44.
Wong
lima sing krungu wangsulane Puranta ngono kuwi padha manthuk-manthuk. Aku
banjur nyedhak, Puranta katon nek rada kaget merga tekaku sing ora
dinyana-nyana. Sadurunge Puranta guneman apa-apa aku aweh sasmita supaya
Puranta ora ngucap apa-apa, murih ora gawe bingunge wong lima sing padha ora bisa weruh wujudku. Aku banjur
nggunakne Aji Taliati, ya iku aji kanggo bisa sesambungan rembug antarane aku
karo Puranta kanthi ora ngetokne suwara sing bisa dirungokne wong liya.
“Aku
mau wis tekan Kalurahan lan ngaweruhi apa sing ditindakne Ki Lurah, Lopara lan
murid-muride, Ki Puranta” kandhaku nganggo Aji Taliati.
“Kyai
Lopara, Bebau Kidul tuwin Jagabaya Bontot dhateng Kalurahan, mBah Tambak?” Puranta
takon uga nganggo Aji Taliati dadi katone Puranta mung meneng karo ndhingkluk
wae “kepanggih kalihan Ki Lurah mesthinipun ngrembag kula lan icaling Dhuwung
Kyai Pantek menika inggih, mBah?”.
“Bener”
wangsulanku “Lopara temen-temen wong julig sing rusuh tandange”.
Banjur
kanthi reringkesan aku nyritakne apa sing wis kedadean ing pringgitaning
Kalurahan Tambak, iya sing dirembug antarane Ki Lurah karo Lopara iya sulapane
Lopara sing ngginakne Maron anyar diiseni banyu lan kembang lan wekasane tak
pungkasi kanthi aweh prentah marang Puranta supaya daya-daya ndelok omahe,
merga miturut petungku ora let suwe maneh Lopara karo murid-muride wis tekan
kana, saprelu nuduhne Keris Kyai Pantek sing disingidne ana senthong omahe
Puranta, marang Ki Lurah. Lan aku durung patia percaya manawa Ki Lurah bakal
nggugu omongane wewayangan gaweyanku sing ngandhakne menawa Keris sing ana
senthong omahe Puranta kuwi dudu Kyai Pantek sing satuhu. Karepku supaya
Puranta bisa nuduhne Keris Kyai Pantek sing sejati lan bisa mbalekne marang
wujude sekawit Keris Tiron yasane Jim Ganjur sing wujud lan rupane ora beda
karo Kyai Pantek sing sejati.
Dumadakan
saka arah Kalurahan keprungu suwara Kenthongan ditabuh kaping pitu disusul Kenthong
Daramuluk sepisan. Suwara Kentongan ngono kuwi disambung lan diterusne karo kenthongan saka gerdhu-gerdhu panjagan.
Dadi Tengara Kenthong Pitu disambung Daramuluk kuwi ora suwe wis warata
keprungu tekan saindenging Kalurahan Tambak.
“Kenthong
Pitu Paman?” Puranta guneman semune takon marang Bebau Tengah.
“Inggih
Anakmas” wangsulane Bebau Tengah “ketingalipun wonten prakawis ingkang sanget
wigati, ketitik Ki Lurah ngersakaken Para Bebau lan Para Jagabaya miwah Pamong
sarta para Sapukawating Kalurahan supados mlempak ing Kalurahan”.
Puranta
nyawang marang aku, sajake njaluk uruning panemuku.
“Becike
wong-wong kuwi ndika kongkon budhal menyang Kalurahan nuruti dhawuhe Ki Lurah
sing nggunakne tengara Kenthong Pitu kuwi mau, Ki Puranta” kandhaku kanthi Aji Taliati
“mbok menawa Ki Lurah saka pakone Lopara kepengin anggone njupuk Kyai Pantek
Tiron ing senthong omah ndika disekseni dening Bebau lan Para Sapukawating
Kalurahan tuwin Pamong ing Tambak kabeh”.
Puranta manthuk ngiyani.
Tumuli kandha marang wong lima sing ana ngarepe kuwi :
“Sak
niki prayoginipun Paman Bebau Tengah tuwin Para Bebau sanesipun, tumuli ndugeni
timbalanipun Ki Lurah. Kula piyambak mangke ugi tumunten nusul mrika, nanging
inggih sakedhap malih sasampunipun ndika sami dumugi ing Kalurahan”.
“Kinten-kinten
Ki Lurah badhe paring dhawuh menapa inggih Anakmas?” Bebau Tengah nyoba takon
marang Puranta.
“Menawi
kula inggih cetha menawi boten mangertos ta Paman?” wangsulane Puranta karo
mesem “sampun sak niki mangga sami tindak dhateng Kalurahan mawon rumiyin,
mangke rak pirsa menapa ingkang dados kersanipun Ki Lurah”.
