Total Tayangan Halaman

Rabu, 01 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (041)


 

41.

            Puranta bali ndhingkluk tumungkul nyawang klasa sing dilungguhi, ngenteni tembung sing arep dikandhakne dening Ki Jurudah karo Ki Prasanta. Aku ya meneng ora guneman apa-apa, merga ing babagan sing ditakokne dening Puranta iki temen-temen babagan kang wigati, ora kena dienggo geguyonan. Kajaba saka iku aku ya kepengin ngerti apa sing arep dikandhakne dening Senapati Kraton Ngiyom loro kuwi, muga-muga wae ana gandheng rapete karo dhawuh sing tak tampa saka Kanjeng Ratu Setyawati sing jarene Ki Jurudah lan Ki Prasanta olehe nandangi bareng-bareng karo wong loro kuwi.

            “Sadurunge aku aweh wangsulan marang  Angger Puranta, isih ana pitakonan sing kudu diwangsuli kanthi bener dening Angger Puranta” Jebul sing guneman dhisik malah Ki Prasanta “lan wangsulan saka Angger Puranta iki mengko bakal dadi dhasar aku prelu nuduhne dalan utawa orane marang Angger Puranta sing nakokne dalan kanggo ndandani kaluputane mau”.

            “Mangga Kyai enggala kadhawuhaken pamundhut pirsa saking jengandika dhateng kula” wangsulane Puranta “badhe kula wangsuli kanthi jujur, jumbuh kalih suwantening batin kula”.

            “Kaya kang dikandhakne dening mBah Tambak marang ndika ing ngarep mau” Ki Prasanta wiwit ngandharake sing dadi pitakone “sanadyan tumibane dadi kleru, nanging satemene ndika nduweni gagasan kang karepe becik. Kanthi mangkono, satemene ndika kuwi seneng nindakne laku sing becik. Apa ati ndika  bakal seneng yen ta wong-wong sing ndika beciki kuwi males kabecikan marang ndika?”.

            Rada suwe Puranta ora enggal aweh wangsulan, tak sawang bathuke njengkerut, alis kanan keringe tempuk, katon nek lagi mikir utawa nata ukara murih anggone aweh wangsulan marang Ki Prasanta ora kleru. Aku dhewe ya nggagas nek pitakon sing diwenehne Ki Prasanta kuwi cetha nek mung pasangan sing ana jirete. Katone mung sepele nanging ing mburine ana prekara sing luwih gedhe. Jeneh ngono wae kok ndadak ditakokne, merga ya sapa wonge sing ora seneng nek tumindake sing becik marang wong banjur diwales kanthi kabecikan uga?. Menang-meneng aku ya kepengin ngerti apa sing bakal dadi wangsulane Puranta sarta aku uga kepengin weruh apa karep sing ana walike pitakonane Ki Prasanta iki.

            “Nyuwun pangapunten Kyai” sawuse rada suwe Puranta banjur guneman aweh wangsulan “wulang ingkang kula tampi saking biyung kula kala rumiyin, radi benten kalihan pamundhut pirsa jengandika menika……”.

            “Lha kok ndika malah nyebut Biyung ndika barang kuwi karep ndika apa Ngger ? Pitakonku kuwi gampang cukup ndika wangsuli seneng utawa ora seneng utawa lumrah wae, kuwi wis cukup. Kok malah ndika ngeling-eling piwulang saka Biyung ndika barang?” Ki Prasanta nugel rembug karo mesem.

            “Mila leres makaten Kyai” Puranta wangsulan alon “nanging menapa keparengaken menawi saderengipun kula atur wangsulan menawi kula ngaturaken rumiyin piwucal saking Biyung ingkang wonten sambung rapetipun kalihan pamundhut pirsa saking Kyai menika? Ngiras pantes ambok bilih wonten kirang leresipun piwucal ingkang kula tampi menika saged kaleresaken dening jengandika Kyai utawi para sepuh sanesipun”.

            “Mesthi wae oleh, Ngger. Coba ndika kandhakne aku ya kepengin ngerti kaya apa piwulang sing wis ndika tampa saka Biyung ndika kuwi”  Ki Prasanta sing maune mepet Puranta supaya aweh wangsulan cekak, dadi ngalah manut marang Puranta.

            “Ngaturaken genging panuwun Kyai” Puranta banjur kandha karo mesem lega “magepokan kalihan tumindak sae dhateng sesamining titah, inggih ingkang wujud manungsa utawi sanesipun, Biyung paring piwucal dhateng kula bilih tumindak makaten mila kuwajibaning titah ingkang ngrumaosi bilih piyambakipun menika jejering titahing Gusti. Nami nistha menawi tumindak sae dhateng sesami nanging pamrih piwales saking titah kalebet titah ingkang dipun saeni, jalaran paring wales dhateng tumindak sae menika wonten ing Maha Wicaksananing Gusti Ingkang Maha Adil, ngajeng-ajeng piwalesing titah menika sami kalihan mayuh Gusti kalihan titahipun. Boten benten nalikanipun nampi kabecikan saking tiyang sanes, ing mriku Gusti paring tuntunan sasaged-saged kabudidaya murih gentos tumindak sae dhateng tiyang ingkang tumindak sae kasebat, namung kemawon ancas lan tujuwanipun inggih namung awit nindakaken dhawuh piwucaling Gusti, boten karana sanes. Lha samangke Kyai mundhut pirsa menapa kula seneng menapa boten menawi titiyang ingkang ambales tumindak kula ingkang sae? Atur wangsulan kula, remen jalaran wujud raos panuwun dhateng Gusti lan remen awit wonten titah ingkang nindakaken wujud dhawuh piwucaling Gusti. Makaten atur wangsulan saking kula ambok bilih dereng leres kaparenga Kyai paring pitedah murih leresipun”.     

            Aku rumangsa eram marang wangsulan sing diucapne Puranta kuwi mau. Ora ngira yen ndeleng umur-umurane sing durung tuwa nanging wis nduweni kaweruh kebatinan sing ora kalah karo wong sing wis tuwa-tuwa kaya aku iki. Tak sawang Ki Prasanta genti sing njengkerutne bathuke, embuh apa sing ana angen-angene. Nek Ki Jurudah mung plengah-plengeh mesem sajak kalegan atine.

            “Saiki genti tak walik pitakonku” Ki Prasanta banjur guneman maneh “saupama ndika wis tumindak becik marang liyan, nanging walese wong mau marang ndika rupa tumindak ala, ndika bakal seneng utawa serik banjur genti tumindak sing bisa gawe larane wong mau?”.

            “Ing ngajeng sampun kula aturaken menawi tumindak sae menika kuwajibaning titah, boten kenging ngajeng-ajeng piwales saking titah sanes, makaten ugi kalihan tumindak awon, sok sintena ingkang tumindak awon dhateng sesamining titah inggih badhe nampi piwales saking Gusti, tiyang ingkang remen suka piwales awon dhateng tiyang ingkang tumindak awon ingkang tumanduk ing dhirinipun, menika sami kalihan tiyang ingkang legan golek momongan, kebo benthung nantang pasangan, jalaran suka piwales menika namung wewenanging Gusti lan kenging kawastanan namung titah ingkang murang tata menawi ta dhemen nyenyahak wewenanging Gusti. Sepisan malih kula matur, paring piwales dhateng tumindak ingkang awon menika wewenanging Gusti utawi wewenanging Titah ingkang kasampiran jejibahan minangka wewakiling Gusti ing bab nata timbanging traju kapradatan, ingkang anggenipun paring putusan mawi anyebut asmaning Gusti Ingkang Maha Adil”.

            “Saiki sansaya padhang lan gamblang panyawangku marang ndika Ngger” dumadakan Ki Jurudah sing genti guneman marang Puranta “samengko bakal tak kandhakne marga nggon ndika bisa ndandani kaluputan sing satemene ora ndika seja sadurunge kuwi. Wektu iki ing Kalurahan Tambak jeneng ndika arep dirusak dening Kyai Lopara, Bebau Kidul apa dene Jagabaya Bontot, kanthi bukti kang palsu yen ndika temen-temen wis ndhustha Kyai Pantek sing ditemokne ing senthong dalem ndika. Kanthi bukti kuwi, Ki Lurah bakal bisa nibakne pidana marang ndika lan wong-wong sing dinuga wis nyengkuyung tumindak ndika kaya dene Ki Bau Tengah, Ki Bau Sela lan Ki Bau liyane tuwin para pamong sing ora disenengi dening Bebau Kidul utawa Jagabaya Bontot. Kanggone ndika satemene wis isis, lire ora bakal nampa pidana maneh merga wis lunga saka Kalurahan Tambak, nanging tumrap Bebau Tengah sakancane kuwi sing kira-kira rada ndrawasi, nek ndelok saka pakulinane Kyai Lopara, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot bisa wae wong-wong sing didakwa ngrojongi tumindak anggon ndika nyolong Kyai Pantek bakal nampa pidana pati. Mula ndika kudu bisa aweh tetulung marang wong-wong sing bakal nampa pidana kuwi sartane ndika kudu bisa nulungi Ki Lurah kang sajroning bebaya merga bakal tansah nggugu apa sing dadi kekarepane Ki Lopara apa dene Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot”.

