Total Tayangan Halaman

Senin, 27 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (038)


 


38.

            Puranta lan Sirep dadi sansaya gumun, jebul Ki Jurudah ora mung wis ngerti jenenge wong loro kuwi wae, malah jenenge wong tuwane pisan Ki Jurudah iya wis weruh. Mula Puranta lan Sirep banjur sansaya ndhingklukne sirahe, nuduhne rasa kurmat marang wong tuwa sing durung tau ditepungi babar pisan kuwi nanging jebul wis apal marang dheweke lan mbok menawa malah wis ngerti kabeh sapa sing dadi kulawargane.

            “Matur nuwun sanget Ki Jurudah lan Ki Prasanta” Puranta banjur aweh wangsulan marang Ki Jurudah “bekti kula katur jengandika lan Ki Prasanta, mugi katampia”.

            “Kula ugi ngaturaken pangabekti Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta” Sirep melu guneman karo nangkebake epek-epeke ngentra wong nyembah.

            “Iya, iya Ki lan Nyi Puranta” Sing mangsuli genti Ki Prasanta “aku matur nuwun banget dene ndika sakloron gelem ngaturake bekti marang wong kaya aku karo kadangku tuwa sing durung ndika tepungi sadurunge iki”.

            “Sakalangkung remen salebeting manah kula Kyai” Puranta guneman maneh “kados dene kajugrungan nugrahaning Gusti dene kula kalihan semah kula menika saged kepanggih lan saged sapajagong kalihan jengandika Ki Jurudah lan Ki Prasanta, priyantun ingkang tuhu waskitha, ingkang sampun uninga sinten kula lan semah kula malah kepara sampun uninga sinten ingkang nurunaken kula kekalih”.

            “Kuwi ora merga waskitha Ki Puranta” Ki Jurudah mangsuli karo mesem amba “jamak lumrahe priyayi sing kagungan palungguhan utawa pinter ing kagunan kuwi asmane mesthi kondhang teka ngendi-endi, contone ya Ki Lurah Tambak Kapisan sing kondhang tekan ngendi-endi Lurah sing banget tresnane marang para kawulane lan Ki Sinung sing ora kalah kondhange minangka Undhagi sing garapane kukuh lan ngresepake yen disawang”.

            Puranta mesem, sajake nggagas nek olehe wangsulan Ki Jurudah mangkono kuwi mung kanggo abang-abang lambe wae, lire ora seneng nek diarani wong sing nduweni kawaskithan.

            “Iki mau rak ngene ta Ki Jurudah lan Ki Prasanta?” aku banjur miwiti ngajak omong perkara liyane “gandheng Ki lan Nyi Puranta iki wis rada sawatara manggon neng omah kene, dina iki mau banjur arep pamit nutugne laku. Nanging aku ya durung aweh wangsulan, merga aku kelingan anggone awake dhewe wis semayan arep nandangi gaweyan bebarengan kaya sing didhawuhne Kanjeng Ratu Kraton Katentreman. Lha saiki gandheng ndika wong loro wis padha teka, tak jaluk ndika sakloron bisa aweh rerigen utawa eguh pratikel marang Ki lan Nyi Puranta kepriye murih becike laku!”.

            “Matur nuwun mBah Tambak” Ki Jurudah aweh wangsulan “sadurunge aku arep takon marang Angger Puranta luwih dhisik”.

            “Inggih Kyai” Puranta nyauti rembug “mangga Kyai badhe mundhut pirsa menapa?”.

            “Jarene mBah Tambak mau, ndika arep nutugne laku? Olehe nutugne menyang ngendi?” Ki Jurudah nyongklok pitakonan marang Puranta.

            Puranta meneng sedhela banjur wangsulan ora beda karo olehe mangsuli pitakonku nalika tak takoni kaya sing ditakokne Ki Jurudah mau.

            “Nek ngono pancen wis ana niyat ing ati ndika ora arep bali maneh menyang Kalurahan Tambak?” Ki Jurudah banjur takon maneh marang Puranta.

            “Awit kula sampun prasetya salebeting manah lan ugi kula biyawarakaken ing ngarsanipun Ki Lurah lan para Bebau tuwin para pamong ing Tambak, bilih kula boten badhe wangsul menawi dereng kepanggih kalihan Keris Kyai Pantek ingkang murca saking Kalurahan Tambak, Kyai” Puranta aweh wangsulan.

            “Lan ndika luwih percaya marang angen-angen ndika yen Keris Kyai Pantek sing ilang kuwi ora bisa ndika temokne?” Ki Prasanta genti sing nakoni.

            “Mila leres makaten Kyai” wangsulane Puranta “jalaran kula mila boten mangertos ing pundi purugipun Dhuwung Kyai Pantek menika?, menawi kacidra dening tiyang, tiyang pundi ingkang nyolong, kula inggih boten mangertos, dados miturut petanganing nalar, nglengkara kula saged manggihaken Dhuwung Kyai Pantek ingkang murca menika”.

            “Lha nek ndika wis percaya marang petungane nalar ndika sing kaya mangkono mau, ya gene ndika nyaguhi prentahe Ki Lurah Tambak Kapindho?” Ki Prasanta mburu nganggo pitakonan maneh.

            “Jengandika tuhu priyantun ingkang waskitha Kyai” wangsulane Puranta “sanaosa boten kula aturaken menawi kesah kula nilar Kalurahan Tambak menika awit ngemban dhawuh saking Ki Lurah Tambak Kapindho, jengandika sampun pirsa. Kula pitados bilih jengandika tartamtu ugi sampun pirsa menapa ingkang dados pawadan anggen kula anyagahi dhawuhipun Ki Lurah kasebat”.

            “nDika aja banjur mangkono Angger Puranta” Ki Prasanta genti sing guneman, sauntara aku mesem sajroning atiku krungu wangsulane Puranta sing lugu nanging duwe karep sing jeru kuwi “sabab anane aku ngerti nek ndika budhal lunga saka Kalurahan Tambak lan mbok menawa siji loro aku ya weruh apa sing ndika temoni sawuse metu saka Kalurahan Tambak, kuwi merga kabeh barang kang wis kelahir, lire dhawuhe Ki Lurah lan wangsulan ndika kuwi akeh sing padha krungu, temahan mawa sarana gethok tular, aku lan Kakang Jurudah melu dadi krungu. Beda karo sing jenenge pawadan sing ora linairake, manggone ana batin, lha sing bisa ngaweruhi isine batining wong kuwi mung Gusti Sing Maha Wikan, upama ana sing kandha nek ngerti isi batine wong, kuwi cetha mung ngayawara utawa banter-bantere mung tekan panduga lan pangira wae. Kamangka panduga lan pangira kuwi durung mesthi benere, mula nadyan aku ya duwe pangira nanging aku luwih percaya marang pangrunguku saka ucap lan tembung sing metu saka wong sing tak duga lan tak kira isining batine”.

            “Nyuwun pangapunten Kyai, kula lepat” Puranta aweh wangsulan karo ndhingkluk sajake rumangsa getun marang tembung sing rada keladuk sing ditujokne marang Ki Prasanta mau “waleh-waleh menapa kula nggadhahi dudutan bilih dhawuh saking Ki Lurah murih kula kesah madosi Kyai Pantek menika namung dhapur samudana kangge pawadan murih kula nilaraken Kalurahan Tambak kangge salami-laminipun, murih boten dados klilipipun Ki Lurah anggenipun madeg ing Kalurahan Tambak. Gandheng kula kepengin Kalurahan Tambak saged tentrem boten wonten tukar padu antawisipun para pamongipun, kula lajeng nyagahi menapa ingkang dados dhawuhipun Ki Lurah kala wau”.

            “Lha nek ngono rak luwih cetha” Ki Jurudah semaur karo ngguyu amba “saiki aku genti arep njaluk tulung marang mBah Tambak supaya paring weruh marang Angger Puranta, yen satemene Gusti wis paring pemut marang Angger Puranta yen satemene Angger Puranta wis duwe kaluputan sing gedhe rong perkara”.

            “Elho?  kok aku sing ndika prentah Ki Jurudah? Kamangka aku ora melu-melu ing perkara iki?!?” wangsulanku karo nyawang praupane Ki Jurudah “luwih-luwih yen aku kudu aweh weruh marang Ki Puranta yen wis nindakne laku dosa rong prakara, gek kuwi dosa apa hara?”.

            “mBah Tambak” Ki Jurudah semaur karo suwara sing renyah “mesthi wae aku ora bakal wani prentah utawa ngongkon ndika, tembungku mau aku mung arep njaluk tulung marang ndika. Awit gaweyan sing arep ditandangi bareng-bareng antarane ndika lan aku sakloron karo Adhi Prasanta ana sambung rapete karo lelakon sing disandhang Angger Puranta, mula aku banjur njaluk tulung marang ndika”.

