Total Tayangan Halaman

Senin, 20 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (059)

59.

Anggenipun sami rerembagan kendel sakedhap awit sami ngrahabi menapa ingkang dipun segahaken dening Nyai Sarkara, inggih wedang jahe panas dipun lalapi gendhis aren. Camilanipun kenthang cemeng ingkang dipun godhog kulitan, kapilih ingkang agengipun racak sakemiri-kemiri. Ing wanci dalu kados makaten menika mila kraos eca lan sekeca jejagongan sinambi nedha tetedhan prasaja kados makaten menika.

“Dene nggonku sowan ing ngarsane Kanjeng Ratu Setyawati mau” ing sela-selanipun dhahar kenthang cemeng mBah Tambak nglajengaken anggenipun wicanten dhateng Ki Sarkara “mung saprelu nyuwun pituduh apa sing kudu tak tindakne sawuse ndika teka ing papanku kene iki. Lan kaya sing dikandhakne Kyai Prasanta mau, aku pancen kober mampir menyang papane Nyai Pandhanwangi ya Nyai Pandhansari, awit Nyai Pandhanwangi tau kandha marang aku nek aku arep ketekan dhayoh sing bisa nulungi aku, mbukakne dalan kanggo tak liwati tumuju menyang Gunung Lawu. mBok menawa wae, dhayoh sing dikandhakne Nyai Pandhanwangi kuwi ndika, Ki Sarkara”.

“Ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa upami, mBah Tambak” atur wangsulanipun Ki Sarkara “ dene ndika kadamel repot awit kula ingkang kaleresan ngungsi menika, namung kemawon kula kinten ingkang dipun kersakaken dening Nyai Pandhanwangi magepokan kalihan anggen jengandika badhe jengkar saking mriki tumuju Redi Lawu suwita dhateng Kanjeng Sunan Lawu menika dede kula, awit kula menika namung tiyang limrah ingkang boten gadhah kalangkungan menapa-menapa, saged kula kemawon namung bebakulan alit-alitan lan sakedhik-sakedhik ugi saged nenandur kados patrapipun kadang tani. Boten nates inau ulah kebatosan menapa dene ulah kanuragan”.

Mbah Tambak mesem wiyar mireng wangsulanipun Ki Sarkara ingkang blaka lan prasaja ngaten menika. Ki Jurudah lan Ki Prasanta ketingal manggut-manggut, kados-kados mangetos menapa ingkang saged dipun lampahi Ki Sarkara ing saben dintenipun.

“Saiki aku tak genti sing takon Kisanak Sarkara” Ki Jurudah gentos ingkang ngendika dhateng Ki Sarkara “aku mau krungu ature mBah Tambak marang Kanjeng Ratu, sing nyritakne yen ndika kuwi sawijining Molang utawa Blantik Rajakaya……”.

“Namung tilas Molang Kyai” Ki Sarkara nigas wuwusipun Ki Jurudah “padamelan Molang menika sampun kawuntat, samangke kula namung dados tiyang ingkang nembe pados tiyang klambrangan pados padamelan kangge nglajengaken gesang kalihan kulawarga”.

“Iya, iya Ngger” Ki Jurudah paring wangsulan kalihan mesem dhateng Ki Sarkara “Cekake ing wektu iki, kena diarani ndika kuwi lagi arep miwiti urip anyar maneh, sawise ndika ninggalake Kutha Pajang. Apa ya pancen bener mangkono?”.

“Leres Kyai” atur wangsulanipun Ki Sarkara “lan anggen kula miwiti gesang enggal menika badhe nyambut damel menapa inggih dereng mangertos.  Awit saking menika ambok bilih Kyai kepareng badhe paring pitedah padamelan menapa ingkang sae tumrap gesang kula lan kulawarga kula, saestu kula sakalangkung ngaturaken genging panuwun”.

“Ngene ya Ngger” Sarwi mesem wiyar Ki Jurudah lajeng ngendika malih “nek mung butuh bisa urip, kuwi satemene ora angel. Awit awake dhewe urip iki ana sing ngersakne urip, ya kuwi Gusti Sing Gawe Urip. Nek Gusti isih ngersakne awake dhewe urip, embuh carane apa Gusti mesthi nyukupi apa sing awake dhewe butuhne murih bisa urip. Gampangane saupama ndika saiki yasa gubug kanggo dipanggoni banjur saben dinane ndika luru wohing thethukulan sing ana alas kene iki, ya sing wujud pala pendhem utawa pala gemandhul lan pala kasimpar lan ing sambikalane longgar ndika mbebedhag buron alas sing kena ndika alap daginge, kuwi ya wis cukup. Sing arep tak takokne marang ndika kuwi, apa sawise ndika kaparingan urip iki cukup tekan semene apa ndika isih duwe gegayuhan sing luwih dhuwur kaya lumrahe wong-wong sing tau ndika weruhi jaman ndika isih manggon neng Kutha Pajang biyen?”.

“Blaka suta kemawon Kyai” sasampunipun radi dangu anggenipun nata ukara, Ki Sarkara lajeng atur wangsulan dhateng Ki Jurudah “mila saestu jaman kula taksih gesang kacekapan ing Nagari Pajang, kula sakalangkung wekel ing damel jalaran kula kepengin saged dados tiyang ingkang sugih. Ingkang nalika samanten kula kinten namung dados tiyang sugih ingkang saged ndadosaken sekecaning gesang kula benjing menawi kula sampun sepuh, boten rekaos menawi pados sandhang miwah pangan. Nanging sareng kula nandhang kacingkrangan dados tiyang klambrangan kados makaten menika, lajeng kula mireng cariyos lan pitutur saking mBah Tambak, pepenginan kula sampun benten malih Kyai”.

“Banjur bedane ana ngendi Ngger?” Ki Jurudah mundhut pirsa dhateng Ki Sarkara.

“Menawi ta saged kasembadan, kula kepengin sanget saged kados tiyang-tiyang jaman rumiyin ingkang dipun cariyosaken dening mBah Tambak, inggih menika dados titahipun Gusti ingkang gesangipun migunani tumrap titah sanesipun, saged dados titahipun Gusti ingkang mangertos kuwajibaning titah dhateng Gustinipun miwah dhateng sesamining titah” atur wangsulanipun Ki Sarkara.

Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta ketingal sami mesem remen, kekalihipun sami mirsani dhateng mBah Tambak.

“Ketoke sing ndika enteni wis teka tenan mBah Tambak” wicantenipun Ki Prasanta kalihan ngesemi mBah Tambak “ya muga-muga wae, panggraita sing teka ing atiku iki ora luput”.

“Kuwi panuwunku Ki Prasanta” wangsulanipun mBah Tambak alon nanging cetha.

“Lha Angger Sarkara apa wis ngerti yen kanggo mujudne apa sing ndika pengini kuwi, wiwit sadurunge kasembadan nganti sawise kasembadan bisa gawe rekasaning raga, malah kurang-kurang bejane bisa nuwuhake kapitunan tumrap raga ndika sakulawarga?” Ki Jurudah mundhut pirsa malih dhateng Ki Sarkara.

“Nyuwun pangapunten Kyai” wangsulanipun Ki Sarkara “miturut pamanggih kula sasampunipun mirengaken dhawuh-dhawuh saking mBah Tambak, kasangsaraning raga menika boten sepintena sakitipun menawi titah sampun ngrumaosi bilih piyambakipun menika titahing Gusti. Jalaran titah ingkang sampun estu anggenipun manembah dhateng Allah, saestu badhe boten saged kapisahaken kalihan watak Lila, Trima lan Legawa. Tiyang ingkang sampun kacondhokan watak lila saestu boten badhe rumaos kecalan menapa kemawon ing salami-laminipun, awit sadaya ingkang wonten menika muhung kagunganing Gusti, titah namung sadremi katitipan, kuwajibanipun titah namung angreksa sakuwaosipun boten saged angukuhi menawi Gusti kepareng mundhut ingkang dipun titipaken. Kaping kalih titah ingkang sampun kagadhuhan watak trima, boten badhe dhemen rumaos serik dhateng sinten kewala, boten nglokro yenta kapaido, boten kedanan pangalembana saking sesamining titah, sadaya kawangsulaken dhateng Maha Mulyaning Gusti Ingkang Maha Mulya. Salajengipun, titah ingkang namung mangeran dhateng Allah, badhe pasrah lan namung badhe ndherek menapa ingkang jumbuh kalihan piwucaling Allah, boten ngangsa-angsa nuruti pikajenging karsa, nuting sedya namung badhe pasrah dhateng Purbaning Kawasa. Tumindak sae menika kuwajiban dene ta undhuh-undhuhanipun namung ngupadi sihing Gusti tanpa metang panganggeping titah saha boten badhe ngajeng-ajeng pituwas saking titah”.

Ki Jurudah ketingal menawi rena penggalihipun mirengaken wangsulan ingkang dipun aturaken dening Ki Sarkara ingkang makaten menika. Samanten ugi Ki Prasanta, ingkang lajeng ngunandika nanging kawiyos suwantenipun :

“mBah Tambak kuwi nyata wicaksana, ingatase durung suwe anggone duwe murid Angger Sarkara, nanging apa sing diwulangake mBah Tambak wis nunjem teka dhasaring atine Angger Sarkara ………”.