            “Ya prekara iki sing tak kandhakne kapan-kapan kae marang ndika mBah Tambak” durung nganti Puranta mangsuli tembunge Ki Jurudah, Ki Prasanta wis kandha marang aku.

            “Mengko dhisik ta Ki Prasanta” gage nggonku wangsulan “aku iki mau lagi nyemak apa sing dikandhakne Ki Jurudah marang Ki Puranta, kok dumadakan ndika kandha ngono kuwi marang aku, kuwi karepe piye?”.

            “Apa rumangsa ndika Angger Puranta bisa ngrampungi gawe nek ditegakne budhal dhewe menyang Kalurahan Tambak?” Ki Prsanta mangsuli karo nakoni aku “sing diadhepi Angger Puranta mengko ora mung Kyai Lopara, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot wae. Nanging uga Jim sing nyolong Kyai Pantek sing asli kuwi uga bakal nggawa kanca-kancane kanggo ngisruh neng Kalurahan Tambak”.

            “O ngono ta cethane?” aku mesem krungu wangsulane Ki Prasanta sing mangkono kuwi mau “iya saiki aku wis mudheng, banjur suk kapan gaweyan iki ditandangi?”.

            “Sabar mBah Tambak” Ki Jurudah sing wangsulan “saiki Kyai Pantek sing tenan, arep tak pasrahne marang Angger Puranta. Mengko yen wis ana tangane Angger Puranta kang isih putrane Raden Riyasa, yen Kyai Pantek iki dithungne marang Keris Tirone, mbuh sapa sing nyekeli mangka Keris Tiron bakal mbalik marang wujude sekawit lan ngetokne daya pangaribawa, nanging ora bakal bisa nandhingi pangaribawane Kyai Pantek sing neng tangane Angger Puranta”.

            Bubar guneman ngono kuwi, tanpa weruh sangkane dumadakan Ki Jurudah wis nyekeli Keris Kyai Pantek sing banjur dipasrahne marang Puranta.

            “Iki Ngger, tampanana sipat kandel Kalurahan Tambak sing diampil Kanjeng Sultan Pajang saka Gusti Ratu Setyawati, muga-muga bisa ndika gunakne kanthi sabecik-becike” kandhane Ki Jurudah karo masrahake Keris kuwi marang Puranta.

            “Ngaturaken genging panuwun Kyai” wangsulane Puranta karo nampani Keris Kyai Pantek jangkep sawrangkane sing banjur disengkelit ing gegere “mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung paring kekiyatan dhumateng kula temah saged lebda ing karya”.

            “Iya Ngger” wangsulane Ki Jurudah sing banjur ngedum gaweyan “dina iki uga awake dhewe, ya kuwi Aku, Adhi Prasanta, mBah Tambak lan Angger Puranta budhal menyang Kalurahan Tambak. Muga-muga wae ora kasep lan ing Kalurahan Tambak durung ana sing dadi kurban. Anut dhawuh pituduh saka Kanjeng Ratu Setyawati, mBah Tambak duwe jejibahan namengi Angger Puranta saka sakehing bebaya, nanging ora kena ngatonake salira kajaba yen wis kepepet tenan. Dene aku karo Adhi Prasanta kadhawuhan ngulat-ulati lan ngadhang lakune Jim sing nyolong Kyai Pantek lan ndhelikne neng guwa sapinggire Kali Sumberlanang, lan tak blakakne jim kuwi duwe jeneng Ganjur, nduweni kanca bangsa jim cacahe ora kurang saka selawe, nanging ya klebu jim lumrah sing kasektene adoh sangisore Jim Ganjur dhewe. Uga nduweni kanca wujud manungsa sing kulina nyembah marang Jim Ganjur, cacahe ora kurang saka selawe uga, iki mengko sing kudu diadhepi Angger Puranta lan mBah Tambak”.

            “Lha menungsa sing dadi balane Jim Ganjur kuwi kasektene kepiye?” aku takon “sekti-sekti apa kaya sapantarane Kyai Lopara?”.

            “Ora prelu diwangsuli Kakang” Ki Prasanta nyaut rembug “ora ana critane Raden Bagus Suwanda Putra angkate Gusti Tumenggung Jatikusuma kuwi kangelan ngadhepi manungsa sing kaya apa wae kasudirane”.

            Ki Jurudah ngguyu. Ki Prasanta banjur melu ngguyu. Aku sing banjur cengar-cengir dhewe.

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (040)



40.

            Puranta nyawang Ki Jurudah lan Ki Prasanta karo mripat sing nuduhake yen mbutuhake pitutur saka wong loro sing tau tetulung marang dheweke kuwi. Sanadyan ora kumecap tembunge Puranta, nanging wis ndadekne Ki Jurudah lan Ki Prasanta weruh lan ngerti apa sing dikarepake dening putrane Ki Tambak Kapisan kuwi. Ki Jurudah tumuli aweh sasmita marang Ki Prasanta supaya guneman luwih dhisik.

            “Angger Puranta” kandhane Ki Prasanta kanthi suwara sing sareh nanging keprungu manteb “kaya sing dikandhakne dening mBah Tambak mau, nek sing ora klebu nalar sadurunge jebul bisa kawujudan. Kaya upamane nek miturut petunge nalar, nglengkara ndika bisa nemokne Kyai Pantek sing ilange ora ndika kaweruhi sadurunge, sing njupuk sapa lan diselehne ing ngendi ndika ora ngerti. Nanging merga ndika kepethuk aku lan Kakang Jurudah ing omahe mBah Tambak iki, ndika bakal weruh ing ngendi dununge Kyai Pantek lan ndika bisa wae njupuk kanthi gampang Keris Piyandel Kalurahan Tambak kuwi”.

            “Menapa Ki Prasanta saha Ki Jurudah uninga ing pundi dunungipun Dhuwung Kyai Pantek?” Puranta nyela rembug mawa pitakonan.

            “Ora mung trima weruh Ngger” wangsulane Ki Prasanta “nanging Kyai Pantek wis dak slametake saka tangane wong duraka sing nedya njongkeng kawibawan ing Kalurahan Tambak”.

            “Sinten menika Ki Prasanta?” Puranta takon semu kaget.

            “Lho gajege ndika kuwi dikongkon nggoleki Keris Kyai Pantek ta? Ya gene teka takon sapa sing nyolong Kyai Pantek? Sing ndika butuhne kuwi Kyai Pantek apa sing njupuk Kyai Pantek?” Ki Prasanta takon karo suwara sing sareh, malah eseme uga ngrenggani lambene.

            Puranta tumungkul, ndhingklukne sirahe, ngrumangsani kaluputane sing seneng nyela rembuge wong tuwa sing lagi crita.

            “Nyuwun pangapunten Kyai, sumangga kalajengna anggenipun paring dhawuh” alon Puranta nyuwara njaluk pangapura.

            “Ora dadi apa Ngger” wangsulane Ki Prasanta karo ngguyu “tenane ngono aku apa dene Kakang Jurudah ya ora weruh sapa sing nyolong Keris piyandel Kalurahan Tambak kuwi. Aku karo Kakang Jurudah mung diparingi weruh dening Gustiku, Kanjeng Ratu Setyawati yen sisihane Nyai Burani ya iku pusaka rerenggan Kraton Ngiyom sing biyen tau diampil dening Kanjeng Sultan ing Pajang, dumadakan ngaton ana guwa sing manggon ing pinggiring Kali Lanang utawa kali Sumberlanang. Dening Kanjeng Ratu aku lan Kakang Jurudah kadhawuhan mulung Pusaka kuwi lan nggawa bali menyang Kraton Pangayoman, jalaran ing guwa kono kuwi mau Keris pusaka kuwi lagi dikunjara dening Jim sing dadi sesembahane manungsa”.

            “Gek kuwi Jim sapa no Ki Prasanta?” genti aku sing nyelani takon karo setengah ngguyu.