            “Iya Ki Jurudah” wangsulanku maneh “banjur aku kudu omong apa marang Ki Puranta?”.

            “Raden Bagus Suwanda” dumadakan Ki Prasanta melu guneman sing suwarane rada mendhuwur “ndika aja selak yen ndika kuwi kajaba siswa uga putra angkate Gusti Tumenggung Jatikusuma jaman Majapahit isih jaya biyen. nDika tak jaluk aja mbodhoni, yen panjalukku lan panjaluke Kakang Jurudah iki ora ndika turuti, ya ora apa-apa, mung wae aku mesthi bakal wadul marang Kanjeng Ratu ing Kraton Pangayoman lan kanthi mangkono nglengkara ndika bisa ndherek Gusti Prabu Brawijaya menyang Gunung Lawu”.

            Satemene aku rada njomblak kaget krungu rembuge Ki Prasanta sing kaya mangkono mau, katon cetha yen Ki Prasanta kuwi isih padha karo aku, kerep ora sabaran lan seneng nyenggol pangrasane liyan, klebu pangrasaku. Nanging gandheng tak gagas ora ana gunane males rembuge Ki Prasanta sing kaya ngono kuwi mau, aku ya banjur milih ngalah.

            “Iya iya Ki Jurudah lan Ki Prasanta, bakal tak turuti apa sing dadi dhawuh ndika sakloron” wangsulanku karo suwara sing sareh.

            “Lha nek ngono rak ya kepenak ta dirungokne nganggo kuping tuwa iki?” Ki Jurudah mesem “mosok wis padha tuwane kok isih arep gojek kaya bocah angon kebo? He he he”.

            “Ki Puranta……” aku banjur guneman marang Puranta.

            “Inggih mBah Tambak?” gage wae anggone Puranta sumaur.

            “nDika wis krungu apa sing dikandhakne Ki Jurudah, yen ndika jebul nduweni kaluputan gedhe rong prekara. Apa ndika wis weruh ing ngendi dununge kaluputan ndika kaya sing dikandhakne Ki Jurudah mau?” aku mbaleni takon.

            “Lali lan lepat menika mila sandhanganing titah, mBah Tambak” wangsulane Puranta “lan sa-apes-apesing tiyang menika, tiyang ingkang boten sumerep ing lepatipun. Langkung bodho lan cilaka menika tiyang ingkang boten sumerep bilih piyambakipun nandhang dosa. Lan kula ngrumaosi bilih kula kalebet kempalaning tiyang kados ingkang kula aturaken kala wau, bares kemawon mBah, kula dereng sumerep kados pundi wujuding dosa kula kala wau”.

            “Yen mangkono, aku arep kandha marang ndika, kandhaku iki mengko lelandhesan dhawuh saka Ki Jurudah. Nanging sadurunge aku kandha, aku mbutuhake pasarujukan saka ndika, dhawuhe Ki Jurudah marang aku iki kudu tak kandhakne apa ora? Lan kaping pindhone saupama tak kandhakne ndadekne runtiking ati ndika apa ora?” sepisan maneh Puranta tak tanting atine.

            “Mangga kadhawuhna mBah Tambak” wangsulane Puranta “sanaosa kula dereng patosa pinter, nanging kula inggih boten bodho-bodho sanget, awit sangertos kula bodho-bodhoning tiyang menika tiyang ingkang kapir tegesipun kapir anutupi manahipun saking warta ingkang leres, temah menawi wonten tiyang ingkang nedahaken menawi piyambakipun nandhang dosa utawi tumindak lepat lajeng dipun nesoni. Kula boten remen dados tiyang kapir makaten menika mBah Tambak”.

            “Ngene wae Angger” Ki Prasanta banjur melu udhu rembug maneh “sing bakal dikandhakne mBah Tambak mengko kuwi cetha nek warta sing bener, lire mBah Tambak bakal nuduhake kleruning laku ndika sing mbok menawa ndika kira laku sing wis bener. Nanging, nek apa sing dikandhakne mBah Tambak mengko miturut panemu ndika kandha sing luput, ndika uga wenang nampik lan ora nggugu marang apa sing dikandhakne mBah Tambak. Nanging nek miturut ndika bene rya ora ana alane yen ndika banjur nggugu lan ndandani kaluputan sing wis nuwuhake dosa sing gedhe kuwi mau”.

            “Inggih Kyai” wangsulane Puranta “mila leres ingkang jengandika dhawuhaken menika, nanging bares kemawon Kyai, kula sampun pitados dhateng Kyai Jurudah, Kyai Prasanta miwah mBah Tambak. Sadaya pitedahipun estu badhe kula estokaken”.

 

Ana candhake

Minggu, 26 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (037)


 


37.

            Aku mau ya ora ngira yen Ki Jurudah apa dene Ki Prasanta sing tau tukaran karo aku jaman semana isih gelem sanja ing panggonanku iki. Lan bares wae, aku ya wis rada pangling karo senapati Kraton Katentreman loro kuwi, merga sandhang panganggone beda banget karo jaman ketemu aku biyen. Sing dienggo ora beda karo sandhang panganggone wong padesan sing kerep tak weruhi. Ora krasa, aku ya banjur nyawang kahananku dhewe sing saiki ya wis beda adoh karo jaman aku kepethuk Kang mBok Setyawati biyen. Jaman aku isih nganggo jeneng Raden Bagus Suwanda. Nadyanta mangkono, aku wis ngerti nek wong loro kuwi dudu manungsa lumrah, jalaran mokal banget nek manungsa lumrah bisa nemoni aku ing alamku sing saiki iki, tanpa ana palilah saka aku luwih dhisik.

            “Mosok ndika pangling karo aku Gus Wanda?” pitakone Ki Jurudah nalika sepisanan teka neng ngarep omahku.

            “nDika iki sapa? Ing kene wis ora ana Raden Bagus Suwanda!” wangsulanku karo namatne praupane wong loro kuwi gentenan.

            “Iya aku wis ngerti nek Raden Bagus Suwanda wis ora ana sing ana rak mBah Tambak ta?” Ki Prasanta genti sing guneman. Ya suwarane Ki Prasanta kuwi sing ndadekne aku kelingan nek wong loro kuwi Ki Jurudah karo Ki Prasanta.

            “Ki Jurudah lan Ki Prasanta…….?” Alon-alon lambeku menga nyebut jenenge senapati Kraton Katentreman kuwi.

            “Sokur, gene ndika wis bali kelingan marang aku wong loro iki” wangsulane Ki Jurudah karo ngguyu.

            Wong loro kuwi banjur tak jak mlebu omah, tak jagongi kaya lumrahe tamu. Bareng wis rada sauntara kabar kinabaran bab kaslametan, Ki Jurudah banjur ngandhakne apa sing dadi sedyane teka ing papanku iki :

            “Ana kabar sing wigati sing klebu kabar kang nyenengake kanggo ndika mBah Tambak” kandhane Ki Jurudah alon “Kanjeng Ratu utusan aku karo Adhi Prasanta mrene iki, saprelu ngabarake yen ora suwe maneh ndika bakal mundhak drajat”.

            “Mundhak drajat Ki?” aku durung nyandhak karo karepe Ki Jurudah kuwi.

            “Bener” sing wangsulan genti Ki Prasanta “laku patobatan ndika wis kari sethithik maneh, nek wis rampung, ndika bakal diterne dening Gustiku Setyawati marak marang Kanjeng Sinuhun Brawijaya sing saiki jumeneng ing Gunung Lawu kanthi sebutan Kanjeng Sunan Lawu, ndika bakal dadi siswa lan pandhereke Kanjeng Sunan Lawu kanggo nyampurnakne laku ndika, murih ing mbesuke bisa bali ing jaman kelanggengan kanthi tentrem ora kesasar awor brekasakan”.

            “Matur nuwun banget Ki Jurudah lan ndika Ki Prasanta awit kabar saka ndika sakloron iki” wangsulanku ayem wae “lan aku banget nedha nrima marang Kanjeng Ratu Setyawati sing jebul isih kagungan rasa welas lan mesakne marang aku titah sing kakehan dosa iki. Yen pancen bener apa sing ndika kandhakne mau, nyata-nyata kuwi sawijining kanugrahan sing tanpa upama marang wong sing wis dosane akeh kaya aku iki”.

            “Aja nemen-nemen nggon ndika nelangsa, mBah Tambak” Ki Jurudah mesem amba “satemene meh kabeh titah sing tau dadi manungsa, kuwi tau tumindak luput lan nate tumindak dosa. Nanging yen titah kang kaya mangkono kuwi, klebu ndika lan aku apa dene Adhi Prasanta iki, isih duwe kapitayan yen sepira gedhening kaluputan sing tau dilakoni bakal dingapura dening Gusti yen ta gelem nyuwun pangapura kanthi nindakne laku patobatan kang bener, kaya sing ndika tindakne saiki iki. Awit sepira gedhening dosane kawula tuhu isih Agung Maha Pangapuraning Gusti”.

