kalurahan Tambak, hawa ingkang kula serot, menika hawa ing Kalurahan Tambak, toya ingkang kangge ngresiki badan sarta kula ombe saben dintenipun inggih toyanipun Kalurahan Tambak makaten ugi tetedhan ingkang sampun mlebet ing weteng kula inggih medal saking buminipun Kalurahan Tambak, dados boten wonten pawadan tumrap kula menawi kadhawuhan ndhawahaken lelabuhan lan pangorbanan kangge Kalurahan Tambak , kajawi namung badhe sendika anglampahi kanthi rila legawaning manah”.

       “Sumurupa Dhimas” Ki Lurah nglajengaken anggenipun ngendika “ing sajroning atiku lagi bingung nimbang bener lupute atur saka Paman Bebau Kidul tuwin Paman Jagabaya Bontot sarta ature saka Bebau Tengah lan Bebau Sela, iki mau aku nampa sasmita gaib sing rumasuk ing sajroning atiku. Dene isine sasmita ya kuwi, ora ana sing bisa nggoleki lan nemokne Keris Kyai Pantek sing wektu iki wis murca saka Kalurahan Tambak, kajaba mung Dhimas Puranta sarta sisihanmu ya Adhi Sirep kuwi. Mula yen Dhimas nyata ora kabotan, aku njaluk tulung golekana Kyai Pantek nganti ketemu. Sasmita kang tak tampa mung ngabarake lamun wektu dina iki Kyai Pantek wis ora ana ing Kalurahan Tambak kene maneh, dadi menyang ngendi nggonmu arep nggoleki aku ya ora bisa aweh pituduh sing cetha. Lan minangka sangu nggonmu mlaku nggoleki Kyai Pantek, mengko bakal dicukupi dening kas kayaning Kalurahan, sepira sing mbok butuhne bakal diwujudi”.

       Salebeting manahipun Puranta rumaos kaget semu boten pitados kalih ingkang kadhawuhaken dening Ki Lurah menika. Nalaripun Puranta lajeng mlampah, ambok bilih menika margi tengah tumrap Ki Lurah murih boten ngantos dumados perang kadang ing Kalurahan Tambak. Inggih menika perang kadang antawisipun Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot miwah para pandherekipun lumawan Bebau Tengah lan Bebau Sela miwah tiyang-tiyang ingkang boten pitados kalihan Bebau Kidul sarta Jagabaya Bontot. Puranta mesem, sampun jangkep kaping kalih menika piyambakipun rumaos kedah ngaturaken pangorbanan dhumateng Kalurahan Tambak. Ingkang kapisan, piyambakipun sampun ngurbanaken kalenggahan Lurah ingkang estunipun dados wenangipun, nanging kangge njagi murih sedherekipun sepuh ingkang dipun dombani Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, ingkang rumiyin taksih dados Kebayan boten damel dahuru, Puranta milih ngawon nyuwun dhumateng Ki Tambak Kapisan murih masrahaken Kalenggahan Lurah dhateng Jaswana. Dinten menika, jebul Kalurahan Tambak taksih mbetahaken pangurbanan saking piyambakipun malih, inggih menika kedah kesah saking Kalurahan Tambak. Pangintenipun Puranta, kanthi dhawuh dhateng piyambakipun miwah Sirep sisihanipun madosi Kyai Pantek ing sanjawining Kalurahan Tambak menika namung dhapur apus krama murih Puranta kesah saking Kalurahan Tambak.

       “Piye Dhimas?” sareng sampun radi dangu kawontenan sepen, Ki Lurah wangsul ndangu malih dhateng Puranta “Pancen gaweyan sing kudu dhimas tindakne iki luwih dening abot. Mula aku dhewe ya ora wani meksa marang Dhimas Puranta, nek sajake Dhimas rumangsa ora keduga ngayahi gaweyan iki, ya ora apa-apa”.

       “Inggih Ki Lurah” wasana kalih mesem Puranta atur wangsulan “sanadyan kawontenan kula namung kados makaten, nanging kula boten badhe selak menawi kula menika taksih kadang anem saking jengandika Ki Lurah. Lan minangka adhi kula boten badhe miring-mirangaken kadang kula sepuh, nami nistha tumrap rayinipun Ki Lurah Tambak Kapindho menawi kula ngantos ajrih ing rekaos kangge kamulyaning Kalurahan Tambak. Inggih awit saking menika keparenga kula nyuwun pangestu badhe bidhal madosi Kyai Pantek dinten niki ugi. Kula kalihan semah kula boten mbetahaken prabeya menapa-menapa kangge ngayahi jejibahan menika. Namung ambok bilih wonten keparengipun Ki Lurah, kula ndherek titip griya lan pekarangan saisinipun tuwin sabin lan pategilan ingkang dados dhedhakon kula, mugi kadhawuhna dhumateng sinten murih angupakara. Dene menawi ngantos sekawan dasa dinten kula dereng saged wangsul awit dereng manggihaken Kyai Pantek, mangka keparenga Ki Lurah mundhut samudayanipun menika dadosa kas-kayaning Kalurahan Tambak”.

       Ki Lurah sakecap kemawon boten kuwawa angucap kangge paring wangsulan dhumateng Puranta ingkang pamitan badhe bidhal madosi Keris Kyai Pantek ngaten menika. Namung ing pojoking netra ketingal kekembeng toya luh, kados badhe rentah. Makaten ugi para Bebau salintunipun Bebau Kidul, sedaya sami tumungkul nyingidaken raos sungkawanipun. Namung Ki Sarana ingkang taksih dereng saged ngadeg jejeg labet pupunipun kenging tumbak, ingkang lajeng nangis ngguguk kados dene lare alit ingkang katilar biyungipun kesah badhe blanja.

       Puranta piyambak estunipun inggih ngraos awrat pepisahan kalihan titiyang menika. Mila inggih lajeng ngadeg kanthi dipun lawani dening Sirep. Sepisan malih ngaturaken sasmita kurmat dhateng Ki Lurah, lajeng nggandheng semahipun kaajak bidhal nilaraken plataran Kalurahan Tambak. Lampahipun mangener ngidul, boten mangertos badhe dhateng pundi purugipun. Lampahipun Puranta lan Sirep, babar pisan boten tolah-toleh kanan utawi kering langkung-langkung noleh dhateng wingking, babar pisan boten. Nembe sareng anggenipun mlampah sampun tebih saking Padhukuhan Tambak, dumugi sapinggiring wana, tiyang kalih menika lajeng mandheg. Puranta sambat menawi sikil lan bebalungipun taksih kraos sakit, awit kala wau dipun pidak-pidak dening Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot saderengipun Sirep dugi ing Plataran Kalurahan.

       “Leren dhisik Rep” Puranta wicanten dhateng semahipun “bebalungku rasane kaya arep copot kabeh iki, mengko wae nek wis rada suda awake dhewe nerusne laku maneh”.

       “Iya Kakang” wangsulanipun Sirep “nerusne laku menyang ngendi?”.

       “Aku durung ngerti” Puranta blaka dhateng semahipun “sing baku, awake dhewe utawa mligine aku, kudu adoh ninggalake Kalurahan Tambak. Jalaran satemene Ki Lurah dhewe ora bakal percaya yen awake dhewe bisa nemokne neng ngendi papane Kyai Pantek, anggone dhawuh marang aku lan awakmu iki mau tak kira mung minangka pawadan murih rada tinemu nalar kanggo nglungakne aku saka Kalurahan Tambak sing dikira sawayah-wayah kepengin dadi Lurah”.

       “Aku ora ngira lan ora nyana babar pisan jebul Ki Lurah kagungan penggalihan sing kaya mangkono marang Kakang, tak kira kuwi kabeh mung saking wasise micara Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot wae sing duwe pamrih nyingkirne wong-wong sing cedhak karo Ki Lurah, kalebu ndika Kakang Puranta” Sirep wicanten kados dhateng awakipun piyambak.

       Puranta boten semaur, awit kajawi boten kepengin manjangaken ngrembag titiyang ingkang ketingal menawi boten remen dhateng piyambakipun, ugi ngraosaken badanipun ingkang sansaya kraos sakit sedaya.

