Total Tayangan Halaman

Jumat, 24 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (063)


 

63.

Ki Sarkara namung kendel mirengaken kemawon menapa ingkang dipun ucapaken dening Nyai Sapaetun. Namung salebeting manah lajeng nggagas menawi Nyai Sapaetun menika nyata wanita ingkang boten trimah namung jejer minangka kanca wingking kemawon, liripun menawi kala wau Nyai Sapaetun criyos bilih kakungipun ingkang samangke kecanthol kalihan warandha ing Dhukuh Kepuhsluku menika boten remen ulah tetanen awit langkung remen nandangi padamelan minangka tukang kajeng saha undhagi, mangka saged dipun pesthekaken bilih kangge nandangi pakaryan nggarap pategilan saha ngopeni rajakaya ingkang samanten kathahipun menika dados tanggel jawabipun Nyai Sapaetun piyambak. mBok menawi kemawon, bandha donya wujud pategilan lan raja kaya menika rumiyin warisan saking tiyang sepuhipun Nyai Sapaetun dede bandha asil gana-gini saking anggenipun sampun emah-emah.

“Kula kinten Ki Sarkara” Nyai Sapaetun nglajengaken anggenipun wicanten “menawi ndika ngersakaken papan kangge manggen kalihan keng rayi saha keng putra, griya joglo ingkang kula aturaken kala wau kaliwat turah menawi dipun panggeni ndika sakulawarga. Manawi ndika ngersakaken ngambali padamelan kala rumiyin inggih menika nglampahaken dol tinumbas raja kaya, kanthi ngelong sakedhik saking asiling pategilan utawi mendhet raja kaya ingkang sampun cemawis wonten ing kandhang sepinten ingkang dipun kersakaken, kula kinten saged kenging damel pawitan nyambut damel. Dene menawi ndika ngersakaken santun panggaotan, lajeng nindakaken ulah tetanen pategilan ingkang jembaripun langkung saking sekawan bahu kawewahan rajakaya ingkang wonten kandhang menika kula kinten inggih saged kaginakaken minangka sanguning ulah tetanen ingkang langkung cekap. Saestu Ki Sarkara, menawi ndika kersa sadaya ingkang dados gadhahan kula menika badhe kula pasrahaken dhateng ndika, panyuwun kula namung setunggal inggih menika kula namung kepengin ndherek momong ingkang putra saha angrencangi keng rayi lelados dhateng ndika Ki Sarkara”.

Kados ing alam impen kemawon raosing manahipun Ki Sarkara mireng wicantenipun Nyai Sapaetun ingkang kados makaten menika. Awit angel dipun pikir mawi nalar menawi dumadakan piyambakipun kepanggih kalihan satunggaling pawestri ingkang kados makaten saenipun. Badhe kasukanan bandha donya ingkang samanten kathahipun kathik piyambakipun namung katedhi purun dipun ladosi dening wanita ingkang kasulistyanipun kados widadari ngejawantah. Mawi tetimbanganing nalar limrah, saged ngrabi tiyang ingkang ayunipun kados Sapaetun makaten menika kemawon kedah mawi pangurbanan ingkang boten alit. Mawi pitukon ingkang sakalangkung awis. Nanging dalu menika malah dhawah kuwalik, sampun dipun tawani ngrabi Sapaetun kanthi lelahanan, kathik taksih badhe dipun pasrahi bandha donya ingkang boten kantenan kathahipun, tur malih Sapaetun boten gadhah lekas kepengin misahaken antawisipun Ki Sarkara kalihan Nyai Sarkara saha yoganipun nenggih Pradapa, Sapaetun namung kepengin kawengku minangka semah ingkang angka kalih kemawon. Namung tiyang ingkang boten sumerep legining gendhis kemawon ingkang boten kasengsem dhateng menapa ingkang dipun tawakaken Nyai Sapaetun ingkang makaten menika. Nanging menapa estu makaten?.

Lamat-lamat kapireng ing angen-angenipun Ki Sarkara, pitutur ingkang asring kocap ing sela-selaning cariyosipun mBah Tambak ingkang asring dipun mirengaken :

“Aja seneng melik barang kang melok banjur kesusu selak muluk, awit kang mangkono mau bisa ndadekne keselak-selak sing kurang-kurang bejane bisa ndadekne cilaka lan wirange raga”.