            “Iya Ki Jurudah” wangsulanku “senadyan temene aku ora wani ngarep-arep kanugrahan kajaba pangapura saka Hyang Kang Maha Agung marang kabeh dosa lan kaluputanku, apa aku luput yen aku kepengin weruh mbesuk kapan kanugrahan sing ndika critakne saka Kanjeng Ratu ing Kraton Pangayoman bisa tak tampa?”.

            “Miturut dhawuh sing tak tampa saka Kanjeng Ratu, ora suwe maneh” wangsulane Ki Jurudah “ya kuwi sawise anggon ndika aweh pitulungan marang titah kang kaaniaya, anyukupi kanggo sangu laku ndika budhal menyang papan dununge Kanjeng Sunan Lawu. Lan salah siji saka sing tak kandhakne sing keri dhewe iki, sajroning wektu sing ora suwe ing papan kene bakal ana wong sing mbutuhake pitulungan jalaran kaaniaya kamangka tanpa dosa. nDika aja takon maneh, kapan wong sing susah lan mbutuhake pitulungan kuwi teka. Mengko wae yen wis ndika tulungi nganti pulih tenagane wong sing nampa pangaiaya mau, pitulungan sabanjure bakal ndika lakoni bebarengan karo aku lan Adhi Prasanta. Kuwi dhawuh saka Kanjeng Ratu ing Kraton Katentreman. Wis ngono wae, kabar sing tak aturne marang ndika, saiki aku arep bali dhisik menyang Kraton Pangayoman. Awake dhewe bareng-bareng ngenteni tekane wong sing mbutuhake pitulungan kuwi, ndika ngenteni neng kene dene aku ngenteni ana Kraton Pangayoman kana”.

            Bubar muni ngono kuwi, Ki Jurudah lan Ki Prasanta banjur mesat lunga ninggalne aku.

            Pirang-pirang dina apa sing dikandhakne Ki Jurudah karo Ki Prasanta kuwi tansah ngranuhi pamikirku. Ora merga aku selak kepengin nampa kanugrahan kaya sing dikandhakne Senapati Kraton Pangayoman  loro mau, nanging aku kuwatir yen nganti ana wong sing liwat utawa teka ing papanku kene, sing mbutuhake pitulungan kuwi, aku ora ngerti. Nanging jebul awit saka Maha Asihing Gusti, wasana sing tak enteni wis teka, ya sing wujude Puranta karo sisihane sing jeneng Sirep kuwi mau.

***

            “Inggih, mBah Tambak” sasampunipun radi dangu mBah Tambak kendel nyariyosaken lelampahanipun Puranta, Ki Sarkara lajeng sumela atur “mila saestu mesakaken lelampahanipun Puranta ingkang ndika cariyosaken kala wau “lajeng kados pundi candhaking cariyos sasampunipun mBah Tambak paring usada dhateng pun Puranta?”.

            “He he he …..” mBah Tambak gumujeng “ketoke ndika ya melu ngrasakne susah lan sedhihe wong sing jeneng Puranta sing tak critakne marang ndika iki mau, Ki Sarkara?”

            “Leres mBah” wangsulanipun Ki Sarkara “Puranta ingkang estunipun taksih trahing Kusuma rembesing madu, ingkang nggadhahi budi tuwin pakerti ingkang sae, parandene ngundhuh lelampahan ingkang sakalangkung mrihatosaken kados makaten…….”.

            “nDika kliru Ki Sarkara” mBah Tambak munggel rembag “Puranta durung ngundhuh nanging lagi nandur, malah nganti dina iki uga olehe nandur durung rampung dadi ya durung panen.Awit satemene ing jagad padhang iki mula papan kanggo nenandur, lan woh sing bisa diundhuh saka anggone nandur kuwi, lagi bisa diraksakne sawuse manjing alam kang langgeng. Yen ta ana siji loro sing katone undhuh-undhuhan, kuwi satemene dudu undhuh-undhuhan kang sejati. Kaping pindhone ndika aja duwe panyangka dumeh trahing Kusuma banjur ora nemu ing urip iki kasangsayan kaya sing dialami Puranta ngono kuwi. Jalaran jenenge trah kuwi beda karo sing nurunake, dadi kusuma utawa dadi wingka kuwi dumunung ana lakuning manungsa dhewe-dhewe, ora gumantung marang sapa sing nurunake. Malah ana kalane watu sing maune katon arep dadi inten merga kleruning laku bisa dadi watu gombong lan kosok baline. Kaya lelakone Puranta sing durung rampung nggonku nyritakne iki mau”.

            “Inggih mBah” Ki Sarkara ngrumaosi lepating ucapipun “matur nuwun awit piwucalipun mBah Tambak dhateng kula bab kencana lan wingka saha inten lan sela gombong menika. Menawi ta kaparengaken, kula malah lajeng kepengin sumerep kados pundi sambeting cariyos lelampahanipun Puranta, ambok bilih kanthi makaten kula saged sinau niru laku ingkang sae saha mbudidaya nyingkiri lampah ingkang kirang prayogi”.

            “Iya Ki Sarkara” mBah Tambak ketingal remen mireng aturipun Ki Sarkara “satemene wis akeh sing bisa ndika dadekne pituduh kanggo sangune laku ndika nglakoni urip kanthi ngrungokne crita lelakoning uripku, wiwit dadi anak Panewu nganti dadi putra angkate Gusti Menggung sing wasana dadi wong prayangan kaya saiki iki. Nanging nek ndika isih kepengin nambah kawruh sarana ngrungokne critane Puranta, iya bakal tumuli tak tutugne caritane”.

            “Inggih matur nuwun mBah Tambak”.

            mBah Tambak kendel sakedhap, lajeng nutugaken anggenipun cariyos : Sawise tatu-tatune waras, awake bali pulih Puranta lan Sirep banjur kandha marang aku yen arep nutugne laku.

            “Lemah teles, Gusti Allah ingkang males, mBah Tambak” kandhane Puranta sing dijejeri Sirep marang aku “awit pambudidaya sarta pitulungan saking jengandika, kula sampun waras, sampun pulih kados wingi uni, malah kepara menika sarandhuning badan keraos langkung sakeca. Inggih awit saking menika, keparenga kula kalih semah kula nyuwun pamit badhe nutugaken lampah”.

            “Lha ndika arep menyang ngendi?” pitakonku “apa arep nutugne nggon ndika nggoleki Keris Kyai Pantek piyandele Kalurahan Tambak kuwi?”.

            “Kula dereng mangertos badhe dhateng pundi, babagan Dhuwung Kyai Pantek, kula inggih boten badhe madosi jer kula boten ngertos ing pundi mapanipun” wangsulane Puranta “angkah kula, kula badhe terus mlampah ngantos sakiyating badan kula. Sokur bage menawi salebeting mlampah menika mangke kula saged asung pitulung dhateng sok sintena ingkang kaleresan mbetahaken pitulungan kula”.

            “Oo, cethane ndika arep andon laku kanggo ndarmakne kabisan sing ndika duweni ngono apa piye?”

            “Kenging kawastanan makaten mBah” wangsulane Puranta .

            Aku meneng ora enggal wangsulan jalaran, ana sasmita sing mlebu ana kupingku yen arep ana tamu sing teka. Temenan kairing sumribiting angin esuk sing nggawa ganda arum, Ki Jurudah lan Ki Prasanta teka ing omahku maneh. Merga tekane tamu loro kuwi, wangsulan kanggo Puranta lan Sirep kasigeg.

            “Kaya sing tak kandhakne dhek emben kae mBah Tambak” durung nganti tak bagekne lan tak takoni kabar keslametane, Ki Jurudah wis mbukani rembug ngandhakne apa sing dadi sedyane “ya kuwi ana prakaryan sing kudu ndika tindakne bebarengan karo aku lan Adhi Prasanta, mesthine ndika uga wis weruh apa wujude gaweyan mau”.

            “Iya Ki Jurudah lan Ki Prasanta” wangsulanku alon “nanging ditepungake dhisik, mbok menawa ndika durung tau wanuh karo priyayi kakung putri sing lungguh ana ngarepku iki”.

            “Matur nuwun lan aku njaluk ngapura mBah Tambak” wangsulane Ki Jurudah karo ngguyu “ketang saka selak kepengin ngandhakne sedyaku, nganti aku lali tetepungan karo Angger Puranta lan Angger Sirep sing lungguh ing ngarep ndika iki”.

            Nek aku genah nek ora gumun yen Ki Jurudah lan Ki Prasanta wis ngerti jenenge Puranta lan Sirep. Nanging nek Puranta apa dene Sirep ya cetha olehe ngungun, merga selawase urip lagi pethuk iki, nanging kanyatane Ki Jurudah wis weruh sapa jenenge. Tanpa kedhep wong loro kuwi anggone namatne praupane Ki Jurudah lan Ki Prasanta, nelakake rasa gumune.