       Dumadakan tiyang kalih menika dipun kagetaken dening suwantenipun tracak kapal saking katebihan, asalipun kados saking Kalurahan Tambak, tumuju dhateng papanipun kendel. Boten dangu lajeng katingal wonten tiyang cacah gangsal welasan ingkang sami nunggang kapal nyaketi papanipun Puranta lan Sirep. Puranta boten pangling, tiyang-tiyang ingkang sami numpak kapal kala wau para sapukawating kalurahan ingkang asalipun saking Padhukuhan Kidul. Puranta rumaos boten sekeca salebeting manah, mila lajeng ngadeg sanadyan badanipun dereng patosa kiyat menawi kangge ngadeg.

 

Ana candhake.

 

 

Selasa, 21 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (032)


 

32.

       Sanaosa menapa ingkang dipun aturaken dening Ki Jagabaya Bontot menika cetha menawi dora, suprandene gandheng tiyang menika sampun kulina wicanten goroh, panggah kemawon wicantenipun kepireng kados estu. Kathah tiyang ingkang sami mangertos menawi Jagabaya Bontot menika sampun dora dhateng Ki Lurah, ewa samanten boten wonten ingkang wantun gineman. Ajrih menawi mangke badhe dipun damel cilaka dening Jagabaya ingkang kondhang kejem lan mentalan menika.

       “Nuwun sewu Ki Lurah” dumadakan Ki Bebau Tengah kanthi suwanten alus matur dhateng Ki Tambak Kapindho.

       “Iya piye Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa.

       “Kok ingkang dipun aturaken Ki Jagabaya Bontot menika benten kalihan menapa ingkang kula sumerepi inggih ?” Bebau Tengah matur malih.

       “nDika bisa kandha mangkono dhasare apa Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa “gajege ndika rak ora ana kene nalika sing dicritakne Paman Jagabaya Bontot iki mau kedadeyan?”.

       “Leres Ki Lurah” Bebau Tengah atur wangsulan “ingkang kula kajengaken, saderengipun kula bidhal pados Dawegan ijem sajanjang isi satunggal kados ingkang kadhawuhaken dening Anakmas Puranta kala wau, langkung rumiyin kula sumerep tumindakipun Ki Bebau Kidul ingkang misakit dhateng Anakmas Puranta, malah sesumbar mawi basa ingkang sampun nungkak krama. Malah meh kemawon kula ingkang badhe majeng ngadhepi Ki Bebau Kidul, nanging kaselak karumiyinan dening Ki Sarana ingkang nantang Ki Bau Kidul. Dados Ki Sarana boten kados ingkang dipun aturaken dening Ki Jagabaya menawi sampun kesurupan dhemit ngaten menika. Nanging majengipun Ki Sarana jalaran boten trimah sumerep Anakmas Puranta dipun suwiyah dening Ki Bebau Kidul”.

       “Aturipun Ki Bebau Tengah menika mila leres Ki Lurah” dumadakan Bebau Sela ndherek matur dhateng Ki Lurah “malah kula ugi sumerep, bilih estunipun Ki Bebau Kidul menika kala wau boten kuwawa ngadhepi Ki Sarana ingkang taksih timur menika, nembe sareng Ki Jagabaya Bontot tumut angrubut, Ki Sarana saged kataman tumbakipun Ki Bebau Kidul kenging pupunipun, ewa samanten Ki Jagabaya Bontot taksih dereng trimah, Ki Sarana badhe dipun jojoh dhadhanipun mawi pedhang. Tujunipun wonten Angger Puranta ingkang paring pitulungan, temah Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot ingkang majeng sareng sarwi mandi dedamelipun menika babar pisan boten saged ngasoraken Angger Puranta ingkang pranyata nyimpen kadigdayan ingkang boten kanyana-nyana”.

       “Piye iki sabenere?” Ki Lurah ngunandika ingkang kawiyos ing lathi “critane kok dadi cengkah antarane siji lan sijine?”.

       “Menika makaten Ki Lurah” Bebau Kidul ingkang kala wau sampun pucet jalaran kadenangan menawi Ki Jagabaya Bontot sampun wicanten dora, dumadakan matur kanthi suwanten ingkang sareh “mila leres menawi kula kalihan Paman Bontot kala wau boten saged mimpang mengsah Gus Puranta. Estunipun kula sampun pikantuk sasmita saking Dhuwung kula menika menawi Gus Puranta menika sampun ngingsep sawabipun Kyai Pantek, boten badhe wonten tiyang ingkang saged nandhingi kadibyanipun Gus Puranta, kalebet kula menapa dene Paman Jagabaya Bontot”.

       “Nanging nyatane saiki Dhimas Puranta isih ngglethak sing ditunggoni sisihane kae? Kepriye iki nalare Paman Bau?” Ki Lurah lajeng mundhut pirsa malih dhateng Bebau Kidul.

       “Sasampunipun kula kalihan Paman Jagabaya Bontot boten kiyat ngadhepi Gus Puranta ingkang sampun kacondhokan sawabipun Kyai Pantek, meh kemawon kula kekalih badhe dumugi ing tiwas. Katujunipun, Bapa Guru Kyai Lopara rawuh saprelu milujengaken kula kalih Paman Jagabaya saking krodhanipun Gus Puranta” Ki Bebau Kidul kanthi wijang matur dhateng Ki Lurah.

       “Dadi sing bisa ngalahake Dhimas Puranta iki mau Kyai Lopara Guru ndika lan Gurune Paman Jagabaya Bontot?” Ki Lurah paring wangsulan lajeng mundhut pirsa malih “Lha saiki Kyai Lopara ana ngendi?”.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Bau Kidul lajeng atur wangsulan “nyata menawi daya kekiyatan saking sawabipun Kyai Pantek menika tuhu ngedab-edabi, Guru kemawon meh-meh boten saged nelukaken, nanging Guru nyata menawi tiyang sepuh ingkang sampun kathah ngraosaken gempalaning jagad, wasana kanthi caranipun Guru saged damel Gus Puranta rebah ing siti. Menika kemawon Guru ugi nandhang kanin ingkang radi santer, wasana Guru lajeng mire saking mriki badhe mulihaken saha ngusadani kanin ingkang kasandhang, dene kula lan Paman Jagabaya ingkang kadhawuhan murba Gus Puranta murih kersa ngakeni menapa ingkang sampun dipun lampahi”.

       Ki Lurah Tambak Kapindho rumaos eram kalihan kedadosan ingkang nembe kemawon menika. Aturipun Bebau Kidul saged tinampi ing panggalihipun Ki Lurah. Menapa malih saderengipun menika Ki Lurah sampun pirsa piyambak sasmita ingkang medal saking pusaka piyandelipun Ki Bebau Kidul nalika dipun purba dening Kyai Lopara. Nanging kabekta saking taksih emut menawi Puranta menika taksih kadang pribadi, sanaosa benten biyung. Sarta malih Ki Lurah ugi kemutan menawi wiwit alit tansah dipun mong kanthi sae dening biyungipun Puranta, Ki Lurah rumaos boten tega menawi ngantos ndhawahaken pidana ingkang awrat dhateng Puranta. Menapa malih, sasampunipun menggalih sanaosa kapidana awrat, dereng kantenan Puranta purun mangsulaken Pusaka Piyandel Kalurahan nenggih Kyai Pantek.

       “Nuwun sewu Ki Lurah” sasampunipun radi dangu kawontenan sidhem boten wonten ingkang nyuwanten, Bebau Tengah matur dhateng Ki Lurah.

       “Iya piye Ki Bau Tengah?” Ki Lurah paring wangsulan sarwi mundhut pirsa.

       “Estunipun kula lan para kadang Bebau sanesipun kajawi Ki Bebau Kidul sarta para Jagabaya sampun sami rerembagan prakawis murcanipun Kyai Pantek saking plangkanipun menika” Bebau tengah atur wangsulan.