Ugi kapireng malih pitutur ingkang nate kapireng saking tiyang sepuhipun nalika jaman rumiyin piyambakipun badhe nyambut damel dol tinumbas raja kaya :

“Yen pancen kowe kepengin nindakne laku bebakulan, kowe kudu ngati-ati thole. Awit kowe bakal weruh barang sing bisa gawe balerenge mripat merga mencorot sunare, barang sing katon endah lan ndhemenake nanging sejatine kuwi mung becik yen disawang karo mripat sing merem wae. Weruha dalan patine laron Thole, merga kasengsem marang sunaring diyan, laron mati mrothol lare kena genining diyan. Akeh iwak sing padha  mlebu wuwu awit sajroning wuwu katon akeh panganan sing nengsemake. Aja mbok kira yen ana ula sing endah warnaning pakulitane kae becik yen kanggo rerengganing raga, awit ing walike kulit sing endah manekawarna kae ana wisa sing bisa nekakne bilahi tumrap sing kena”.

Lan Ki Sarkara lajeng sakalangkung njegreg malih nalika emut wangsulan ingkang dipun tampi nalika rumiyin nembung Satiti dhateng tiyang sepuhipun badhe dipun rabi, :

“Ngger Satiti kuwi anakku sing banget tak tresnani, selawase aku ora bakal rila yen nganti Satiti dilarani sapa wae, iya dilarani ragane luwih-luwih dilarani atine. Yen kowe nembung arep ngajak Satiti dadi sisihane uripmu, aku bisa ngidini lamun kowe gelem prasetya ora bakal gawe laraning atine anakku Satiti. Wektu iki kowe tresna marang Satiti lan Satiti uga tresna karo kowe, panjalukku aja nganti tresna iki ana sing nyidrani. Aku wong tuwa mung bisa kandha lan nyenyuwun marang Sing Maha Kuwasa,  sapa sing panggah setya marang tresnane nganti jaman apa wae muga jinangkunga uripe dening Hyang Agung temah tansah rahayu kang tinemu, lan sapa sing miwiti nyidrani tresna ing kono margane cilaka”.

Wasana Ki Sarkara lajeng namung tumungkul boten tumunten suka wangsulan dhateng Nyai Sapaetun, nalaripun Ki Sarkara boten kendel-kendel anggenipun meper gumronjaling manah ingkang kelajeng sengsem mireng menapa ingkang dipun ucapaken dening Sapaetun.

“Kados pundi Ki Sarkara?” sareng ngantos dangu Ki Sarkara namung kendel, Sapaetun lajeng pitaken “menapa Ki Sarkara saged nampi bilih pepanggihan antawisipun ndika lan kula dalu menika mila sampun jodho? Sampun was lan sampun mamang ing penggalih Ki, menapa ingkang kula aturaken sedaya kala wau estu mijil saking prenthuling manah kula ingkang suci. Prasetyaning manah kula, menawi ndika kersa kula suwitani, kula badhe ndhaken keng rayi kados sedherek kula estri ingkang kepanggih sepuh saha badhe andhaken ingkang putra kados dene anak kula piyambak. Dados kula inggih boten namung ngalap sih tresna ndika kemawon, nanging kula inggih purun anresnani keng rayi saha keng putra kanthi tulusing manah”.