            “Aku iki kena diarani sanakane mBah Tambak iki Ngger Puranta lan Angger Sirep” Ki Jurudah guneman maneh sing genti katujokne marang Puranta lan Sirep “jenengku Jurudah lan sing neng sandhingku iki sedulurku lanang utawa adhiku, jenenge Prasanta. Bener ta, ndika iki sing aran Puranta, putrane Ki Lurah Tambak Kapisan lan sisihan ndika kuwi Sirep anake Ki Undhagi Sinung saka Kalurahan Tambak ?”.

 

Ana candhake

Sabtu, 25 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (036)


 36.

            Puranta lan Sirep ingkang ugi mangertos lan mireng pambekering kapal-kapal kala wau, rumaos ngungun. Adat ingkang sampun, kapal nggadhahi polah ingkang makaten, jalaran sumerep sato galak ingkang piyambakipun boten wantun ngadhepi utawi wonten tiyang musthi dedamel ingkang badhe misakit piyambakipun. Kamangka wiwit kala wau, Puranta mangertos boten wonten tandha-tandha bilih ing papan mriku wonten panunggalaning kewan galak kados dene Sima gembong utawi Sima Tutul ingkang luru mangsan. Nanging Puranta inggih namung kendel kemawon, kajawi ajrih yen ngantos kadenangan tiyang-tiyangipun Bebau Kidul ingkang nembe dugi, ugi tenaganipun mila sampun telas kadya kakuras. Dados saupami wonten macan ingkang luru mangsa ingkang nubruk piyambakipun, Puranta inggih boten badhe saged ngendhani menapa malih nganto lumawan.

            “He kanca-kanca obormu padha uripna!” tiyang ingkang kala wau reraosan kalih kancanipun mbengok ngaba andhahnipun murih nyumet oboripun “sajake neng ngarepe dhewe ana wong ndhelik lan arep ndingkik, mbok menawa wae tunggale Sabekti sing mau wis kasil ngglembuk Puludan sakancane”.

            Boten mawi wangsulan, tiyang-tiyang lajeng sami nyumet oboripun piyambak-piyambak. Boten dangu ing wana mriku sampun padhang awit kacolokan obor ageng-ageng ingkang cacahipun wonten pitu. Sepinten kagetipun Puranta, Sirep lan tiyang-tiyang ingkang sami nunggang kapal kala wau, dupi kawontenan sampun ketingal padhang. Ing ngajengipun Puranta lan Sirep sami linggih, wonten Sima Pethak ingkang agengipun meh sagajah-gajah cacah kalih, ingkang sami ngisis siyung lan mripatipun mencorong abrit, siyaga badhe nubruk lan ngrangsang dhateng para tiyang ingkang sami kekapalan wau. Ketingalipun sima kalih ingkang warninipun pethak menika rumaos boten remen awit tiyang-tiyang sami nyumet obor. Ketitik Sima kekalih lajeng sami nggereng sareng, suwantenipun kuwawa damel horeg siti ing sakanan keringipun.

            Tiyang-tiyang srayanipun Bebau Kidul menika sami miris sumerep Sima ingkang agengipun kelangkung-langkung menika, langkung malih sasampunipun mireng panggerenging sima kekalih. Boten sranta, pangajenge tiyang ingkang sedaya cacah sedasa menika lajeng prentah, kanca rowangipun dipun ajak mlajar sesarengan. Kapal-kapal ingkang waunipun sampun beker-beker ajrih, dupi lisipun sinendhal dening ingkang nunggang kaajak mlajar wangsul, inggih lajeng nggemprang mlajar kados kasawataken plajengipun. Obor-obor ingkang wau dipun cepengi dening tiyang-tiyang ingkang sampun sami mlajar wau, dipun buccal makaten kemawon, ndadosaken papan mriku panggah padhang. Temah Puranta kanthi cetha saged ningali Sima Kalih ingkang agengipun boten kantenan menika mlampah kados badhe nguber tiyang-tiyang ingkang nembe mlajar.

            “Aneh, kok dumadakan ana macan semono – mono gedhene, kuwi bangsane macan apa Kakang?” pitakenipun Sirep sareng sima kekalih sampun boten ketingal ing ngajengipun.

            “Aku ora ngerti Sirep” wangsulanipun Puranta “Sasuwene aku urip, ngerti yen macan sing rupane putih kuwi ora mung ing dedongengan ya lagi iki mau, luwih-luwih gedhene macan-macan mau tak kira kliwat saka tikel kaping telune macan gembong sing gedhe dhewe. Lan maneh tekane saka ngendi, aku babar pisan ora ngerti”.

            “Lha banjur macan-macan mau menyang ngendi Kakang?” Sirep pitaken malih.

            “Katone arep mburu wong-wonge Bebau Kidul sing mlayu mau, embuh arep dikapakne aku ora ngerti. Ya mesakne yen nganti ana sing dadi pakane macan loro kae mau” wangsulanipun Puranta.

            “Nanging wong-wong mau padha mlayokne jarane Kakang, dadi ya mbok menawa ora bakal katututan” Sirep lajeng wicanten “atake macan kae mau banjur mbalik mrene maneh, nek kahanane awake dhewe kaya ngene banjur piye carane mlayu golek slamet Kakang?” .

            Puranta unjal ambegan landhung, lajeng wangsulan :

            “Ora sah ngebot-eboti pikir kanggo mangsuli pitakonan sing cetha nek ora ana wangsulane. Luwih becik awake dhewe nata ati, ing sajroning kahanan kaya mangkene iki, mung marang Gusti awake dhewe bisa masrahake pati lan urip, awit pati lan uripe titah kuwi gumantung kersane sing Kagungan Patil an Urip, ya iku Gusti Sing Maha Agung. Yen Gusti ngersakne awake dhewe isih kudu nglakoni urip ing lumahing bumi kaya saiki iki, mangka Gusti ora bakal kangelan paring sarana murih awake dhewe panggah urip. Kosok baline, yen Gusti ngersakne awake dhewe ngalih saka alam kang saiki dipanggoni menyang alam liya sing jarene luwih langgeng kuwi, awake dhewe ya ora bakal bisa suwala. Mung wae, sabegja-begjane titah kuwi ora ana sing ngungkuli begja lan mulyane titah kang bisa raket marang Gustine. Mula tinimbang awake dhewe mung nggagas marang lelakon sing arep teka sing awake dhewe ora bisa nggambarake kaya apa wujude, luwih becik yen awake dhewe nindakne laku samadhi, muji lan dikir marang Gusti Kang Maha Wicaksana”.

            “Iya Kakang, yen pancen ngono butuhku mung arep manut lan miturut apa sing dadi kersa ndika wae” wangsulanipun Sirep.

            Kekalihipun tumuli kendel, nata ilining napas nyawijekaken cipta kangge masrahaken jiwa lan raga dhateng Gusti Ingkang Maha Wicaksana. Sasampunipun saged nata lampahing angen-angen lan manah, nyawijekaken antawisipun nalar lan pangraos lan sedaya kapasrahaken dhateng Purbaning Gusti Ingkang Maha tan kena Kinaya Apa. Ing ngriku Puranta lan Sirep ketingal ayem lan tentrem kawontenanipun. Sadaya panandhanging gesang sampun boten kraos malih, ingkang wonten namung raos ayem lan tentrem bebasan sampun manunggal kalihan kersaning Gusti.

            Dumadakan wonten angin sumilir ingkang mbekta ganda arum, dede gandaning sesekaran ingkang tuwuh ing wana mriku, nanging gandanipun kayu cendhana wangi. Wongsal-wangsul angin menika ngelus-elus praupanipun Puranta lan Sirep, temah kekalihipun lajeng amungkasi anggenipun sami lampah samadhi. Radi kaget lan semu nratab sasampunipun Sirep lan Puranta ambikak mripatipun. Jebul Sima Pethak ingkang kala wau kesah kakinten mbujung plajaring tiyang-tiyangipun Bau Kidul, sak mangke sampun njerum boten tebih ing ngajengipun Puranta lan Sirep. Saderengipun Puranta lan Sirep ical kagetipun, kados tiyang nedahaken mawi janggutipun, salah satunggal saking Sima kekalih menika suka sasmita dhateng Puranta lan Sirep. Lan nalika Puranta ningali dhateng papan ingkang katuduhaken Sima kala wau, ing mriku jebul sampun wonten Pisang Raja Satangkep ingkang ageng-ageng lan nedhengipun mateng. Sareng Puranta sampun ningali pisang ingkang katedahaken kala wau, Sima kekalih lajeng kados kucing ingkang lulut, manthukaken sirahipun lan saderengipun Puranta lan Sirep ngucap menapa-menapa, Sima kekalih lajeng ngadeg, mecolot dhateng gegrumbulan ical boten wonten tilasipun malih.