“Inggih
Anakmas” wangsulane Bebau Tengah “menawi makaten kula kalihan kanca-kanca
tumuli dhateng Kalurahan sak menika ugi. Boten langkung kula suwun mugi Anakmas
ingkang ngatos-atos lan sampun ngantos nyuda kaprayitnan”.
“Mangga
Paman, sakedhap malih kula badhe nusul” kandhane Puranta karo nguntabne Bebau
cacah lima kuwi lunga ninggalne papan kono.
“Samangke
kados pundi mBah Tambak?” sawise wong lima kuwi lunga Puranta banjur takon
marang aku.
“Tak
kira Lopara wis matur marang Ki Lurah yen kepengin nuduhake anggone bisa
nemokne Kyai Pantek marang Bebau lan Pamong tuwin Sapukawating Kalurahan, Ki
Puranta” wangsulanku “becike awake dhewe aja ngaton dhisik, ndika mengko tak
singidne ing alam panglemunan dhisik, mengko wae manawa Keris Tiron wis diasta
Ki Lurah, ndika lagi ngatonke dhiri lan matur marang Ki Lurah menawa Keris kang
diasta kuwi mung dhapur Tiron”.
“Inggih
mBah, kula ndherek kemawon menapa ingkang dados pitedah jengandika” wangsulane
Puranta.
Puranta
banjur tak wenehi Keris Kyai Bancik sing biyen olehe maringi Rama Tumenggung
Jatikusuma jaman aku isih nom lan manggon neng Majapahit, sarta tak warah kepiye
carane nggunakne Pusaka Kyai Bancik sing bisa kanggo manjing ing alam panglemunan.
Kajaba Kyai Bancik, Puranta uga tak wenehi Slendhang Pita ya Slendhang Sipat
peparinge Wa Kebayan Bulak Pandhe jaman aku arep budhal menyang Kedhuwang
biyen, sarta tak wuruki kepiye carane migunakake. Puranta katon nek seneng
atine lan ngaturake panuwun marang aku, banjur Kyai bancik nuli dicakne, sakala
Puranta katon wis manggon ing alam sing meh padha karo alam sing tak panggoni,
ya iku ora bisa kadulu dening mripat wantah.
Sawise
kira-kira para Bebau lan Pamong sarta Sapukawating Kalurahan Tambak wis mlumpuk
ing Pendhapa kalurahan nuhoni dhawuhe Ki Lurah sing nganggo tengara Kenthong
Pitu disambung Dara Muluk, aku karo Puranta banjur bebarengan budhal nusul
menyang Kalurahan.
Pandugaku mau pranyata
bener. Nalika aku karo Puranta tekan Kalurahan, lan momor wong-wong sing ana
kono, kabeh Bebau lan Pamong sarta Sapukawating Kalurahan ora diklumpukne ing
pendhapa, nanging dikongkon padha ngadeg jejer wor sajuru-juru ing plataran.
Ing Emperaning Pendhapa sisih ngarep, katon Ki Lurah lenggah ing kursi dijejeri
Lopara sing uga lungguh kursi sing rada beda wujude. Sauntara Jagabaya Bontot
karo Bebau Kidul ngadeg ing tlundhagane Pendhapa ngisor dhewe. Bebau Kidul lagi
sesorah ing ngarepe para Bebau lan Pamong sarta Sapukawating Kalurahan,
Jagabaya Bontot ngadeg ing sisihe karo nyekeli Pedhange sing wis diliga saka
wrangakane.
“Sedulur-sedulur Para
Bebau, Para Jagabaya, Para pamong lan Sapukawating Kalurahan kabeh” kandhane
Bebau Kidul kanthi suwara sing banter temah bisa keprungu nganti tekan
sajabaning pekarangan Kalurahan “aku ngadeg lan guneman ing kene iki, saprelu nyambung
dhawuhe Ki Lurah supaya tekan marang ndika kabeh, mula tak jaluk ndika padha
ngrungokne kanthi sabecik-becike, aja kongsi tumpang suh nggon ndika nampa,
sepisan maneh tak kandhakne, ing kene Bebau
Waruju utawa Bebau Kidul guneman mung nyambung dhawuhe Ki Lurah marang ndika
kabeh”.
“Nggiiiiiiih………” wong
saplataran semuar bareng, nganti kaya ngoregne plataran.
“Dhawuh kang kapisan : Lumantar
Kyai Lopara Ki Lurah wis nampa sasmita gaib ing ngendi dununge Keris Kyai
Pantek, Pusaka Piyandel Kalurahan Tambak sing ilang saka plangkane. Ki Lurah
ndhawuhake marang Kyai Lopara supaya mulung Kyai Pantek saka papan pasingidane
lan ngaturake marang Ki Lurah. Aku, Paman Jagabaya Bontot lan ndika kabeh
kadhawuhan ndherekne Ki Lurah sing uga ngersakne nunggoni anggone Kyai Lopara
mulung Kyai Pantek saka papan kanggo ndhelikake kuwi. Apa kira-kira ana
sedulur-sedulur sing kabotan nindakne dhawuhe Ki Lurah iki?”.