            “nDika kuwi senengane kok ya nyela-nyela ta mBah Tambak?” Ki Prasanta rada sengol olehe mangsuli pitakonku “mesthi wae aku ya ora ngerti wong Kanjeng Ratu ora paring weruh Jim kuwi sapa jenenge!”.

            “Lha sabanjure kepriye?” aku takon maneh.

            “Ndika rungokne ta, aku tak crita dhisik mengko nek wis rampung ndika utawa Angger Puranta kena takon, critaku sing endi sing kurang cetha!”

            “Iya nanging ya karo disambi ta suguhan sing mung sa-anane kuwi” wangsulanku.

            “Sing disambi apa?” Ki Prasanta takon karo mesem kecut “jeneh sing ana mung kendhi, sing embuh kothong embuh ana isine kuwi, kok kongkon nyambi?”.

            Sing ana kono kabeh padha ngguyu bareng, dadi kahanan malih ora kaya mau sing ketok angker. Sirep bojone Puranta, wangune wis krasa karo sasmitaku. Wong wadon kuwi banjur mundur arep menyang pawon, yasa suguhan kanggo dhayoh-dhayohku.

            “Cekaking crita” Ki Prasanta banjur nutugne critane maneh “kanthi gampang Keris kuwi bisa tak jupuk lan tak gawa bali menyang Kraton Pangayoman tak aturake marang Gusti Ratu Setyawati”.

            “Lha bareng Keris kuwi wis tak aturne ing ngarsane Kanjeng Ratu” genti Ki Jurudah sing nutugne critane Ki Prasanta “Kanjeng Ratu banjur paring dhawuh yen Keris sisihane Nyai Burani kuwi jenenge Kyai Pantek. Biyen tau diampil dening Kanjeng Sultan Adiwijaya kanggo sipat kandel putra lembu petenge sing arep kajumengake Lurah ing Tambak. Kanjeng Ratu ngeparengake Kyai Pantek diampil dening Sultan Adiwijaya nanging ora kanggo selawase, Kanjeng Sultan kaparingan wektu suwene satus tahun, yen wis satus tahun Kyai Pantek bakal kapundhut bali dening Kanjeng Ratu Setyawati”.

            “Nuwun sewu kapeksa aku nyelani Ki Jurudah” aku nyela rembug “anggon ndika kadhawuhan njupuk Kyai Pantek kuwi wektune kapan? Merga tak gandhengne karo rawuh ndika ing papan kene iki kira-kira wis ana sesasinan, gek Keris Kyai Pantek Sipat kandel kalurahan tambak kuwi olehe ilang saka plangkan durung suwe, watara sesasi durung ana”.

            “Iya mBah Tambak” Ki Jurudah wangsulan karo mesem amba “Pancen anggonku mboyong Kyai Pantek saka Guwa ing Pinggir Kali Sumberlanang kuwi watara setahun kepungkur, dadi satemene ilange Kyai Pantek saka Plangkan Kalurahan Tambak ya luwih saka setahun kepungkur, cethane isih ing jaman sing jumeneng Lurah isih Raden Riyasa. Nanging ora ana sing padha ngerti jalaran Jim sing njupuk Kyai Pantek kuwi nyata julig. Klawan kekuwataning ciptane bisa yasa keris sing wujude padha karo Kyai Pantek sing dicolong kuwi banjur dipapanake ing plangkane Kyai Pantek sing ana Kalurahan Tambak. Dadi sing kanggo misuda Ki Jaswana dadi Lurah kae tenane ngono dudu Kyai Pantek sing sejati, nanging tiron Kyai Pantek yasane Jim sing ngunjara Kyai Pantek ing Guwa sing mapan sapinggire Kali Sumberlanang kuwi”.

            “Lha sing ilang lan didakwa dicolong Ki Puranta kuwi Keris sing endi?” aku takon maneh.

            “Ya wis genah ta mBah?” Ki Prasanta sing nyaut gunem “sing ilang jaman sing dadi Lurah Tambak kuwi Ki Jaswana, ya Tiron Kyai Pantek gaweyane Jim kuwi, dudu Kyai Pantek sing satemene kagungane Kanjeng Ratu Setyawati sing banjur diampil dening Kanjeng Sultan Pajang. Ngono kok ndadak ditakokne ta mBah?”.

            “He he he…aku kuwi murih cethane ngono lho Ki Prasanta” wangsulanku karo ngguyu “aja gampang nesu mundhak gelis tuwa……”.

            Ki Jurudah melu ngguyu, Puranta mung mesem amba. Nalika semana mbarengi metune Sirep saka pawon arep ngladekne wedang jahe kanggo wong sing padha jagongan neng jogan iki. Bubar ngetokne wedang, Sirep mlebu maneh metune wis nggawa Thiwul lembut sing dikrawu klapa lan dilalapi gula aren, dadi kena kanggo sarapan.

            “Lha nek ngene iki cetha nek kenek disambi” Ki Jurudah nyandhak cangkir jahene banjur disruput.

            “Lha nek sing njupuk Kyai Pantek sing tiron kuwi, aku ngerti lan saiki manggon neng ngendi aku ya wis ngerti, ya kuwi sing dikandhakne Adhi Prasanta sing nyolong kuwi wong sing kepengin njongkeng kawibawan ing Kalurahan Tambak” kandhane Ki Jurudah sawuse nyruput jahene banjur genti nyandhak pincuk sing isi thiwul lembut sing isih anget manget-manget kuwi.

            Durung ana sing nyauti kandhane Ki Jurudah sing keri dhewe iki, awit kabeh lagi padha repot nyandhak cangkir lan thiwule dhewe-dhewe. Kahanan dadi sansaya krasa gumyak.

            “Lha Kyai Pantek sing tiron kuwi apa ya wis ndika rawati Ki Jurudah?” karo arep nyruput wedang Ki Jurudah tak takoni.

            “Dening Kanjeng Ratu aku sakloron ora dikeparengake nguthik-uthik gaman tiron kuwi” wangsulane Ki Jurudah “nanging aku karo Adhi Prasanta kaparingan kuwajiban tansah ngulat-ulati satindak-tanduke wong-wong sing arep gawe kisruh ing Kalurahan Tambak kuwi kabeh lan yen wis tekan titiwancine aku kadhawuhan bareng-bareng tumandang kanthi ngajak mBah Tambak kanggo nylametake kawula cilik sing manggon neng Kalurahan Tambak”.

            “Critane wis tekan kene, mbarengi wetengku ya wis wareg pisan” Ki Prasanta genti sing guneman “saiki sing kurang cetha takokna, arep tak wangsuli kanthi senenging ati”.

            “Aku tak takon keri-keri wae” wangsulanku karo mesem “kareben Ki Puranta sing takon luwih dhisik”.

            “Matur nuwun mBah Tambak” Puranta nyauti rembugku banjur kandha marang Ki Jurudah lan Ki Prasanta “Nuwun sewu Kyai, menawi kaparengaken kula kepengin mangertos, sepisan sinten ingkang sampun nyidra Kyai Pantek ingkang sayegtosipun namung Pusaka Tiron menika? Kaping kalihipun Pusaka Tiron menika samangke kasingidaken dhateng pundi?”.

            “Sing njupuk pusaka sing ora asli kuwi Kyai Lopara, gurune Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, maune Keris kuwi disimpen ana padhepokane Kyai Lopara, nanging sawise Angger Puranta lunga ninggalake Kalurahan Tambak, saiki Keris kuwi disingidake ing senthong tengahe omah ndika Angger Puranta” wangsulane Ki Prasanta.

            “nDika ngerti Ngger ya gene Keris kuwi diselehne ing senthonging dalem ndika?” Ki Jurudah genti nakoni Puranta.

            “Kula boten mangertos Kyai” wangsulane Puranta.

            “Miturut asiling pangrunguku saka anggone rembugan antarane Bebau Kidul, Jagabaya Bontot lan Kyai Lopara, kuwi arep kanggo ngapusi Ki Lurah lan kabeh kawula ing Tambak. Sepisan ngapusi yen sing nyolong keris kuwi nyata-nyata yen Angger Puranta, ketitik ketemune keris ana senthonge dalem ndika. Kapindho, ngapusi yen Ki Lopara kuwi duwe aji netra bathara temah ngerti panggonan kanggo nyingidake keris kuwi, kamangka satemene sing nyelehne kono ya Ki Lopara dhewe. Kaping telune arep ngapusi Ki Lurah lan para kawula sing padha ora ngerti lakon satemene, yen Bebau Tengah lan Bebau Sela sing ndombani Angger Puranta sing maune wis legawa ora melik dadi Lurah, banjur kethukulan rasa kepengin lan nglalekne prasetyane” Ki Jurudah banjur nggenahne wangsulan saka pitakone mau.

