Total Tayangan Halaman

Jumat, 03 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (043)


43.

            Bebau Kidul lan Jagabaya sing weruh nek gurune lagi nesu merga wewayangan sing diweruhi Ki Lurah ing Maron isi banyu lan kembang mau ana sing ora jumbuh karo sing dikarepake, ketok nek pucet kaweden. Merga kaya sing dikandhakne Ki Jurudah marang aku lan Puranta mau esuk, tenane sing nyolong tirone Kyai Pantek kuwi pancen Lopara, Bebau Kidul sarta Jagabaya Bontot ya ngerti. Mula bareng ing wewayangan sing diweruhi Ki Lurah ana wewayangane Lopara, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, sajake wong loro kuwi duwe pikiran sing ora-ora marang gurune, mbok menawa wae gurune wis kleru nggone ngrapal mantra kanggo gawe dolanan sulapan sing niyate arep dienggo ngapusi Ki Lurah kuwi.

            Beda karo Lopara sing sanadyan ora ngerti nek sing ngrusuhi anggone dolanan kuwi aku, nanging dheweke ngerti nek wis ana sing ngrusuhi anggone dolanan sulapan migunakake Maron sing diiseni banyu kembang banjur dikandhakne marang Ki Lurah nek kuwi pituduh saka gurune sing jeneng Kyai Ganjur. Mulane Lopara banjur muntap kanepsone, ora sranta banjur ngecakne ajine kanggo ngaweruhi sapa sing wis wani ngrusuhi dheweke kuwi. Mripate diremne dhipet, ilining napase ditata, ati lan nalare disawijekne kanggo nglandhepne panggraitane.

            Nanging aku ya ora banjur meneng, nek gaweyan ngrusuhi wong kaya Lopara kuwi mula gampang ditindakne. Kanthi daya kekuwataning batin sing ana awakku, Lopara sing nggunakne panggraitane kanggo nggoleki sing ngrusuhi dheweke kuwi tak rusuhi maneh. Ing mata batine Lopara tak tuduhne wewayangane wong wadon ayu sapirang-pirang sing tanpa busana padha jejogedan. Mesthi wae Lopara dadi sansaya nesu lan dadi bingung karepe dhewe. Lopara cetha nek ora bisa ngerteni sapa sing wis ngrusuhi dheweke.

            “Kados pundi Ki Lopara?” Ki Lurah sing ora mudheng nek Lopara lagi puyeng, takon maneh “menapa Ki Lopara kepareng nyethakaken menapa tegesipun wewayangan-wewayangan ingkang wau kula sumerepi ing salebeting Maron ?”.

            “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Lopara sing lagi nesu kapeksa nyarehne suwarane kanggo aweh wangsulan marang Ki Lurah “ketingalipun menika wonten Dhedhemit ingkang sampun ganggu damel dhateng kula, temah Ki Lurah pirsa wewayanganing tiyang ingkang estunipun boten kados ingkang kacetha ing wewayangan kala wau”.

            “Ingkang ndika kersakaken sinten Ki Lopara?” Ki Lurah takon maneh.

            “Kula lan murid-murid kula boten kados ingkang kapirsanan Ki Lurah ing Maron menika, Ki Lurah” wangsulane Lopara sakencadhake.

            “Dados jengandika panggah kukuh ndakwa bilih ingkang mendhet Kyai Pantek saking plangkanipun menika Puranta inggih Kyai?”

            “Kula boten ndakwa Ki Lurah” wangsulane Lopara “nanging kanyatanipun mila makaten, kados ingkang sampun Ki Lurah pirsani wewayanganipun ing Maron kala wau”.

            “Menawi dhasaripun wewayangan ingkang kula tingali ing Maron kala wau, menika dhasar ingkang boten kiyat babar pisan Kyai” Ki Lurah guneman maneh, suwarane nuduhne yen atine lagi ora seneng marang wangsulane Lopara “menapa malih ndika lan Paman Bau ugi Paman Jagabaya sami selak bilih boten tumindak kados ingkang kula tingali wewayanganipun ing Maron wau. Menawi ndika kemawon saged selak, mesthinipun Bebau-bebau ingkang kala wau wewayanganipun kula tingali ing Maron, tartamtu ugi saged selak, makaten ugi Dhimas Puranta kalamunta wonten mriki tartamtu ugi selak kados anggen jengandika selak”.

            “Makaten inggih Ki Lurah” karo rada glagepan Lopara guneman maneh, mangsuli kandhane Ki Lurah “medalipun wewayangan kula kalihan Waruju tuwin Bontot ing Maron kala wau, awit sampun wonten Dhedhemit ingkang ganggu damel dhateng kula, dados wewayangan ingkang kados kula lan murid-murid kula wau damelanipun Dhedhemit”.

            “Mila saged katampi kalih nalar Ki Lopara” Ki Lurah ngendika maneh nadyan sareh nanging kaeprungu nek ora marem “nanging Ki Lopara nate dhawuh dhateng kula bilih Ki Ganjur ingkang ndika suwitani minangka guru ndika niku, satunggaling Dewa ingkang kuwawa murba utawi damel abang ijone jagad, lha kok anggenipun paring sasmita mawi ubarampe Maron anyar, kembang setaman lan pungkasan mawi sinjang enggal, murih kula saged nyumerepi sinten ingkang nyidra Kyai Pantek lan ing pundi papan kangge nyingidaken kemawon saged dipun ganggu dening Dhedhemit jail kados ingkang ndika dhawuhaken menika?. Menawi katiyasanipun Kyai Ganjur namung samanten, kula kinten kula inggih kedah mikir-mikir malih nuruti eguh lan rerigen ndika murih meguru dhateng panjenenganipun”.

            Aku dadi sansaya ngerti jebul Lopara wis ngujuk-ujuki Ki Lurah supaya gelem meguru marang Kyai Ganjur, Jim sing tau nyolong Kyai Pantek banjur didhelikne neng guwa sapinggire Kali Sumberlanang, nanging ora weruh nek Keris colongane wis dijupuk Ki Jurudah lan Ki Prasanta. Aku uga bisa njupuk dudutan, yen tenane Lopara lan murid-muride kuwi kepengin ndadekne Kalurahan Tambak dadi padesan sing kebawah dening Jim Ganjur.

            “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Lopara aweh wangsulan “saupami Guru Kyai Ganjur dinten menika wonten mriki, tartamtu dhedhemit ingkang nedya damel rusuh menika boten badhe saged ngresahi anggen kula nyambut damel. Dados sampun ngantos Ki Lurah ngremehaken Guru Kyai Ganjur ingkang boten wonten mriki menika, ingkang kenging karesahan dening Dhedhemit ingkang kula aturaken dede Kyai Ganjur, nanging kula”.

            “Inggih, inggih Ki Lopara” Ki Lurah sajak wis wegah eyel-eyelan karo Lopara, nanging panggah nuduhne yen atine lagi cuwa “Dhedhemit ingkang ndika dhawuhaken menika badhea kados menapa nyata Dhedhemit ingkang digdaya, temah saged ngresahi anggen jengandika makarya. Sok makatena, ndika piyambak ketingal legawa dipun resahi, ketitik boten duka dhateng Dhedhemit kala wau”.

            “Ki Lurah kula suwun sampun lepat ing panampi” Lopara wangsulan maneh “menawi wekdal menika kula boten tumindak menapa-menapa dhateng Dhedhemit ingkang ngresahi anggen kula nyambut damel, menika jalaran dereng rampung ayahan kula. Mangke menawi Kyai Pantek sampun saged wangsul ing astanipun Ki Lurah, Dhedhemit menika badhe kula padosi lan badhe kula samekaken dosanipun, kanthi anugel gulunipun, ing ngarsanipun Ki Lurah. Samangke murih enggal Kyai Pantek saged kaasta malih dening Ki Lurah, sumangga kula dherekaken tedhak ing senthong dalemipun Gus Puranta, inggih ing mriku Kyai Pantek kasingidaken dening Gus Puranta”.

            “Manawi makaten mangga Ki Lopara” Ki Lurah aweh wangsulan cekak. Sajake Ki Lurah mung kepengin supaya Keris Kyai Pantek bisa enggal bali. Wong papat kuwi banjur ngadeg, arep budhal menyang omahe Puranta.