“Nyuwun pangapunten Nyai” wasana kanthi ngatos-atos Ki Sarkara suka wangsulan “kaparenga kula mblakakaken raosing manah kula dhateng ndika Nyai Sapaetun. Saestu begja kemayangan tumrap kula dene dalu menika saged tetepangan kalihan ndika, wanita ingkang tuhu sulistya ing warna saha sulistya ing salebeting batin. Kula ugi ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan awit kawigatosan ndika dhumateng kula, tiyang klambrangan ingkang boten cetha badhe dados menapa menika, langkung nedha nrima malih nalika ndika kanthi manah ingkang suci sampun rila legawa badhe paring pitulungan dhateng kula, badhe asung papan lan pawitan kangge nglajengaken gesang kalihan anak lan semah kula, malah ingkang sakalangkung ageng malih ndika kepareng badhe paring lelados dhateng kula minangka maruning semah kula. Kula kinten namung tiyang ingkang tuna ing pangrasa menawi ngantos anampik menapa ingkang badhe ndika paringaken menika. Nanging kapeksa kula nyuwun genging pangaksami Nyai, kula pun Sarkara priya ringkih lahir batinipun menika boten kuwawa nampi agenging sih ingkang ndika paringaken menika. Menawi Nyai Sapaetun kapareng mundhut pitulungan dhateng kula murih saged manunggal malih kalihan ingkang raka ingkang samangke nembe kenging godha, saestu kula sagah lan pamundhut ndika badhe kula lampahi tanpa ngangge prabeya menapa-menapa. Utawi menawi Nyai ngersakaken pados gantosipun keng raka ingkang samangke kaanggep sampun lepas saking embanan, kula ugi sagah madosaken priya ingkang satimbang kalihan kasulistiyan miwah kaluhuran ndika, kula ugi boten badhe murih piwales menapa-menapa kajawi namung murih karenaning Gusti Ingkang Maha Asih kewala. Nanging sepisan malih kula ambali, menawi kula kapsrahan sadaya bandha donya tuwin jiwa raga ndika Nyai Sapaetun, kapeksa kula mopo. Boten jalaran saking menapa-menapa, kajawi namung kula ngertos bilih kula boten badhe kuwawa nampi karilananing penggalih ndika menika. Bebasan kados dene peksi gemak tartamtu boten badhe kiyat menawi kabusanan mawi elaripun merak lan menawi si gemak badhe nekad boten sande badhe rekaos gesangipun, boten saged ebah kabotan elar ingkang sakalangkung endah nanging awrat. Ugi saged dipun pindhakaken kalihan tiyang papriman ingkang kulina gesang ing pinggiring bango-bango peken lajeng kapasrahan kedhaton ingkang edi peni, mangka boten sande badhe nuwuhaken boten saenipun tumrap kekalihipun, si papriman badhe kidhung lan kasiksa manahipun labet rumaos bingung anggenipun badhe menapa-menapa, lan kedhaton endah ugi badhe bibrah awit boten kaupakara kanthi samesthinipun……….”.

“Sampun, sampun Ki Sarkara……..” Sapaetun nigas rembagipun Ki Sarkara mawi suwanten ingkang kapireng radi sereng “bakenipun ndika nampik dhateng sedaya ingkang kula aturaken dhateng ndika ta? lan ndika mentala dhateng kula temah boten kersa paring pitulungan dhateng kula ingkang satuhu mbetahaken pitulungan menika?”.

“Borong anggenipun badhe mastani Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara alus sanadyan sampun pirsa menawi Nyai Sapaetun cuwa manahipun “lakar kasunyatanipun kula boten saged nglampahi menapa ingkang dados kersa ndika, mila kula inggih kenging kawastanan boten purun. Menawi ta ngantos kula peksa murih purun, boten sande badhe dameling kapitunan tumrap ndika lan kula. Kados tiyang ingkang boten saged nglangi lajeng purun kaparentah murih nyabrangaken tiyang ing benawi ingkang nembe nedhenging bena, menawi purun tan wurunga piyambakipun badhe kerem lan kentir sesarengan kalihan ingkang dipun sabrangaken, Pramila sepisan malih kula milih boten purun jalaran kula ngrumaosi ringkihing jiwa lan raga kula ingkang boten badhe kiyat nampi peparing ndika Nyai Sapaetun”.

“Inggih, inggih Ki Sarkara……..” suwantenipun Nyai Sapaetun nglendheh malih “kula saged mangertos menapa ingkang ndika kersakaken, nanging menapa ndika ugi badhe tega menawi wonten tiyang lumampah ingkang nandhang kasatan, kamangka tata gelar ndika kagungan toya wening pinten-pinten genthong cawisan kangge semah ndika olah-olah, lan tiyang ingkang nandhang kasatan kala wau namung betah saceglokan kangge nelesi gurungipun ingkang garing lajeng nembung nyuwun toya dhateng ndika, menapa ndika badhe mentala boten maringi kanthi pawadan toya pinten-pinten genthong menika sampun dados kagunganipun semah ndika?”.

“Nuwun sewu Nyai” Ki Sarkara langkung ngatos-atos malih anggenipun semaur “ingkang Nyai kersakaken kados pundi?”.