            “Jebul Gusti isih kepareng ngersakne awake dhewe nutugne urip ing alam donya iki, Sirep” Puranta ngajak gineman semahipun “aku ora bisa ngarani macan putih loro mau bangsane malaikat kang memba rupa, utawa dewa sing salin warna, sing cetha lumantar Macan Putih loro mau Gusti wis kepareng nylametake awake dhewe saka wong-wonge Bebau Kidul sing mbujung laku, kaping pindho gandheng awake dhewe isih kadhawuhan nutugne urip, mula awake dhewe ya kudu nindakne laku sing dibutuhake raga kanggo urip ya iku panunggalane mangan ngombe lan sapiturute, Macan Putih loro mau wis aweh sasmita marang awake dhewe supaya mangan gedhang raja satangkep sing neng ngarepe dhewe iki, merga Gusti Kang Maha Wikan pirsa yen wiwit esuk mau awake dhewe durung klebon panganan apa-apa”.

            “Iya Kakang” Sirep wangsulan lajeng mendhet pisang setangkep anggenipun milari Sima Pethak kala wau, dipun pothel satunggal lan dipun ulungaken dhateng Puranta.

            “Kowe kudu tansah eling Sirep” kalih nampani pisang ingkang dipun ulungaken sisihanipun Puranta wicanten malih “Gusti kuwi maringi pangan marang manungsa murih manungsa gelem padha mangan kanggo njaga ragane supaya bisa awet, dadi aja nganti manungsa duwe pangira  kang ora pas, kang ngira manawa kuwajiban mangan kuwi mung kanggo nuruti karepe hawa napsu, yen kongsi kleru nggone ngecakne kuwajiban mangan iki bakal nuwuhake kapitunan marang raga sing kudune dijaga murih awete, nanging malah disikara sarana nuruti malah anguja hawa nepsune”.

            “Iya Kakang” wangsulanipun Sirep kalihan mothel pisang setunggal malih kangge awakipun piyambak “pitutur lan piwulange Kakang bakal tansah tak eling-eling lan mbesuk samangsa-mangsa Gusti kepareng paring anak marang awake dhewe, kabeh piwulang saka Kakang bakal genti tak wulangake”.

            “Sokur yen pancen mangkono Sirep” Puranta nglajengaken anggenipun wicanten “ujaring para winasis nyebutake biyung ngono guru kang kapisan tumraping manungsa. Dadi apa sing diwulangake Biyung marang anake bakal dadi dhasar lakuning uripe titah. Akeh bocah sing satemene isih resik lan suci, merga saka klerune laku sing ditempuh wong tuwane malah ndadekne bocah sing suci kuwi mau dadi bubrah ora karuwan, mung merga klerune wong tuwane”.

            “Iya Kakang, pancene dadi wong tuwa kuwi kudu ngati-ati, aja nganti anak sing ora ngerti kenthang kimpule dadi bubrah uripe merga wong tuwane” wangsulanipun Sirep.

            “Lan kang ora kalah wigatine, minangka wong tuwa kang duwe kuwajiban aweh pangane anak sing durung bisa golek pangan dhewe, aja nganti aweh pangan marang anak kuwi pangan sing asale saka tumindak sing ora bener, pangan saka asil colong jupuk, ngapusi utawa ngrebut pangane wong liya” Puranta suka tutur malih.

            “Iya kakang”.

            Ngantos dangu tiyang kalih niku anggenipun sami rembagan, tanpa kraos kekalihipun sami anggenipun ketileman piyambak. Nglilir-nglilir nalika mireng suwantening ayam wana ingkang sami kluruk, ing wanci gagat rahina. Gandheng kekalihipun sami boten sumerep sumber toya utawi lepen ingkang caket kalih papan mriku, kekalihipun angggenipun nindakaken sembahyang gagat rahina inggih sesucinipun mawi lebu kados kala wingi sonten.

            Rampung anggenipun sami sembahyang, Puranta ngajak semahipun nglajengaken lampah murih sansaya tebih kalihan Kalurahan Tambak. Salebeting manahipun tiyang kalih menika wonten raos kuwatir menawi taksih caket kalihan Kalurahan Tambak badhe kepanggih titiyangipun Bebau Kidul menapa dene Jagabaya Bontot. Boten sande menawi ngantos kepanggih, tartamtu badhe tuwuh pasulayan malih. Kanthi rekaos Puranta tuwin Sirep nglajengaken lampah.

            Dumadakan ing manahipun Puranta tuwuh gagasan enggal, menika linandhesan pocapipun Puludan kala wingi saderengipun Sabekti sakancanipun dugi. Inggih menika ingkang dipun arah pejahipun menika estunipun namung Puranta dede Sirep. Pramila Puranta kepengin nglampahi kasangsaran awit katundhung Saking Kalurahan Tambak  menika piyambakan kemawon. Sirep badhe kaparentah murih wangsul kemawon. Puranta sampun rila lan legawa menawi Sirep badhe emah-emah malih kalihan priya sanes, sauger Sirep boten katut rekaos awit tumut piyambakipun. Nanging Sirep langkung setya dhateng Puranta.

            “Ing wasana kula lajeng kepanggih jengandika menika, mBah Tambak” Puranta mungkasi nggone crita marang aku.

            “Iya, iya dadi satemene nggon ndika wong loro lunga saka Kalurahan Tambak kuwi durung suwe ya? Lagi rong dina saka kepethuke ndika karo nggon ndika budhal ninggalake Kalurahan Tambak?” aku genti takon maneh marang Puranta lan Sirep.

            “Leres mBah” wangsulane Puranta “menawi dipun etang ngantos sapriki inggih watawis sampun sepeken langkung, tiyang anggenipun mBah Tambakj ngupakara kula ngantos dados waras kados makaten menika saemut kula sepeken inggih langkung”.

Merga saka critane Puranta sing mangkono kuwi, aku dadi kelingan yen durung suwe sadurunge aku kepethuk Puranta lan Sirep, ing papanku kene ketekan dhayoh saka Kraton Pangayoman sapukawate Kang Mbok Ratu Setyawati sing aran Ki Jurudah lan Ki Prasanta.

 

Ana candhake

Jumat, 24 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (035)


35.

            Mireng rembagipun Puludan miwah polatanipun tiyang-tiyang andhahanipun Bebau Kidul ingkang makaten kala wau, Sabekti lajeng mrangkakaken pedhangipun. Tanganipun kumlawe asung sasmita dhumateng rowangipun murih mrangkakaken dedamelipun sedaya. Puludan ingkang ugi sumerep nunten tiru-tiru mrangkaken pedhangipun, makaten ugi kanca rowangipun sedaya. Sabekti lajeng nyaketi Puludan, lajeng wicanten mawi suwanten ingkang sareh :

            “Aku ngerti lan bisa ngrasakne sepira repote ati ndika Ki Puludan. Nanging aku ya durung nemu cara dalan endi sing kudu ndika ambah murih padha slamete. Saiki ngene wae, coba ayo nyuwun rerigen Gus Puranta, mbok menawa panjenengane bisa paring kalidamar marang awake dhewe, mligine ndika sakanca”.

            Puludan noleh dhateng rencang-rencangipun minangka sasmita nedhi tetimbanganing pamanggih. Ingkang dipun toleh boten wonten ingkang semaur, namung sami manthuk-manthuk tandha menawi nyarujuki rembagipun Sabekti.

            “Kula sakanca ngaturaken sedaya kalepatan Gus” wicantenipun Puludan sasampunipun caket kalihan Puranta lan Sirep “inggih awit saking bodho kula, kasurung pambujuking hawa nepsu, meh kemawon kula kacemplung ing neraka lumantar jengandika Gus Puranta”.

            “Sokur ta Ki Puludan yen ndika wis ngrumangsani kleru” wangsulanipun Puranta sabar “tujune iki mau Ki Sabekti sakancane tumuli teka ana kene, yen ora mbok menawa klakon aku wis ndika pendhem ing pinggiring alas kene iki”.

            “Ora mung Kakang Puranta sing bakal dipendhem” Sirep numpangi rembagipun Puranta “sanadyan aku, tinimbang dadi wong jarahan, luwih becik mati suduk salira nganggo patrem tinggalane biyungku iki”.

            “Kula ingkang lepat mBok Ayu” Puludan wangsulan kalihan ndhingklukaken sirahipun “mugi mBok Ayu saha Gus Puranta kepareng paring pangapura dhumateng kula sakanca”.