            “Dugi samanten kawengisaning manahipun Kyai Lopara miwah murid-muridipun Kyai?” Puranta katon yen banget nelangsa sajroning atine “manawi namung betahipun nyingkiraken kula saking Kalurahan Tambak, estunipun kula sampun trimah boten badhe wangsul dhateng Kalurahan Tambak malih. Nanging sareng Paman Bebau Tengah miwah Bebau sanesipun ingkang boten nocogi trekahipun Bebau Kidul ugi badhe dipun singkiraken malah kepara mbok menawi badhe kapidana awrat, menika ingkang nami boten adil”.

            “Pancen ora adil Ngger, jenenge wong murka sing dhemen tumindak culika mesthi adoh saka laku kang adil” Ki Prasanta genti sing guneman “nanging kuwi mau kabeh ana sing njalari, ya iku saka laku ndika kaya sing dikandhakne mBah Tambak ing ngarep, ndika kesusu nggugu marang nalar ndika sing madhakne lakuning nalare wong liya padha karo lakune nalar ndika dhewe”.

            “Inggih Kyai, saestu kula ngrumaosi lepat” wangsulane Puranta “samangke kaparenga Kyai Prasanta lan Kyai Jurudah miwah mBah Tambak paring kalidamar dhateng kula, pundi marginipun murih kula saged ndadosi ingkang risak jalaran saking lepating nalar kula”.

            Tak sawang Ki Jurudah apa dene Ki Prasanta padha manggut-manggut krungu panjaluke Puranta sing kaya mangkono kuwi. Panjaluk sing metu saka ati kang suci kanggo ndandani kahanan sing bubrah awit saka kleruning laku jalaran rumangsa bener nanging jebulane durung kapener.

 

Ana candhake.

Selasa, 28 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (039)

39.

            Aku banjur mikir sedhela nata ukara sing arep tak kandhakne marang Puranta. Satemene aku ya durung mathuk sawutuhe karo panemune Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing ngandhakne nek Puranta wis ngalkoni dosa gedhe rong prekara kuwi. Mungguhku wis jamak lumrahe menungsa sing duwe akal iku ndhisikne rasa percaya marang pikirane, dene menawa jebul lakune pikir kleru kuwi luwih gampang dibenerake, akal luwih gampang ditata tinimbangane rasa.

            “Ki Puranta” aku miwiti guneman “mbok menawa ana beda sethithik antarane aku karo Ki Jurudah lan Ki Prasanta sajrone ngarani kaluputan sing ana jiwa raga ndika kuwi”.

            “Bentenipun kados pundi mBah?” Puranta nyela rembug.

            “nDika rungokne dhisik ta!” wangsulanku “aja kesusu nugel gunem, kuwi ora pati prayoga”.

            “Inggih mBah, nyuwun pangapunten”.

            “Dosa gedhe miturut panemune Ki Jurudah lan Ki Prasanta kang ndika sandhang kuwi” aku nutugne nggonku guneman “miturut panemuku mung prekara lumrah mung wae nek diumbar bakal bisa mbalabar dadi brahala. Cethane ngene, wiwit pisanan nalika Bapak ndika arep budhal menyang Pratapan Bata Pawon lan arep masrahake jejibahan nutugne kuwajiban nglurahi Kalurahan Tambak , landhesane Paugeraning Kalurahan. Lan sing kasebut ing paugeraning kalurahan kuwi ndika, nanging bawane ndika luwih percaya marang nalar ndika sing weruh yen Ki Jaswana banget kepengine bisa dadi Lurah merga oleh panyengkuyunge Bebau Kidul lan Kebayan Kalurahan ya Ki Bontot, ndika milih ngalah. Nalar ndika ngandhakne yen nganti Ki Jaka Swana ora dadi Lurah, mangka Kalurahan Tambak bakal kisruh, merga nalar ndika ngandhakne yen Bebau Kidul lan Kebayan Bontot sing wis nusun kekuwatan bakal mbalela sinamudana tegese bakal gawe rusuh kanthi cara dhedhemitan. Dadi olehe ndika migunakake unine Paugeran Kalurahan sing ngisor dhewe nalika samana tenane mung merga rasa kuwatir ndika sing ana angen-angen lan nalar ndika wae. Teka kene kandhaku iki bener apa luput?”.

            “Mila leres makaten mBah” Puranta aweh wangsulan.

            “Kanthi nuruti lakuning nalar ndika, kuwi satemene ndika wis ngremehake Bakuning Paugeran sing biyen digawe dening wong tuwa ndika awit pituduh saka Kasultanan Pajang. Kamangka olehe gawe Paugeran kuwi ora mung dolanan, nanging uga direwangi nganggo laku prihatin, murih bisa murakabi tumrap Kalurahan Tambak. Kang mangkono kuwi wis bisa dikandhakne yen ndika wis tumindak luput. Sing wekasane Gusti Kang Maha Wicaksana wis melehake ndika, kanthi sansaya ndadrane kamurkan sing ana atine Bebau Kidul lan Kebayan Bontot, sanadyan Jaswana wis klakon dadi lurah. Bebau Kidul apa dene Jagabaya Bontot tenane mung kepengin mukti wibawa dadi panguwasa ing Kalurahan Tambak, adoh saka rasa kepengin gawe kamulyan lan karaharjane kawula ing Kalurahan Tambak. Dadi anane Ki Lurah Tambak Kapindho nglorot Bau Tengah lan diganteni Bebau Kidul minangka sesepuhing para Bebau tuwin tambahing panguwasa sing dicekel dening Kebayan Bontot merga munggah drajat dadi Jagabayaning Kalurahan, kuwi merga ndika sing mbukak dedalane kanthi kumawani migunakne unining paugeran sing mapan ana ngisor dhewe lan ninggalne paugeran sing luwih baku. Wekasane ndika weruhi dhewe, wiwitane sing dadi kurban dudu ndika, nanging kawula ing Kalurahan Tambak, kalebu para Bebau lan Pamong liyane. Sepisan maneh tak kandhakne kabeh mau, ora ana sing luput gedhe dhewe kajaba ndika sing nuruti lakuning nalar sing ndika kira luwih bener”.

            “Inggih mBah, kula ngrumaosi lepat” Puranta nugel gunem karo ndhingkluk.

            “Sabanjure” aku nutugne guneman “sawuse ndika dadi kurban, klawan kena pandakwa ndhustha Kyai Pantek kang wekasane ndika rumangsa katundhung lunga saka Kalurahan Tambak, ndika nuruti pangajake nalar maneh yen sarana nuruti parentahe Ki Tambak Kapindho ndika ngira bakal ndadekne luwih becike Kalurahan Tambak.  Kaping pindhone nalika ndika nyaguhi dhawuhe Ki Lurah ngupadi Kyai Pantek, nalar ndika wis ngandhakne yen mokal ndika bisa nemokne Kyai Pantek, wekasan ndika nduwe panduga yen dhawuh saka Ki Lurah kuwi mung samudana murih ndika minggat saka Kalurahan Tambak. Nalar ndika ngandhakne yen panemu ndika kuwi wis bener. Pancen bener mungguhe nalar ndika. Nanging satemene kanthi mbenerake nalar sing mangkono kuwi mau ndika wis nglalekne Maha Kuwasaning Gusti sing nata mobah musiking jagad raya iki. Kamangka, yen mung butuh nemokne ing ngendi mapane Kyai Pantek wae, kanthi pitulungane Gusti Kang Maha Mulya aran ora angel babar pisan. Pitulungan saka Gusti kuwi ora kabeh lakune bisa diwaca luwih dhisik mawa nalare manungsa. Gampangane wae, nalar ndika mesthi ora tau ngandhakne yen sawise ndika remuk rempu merga kaculikane Kyai Lopara samurid-muride, ndika bakal kepethuk aku neng papan kene iki. Uga ndika mesthi ora tau nggagas yen bakal ana macan putih loro sing gedhene meh sagajah-gajah ngadhang lakune wong-wong srayane Bebau Kidul. Lan kanyatane sing babar pisan ora tau mampir neng angen-angen ndika kuwi sing kaleksanan. Mula kaluputan utawa dosa sing miturut Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing ndika sandhang kuwi, siji : ndika dhemen kebacut nggone percaya marang petungane nalar lan kaping pindho ndika dhemen nglalekne Gusti Sing Nyata Maha Kuwasa. Yen loro-lorone kuwi isih ndika kukuhi, ndika ora bakal nemu kabegjan selawas-lawase. Manungsa kuwi wajib nggunakne nalar kanthi sabecik-becike nanging kudu tansah eling marang Sing Paring Nalar. Aja nganti merga kaparingan nalar malah kanggo nggorohake apa dhawuhe sing paring nalar”.