            Gandheng atiku isih gela weruh kelakuwane Lopara, sepisan maneh aku arep ngrusuhi menungsa-menungsa sing murang tata kuwi. Kanthi daya kabisanku, saka Maron sing wis arep ditinggal mau, tak wetokne suwara kaya suwarane barang atos kang tumiba ing jubinan, kumlonthang banter.  Ora sranta Ki Lurah, Bebau Kidul, Jagabaya Bontot malah uga Lopara banjur nyawang prenahe Maron sing nyuwara kumlonthang mau. Banjur saka lumahing banyu sing ana Maron kuwi tak cipta wewayangane wong wadon ayu-ayu sing mau tak enggo ngrusuhi panggraitane Lopara. Wong papat kuwi dadi mlengak sajak kaget semu gumun weruh rerupan sing mung wujud wewayangan kuwi. Luwih kaget maneh bareng salah siji saka wewayangan kuwi bisa guneman kanthi cetha, ngandhani Ki Lurah Tambak Kapindho lan nggorohake omongane Lopara :

            “Eeee Tobil, Ki Lurah Jaswana ya Jaka Suwana….. ingatase Lurah sing pinter kok jebul gampang diapusi karo Dhukun Kurang Tindhih sing ngakune duwe jeneng Kyai Lopara?.  Kawuningana Ki Lurah, ingkang badhe katedahaken lan kaaturaken dhateng jengandika dening Lopara lan murid-muridipun menika mangke dede Kyai Pantek ingkang satuhu. Nanging namung dhapur tiron. Yasanipun Dhedhemit goblog ingkang nami Ganjur. Pusaka Kyai Pantek ingkang satuhu mila nate dipun colong dening Gurunipun Lopara inggih Dhedhemit Kocluk Si Ganjur niku, nanging ing margi Dhemit Gembeng Si Ganjur kepanggih kalihan Gus Puranta temah Kyai Pantek saged dipun rebat. Samangke Kyai Pantek dipun asta Gus Puranta ingkang wekdal menika nembe tindak wangsul dhateng Kalurahan tambak saprelu ngaturaken Kyai Pantek dhateng jengandika Ki Lurah Tambak Kapindho. Saestu Ki Lurah…. Atur kula niki leres, boten dora lan boten ngapusi, kula sakanca niki sampun wujud kumara, rumiyin jaman taksih wujud manungsa nate dados dhemenanipun tiyang tiga menika, lajeng sasampunipun Dhukun nggragas kalih muridipun niku sami wareg, kula dipun sukakne Gurunipun, nggih Dhedhemit Gendheng Ganjur. Jebul Ganjur ngertos menawi kula sakanca menika namung sisanipun tiyang tiga niku, kula lajeng dipun pejahi dening Ganjur, samangke kula sakanca  nglambrang dados kumara………”.

            “Iblis laknat ……..” durung nganti entek gunemane wewayangane wong ayu sing ana jero Maron kuwi, wis dipunggel karo pisuhane Lopara sing dibarengi karo nibakne gaman piyandele, Tulup sing isi paser sing disurung nganggo Aji Paser Angin.

            Mesthi wae, ajine Lopara sing ditibakne ora tumama marang aku, lha wong aku ora awor wewayangan kuwi. Lopara sansaya nesu, banjur mencolot Maron isi banyu disadhuk sarosane temah sumyur dadi sawalang-walang. Karo ngempet guyu aku nglungani, aku arep ngandhani Puranta, nyritakne lelakon sing lucu iki.

            Mung sagebyaring that-thit aku wis tekan papan anggone leren Puranta. Nanging aku dadi semu rada kaget, jebul neng kono Puranta ora ijen. Ing kono ana wong lima maneh sing padha lungguh ngadhep Puranta, kaya wewayangan sing mau tak sawang ing Marone Lopara. Aku dadi ngerti nek wong lima kuwi genah nek para Bebau Kalurahan Tambak sing ora akur karo Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot.

            “Mila saestu Anakmas” wong sing tuwa dhewe saka wong lima kuwi guneman, tak kira kuwi sing jeneng Jaladri sing dadi Bebau ing Padhukuhan Tengah “kula tiyang gangsal menika babar pisan boten semadosan. Nanging kula tiyang gangsal niki wau, ing papanipun piyambak-piyambak sami mireng suwanten ingkang boten wonten kendelipun, suwantenipun tiyang sepuh ingkang paring dhawuh ngabari menawi Anakmas Puranta sak niki wonten papan mriki. Kula tiyang gangsal menika ugi boten nyana bilih kanca-kanca ingkang wonten mriki menika ugi nampi dhawuh ingkang sami. Nuwun sewu menapa Anakmas Puranta sampun ndhawahaken aji Dipa Paweling dhumateng kula sakanca menika?”.

            Aku nggagas lan duwe pangira yen kuwi mau panggawene Ki Jurudah utawa Ki Prasanta. Nanging aku ya banjur meneng wae, wong lima sing ana ngarepe Puranta kuwi ora bakal weruh wewujudanku sing mapan ing Alam Panglemunan.

            “Kula boten nggadhahi aji Dipa, Paman” wangsulane Puranta “lan kula estunipun ugi boten ngajeng-ajeng ndika sedaya rawuh manggihi kula, malah niki wau mapan kula inggih pados papan ingkang boten gampil kasumerepan dening tiyang sanes. Nanging gandheng Paman Bebau Tengah sakanca sampun sami pirsa kawontenan kula, kula inggih badhe blaka bilih wangsul kula menika namung badhe ngaturaken Kyai Pantek ingkang murca dhateng Ki Lurah. Lan kula badhe ngaturaken prakawis ingkang sakalangkung wigati magepokan kalihan kawontenan ing Kalurahan tambak wekdal menika”.

            “Makaten inggih Anakmas?” Bebau Tengah guneman maneh “prekawis ingkang wigati menika menapa, Anakmas ?”.

            “Kula dereng saged ngaturaken sakmenika Paman” wangsulane Puranta “kula taksih nengga dhawuh saking para priyagung ingkang sampun nyambung gesang kula saha manggihaken Kyai Pantek lan kaparingaken dhateng kula”.

 

Ana candhake.

 

Kamis, 02 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (042)

 

42.

            Wong papat sida budhal menyang Kalurahan Tambak, Sirep ditinggal neng omah. Kaya sing wis dirembug, nalika ngancik laladan Kalurahan Tambak, Ki Jurudah lan Ki Prasanta misah golek dalan liyane. Aku wiwit manjing alam panglemunan sing ora bisa diweruhi dening mripat wantah kajaba mung mripate Puranta, nanging lakuku tansah mbarengi lakune Puranta. Nalika arep ngambah padhukuhan, Puranta tak ajak mandheg sedhela.

            “Mandheg dhisik Ki Puranta” kandhaku karo mapan lungguh neng watu gedhe pinggir dalan “ana sing arep tak kandhakne sadurunge ndika mlebu padhukuhan ing Kalurahan Tambak kene”.

            “Badhe paring dhawuh menapa mBah?” wangsulane Puranta karo nyawang prenahku lungguh “mangga kadhawuhna kemawon”.

            “nDika prayoga yen mandheg neng kene dhsisik, utawa nggolek papan sing ora gampang diweruhi wong-wong Tambak” kandhaku marang Puranta “aku arep golek sisik melik lan niti kahanan ing Kalurahan Tambak dhisik. Yen wis cetha kahanan ing Kalurahan Tambak, mengko bisa ndika gunakne minangka ancer-ancer endi sing kudu ditindakne luwih dhisik”.

            Puranta mung manut apa sing tak kandhakne, dheweke banjur golek panggonan kanggo leren, ya kuwi ing pasetren kalen cilik ing pinggire sawijining pategalan. Aku dhewe ya banjur nggeblas nganggo caraku, niti priksa kahanan ing Kalurahan Tambak. Dhisik dhewe aku marani omahe Ki Lurah Tambak Kapindho, aku kepengin ngerti kahanane Dalem Kalurahan kuwi.

            Tekan Kalurahan kahanan katon sepi, ing pendhapa ora ana katon wong kemliwer, nanging lawange omah dibukak amba. Aku banjur mlebu menyang omah njero, kepengin weruh apa sing lagi ditandangi Ki Lurah. Jebul neng Pringgitan ana wong sing lagi jagongan, katone lagi ngrembug barang sing wigati, ketitik suwarane ora ana sing banter lan uga ora ana sing nggunakne tembung guyonan. Aku banjur mapan lungguh neng cedhake wong sing lagi lungguh kupeng, ngadhep Maron anyar sing isi banyu kembang. Sing ana kono kuwi kabeh ana wong papat sing aku durung ngerti sapa jenenge. Mung tak kira wae sing nganggo sandhangan becik dhewe kuwi kira-kira Ki Lurah, banjur ana wong lanang sing luwih tuwa sethithik tinimbangane wong sing tak kira Ki Lurah, kuwi kira-kira Bebau Kidul utawa Waruju, ana maneh wong sing rada tuwa mbok menawa kuwi Jagabaya Bontot lan keri dhewe wong tuwa sing brengos lan jenggote diingu dawa wis putih kabeh, kiraku iki sing jeneng Kyai Lopara. Wong papat kuwi babar pisan ora ana sing weruh yen aku melu lungguh njejeri Ki Lurah, merga aku wis mapan inga lam panglemunan sing ora kasat mata, olehku milih cedhak Ki Lurah merga aku kepengin cedhak karo Maron sing isi banyu lan kembang kuwi.