“Dhuh Ki Sarkara…. Ki Sarkara….” Suwantenipun Nyai Sapaetun ewah malih, kepireng radi ngalem “kula ngertos bilih mokal ndika kepareng mundhut garwa kula jalaran ndika boten badhe mentala menawi ngantos damel kuciwaning penggalihipun ingkang rayi. Nanging kula ugi ngertos ndika menika priya ingkang tuhu “boten sagedan” mirsani panandhanging tiyang sanes langkung-langkung panandhanging tiyang estri kados kula. Blaka kemawon inggih Ki……”

Nyai Sapaetun kendel sakedhap anggenipun wicanten, lajeng sasampunipun nyedhot napas dipun sambet malih :

“Kula menika sampun dangu boten kasenggol dening tiyang jaler, lan nalika kula kedarang-darang nusul dhateng Kepuhsluku murih ngoronging raos kula saged pikantuk usada, jebul malah manggih cuwa lan sakit manah kula. Samangke sareng kula kepanggih ndika Ki Sarkara, raos ngorong saha ngelak menika sakalangkung sanget anggenipun keraos. Sampun kula cobi matur nempil sumbering belik nanging dening ingkang kagungan boten dipun parengaken, samangke sepisan malih kula nembung Ki Sarkara, mugi sanaosa namung saceglokan mugi wonten rilaning penggalih kepareng paring usada dhateng ngoronging raos kula menika, sampun ta mawi pitukon menapa kemawon kula boten badhe suwala, sauger ndika kersa paring jampi dhateng kula. Namung saceglokan Ki Sarkara!, menika boten badhe ngobak-obak toya sagenthong lan boten badhe wonten ingkang sumerep kajawi namung ndika kalihan kula, kula ngertos kok Ki, kala wau ndika kober sengsem mirsani peranganing badan kula ingkang ketingal saperangan………”.

 

Ana candhake

Kamis, 23 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (062)


 

 

62.

Ing manahipun Ki Sarkara temah tuwuh raos welas lan mesakaken dhateng Nyai Sapaetun ingkang rumaos dipun siya-siya dening kakungipun menika. Ki Sarkara ugi rumaos eman menawi ta wanita ingkang kados makaten teka dipun enthengaken dening kakungipun malah ngeboti wanita sanes ingkang dereng cetha kawontenan sanyatanipun. Langkung-langkung menawi ngantos kedanan dhateng tiyang estri kados ingkang dipun cariyosaken dening Nyai Sapaetun kala wau, sepuh lan gadhah rupa ingkang boten mingsra. Ing salebeting batos Ki Sarkara maiben dhateng kakungipun Nyai Sapaetun ingkang sampun tumindak kados ingkang dipun cariyosaken Nyai Sapaetun kala wau. Lan tiyang jaler ingkang nggadhahi tumindak kados makaten kala wau boten pantes dipun aosi, boten pantes manawi ta dipun boboti.

“Nyuwun pangapunten Nyai” Ki Sarkara lajeng wicanten ing pangangkah badhe asung rigen dhateng Nyai Sapaetun “menawi kula gagas, ndika menika kalebet priyantun ingkang keliwat saking sabar. Sampun dipun damel sakit kados makaten dening kakung ndika, suprandene ndika taksih ngajeng-ajeng sih saking piyambakipun ingkang rumaos sampun boten mbetahaken ndika malih. Kula aturi inggih Nyai, prayoginipun tiyang jaler kados kakung ndika niku langkung sae menawi dipun tilar wangsul mawon, kula pitados nitik kawontenan ndika ingkang kados makaten, saupami dipun emohi dening setunggaling tiyang jaler, boten badhe kangelan pados ganti ingkang kawontenanipun nglangkungi sedaya ingkang dipun gadhahi tiyang ingkang ngemohi ndika kala wau. Nanging kula ugi nggadhahi pamanggih katresnanipun Nyai dhateng keng raka menika mila tresna ingkang suci, awit saking menika prayogi menawi ndika boten ngaya-ngaya  nyadhong sih kawlasan dhateng piyambakipun, sampun ta, menawi ndika sampun kundur malih dhateng griya, boten dangu malih keng raka mangke harak wangsul piyambak lan ngrumaosi bilih boten wonten wanita ingkang kasaenipun nglangkungi ndika”.

Kalihan wicanten makaten menika estunipun Ki Sarkara ugi ngentha-entha ing angen-angenipun, mendah begjanipun tiyang jaler ingkang saged amengku Nyai Sapaetun ingkang nggadhahi dedeg piyadeg, pakulitan, rikma, pasuryan ingkang sedaya sarwa sampurna lan boten wonten setunggal-setunggala saking peranganing saliranipun wanita menika ingkang boten damel reseping mripat ingkang sumerep. Sansaya nglambrang angen-angenipun Ki Sarkara, angen-angen ingkang rupi wenangipun tiyang jaler nggadhahi semah langkung saking setunggal. Lan saupami Sapaetun menika kadadosaken semah ingkang angka kalih ketingalipun kok inggih sae, liripun piyambakipun badhe gadhah semah kalih ingkang sae-sae sedaya. Semah ingkang sepuh inggih Nyai Sarkara ingkang samangke nembe tilem pules, ingkang kasetyan saha bekti tuwin tresnanipun dhateng ki Sarkara sakalangkung ageng. Lajeng semah ingkang angka kalih Sapaetun, ingkang mbok bilih boten dangu malih dados warandha awit sampun cetha menawi dipun emohi dening kakungipun. Inggih Sapaetun ingkang nggadhahi kasulistiyan ingkang bebasan tanpa wonten cacadipun menika.