       “Karep ndika kepiye?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

       “Sanaosa wiwit sepisanan Ki Bebau Kidul tuwin Ki Jagabaya nggadhahi pandakwa bilih icalipun Kyai Pantek menika awit kacidra dening Anakmas Puranta, nanging kula lan para kadang Bebau tuwin para Jagabaya kathah ingkang boten saged nampi pandakwa dhumateng Anakmas Puranta menika. Jalaran boten wonten bukti ingkang kasat mata kajawi namung cariyos ingkang medal saking lathinipun Ki Bebau Kidul tuwin Ki Jagabaya Bontot kemawon. Lan malih menawi dipun emut-emut, saestu boten pinanggih nalar menawi Anakmas Puranta ndhustha Kyai Pantek awit kagadhuhan melik kepengin nggentosi kalenggahanipun Ki Lurah, jalaran jumenengipun Raden Bagus Jaka Suwana utawi Jaswana dados Lurah rumiyin cetha awit saking rerigenipun Anakmas Puranta, kamangka Paugeraning Kalurahan sampun nyebataken bilih Anakmas Puranta ingkang mesthinipun nampi piyandel Kyai Pantek saking Ki Lurah Tambak Kapisan, ewa samanten Anakmas Puranta malah matur dhateng ingkang Bapa murih Kalenggahan Lurah kapasrahaken dhateng jengandika Ki Lurah” radi panjang anggenipun atur wangsulan Bebau tengah dhateng Ki Lurah Tambak Kapindho.

       “Mengke rumiyin Ki Bau Tengah” Ki Bau Kidul dumadakan nyela rembagipun Ki Bau Tengah, saderengipun Ki Lurah paring wangsulan “ndika niku sansaya tuwek kok boten sansaya pinter, rumaos kula kok remen sanget ndika niku waton sulaya kalih atur kula dhateng Ki Lurah, kajeng ndika niku jane napa?”.

       Dipun congklok kalihan pitaken makaten menika Bebau Tengah sakala kemropok, kalih tembung ingkang sengit sanaosa boten seru, lajeng wangsulan :

       “nDika kuwi sing tak gagas-gagas, saben aku guneman mesthi ndika pancasi klawan tembung sing ngabangne kuping. Saiki sapa sing senengane waton sulaya ? aku apa ndika?. nDika kudu ngerti Ki Bau Kidul, aku matur marang Ki Lurah kuwi nganggo dhasar sing tinemu nalar, ora ngawur. Merga aku ngerti yen sing tak aturi kuwi Ki Lurah sing kagungan kawicaksanan lan bisa menggalih kanthi weninging ati. Beda karo atur ndika sing mung ngendelne dumeh lemes ilate wae, matur sing tanpa ana buktine babar pisan…….”.

       “Sakedhap Ki Bau Tengah” Bebau Kidul nugel rembagipun Bebau Tengah mawi suwanten ingkang nedahaken sengiting manahipun “kula ngertos, ndika mesthi boten ajeng percaya kalih omongan kula ingkang magepokan kalih Gus Puranta, merga ponakane ndika niku rak sisihane Gus Puranta?. nDika saged muni nek Gus Puranta mokal melik palenggahan Lurah, niku rumiyin Ki Bau. Sak niki saged benten malih, mergi rumiyin taksih wonten Ki Tambak Kapisan lan Gus Puranta saged ugi mila pados rai dhateng Bapakipun, benten kalih sak niki……”.

       “Ndika sansaya ngawur Ki Bau Kidul” Bebau Tengah mencereng “yen pancen ndika mung nggoleki dhadhakan sulaya karo aku, dumeh ndika duwe kasekten sing pilih tandhing kena wae Ki Waruju. nDika kena ngerti, sanadyan wujudku wis kampong perot, jambulku wis wanen ngene, ngadeg ora pati jejeg nek ora dituwak nganggo teken, nanging aja ndika kira aku wedi nek mung arep ndika ajak kerengan? Ayo neng ngendi tak ladeni sagendhing ndika leganing atiku!”.

       “Sabar…..sabar…..sabar……!” Ki Lurah ingkang wiwit wau nimbang-nimbang antawis atur ingkang dipun tampi saking Bebau Tengah menapa dene Bebau Kidul, rumaos duka, midhanget anggenipun bebau kalih kala wau sami paben piyambak. Nanging anggenipun duka inggih lajeng sinamudana.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Bebau Tengah tumunten nyuwun pangaksami lan ndhingklukaken sirahipun, ngrumaosi menawi sampun degsura ing ngarsanipun Ki Lurah.

       “Ngene lho Ki Bau lan kabeh wae sing ana kene” Ki Lurah lajeng ngendika “mesthine kabeh wae wis padha ngerti yen wektu iki atiku lagi kisruh, merga ilange Kyai Pantek saka plangkane. nDika kabeh kuwi kudune padha melu golek dalan kepriye murih atiku bisa bali padhang, ora malah padha geger dhewe ngono kuwi”.

       “Inggih Ki Lurah” Bebau Tengah atur wangsulan “kula sampun ngrumaosi lepat, awit estunipun atur kula dhateng Ki Lurah menika kala wau ugi murih pajaring kawontenan. Awit kula lan para kadang Bebau lan para Jagabaya ingkang dereng nate sumerep wujuding wilahipun Kyai Pantek, nggadhahi kapitadosan menawi Kyai Pantek ingkang samangke boten wonten ing plangkanipun menika, boten awit kadhusta dening tiyang”.

       “Lha nek ora merga dijupuk wong, banjur apa sing njupuk bangsane lelembut Ki Bau?” Ki Lurah munggel aturipun Bebau Tengah.

       “Mosok dhemit kok nyolong keris? Arep dienggo bangkrah apa?” sanadyan mawi suwanten ingkang alon lan lirih, kepireng Bebau Kidul grenengan piyambak.

       “Boten makaten Ki Lurah” Bebau Tengah nglajengaken aturipun “saged ugi, gandheng Kyai Pantek menika Tosan Aji ingkang dipun pandhe dening Empu linangkung, saged ugi nggadhuh kekiyatan ingkang boten pinangih nalar, saged murca saking plangkanipun awit kepengin mirsani kawontenan ing sanjawining plangkan. Utawi saged ugi kados cariyosipun Dhuwung Kyai Condhongcampur ing jaman Majapahit rumiyin, ingkang murca saking warangka awit rumaos ewa dhateng Prameswari Majapahit, lajeng kepanggih Kyai Sengkelat miwah Kyai Sabuk Inten ingkang ugi saged miyos saking warangkanipun piyambak-piyambak”.

       Ki Lurah ketingal kendel boten tumuli paring wangsulan, awit nalika samanten wonten suwanten ingkang namung saged kapireng dening telenging manahipun Ki Lurah piyambak.

 

Ana candhake

Minggu, 19 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (031)

 

31.

       Gandheng Ki Lopara boten semaur, Puranta inggih lajeng mendel kalihan nyawang kemawon. Awit Puranta ajrih menawi Ki Lopara lan siswa-siswanipun lepat ing panampi kalihan sedyanipun ingkang sae. Sareng kawontenanipun Ki Lopara sansaya ketingal nguwatosi, katitik kalihan ambeganipun ingkang sansaya krenggosan lan cekak-cekak. Ki Jagabaya Bontot lajeng mbisiki ing talinganipun Ki Lopara :

       “Guru, menika Angger Puranta badhe caos hawa murni kangge ngusadani tatunipun Guru, menapa Guru ngeparengaken?”.

       Ki Lopara panggah boten semaur, nanging saged mbikak mripatipun malih lan saged manthuk, menika minangka tandha bilih piyambakipun purun dipun usadani dening Puranta mawi kekiyatan hawa murni.

       “Mangga Gus, Guru sampun kersa nampi hawa murni saking ndika” wicantenipun Ki Jagabaya Bontot dhateng Puranta.

       “Matur nuwun saderengipun Gus” Ki Bebau Kidul ugi tumut wicanten “mugi-mugi hawa murni ndika saged caos pitulungan dhateng Ki Lopara”.

       “Inggih Ki Bau lan Ki Jagabaya” wangsulanipun Puranta cekak.