            “Inggih wewayangan ingkang ketingal ing salebeting Maron menika mangke Ki Lurah, sinten ingkang sampun nyidra Kyai Pantek lan ing pundi anggenipun nyingidaken” wong tuwa sing tak kira Kyai Lopara kuwi sing guneman.

            “Inggih Ki Lopara” wangsulane Ki Lurah “nanging kanyatanipun sampun sapanginang langkung kula njingglengi toya ing Maron menika suprandene boten sumerep menapa-menapa kajawi namung sekar setaman ingkang kala wau dipun sebar ing lumahing Maron dening Paman Bebau”.

            “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Lopara aweh wangsulan “jebul sareng kula titi sepisan malih, ubarampe kangge kabetahan menika dereng jangkep, taksih kirang setunggal malih, miturut sasmita ingkang kula tampi saking Guru kula, Maron menika kedah kapapanaken mawi lemek Sinjang utawi Nyamping corek Semen Rama ingkang dereng nate dipun agem”.

            “Nuwun sewu Ki Lurah” wong sing tak kira Bebau Kidul genti sing guneman “kaparenga kula wangsul rumiyin mendhet sinjang ingkang nembe rampung anggenipun mBathik semah kula, kangge lemek Maron enggal menika”.

            “Ora prelu ndika ndadak bali Paman Bau” wangsulane Ki Lurah karo mesem “gajege ing pasinggahanku isih ana papat utawa lima jarik sing durung nate dienggo sing bathikane nganggo corek Semen Rama. Saiki coba tak tilikane dhisik lan tak gawane mrene”.

            Bubar muni ngono kuwi Ki Lurah ngadeg banjur mlaku mlebu omah mburi. Ora let suwe wis bali mrono maneh karo nggawa jarit anyar sing isih lempitan.

            “Menika Ki Lopara Nyamping ingkang ndika kersakaken pranyata sampun wonten” kandhane Ki Lurah karo ngulungne jarit lempitan kuwi marang Ki Lopara.

            “Matur nuwun Ki Lurah, inggih menika nyamping ingkang dipun kersakaken dening  Bapa Kyai Ganjur, Guru kula” Ki Lopara wangsulan karo nampani jarit anyar kuwi. Jarit banjur dijembereng dibekuk sepisan, banjur janggute Ki Lopara aweh sasmita marang Jagabaya Bontot supaya ngangkat Maron sing wis isi banyu kembang kuwi. Ki Lopara nggelar jarit sing wis dibekuk kuwi banjur dening Jagabaya Bontot diselehi Maron sing mau dijunjung.

            “Sampun Ki Lurah” kandhane Ki Lopara sabanjure “samangke anyarengi kula ngrapal japa mantra, kaparenga Ki Lurah mirsani dhateng salebeting Maron. Ing mriku mangke Ki Lurah badhe pirsa sedaya lelampahan ingkang magepokan kalihan icalipun Kyai Pantek saking Dalem kalurahan mriki menika”.

            Ki Lopara banjur ngeremne mripate, lambene umak-umik maca mantra, embuh mantra apa sing diucapake ora pati tak rungokne. Sauntara Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot ketok ndhingkluk uga karo ngeremne mripat. Aku ya banjur nerokne Ki Lurah, melu nyawang sing ana jerone Maron isi banyu lan kembang kuwi. Karo jroning atiku kepengin ngrusuhi sethithik olehe dolanan sulapan Ki Lopara nganggo maron isi banyu kuwi.

            Dumadakan ing lumahing banyu sing ana jero maron katon ana wewayangane Puranta sing lagi lungguh sila karo sedhakep kaya lagi nglakoni samadi, ora let suwe banjur disusul wewayangane wong lima sing ngadhep Puranta. Wong nem kuwi banjur padha omong-omongan sing suwarane ora ana. Aku bisa maca karepe Lopara, kanthi nuduhne gambar ing jero Maron kuwi arep ngandhakne nek wis ana rembug antarane Puranta karo wong lima sing aku durung weruh sapa jenenge kuwi. Ora let suwe wewayangan kuwi ilang, banjur metu maneh wewayangane Keris Kyai Pantek sing semendhe ana plangkane. Banjur ana wewayangane Puranta njupuk Keris Kyai Pantek. Wewayangan banjur ilang. Aku sing wis nedya ngrusuhi olehe dolanan sulapan Lopara, tumuli nggawe wewayangan ana banyu sing ana jero Maron kuwi, ing kono banjur katon Lopara karo Jagabaya Bontot ditutne Bebau Kidul mlaku, tangane Lopara nyekel keris sing mau dijupuk Puranta, banjur wewayangan tak gawe ilang maneh. Dadi miturut asil panyawange Ki Lurah, Keris sing mau dijupuk Puranta wis ngalih neng tangane Lopara sing mlaku lan ditutne muride loro kuwi. Tak lirik Ki Lurah katon njengkerutne bathuke lan nggathukne alis kiwa tengene.

            “Nuwun sewu menapa Ki Lurah sampun mirsani sinten ingkang ketingal wewayanganipun ing toya ingkang wonten Maron menika kala wau?” Lopara nglereni nggone ngrapal mantra, banjur takon marang Ki Lurah.

            “Sampun Ki Lopara, ing mriku wau kula sumerep wewayanganipun tiyang kathah……” wangsulane Ki Lurah.

            “Inggih tiyang ingkang wewayanganipun kapirsanan dening Ki Lurah menika ingkang nedya njongkeng kawibawan lan kepengin madeg dados Lurah, kanthi mendhet Dhuwung Piyandel Kalurahan Tambak inggih Kyai Pantek” Lopara guneman kanthi suwara sing manteb.

            “Nanging iki mau aku weruh Kyai Pantek wekasane ………” Ki Lurah aweh wangsulan, nanging durung nganti rampung wis ditugel dening Ki Lopara :

            “Sampun, samangke kapirsanana malih dateng pundi Kyai Pantek dipun singidaken” ora ngenteni wangsulan Lopara wis wiwit ngrapal mantra kaya mau.

            Gage wae aku tumandang, sadurunge ing lumahing Maron ana wewayangan gaweyane Lopara, tak dhisiki ana gambare Lopara karo Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot mlebu sawijining omah saka lawang pungkuran banjur nyelehne keris sing digawa menyang sawijining senthong ing omah kono, banjur ditinggal lunga. Sawise wewayangan gaweyanku ilang, lagi ana wewayangane Puranta maneh sing nyelehne Keris ing sawijining papan, banjur ditinggal lunga.

            “Samangke Ki Lurah sasampunipun pirsa sinten ingkang nyidra Kyai Pantek tartamtu lajeng pirsa ing pundi anggenipun nyingidaken Dhuwung menika murih boten kadenangan tiyang sanes” Lopara bali nglereni nggone ngrapal mantra banjur guneman marang Ki Lurah. Sajake Lopara ora ngerti yen sing diweruhi Ki Lurah beda karo wewayangan asile nggone gawe dolanan sulapan.

            “Bares kemawon Ki Lopara” Ki Lurah tumuli wangsulan “kula dados bingung nyumerepi pitedah ingkang boten cetha ingkang wujud wewayangan ing toya salebeting maron menika”.

            Lopara ora enggal semaur, sajake lagi mikir ya gene Ki Lurah kandha mangkono kuwi. Kamangka wis cetha yen mau dheweke nuduhne Puranta wis sapajagong karo wong lima banjur Puranta njupuk Kyai Pantek lan sabanjure Puranta nyingidne Keris kuwi ing senthong omahe. Nanging kok Ki Lurah malah kandha yen ora cetha?. Ing sisih ngendi sing dikandhakne ora cetha kuwi?.

            “Nuwun sewu Ki Lurah” gandheng Lopara ora enggal wangsulan, Bebau Kidul nyoba takon marang Ki Lurah “menapa dedeg-piyadeg lan praupanipun tiyang-tiyang ingkang wewayanganipun kacetha ing toyaning Maron kala wau boten dipun apali dening jengandika Ki Lurah?”.

            “Aku apal kabeh Paman” wangsulane Ki Lurah “aku mau dhisik dhewe weruh wewayangan sing nuduhne yen Puranta lagi jagongan karo Bebau Tengah, Bebau Lor, Bebau Kulon, Bebau Sela lan Bebau Wetan. Nanging sing diomong apa, aku ora ngerti jalaran suwarane ora keprungu………”.