“Gek ndika kuwi guneman apa ta Ki Prasanta?” mBah Tambak dumadakan nyendhu Ki Prasanta “Ki Sarkara kuwi dudu muridku, apa sing dikandhakne Ki Sarkara kuwi ya dudu piwulangku, nanging piwulanging Gusti sing dicakne dening wong-wong jaman biyen sing tau tak critakne marang Ki Sarkara”.

“Nyuwun pangapunten Kyai” Ki Sarkara lajeng nyela atur “gandheng kula menika ngrumaosi kasumerepan kula kenging winastan namung jero tapakipun meri, mila kula lajeng nggadhahi pamanggih sadaya tiyang inggih ingkang sepuh menapa dene tiyang anem, boten mbenten-mbentenaken inggil andhaping drajat sadaya kula dadosaken guru kula. Namung kemawon awit angemuti bilih sedaya guru kula kala wau inggih namung drajating titah ingkang boten tebih saking lepat lan leres, beja lan apes, emut saha supe, pramila sadaya inggih kedah saged kula timbang lan limbang, dene menawi ngantos lepat anggen kula nimbang lan nglimbang, kula pitados bilih Gusti badhe paring pangaksami tuwin boten badhe angumbar kula lumampah ing margi ingkang sasar, lumatar titahipun ingkang mbok menawi dereng kula tepangi sawanci-wanci tartamtu badhe wonten ingkang badhe paring pitedah dhateng kula murih leresing lampah. Inggih awit saking menika, mumpung kula nembe kaparingan nugraha dening Gusti temah saged linggih sapejagong kalihan mBah Tambak, Kyai Jurudah miwah Kyai Prasanta ing kalodhangan ingkang sae menika mugi jengandika sami kersaa paring pitedah menawi pamanggih ingkang kula aturaken ing ngajeng pranyata nalisir saking garis piwucaling Gusti saha kaparenga nedahaken pundi margi ingkang langkung prayogi kula pecaki”.

“Kabeh titah sing sipate lumrah, lire dudu utusaning Gusti kang kang kagadhuhan Wahyu, kuwi padha wae Ngger” Ki Jurudah ingkang ngendika ananggapi aturipun Ki Sarkara “dadi ndika, aku, Ki Prasanta apa dene mBah Tambak kuwi tenane ngono padha. Padha olehe golek marga kanggo nggayuh sihing Gusti, padha dene olehe asipat titah wantah, padha dene olehe ora adoh saka lali lan luput, mula tumrap wong sing angestu marang Allah duwe kuwajiban tansah mad sinamadan gelema ngelingake sing lagi lali, mbenerake sing tumindak luput. Gegayutan karo sing lagi wae ndika kandhakne iki mau, katone panemu ndika wis jumbuh karo panemuku, apa dene karo panemune mBah Tambak lan Ki Prasanta. Ya muga-muga wae apa sing dadi panemune awake dhewe iki wis bener mungguhe Sing Kagungan Bener”.

“Inggih Kyai, ngaturaken genging panuwun” wangsulanipun Ki Sarkara kalihan tumungkul.

“Samengko banjur piye Ki Jurudah lan Ki Prasanta?” dumadakan mBah Tambak nyuwun pirsa dhateng Sapukawat Kraton Ngiyom kekalih menika.

Ki Jurudah mirsani dhateng Ki Prasanta, makaten ugi Ki Prasanta ugi mirsani dhateng Ki Jurudah, kekalihipun sami anggenipun mirsani sesamining rowang.

“Ngene yam Bah Tambak” wekasan Ki Prasanta ingkang langkung rumiyin ngendika dhateng mBah Tambak “satemene Kakang Jurudah ya bisa wae, ngandhakne lan mangsuli apa sing dadi pitakon ndika kuwi, saiki uga, nanging …….”.

“Nanging ana apa Ki Prasanta?” mBah Tambak nigas rembagipun Ki Prasanta mawi pitakenan “apa aku isih kakehan cacad lan prelu nambahi laku patobatan maneh ?. Yen kuwi sing kudu tak tampa, aku ya ora kabotan babar pisan, bares wae bareng aku krungu apa sing dikandhakne Ki Sarkara mau aku dadi sansaya ngrumangsani yen dosa lan kaluputan sing tak tindakne isih luwih akeh katimbang karo laku becik sing isih kerep kacampuran rasa melik kanggo nuruti hardaning karep kuwi………..”.

“Aja kaduk ati bela panampa kaya mangkono kuwi mBah Tambak” Ki Jurudah ingkang suka wangsulan kalihan mesem “aku krungu dhewe apa sing didhawuhne dening Kanjeng Ratu, sanadyan isih ana kurange nanging miturut Kanjeng Ratu sing wis ndika tindakne sasuwene iki wis akeh sing jumbuh karo kersane Kanjeng Ratu sing tansah nocogake tindak ndika karo layang paugeran sing ana Kraton Ngiyom”.

“Lha banjur apa sing di-nanging-ake dening Ki Prasanta mau ?” mBah Tambak pitaken malih.

“O kuwi ta mBah Tambak?” Ki Prasanta suka wangsulan kalihan gumujeng “mula ta mula, nek eneng wong guneman kuwi aja seneng nyela-nyela, wekasan dadine ya ngono kuwi”.

“Iya, saiki tumuli ndika kandhakne, nanging kepiye?” mBah Tambak ketingal menawi kirang sabar.

Kyai Prasanta mesem lajeng gumujeng meh kemawon kemekel anggenipun gumujeng. Ki Jurudah namung klecam-klecem anggenipun ngampet murih boten katularan gumujeng kados Ki Prasanta.

Ana candhake

 

Jumat, 17 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (058)


 

58.

Ki Sarkara lajeng nata anggenipun linggih, ngrantos pamundhut pirsa saking mBah Tambak. Manawi nalika nembe dugi kala wau raos sayah sakalangkung keraos, nanging sareng sampun kendel sinambi mirengaken cariyosipun mBah Tambak ingkang ngemu pitutur kathah, raos sayahing salira sampun ical babar pisan.

“nDika mau kandha nek oleh ndika kedlarang-dlarang nganti tekan kene merga ngungsi, ngedohi Kutha Pajang, supaya ora diganggu maneh dening para durjana sing wis ngrampog bandha donya ndika?” mBah Tambak wiwit ngendika badhe nyumerepi menapa ingkang dados isen-isening manahipun Ki Sarkara.

“Leres mBah” wangsulanipun Ki Sarkara cekak.

“Lha nganti mbesuk kapan nggon ndika ngajak anak bojo ndika mlaku sing ndika arani ngungsi iki?” mBah Tambak pitaken malih.

“Kula dereng ngertos mBah” Ki Sarkara suka wangsulan “angkah kula menawi lampah kula kepanggih padhukuhan lan mbok menawi wonten tiyang ingkang purun nampi bau kula, kula badhe kendel. Kula badhe nyambut damel sawontenipun sauger saged kula ginakaken kangge nyambung gesang kula lan ngopeni anak lan semah kula”.

“Saiki aku arep takon maneh” mBah Tambak wicanten malih “sadurunge aku crita akeh-akeh sejarahe uripku marang ndika mau, aku guneman apa marang ndika?”.

“Kala wau mbah Tambak dhawuh bilih badhe mundhut pitulungan dhateng kula, lha samangke mBah Tambak badhe paring dhawuh menapa? Saestu kula badhe rila legawa nindakaken dhawuhipun mBah Tambak. Mangga samangke tumuli kadhawuhna kemawon” wangsulanipun Ki Sarkara ingkang nelakaken kasiyaganipun nuruti dhawuh saking mBah Tambak. Kapireng pancen inggih radi lucu, jeneh Ki Sarkara lan kulawarganipun kemawon wekdal menika mbetahaken pitulungan, nanging piyambakipun nyagahi menawi badhe suka pitulungan menawi wonten ingkang mbetahaken pitulungan saking piyambakipun.

“Banjur nek wis ndika nindakne apa sing dadi panjalukku, ndika njaluk opah apa?” mBah Tambak mundhut pirsa malih “apa ndika kepengin urip dadi wong sugih kaya jaman sadurunge ndika lunga saka Pajang? Apa kepengin apa?”.

“Nyuwun pangapunten mBah” Ki Sarkara ingkang sampun kathah mirengaken cariyosipun mBah Tambak kala wau samangke sampun radi pinter, pramila nalika dipun dangu badhe nyuwun opah menapa lajeng matur “kala wau nalika mBah Tambak paring pitulungan dhateng kula sakulawarga, babar pisan mBah Tambak boten ngersakaken menapa-menapa saking kula. Pramila menawi mangke kula sampun saged nindakaken dhawuhipun mBah Tambak, kula inggih boten badhe nyuwun menapa-menapa, pepenginan kula namung satunggal mugi-mugi kula saged nindakaken dhawuhipun mBah Tambak kanthi sak sae-saenipun boten damel kapitunaning titah sanes lan saged lebda ing karya”.

“Apa sing ndika kandhakne kuwi jumbuh karo suwara sing ana ati ndika Ki Sarkara?” sajak radi tidha-tidha mbah Tambak mundhut pirsa malih.

“Kabedhaha dhadha kula mBah Tambak, mangke ndika badhe pirsa kados menapa isining manah kula” wangsulanipun Ki Sarkara.

“Yen pancen mangkono” mBah Tambak ketingal sansaya bingar pasuryanipun “tak jaluk ndika lan anak bojo ndika, leren sawatara dina dhisik ana papan panggonanku kene. Mengko nek wis wayahe aku bakal kandha ndika arep tak jaluki tulung apa. Apa ndika ora kabotan Ki Sarkara?”.