            “Inggih mBah, kula ngaturaken gunging panuwun” kandhane Puranta sawuse aku meneng sedhela, leren nggonku guneman “kalepatan-kalepatan kasebat badhe kula budidaya murih ing tembe boten kula wangsuli malih”.

            “Apa mung kuwi sing tuwuh ing angen-angen ndika sawuse ndika weruh kaluputan lan wohing kaluputan ndika?” wangsulanku karo nanting atine Puranta maneh “nek sing katon wohing kaluputan ndika mung sing tumanduk marang ndika dhewe, mbok menawa kanthi janji kaya sing ndika kandhakne kuwi wis rada nyukupi, nanging yen awit kaluputan sing ndika tindakne wis gawe sengsarane wong akeh sing tenane ora melu-melu nglakoni dosane, nek mung digetuni wae ya ora ana gunane”.

            “Inggih mBah” wangsulane Puranta “mila kula kepengin sanget nebus kalepatan kula sarta ndandosi risaking kawontenan awit saking kumalungkung kula ingkang rumaos sampun leres lan wicaksana, nanging jebul klintu lan sembrana. Awit saking menika mugi mBah Tambak kersa paring pitedah, menapa ingkang prayogi kula lampahi?”.

            “mBalik marang carita ndika marang aku kae” wangsulanku marang Puranta “nalika ndika wis kentekan pangarep-arep merga tekane susulan wong-wonge Bebau Kidul sing banjur tekane Macan Putih sing gedhene sagajah-gajah kae, apa sing ndika lakoni?”.

            “Inggih kados ingkang sampun kula aturaken, gandheng kula sampun katelasan tenaga nanging rahayunipun taksih emut bilih ingkang wenang murba gesang lan pejah kula menika namung Gusti Ingkang Maha Agung, mila kula inggih lajeng masrahaken samudayanipun dhumateng Gusti Allah, mBah” wangsulane Puranta “nanging samangke, ing mriki wonten priyantun-priyantun ingkang tuhu wicaksana, inggih mBah Tambak, Ki Jurudah lan Ki Prasanta, awit saking menika kanthi linandhesan raos pasrah dhumateng Gusti, kula nyuwun pitedah dhateng mBah Tambak, Ki Jurudah miwah Ki Prasanta, murih prayogining lampah”.

            Sadurunge aku wangsulan, mripatku kober nglirik Ki Jurudah lan Ki Prasanta. Wong loro kuwi padha mesem karo ngethungne jempolan tangane marang aku. Panampaku, wong loro kuwi rumangsa mathuk karo apa sing dikandhakne Puranta sing keri dhewe kuwi mau. Mula aku banjur guneman maneh marang Puranta, sing kira-kira wong loro Ki Jurudah karo Ki Prasanta padha ora ngira yen aku bakal mbukak wewadine :

            “Ki Puranta, ndika ngandhakake yen sawise ndika wis pasrah marang Gusti Allah, dumadakan Macan Putih sing cacah loro mau padha teka maneh lan kober nggugah Ki Puranta kari Nyi Sirep, jebul tekane ora duwe sedya ala malah ngirimi gedhang raja satangkep kanggo ngiseni weteng ndika, bener ngono ta?” .

            “Inggih mBah Tambak”

            “Lha saiki gandheng ndika wis pasrah marang Gusti Allah, mula ing kene tumuli bakal bisa ndika temoni Macan Putih loro kae, nanging wis salin ageman he he he”.

            “Nyuwun pangapunten mBah Tambak” Puranta ketara rada bingung “kula dereng mudheng kalihan dhawuh jengandika menika?!?”.

            “Pancen wiwit jaman isih nom biyen, mBah Tambak kuwi seneng guyon kok Ngger, nanging guyone so kora lucu lan ora pati tinemu ing nalar …..” Ki Prasanta sing nyauti tembunge Puranta. Sauntara Ki Jurudah tak sawang katon mesem kecut ngempet anyel.

            “Tak wartani ya Ki Puranta ?” aku ngguyu karo wangsulan “ora adoh saka papan kene iki ana negara kang asipat gaib sing diratoni dening Ratu Ayu, jenenge Kraton Pangayoman utawa Kraton Ngiyom. Lha Senapatine Kraton Pangayoman kuwi ana loro, kasektene prasasat tanpa tandhing. Ya ora nggunmunake lha wong Senapati loro kuwi biyen tau dadi abdine Gusti Prabu Brawijaya garwane Kanjeng Ratu Kencanawungu. Lha senapati loro kuwi, nek ngadhepi wong-wong culika sing mung duwe kasekten lumrah wae, ora tau mentala gawe tatune mungsuh luwih-luwih gawe patine. Mula cukup kanthi nggunakne busana peparinge Kanjeng Ratu ing Kraton Pangayoman, mungsuh-mungsuhe bakal salang tunjang nggone mlayu. Dadi tenane sing nylametake ndika saka wong-wong susulan sawuse Puludan lunga menyang Tambak Tengah melu Sabekti kae, ora ana liya kajaba Senapati saka Kraton Ngiyom sing wis ngagem busana mau. Yen ndika kepengin ngerti, Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing katone mung kaya wong padesan kuwi satemene Macan Putih loro sing wis paring Gedhang Setangkeb marang ndika kae”.

            Puranta malih ndomblong krungu kandhaku ngono kuwi mau. Mesthine dheweke ora ngira yen satemene Ki Jurudah lan Ki Prasanta kuwi Senapatine Kanjeng Ratu Setyawati saka Kraton Pangayoman. Luwih gumun maneh, bareng tak jarwani yen Macan Putih sing wis nundhung wong-wonge Bebau Kidul sing nedya gawe cilakane kae, ora ana liya kajaba Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing saiki ana sandhinge.

            “Ngaturaken sewu kalepatan Kanjeng Senapati……..” dumadakan Puranta sujud ing ngarepe Ki Jurudah lan Ki Prasanta karo asok kaluputan, ditutne Sirep sing uga banjur melu sujud  “nyuwun gunging pangaksami awit kadegsuran kula ing ngarsa jengandika”.

            “Aja kaya ngono Ngger….” Ki Prasanta nyandhak pundhake Puranta banjur disurung murih bali lungguh “Raden Bagus Suwanda sing saiki nganggo jeneng mBah Tambak kuwi nek guneman pancen sok seneng diluwih-luwihi. Pancen bener yen aku karo Kakang Jurudah kuwi abdi Kraton Pangayoman, nanging ya mung kaya iki wujud asline ora beda karo ndika sing satemene isih wayah dalem Kanjeng Sultan Adiwijaya ing Pajang sing babar pisan ora ngatonake sapa leluhure”.

            Puranta bali lungguh, katone rumangsa kewiyak wadine yen satemene dheweke iku isih trahing kusuma rembesing madu turase wong andana warih.

 

Ana candhake.

 

 

 

Senin, 27 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (038)


 


38.

            Puranta lan Sirep dadi sansaya gumun, jebul Ki Jurudah ora mung wis ngerti jenenge wong loro kuwi wae, malah jenenge wong tuwane pisan Ki Jurudah iya wis weruh. Mula Puranta lan Sirep banjur sansaya ndhingklukne sirahe, nuduhne rasa kurmat marang wong tuwa sing durung tau ditepungi babar pisan kuwi nanging jebul wis apal marang dheweke lan mbok menawa malah wis ngerti kabeh sapa sing dadi kulawargane.

            “Matur nuwun sanget Ki Jurudah lan Ki Prasanta” Puranta banjur aweh wangsulan marang Ki Jurudah “bekti kula katur jengandika lan Ki Prasanta, mugi katampia”.

            “Kula ugi ngaturaken pangabekti Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta” Sirep melu guneman karo nangkebake epek-epeke ngentra wong nyembah.

            “Iya, iya Ki lan Nyi Puranta” Sing mangsuli genti Ki Prasanta “aku matur nuwun banget dene ndika sakloron gelem ngaturake bekti marang wong kaya aku karo kadangku tuwa sing durung ndika tepungi sadurunge iki”.

            “Sakalangkung remen salebeting manah kula Kyai” Puranta guneman maneh “kados dene kajugrungan nugrahaning Gusti dene kula kalihan semah kula menika saged kepanggih lan saged sapajagong kalihan jengandika Ki Jurudah lan Ki Prasanta, priyantun ingkang tuhu waskitha, ingkang sampun uninga sinten kula lan semah kula malah kepara sampun uninga sinten ingkang nurunaken kula kekalih”.