            “Estunipun ingkang dipun rembag kala wau inggih rancangan anggenipun badhe nyidra Piyandel Kalurahan, Ki Lurah” Jagabaya Bontot nyoba aweh katrangan.

            “Mengko dhisik” Ki Lurah mangsuli katrangane Jagabaya Bontot “kandhaku durung rampung aja diselani Paman Jagabaya”.

            “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Jagabaya Bontot banjur ndhingkluk semu isin.

            “Aku uga weruh wewayangane Puranta sing njupuk Kyai Pantek saka Plangkane” Ki Lurah nutugne olehe guneman “Nanging aku uga weruh wewayangane Ki Lopara ditutne Paman Bebau lan Paman Jagabaya sing uga nggawa Kyai Pantek. Kuwi sing kapisan”.

            Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot bebarengan noleh, ngulati praupane Lopara, sajak gumun krungu kandhane Ki Lurah mangkono kuwi mau. Nanging Lopara api-api ora ngerti nek murid-muride padha gumun lan bingung. Malah banjur guneman marang Ki Lurah :

            “Menika kala wau wewayangan ingkang jengandika pirsani ingkang kapisan Ki Lurah?”.

            “Inggih Kyai” Ki Lurah aweh wangsulan “awit saking menika kula lajeng bingung sinten estunipun ingkang mendhet Kyai Pantek saking plangkan, kadang kula Dhimas Puranta menapa Ki Lopara lan siswa-siswanipun?”.

            “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Lopara guneman maneh “lajeng ingkang kaping kalih, Ki Lurah pirsa wewayangan menapa ing toya Maron kala wau?”.

            “Kula sumerep ndika tuwin Paman bau saha Paman Jagabaya” wangsulane Ki Lurah “ndika mlampah kalihan ngasta Kyai Pantek dipun tutaken Paman Bau lan Paman Jagabaya, mlebet griyanipun Dhimas Puranta liwat pengkeran lajeng nyingidaken Kyai Pantek ing Senthong griyanipun Dhimas Puranta. Nanging kula ugi sumerep wewayanganipun Dhimas Puranta ingkang mlebet ing senthong griyanipun lan nyelehaken Dhuwung ing mriku sami kalihan ingkang dipun tindakaken jengandika Ki Lopara”.

            Krungu wangsulan saka Ki Lurah ngono kuwi, katon Lopara kaget lan muntab kanepsone, untune nggeget, praupane salin warna dadi mbrabak abang.

 

Ana candhake

 

Rabu, 01 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (041)


 

41.

            Puranta bali ndhingkluk tumungkul nyawang klasa sing dilungguhi, ngenteni tembung sing arep dikandhakne dening Ki Jurudah karo Ki Prasanta. Aku ya meneng ora guneman apa-apa, merga ing babagan sing ditakokne dening Puranta iki temen-temen babagan kang wigati, ora kena dienggo geguyonan. Kajaba saka iku aku ya kepengin ngerti apa sing arep dikandhakne dening Senapati Kraton Ngiyom loro kuwi, muga-muga wae ana gandheng rapete karo dhawuh sing tak tampa saka Kanjeng Ratu Setyawati sing jarene Ki Jurudah lan Ki Prasanta olehe nandangi bareng-bareng karo wong loro kuwi.

            “Sadurunge aku aweh wangsulan marang  Angger Puranta, isih ana pitakonan sing kudu diwangsuli kanthi bener dening Angger Puranta” Jebul sing guneman dhisik malah Ki Prasanta “lan wangsulan saka Angger Puranta iki mengko bakal dadi dhasar aku prelu nuduhne dalan utawa orane marang Angger Puranta sing nakokne dalan kanggo ndandani kaluputane mau”.

            “Mangga Kyai enggala kadhawuhaken pamundhut pirsa saking jengandika dhateng kula” wangsulane Puranta “badhe kula wangsuli kanthi jujur, jumbuh kalih suwantening batin kula”.

            “Kaya kang dikandhakne dening mBah Tambak marang ndika ing ngarep mau” Ki Prasanta wiwit ngandharake sing dadi pitakone “sanadyan tumibane dadi kleru, nanging satemene ndika nduweni gagasan kang karepe becik. Kanthi mangkono, satemene ndika kuwi seneng nindakne laku sing becik. Apa ati ndika  bakal seneng yen ta wong-wong sing ndika beciki kuwi males kabecikan marang ndika?”.

            Rada suwe Puranta ora enggal aweh wangsulan, tak sawang bathuke njengkerut, alis kanan keringe tempuk, katon nek lagi mikir utawa nata ukara murih anggone aweh wangsulan marang Ki Prasanta ora kleru. Aku dhewe ya nggagas nek pitakon sing diwenehne Ki Prasanta kuwi cetha nek mung pasangan sing ana jirete. Katone mung sepele nanging ing mburine ana prekara sing luwih gedhe. Jeneh ngono wae kok ndadak ditakokne, merga ya sapa wonge sing ora seneng nek tumindake sing becik marang wong banjur diwales kanthi kabecikan uga?. Menang-meneng aku ya kepengin ngerti apa sing bakal dadi wangsulane Puranta sarta aku uga kepengin weruh apa karep sing ana walike pitakonane Ki Prasanta iki.

            “Nyuwun pangapunten Kyai” sawuse rada suwe Puranta banjur guneman aweh wangsulan “wulang ingkang kula tampi saking biyung kula kala rumiyin, radi benten kalihan pamundhut pirsa jengandika menika……”.

            “Lha kok ndika malah nyebut Biyung ndika barang kuwi karep ndika apa Ngger ? Pitakonku kuwi gampang cukup ndika wangsuli seneng utawa ora seneng utawa lumrah wae, kuwi wis cukup. Kok malah ndika ngeling-eling piwulang saka Biyung ndika barang?” Ki Prasanta nugel rembug karo mesem.

            “Mila leres makaten Kyai” Puranta wangsulan alon “nanging menapa keparengaken menawi saderengipun kula atur wangsulan menawi kula ngaturaken rumiyin piwucal saking Biyung ingkang wonten sambung rapetipun kalihan pamundhut pirsa saking Kyai menika? Ngiras pantes ambok bilih wonten kirang leresipun piwucal ingkang kula tampi menika saged kaleresaken dening jengandika Kyai utawi para sepuh sanesipun”.

            “Mesthi wae oleh, Ngger. Coba ndika kandhakne aku ya kepengin ngerti kaya apa piwulang sing wis ndika tampa saka Biyung ndika kuwi”  Ki Prasanta sing maune mepet Puranta supaya aweh wangsulan cekak, dadi ngalah manut marang Puranta.

            “Ngaturaken genging panuwun Kyai” Puranta banjur kandha karo mesem lega “magepokan kalihan tumindak sae dhateng sesamining titah, inggih ingkang wujud manungsa utawi sanesipun, Biyung paring piwucal dhateng kula bilih tumindak makaten mila kuwajibaning titah ingkang ngrumaosi bilih piyambakipun menika jejering titahing Gusti. Nami nistha menawi tumindak sae dhateng sesami nanging pamrih piwales saking titah kalebet titah ingkang dipun saeni, jalaran paring wales dhateng tumindak sae menika wonten ing Maha Wicaksananing Gusti Ingkang Maha Adil, ngajeng-ajeng piwalesing titah menika sami kalihan mayuh Gusti kalihan titahipun. Boten benten nalikanipun nampi kabecikan saking tiyang sanes, ing mriku Gusti paring tuntunan sasaged-saged kabudidaya murih gentos tumindak sae dhateng tiyang ingkang tumindak sae kasebat, namung kemawon ancas lan tujuwanipun inggih namung awit nindakaken dhawuh piwucaling Gusti, boten karana sanes. Lha samangke Kyai mundhut pirsa menapa kula seneng menapa boten menawi titiyang ingkang ambales tumindak kula ingkang sae? Atur wangsulan kula, remen jalaran wujud raos panuwun dhateng Gusti lan remen awit wonten titah ingkang nindakaken wujud dhawuh piwucaling Gusti. Makaten atur wangsulan saking kula ambok bilih dereng leres kaparenga Kyai paring pitedah murih leresipun”.     

            Aku rumangsa eram marang wangsulan sing diucapne Puranta kuwi mau. Ora ngira yen ndeleng umur-umurane sing durung tuwa nanging wis nduweni kaweruh kebatinan sing ora kalah karo wong sing wis tuwa-tuwa kaya aku iki. Tak sawang Ki Prasanta genti sing njengkerutne bathuke, embuh apa sing ana angen-angene. Nek Ki Jurudah mung plengah-plengeh mesem sajak kalegan atine.

            “Saiki genti tak walik pitakonku” Ki Prasanta banjur guneman maneh “saupama ndika wis tumindak becik marang liyan, nanging walese wong mau marang ndika rupa tumindak ala, ndika bakal seneng utawa serik banjur genti tumindak sing bisa gawe larane wong mau?”.