            “Uwis Ki Puludan, sing uwis ya uwis, mbesuk maneh aja kesusu selak muluk barang sing melok, kaya wektu iki. Aku ngerti, anane ndika sakanca wani lan gelem nuruti prentahe Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot kuwi merga ndika wis padha weruh nek kahananku isih remuk ketiban Paser Angin saka tulupe Ki Lopara lan katambahan disikara dening Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot. nDika babar pisan ora metung tekane Ki Sabekti sakancane iki mau. Sing ndika etung mung ganjaran sing dijanjekne Ki Bebau Kidul wae. Iya apa ora?” wangsulanipun Puranta suka pitutur dhateng Puludan.

Puludan boten semaur, namung sirahipun ketingal sansaya konjem ningali siti.

            “Sabanjure” Puranta wicanten malih “aku wis krungu kabeh sing padha ndika rembug karo Ki Sabekti mau. Mula mbok menawa Ki Puludan mathuk, aku duwe rerigen sethithik sing mbok menawa ana gunane tumrap Ki Puludan lan sedulur-sedulur Sapukawat saka Padhukuhan Kidul iki”.

            “Ngaturaken sewu gunging panuwun Gus” Puludan ndengengekaken sirah, nyawang dhateng Puranta kalih wicanten “sedaya eguh pratikel saking jengandika badhe kula lampahi sak-sae-saenipun”.

            “Ki Kebad…..” boten mangsuli wicantenipun Puludan, Puranta malah ngundang Kebad, salah satunggal Sapukawating Kalurahan ingkang saking Padhukuhan Tengah”.

            “Inggih, wonten dhawuh Gus?” Wangsulanipun Kebad.

            “nDika ngerti ta? Sangajale Ki lan Nyai Undhagi Sinung, wong tuwane Sirep” Puranta lajeng wicanten “tegal, sawah lan pekarangan saisine duweke Ki lan Nyi Undhagi Sinung rak dadi kukubane Sirep kabeh, iya awit anake Ki lan Nyi Undhagi Sinung ya mung siji, Sirep dhewe?”.

            “Inggih leres, kula ngertos bab menika Gus” Kebad nyela rembag, sanadyan dereng mangertos menapa ingkang badhe dipun kajengaken dening Puranta.

            “Lan Sirep wis masrahake bandha donya warisan saka wong tuwane kabeh kae marang aku” Puranta nglajengaken anggenipun wicanten, lajeng kacundhukaken dhateng semahipun  “rak ya bener mangkono ta Rep?” .

            “Iya bener Kakang” wangsulanipun Sirep.

            “Ing Pategalan sing ambane kurang luwih ana telung bau kae ana tanduran Pari Gaga sing sedhela maneh wayahe panen, lha tanduran pari sing ana sawah lagi wayahe merit sedhela engkas arep njebul” Puranta wicanten malih.

            “Leres Gus, tiyang tegil gaga taneman jengandika ing Pategilan tilaranipun suwargi Ki Undhagi menika gandheng kalihan pategilan kula lan taneman pantun jengandika ing sabin ingkang jengandika dhawuhaken kala wau mapan ing sapinggiring margi ingkang saben dinten kula langkungi, dados kula inggih ngertos sedaya” Kebad anumpangi rembagipun Puranta.

            “Iya” Puranta suka wangsulan “lan ing lumbung omah tinggalane Ki lan Nyi Undhagi kae isih kasimpen pari garing, embuh pirang gedheng cacahe, gajege wiwit diunggahne menyang lumbung durung tau ana sing ditutu”.

            “Inggih Gus”

            “Lha saiki aku arep njaluk tulung marang ndika Ki Kabad lan ndika Ki Sabekti, gegayutan karo apa sing dibingungake dening Ki Puludan sakancane iki” Puranta lajeng wicanten malih dhateng Kabad.

            “Gus Puranta badhe paring dhawuh menapa?” Kabad miterang dhawuh.

            “Inggih Gus suwawi kadhawuhna, estu badhe kula estokaken dhawuh jengandika” Sabekti ugi semaur anyagahi.

            “Gandheng dina iki Ki Puludan sakancane cetha yen ora wani bali menyang Padhukuhan Kidul” Puranta wicanten malih “mengko aku njaluk tulung supaya ndika sakloron padha nglarapake Ki Puludan sakancane marang Paman Bebau Tengah, ndika critakne kabeh kedadeyan ing papan kene iki mau marang Paman Bebau Tengah, banjur ndika aturne panyuwunku marang Paman Bebau ya iku murih Paman Bebau paring pangayoman marang Ki Puludan sakancane. Sabanjure aturna marang Paman Bebau, kanggo nyumbang wragad sing dibutuhake kanggo ngayomi lahir lan batine Ki Puludan sakancane, pari neng lumbung lan tanduran sing ana tegal lan sawah kae kabeh tak pasrahne marang Paman Bebau murih dirigenake kanggo nyukupi kabutuhane Ki Puludan sakancane. Minangka tandha yen ndika temen-temen tak jaluki tulung, patrem simpenane bojoku ya Sirep iki ndika tampani lan ndika aturne marang Paman Bau”.

            “Inggih Gus, pangestunipun Gus Puranta ingkang kula suwun, mugi saged lebda ing karya” wangsulanipun Kebad.

            “Sadaya dhawuh saking jengandika badhe kula aturaken dhateng Ki Bebau Tengah Gus” Sabekti ugi suka wangsulan.

            “Samanten kamirahan jengandika Gus Puranta dhateng kula sakanca?” Puludan boten saged nyingidaken ngondhok-ondhoking manahipun, klawan waspa ingkang kekembeng ing mripat lajeng wicanten ngaturaken panuwun dhateng Puranta “kula sakanca namung saged ngaturaken genging Panuwun, mugi Gusti tansah paring karahayon dhumateng jengandika Gus Puranta”.

            “Iki wektune wis meh surup, ndika enggal padha bali wae menyang Tambak, aku ndherek titip ndika aturne bektimu marang Ki Lurah, Paman Bebau Tengah lan taklimku marang Bebau liyane. Aku karo Sirep arep nerusne laku, ora pati-pati bali menyang Tambak yen ora nggawa Keris Kyai Pantek” Puranta wicanten lajeng suka sasmita dhateng Sirep semahipun, kaajak nglajengaken mlampah.

            Para Sapukawating Kalurahan ingkang sampun sami rukun menika, kanthi kekembeng waspa namung saged nyawang lampahipun Puranta lan Sirep ngantos ical katutupan gegrumbulan.  Sareng suwantenipun tracak kapal ingkang dipun tunggangi para Sapukawating Kalurahan sampun sansaya alon ing pamireng, Puranta ngajak semahipun kendel malih. Jalaran ngraosaken sakiting badanipun mila sansaya santer.

            “Leren dhisik Rep” wicantenipun Puranta dhateng semahipun “rasane awakku sansaya ora karu-karuwan. Lan maneh iki wis wancine nyedhaki surup, ora prayoga nek awake dhewe mlaku ing wayah ngene iki”.

            “Iya Kakang, ayo golek papan sing sajake rada kepenak yen kanggo leren” wangsulanipun Sirep kalihan natag-natagaken manah ingkang kraos keranta-ranta.

            “Sing ngati-ati lan aja ninggal kawaspadan Sirep” wicantenipun Puranta salajengipun “aku isih ngira, yen nganti sore iki Puludan sakancane mau ora nemoni Bebau Kidul utawa Jagabaya Bontot, mangka wong loro kuwi ora mokal yen banjur ngongkon wong liyane supaya nututi lakune awake dhewe”.

            “Iya, Kakang”.

            Leres, dereng ngantos Puranta lan semahipun manggihaken papan kangge kendel, lamat-lamat kepireng suwantening tracaking kapal ingkang murugi papan mriku. Sansaya dangu sansaya cetha. Purun boten purun Puranta inggih lajeng radi ngresula, salebeting manah ngudaraos :

            “Ndelalah awakku kok lagi tatu kaya ngene, yen awakku isih waras ora bakal aku ngresula nadyan kudu ngadhepi wong-wong bodho sing gelem dadi ketiplake Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot”.

            Raosing badanipun Puranta sansaya sakit, tenaganipun diketog inggih panggah boten saged tambah, malah sansaya lemes panyawangipun dados klemun-klemun. Suwantening tracak kapal sansaya caket kalih papanipun. Malah suwantenipun tiyang ingkang nunggang jaran ingkang nembe rembagan kalihan rencangipun sampun kapireng. Puranta nyipta menawi sampun dumugi titiwancinipun pejah. Samanten ugi kalihan Sirep, semahipun Puranta menika ugi ngertos menawi Puranta sampun katelasan tenaga lan boten saged malih ngginakaken tenaga cadhangan, awit tenaga cadhanganipun sampun telas kangge ngadhepi Puludan sakancanipun wau.

            “Banjur piye iki Kakang?” kalih keket anggenipun nggujengi tanganipun Puranta, Sirep pitaken.