“Kula malah sakalangkung ngaturaken genging panuwun manawi kula kaparengaken kendel ing papan mriki mBah Tambak” wangsulanipun Ki Sarkara daya-daya “sampun malih namung kadhawuhan kendel kangge sawatawis dinten, sanadyan kadhawuhan ngantos kukuding gesang kula, kula inggih sakalangkung remen, awit bares kemawon kula sampun rumaos kraos mapan ing papan menika”.

mBah Tambak Gumujeng mireng atur wangsulanipun Ki Sarkara makaten menika .

“Aja kleru tampa Sarkara” ngendikanipun mBah Tambak malih “kene iki dudu papan sing becik dienggoni dening titah sing wujud manungsa. Olehku ngongkon ndika sabrayat manggon neng kene kuwi mung kanggo sawatara dina wae, saiki tumuli padha lerena luwih dhisik supaya kesel-kesel ndika padha ilang”.

mBah Tambak lajeng nedahaken senthong kangge kendel Ki Sarkara lan anak saha semahipun. Nedahaken pawon kangge ocal-ocal tetedhan, papan padaringan kangge nyimpen uwos, bothekan kangge nyinggahaken bumbon lan empon-empon,  jamban kangge sesuci lan sanes-sanesipun. Sasampunipun Ki lan Nyai Sarkara sumerep sedaya, mBah Tambak lajeng pamitan badhe nilaraken griyanipun sakedhap lan dhawuh dhateng Nyai Sarkara murih mangke ocal-ocal kangge nedha ing wanci dalu.

Nalika samanten wancinipun sampun nyaketi sonten, Pramila Nyai Sarkara inggih lajeng dhateng pawon saprelu bethak sekul saha ocal-ocal kangge lelawuhanipun ingkang sadaya sampun cumawis ing bothekaning pawon. Salebeting manahipun Nyai Sarkara sakalangkung ngungun nyumerepi kawontenaning pawonipun mBah Tambak menika. Sadaya kabetahaning pawon sampun cumawis, kamangka mBah Tambak menika piyantun kakung ingkang sampun sepuh, gesangipun inggih namung ijen, nanging kawontenaning pawon boten benten kalihan pawonipun tiyang ingkang nggadhahi kulawarga jangkep. Nanging raos gumunipun Nyai Sarkara inggih namung dipun ampet kemawon.

Sawatawis menika, Pradapa inggih sampun tangi saking anggenipun tilem. Dening bapakipun inggih lajeng dipun dus ing sendhang ingkang mapan ing pekaranganipun mBah Tambak menika. Lare ingkang nembe wanci demolan menika sakalangkung bingah manahipun dipun ajak adus wonten ing sendhang, menapa malih wetengipun inggih sampun wareg, boten kados dinten-dinten padatanipun, ingkang namung dipun ajak mlampah kanthi weteng ingkang kathah kothongipun. Ing sendhang mriku Pradapa lajeng dolanan, sesukan langen lan slulupan sakategipun. Nembe nalika kawontenan sampun ketingal remeng-remeng peteng awit dumuginipun wanci dalu, Ki Sarkara lajeng ngajak Pradapa mentas lan wangsul dhateng griyanipun mBah Tambak malih.

Jebul mBah Tambak sampun dumugi griya malih saking anggenipun pamit medal kala wau. Diyan-diyan ugi sampun sami dipun urupaken. mBah Tambak ketingal nembe njagongi tamunipun, ketingalipun dumugining tamu sareng kalihan wangsulipun mBah Tambak. Tamunipun mBah Tambak ugi sampun sami sepuh kinten-kinten sayuswa kalihan mBah Tambak, wonten kalih cacahipun. Sareng sampun rampung anggenipun nyalini Pradapa, Ki Sarkara lajeng madosi semahipun badhe kapasrahan anakipun jaler. Awit Ki Sarkara badhe ndherek manggihi tamunipun mBah Tambak ingkang nembe lenggah jejagongan ing klasa ingkang dipun gelar ing tengahing jogan.

“Pradapa ayo melu Biyung dhisik, Bapa arep melu nemoni tamune mBah Tambak dhisik” Ki Sarkara wicanten dhateng anakipun jaler, sareng sampun kepanggih Nyai Sarkara ing pawon.

“Oh, sampun wangsul saking sendhang ta Pakmu?” ingkang wangsulan malah Nyai Sarkara “kala wau dening mBah Tambak ndika kadhawuhan ngajak Thole manggihi Ki Jurudah lan Ki Prasanta tamunipun mBah Tambak. Murih Thole kaparingan berkah”.

“Elho? Jebul awakmu mau wis ngerti ta nek mBah Tambak lagi nampa tamu? Sapa tamune kae? Kyai Jurudah karo Kyai Prasanta?” Ki Sarkara nyethakaken menapa ingkang dipun ungelaken semahipun.

“Sampun Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara “lha niki kula nembe ngentosi umubing toya, badhe damel wedang jahe kagem tamunipun mBah Tambak. Inggih, wau mBah Tambak paring dhawuh menawi ingkang nembe rawuh sareng kalihan panjenenganipun menika Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta, ingkang dalemipun ing Ngiyom. Ngiyom niku pundi kula nggih dereng ngertos”.

Ki Sarkara mesem, piyambakipun kemutan menawi nalika mBah Tambak nyariyosaken lelampahaning gesangipun wau, Nyai Sarkara boten mirengaken awit nembe ngancani tilem anakipun jaler. Mila inggih boten mangertos lan boten tepang kalihan asma-asma kados dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta, priyagung kina ingkang samangke dados andel-andel sapukawating nagari ing Kraton Pangayoman. Benten kalihan Ki Sarkara, sanaosa inggih dereng nate wanuh kalihan priyagung kekalih ingkang samangke dados tamunipun mBah Tambak menika, nanging Ki Sarkara sampun nate mireng kaluhuraning asmanipun kados ingkang sampun dipun cariyosaken dening mBah Tambak dhateng piyambakipun.

“O, dadi tamune kae Ki Jurudah karo Ki Prasanta? Ya wis yen pancen mangkono, Thole Pradapa tak ajake mrana murih kaparingan sawab dening Senapatine Kraton Ngiyom kae” Ki Sarkara lajeng nggandheng Pradapa dipun ajak medal saking Pawon, badhe manggihi Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta. Nyai Sarkara, inggih lajeng nutugaken anggenipun ngobori toya ing kendhil, mawi latu blarak ingkang kacarub kalihan kajeng caranging deling ori.

Dumugi jogan panggenanipun mBah Tambak jejagongan, Ki Sarkara tumunten ngajak anakipun jaler sungkem dhateng Ki Jurudah saha Ki Prasanta.

“Sarawuhipun Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta, kula pun Sarkara saha anak kula pun Pradapa ngaturaken kasugengan” aturipun Ki Sarkara sarwi nyungkemi Ki Jurudah lan Ki Prasanta “mugi Kyai Kekalih kepareng nampi pangabekti kula lan pangabektinipun anak kula”.

“Iya, iya Angger Sarkara, aku Jurudah banget nedha nrima dene ndika wis aweh pambage marang aku” wangsulanipun Ki Jurudah “lan kanthi senenging atiku, pangabekti saka ndika apa dene anak ndika wis tak tampa, ora liwat ya pandongaku wae kunjuk mring Hyang Maha Agung muga-muga ndika sakulawarga tansah kaparingan rahayu, begja mulya”.

“Semono uga aku Angger Sarkara” Ki Prasanta numpangi rembag “pangabekti ndika lan anak ndika wis tak tampa, ya pangestuku wae tumuli ndika tampani”.

“Ngaturaken genging panuwun Kyai” wangsulanipun Ki Sarkara, ingkang lajeng mapan lenggah timpuh kanthi sirah tumungkul sasat konjem dhateng siti. Pradapa inggih tiru-tiru kados ingkang dipunlampahi tiyang sepuhipun.

“Ki Sarkara” gentos mBah Tambak ingkang lajeng ngendika “Saiki ndika wis weruh dhewe, wujude Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta sekabat ngiras agul-agule Kanjeng Ratu Setyawati ing Kraton Ngiyom kaya sing wis tau tak critakne marang ndika kae”.

“Inggih mBah Tambak, ngaturaken genging panuwun dene kula lan anak kula Pradapa kaparengaken ndherek jejagongan kalihan mBah Tambak saha Kyai Jurudah miwah Kyai Prasanta” .

“Tenane wae iki mau rak ngene ta Ki Sarkara” mBah Tambak ngendika malih “olehku pamitan arep metu sedhela mau, rak aku banjur menyang Kraton Ngiyom sowan Kanjeng Ratu Setyawati. Lan bareng aku pamitan bali, wong tuwa loro kuwi banjur ngetutne lakuku, mula tekane ing omah kene mau ya bareng”.

“Inggih, mBah Tambak”  Ki Sarkara namung wangsulan kanthi cekak kemawon.

“Pancen bener Ngger” Ki Prasanta numpangi rembagipun mBah Tambak “anane aku karo Kakangku Kyai Jurudah ngetutne lakune mBah Tambak iki mau merga aku rak duwe rasa kuwatir ta Ngger?”.

“Kyai kekalih nguwatosaken kasugenganipun mBah Tambak ing margi?” Ki Sarkara nyuwun pirsa dhateng Ki Prasanta.