            “Ing ngajeng sampun kula aturaken menawi tumindak sae menika kuwajibaning titah, boten kenging ngajeng-ajeng piwales saking titah sanes, makaten ugi kalihan tumindak awon, sok sintena ingkang tumindak awon dhateng sesamining titah inggih badhe nampi piwales saking Gusti, tiyang ingkang remen suka piwales awon dhateng tiyang ingkang tumindak awon ingkang tumanduk ing dhirinipun, menika sami kalihan tiyang ingkang legan golek momongan, kebo benthung nantang pasangan, jalaran suka piwales menika namung wewenanging Gusti lan kenging kawastanan namung titah ingkang murang tata menawi ta dhemen nyenyahak wewenanging Gusti. Sepisan malih kula matur, paring piwales dhateng tumindak ingkang awon menika wewenanging Gusti utawi wewenanging Titah ingkang kasampiran jejibahan minangka wewakiling Gusti ing bab nata timbanging traju kapradatan, ingkang anggenipun paring putusan mawi anyebut asmaning Gusti Ingkang Maha Adil”.

            “Saiki sansaya padhang lan gamblang panyawangku marang ndika Ngger” dumadakan Ki Jurudah sing genti guneman marang Puranta “samengko bakal tak kandhakne marga nggon ndika bisa ndandani kaluputan sing satemene ora ndika seja sadurunge kuwi. Wektu iki ing Kalurahan Tambak jeneng ndika arep dirusak dening Kyai Lopara, Bebau Kidul apa dene Jagabaya Bontot, kanthi bukti kang palsu yen ndika temen-temen wis ndhustha Kyai Pantek sing ditemokne ing senthong dalem ndika. Kanthi bukti kuwi, Ki Lurah bakal bisa nibakne pidana marang ndika lan wong-wong sing dinuga wis nyengkuyung tumindak ndika kaya dene Ki Bau Tengah, Ki Bau Sela lan Ki Bau liyane tuwin para pamong sing ora disenengi dening Bebau Kidul utawa Jagabaya Bontot. Kanggone ndika satemene wis isis, lire ora bakal nampa pidana maneh merga wis lunga saka Kalurahan Tambak, nanging tumrap Bebau Tengah sakancane kuwi sing kira-kira rada ndrawasi, nek ndelok saka pakulinane Kyai Lopara, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot bisa wae wong-wong sing didakwa ngrojongi tumindak anggon ndika nyolong Kyai Pantek bakal nampa pidana pati. Mula ndika kudu bisa aweh tetulung marang wong-wong sing bakal nampa pidana kuwi sartane ndika kudu bisa nulungi Ki Lurah kang sajroning bebaya merga bakal tansah nggugu apa sing dadi kekarepane Ki Lopara apa dene Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot”.

            “Ya prekara iki sing tak kandhakne kapan-kapan kae marang ndika mBah Tambak” durung nganti Puranta mangsuli tembunge Ki Jurudah, Ki Prasanta wis kandha marang aku.

            “Mengko dhisik ta Ki Prasanta” gage nggonku wangsulan “aku iki mau lagi nyemak apa sing dikandhakne Ki Jurudah marang Ki Puranta, kok dumadakan ndika kandha ngono kuwi marang aku, kuwi karepe piye?”.

            “Apa rumangsa ndika Angger Puranta bisa ngrampungi gawe nek ditegakne budhal dhewe menyang Kalurahan Tambak?” Ki Prsanta mangsuli karo nakoni aku “sing diadhepi Angger Puranta mengko ora mung Kyai Lopara, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot wae. Nanging uga Jim sing nyolong Kyai Pantek sing asli kuwi uga bakal nggawa kanca-kancane kanggo ngisruh neng Kalurahan Tambak”.

            “O ngono ta cethane?” aku mesem krungu wangsulane Ki Prasanta sing mangkono kuwi mau “iya saiki aku wis mudheng, banjur suk kapan gaweyan iki ditandangi?”.

            “Sabar mBah Tambak” Ki Jurudah sing wangsulan “saiki Kyai Pantek sing tenan, arep tak pasrahne marang Angger Puranta. Mengko yen wis ana tangane Angger Puranta kang isih putrane Raden Riyasa, yen Kyai Pantek iki dithungne marang Keris Tirone, mbuh sapa sing nyekeli mangka Keris Tiron bakal mbalik marang wujude sekawit lan ngetokne daya pangaribawa, nanging ora bakal bisa nandhingi pangaribawane Kyai Pantek sing neng tangane Angger Puranta”.

            Bubar guneman ngono kuwi, tanpa weruh sangkane dumadakan Ki Jurudah wis nyekeli Keris Kyai Pantek sing banjur dipasrahne marang Puranta.

            “Iki Ngger, tampanana sipat kandel Kalurahan Tambak sing diampil Kanjeng Sultan Pajang saka Gusti Ratu Setyawati, muga-muga bisa ndika gunakne kanthi sabecik-becike” kandhane Ki Jurudah karo masrahake Keris kuwi marang Puranta.

            “Ngaturaken genging panuwun Kyai” wangsulane Puranta karo nampani Keris Kyai Pantek jangkep sawrangkane sing banjur disengkelit ing gegere “mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung paring kekiyatan dhumateng kula temah saged lebda ing karya”.

            “Iya Ngger” wangsulane Ki Jurudah sing banjur ngedum gaweyan “dina iki uga awake dhewe, ya kuwi Aku, Adhi Prasanta, mBah Tambak lan Angger Puranta budhal menyang Kalurahan Tambak. Muga-muga wae ora kasep lan ing Kalurahan Tambak durung ana sing dadi kurban. Anut dhawuh pituduh saka Kanjeng Ratu Setyawati, mBah Tambak duwe jejibahan namengi Angger Puranta saka sakehing bebaya, nanging ora kena ngatonake salira kajaba yen wis kepepet tenan. Dene aku karo Adhi Prasanta kadhawuhan ngulat-ulati lan ngadhang lakune Jim sing nyolong Kyai Pantek lan ndhelikne neng guwa sapinggire Kali Sumberlanang, lan tak blakakne jim kuwi duwe jeneng Ganjur, nduweni kanca bangsa jim cacahe ora kurang saka selawe, nanging ya klebu jim lumrah sing kasektene adoh sangisore Jim Ganjur dhewe. Uga nduweni kanca wujud manungsa sing kulina nyembah marang Jim Ganjur, cacahe ora kurang saka selawe uga, iki mengko sing kudu diadhepi Angger Puranta lan mBah Tambak”.

            “Lha menungsa sing dadi balane Jim Ganjur kuwi kasektene kepiye?” aku takon “sekti-sekti apa kaya sapantarane Kyai Lopara?”.

            “Ora prelu diwangsuli Kakang” Ki Prasanta nyaut rembug “ora ana critane Raden Bagus Suwanda Putra angkate Gusti Tumenggung Jatikusuma kuwi kangelan ngadhepi manungsa sing kaya apa wae kasudirane”.

            Ki Jurudah ngguyu. Ki Prasanta banjur melu ngguyu. Aku sing banjur cengar-cengir dhewe.

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (040)



40.

            Puranta nyawang Ki Jurudah lan Ki Prasanta karo mripat sing nuduhake yen mbutuhake pitutur saka wong loro sing tau tetulung marang dheweke kuwi. Sanadyan ora kumecap tembunge Puranta, nanging wis ndadekne Ki Jurudah lan Ki Prasanta weruh lan ngerti apa sing dikarepake dening putrane Ki Tambak Kapisan kuwi. Ki Jurudah tumuli aweh sasmita marang Ki Prasanta supaya guneman luwih dhisik.

            “Angger Puranta” kandhane Ki Prasanta kanthi suwara sing sareh nanging keprungu manteb “kaya sing dikandhakne dening mBah Tambak mau, nek sing ora klebu nalar sadurunge jebul bisa kawujudan. Kaya upamane nek miturut petunge nalar, nglengkara ndika bisa nemokne Kyai Pantek sing ilange ora ndika kaweruhi sadurunge, sing njupuk sapa lan diselehne ing ngendi ndika ora ngerti. Nanging merga ndika kepethuk aku lan Kakang Jurudah ing omahe mBah Tambak iki, ndika bakal weruh ing ngendi dununge Kyai Pantek lan ndika bisa wae njupuk kanthi gampang Keris Piyandel Kalurahan Tambak kuwi”.

            “Menapa Ki Prasanta saha Ki Jurudah uninga ing pundi dunungipun Dhuwung Kyai Pantek?” Puranta nyela rembug mawa pitakonan.