“Boteeeeen” sepisan
maneh wangsulan sing ambata rubuh suwarane keprungu saka plataran Kalurahan
kuwi.
“Sokur lan matur nuwun
marang ndika kabeh” Bebau Kidul guneman maneh “sabanjure Dhawuh kaping Pindho :
Ki Lurah durung kepareng paring weruh marang aku lan ndika kabeh, sapa paraga
kang kumawani nyolong Piyandel Kalurahan Tambak sarta sapa wae sing wis adol
upas marang paraga sing sejatine nduweni bebuden mulya lan utama nanging merga
kena upase wong-wong sing srakah temah wani nerjang sarak nyingkur bebener
ndhustha Kyai Pantek kanggo sarana bisa njongkeng kalenggahane Ki Lurah sing
sah”.
Ora ana suwara semaur
aweh wangsulan marang kandhane Bebau Kidul sing keri dhewe iki. Mung wae, wong –
wong sing ana latar wis padha ngerti sapa paraga sing dikarepake Bebau Kidul
kuwi mau. Sanadyanta mangkono wong-wong ya akeh sing ora sarujuk karo sing
dikandhakne Bebau Kidul sing wis ndakwa yen ilange Kyai Pantek merga dicolong
wong sing kepengin njongkeng kawibawan luwih-luwih merga oleh ambujuke wong
sing duwe ati srakah. Wong-wong banjur padha pating greneng dhewe-dhewe, temah nuwuhake
suwara temawon sing ora cetha yen dirungokne.
“Para sedulur kabeh”
Bebau Kidul bali guneman maneh “sanadyanta mangkono, unine unen-unen Becik
Ketitik Ala Ketara, mengko bakal katon sawuse Kyai Pantek wis ana astane Ki
Lurah Tambak kapindho maneh. Miturut wangsit sing ditampa Kyai Lopara, mengko
Kyai Pantek ing astane Ki Lurah bakal nuduhake sapa wae sing satemene wis
tumindak culika”.
“Lan sing dikandhakne Lopara
Dhukun Kurang Tindhih kuwi goroh kabeh” tanpa kena tak penging, saka papan sing
ora bisa disawang wong liya, lambeku mbengok banter sing uga dirungokne wong
sal plataran kabeh. Sakala kahanan dadi kosek. Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot
katon nek dadi nesu ora karuwan.
“Setan keparat, sapa
sing wani guneman waton njeplakne lambe kuwi he?” Bebau Kidul mbengok sora
merga saking nesune krungu suwaraku sing kaya mangkono mau.
Ora ana sing wangsulan,
kahanan dadi sepi nyenyet. Malah wong-wong sing padha ambegan wae kaya-kaya
banjur diempet murih ora ana suwara sing keprungu.
“Aku ngerti sing muni
waton mangap mau genah Dhedhemit sing mau ganggu gawe marang Guruku, ayo yen
nyata kowe dhemit sing ora wedi getih, ketokne wujudmu! Ayo tandhingana iki
Waruju Bebau Padhukuhan Kidul……..”
Nalika Bebau Kidul
mampang-mampang ngunekne panantang ngono kuwi, andilalah ing wit luntas sing
ana sandhingku ana Walang Kayu sing mencok. Ora guneman apa-apa, karo panggah
ora ngatonake dhiri, walang kayu kuwi tak cekel banjur tak sawatne menyang lambene
Waruju. Mesthi wae, Walang Kayu kuwi kaget, banjur ngobahne suthange kanggo
nylenthik lambene Bebau Kidul. Suthang sing ana erine kuwi ngenani lambene
Bebau Kidul temah ndadekne lambe kuwi gobrah-gobrah getihe. Bebau Kidul sansaya waringutan, Walang Kayu
disaut kena, banjur dibanting neng lemah diidak-idak diiles-iles nganti ajur
bebathange.
“Setan alas ora genah,
Walang murang tata wani-wanine nylenthik lambene Bebau Kidul, klakon ajur
kuwandhamu kowe” kandhane Bebau Kidul karo misuh-misuh lan nyumbari walang sing
wis mati.
Jagabaya Bontot Tanggap,
banjur genti maju nyulihi olehe sesorah Bebau Kidul :
“Para Sedulur kabeh, wis
cukup kabeh dhawuh saka Ki Lurah sing dikandhakne Ki Bau Kidul. Saiki ndika
kabeh ayo padha tata-tata ndherekne jengkare Ki Lurah marang panggonan kanggo
nyingidne Kyai Pantek dening sing nylolong kuwi, jumbuh lan pituduh saka Kyai
Lopara”.
Bubar muni ngono kuwi,
Jagabaya Bontot banjur mbalikne awak ngadhep marang Ki Lurah lan Ki Lopara,
atur sasmita yen wis wayahe bidhal menyang omahe Puranta.
Ana candhake