“Ora kuwi Ngger” wangsulanipun Ki Prasanta kalihan gumujeng alit “nek perkara keslametan wae, ora ana sing tak kuwatirake lha wong mbah Tambak kuwi kasektene mapan adoh ing sadhuwure kabisanku apa dene kasektene Kakang Jurudah”.

“Lajeng Kyai kekalih nguwatosaken menapa?” Ki Sarkara ketingal dereng mudheng kalihan ingkang dipun ngendikakaken Ki Prasanta.

“mBah Tambak kuwi, ambak-ambak wis tuwa, nanging isih sok seneng menggok Ngger” Ki Prasanta suka wangsulan kalihan mesem “pamite ngono yen arep bali, nanging ya kuwi, neng dalan ya ndadak ngelangne mampir barang. Kaya iki mau, kamangka mBah Tambak ya wis ngerti nek aku karo Kakang Jurudah ngetutne neng mburine, nanging ya panggah wae, wong jenenge mBah Tambak?. Ya mampir dhisik ngendhangi sanakane, mung kaceke ya mung mampir lumrah. Coba saupama aku karo Kakang Jurudah ora melu, tak kira ya banjur nginep, ora tumuli bali……..”.

“nDika kuwi jan ora mesakne marang Ki Sarkara kok Ki” mBah Tambak nyendhu ngendikanipun Kyai Prasanta “cetha nek Ki Sarkara iki tenanan olehe ngrungokne lan nyemak sing ndika kandhakne, lha kok jebule ndika kuwi mung arep moyoki aku wae lho?” .

“Lha aku wedi ndika dhisiki lho mBah Tambak….” Ki Prasanta wangsulan lajeng gumujeng piyambak. Ki Jurudah ugi tumut mesem.

Ki Prasanta nembe kendel anggenipun gumujeng, sareng pirsa Nyai Sarkara murugi papan anggenipun sami jejagongan, kalih nyangga dhulang kangge wadhah Teko sarta cangkir bathok ingkang ketingalipun isi benteran panas, ketingal peganipun taksih kumebul…….

 

Ana candhake.

Kamis, 16 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (057)

57.

Puranta ngguyu bareng krungu olehku aweh wangsulan ngono kuwi. Lagi ngerti yen wong tuwa-tuwa ngene iki ya sok isih seneng guyon barang.  Bareng wis rada sauntara Puranta nuli nutugne olehe crita :

“Jebul boten ngantos sapanginang Jrangkong kala wau dipun adhepi dening Nyai Pandhanwangi sampun ical, kula boten sumerep dhateng pundi purugipun. Namung menawi saking criyosipun Nyai Pandhanwangi, Jrangkong Lopara sampun dipun bucal dhateng papanipun sakawit lan boten badhe saged malih ganggu damel dhateng titah sanesipun”.

“Lha banjur Keris Kyai Pantek?” Aku genti sing takon.

“Dhuwung Kyai Pantek dening Nyai Pandhanwangi inggih lajeng kaparingaken dhateng kula” wangsulane Puranta “nanging sinartan pitutur bilih estunipun Dhuwung Kyai Pantek menika namung saged cocog kalihan Bapa Tambak Kapisan. Boten kalih tiyang sanes kalebet kalihan kula. Pramila Nyai Pandhanwangi lajeng mrayogekaken murih Kyai Pantek menika katitipna kemawon dhateng Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta murih kaaturaken dhateng ingkang kagungan, nenggih Kanjeng Ratu Setyawati ing Kraton Pangayoman”.

“Lha ndika apa ora matur marang Nyai Pandhanwangi yen Kyai Pantek kuwi piyandel Kalurahan Tambak?” Ki Prasanta genti sing takon.

“Sadaya ingkang magepokan kalihan Kalurahan Tambak saha Dhuwung Kyai Pantek kula aturaken Kyai” wangsulane Puranta “Nyai Pandhanwangi malah lajeng paring dhawuh bilih lekas kula masrahaken Kalurahan Tambak dhateng Bebau Sela, menika sampun kaanggep leres. Nyai Pandhanwangi ugi paring kabar malih bilih, sampun pinesthi dening Hyang Widhi menawi mBakyu Tayem menika dados jodhonipun Ki Bebau Sela ingkang setahun malih badhe katetepaken dados Lurah, lan Kalurahan Tambak badhe kasantunan nami dados Kalurahan Tambaksela. Dene kula dening Nyai Pandhanwangi kaprayogekaken murih nusul Bapa Raden Riyasa, ingkang samangke sampun ngagem asma Ki Gedhe Batapawon. Samangke dhumateng Kyai Jurudah tuwin Kyai Prasanta mugi keparenga nampi Kyai Pantek ingkang pranyata kagunganipun Kanjeng Ratu ing Ngiyom menika”.

Puranta banjur nglolos Keris sing mau disengkelit ana lempenge, banjur diulungne marang Ki Jurudah. Ki Jurudah tumuli nampani Keris mau banjur dilebokne menyang waliking klambine.

“Saiki aku tak genti takon marang Nyai Puranta!” kandhane Ki Jurudah sawise nyimpen Kyai Pantek sing mau dipasrahne dening Puranta.

“Inggih Kyai, sumangga kadhawuhna, kula badhe atur wangsulan jumbuh kalihan ingkang kula lampahi tuwin kula ngertosi” wangsulane Sirep.

“Angger Puranta mau nyritakne yen lebar kepethuk karo Nyai Pandhanwangi  kamangka watara luwih sepasar kepungkur Angger Sirep uga katekan Nyai Pandhanwangi, apa sapatemon antarane Nyai Pandhanwangi karo Nyai Puranta iki wis ndika critakne marang kakung ndika, ya Angger Puranta?” Ki Jurudah ngandhakne sing dadi pitakone.

“Nyuwun pangapunten Kyai” wangsulane Sirep alon nanging cetha “suwaunipun sampun wonten kajeng ing manah kula, badhe nyariyosaken sedaya piwucal ingkang kula tampi dhateng Kakang Puranta, nanging kapeksa kula sumenekaken rumiyin, awit nalika kula nyuwun pirsa menapa ingkang sampun kedadosan ing Kalurahan Tambak, Kakang Puranta criyos menawi kula kapurih sabar awit mangkenipun saged tumut mirengaken, bilih sedaya ingkang dumados ing Tambak badhe kacariyosaken ing ngarsanipun mBah Tambak saha ing ngarsanipun Kyai kekalih”.

“Bener mangkono ta Ngger?” Ki Jurudah genti nakoni Puranta.

“Mila leres makaten Kyai” wangsulane Puranta “saestu babar pisan kula boten mangertos menawi Sirep pranyata ugi sampun tepang kalihan Nyai Pandhanwangi”.

“Nanging Angger Sirep rak wis duwe niyat arep nyritakne marang ndika ta Ngger, nek wis tetepungan lan wis nampa wulangan saka Nyai Pandhanwangi” Ki Prasanta gage nyauti apa sing dikandhakne Puranta “nanging ya ana sing olehe tetepungan wis suwe, wong jarene malah wis dadi sanakane, nanging api-api ora tepung lho Ngger……”

“Hayaaah……” aku nugel rembuge Ki Prasanta “olehe guyon mengko wae, iki isih rembugan wigati tak kandhani!” muni ngono aku karo ethok-ethok mecucu marang Ki Prasanta.

Ki Prasanta mung mesem.

Sirep banjur nyritakne marang Puranta yen wis ketekan Nyai Pandhanwangi sarta kaparingan piwulang-piwulang kanggo nggayuh kamulyaning urip wiwit donya nganti delahan.

“Dadi nek nitik sing dicritakne Angger Puranta lan sing wis dicritakne Nyai Sirep  magepokan karo Nyai Pandhanwangi aran wis klop” kandhane Ki Jurudah sabanjure “sesuk utawa kapan dina sing prayoga, ndika sakloron bakal entheng anggon ndika njangkahake sikil tumuju menyang Pratapan Batapawon. Mung siji maneh sing arep tak takokne marang Angger Puranta”.

“Menapa menika Kyai?” Puranta gage wae olehe nyuwun pirsa.

“Yen ora kleru wis kaping pindho iki, ndika nampik kajumengake dadi Lurah” kandhane Ki Jurudah sabanjure “apa mbesuk-mbesuk ndika ora bakal getun utawa keduwung Ngger?. Awit yen nganti keduwung ing wuri, kuwi bakal gedhe rekasaning ati lan murih ora keduwunging wuri, ndika bisa wae saiki bali menyang Tambak karo nggawa Keris Kyai Pantek sing lagi wae ndika pasrahne aku iki mau. Mangka kanthi mangkono ndika ora bakal keduwung ing tembe mburine. Kepiye mungguh panemu ndika Ngger?”.

“Nyuwun pangapunten Kyai” atur wangsulane Puranta “kula menika wiwit alit kawulang dening Biyung saha Bapa, bilih ajining dhiri menika dumunung wonten ing lathi, menawi lathi ingkang kangge muna lan muni boten cundhuk kalihan tumindak, mangka badhe ical ajining dhiri menika. Saasor-asoring drajat menggahing tiyang gesang menika, inggih tiyang ingkang boten netepi menapa ingkang kawiyos dening lathinipun. Kados ingkang sampun kalampahan, sanaosa kula kapaeka dening Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, kula panggah boten nggetuni anggen kula milih masrahaken kalenggahan Lurah dhateng Kangmas Jaswana. Samangke kula sampun masrahaken kalenggahan Lurah dhateng Ki Bau Sela, mangka kula inggih boten badhe nggetuni menapa ingkang sampun kula tetepaken menika. Lan sansaya lila lan legawa manah kula nilar Kalurahan Tambak ingkang sakedhap malih badhe santun dados Tambaksela menika jalaran kula sampun pitados dhateng kasagahanipun Nyai Pandhanwangi dhumateng kula”.