            “Kuwi ora merga waskitha Ki Puranta” Ki Jurudah mangsuli karo mesem amba “jamak lumrahe priyayi sing kagungan palungguhan utawa pinter ing kagunan kuwi asmane mesthi kondhang teka ngendi-endi, contone ya Ki Lurah Tambak Kapisan sing kondhang tekan ngendi-endi Lurah sing banget tresnane marang para kawulane lan Ki Sinung sing ora kalah kondhange minangka Undhagi sing garapane kukuh lan ngresepake yen disawang”.

            Puranta mesem, sajake nggagas nek olehe wangsulan Ki Jurudah mangkono kuwi mung kanggo abang-abang lambe wae, lire ora seneng nek diarani wong sing nduweni kawaskithan.

            “Iki mau rak ngene ta Ki Jurudah lan Ki Prasanta?” aku banjur miwiti ngajak omong perkara liyane “gandheng Ki lan Nyi Puranta iki wis rada sawatara manggon neng omah kene, dina iki mau banjur arep pamit nutugne laku. Nanging aku ya durung aweh wangsulan, merga aku kelingan anggone awake dhewe wis semayan arep nandangi gaweyan bebarengan kaya sing didhawuhne Kanjeng Ratu Kraton Katentreman. Lha saiki gandheng ndika wong loro wis padha teka, tak jaluk ndika sakloron bisa aweh rerigen utawa eguh pratikel marang Ki lan Nyi Puranta kepriye murih becike laku!”.

            “Matur nuwun mBah Tambak” Ki Jurudah aweh wangsulan “sadurunge aku arep takon marang Angger Puranta luwih dhisik”.

            “Inggih Kyai” Puranta nyauti rembug “mangga Kyai badhe mundhut pirsa menapa?”.

            “Jarene mBah Tambak mau, ndika arep nutugne laku? Olehe nutugne menyang ngendi?” Ki Jurudah nyongklok pitakonan marang Puranta.

            Puranta meneng sedhela banjur wangsulan ora beda karo olehe mangsuli pitakonku nalika tak takoni kaya sing ditakokne Ki Jurudah mau.

            “Nek ngono pancen wis ana niyat ing ati ndika ora arep bali maneh menyang Kalurahan Tambak?” Ki Jurudah banjur takon maneh marang Puranta.

            “Awit kula sampun prasetya salebeting manah lan ugi kula biyawarakaken ing ngarsanipun Ki Lurah lan para Bebau tuwin para pamong ing Tambak, bilih kula boten badhe wangsul menawi dereng kepanggih kalihan Keris Kyai Pantek ingkang murca saking Kalurahan Tambak, Kyai” Puranta aweh wangsulan.

            “Lan ndika luwih percaya marang angen-angen ndika yen Keris Kyai Pantek sing ilang kuwi ora bisa ndika temokne?” Ki Prasanta genti sing nakoni.

            “Mila leres makaten Kyai” wangsulane Puranta “jalaran kula mila boten mangertos ing pundi purugipun Dhuwung Kyai Pantek menika?, menawi kacidra dening tiyang, tiyang pundi ingkang nyolong, kula inggih boten mangertos, dados miturut petanganing nalar, nglengkara kula saged manggihaken Dhuwung Kyai Pantek ingkang murca menika”.

            “Lha nek ndika wis percaya marang petungane nalar ndika sing kaya mangkono mau, ya gene ndika nyaguhi prentahe Ki Lurah Tambak Kapindho?” Ki Prasanta mburu nganggo pitakonan maneh.

            “Jengandika tuhu priyantun ingkang waskitha Kyai” wangsulane Puranta “sanaosa boten kula aturaken menawi kesah kula nilar Kalurahan Tambak menika awit ngemban dhawuh saking Ki Lurah Tambak Kapindho, jengandika sampun pirsa. Kula pitados bilih jengandika tartamtu ugi sampun pirsa menapa ingkang dados pawadan anggen kula anyagahi dhawuhipun Ki Lurah kasebat”.

            “nDika aja banjur mangkono Angger Puranta” Ki Prasanta genti sing guneman, sauntara aku mesem sajroning atiku krungu wangsulane Puranta sing lugu nanging duwe karep sing jeru kuwi “sabab anane aku ngerti nek ndika budhal lunga saka Kalurahan Tambak lan mbok menawa siji loro aku ya weruh apa sing ndika temoni sawuse metu saka Kalurahan Tambak, kuwi merga kabeh barang kang wis kelahir, lire dhawuhe Ki Lurah lan wangsulan ndika kuwi akeh sing padha krungu, temahan mawa sarana gethok tular, aku lan Kakang Jurudah melu dadi krungu. Beda karo sing jenenge pawadan sing ora linairake, manggone ana batin, lha sing bisa ngaweruhi isine batining wong kuwi mung Gusti Sing Maha Wikan, upama ana sing kandha nek ngerti isi batine wong, kuwi cetha mung ngayawara utawa banter-bantere mung tekan panduga lan pangira wae. Kamangka panduga lan pangira kuwi durung mesthi benere, mula nadyan aku ya duwe pangira nanging aku luwih percaya marang pangrunguku saka ucap lan tembung sing metu saka wong sing tak duga lan tak kira isining batine”.

            “Nyuwun pangapunten Kyai, kula lepat” Puranta aweh wangsulan karo ndhingkluk sajake rumangsa getun marang tembung sing rada keladuk sing ditujokne marang Ki Prasanta mau “waleh-waleh menapa kula nggadhahi dudutan bilih dhawuh saking Ki Lurah murih kula kesah madosi Kyai Pantek menika namung dhapur samudana kangge pawadan murih kula nilaraken Kalurahan Tambak kangge salami-laminipun, murih boten dados klilipipun Ki Lurah anggenipun madeg ing Kalurahan Tambak. Gandheng kula kepengin Kalurahan Tambak saged tentrem boten wonten tukar padu antawisipun para pamongipun, kula lajeng nyagahi menapa ingkang dados dhawuhipun Ki Lurah kala wau”.

            “Lha nek ngono rak luwih cetha” Ki Jurudah semaur karo ngguyu amba “saiki aku genti arep njaluk tulung marang mBah Tambak supaya paring weruh marang Angger Puranta, yen satemene Gusti wis paring pemut marang Angger Puranta yen satemene Angger Puranta wis duwe kaluputan sing gedhe rong perkara”.

            “Elho?  kok aku sing ndika prentah Ki Jurudah? Kamangka aku ora melu-melu ing perkara iki?!?” wangsulanku karo nyawang praupane Ki Jurudah “luwih-luwih yen aku kudu aweh weruh marang Ki Puranta yen wis nindakne laku dosa rong prakara, gek kuwi dosa apa hara?”.

            “mBah Tambak” Ki Jurudah semaur karo suwara sing renyah “mesthi wae aku ora bakal wani prentah utawa ngongkon ndika, tembungku mau aku mung arep njaluk tulung marang ndika. Awit gaweyan sing arep ditandangi bareng-bareng antarane ndika lan aku sakloron karo Adhi Prasanta ana sambung rapete karo lelakon sing disandhang Angger Puranta, mula aku banjur njaluk tulung marang ndika”.

            “Iya Ki Jurudah” wangsulanku maneh “banjur aku kudu omong apa marang Ki Puranta?”.

            “Raden Bagus Suwanda” dumadakan Ki Prasanta melu guneman sing suwarane rada mendhuwur “ndika aja selak yen ndika kuwi kajaba siswa uga putra angkate Gusti Tumenggung Jatikusuma jaman Majapahit isih jaya biyen. nDika tak jaluk aja mbodhoni, yen panjalukku lan panjaluke Kakang Jurudah iki ora ndika turuti, ya ora apa-apa, mung wae aku mesthi bakal wadul marang Kanjeng Ratu ing Kraton Pangayoman lan kanthi mangkono nglengkara ndika bisa ndherek Gusti Prabu Brawijaya menyang Gunung Lawu”.

            Satemene aku rada njomblak kaget krungu rembuge Ki Prasanta sing kaya mangkono mau, katon cetha yen Ki Prasanta kuwi isih padha karo aku, kerep ora sabaran lan seneng nyenggol pangrasane liyan, klebu pangrasaku. Nanging gandheng tak gagas ora ana gunane males rembuge Ki Prasanta sing kaya ngono kuwi mau, aku ya banjur milih ngalah.