            “Ora mung trima weruh Ngger” wangsulane Ki Prasanta “nanging Kyai Pantek wis dak slametake saka tangane wong duraka sing nedya njongkeng kawibawan ing Kalurahan Tambak”.

            “Sinten menika Ki Prasanta?” Puranta takon semu kaget.

            “Lho gajege ndika kuwi dikongkon nggoleki Keris Kyai Pantek ta? Ya gene teka takon sapa sing nyolong Kyai Pantek? Sing ndika butuhne kuwi Kyai Pantek apa sing njupuk Kyai Pantek?” Ki Prasanta takon karo suwara sing sareh, malah eseme uga ngrenggani lambene.

            Puranta tumungkul, ndhingklukne sirahe, ngrumangsani kaluputane sing seneng nyela rembuge wong tuwa sing lagi crita.

            “Nyuwun pangapunten Kyai, sumangga kalajengna anggenipun paring dhawuh” alon Puranta nyuwara njaluk pangapura.

            “Ora dadi apa Ngger” wangsulane Ki Prasanta karo ngguyu “tenane ngono aku apa dene Kakang Jurudah ya ora weruh sapa sing nyolong Keris piyandel Kalurahan Tambak kuwi. Aku karo Kakang Jurudah mung diparingi weruh dening Gustiku, Kanjeng Ratu Setyawati yen sisihane Nyai Burani ya iku pusaka rerenggan Kraton Ngiyom sing biyen tau diampil dening Kanjeng Sultan ing Pajang, dumadakan ngaton ana guwa sing manggon ing pinggiring Kali Lanang utawa kali Sumberlanang. Dening Kanjeng Ratu aku lan Kakang Jurudah kadhawuhan mulung Pusaka kuwi lan nggawa bali menyang Kraton Pangayoman, jalaran ing guwa kono kuwi mau Keris pusaka kuwi lagi dikunjara dening Jim sing dadi sesembahane manungsa”.

            “Gek kuwi Jim sapa no Ki Prasanta?” genti aku sing nyelani takon karo setengah ngguyu.

            “nDika kuwi senengane kok ya nyela-nyela ta mBah Tambak?” Ki Prasanta rada sengol olehe mangsuli pitakonku “mesthi wae aku ya ora ngerti wong Kanjeng Ratu ora paring weruh Jim kuwi sapa jenenge!”.

            “Lha sabanjure kepriye?” aku takon maneh.

            “Ndika rungokne ta, aku tak crita dhisik mengko nek wis rampung ndika utawa Angger Puranta kena takon, critaku sing endi sing kurang cetha!”

            “Iya nanging ya karo disambi ta suguhan sing mung sa-anane kuwi” wangsulanku.

            “Sing disambi apa?” Ki Prasanta takon karo mesem kecut “jeneh sing ana mung kendhi, sing embuh kothong embuh ana isine kuwi, kok kongkon nyambi?”.

            Sing ana kono kabeh padha ngguyu bareng, dadi kahanan malih ora kaya mau sing ketok angker. Sirep bojone Puranta, wangune wis krasa karo sasmitaku. Wong wadon kuwi banjur mundur arep menyang pawon, yasa suguhan kanggo dhayoh-dhayohku.

            “Cekaking crita” Ki Prasanta banjur nutugne critane maneh “kanthi gampang Keris kuwi bisa tak jupuk lan tak gawa bali menyang Kraton Pangayoman tak aturake marang Gusti Ratu Setyawati”.

            “Lha bareng Keris kuwi wis tak aturne ing ngarsane Kanjeng Ratu” genti Ki Jurudah sing nutugne critane Ki Prasanta “Kanjeng Ratu banjur paring dhawuh yen Keris sisihane Nyai Burani kuwi jenenge Kyai Pantek. Biyen tau diampil dening Kanjeng Sultan Adiwijaya kanggo sipat kandel putra lembu petenge sing arep kajumengake Lurah ing Tambak. Kanjeng Ratu ngeparengake Kyai Pantek diampil dening Sultan Adiwijaya nanging ora kanggo selawase, Kanjeng Sultan kaparingan wektu suwene satus tahun, yen wis satus tahun Kyai Pantek bakal kapundhut bali dening Kanjeng Ratu Setyawati”.

            “Nuwun sewu kapeksa aku nyelani Ki Jurudah” aku nyela rembug “anggon ndika kadhawuhan njupuk Kyai Pantek kuwi wektune kapan? Merga tak gandhengne karo rawuh ndika ing papan kene iki kira-kira wis ana sesasinan, gek Keris Kyai Pantek Sipat kandel kalurahan tambak kuwi olehe ilang saka plangkan durung suwe, watara sesasi durung ana”.

            “Iya mBah Tambak” Ki Jurudah wangsulan karo mesem amba “Pancen anggonku mboyong Kyai Pantek saka Guwa ing Pinggir Kali Sumberlanang kuwi watara setahun kepungkur, dadi satemene ilange Kyai Pantek saka Plangkan Kalurahan Tambak ya luwih saka setahun kepungkur, cethane isih ing jaman sing jumeneng Lurah isih Raden Riyasa. Nanging ora ana sing padha ngerti jalaran Jim sing njupuk Kyai Pantek kuwi nyata julig. Klawan kekuwataning ciptane bisa yasa keris sing wujude padha karo Kyai Pantek sing dicolong kuwi banjur dipapanake ing plangkane Kyai Pantek sing ana Kalurahan Tambak. Dadi sing kanggo misuda Ki Jaswana dadi Lurah kae tenane ngono dudu Kyai Pantek sing sejati, nanging tiron Kyai Pantek yasane Jim sing ngunjara Kyai Pantek ing Guwa sing mapan sapinggire Kali Sumberlanang kuwi”.

            “Lha sing ilang lan didakwa dicolong Ki Puranta kuwi Keris sing endi?” aku takon maneh.

            “Ya wis genah ta mBah?” Ki Prasanta sing nyaut gunem “sing ilang jaman sing dadi Lurah Tambak kuwi Ki Jaswana, ya Tiron Kyai Pantek gaweyane Jim kuwi, dudu Kyai Pantek sing satemene kagungane Kanjeng Ratu Setyawati sing banjur diampil dening Kanjeng Sultan Pajang. Ngono kok ndadak ditakokne ta mBah?”.

            “He he he…aku kuwi murih cethane ngono lho Ki Prasanta” wangsulanku karo ngguyu “aja gampang nesu mundhak gelis tuwa……”.

            Ki Jurudah melu ngguyu, Puranta mung mesem amba. Nalika semana mbarengi metune Sirep saka pawon arep ngladekne wedang jahe kanggo wong sing padha jagongan neng jogan iki. Bubar ngetokne wedang, Sirep mlebu maneh metune wis nggawa Thiwul lembut sing dikrawu klapa lan dilalapi gula aren, dadi kena kanggo sarapan.

            “Lha nek ngene iki cetha nek kenek disambi” Ki Jurudah nyandhak cangkir jahene banjur disruput.

            “Lha nek sing njupuk Kyai Pantek sing tiron kuwi, aku ngerti lan saiki manggon neng ngendi aku ya wis ngerti, ya kuwi sing dikandhakne Adhi Prasanta sing nyolong kuwi wong sing kepengin njongkeng kawibawan ing Kalurahan Tambak” kandhane Ki Jurudah sawuse nyruput jahene banjur genti nyandhak pincuk sing isi thiwul lembut sing isih anget manget-manget kuwi.

            Durung ana sing nyauti kandhane Ki Jurudah sing keri dhewe iki, awit kabeh lagi padha repot nyandhak cangkir lan thiwule dhewe-dhewe. Kahanan dadi sansaya krasa gumyak.

            “Lha Kyai Pantek sing tiron kuwi apa ya wis ndika rawati Ki Jurudah?” karo arep nyruput wedang Ki Jurudah tak takoni.

            “Dening Kanjeng Ratu aku sakloron ora dikeparengake nguthik-uthik gaman tiron kuwi” wangsulane Ki Jurudah “nanging aku karo Adhi Prasanta kaparingan kuwajiban tansah ngulat-ulati satindak-tanduke wong-wong sing arep gawe kisruh ing Kalurahan Tambak kuwi kabeh lan yen wis tekan titiwancine aku kadhawuhan bareng-bareng tumandang kanthi ngajak mBah Tambak kanggo nylametake kawula cilik sing manggon neng Kalurahan Tambak”.

            “Critane wis tekan kene, mbarengi wetengku ya wis wareg pisan” Ki Prasanta genti sing guneman “saiki sing kurang cetha takokna, arep tak wangsuli kanthi senenging ati”.

            “Aku tak takon keri-keri wae” wangsulanku karo mesem “kareben Ki Puranta sing takon luwih dhisik”.