“Nyai Pandhanwangi duwe kesaguhan apa marang ndika Ngger?” Ki Jurudah sumela takon.

“Sanaosa sasampunipun Sipat Kandel Kalurahan Tambak, Kyai Pantek kula aturaken dhateng jengandika Kyai” Puranta aweh wangsulan “nanging kula boten badhe nguwatosaken kawilujenganipun Kalurahan Tambaksela, jalaran Nyai Pandhanwangi paring dhawuh bilih boten badhe negakaken Kalurahan Tambaksela, Nyai Pandhanwangi badhe ndherek rumeksa kawilujenganipun Kalurahan Tambaksela saking sadaya bebaya ingkang ngancam”.

“Yen pancen tekad ndika wis gilig kaya mangkono kuwi mau, aku mung bisa melu nyenyuwun marang pangwasane Gusti muga-muga ndika sakloron tansaha manggya bagyamulya” Ki Jurudah mungkasi kandhane.

“Ngaturaken genging panuwun Kyai” wangsulane Puranta “samangke dhumateng mbah Tambak saha Kyai kekalih kaparenga kula kalih semah kula nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, benjing enjing saderengipun pletheking surya kula kekalih badhe bidhal lumawat dhateng Batapawon, nindakaken dhawuhipun Nyai Pandhanwangi. Sadaya pitulungan ingkang sampun sami jengandika paringaken dhateng kula kekalih, namung Gusti Ingkang Maha Adil ingkang saged paring leliru ingkang satraju, saged kula kalihan semah kula namung ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan”.

“Iya Ki Puranta” aku sing luwih dhisik aweh wangsulan “satemene apa sing wis tak tindakne lan ditindakne dening Ki Jurudah lan Ki Prasanta marang Ki Puranta apa dene Nyai Sirep, kuwi kabeh ora ana lekas jroning atiku lan atine Ki Jurudah lan Ki Prasanta niyat nandur kabecikan, nanging ya mung awit nindakne dhawuh lan darmaning urip sing kudu dilakoni sadhengah titah sing ngrumangsani dititahake dening Gusti Allah. Ora liwat antarane aku lan ndika prayogane padha andum puji, donga dinonga muga-muga Gusti tansah paring kekuwatan marang jiwa ragane awake dhewe kabeh, temah bisa nindakne apa kang didhawuhake sinambi ngenteni tumibane mangsa kala katimbalan bali mara king ngayunaNe, aywa kongsi menggok dalan ninggal dalan kang wis ginarisake”.

Dina esuke, Puranta lan Sirep sida budhal ninggalne papan panggonanku iki. Ki Jurudah lan Ki Prasanta uga banjur pamitan bali menyang Kraton Ngiyom maneh. Aku bali ijen tanpa kanca, rasane banget sepine. Nanging aku ya banjur kelingan nek kuwi wis dadi lakoning uripku sing wajibe iya tak lakoni kanthi sabar lan narima kanthi legawa apa sing wis ginarisake dening Hyang Suksma. Saben dina aku tansah ngulat-ulati kahanan sakiwa tengene papan iki, mbok manawa ana titah sing mbutuhake pitulungan. Wis pirang-pirang titah sing wujud manungsa sing liwat kene banjur mampir menyang omah iki sing entek-entekane sambat njaluk tulung marang aku. Ana sing olehe njaluk tulung merga kesrakat uripe banjur njaluk tulung supaya bisa sugih. Ana sing merga ngawula marang ratu lan njaluk tulung supaya tumuli bisa diasihi dening dhuwurane temah cepet munnggah pangkate. Ana maneh sing olehe njaluk tulung merga wis siwe nggone omah-omah nanging ora tumuli kaparingan momongan lan liya-liyane.

Lan bares wae, marang wong sing njaluk tulung marang aku mau kabeh tak warah yen saremene aku ora bisa aweh pitulung kajaba mung bisa nyenyuwun marang Sing Maha Agung lan tak jaluk supaya wong-wong kuwi uga padha nyenyuwun marang Kang Maha Agung. Nanging eman, meh kabeh padha ora ana sing nggugu karo sing tak kandhakne. Malah akeh sing nganggep yen aku iki bangsa lelembut sing duwe panguwasa bisa gawe abang ijone titah liyane. Lan nalika padha tak kandhani yen panganggep kaya mau ora bener, ora ana sing percaya dikira yen pituturku mau mung kanggo nyoba marang wong-wong mau. Mula aku akeh rumangsa cuwa, nanging gandheng wis dadi lakuku kudu aweh pitulungan marang sok sapa wae sing mbutuhake, aku ya ora arep selak marang kuwajiban iki.

Lan sing ndadekne atiku rada kalipur, durung suwe iki aku ditekani dening Ki Jurudah lan Ki Prasanta maneh. Kekarone nggawa kabar yen anggonku nindakne laku patobatan wis ana thronthong-thronthong padhang yen bakal katon uwohe. Kajaba saka kuwi, Ki Jurudah lan Ki Prasanta uga masrahake Keris Kyai Pantek sing tau dadi Sipat Kandel Kalurahan Tambak sing mbok menawa saiki wis dadi Kalurahan Tambaksela. Ya gene Keris kuwi dipasrahake marang aku? Aku durung diwenangake crita marang sapa wae, kalebu marang ndika Ki Sarkara.

Kajaba oleh dhayoh Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing ninggali Keris Kyai Pantek marang aku. Omah kene uga katekan dhayoh sing sasuwene iki mung tak tepungi jenenge, ya iku Nyai Pandhanwangi . Mesthi wae tekane Nyai Pandhanwangi mengku karep winadi marang aku. Mula aku ya durung wani mblakakne karep winadi kuwi marang sapa-sapa, klebu marang ndika Ki Sarkara lan Nyai Sarkara.

Tak kira wis cukup nggonku nyritakne kabeh lelakon sing tau tak alami wiwit ngabdi marang Rama Tumenggung ing Majapahit, wiwit tanah Jawa kaprentah dening Sinuhun Brawijaya nganti sing ngratoni Tanah Jawa wis bola-bali ganti, lan saiki diratoni Kanjeng Sultan Adiwijaya lan malah miturut kabare mbok bakul sinambiwara wis ana tandha-tandha yen Kraton Pajang sing saiki arep ngalih menyang telenging Alas Mentaok. Saiki genti aku sing arep takon marang ndika, apa ndika gelem blaka marang aku lan aweh wangsulan kang jumbuh karo sing ana jero ati ndika Ki Sarkara?”

mBah Tambak mungkasi anggenipun cariyos lajeng katutup mawi pitakenan dhateng Ki Sarkara inggih tiyang sepuh kula. Ki Sarkara ingkang wiwit mBah Tambak miwiti cariyos, boten sumela atur babar pisan menika, rumaos kaget sareng mBah Tambak dhawuh makaten kala wau.

“Ngaturaken gunging panuwun mBah Tambak” Ki Sarkara lajeng atur wangsulan “manawi jengandika mBah Tambak ngersakaken ndangu lan mundhut pirsa isen-isening manah kula, saestu kanthi suka remening manah badhe kula aturaken sedaya kanthi blaka boten badhe wonten ingkang kula singidaken isen-isening manah kula”.

Mireng wangsulanipun Ki Sarkara ingkang makaten menika, mBah Tambak ketingal bingar polatanipun.

 

Ana candhake

 

Rabu, 15 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (056)


 

56.

Rada sauntara anggone Puranta nata ukara. Aku apa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta uga ora guneman apa-apa, ngenteni anggone Puranta guneman aweh wangsulan marang pitakone Ki Jurudah mau. Nanging Puranta ora enggal-enggal guneman, nganti Ki Prasanta olehe nyruput wedange ambal kaping pindho, meksa Puranta ora tumuli wangsulan. Malah Sirep banjur ngadeg, pamitan arep memburi sedhela. Ora let suwe iya banjur bali maneh karo nggawa rege isine gembili sing mentas dientas saka dandang.

“Mangga Kyai menika gembili nembe kemawon anggen kula ngentas saking dandang” kandhane Sirep karo ngladekne gembili sing ana rege.

“Wah, mathuk banget iki ngger, dhasare mau olehku madhang ora pati tak waregi, lha wong aku ngerti nek ndika mau ngumbahi gembili klangenanku iki” wangsulane Kyai Jurudah sing banjur njupuk gembili sing isih kumebul pegane.

“Inggih Kyai, samangke kaparenga kula nutugaken atur”  Puranta genti sing guneman.

“Iya, iya Ngger tutugna nggon ndika crita, tak rungokne karo mangan gembili sing methur iki” wangsulane Ki Jurudah, aku karo Ki Prasanta ya banjur padha melu-melu njupuk gembili sing ana rege suguhane Sirep kuwi.

“Waunipun kula ewuh oya anggen kula badhe atur wangsulan dhateng mBakyu Tayem, jalaran sanadyan yuswanipun inggih langkung sepuh kula tinimbang mBakyu Tayem, nanging piyambakipun sampun kula dhaku kados dene mBakyu kula piyambak” Puranta nutugne critane “kajawi saking menika, kula ugi sampun prasetya salebeting manah, bilih boten badhe mayuh semah kula pun Sirep. Kula sansaya ngungun lan boten saged nggagas, pranyata para Bebau sami sarujuk kalihan panyuwunipun mBakyu tayem menika”.