“Menapa ingkang ndika dhawuhaken menika ketingalipun leres sanget Ki” sareng sampun radi dangu sami boten wonten ingkang gineman, Sapaetun wiwit wicanten mangsuli menapa ingkang dipun ucapaken dening Ki Sarkara “mila tiyang jaler kados tiyang jaler kula menika boten pantes menawi dipun boboti, malah samangke kula nggadhahi tekad sageda males sakit wirang kula dhateng piyambakipun. Piyambakipun sampun criyos menawi boten mbetahaken kula, mangka kula ugi kedah saged criyos menawi kula ugi boten mbetahaken piyambakipun malih. Mila menawi ing benjangipun tiyang jaler kula menika wangsul kepengin mangsuli gesang kalihan kula malih, boten badhe kula tampi, kula badhe pados tiyang jaler ingkang saged sumerep kasaenan lan purun ngimbangi katresnan kula”.

“Kula kinten menika langkung prayogi Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara.

“Nuwun sewu Ki Sarkara menika menapa sampun nate kagungan garwa menapa taksih legan inggih?” dumadakan Nyai Sapaetun pitaken ingkang kenging kawastanan pitaken ingkang sakalangkung wantun “kula tingali ing griya menika wontenipun namung ndika piyambak Ki Sarkara”.

Dipun tlemak mawi pitakenan ingkang makaten menika, Ki Sarkara radi kaget. Ketingalipun dhayoh ingkang nembe sepisan kepanggih menika wonten raos dhateng piyambakipun. Lan Ki Sarkara boten kepengin dipun wastani dening tamunipun nggadhahi watak kados tiyang jaleripun Nyai Sapaetun ingkang remen dolanan manahipun tiyang estri. Pramila Ki Sarkara lajeng nggeret tanganipun murih uwal saking tanganipun Sapaetun. Nanging ketingalipun Sapaetun taksih dereng kepengin nguwali anggenipun gegem-gegeman tangan kalihan Ki Sarkara, mila inggih anggenipun nggegem langkung dipun kiyati, kados-kados makili suwantening manahipun murih Ki Sarkara boten nguculi anggenipun nggegem tanganipun.

“Nyuwun pangapunten Nyai” kalihan praupan ingkang radi mbrabak awit kraos rikuh Ki Sarkara suka wangsulan “bares kemawon kula menika sampun gadhah semah malah ugi sampun gadhah anak setunggal, ingkang semah saha anak kula menika sakalangkung kula tresnani bebasan nglangkungi tresna kula dhumateng nyawa kula piyambak”.

“Wadhuh…. Menawi makaten kula nyuwun pangapunten lho Ki….” Nyai Sapaetun wicanten, kalihan nguculi anggenipun nggegem tanganipun Ki Sarkara “kula kinten menawi ndika menika taksih legan”.

“Kula kedahipun ingkang nyuwun pangapunten Nyai, awit boten blaka wiwit wiwitan” wangsulanipun Ki Sarkara.

“Makaten ugi kula Ki” Nyai Sapaetun nyauti wangsulanipun Ki Sarkara “tuhu begja kemayangan pawestri ingkang sampun kawengku kakung kados ndika menika, lha samangke keng rayi saha keng putra nembe tindak pundi? Kok wiwit wau kula boten sumerep?”.

“Semah saha anak kula ketingalipun sami kekeselen Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara “wiwit sonten sampun sami angler anggenipun tilem ing pengkeran”.