            “Matur nuwun mBah Tambak” Puranta nyauti rembugku banjur kandha marang Ki Jurudah lan Ki Prasanta “Nuwun sewu Kyai, menawi kaparengaken kula kepengin mangertos, sepisan sinten ingkang sampun nyidra Kyai Pantek ingkang sayegtosipun namung Pusaka Tiron menika? Kaping kalihipun Pusaka Tiron menika samangke kasingidaken dhateng pundi?”.

            “Sing njupuk pusaka sing ora asli kuwi Kyai Lopara, gurune Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, maune Keris kuwi disimpen ana padhepokane Kyai Lopara, nanging sawise Angger Puranta lunga ninggalake Kalurahan Tambak, saiki Keris kuwi disingidake ing senthong tengahe omah ndika Angger Puranta” wangsulane Ki Prasanta.

            “nDika ngerti Ngger ya gene Keris kuwi diselehne ing senthonging dalem ndika?” Ki Jurudah genti nakoni Puranta.

            “Kula boten mangertos Kyai” wangsulane Puranta.

            “Miturut asiling pangrunguku saka anggone rembugan antarane Bebau Kidul, Jagabaya Bontot lan Kyai Lopara, kuwi arep kanggo ngapusi Ki Lurah lan kabeh kawula ing Tambak. Sepisan ngapusi yen sing nyolong keris kuwi nyata-nyata yen Angger Puranta, ketitik ketemune keris ana senthonge dalem ndika. Kapindho, ngapusi yen Ki Lopara kuwi duwe aji netra bathara temah ngerti panggonan kanggo nyingidake keris kuwi, kamangka satemene sing nyelehne kono ya Ki Lopara dhewe. Kaping telune arep ngapusi Ki Lurah lan para kawula sing padha ora ngerti lakon satemene, yen Bebau Tengah lan Bebau Sela sing ndombani Angger Puranta sing maune wis legawa ora melik dadi Lurah, banjur kethukulan rasa kepengin lan nglalekne prasetyane” Ki Jurudah banjur nggenahne wangsulan saka pitakone mau.

            “Dugi samanten kawengisaning manahipun Kyai Lopara miwah murid-muridipun Kyai?” Puranta katon yen banget nelangsa sajroning atine “manawi namung betahipun nyingkiraken kula saking Kalurahan Tambak, estunipun kula sampun trimah boten badhe wangsul dhateng Kalurahan Tambak malih. Nanging sareng Paman Bebau Tengah miwah Bebau sanesipun ingkang boten nocogi trekahipun Bebau Kidul ugi badhe dipun singkiraken malah kepara mbok menawi badhe kapidana awrat, menika ingkang nami boten adil”.

            “Pancen ora adil Ngger, jenenge wong murka sing dhemen tumindak culika mesthi adoh saka laku kang adil” Ki Prasanta genti sing guneman “nanging kuwi mau kabeh ana sing njalari, ya iku saka laku ndika kaya sing dikandhakne mBah Tambak ing ngarep, ndika kesusu nggugu marang nalar ndika sing madhakne lakuning nalare wong liya padha karo lakune nalar ndika dhewe”.

            “Inggih Kyai, saestu kula ngrumaosi lepat” wangsulane Puranta “samangke kaparenga Kyai Prasanta lan Kyai Jurudah miwah mBah Tambak paring kalidamar dhateng kula, pundi marginipun murih kula saged ndadosi ingkang risak jalaran saking lepating nalar kula”.

            Tak sawang Ki Jurudah apa dene Ki Prasanta padha manggut-manggut krungu panjaluke Puranta sing kaya mangkono kuwi. Panjaluk sing metu saka ati kang suci kanggo ndandani kahanan sing bubrah awit saka kleruning laku jalaran rumangsa bener nanging jebulane durung kapener.

 

Ana candhake.

Selasa, 28 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (039)

39.

            Aku banjur mikir sedhela nata ukara sing arep tak kandhakne marang Puranta. Satemene aku ya durung mathuk sawutuhe karo panemune Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing ngandhakne nek Puranta wis ngalkoni dosa gedhe rong prekara kuwi. Mungguhku wis jamak lumrahe menungsa sing duwe akal iku ndhisikne rasa percaya marang pikirane, dene menawa jebul lakune pikir kleru kuwi luwih gampang dibenerake, akal luwih gampang ditata tinimbangane rasa.

            “Ki Puranta” aku miwiti guneman “mbok menawa ana beda sethithik antarane aku karo Ki Jurudah lan Ki Prasanta sajrone ngarani kaluputan sing ana jiwa raga ndika kuwi”.

            “Bentenipun kados pundi mBah?” Puranta nyela rembug.

            “nDika rungokne dhisik ta!” wangsulanku “aja kesusu nugel gunem, kuwi ora pati prayoga”.

            “Inggih mBah, nyuwun pangapunten”.

            “Dosa gedhe miturut panemune Ki Jurudah lan Ki Prasanta kang ndika sandhang kuwi” aku nutugne nggonku guneman “miturut panemuku mung prekara lumrah mung wae nek diumbar bakal bisa mbalabar dadi brahala. Cethane ngene, wiwit pisanan nalika Bapak ndika arep budhal menyang Pratapan Bata Pawon lan arep masrahake jejibahan nutugne kuwajiban nglurahi Kalurahan Tambak , landhesane Paugeraning Kalurahan. Lan sing kasebut ing paugeraning kalurahan kuwi ndika, nanging bawane ndika luwih percaya marang nalar ndika sing weruh yen Ki Jaswana banget kepengine bisa dadi Lurah merga oleh panyengkuyunge Bebau Kidul lan Kebayan Kalurahan ya Ki Bontot, ndika milih ngalah. Nalar ndika ngandhakne yen nganti Ki Jaka Swana ora dadi Lurah, mangka Kalurahan Tambak bakal kisruh, merga nalar ndika ngandhakne yen Bebau Kidul lan Kebayan Bontot sing wis nusun kekuwatan bakal mbalela sinamudana tegese bakal gawe rusuh kanthi cara dhedhemitan. Dadi olehe ndika migunakake unine Paugeran Kalurahan sing ngisor dhewe nalika samana tenane mung merga rasa kuwatir ndika sing ana angen-angen lan nalar ndika wae. Teka kene kandhaku iki bener apa luput?”.

            “Mila leres makaten mBah” Puranta aweh wangsulan.

            “Kanthi nuruti lakuning nalar ndika, kuwi satemene ndika wis ngremehake Bakuning Paugeran sing biyen digawe dening wong tuwa ndika awit pituduh saka Kasultanan Pajang. Kamangka olehe gawe Paugeran kuwi ora mung dolanan, nanging uga direwangi nganggo laku prihatin, murih bisa murakabi tumrap Kalurahan Tambak. Kang mangkono kuwi wis bisa dikandhakne yen ndika wis tumindak luput. Sing wekasane Gusti Kang Maha Wicaksana wis melehake ndika, kanthi sansaya ndadrane kamurkan sing ana atine Bebau Kidul lan Kebayan Bontot, sanadyan Jaswana wis klakon dadi lurah. Bebau Kidul apa dene Jagabaya Bontot tenane mung kepengin mukti wibawa dadi panguwasa ing Kalurahan Tambak, adoh saka rasa kepengin gawe kamulyan lan karaharjane kawula ing Kalurahan Tambak. Dadi anane Ki Lurah Tambak Kapindho nglorot Bau Tengah lan diganteni Bebau Kidul minangka sesepuhing para Bebau tuwin tambahing panguwasa sing dicekel dening Kebayan Bontot merga munggah drajat dadi Jagabayaning Kalurahan, kuwi merga ndika sing mbukak dedalane kanthi kumawani migunakne unining paugeran sing mapan ana ngisor dhewe lan ninggalne paugeran sing luwih baku. Wekasane ndika weruhi dhewe, wiwitane sing dadi kurban dudu ndika, nanging kawula ing Kalurahan Tambak, kalebu para Bebau lan Pamong liyane. Sepisan maneh tak kandhakne kabeh mau, ora ana sing luput gedhe dhewe kajaba ndika sing nuruti lakuning nalar sing ndika kira luwih bener”.

            “Inggih mBah, kula ngrumaosi lepat” Puranta nugel gunem karo ndhingkluk.