“Lha banjur wekasane kepiye Ngger?” Ki Prasanta nyela rembuge Puranta. Selak ora sabar pengin ngerti piye pungkasane crita.

“Wekasan kula manggih pawadan ingkang kula anggep maton” wangsulane Puranta.

“Pawadan kanggo nampik panjaluke Tayem ?” Ki Prasanta takon.

“Inggih Kyai” wangsulane Puranta “kula dereng sagah kakepyakaken nggentosi kalenggahanipun Kangmas Jaswana dados Lurah ing Tambak lan dereng saged nggagas menapa ingkang dados panyuwunipun mBakyu Tayem. Jalaran wekdal menika, kula taksih rumaos dosa dhateng Kalurahan Tambak magepokan kalihan icalipun Kyai Pantek ingkang kula tamakaken dhateng dhadhanipun Kyai Lopara lajeng kabekta mlajar ingkang boten kula sumerepi purugipun”.

“Tak kira kuwi pawadan sing kurang maton Ki Puranta” aku genti sing nyelani crita “jalaran sawayah-wayah Kyai Pantek bisa ketemu, ndika rak ya kudu netepi apa sing dadi panyuwune Para Bebau supaya gelem dadi Lurah ing Tambak lan netepi prasetyane Ki Lurah Jaswana marang Tayem. Lan saupama Kyai Pantek sing ilang katut ing dhadhane Lopara kuwi sida ora ketemu, apa ya klakon Tambak ora ana sing nglurahi?”.

“Inggih mBah Tambak” Puranta wangsulan karo nutugne olehe crita “miturut pamanggihing nalar kula miwah nalaripun para Bebau saha Para Jagabaya tuwin Para Sapukawating Kalurahan, mesthinipun Kyai Lopara sampun dumugining pejah jalaran kajawi sampun ketaman Kyai Pantek, saderengipun ugi sampun nandhang tatu awrat kababit Golok dening Ki Lurah. Dados mesthinipun Kyai Lopara boten badhe kiyat mlajar tebih saha pejah ing sakanan keringipun pekaranganing griya kula. Pramila Para Bebau, Para Jagabaya lan Para sapukawating Kalurahan lajeng sami ngubres papan ing sakanan keringipun pekarangan griya kula, kabiyantu dening warga lan kawula ing Tambak. Saprelu madosi layonipun Kyai Lopara, ingkang katengaran bilih Kyai Pantek taksih angrem ing jajanipun Kyai Lopara”.

“Banjur layone Kyai Lopara bisa ditemokne apa ora Ngger?” Ki Prasanta nyela takon, merga Puranta leren olehe crita, nyruput wedange kanggo nelesi gorokane sing wiwit garing.

“Boten Kyai” wangsulane Puranta banjur disambung karo nutugne crita “sareng sampun tigang dinten ngubres Kalurahan Tambak nanging Kyai Pantek panggah boten saged kapanggihaken. Kula lajeng criyos dhateng para Bebau saha Para Jagabaya tuwin Para Sapukawating Kalurahan, bilih badhe kesah madosi Kyai Pantek mawi cara kados nalika kula madosi Kyai Pantek jaman ical saking Plangkan rumiyin. Dene kuwajiban minangka sulihing Ki Lurah, prayogi katetepna salah satunggal saking Para Bebau dados sulihipun Ki Lurah, jalaran Pangarsaning Para Bebau ingkang nate kapiji dening Ki Lurah Tambak Kapindho, inggih Ki Bau Kidul ugi sampun pejah sampyuh kalihan Ki Puludan saha kadenangan sampun tumindak nistha ambalela dhateng Paugeraning Kalurahan Tambak. Suwaunipun Para Bebau sampun sarujuk amiji Paman Jaladri inggih Bebau Tengah angesuhi Para Bebau lan mangreh Para Jagabaya sarta Sapukawating Kalurahan sedaya, jumbuh kalihan piwucaling angger-angger paugeran Kalurahan Tambak. Nanging gandheng Paman Jaladri ngrumaosi sampun lungse ing yuswa, Ki Bebau Tengah lajeng amiji Ki Bau Sela dados suhing para Bebau, dene Ki Bau Tengah badhe jejer minangka Parampara. Para Bebau sadaya inggih sampun sami anyarujuki. Dados samangke Punjering Parentah ing Tambak Kaasta dening Ki Bebau Sela”.

“Banjur Nyai Lurah utawa Nyai Tayem banjur kepiye?” Ki Prasanta takon.

“Ya ora piye-piye ta Ki Prasanta” aku nyaut karo rada ngguyu “kajaba nek ndika isih kepengin duwe kanca omong-omongan nalikane arep mapan sare, mengko ben Ki Puranta nembungne pepenginan ndika marang Nyai Tayem, mbok menawa wae Nyai Tayem gelem diboyong menyang Ngiyom”.

Krungu omonganku ngono kuwi, wong sak pajagongan padha ngguyu kabeh, kajaba mung Ki Prasanta dhewe sing banjur kresah-kresuh.

“Sak jane ndika kuwi omong saomong nek ora nyerikne atiku apa ora bisa ta mBah Tambak? Omongan tenanan kok dicampur karo guyonan!” kresah-kresuhe Ki Prasanta diunekne karo menthelengi aku.

“Lho aku iki mau mung mangsuli pitakon ndika lho Ki?” aku mesem amba “wong aku ya mung mernahne, mbok menawa nek ndika ngersakne omah-omah karo Nyai Tayem? Nek ora ya uwis, aja nesu, njur ngarani kancane nyerikne atine barang”.

“Kanthi dereng wontenipun Lurah ingkang enggal” Puranta guneman ngiras misah nggonku udur karo Ki Prasanta “mBakyu Tayem inggih panggah dados Nyai Lurah, Kyai. Langkung-langkung wekdal menika Ki Bebau Sela ugi nembe piyambakan, Nyai Bau Sela sampun nem wulan anggenipun seda. Saupami Ki Bau Sela taksih gadhah semah, inggih semahipun mawi sebatan Nyai Bebau dede Nyai Lurah. Lan sanaosa sebatanipun mBakyu Tayem menika Nyai Lurah, nanging inggih boten gadhah panguwaos menapa-menapa jalaran Paugeraning Kalurahan Tambak boten maringi kuwaos menapa-menapa dhateng semahipun Lurah lan semahipun para Pamong sanesipun”.

“Lha saupama anggon ndika nggoleki ilange Kyai Pantek kuwi ora ana asile banjur kepriye pranatan ing Kalurahan Tambak, Ngger?” Ki Jurudah banjur takon.

“Kula ugi sampun gadhah pamanggih ingkang ugi sampun dipun sarujuki dening Para Bebau lan Para Jagabaya tuwin Para Sapukawating Kalurahan” wangsulane Puranta.

“Panemu sing kepiye kuwi Ki Puranta?” aku genti sing takon.

“Manawi ngantos kalih welas purnama kula dereng wangsul mbeta Kyai Pantek dhateng  Kalurahan Tambak, mangka Ki Bebau Sela saged katetepaken minangka Lurah enggal. Lan menawi mBakyu Tayem taksih angekahi prasetyanipun sawargi Kangmas Jaswana, murih piyambakipun panggah dados Nyai Lurah inggih kedah dados semahipun Ki Bebau Sela” wangsulane Puranta.

“Nanging yen tak gagas tenanan” Ki Jurudah guneman maneh “wektu iki Angger Puranta isih duwe sesanggeman sing durung rampung, ya kuwi nemokne Kyai Pantek iya ta? Banjur bakal menyang ngendi maneh anggon ndika bakal nggoleki Kyai Pantek sing ilang katut ing dhadhane Kyai Lopara kuwi. Kamangka cetha nek Lopara ora nganti tekan kene nggone mlayu sawuse nandhang tatu merga kena goloke Ki Lurah banjur ndika tambahi karo nyudukne Kyai Pantek ing dhadhane kuwi?”.

“Atur uninga malih Kyai” Puranta katon padhang praupane “estunipun nalika kula bidhal mriki kala wingi menika, ing margi kula kanthi boten kanyana-nyana kepanggih kalihan Kyai Pantek”.

“Elho? Dadi ndika wis nemokne Kyai Pantek?” Ki Jurudah katon nek kaget, aku lan Ki Prasanta uga melu kaget krungu sing dikandhakne Puranta iki mau.