       Puranta lajeng mapan linggih, ngempalaken kekiyataning batin, tanganipun kados dene lampahing tiyang samadhi, inggih menika mripatipun kados dipun remaken, nanging estunipun nglirik pucuking grana. Epek-epek dipun tangkepaken lan kapapanaken ing sangajenging dhadha. Mlebet lan medaling ambegan dipun tata. Sareng sampun sawatawis anggenipun lampah makaten, lajeng epek-epekipun ingkang kanan kaangkat majeng, ngarah dhateng raganipun Ki Lopara ingkang semendhe dhateng Ki Jagabaya Bontot. mBaka sakedhik, cahyanipun Ki Lopara pulih, boten pucet malih, ambeganipun ugi lajeng limrah kados padatan. Nanging panggah taksih dereng mbukak mripatipun. Sanaosa makaten Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya ketingal wiwit ayem malih, kekalihipun rumaos bilih Gurunipun boten siyos pejah awit kasoran tandhing kalihan Puranta.

       Manawi Ki Lopara mbaka sakedhik ketingal sansaya sae, benten malih kalihan kawontenanipun Puranta. Praupanipun ketingal pucet, abang dluwang kawontenanipun, kringet asrep mbanjir saking badanipun kados ilining toya banjir. Hawa murni ingkang dipun ginakaken kangge mbiyantu Ki Lopara pranyata boten sakedhik, meh sedaya kekiyataning Puranta telas kakuras kalebetaken dhateng raganipun Ki Lopara. Wekasan Puranta ngraosaken sakujuring salira kados linolosan bebayunipun. Nalika nglirik dhateng papanipun Ki Lopara ingkang sampun boten katingal pucet malih, Puranta ngendeli anggenipun kintun hawa murni. Nanging tenaganipun ugi sampun kantun sakedhik. Mila Puranta inggih lajeng, nata ambeganipun kangge mulihaken tenaganipun piyambak kanthi nglajengaken anggenipun linggih kados lampahing tiyang samadhi.

       “Ha…ha….ha……” dumadakan Ki Lopara mencolot saking papanipun sendhen dhateng Ki Jagabaya Bontot, lajeng gumujeng lakak-lakak. Tiyang-tiyang ingkang sumerep sami ningali kanthi praupan ngungun lan eram dhateng kawontenanipun Ki Lopara ingkang sampun pulih kados wau saderengipun perang tandhing kalihan Puranta.

       “Puranta wong bodho…….” Ing sela-selaning gumujengipun Ki Lopara wicanten seru “aku nedha nrima marang kowe sing wis lila aweh hawa murni marang aku, nanging sumurupa Puranta, uripku ora bakal krasa tentrem yen jagad iki isih kanggonan menungsa kaya kowe kuwi. Saiki rasakna lan tampanana Paser Angin saka Ki Lopara bakal tak tibakne menyang ragamu!”.

       Rampung anggenipun wicanten ngaten menika, Ki Lopara lajeng ndudut tulupipun ingkang kala wau dipun sengkelit ing geger. Lajeng lathinipun komat-kamit ngrapal mantram. Boten dangu tulup kaarahaken dhateng Puranta ingkang nembe samadhi mulihaken kekiyatan. Saking pucuking tulupipun Ki Lopara ketingal wonten cahya biru ingkang mencolot nyamber dhadhanipun Puranta.

       Kados gedebog ingkang kawratan uwoh, kadhawahan Paser Anginipun ki Lopara, Puranta lajeng nggeblag ing siti, rebah boten saged ebah. Kekiyatanipun ingkang badhe kapulihaken malah lajeng telas kenging ampuhipun Paser Angin ingkang dipun lepasaken Ki Lopara.

       “Bontot karo Waruju, saiki kari bageyanmu. Mongsaborong nggonmu arep males lara wirang marang menungsa sing jeneng Puranta iki. Aku arep leren ing padhepokan dhisik”. Ki Lopara lajeng mencolot, miyak tiyang-tiyang ingkang sami ngadeg ngupengi papan menika, lajeng gegancangan mlajar boten wonten ingkang sumerep purugipun.

       Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, tanggap kalihan ingkang dipun prentahaken dening Gurunipun. Tiyang kalih menika lajeng nyaketi papanipun Puranta ingkang ngglethak tanpa daya. Kados tiyang ingkang kesurupan setan, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot lajeng mrawasa Puranta kanthi sasekecaning manahipun. Gentosan tiyang kalih niku nyadhuk lan nepang tuwin ndugangi Puranta ingkang sampun boten saged males malih menika. Sakujuring badanipun Puranta lajeng dipun pidak-pidak badhe dipun remuk bebalungipun. Nalika samanten Sirep, semahipun Puranta dugi. Sumerep kawontenanipun Puranta ingkang dados pangewan-ewanipun Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, sakala njerit kamigilan, boten tega ndulu kawontenanipun tiyang jaler ingkang dados pangayomanipun menika.

       Mireng suwantenipun Sirep ingkang njerit kala wau. Jagabaya Bontot lan Bebau Kidul, ingkang inggih dhasaripun sampun ngraosaken sayah lajeng minggir nebih. Ngiras pantes badhe kendel, ngunjuk toya kangge nelesi gorokanipun ingkang sampun sami kraos ngelak.  Sirep lajeng nubruk kakungipun kalihan dipun tangisi.

       “Gek iki lelakon apa ta Kakang?” kalih nangis Sirep wicanten dhateng Puranta “apa luput ndika nganti ndika dipilara lan disiksa kaya mengkene dening Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot iki?”.

       “Aja nangis Sirep” dumadakan Puranta ingkang wiwit kala wau namung kendel sanaosa dipun dadosaken pangewan-ewan dening Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot jebul taksih saged guneman “mbok menawa iki wis dadi lakonku sajroning urip. Ora prelu digetuni lan ora pantes ditangisi, lakon kuwi wajibe ya dilakoni, awit iki wis dadi lakuning urip kang kudu dilakoni dening Puranta, mula kudu nggedhekne sangu kanggo nglakoni lakon sing dadi lakuning urip iki, ya iku kesabaran lan rasa pasrah marang Gusti. Aja sambat, aja nangis lan aja ngresula awit tangis, sambat lan pangresula kuwi ora dibutuhake ing laku, kajaba mung bakal ngrerendheti nggonku bisa oleh pitulungan saka Gusti”.

       Sirep boten saged wicanten menapa-menapa mireng pitutur ingkang medal saking lathinipun Puranta ingkang sampun boten nggadhahi daya menapa-menapa menika. Inggih ing wanci menika, Ki Lurah Tambak Kapindho ingkang dipun dherekaken Ki Bebau Tengah rawuh, miyak titiyang ingkang sami rapet jejer ngepung kupeng.

       Bebau Kidul lan Ki Jagabaya ketingal kaget, boten nyana menawi Ki Tambak Kapindho sampun lepas saking panyengkereming Paser Angin ingkang dipun tamakaken dening Ki Lopara kala wau. Nanging bawanipun tiyang ingkang sampun sugih pengalaman, tiyang kalih kala wau tumuli saged nindakaken lampah samudana temah babar pisan boten nedahaken kageting manahipun. Malah kekalihipun ugi lajeng nyaketi Ki Lurah, lajeng ndheprok ing ngarsanipun.

       “Nyuwun pangapunten lan tadhah duka Ki Lurah” saderengipun Ki Lurah paring pandangu menapa-menapa Bebau Kidul ngrumiyini caos atur dhateng Ki Lurah.

       “Apa sing wis kedadeyan Paman Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa.

       “Kapeksa kula kalihan Paman Jagabaya Bontot ngginakaken pamrawasa dhateng Gus Puranta, Ki Lurah” aturipun Bebau Kidul “jalaran sanaosa sampun kebukten panjenenganipun ingkang ndhustha Kyai Pantek, nanging panggah boten purun ngakeni. Inggih kapeksa kula lan Paman Bontot sakedhik damel sakit saliranipun Gus Puranta”.

       “Wis kebukten yen sing njupuk Kyai Pantek kuwi Dhimas Puranta, sedulurku dhewe?” Ki Lurah ketingal ngincangaken alisipun “ana bukti apa Paman?”.