            “Iya iya Ki Jurudah lan Ki Prasanta, bakal tak turuti apa sing dadi dhawuh ndika sakloron” wangsulanku karo suwara sing sareh.

            “Lha nek ngono rak ya kepenak ta dirungokne nganggo kuping tuwa iki?” Ki Jurudah mesem “mosok wis padha tuwane kok isih arep gojek kaya bocah angon kebo? He he he”.

            “Ki Puranta……” aku banjur guneman marang Puranta.

            “Inggih mBah Tambak?” gage wae anggone Puranta sumaur.

            “nDika wis krungu apa sing dikandhakne Ki Jurudah, yen ndika jebul nduweni kaluputan gedhe rong prekara. Apa ndika wis weruh ing ngendi dununge kaluputan ndika kaya sing dikandhakne Ki Jurudah mau?” aku mbaleni takon.

            “Lali lan lepat menika mila sandhanganing titah, mBah Tambak” wangsulane Puranta “lan sa-apes-apesing tiyang menika, tiyang ingkang boten sumerep ing lepatipun. Langkung bodho lan cilaka menika tiyang ingkang boten sumerep bilih piyambakipun nandhang dosa. Lan kula ngrumaosi bilih kula kalebet kempalaning tiyang kados ingkang kula aturaken kala wau, bares kemawon mBah, kula dereng sumerep kados pundi wujuding dosa kula kala wau”.

            “Yen mangkono, aku arep kandha marang ndika, kandhaku iki mengko lelandhesan dhawuh saka Ki Jurudah. Nanging sadurunge aku kandha, aku mbutuhake pasarujukan saka ndika, dhawuhe Ki Jurudah marang aku iki kudu tak kandhakne apa ora? Lan kaping pindhone saupama tak kandhakne ndadekne runtiking ati ndika apa ora?” sepisan maneh Puranta tak tanting atine.

            “Mangga kadhawuhna mBah Tambak” wangsulane Puranta “sanaosa kula dereng patosa pinter, nanging kula inggih boten bodho-bodho sanget, awit sangertos kula bodho-bodhoning tiyang menika tiyang ingkang kapir tegesipun kapir anutupi manahipun saking warta ingkang leres, temah menawi wonten tiyang ingkang nedahaken menawi piyambakipun nandhang dosa utawi tumindak lepat lajeng dipun nesoni. Kula boten remen dados tiyang kapir makaten menika mBah Tambak”.

            “Ngene wae Angger” Ki Prasanta banjur melu udhu rembug maneh “sing bakal dikandhakne mBah Tambak mengko kuwi cetha nek warta sing bener, lire mBah Tambak bakal nuduhake kleruning laku ndika sing mbok menawa ndika kira laku sing wis bener. Nanging, nek apa sing dikandhakne mBah Tambak mengko miturut panemu ndika kandha sing luput, ndika uga wenang nampik lan ora nggugu marang apa sing dikandhakne mBah Tambak. Nanging nek miturut ndika bene rya ora ana alane yen ndika banjur nggugu lan ndandani kaluputan sing wis nuwuhake dosa sing gedhe kuwi mau”.

            “Inggih Kyai” wangsulane Puranta “mila leres ingkang jengandika dhawuhaken menika, nanging bares kemawon Kyai, kula sampun pitados dhateng Kyai Jurudah, Kyai Prasanta miwah mBah Tambak. Sadaya pitedahipun estu badhe kula estokaken”.

 

Ana candhake

Minggu, 26 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (037)


 


37.

            Aku mau ya ora ngira yen Ki Jurudah apa dene Ki Prasanta sing tau tukaran karo aku jaman semana isih gelem sanja ing panggonanku iki. Lan bares wae, aku ya wis rada pangling karo senapati Kraton Katentreman loro kuwi, merga sandhang panganggone beda banget karo jaman ketemu aku biyen. Sing dienggo ora beda karo sandhang panganggone wong padesan sing kerep tak weruhi. Ora krasa, aku ya banjur nyawang kahananku dhewe sing saiki ya wis beda adoh karo jaman aku kepethuk Kang mBok Setyawati biyen. Jaman aku isih nganggo jeneng Raden Bagus Suwanda. Nadyanta mangkono, aku wis ngerti nek wong loro kuwi dudu manungsa lumrah, jalaran mokal banget nek manungsa lumrah bisa nemoni aku ing alamku sing saiki iki, tanpa ana palilah saka aku luwih dhisik.

            “Mosok ndika pangling karo aku Gus Wanda?” pitakone Ki Jurudah nalika sepisanan teka neng ngarep omahku.

            “nDika iki sapa? Ing kene wis ora ana Raden Bagus Suwanda!” wangsulanku karo namatne praupane wong loro kuwi gentenan.

            “Iya aku wis ngerti nek Raden Bagus Suwanda wis ora ana sing ana rak mBah Tambak ta?” Ki Prasanta genti sing guneman. Ya suwarane Ki Prasanta kuwi sing ndadekne aku kelingan nek wong loro kuwi Ki Jurudah karo Ki Prasanta.

            “Ki Jurudah lan Ki Prasanta…….?” Alon-alon lambeku menga nyebut jenenge senapati Kraton Katentreman kuwi.

            “Sokur, gene ndika wis bali kelingan marang aku wong loro iki” wangsulane Ki Jurudah karo ngguyu.

            Wong loro kuwi banjur tak jak mlebu omah, tak jagongi kaya lumrahe tamu. Bareng wis rada sauntara kabar kinabaran bab kaslametan, Ki Jurudah banjur ngandhakne apa sing dadi sedyane teka ing papanku iki :

            “Ana kabar sing wigati sing klebu kabar kang nyenengake kanggo ndika mBah Tambak” kandhane Ki Jurudah alon “Kanjeng Ratu utusan aku karo Adhi Prasanta mrene iki, saprelu ngabarake yen ora suwe maneh ndika bakal mundhak drajat”.

            “Mundhak drajat Ki?” aku durung nyandhak karo karepe Ki Jurudah kuwi.

            “Bener” sing wangsulan genti Ki Prasanta “laku patobatan ndika wis kari sethithik maneh, nek wis rampung, ndika bakal diterne dening Gustiku Setyawati marak marang Kanjeng Sinuhun Brawijaya sing saiki jumeneng ing Gunung Lawu kanthi sebutan Kanjeng Sunan Lawu, ndika bakal dadi siswa lan pandhereke Kanjeng Sunan Lawu kanggo nyampurnakne laku ndika, murih ing mbesuke bisa bali ing jaman kelanggengan kanthi tentrem ora kesasar awor brekasakan”.

            “Matur nuwun banget Ki Jurudah lan ndika Ki Prasanta awit kabar saka ndika sakloron iki” wangsulanku ayem wae “lan aku banget nedha nrima marang Kanjeng Ratu Setyawati sing jebul isih kagungan rasa welas lan mesakne marang aku titah sing kakehan dosa iki. Yen pancen bener apa sing ndika kandhakne mau, nyata-nyata kuwi sawijining kanugrahan sing tanpa upama marang wong sing wis dosane akeh kaya aku iki”.

            “Aja nemen-nemen nggon ndika nelangsa, mBah Tambak” Ki Jurudah mesem amba “satemene meh kabeh titah sing tau dadi manungsa, kuwi tau tumindak luput lan nate tumindak dosa. Nanging yen titah kang kaya mangkono kuwi, klebu ndika lan aku apa dene Adhi Prasanta iki, isih duwe kapitayan yen sepira gedhening kaluputan sing tau dilakoni bakal dingapura dening Gusti yen ta gelem nyuwun pangapura kanthi nindakne laku patobatan kang bener, kaya sing ndika tindakne saiki iki. Awit sepira gedhening dosane kawula tuhu isih Agung Maha Pangapuraning Gusti”.

            “Iya Ki Jurudah” wangsulanku “senadyan temene aku ora wani ngarep-arep kanugrahan kajaba pangapura saka Hyang Kang Maha Agung marang kabeh dosa lan kaluputanku, apa aku luput yen aku kepengin weruh mbesuk kapan kanugrahan sing ndika critakne saka Kanjeng Ratu ing Kraton Pangayoman bisa tak tampa?”.