            “Ora sah kuwatir Sirep” wangsulanipun Puranta ngedhem-edhem manahipun Sirep, ingkang estunipun ugi ngedhem manahipun piyambak “urip iki ana sing kagungan, yen Gusti ngersakne awake dhewe kudu mati dina iki utawa kapan wae, minangka titah awake dhewe mung bisa pasrah. Awit satemene apa sing dikersakne Gusti, kuwi mesthi becike. Becik tumrap awake dhewe manawa awake dhewe gelem pasrah kanthi wutuh marang Gusti”.

            “Nanging……”

            “Ora sah ndadak nganggo nanging-nangingan” Puranta nempelaken driji ing ngajeng lambe “aku wis weruh ana lawa sing metu saka pandhelikane, iki nuduhne yen surya wis surup. Ayo mumpung isih ana wektu kanggo manembah marang Gusti, awake dhewe tumuli nindakne kuwajibaning urip manembah ing wektu suruping surya”.

            Boten ngentosi wangsulan saking semahipun, Puranta lajeng sesuci mawi lebu ing papan mriku. Sirep ugi lajeng tumut-tumut sesuci mawi lebu kados ingkang katindakaken Puranta. Sareng sampun sami rampung anggenipun sami sesuci, kekalihipun lajeng nindakaken panembah dhumateng Gusti, boten nggagas menapa-menapa kajawi namung kados ingkang kaucapaken ingkang awujud panyuwunan dhumateng Gusti jumbuh kalihan panyuwunan ingkang kawucalaken dening guru-gurunipun, inggih menika panyuwunan ing salebeting nindakaken laku sembahyang.

            Nalika kekalihipun sampun rampung manembah, nembe suwantening tracak kapal ingkang kala wau kepireng sansaya cetha sampun boten kepireng malih. Ingkang kepireng malah suwantenipun tiyang ingkang rerembagan kalih rencangipun.

            “Lha nek nganti kedhisikan petenging wengi, genah nek kangelan nemokne menungsane ta Kakang?” wonten suwantenipun tiyang ingkang wicanten dhateng rencangipun “tujune aku mau wis nggagas, bocah-bocah kae mau padha tak kongkon nyepakne obor”.

            “Ya yen ngono bocah-bocah kae ndang dikongkon ngurupne obore wae, merga nek nitik saka panggandaku Puranta karo bojone isih durung adoh saka papan kene, mbok menawa wae wong loro kuwi wis krasa nek awake dhewe sakanca arep nusul, banjur padha umpetan” wonten suwanten ingkang benten suka wangsulan.

            Dereng ngantos kepireng suwanten malih, dumadakan kepireng suwanten pambekering kapal ingkang mungel sareng. Nitik suwantenipun kapal-kapal kala wau nembe ajrih jalaran wonten bebaya ingkang ngadhang margi. Nalika samanten kawontenan dereng patosa peteng, dados inggih menawi wonten menapa-menapa taksih saged katingalan. Namung kemawon gandheng kawontenanipun Puranta mapan kaling-kalingan sela ingkang ageng, tiyang-tiyang wau boten sumerep. Benten kalihan Puranta lan Sirep ingkang kekalihipun  saged ningali titiyang numpak kapal ingkang nembe dugi, lan mandheg ing papan mriku badhe madosi piyambakipun.

            Suwanten pambekering kapan sansaya rame, malah lajeng nggedrug-gedrugaken sukunipun dhateng siti, suka sasmita dhateng bendaranipun murih boten nglajengaken lampah sarta kapal-kapal wau sami anggenipun ngajak wangsul, awit panggraitaning kapal-kapal kala wau nyumerepi bilih ing ngajengipun wonten bebaya ingkang sakalangkung mbebayani.

 

Ana candhake.

 

Kamis, 23 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (034)


 

34.

       Tiyang-tiyang ingkang sami kekapalan kala wau sampun dumugi sacaketing Puranta lan Sirep. Sedaya sami cukat mlumpat mudhun saking kapalipun, lajeng siyaga angepung Puranta mawi sikep dedamel, sedaya sami nyepengi pedhang ingkang sampun dipun lolos saking warangakanipun. Puranta sampun nggraita bilih titiyang ingkang sami ngangge sandhangan Sapukawating Kalurahan Tambak menika andhahanipun Bebau Kidul utawi Jagabaya Bontot. Pramila sanadyan kawontenan raganipun taksih keraos labet saking tatu ing lebeting badanipun, nanging Puranta boten badhe pasrah bongkokan menawi tiyang-tiyang menika badhe ganggu damel dhateng piyambakipun tuwin Sirep, semahipun.

       “Kaget atimu Puranta ?” salah satunggal saking Sapukawating Kalurahan menika pitaken kalihan gumujeng ngece “apa malah wis krasa nek tekaku iki arep aweh bebantu marang kowe he?”.

       “Mengku karep apa ndika ngajak kanca-kanca nututi lakuku Ki Puludan?” Puranta gantos pitaken dhateng pangajenge para Sapukawat,  ingkang jebul nami Puludan.

       “Ha ha ha…. ngertia Puranta, tekaku sakanca iki arep aweh pambiyantu marang kowe, merga awit saka dhawuh sing tak tampa saka Ki Lurah lumantar Ki Bebau Kidul” wangsulanipun Puludan mawi basa ingkang babar pisan boten ngaosi dhateng Puranta. Kamangka sadangunipun menika ing Tambak boten wonten tiyang-tiyang ingkang njangkar lan boten mawi basa krama dhateng Puranta, nanging Puranta ketingal boten serik manahipun.

       “Nedha nrima Ki Puludan yen teka ndika sakanca iki arep aweh pambiyantu marang aku” wangsulanipun Puranta panggah mawi tembung ingkang sareh “nanging aku ora mbutuhake pambiyantu saka sapa-sapa kalebu saka ndika sakanca. Tak kira luwih becik yen ndika tumuli bali wae lan matur marang Ki Bebau yen aku ora mbutuhake pambiyantu apa-apa”.

       “Mengko dhisik, aja kesusu nampik pitulungan saka aku sakanca iki Puranta” Puludan suka wangsulan “jalaran ing babagan iki, kowe ora bisa selak yen kowe ora bakal bisa dhewe”.

       “Apa kuwi Ki Puludan?” Puranta pitaken suwantenipun wiwit minggah.

       “Dhawuh saka Ki Lurah Tambak Kapindho, temune Pusaka Kyai Pantek nek kowe wis dipendhem utawa dikubur ing alas kene” wangsulanipun Puludan kalih ngebah-ebahaken pedhang ing tanganipun “mula aku arep mbantu mendhem kowe neng alas kene, kari kowe milih dipendhem urip-uripan apa milih sadurunge tak pendhem tak lunasi dhisik? Lan pitulungan sing ora bisa mbok tampik maneh, ya iku aku sing bakal ngajak bali lan ngopeni Sirep kareben rupane sing ayu ora ilang muspra tanpa guna he he he”.

       “Lancang tembungmu Puludan” Puranta wangsulan kalih nggegetaken untu rumaos tembungipun Puludan sampun nglangkungi wates “sembada kowe mendhem ragaku yen wis koncatan sukma. Ayo majua bareng bakal tak ladeni sagendhingmu, leganing atiku!”.

       Puranta lajeng nata adegipun, siyaga ngadhepi Puludan sakancanipun. Puludan piyambak ugi lajeng suka sasmita dhateng rencang-rencangipun, ngajak majeng sareng ngebyuk dhateng Puranta. Puranta ingkang sampun siyaga babar pisan boten ngedhap manahipun. Piyambakipun boten pitados menawi Ki Lurah Tambak kapindho sampun ndhawuhaken kados ingkang dipun criyosaken dening Puludan wau. Duginipun serangan sesarengan saking Puludan sakanca rowangipun, dipun tadhahi kalihan jurus-jurus ingkang sampun nate katampi saking tiyang sepuhipun. Ing jurus kapisan, Puranta saged ngendhani panrajangipun mengsah lan malah taksih saged ngginakaken tangan lan sikilipun kangge gentos nerjang mengsahipun. Puludan tuwin rencangipun sekawan malih ingkang ngraosaken kepelan saha sadhukanipun Puranta ing jurus kapisan menika. Tiyang gangsal menika ketingal sami dhawah glangsaran ing siti kalih sambat lan misuh-misuh boten kantenan, wonten ingkang kalih ngrayahi weteng ugi wonten ingkang ngelus-elus dhadhanipun piyambak. Tiyang-tiyang sanesipun sami radi mundur nebih sarwi siyaga badhe nata serangan enggal.

       “Setan alas kowe Puranta!” kalih tangi saking anggenipun glangsaran, Puludan misuh-misuh lan ngundamana Puranta “ora keneng disabari tenan, titenana bakal tak cacah-cacah tenan kuwandhamu mengko”.

       Kancanipun sekawan ingkang  ugi badhe tangi  sami misuh-misuh langkung serem malih.