       “Kala wau Guru, inggih Ki Lopara rawuh ing papan menika lajeng ngawontenaken prajanjen kalihan Gus Puranta, menawi Gus Puranta saged ngladosi Guru perang tandhing ngantos selangkung jurus ateges Gus Puranta boten ndhustha Kyai Pantek, kosok wangsulipun menawi saderengipun selangkung jurus Gus Puranta sampun boten kiyat nandhingi Guru, mangka menika bukti menawi Gus Puranta ingkang mendhet Kyai Pantek ing plangkanipun. Gus Puranta inggih sampun sarujuk, wekasan saderengipun selangkung jurus Gus Puranta sampun boten saged ngglawat. Angkah kula menawi Gus Puranta kersa ngakeni tumindakipun, inggih badhe kula usadani nanging panjenenganipun Gus Puranta milih boten ngendika menapa-menapa. Wasana kula kalih Paman Jagabaya mbudidaya murih Gus Puranta kersa ngendika lan ngakeni tumindakipun” kanthi trawaca Bebau Kidul atur wangsulan dhateng Ki Lurah.

       “Goroh…..!” dumadakan saking wingking wonten suwantenipun tiyang mbengok. Lan nalika Ki Lurah noleh, jebul ingkang mbengok menika Ki Sarana ingkang pupunipun ketingal dipun blebet mawi suwekan jarit.

       “Apa karepmu Sarana? Sapa sing mbok kandhakne goroh he ?” Ki Lurah mundhut pirsa “lan ya gene pupumu katone lagi tatu kena gegaman kuwi?”.

       “Kowe aja nyoba mbebuket banyu sing wis wening Sarana” Jagabaya Bontot mencerengi Ki Sarana saderengipun Ki Sarana atur wangsulan dhateng Ki Lurah “yen nganti kowe wani guneman sing nyulayani apa sing wis diaturne Ki Bau Kidul mau, aja takon dosa nek klakon tak suwek-suwek lambemu!”.

       “Gampang kuwi Ki Jagabaya” Ki Sarana ngencepaken lambe dhateng Jagabaya Bontot “perkara sing mau bisa ditutugne nek aku wis rampung matur marang Ki Lurah”.

       Dipun wangsuli makaten menika Jagabaya Bontot lajeng kendel, namung mripatipun mencereng kados badhe nglethak-nglethaka sirahipun Ki Sarana.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Sarana lajeng matur dhateng Ki Tambak Kapindho “ingkang goroh menika Ki Bau Kidul. Ki Bau Kidul sampun criyos ngayawara dhateng Ki Lurah, ingkang leres menika boten Lopara ingkang saged ngasoraken Gus Puranta, nanging kosok wangsulipun, malah upami boten dipun welasi Gus Puranta, tiyang tuwek tukang tenung nika wau mesthi sakniki sampun pejah. Nanging dhasar Tukang Tenung kancane dhemit, sampun ditulung malah males menthung dhateng Gus Puranta”.

       Ki Sarana lajeng nyariyosaken lelampahan wiwit Puranta kadugang dening Bebau Kidul ing Pendhapa Kalurahan, kasambet anggenipun Ki Sarana kerengan kalihan Bau Kidul lan Jagabaya Bontot ingkang ndadosaken pupunipun suwek kenging tumbak, ngantos dumugi anggenipun Puranta kadhawahan Paser Angin dening Ki Lopara.

       “Makaten menika lelampahanipun ingkang leres Ki Lurah” Ki Sarana mungkasi anggenipun cariyos, lajeng noleh dhateng wingking sarwi pitaken sora dhateng tiyang-tiyang ingkang wonten mriku “leres makaten ta sedulur sedaya?”.

       “Nggiiiiiiiiiiih…………..” meh sepalih langkung tiyang-tiyang ing mriku sami wangsulan.

       “Boten leres menika Ki Lurah” Jagabaya Bontot munjuk atur saderengipun Ki Lurah paring wangsulan dhateng anggenipun Ki Sarana cariyos “Ki Sarana menika kala wau dumadakan ngamuk ing Pendhapa, boten cetha sababipun ngamuk, kula kinten nembe kasambet utawi kapencokan dhedhemit. Gandheng anggenipun ngamuk kalih nyepeng tumbak kapeksa kula larak dhateng plataran lan kula lumpuhaken mawi tumbak kenging pupunipun. Lajeng tumindak kula kala wau dipun lepataken dening Gus Puranta. Meh kemawon kula kerengan kalih Gus Puranta, tujunipun Guru Kyai Lopara tumunten rawuh lan ngawontenaken prajanjen kalih Gus Puranta kados ingkang dipun aturaken Ki Bebau Kidul dhateng Ki Lurah kala wau. Kalih malih, mesthinipun Ki Lurah ugi sampun pirsa menggah kasektenipun Guru kula Ki Lopara, dados ketingal sanget menawi cariyosipun Sarana menika kala wau menawi ngayawara, inggih awit inggih cariyosipun tiyang ingkang nembe kepencokan dhedhemit ingkang nusup ing raganipun”.

Ana candhake

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (030)


 

30.

       Ki Bebau Tengah dereng saged atur wangsulan dhateng Ki Tambak Kapindho, senadyan estunipun Bebau ingkang yuswanipun sampun sepalih umur menika langkung pitados dhateng Puranta, nanging badhe ngaturaken pamanggihipun rumaos ajrih menawi dipun lepataken dening Ki Lurah. Nyai Lurah ingkang ugi taksih wonten ing papan mriku, inggih namung kendel kemawon, awit sampun wongsal-wangsul piyambakipun mireng saking Bebau Kidul bilih wonten kekiyatan ingkang badhe njungkeng kawibawanipun Ki Lurah menika.

       “Sabanjure Ki Bau Tengah” Ki Lurah ngendika malih “yen mau ndika wis aweh kabar marang aku, aku ketiban Paser Angin kang sinurung mantram gaib sing dilepasne dening wong sing nedya gawe kisruh ing Kalurahan kene. Miturut Paman Bau sapa menungsane kuwi he?”.

       “Ingkang langkung mangertos menika namung Angger Puranta Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Tengah.

       “Dadi ndika ora weruh dhewe?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

       “Leres Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Tengah blaka.

       “Padha karo aku Ki Bau” Ki Lurah ngendika malih “aku ya ora ngerti dhewe, nek ana wong-wong sing nedya arep njungkeng kawibawanku minangka lurah ing Tambak kene. Nek ndika merga dikandhani Dhimas Puranta, lha yen aku merga diwaduli dening Ki Jagabaya Bontot lan Paman Bebau Kidul. Sedina sadurunge Keris Kyai Pantek ilang saka plangkan, Paman Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot nemoni aku karo nganthi gurune sing asmane Ki Lopara. Miturut Paman Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot, pusaka piyandele wong loro kuwi asung sasmita manawa Kalurahan Tambak arep geger, jalaran ana wong sing nyusun kekuwatan lan nedya ngrebut panguwasa saka tanganku. Aku weruh dhewe nalika keris sekti sing duweke Paman Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot kuwi ditakoni dening Ki Lopara, keris-keris mau padha aweh sasmita yen ana wong sing duwe sedya kaya sing diwadulake Paman bebau lan Ki Jagabaya Bontot mau, kanthi bisa ngadeg jejeg ing dhuwuring jubinan ukirane ana ing dhuwur. Banjur Ki Lopara nambahi maneh yen satemene sing duwe sedya ala kuwi mau, isih sedulurku dhewe. Mula sanadyan Ki Lopara ora nyebutne jeneng, aku banjur duwe gagasan yen sedulurku kuwi mung siji ya iku Dhimas Puranta”.

       “Nanging kanyatanipun ingkang paring dhawuh dhumateng kula murih madosaken jampi Ki Lurah menika malah Angger Puranta Ki Lurah?” Ki Bebau tengah munjuk atur “dede Ki Lopara, utawi Ki Bebau Kidul menapa dene Ki Jagabaya Bontot”.

       “Mula kuwi, aku ya dadi rada bingung dhewe ngrasakne lelakon iki” Ki Lurah paring wangsulan “lha saiki Dhimas Puranta, Paman Bebau Kidul lan Ki Jagabaya sarta para pamong lan Sapukawating Kalurahan padha menyang ngendi?”.

       Ki Bebau Tengah lajeng nyariyosaken, wiwit Ki Bebau Kidul ndugang Puranta lajeng Ki Sarana nantang Ki Bebau Kidul, ngantos Puranta utusan piyambakipun murih pados Dawegan Ijem ingkang sajanjang namung isi setunggal.