            “Sabanjure” aku nutugne guneman “sawuse ndika dadi kurban, klawan kena pandakwa ndhustha Kyai Pantek kang wekasane ndika rumangsa katundhung lunga saka Kalurahan Tambak, ndika nuruti pangajake nalar maneh yen sarana nuruti parentahe Ki Tambak Kapindho ndika ngira bakal ndadekne luwih becike Kalurahan Tambak.  Kaping pindhone nalika ndika nyaguhi dhawuhe Ki Lurah ngupadi Kyai Pantek, nalar ndika wis ngandhakne yen mokal ndika bisa nemokne Kyai Pantek, wekasan ndika nduwe panduga yen dhawuh saka Ki Lurah kuwi mung samudana murih ndika minggat saka Kalurahan Tambak. Nalar ndika ngandhakne yen panemu ndika kuwi wis bener. Pancen bener mungguhe nalar ndika. Nanging satemene kanthi mbenerake nalar sing mangkono kuwi mau ndika wis nglalekne Maha Kuwasaning Gusti sing nata mobah musiking jagad raya iki. Kamangka, yen mung butuh nemokne ing ngendi mapane Kyai Pantek wae, kanthi pitulungane Gusti Kang Maha Mulya aran ora angel babar pisan. Pitulungan saka Gusti kuwi ora kabeh lakune bisa diwaca luwih dhisik mawa nalare manungsa. Gampangane wae, nalar ndika mesthi ora tau ngandhakne yen sawise ndika remuk rempu merga kaculikane Kyai Lopara samurid-muride, ndika bakal kepethuk aku neng papan kene iki. Uga ndika mesthi ora tau nggagas yen bakal ana macan putih loro sing gedhene meh sagajah-gajah ngadhang lakune wong-wong srayane Bebau Kidul. Lan kanyatane sing babar pisan ora tau mampir neng angen-angen ndika kuwi sing kaleksanan. Mula kaluputan utawa dosa sing miturut Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing ndika sandhang kuwi, siji : ndika dhemen kebacut nggone percaya marang petungane nalar lan kaping pindho ndika dhemen nglalekne Gusti Sing Nyata Maha Kuwasa. Yen loro-lorone kuwi isih ndika kukuhi, ndika ora bakal nemu kabegjan selawas-lawase. Manungsa kuwi wajib nggunakne nalar kanthi sabecik-becike nanging kudu tansah eling marang Sing Paring Nalar. Aja nganti merga kaparingan nalar malah kanggo nggorohake apa dhawuhe sing paring nalar”.

            “Inggih mBah, kula ngaturaken gunging panuwun” kandhane Puranta sawuse aku meneng sedhela, leren nggonku guneman “kalepatan-kalepatan kasebat badhe kula budidaya murih ing tembe boten kula wangsuli malih”.

            “Apa mung kuwi sing tuwuh ing angen-angen ndika sawuse ndika weruh kaluputan lan wohing kaluputan ndika?” wangsulanku karo nanting atine Puranta maneh “nek sing katon wohing kaluputan ndika mung sing tumanduk marang ndika dhewe, mbok menawa kanthi janji kaya sing ndika kandhakne kuwi wis rada nyukupi, nanging yen awit kaluputan sing ndika tindakne wis gawe sengsarane wong akeh sing tenane ora melu-melu nglakoni dosane, nek mung digetuni wae ya ora ana gunane”.

            “Inggih mBah” wangsulane Puranta “mila kula kepengin sanget nebus kalepatan kula sarta ndandosi risaking kawontenan awit saking kumalungkung kula ingkang rumaos sampun leres lan wicaksana, nanging jebul klintu lan sembrana. Awit saking menika mugi mBah Tambak kersa paring pitedah, menapa ingkang prayogi kula lampahi?”.

            “mBalik marang carita ndika marang aku kae” wangsulanku marang Puranta “nalika ndika wis kentekan pangarep-arep merga tekane susulan wong-wonge Bebau Kidul sing banjur tekane Macan Putih sing gedhene sagajah-gajah kae, apa sing ndika lakoni?”.

            “Inggih kados ingkang sampun kula aturaken, gandheng kula sampun katelasan tenaga nanging rahayunipun taksih emut bilih ingkang wenang murba gesang lan pejah kula menika namung Gusti Ingkang Maha Agung, mila kula inggih lajeng masrahaken samudayanipun dhumateng Gusti Allah, mBah” wangsulane Puranta “nanging samangke, ing mriki wonten priyantun-priyantun ingkang tuhu wicaksana, inggih mBah Tambak, Ki Jurudah lan Ki Prasanta, awit saking menika kanthi linandhesan raos pasrah dhumateng Gusti, kula nyuwun pitedah dhateng mBah Tambak, Ki Jurudah miwah Ki Prasanta, murih prayogining lampah”.

            Sadurunge aku wangsulan, mripatku kober nglirik Ki Jurudah lan Ki Prasanta. Wong loro kuwi padha mesem karo ngethungne jempolan tangane marang aku. Panampaku, wong loro kuwi rumangsa mathuk karo apa sing dikandhakne Puranta sing keri dhewe kuwi mau. Mula aku banjur guneman maneh marang Puranta, sing kira-kira wong loro Ki Jurudah karo Ki Prasanta padha ora ngira yen aku bakal mbukak wewadine :

            “Ki Puranta, ndika ngandhakake yen sawise ndika wis pasrah marang Gusti Allah, dumadakan Macan Putih sing cacah loro mau padha teka maneh lan kober nggugah Ki Puranta kari Nyi Sirep, jebul tekane ora duwe sedya ala malah ngirimi gedhang raja satangkep kanggo ngiseni weteng ndika, bener ngono ta?” .

            “Inggih mBah Tambak”

            “Lha saiki gandheng ndika wis pasrah marang Gusti Allah, mula ing kene tumuli bakal bisa ndika temoni Macan Putih loro kae, nanging wis salin ageman he he he”.

            “Nyuwun pangapunten mBah Tambak” Puranta ketara rada bingung “kula dereng mudheng kalihan dhawuh jengandika menika?!?”.

            “Pancen wiwit jaman isih nom biyen, mBah Tambak kuwi seneng guyon kok Ngger, nanging guyone so kora lucu lan ora pati tinemu ing nalar …..” Ki Prasanta sing nyauti tembunge Puranta. Sauntara Ki Jurudah tak sawang katon mesem kecut ngempet anyel.

            “Tak wartani ya Ki Puranta ?” aku ngguyu karo wangsulan “ora adoh saka papan kene iki ana negara kang asipat gaib sing diratoni dening Ratu Ayu, jenenge Kraton Pangayoman utawa Kraton Ngiyom. Lha Senapatine Kraton Pangayoman kuwi ana loro, kasektene prasasat tanpa tandhing. Ya ora nggunmunake lha wong Senapati loro kuwi biyen tau dadi abdine Gusti Prabu Brawijaya garwane Kanjeng Ratu Kencanawungu. Lha senapati loro kuwi, nek ngadhepi wong-wong culika sing mung duwe kasekten lumrah wae, ora tau mentala gawe tatune mungsuh luwih-luwih gawe patine. Mula cukup kanthi nggunakne busana peparinge Kanjeng Ratu ing Kraton Pangayoman, mungsuh-mungsuhe bakal salang tunjang nggone mlayu. Dadi tenane sing nylametake ndika saka wong-wong susulan sawuse Puludan lunga menyang Tambak Tengah melu Sabekti kae, ora ana liya kajaba Senapati saka Kraton Ngiyom sing wis ngagem busana mau. Yen ndika kepengin ngerti, Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing katone mung kaya wong padesan kuwi satemene Macan Putih loro sing wis paring Gedhang Setangkeb marang ndika kae”.

            Puranta malih ndomblong krungu kandhaku ngono kuwi mau. Mesthine dheweke ora ngira yen satemene Ki Jurudah lan Ki Prasanta kuwi Senapatine Kanjeng Ratu Setyawati saka Kraton Pangayoman. Luwih gumun maneh, bareng tak jarwani yen Macan Putih sing wis nundhung wong-wonge Bebau Kidul sing nedya gawe cilakane kae, ora ana liya kajaba Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing saiki ana sandhinge.

            “Ngaturaken sewu kalepatan Kanjeng Senapati……..” dumadakan Puranta sujud ing ngarepe Ki Jurudah lan Ki Prasanta karo asok kaluputan, ditutne Sirep sing uga banjur melu sujud  “nyuwun gunging pangaksami awit kadegsuran kula ing ngarsa jengandika”.

            “Aja kaya ngono Ngger….” Ki Prasanta nyandhak pundhake Puranta banjur disurung murih bali lungguh “Raden Bagus Suwanda sing saiki nganggo jeneng mBah Tambak kuwi nek guneman pancen sok seneng diluwih-luwihi. Pancen bener yen aku karo Kakang Jurudah kuwi abdi Kraton Pangayoman, nanging ya mung kaya iki wujud asline ora beda karo ndika sing satemene isih wayah dalem Kanjeng Sultan Adiwijaya ing Pajang sing babar pisan ora ngatonake sapa leluhure”.

            Puranta bali lungguh, katone rumangsa kewiyak wadine yen satemene dheweke iku isih trahing kusuma rembesing madu turase wong andana warih.

 

Ana candhake.

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...