            “Miturut dhawuh sing tak tampa saka Kanjeng Ratu, ora suwe maneh” wangsulane Ki Jurudah “ya kuwi sawise anggon ndika aweh pitulungan marang titah kang kaaniaya, anyukupi kanggo sangu laku ndika budhal menyang papan dununge Kanjeng Sunan Lawu. Lan salah siji saka sing tak kandhakne sing keri dhewe iki, sajroning wektu sing ora suwe ing papan kene bakal ana wong sing mbutuhake pitulungan jalaran kaaniaya kamangka tanpa dosa. nDika aja takon maneh, kapan wong sing susah lan mbutuhake pitulungan kuwi teka. Mengko wae yen wis ndika tulungi nganti pulih tenagane wong sing nampa pangaiaya mau, pitulungan sabanjure bakal ndika lakoni bebarengan karo aku lan Adhi Prasanta. Kuwi dhawuh saka Kanjeng Ratu ing Kraton Katentreman. Wis ngono wae, kabar sing tak aturne marang ndika, saiki aku arep bali dhisik menyang Kraton Pangayoman. Awake dhewe bareng-bareng ngenteni tekane wong sing mbutuhake pitulungan kuwi, ndika ngenteni neng kene dene aku ngenteni ana Kraton Pangayoman kana”.

            Bubar muni ngono kuwi, Ki Jurudah lan Ki Prasanta banjur mesat lunga ninggalne aku.

            Pirang-pirang dina apa sing dikandhakne Ki Jurudah karo Ki Prasanta kuwi tansah ngranuhi pamikirku. Ora merga aku selak kepengin nampa kanugrahan kaya sing dikandhakne Senapati Kraton Pangayoman  loro mau, nanging aku kuwatir yen nganti ana wong sing liwat utawa teka ing papanku kene, sing mbutuhake pitulungan kuwi, aku ora ngerti. Nanging jebul awit saka Maha Asihing Gusti, wasana sing tak enteni wis teka, ya sing wujude Puranta karo sisihane sing jeneng Sirep kuwi mau.

***

            “Inggih, mBah Tambak” sasampunipun radi dangu mBah Tambak kendel nyariyosaken lelampahanipun Puranta, Ki Sarkara lajeng sumela atur “mila saestu mesakaken lelampahanipun Puranta ingkang ndika cariyosaken kala wau “lajeng kados pundi candhaking cariyos sasampunipun mBah Tambak paring usada dhateng pun Puranta?”.

            “He he he …..” mBah Tambak gumujeng “ketoke ndika ya melu ngrasakne susah lan sedhihe wong sing jeneng Puranta sing tak critakne marang ndika iki mau, Ki Sarkara?”

            “Leres mBah” wangsulanipun Ki Sarkara “Puranta ingkang estunipun taksih trahing Kusuma rembesing madu, ingkang nggadhahi budi tuwin pakerti ingkang sae, parandene ngundhuh lelampahan ingkang sakalangkung mrihatosaken kados makaten…….”.

            “nDika kliru Ki Sarkara” mBah Tambak munggel rembag “Puranta durung ngundhuh nanging lagi nandur, malah nganti dina iki uga olehe nandur durung rampung dadi ya durung panen.Awit satemene ing jagad padhang iki mula papan kanggo nenandur, lan woh sing bisa diundhuh saka anggone nandur kuwi, lagi bisa diraksakne sawuse manjing alam kang langgeng. Yen ta ana siji loro sing katone undhuh-undhuhan, kuwi satemene dudu undhuh-undhuhan kang sejati. Kaping pindhone ndika aja duwe panyangka dumeh trahing Kusuma banjur ora nemu ing urip iki kasangsayan kaya sing dialami Puranta ngono kuwi. Jalaran jenenge trah kuwi beda karo sing nurunake, dadi kusuma utawa dadi wingka kuwi dumunung ana lakuning manungsa dhewe-dhewe, ora gumantung marang sapa sing nurunake. Malah ana kalane watu sing maune katon arep dadi inten merga kleruning laku bisa dadi watu gombong lan kosok baline. Kaya lelakone Puranta sing durung rampung nggonku nyritakne iki mau”.

            “Inggih mBah” Ki Sarkara ngrumaosi lepating ucapipun “matur nuwun awit piwucalipun mBah Tambak dhateng kula bab kencana lan wingka saha inten lan sela gombong menika. Menawi ta kaparengaken, kula malah lajeng kepengin sumerep kados pundi sambeting cariyos lelampahanipun Puranta, ambok bilih kanthi makaten kula saged sinau niru laku ingkang sae saha mbudidaya nyingkiri lampah ingkang kirang prayogi”.

            “Iya Ki Sarkara” mBah Tambak ketingal remen mireng aturipun Ki Sarkara “satemene wis akeh sing bisa ndika dadekne pituduh kanggo sangune laku ndika nglakoni urip kanthi ngrungokne crita lelakoning uripku, wiwit dadi anak Panewu nganti dadi putra angkate Gusti Menggung sing wasana dadi wong prayangan kaya saiki iki. Nanging nek ndika isih kepengin nambah kawruh sarana ngrungokne critane Puranta, iya bakal tumuli tak tutugne caritane”.

            “Inggih matur nuwun mBah Tambak”.

            mBah Tambak kendel sakedhap, lajeng nutugaken anggenipun cariyos : Sawise tatu-tatune waras, awake bali pulih Puranta lan Sirep banjur kandha marang aku yen arep nutugne laku.

            “Lemah teles, Gusti Allah ingkang males, mBah Tambak” kandhane Puranta sing dijejeri Sirep marang aku “awit pambudidaya sarta pitulungan saking jengandika, kula sampun waras, sampun pulih kados wingi uni, malah kepara menika sarandhuning badan keraos langkung sakeca. Inggih awit saking menika, keparenga kula kalih semah kula nyuwun pamit badhe nutugaken lampah”.

            “Lha ndika arep menyang ngendi?” pitakonku “apa arep nutugne nggon ndika nggoleki Keris Kyai Pantek piyandele Kalurahan Tambak kuwi?”.

            “Kula dereng mangertos badhe dhateng pundi, babagan Dhuwung Kyai Pantek, kula inggih boten badhe madosi jer kula boten ngertos ing pundi mapanipun” wangsulane Puranta “angkah kula, kula badhe terus mlampah ngantos sakiyating badan kula. Sokur bage menawi salebeting mlampah menika mangke kula saged asung pitulung dhateng sok sintena ingkang kaleresan mbetahaken pitulungan kula”.

            “Oo, cethane ndika arep andon laku kanggo ndarmakne kabisan sing ndika duweni ngono apa piye?”

            “Kenging kawastanan makaten mBah” wangsulane Puranta .

            Aku meneng ora enggal wangsulan jalaran, ana sasmita sing mlebu ana kupingku yen arep ana tamu sing teka. Temenan kairing sumribiting angin esuk sing nggawa ganda arum, Ki Jurudah lan Ki Prasanta teka ing omahku maneh. Merga tekane tamu loro kuwi, wangsulan kanggo Puranta lan Sirep kasigeg.

            “Kaya sing tak kandhakne dhek emben kae mBah Tambak” durung nganti tak bagekne lan tak takoni kabar keslametane, Ki Jurudah wis mbukani rembug ngandhakne apa sing dadi sedyane “ya kuwi ana prakaryan sing kudu ndika tindakne bebarengan karo aku lan Adhi Prasanta, mesthine ndika uga wis weruh apa wujude gaweyan mau”.

            “Iya Ki Jurudah lan Ki Prasanta” wangsulanku alon “nanging ditepungake dhisik, mbok menawa ndika durung tau wanuh karo priyayi kakung putri sing lungguh ana ngarepku iki”.

            “Matur nuwun lan aku njaluk ngapura mBah Tambak” wangsulane Ki Jurudah karo ngguyu “ketang saka selak kepengin ngandhakne sedyaku, nganti aku lali tetepungan karo Angger Puranta lan Angger Sirep sing lungguh ing ngarep ndika iki”.

            Nek aku genah nek ora gumun yen Ki Jurudah lan Ki Prasanta wis ngerti jenenge Puranta lan Sirep. Nanging nek Puranta apa dene Sirep ya cetha olehe ngungun, merga selawase urip lagi pethuk iki, nanging kanyatane Ki Jurudah wis weruh sapa jenenge. Tanpa kedhep wong loro kuwi anggone namatne praupane Ki Jurudah lan Ki Prasanta, nelakake rasa gumune.

            “Aku iki kena diarani sanakane mBah Tambak iki Ngger Puranta lan Angger Sirep” Ki Jurudah guneman maneh sing genti katujokne marang Puranta lan Sirep “jenengku Jurudah lan sing neng sandhingku iki sedulurku lanang utawa adhiku, jenenge Prasanta. Bener ta, ndika iki sing aran Puranta, putrane Ki Lurah Tambak Kapisan lan sisihan ndika kuwi Sirep anake Ki Undhagi Sinung saka Kalurahan Tambak ?”.

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...