       “Dados mbok menawi kemawon taksih sami wonten ing Plataran Pendhapa Kalurahan, Ki Lurah” Ki Bebau Tengah mungkasi anggenipun cariyos lan matur mbok bilih kemawon titiyang kala wau taksih ing Plataran .

       “Elho dadi iki mau wong-wong padha kerengan dhewe-dhewe, Ki Bau?” Ki Lurah ketingal kejot penggalihipun midhanget aturipun Ki Bebau Tengah.

       “Kula kirang mangertos kanthi cetha Ki Lurah awit kula namung nggagas murih enggal saged kepanggih Dawegan Ijem ingkang sajanjang namung isi setunggal, namung kemawon saking katebihan kula wongsal-wangsul mireng suwanten keplok-keplok saha surak ingkang ambata rubuh saking Plataran Kalurahan” Ki Bebau Tengah matur jumbuh kalihan menapa ingkang dipun ngertosi.

       “Yen mangkono, aku kudu ngerti dhewe apa sing wis dumadi ing Plataran Kalurahan, sajake wong-wong kae wis tumindak sing dudu karepe dhewe, gawe gendra ana Plataran Kalurahan tanpa ana idi palilah saka aku, Lurah Tambak sing sejati” Ki Lurah ketingal radi duka, lajeng jumeneng nunten miyos menjawi badhe dhateng Plataran Pendhapa Kalurahan. Ki Bebau Tengah lajeng daya-daya nututi.

       Amangsuli cariyosipun Puranta ingkang nembe perang tandhing mengsah Ki Lopara. Saestu Puranta sampun nuruti pakenipun Ki Lopara ingkang nantang murih Purata purun gentos nyerang mawi jurusipun, boten namung endha utawi nangkis serangan saking Ki Lopara kemawon. Pranyata ngelmi kanuragan ingkang wonten ing angganipun Puranta boten nguciwani. Sanaosa dereng migunakeken kekiyatan ingkang wetah, ewa samanten saben-saben pangrangsanging Puranta dipun tangkis dening Ki Lopara, lajeng nuwuhaken suwanten ingkang banter. Papan ing sakanan keringipun kados ketrajang lindhu, horeg. Sampun watawis kalih dasa jurus anggenipun Puranta suka panyerang dhateng Ki Lopara, lan saben-saben jurus kapungkasan kanthi mencelatipun Ki Lopara gangsal ngantos pitung jangkah lajeng dhawah klumah golung koming ing nginggiling siti. Lan Puranta ugi kontal mundur watawis tigang jangkah, sanaosa boten ngantos dhawah, nanging panggah kuda-kudanipun ambyar, malah sok ngantos adegipun dados sempoyongan menapa.

       Ngancik jurus kaping selangkung kapetang saking anggenipun Puranta suka panyerang, Ki Lopara boten namung siyaga anangkis kemawon. Nanging malah tata-tata badhe gentos angrangsang malih.

       “Tak sabari jebul kowe ora njawa Puranta” Ki Lopara wicanten kados sima ingkang nggereng.

       “Nyuwun pangapunten Kyai” wangsulanipun Puranta kepireng sansaya tatag “inggih awit saking cetheking kawruh kula, temah boten mangertosi menapa ingkang Ki Lopara kersakaken”.

       “Aja kakehan cangkem!” Ki Lopara wangsulan kalihan nggetak “saiki tata-tataa kanggo manjing menyang dhasaring neraka!, kuwat nadhahi Jurus Upas Naga Biru, tak sembah dlamakanmu kowe Puranta”.

       Rampung wicanten makaten menika, Ki Lopara lajeng ngeremaken mripatipun. Sapandurat sampun dados biru sedaya saliranipun, ing tangan lan epek-epekipun ketingal kumendheng kukus keluk warni biru. Ki Lopara sampun nedya nglepasaken jurus pamungkasipun kangge nyirnakaken Puranta. Sakeplasan Puranta nggragap, nanging tumunten emut bilih dening tiyang sepuhipun nate kaparingan jurus sekti ingkang nami Aji Tawakalan. Aji ingkang namung kenging kaginakaken menawi nembe kepepet kemawon. Lan sedinten namung kenging ngecakaken aji menika kaping sepisan.

       Tiyang-tiyang ingkang ngepung kalangan sami ngampet ambegan, nalika sumerep kawontenanipun Ki Lopara ingkang sampun kawungkus pega warni biru lan Puranta ingkang dumadakan santun warni dados pethak memplak kados pethakipun salju ing pucaking wukir. Prabawanipun tiyang kalih menika sakalangkung ageng, temah kuwawa damel tiyang-tiyang ingkang ngepung sami mundur ngantos pinten-pinten jangkah.

       mBaka sakedhik Ki Lopara majeng nyaketi Puranta, samanten ugi ingkang dipun tindakaken Puranta. Nalika leting tiyang kalih menika kantun watawis setunggal dhepa. Kepireng Ki Lopara ngrapalaken mantram sekti ingkang kirang cetha menawi kapirengaken dening tiyang limrah. Puranta ugi lajeng angimbangi maos mantra piwucalipun Ki Tambak Kapisan inggih menika mantram Aji Tawakalan : - asalku saka Gusti lan mung marang Gusti aku bali, tan ana daya kekuwataning titah kang angungkuli pangwasaning Allah, aku ringkih lan apes mung Allah kang tan bisa kinalahake dening sok sapa wae – .

       Rampung anggenipun sami ngrapal mantram, Ki Lopara mencolot badhe namakaken epek-epekipun dhateng dhadhanipun Puranta. Puranta langkung prayitna, epek-epekipun Ki Lopara dipun papag mawi epek-epekipun ugi. Dumadakan srengenge kados surem, kawontenan dados peteng kados badhe jawah deres. Sakedhap-sakedhap ing sanginggilipun tiyang kalih kala wau, ketingal kilat warni biru lan warni pethak sami sesamberan lan nuwuhaken suwanten gumrebeg kados suwantenipun sindung riwut. Sansaya kekes manahipun tiyang-tiyang ingkang sami ningali, malah boten sakedhik tiyang-tiyang ingkang waunipun pados papan ing ngajeng piyambak, lajeng sami ndhesel mundur nebihi papan ingkang kangge perang tandhing Ki Lopara lan Puranta.

       Sareng sampun radi sawatawis dangu epek-epekipun Ki Lopara lan Puranta tempuk. Dumadakan wonten suwanten bledheg ingkang tanpa karumiyinan dening kilat, ndadosaken tiyang-tiyang sami gragapan kaget lan boten sranta sami nutupi kupingipun piyambak-piyambak.

Anyarengi suwanten bledheg kala wau, ketingal Puranta mencelat mumbul lajeng dhawah ing siti, dhawahipun jengkeng. Lajeng mutahaken rah seger saking tutuk warni abrit watawis sakemonan kathahipun. Praupanipun ketingal pucet, mratandhani menawi nembe nandhang tatu lebet. Puranta lajeng nindakaken lampah samadhi, epek-epekipun kekalih dipun tangkebaken dipun papanaken ing sangajenging dhadha. Alon-alonan Puranta nata wedaling napas. Sareng sampun sawatawis anggenipun asikep makaten menika, lon-lonan cahyanipun ingkang pucet pulih dados radi abrit malih. Nanging Puranta boten daya-daya ngadeg, namung mripatipun tansah waspada ngulati papanipun Ki Lopara.

Sauntawis menika, Ki Lopara ingkang ugi kontal mundur radi tebih, dhawahipun klumah. Saking tutukipun ngedalaken rah mateng warni cemeng kenthel radi kathah. Benten kalihan Puranta ingkang namung kendel lan boten nyuwanten menapa-menapa, Ki Lopara kalih ngathang-athang ing siti, mripatipun merem dhipet, nanging saking tutuk ngedalaken suwanten nggereng kados suwantenipun sima ingkang badhe nubruk mangsanipun.

Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot ingkang sumerep gurunipun rebah kapidara kados makaten menika, lajeng sami daya-daya anyaketi ing pangangkah badhe atur usada dhateng Ki Lopara. Ki Jagabaya Bontot lajeng, ngangkat sirahipun Ki Lopara dipun pangku ing pupunipun. Ki Bebau Kidul lajeng ngedalaken  gembes bumbung isi toya, Ki Lopara badhe dipun unjuki toya. Kajawi menika Ki Bebau ugi lajeng ngrogoh kanthongan rasukan ingkang dipun engge gurunipun. Mendhet bumbung isi jampi arupi bunderan warni soklat agengipun sa wijining kates. Ki Bebau Kidul mendhet bunderan kala wau cacah tiga, lajeng kalebetaken ing tutuking gurunipun lan kasentor mawi toya.

Sasampunipun kaunjukan jampi warni soklat kala wau, ketingal Ki Lopara saged mbikak mripatipun, nanging praupanipun inggih taksih pucet sanget. Ki Lopara lajeng suka sasmita dhateng Ki Jagabaya Bontot bilih piyambakipun ngersakaken lenggah. Ki Jagabaya tanggap, kanthi alon-alonan Ki Lopara dipun lenggahaken, Ki Jagabaya Bontot lenggah ing wingkingipun, dhadhanipun dipun engge sendhen dening Ki Lopara.

Puranta ingkang sampun radi pulih tenaganipun, rumaos welas sumerep kawontenanipun Ki Lopara. Miturut petanganing nalaripun, tiyang sepuh ingkang kondhang sekti mandraguna menika badhe boten saged katulungan umuripun menawi boten tumuli dipun usadani, kanthi kapulihaken tenaganipun. Puranta lajeng ngadeg, nyaketi papanipun Ki Lopara lajeng mapan linggih, kanthi suwanten ingkang alus Puranta wicanten :

“Nuwun sewu Kyai, miturut panyawanging mripat kula, Ki Lopara mbetahaken pambiyantu hawa murni kangge nututi plajengipun tenaga ingkang badhe oncat. Mugi wonten dhanganing penggalih, kula badhe atur pambiyantu ngaturaken hawa murni dhateng salira jengandika Kyai Lopara”.

Ki Lopara boten semaur, malah mripatipun wangsul merem malih, wajanipun dipun gegetaken sajak ngampet raos sakit ing badanipun. Ki Jagabaya Bontot miwah Ki Bebau Kidul, ketingal sami pucet praupanipun, mracihnani menawi kekalihipun nembe ngampet raos kuwatos.

 

Ana candhake

 

 

Kamis, 16 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (029)


 

29.

       Puranta mila nate mireng bab kondhanging kasektenipun tiyang ingkang nami Ki Lopara menika, satunggaling Dhukun ingkang nggadhahi pinten-pinten prewangan saking bangsaning Jim Setan Priprayangan. Kasektenipun prasasat saged njara langit. Inggih awit saking menika Puranta rumaos kedah langkung ngatos-atos, jalaran kirang-kirang begjanipun, wantun mengsah kalihan Ki Lopara menika saged dumugining tiwas lajeng yitmanipun dipun dadosaken mangsanipun para prewangan srayanipun Ki Lopara.

       Jurus kapisan dipun wiwiti, Ki Lopara majeng kalihan ngebahaken kepelanipun ngarah dhadha, Puranta boten purun nangkis mawi tangan, nanging milih ngendhani temah kepelanipun Ki Lopara namung ngengingi awang-awang, ewa samanten sumiyuting angin saged karaosaken dening Puranta bilih kepelan tanganipun Ki Lopara menika ngemu tenaga ingkang ageng sanget. Ngertos menawi kepelanipun dipun endhani, Ki Lopara lajeng ngingset adegipun tanpa ngangkat sukunipun, ngetutaken plajenging pangendhanipun Puranta. Lajeng gentos sukunipun ingkang dipun ginakaken nyerang Puranta, sukunipun Ki Lopara nyadhuk ngarah lambung. Puranta boten saged ngendhani, lajeng ngginakaken tangan kananipun ingkang kabekuk, sikutipun kangge nutupi lambung dene tanganipun kering kadamel mikuwati tangkisan tanganipun kanan.

       Kepireng suwanten gumebrug. Puranta kontal sekawan jangkah mundur, kuda-kudanipun buyar, nanging namung sakedhap sampun jejeg malih adegipun. Ki Lopara piyambak, kabendalan tenaganipun ingkang nanggor sikutipun Puranta, kontal mundur gangsal jangkah, sempoyongan nanging boten ngantos dhawah ing siti. Sami kalihan pangudasmaraning Puranta, Ki Lopara rumaos eram ndulu kekiyataning Puranta, sanaosa taksih timur suprandene kiyat nampani duganganipun ingkang sinurung kekiyatan hawa murni ingkang ageng. Adat ingkang sampun, sinten kemawon ingkang kadugang dening Ki Lopara begja-begjanipun badhe kontal rebah ing siti. Nanging jebul Puranta sajak boten pati kraos, sanadyan kuda-kudanipun kober ambyar nanging tumuten saged ndandosi adegipun. Ki Lopara ugi eram daya panangkising Puranta pranyata kuwawa mbendalaken tenaganipun piyambak temah kontal mundur, lan kober sempoyongan.

       “Aja kesusu ngguyu dhisik Puranta” Ki Lopara nggereng kalih nyawang Puranta “tenaga sing tak cakne kanggo iki mau durung ana setelon saka kekuwataning jususku, mula pantes wae yen kowe durung rubuh ndhepani lemah”.

       “Matur nuwun Ki Lopara” wangsulanipun Puranta kadamel ayem “tuhu kekiyataning jurus ndika ngedab-edabi, sanaosa namung kirang saking satelon, ewa dene saged damel badan kula mencelat mundur. nDika nyata tiyang sepuh ingkang nggegirisi, mugi-mugi anggen kula atur lelados dhumateng jengandika boten adamel cuwaning penggalih”.

       “Keparat, alus basamu nanging ngemu rasa sing paite ngluwihi godhogan babakan pule” Ki Lopara semaur, praupanipun sansaya abrit awih kaobong dening genining kanepson “muga-muga ora ana sing ngluputake aku yen kapeksa kowe mati ketiban jurusku”.

       “Mangga Ki Lopara, sampun tidha-tidha, paring tuntunan dhateng kula, kula pitados boten badhe wonten ingkang nglepataken ndika menawi kula boten kiyat nglampahi piwucal saking Ki Lopara” kepireng boten ngemu raos kuwatos, Puranta suka wangsulan.

       Ki Lopara sansaya mindhak anggenipun nesu, lajeng ngambali anggenipun ngrangsang lan nyerang Puranta, nanging Puranta panggah boten kendhat anggenipun tansah prayitna. Ngantos dangu lan pinten-pinten jurus sampun dipun cakaken dening Ki Lopara, ewa samanten dereng wonten tandha-tandha sinten ingkang badhe unggul ing salebeting perang tandhing menika. Jalaran nalika samanten Puranta namung sadremi ngladosi jurus ingkang dipun pasang dening mengsahipun, menawi saged dipun endhani inggih Puranta endha, nanging menawi boten saged inggih dipun tangkis. Lan saben-saben jurus seranganipun Ki Lopara kenging dipun tangkis dening Puranta, mesthi nuwuhaken suwanten jumleggur, wonten kekiyatan ageng kalih ingkang tatapan.  Lan saben-saben kalih kekiyatan menika tempuk, mesthi ingkang ngadhahi kekiyatan sami dene anggenipun kontal mundur. Ingkang menika nedahaken bilih kekiyataning Puranta kalihan kekiyataning Ki Lopara Dhukun Sekti gurunipun Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot menika mila boten tebih kaotipun. Tiyang-tiyang Tambak inggih para Sapukawating Kalurahan lan Para Pamong ingkang sumerep perang tandhing menika sami anggenipun gumun wor lan raos eram, jebul Puranta menika tebih saking anggenipun sami nginten ing saderengipun.

       Nalika samanten anggenipun perang tandhing tiyang kalih menika sampun kliwat saking tigang dasa jurus. Ki Lopara sampun rumaos bosen kalihan anggenipun namung nyerang lan Puranta namung endha sarta nangkis kemawon. Ki Lopara sampun boten ngrewes kalihan ucapipun piyambak nalika nantang Puranta kala wau, inggih menika namung nyukani selangkung jurus dhateng Puranta lan piyambakipun sampun pitados bilih Puranta saged dipun kawonaken boten ngantos selangkung jurus. Nanging Ki Lopara api-api supe dhateng ucapipun kala wau. Malah lajeng wicanten dhateng Puranta :

       “Puranta sanadyan aku wis tuwa tak jaluk kowe aja banjur ngremehake marang aku!”.