“Wonten cariyosipun Kyai” Puranta wangsulan maneh “anggen kula bidhal saking Kalurahan Tambak kala wingi menika wancinipun sampun radi sonten, nyaketi wanci seraping surya. Lha sareng kula medal saking padhusunan, dumadakan saking salah satunggaling gegrumbulan kula mireng suwanten sambat ngrerintih. Awit rumaos mesakaken lan boten tega manah kula, suwanten menika lajeng kula caketi. Jebul ing sangandhaping Kajeng ageng inggih Wit Kepuh, kula sumerep, nuwun sewu, wewujudan jrangkong ingkang semendhe dhateng wit Kepuh kala wau kalih nangis ngrerintih sambat nyuwun dipun sampurnakaken pejahipun. Adrenging manah, kula kepengin sanget saged ngruwat wewujudan Jrangkong ingkang kantun balung kemawon menika, nanging kula boten mangertos caranipun. Kula lajeng njegreg sarwi ngulati Jrangkong kala wau. Dumadakan Jrangkong kasebat wicanten, ngaken bilih piyambakipun menika estunipun Kyai Lopara, dados Jrangkong kados makaten awit kobong dening Dhuwung Kyai Pantek ingkang kula tamakaken ing dhadhanipun. Lajeng Kyai Lopara ingkang sampun dados Jrangkong menika nedhi tulung dhateng kula murih mendhet Kyai Pantek saking raganipun, samangke Kyai Pantek mapan ing sawingkinging balung iga. Kyai Lopara lajeng kula caketi, kula tingali, mila saestu Kyai Pantek wonten ing sawingkinging balung iga. Kula lajeng mikir pados cara murih kula saged mendhet Kyai Pantek menika tanpa ngrisak bebalung ingkang anutupi.  Dumadakan boten kula sumerepi kawitanipun, Jrangkong ingkang kala wau semendhe Wit Kepuh, saged mlampah majeng nyaketi kula, tanganipun ingkang namung wujud balung kumrembyah badhe nyakar praupan kula. Kula kaget lajeng mencolot mundur. Kula ugi lajeng kemutan, nalika kula kadhawahan aji Paser Angin dening Kyai Lopara nalika kula rampung asung pitulungan dhateng Kyai Lopara kala samanten. Awit saking menika kula nunten gadhah tekad badhe lumawan Jrangkong kasebat ngiras pantes mendhet Kyai Pantek ingkang mapan ing wingkinging balung iganipun jrangkong menika”.

“Banjur ndika perang tandhing mungsuh Jrangkonge Lopara kuwi mau, Ki Puranta?” nalika Puranta mandheg olehe crita merga nyruput wedange kanggo nelesi gurung, aku sumela takon.

“Boten mBah Tambak” wangsulane Puranta sabanjure “awit dumadakan ing ngajeng kula ngertos-ngertos sampun wonten satunggaling pawestri ingkang ngadeg ngadhang kula, tiyang estri menika sakalangkung ing sulistyanipun abusana sarwa ijem, wiwit suku ngantos mustaka katutupan sutra ijem, temah ingkang katingal namung winates ing pasuryanipun kemawon. Pawestri menika ngaken menawi sanakanipun mBah Tambak, inggih Raden Bagus Suwanda, ugi paring pirsa dhateng kula menawi Jrangkong menika wujud sejatosipun Kyai Lopara, awit estunipun Kyai Lopara menika bangsa lelembat ingkang dhemen ganggu damel dhateng manungsa, suwaunipun taksih saged memba manungsa nanging samangke sampun boten saged jalaran ketaman Kyai Pantek. Kula lajeng kadhawuhan mundur, awit piyambakipun ingkang badhe ngrampungi Jrangkong Lopara menika”.

“Lha Wong wadon sing ayu kuwi mau ngaku nek sanakane mBah Tambak, banjur jenenge sapa Ngger?” dumadakan Ki Prsanta nyela rembug.

“Inggih Kyai, asmanipun Nyai Pandhanwangi” wangsulane Puranta.

Dumadakan Ki Prasanta ngguyu banter, ndadekne aku kaget, Puranta lan Sirep uga banjur katon yen gumun, ngerti Ki Prasanta sing dumadakan ngguyu kepingkel-pingkel ngono kuwi.

“Saiki wis cetha…….” kandhane Ki Prasanta ing sela-sela guyune.

“Cetha kados pundi Kyai?” Puranta takon “anggen kula criyos dereng rampung”.

“Iya mengko enggal ndika rampungne Ngger” Ki Prasanta aweh wangsulan “sing tak kandhakne cetha kuwi jebul ing Sendhang kene ana iwak urang sing ora duwe buntut, ana gaplek dikum neng kolah”.

“Menapa menika werdinipun Kyai?” Puranta katon yen bingung.

“Ora sah ndika rungokne kandhane Ki Prasanta kuwi Ki Puranta” aku sing nyaut rembug karo mesem “kuwi mau Ki Prasanta rak arep mbales marang aku?, nanging aku ora serik kok!. Iwak urang ora duwe buntut kuwi karepe Wong wis Gerang ora duwe sebut, gaplek dikum neng kolah kuwi karepe wong wis tuwek isih kakehan polah……….”.

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (055)


 

55.

       Jebul Ki Jurudah lan Ki Prasanta mung ngandhani supaya aku luwih nggedhekne nggonku duwe rasa pasrah lan sumarah marang Purbaning Allah. Dene lantarane ya kuwi kanthi sarana nggedhekna rasa tresna marang sapepadhaning titah, rumangsa duwe kuwajiban rumeksa katentremaning jagad sarta ngreksa apa wae kang dititahake dening Gusti kanggo nyukupi kabutuhaning manungsa aja nganti ana sing ngrusak. Yen kuwi kabeh wis tak tindakne kanthi becik mangka aku bakal dikeparengake ndherek suwita marang Sang Prabu Brawijaya sing saiki mapan ana ing Gunung Lawu kanthi asma Kanjeng Sunan Lawu. Aku ngrumangsani ringkihe ragaku, uga ringkihe jiwaku mula aku banjur kandha marang Ki Jurudah.

“Dhawuh ndika kuwi gampang diucapne Ki Jurudah, nanging angel olehe nindakne” mangkono nggonku guneman .

“mBah Tambak aja kleru” sing semuar dudu Ki Jurudah nanging malah Ki Prasanta “sing dikandhakne Kakang Jurudah mau dudu saka Kakang Jurudah utawa saka aku dhewe, nanging kuwi dhawuh saka Kanjeng Ratu Setyawati. Isine dhawuh ya padha karo dhawuh sing diparingake marang aku karo Kakang Jurudah. Mung bedane yen dhawuh kanggo ndika winatesan wujud bisa ngabdi lan suwita marang Kanjeng Sinuhun, yen dhawuh kanggo aku lan Kakang Jurudah  winatesan nganti aku lan Kakang Jurudah ora suwita maneh marang Kanjeng Ratu ing Ngiyom”.

“Tak tambahi nggonku kandha ya mBah Tambak?” Ki Jurudah nambahi kandhane karo suwara sing sareh “wiwitane nalika aku nampa dhawuh kaya sing tak kandhakne marang ndika iki mau, aku rumangsa kabotan jalaran aku ngrumangsani yen aku iki mung titah lumrah kang daya panguwasane banget winates, luwih-luwih aku uga isih kanggonan nafsu patang prakara lan kekarepan kanggo aku dhewe, yen aku kasampiran kuwajiban ngreksa murih jagad tansah tentrem, murih kabeh kang tinitahake Gusti kanggo nyukupi kabutuhaning manungsa ora rusak, mangka tangeh bisane kasembadan, jalaran sing bakal tak adhepi kuwi uga titahing Gusti sing nduweni daya kaluwihan sing mbok menawa akeh sing luwih dhuwur lan luwih gedhe tinimbang daya kaluwihan sing tak gadhuh”.

“Iya Ki Jurudah” aku nugel rembug “mula aku kandha kaya ing ngarep mau, ya mangkono kuwi sing ngiseni pamikirku. Banjur kepiye?”.

“Bareng aku matur Kanjeng Ratu bab winatese kekuwatan lan daya kaluwihanku ngono kuwi mau, Kanjeng Ratu banjur dhawuh kuwajiban kuwi wajibe ya dilakoni kanthi sakuwasane jumbuh karo kekuwataning jiwa lan ragane. Dhawuh sing tak tampa sing banjur uga ndika tampa iki isine prentah nindakne dhawuh mau, ora diprentah kudu kasile. Gampangane wae ngene, upama aku lan ndika iku ngibarate Prajurit kaprentah maju perang, kudu wani lan gelem tumandang lan mbudidaya murih bisa menang, nanging yen kapeksane awake dhewe gugur ing madyaning palagan ora bakal ana sing ngluputake. Beda yen prajurit mau kadhawuhan perang malah banjur mopo, ora gelem budhal menyang rananggana, kuwi jenenge prajurit sing gelem mangan blanja nanging wegah rekasa. Kuwi luput gedhe. Luwih gedhe dosane yen ana prajurit gelem budhal menyang palagan kanthi sangu tekad bakal teluk lan pasrah bongkokan marang mungsuhe mung murih ora kelangan uripe, prajurit kang mangkono mau wis tumindak dosa sing gedhe banget, merga kajaba wis nyidrani kasetyan marang Ratu Gustine, uga wis nglalekne marang Gusti Sing Maha Urip Ya iku Dzat Kang Wenang murba pati lan uripe titah. Tak kira kanthi katrangan sing cekak iki, ndika wis uninga werdining dhawuh sing ndika tampa lumantar aku lan adhi Prasanta iki” Ki Jurudah nyethakne werdining dhawuh sing kudu tak tindakne.

Aku bisa nampa kanthi cetha, lan aku uga kelingan nalika isih nom biyen, Rama Tumenggung kerep paring pitutur yen wajibe kadang tani kuwi nandur lan mbudidaya murih sing ditandur bisa ngasilake woh sing murakabi kanggo dheweke lan kulawargane munggahe kanggo wong ing sakiwa tengene. Nanging kadang tani kudu ngerti yen sing arane Pesthi, kuwi ana astaNe Gusti. Lan Pesthi kuwi ana loro cacahe, sing siji pesthi sing kasat mripat lan bisa diwaca mawa nalar lan ana maneh pesthi sing ora kasat mripat ora bisa diwaca mawa nalar lan mung ati kang suci sing bisa mangerteni lamun tumibane pesthi kuwi kabeh merga saking gedhening sih-E Gusti marang titahE.