       “Aja kakehan gunem sing tanpa guna Puludan” Puranta wangsulan kalih mesem “ayo nek pancen kowe kepengin gawe patiku, enggal bali majua mrene”.

       “Setan!” boten wangsulan kathah-kathah Puludan namung misuh, lajeng tata-tata badhe ngrangsang Puntara, boten Kantun Puludan ugi lajeng wangsul suka sasmita dhateng rencang-rencangipun murih boten ajrih ngrubut Puranta.

       Boten dangu papan mriku wangsul dados rame malih, Puranta dipun krubut tiyang gangsal welas ingkang majeng sareng. Ewa samanten Puranta ketingal boten gigrig. Sanaosa samun wongsal-wangsul kenging jotosan utawi sadhukan, malah setunggal kalih ugi wonten pucuking pedhangipun para Sapukawat menika ingkang saged nggarut gegeripun, temah rasukan ingkang dipun engge Puranta ing sisih wingking dados santun warna abrit, warnanipun kringet ingkang campur rah, ewa samanten tandangipun Puranta taksih sansaya nggegirisi. Sampun sekawan Sapukawat ingkang  kenging duganganipun lajeng rebah boten saged tangi malih, nadyat boten pejah nanging inggih boten saged tangi malih.

       Kawontenan dados sansaya rame, sareng dumadakan wonten tiyang cacah sedasa, ingkang dugi lajeng nrambul tumut perang. Tiyang-tiyang ingkang nembe dugi menika, sami mbebela dhateng Puranta lan kanthi trengginas gentos ngadhepi para Sapukawating Kalurahan ingkang saking padhukuhan Kidul menika. Puludan minangka pangajenge para Sapukawat andhahanipun Bebau Kidul lajeng mencolot mundur lan mbengoki para rewangipun murih ngendeli anggenipun perang, kanthi mripat ingkang murup lajeng wicanten dhateng titiyang ingkang tumut nrambul wau :

       “Hee…. Aku, Puludan  rumangsa ora duwe petung apa-apa karo wong sak liyane Puranta, ya gene iki ana wong-wong sing tanpa nganggo tata melu nrambul nggonku arep gawe petung karo Puranta. Leren dhsisik Kisanak, ndika kuwi sapa lan mengku karep apa he?”.

       “Mripatmu apa wis wuta Puludan?” salah satunggal saking tiyang sedasa ingkang nembe dugi menika semaur “aku Sabekti, Sapukawat saka Padhukuhan Sela, karo kanca-kancaku iki andhahane Ki Bau Tengah lan Ki Bau Sela, sing ngeman kowe sakancamu murih aja nganti babak bundhas merga saking goblogmu, wani-wani ganggu gawe marang Gus Puranta”.

       “Apa karepmu  Sabekti ?” Puludan wangsulan kalihan nggetak.

       “Apa kurang cetha nggonku wangsulan he Puludan?” Sabekti semaur kalih gumujeng ngece “wis cetha kaya ngana olehku guneman, nanging kowe panggah ora mudheng? Pantes nek kowe diblusukne dening bendaramu menyang njero pawon ya ora njawa. Mosok kowe mau ora weruh nek bendaramu Bebau Kidul karo Jagabaya Bontot malah gurune sing jeneng Ki Lopara sing kondhang sektine sundhul langit wae ora ana apa-apane ngadhepi Gus Puranta? Lha kok kowe semrinthil rindhik asu digitik dikongkon nututi tindake Gus Puranta? Apa pancen kowe wis bosen urip? Kowe kuwi satemene duwe utek apa ora Puludan?”.

       “Aja mung langap-langap waton ngucap kowe Sabekti. Tekaku kene iki ngemban dhawuhe Ki Lurah” Puludan wangsulan kalih mencereng “dadi nek kowe teka kene arep aweh pambiyantu marang aku, aja banjur kowe sakancamu ngalang-alangi nggonku arep mendhem Puranta, malah kepara rewangana aku murih enggal rampung gaweyanku iki. Mengko nek wis bakal tak aturke Ki Lurah bab lelabuhanmu iki tak suwunke ganjaran sing jumbuh karo lelabuhanmu”.

       “Kowe kuwi jebul wis mendho kathik malah kemeruh Puludan” Sabekti semaur kalihan gumujeng “kowe kuwi wis diapusi karo Bebau Kidul, Ki Lurah ora tau paring prentah kaya mangkono kuwi lan maneh saupama kuwi prentah saka Ki Lurah kowe sakancamu mesthi diparingi tandha yen kowe lagi ngayahi jejibahane Kalurahan, kowe sakancamu rak ya padha ora duwe tandha kuwi ta? Beda karo aku, aku iki temen-temen lagi ngayahi kuwajiban saka Kalurahan ya kuwi memanuki tindake Gus Puranta, lan sing sapa wonge wani ganggu gawe marang Gus Puranta nyawaku bakal sing dadi udhune. Nek kowe kepengin weruh tandha sing tak gawa, sawangen Samir sing tak kalungne guluku iki lan sing dienggo kanca-kancaku kuwi. Mula nek kowe sakancamu nekad arep nindakne prentahe Bebau Kidul sing kekudhung asmane Ki Lurah, sadurunge kowe bisa nyenggol salirane Gus Puranta kowe kudu bisa nglangkahi bangkeku luwih dhisik. Ngerrti ?!?”

       Mireng wicantenipun Sabekti ingkang cetha kados makaten menika, para rowangipun Puludan lajeng sami sawang-sawangan sesamining rowang. Salah setunggal saking rencangipun Puludan lajeng nyaketi Puludan kalih pitaken klesik-klesik :

       “Piye ta kakang tenane? Awake dhewe iki mau temen-temen nindakne dhawuhe Ki Lurah apa ora?” .

       “Embuh” wangsulanipun Puludan “aku dhewe  ya banjur dadi bingung. Kowe kabeh ya padha krungu. Mau Ki Bau dhawuh yen awake dhewe bisa nyingkirne klilipe Ki Lurah sing wujude Gus Puranta, bakal kaparingan ganjaran sing gedhe, timang lan pendhok saka emas lan aku kang piniji dadi pengarep kajaba nampa ganjaran pendhok lan timang emas, ya dikeparengake nglungsur warandhane Gus Puranta minangka bojo sing kaping telu. Nanging iki Sabekti sakancane teka kathik nggawa tandha minangka Gegaman Kalurahan. Mula aku banjur dadi bingung”.

       “Lha awake dhewe dening Ki Bau mau ora diparingi tandha kaya tandha sing dituduhne Sabekti mau Kakang?” tiyang wau taken malih.

       “Tandha matamu kuwi?!?” Puludan mencereng, andhahanipun dipun sentak lan dipun pisuhi “genah mau kowe ya weruh dhewe nek awake dhewe diprentah banjur budhal ngono wae kok ndadak takon tandha barang?!”.

       “Saiki piye Puludan?” dumadakan Sabekti nyuwanten malih, kanthi suwanten ingkang seru “kowe isih arep nutugne sedyamu marang Gus Puranta apa kowe bali maneh menyang Tambak?” .

       “Mengko dhisik Ki Sabekti” Puludan wangsulan mawi suwanten ingkang sareh “bares wae, saiki iki aku dadi bingung dhewe”.

       “Bingung kepiye Ki Puludan?” Sabekti pitaken.

       “Yen aku nutugne dhawuh saka Ki Bau Kidul, tan wurunga aku kudu adhep-adhepan karo ndika sakanca minangka mungsuh. Kamangka paugeraning Kalurahan Tambak wis nyebutne sing sapa wonge wani ganggu gawe marang gegaman Kalurahan Tambak mangka ora ana pidana sing pantes disandhang kajaba ditugel gulune banjur sirahe disunduki dipanjer neng dalan Prapatan…..”

       “Kuwi wis cetha Ki Puludan” Sabekti munggel tembungipun Puludan “yen ndika nekad arep ganggu gawe marang Gus Puranta, mbuh ndika bisa menang mungsuh aku sakanca, embuh bakal kalah, sing cetha ndika bakal nampa pidana kaya sing ndika kandhakne kuwi mau”.

       “Nanging, sadurunge aku budhal mau, Ki Bau sing uga disekseni Ki Jagabaya Bontot, yen baliku sakanca menyang Tambak ora oleh gawe kaya sing dikersakne Ki Bau, mangka aku sakanca ya bakal ditugel gulune dening Ki Jagabaya Bontot” Puludan suka wangsulan kalihan nedahaken jibeging pikiripun “aku bingung Ki Sabekti, aku njaluk tulung aku ndika tuduhne kudu kepiye?”.

       Boten namung Puludan piyambak ingkang ketingal judheg pikiripun, sanadyan para rowangipun ugi ketingal sami bingung. Bebasan badhe maju ajrih menawi tatu, badhe mundur ajrih menawi ajur.

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...