       “Sinten ingkang wantun ngremehaken jengandika Kyai?” wangsulanipun Puranta “inggih nyuwun pangapunten menawi awit saking bodho kula, boten saged ngladosi kanthi sae dhumateng jengandika ing gladhen menika”.

       “Aja api-api bodho kanthi ngajeni marang aku, kowe Puranta” Ki Lopara nggetak sora “apa kok kira aku ora ngerti nek kowe nedya nguras tenagaku kanthi mung wani ngendhani seranganku tanpa wani genti males nyerang?. Ayo yen nyata kowe perwira, genti tibakna jurusmu marang aku!”.

       “Kyai ngersakaken kula sinau nyerang?” wangsulanipun Puranta panggah mawi suwanten ingkang alus lan sareh “menawi menika ingkang ndika kersakaken, inggih nyuwun pangestu Kyai, kula badhe nuruti menapa pamundhutipun Ki Lopara”.

       “Bagus! Ayo kaya apa tandangmu lan sepira kekuwataning jurusmu, tak enteni tibakna marang ragaku, Keparat!” Ki Lopara nyuwanten kanthi suwanten sajak ngremehaken dhateng Puranta.

       Puranta lajeng nata adeging kuda-kudanipun, badhe nuruti panantanging mengsahipun. Sawatawis menika ngantos pinten-pinten glugu ing Padhukuhan Tambak ingkang dipun tingali dening Ki Bebau Tengah ingkang madosi Dawegan ijem ingkang sajanjang namung isi setunggal badhe kangge njampeni Ki Tambak Kapindho, ingkang kados tiyang kecalan nalar awit ketaman Paser Angin ingkang sinurung mantram gaib. Sareng anggenipun mider-mider sampun radi kraos kesel, Ki Bebau Tengah sumerep wonten klapa ijem genjah ing pinggiring margi ingkang wonten daweganipun, sejanjang namung isi setunggal. Boten sranta, dawegan nuli kapethik lan kapacakan lajeng dipun bekta wangsul dhateng Kalurahan.

       Jebul nalika Ki Bebau tengah dumugi Kalurahan, Ki Tambak Kapindho sampun dipun elih dhateng amben dipun tenggani Nyai Lurah lan para abdi. Sadaya sami bingung nyumerepi kawontenanipun Ki Tambak Kapindho ingkang kados makaten menika. Sampun dipun unjuki mawi unjukan jahe ingkang anget lan saliranipun Ki Lurah ingkang asrep njejet dipun seka mawi toya lan awu benter, ewa samanten Ki Lurah panggah boten ewah, tetep dlongap-dlongop domblang domblong boten saged guneman menapa-menapa.

       “Nuwun sewu kula ingkang sowan Ki Lurah” Ki Bebau Tengah nyuwun idi badhe mlebet dhateng panggenanipun Ki Lurah dipun lenggahaken.

       “Mangga, mangga Paman Bau” Nyai Lurah nunten paring wangsulan jalaran Ki Lurah boten paring tanggapan menapa-menapa.

       “Matur nuwun Nyi Lurah” Ki Bau Tengah wicanten kalih nyepengi dawegan ijem ingkang sampun dipun pacaki sepetipun “nyuwun pangapunten menawi sowan kula radi randhat, awit nembe kemawon jejampi kangge Ki Lurah saged kula panggihaken ing pategilan celak margi pekarangan kula”.

       “Jampi kangge Ki Lurah, Paman Bau?” Nyai Lurah ketingal gumun, boten nginten menawi Ki Bau Tengah jebul kesah pados jampi kangge Ki Lurah “menapa menika Paman Bau?”.

       “Dhawuhipun angger Puranta kala wau, kula kadhawuhan pados dawegan ijem ingkang sajanjang namung isi setunggal kapurih ngunjukaken dhateng Ki Lurah. Lha menika wujudipun dawegan kala wau, samangke mangga kaparenga Nyai Lurah ngunjukaken toyaning dawegan menika dhateng Ki Lurah” wangsulanipun Ki Bau Tengah kalihan nyaosaken dawegan ingkang dipun cepeng dhateng Nyai Lurah.

       “Inggih Paman Bau” wangsulanipun Nyai Lurah “nyuwun tulung ndika cepengi badan lan astanipun Ki Lurah murih boten nampel dawegan ingkang badhe kula unjukaken toyanipun”.

       Kasembadan Ki Lurah sampun ngunjuk toya dawegan kados ingkang kaparentahaken dening Puranta dhateng Ki Bebau Tengah. Waunipun Nyai Lurah lan Ki Bebau Tengah radi ngedhap manahipun, awit sasampunipun kaunjukan toyaning dawegan, Ki Lurah ngeremaken netranipun lajeng mapan sare ing amben. Sakujuring salira ngedalaken riwe ingkang kados toya banjir temah rasukan tuwin sinjang ingkang dipun agem teles kebes kados kacelup ing toya.

       Nyai Lurah kober mirsani praupaning Ki Bebau Tengah kalihan ngemu raos sujana. Ki Bebau tengah ingkang boten nginten menawi Ki Lurah badhe kados makaten, sakalangkung ing ajrihipun. Boten kraos rasukanipun ugi lajeng teles dening riwe asrep.

       “Ehm…em….” Dumadakan Ki Lurah Tambak Kapindho sampun lenggah malih, slaganipun sampun kados tiyang ingkang nglilir saking tilem, lajeng dhehem lan ngendika “ana ngendi aku iki?”.

       “Sokur bage sekethi jumurung Kyaine……” Nyai Lurah nyebut sokur lajeng matur caos wangsulan dhateng Ki Lurah “Kyaine sampun waluya jati jati temahan Nirmala, awit sampun kaunjukan jejampi piwucaling Dhimas Puranta ingkang dipun padosaken dening Paman Bebau Tengah”.

       “Dhimas Puranta?” Ki Lurah mundhut pirsa “menyang ngendi bocahe saiki? Ya gene aku digolekne jamu dening Ki Bebau Tengah? Aku kena apa?”.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Bau Tengah lajeng munjuk atur “estunipun boten wonten ingkang sumerep kajawi Angger Puranta lan tiyang ingkang nedya damel kisruhing Kalurahan Tambak mriki, Ki Lurah sampun kadhawahan Paser Angin ingkang sinurung mantram gaib saking tiyang sekti ingkang nedya damel kisruh ing Kalurahan Tambak mriki, katujunipun Angger Puranta pirsa, mila lajeng dhawuh dhumateng kula murih pados jejampi murih Ki Lurah lepas saking sawabing Paser Angin kala wau”.

       “Iya….iya Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan kalihan ngemut-emut menapa ingkang sampun kedadosan, lajeng dhawuhipun malih “aku kelingan, mau ing Pendhapa Kalurahan, aku nyrengeni Puranta awit miturut palapurane Paman Bebau Kidul lan Paman Jagabaya Bontot, sing nyidra Keris Kyai Pantek kuwi Puranta. Nanging mau Puranta nyelaki kabeh sing dadi pandakwaku lan ndadekne Paman Bebau Kidul nesu. Sabanjure aku banjur ora eling apa-apa. Aku mung kelingan bareng karo Paman Bebau Kidul mencolot nyedhaki Puranta, aku weruh cahya biru sing banget mbalerengi mripatku. Lan ana suwara sing mlebu ing kupingku mangkene : - Ki Lurah, salah siji saka ndika karo Puranta kudu lunga saka Kalurahan Tambak kene, yen ora, kabeh turune Ki Tambak Kapisan bakal tak tumpes kelor ora ana sing kari -. Bubar kuwi aku wis ora weruh lan ora krungu apa-apa maneh. Ngerti-ngerti wis ana kene.  Mula bareng ndika kandha yen aku ketaman Paser Angin sing sinurung mantram gaib lan  sing nuduhi jamu kanggo aku kuwi Puranta, aku banjur dadi sansaya bingung, endi sing kudu tak percaya?”.

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...