Nganti pirang-pirang dina Ki Jurudah lan Ki Prasanta anggone aweh pitutur marang aku murih pintering atiku. Dudu pitutur sing mung bisa minterake nalarku wae. Nganti tekan sawijining sore, ya iku pas pitung dina saka anane kedadeyan ing Kalurahan Tambak. Puranta teka ing papan panggonanku kene maneh. Kanthi sengaja, Ki Jurudah lan Ki Prasanta mrayogakake Puranta ketemu karo sisihane luwih dhisik.

“Sesuk-sesuk wae ndika critakne kabeh kedadean sing ana Kalurahan Tambak sawuse aku lan mBah Tambak sarta Adhi Prasanta bali mrene” kandhane Ki Jurudah nalika Puranta arep ngandhakne apa-apa kang wus dumadi ing Kalurahan Tambak “saiki prayoga ndika leren dhisik ing palereman ndika lan Nyai Puranta kana”.

“Inggih Kyai, boten langkung ngestokaken dhawuh” wangsulane Puranta sing banjur ninggalake aku wong telu sing lagi jagongan ana jogan sing digelari klasa.

“Tumrap manungsa lumrah sing isih kaya Puranta kuwi, sapatemon mirunggan wong loro karo rabine kuwi mujudake kuwajiban kang ora kena dilirwakne mBah Tambak” kandhane Ki Prasanta marang aku sawuse Puranta ngalih memburi arep nusul sisihane sing lagi leren ana paleremane.

“Iya Ki Prasanta” wangsulanku karo mesem “sanadyan aku durung tau ngalami aku ya wis ngerti ing babagan kuwi”.

Let telung dina sawise Puranta tekan omahku, nuju sabubare mangan sore, nalika Sirep nglorodi cething lan cowek wadhah panganan saka jogan arep digawa menyang pawon saperlu diisahi, Ki Jurudah kandha :

“Nyai Puranta mengko yen anggon ndika korah-korah wis rampung, aku karo mBah Tambak lan Ki Prasanta kepengin rembugan sethithik karo nDika lan Angger Puranta”.

“Inggih Kyai” wangsulane Sirep.

Puranta sajake tanggap, mula murih enggal rampung gaweyane Sirep, Puranta banjur menyat nututi sisihane arep ngrewangi anggone arep tandang gawe. Ora nganti suwe, wong loro lanang wadon kuwi wis bali menyang jogan maneh, nusul aku wong telu sing lagi padha jagongan. Puranta nyangga dhulang isi cangkir-cangkir saka bathok klapa, mbuh apa isine katone banyune panas sing isih kumebul pegane. Sirep nggawa tompo sing isine kacang godhogan.

Sawise rampung nggone ngladekne godhogan banyu jahe sing dicarupi karo gula aren, Puranta banjur mapan sila, Sirep lungguh timpuh ana sisihe. Wong loro kuwi ngenteni Ki Jurudah sing mau kandha arep ngajak rembugan sethithik.

“Yen aku nyawang pasuryane Angger Puranta nalika teka saka Tambak wingi kae” sawise nyruput wedang jahe sing neng cangkire Ki Jurudah miwiti guneman “sajake kahanan ing Tambak wis ora ana sing nguwatirake maneh. Lire kahanan wis bali tentrem kaya sadurunge, apa ya bener mangkono Angger Puranta?”.

“Kasinggihan Kyai” wangsulane Puranta alon nanging cetha “awit saking pangestunipun para sepuh sedaya, samangke kawontenan ing Tambaksela sampun wangsul tentrem malih, sanaosa sisa-sisaning raos dhuh kita taksih dereng ical saking salebeting manah”.

“Mengko dhisik, sing tak karepake kuwi mau kahanan ing Kalurahan Tambak” Ki Jurudah guneman maneh “nanging iki mau sing dikandhakne Angger Puranta, kok Tambaksela? Lan yen ta rasa dhuhkita kuwi isih nabet ing atine para kulawargane Sapukawating Kalurahan kang kapeksa gugur dadi sawur tawuring Kalurahan Tambak, kuwi aran wis lumrah. Mengko kagawa karo lakuning wektu suwe-suwe ya bakal ilang dhewe”.

“Makaten Kyai” Puranta aweh wangsulan “estunipun wiwit kula njangkahaken suku nilar bumi kelahiran kula ingkang kaping kalihipun menika, Kalurahan Tambak kenging kawastanan sampun boten wonten lan santun dados Padhukuhan Tambaksela”.

“Kok bisa mangkono cethane piye Ngger?” Ki Prasanta melu takon. Sauntara aku mung meneng ngrungokne wae.

“Mugi kauningan Kyai saha mBah Tambak” Puranta mangsuli pitakon saka Ki Prasanta “sajengkar jengandika tetiga saking griya kula kala wingi menika, watawis sapanginang malih, Ki Lurah Tambak Kapindho inggih Kangmas Jakasuwana utawi Kangmas Jaswana, katimbalan wangsul marak ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Asih…….”.

“Ki Lurah seda?” ora sranta aku nugel rembug, takon.

“Inggih leres mBah Tambak” wangsulane Puranta “kula kinten jengandika tetiga langkung pana menawi tatu ing salebeting dhadhanipun Ki Lurah ingkang kadhawahan aji Paser Anginipun Kyai Lopara kala wingi mila sampun boten saged kausadani malih. Menawi taksih saged kausadani tartamtu jengandika tetiga boten daya-daya kundur nilar griya kula”.

“Iya, iya Ngger” Ki Jurudah wangsulan sareh “sabanjure kepiye?”.

“Dinten enjingipun sasampunipun layon kapetak ing pasareyan boten tebih saking Dalem Kalurahan, inggih kempal tunggil sapapan kalihan pametaking layonipun Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot tuwin para Sapukawating Kalurahan ingkang gugur” Puranta nutugne critane “Para Bebau lan Para Jagabaya miwah Para Sapukawating Kalurahan sami mlempak ing Griya kula malih. Tiyang-tiyang kasebat sami anggenipun nggadhahi pamanggih gandheng Ki Lurah sampun seda lan boten kagungan putra, Pramila lajeng sami nyuwun murih kula ingkang gumantos madeg Lurah ing Tambak, nggentosi kalenggahanipun Ki Lurah Jakasuwana…….”.

“Kuwi wis bener” aku nyela rembug mbenerake para Bebau lan Jagabaya sarta Sapukawating Kalurahan sing dicritakne Puranta kuwi.

“Ingkang kepireng radi lucu malih” Puranta nutugne anggone guneman lan ora pati nyenggol karo sing tak kandhakne “nalika samanten mBakyu Tayem, inggih Nyai Lurah ingkang ugi tumut dugi ing griya kula sareng kalihan tiyang-tiyang niku wau, dumadakan gadhah panembung ingkang aneh dhateng kula”.

“Aneh kepiye Ngger?” Ki Jurudah genti takon.

“mBakyu Tayem ingkang katilar seda dening Kangmas Jaswana rumaos sampun kecalan Pangayoman. Kamangka miturut mBakyu Tayem, nalika purun kapundhut garwa dening Kangmas Jaswana kala rumiyin, Kangmas Jaswana nate janji bilih badhe njumenengaken mBakyu Tayem dados Nyai Lurah kangge salamining gesangipun. Nanging sasampunipun kasembadan dados Nyai Lurah, samangke Ki Lurah langkung rumiyin seda. Pramila mBakyu Tayem lajeng nyuwun murih anggen kula kakepyakaken dados Lurah enggal ing Tambak, ngentosi telasing wekdal ngidahipun mBakyu Tayem rumiyin utawi sekawan purnama malih. Awit mBakyu Tayem kepengin sanget anetepi kesagahanipun Kangmas Jaswana, inggih menika ndadosaken mBakyu Tayem Nyai Lurah kangge salamining gesangipun, mangke saderengipun kula kakepyakaken minangka Lurah Tambak supados langkung rumiyin anggarwa mBakyu Tayem. Kanthi makaten panggah mBakyu Tayem dados Nyai Lurah sanaosa kedah mawi sebatan Nyai Lurah ingkang angka kalih”.

Ki Jurudah mesem ngempet guyu krungu critane Puranta sing keri dhewe iki. Ki Prasanta malah ora bisa ngempet, banjur gumuyu kekelen padha karo aku. Aku banjur kelingan nek Nyai Lurah kuwi rak isih ponakane Bebau Kidul sing lagi wae mati, isih putune Butulan. Dadi ya aran lumrah nek duwe panjaluk kaya sing dikandhakne Puranta iki mau. Tak sawang Sirep ora owah babar pisan praupane, ora kaya lumrahe wong wadon yen kakunge ana tandha-tandha arep rabi maneh, embuh wis dikandhani apa dening Puranta. Aku ora ngerti.

“Iya banjur wekasane kepiye Ngger?” Ki Jurudah banjur nakoni Puranta maneh sawuse olehku ngguyu karo olehe ngguyu Ki Prasanta wis ora keprungu maneh.

Puranta katon njengkerutne bathuke, wangune lagi nata ukara kanggo aweh wangsulan marang pitakone Ki Jurudah sing keri dhewe iki.

 

Ana candhake

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...