Ki Sarkara lajeng blaka menawi griya menika dede griyanipun nanging griyanipun mBah Tambak ingkang samangke nembe tindakan. Piyambakipun ugi ngaken menawi namung tiyang keplantrang lajeng mampir ing griya mriku lajeng katitipan pisan salebeting sedalu menika. Malah Ki Sarkara ugi criyos menawi manahipun taksih kalimputan ing pepeteng, jalaran dereng mangertos benjingipun badhe dhateng pundi malih, awit mila dereng mangertos papan ingkang badhe dipun tuju. Inggih papan ingkang sakintenipun saged dipun enggeni kangge nyambung gesang kalihan anak saha semahipun. Lan Ki Sarkara ugi lajeng nyuwun pangapunten malih awit kala wau sampun tumindak kirang trapsila dhateng Nyai Sapaetun boten ngilo menawi piyambakipun sampun gadhah anak saha semah sarta nembe salebeting gesang ingkang boten cetha.

“Boten dados menapa Ki Sarkara” wangsulanipun Nyai Sapaetun ingkang ugi kanthi praupan ingkang mbrabak abrit “estunipun kula ingkang lepat, inggih waleh-waleh menapa kabekta saking sampun radi dangu kula boten kasiraman dening sihing tiyang jaler, kraos ngorong gorokaning asmara kula. Mila dupi cecaketan kalihan priyantun ingkang anuju ing prana kula, sagebyaran kula supe inggih supe ingkang kula sengaja, murih saged mikat pangraos ndika. Kula inggih nyuwun pangapunten menawi kala wau ndika nyumerepi kendhoning kemben kula temah amirsani peranganing badan kula ingkang mesthinipun namung kenging kapirsanan dening tiyang jaler ingkang dados sisihan kula”.

“Inggih Nyai, mila awakipun piyambak menika titah limrah ingkang boten tebih saking manah ingkang supe saha tumindak ingkang lepat” Ki Sarkara lajeng wicanten malih “inggih mugi-mugi sasampunipun emut lan mangertos menawi tumindak ingkang kala wau pranyata boten leres, boten kumat supe malih lan mboten mangsuli tumindak ingkang nerjang kasusilan saha pepacuhing Gusti menika. Nuwun sewu, ing pengkeran dalemipun mBah Tambak menika wonten amben suwung, jejer kalihan amben ingkang dipun angge tilem anak saha semah kula, samangke Nyai kula aturi aso salira rumiyin. Kula badhe nutugaken anggen kula linggih ing jogan mriki, ngrantos rawuhipun mBah Tambak saha tamu-tamunipun ingkang kala wau miyos dhateng tepining lepen Gebyog”.

“Matur nuwun Ki Sarkara” Nyai Sapaetun suka wangsulan kalihan mesem ingkang esemipun panggah yen sinawang sepet madu “nanging kula estunipun taksih kepengin matur dhateng ndika, menawi ndika Ki Sarkara boten rumaos keganggu dening atur kula”.

“Nyai Sapaetun ngersakaken paring dhawuh menapa ?” Ki Sarkara lajeng pitaken.

“Sareng kula raos-raosaken lan kula cundhukaken kalihan lelampahan kula saha lelampahan ndika Kyai Sarkara, kok ketingalipun wonten tembung jodho antawisipun kula kalihan ndika Ki Sarkara” Nyai Sapaetun wiwit wicanten malih.

“Jodho kados pundi Nyai?” Ki Sarkara kirang tanggap kalihan wicantenipun Nyai Sapaetun “kula menika sampun gadhah semah saha anak, ingkang mokal saged kapisah kalihan kula. Malah kados-kados kula boten saged gesang menawi ngantos pepisahan kalihan anak lan semah kula, kula rencangi dados tiyang klambrangan ingkang makaten menika inggih awit kula boten saged pisah kalihan anak saha semah kula, Nyai”.

“Kula ngertos Ki Sarkara, sepinten agenging raos tresna ndika dhateng keng putra saha ingkang rayi” wangsulanipun Nyai Sapaetun sarwi sansaya nyaket malih anggenipun linggih dhateng Ki Sarkara “kula dados nggagas, mendah remen saha mulyanipun raosing penggalihipun mBakyu Sarkara ingkang sampun kawengku Ki Sarkara, priya ingkang pideksa lan kagungan penggalih ingkang wicaksana menika. Makaten inggih Ki……..”

Nyai sapaetun ngendheg anggenipun wicanten ngantos radi dangu. Temah Ki Sarkara lajeng pitaken malih :

“Lajeng kersanipun jodho ingkang ndika dhawuhaken kala wau kados pundi Nyai?”.

“Kula kalihan ndika sakulawarga menika sami Ki Sarkara, mila lajeng kula wastani jodho” wangsulanipun Nyai Sapaetun “sami-sami nembe nampi pacoban saking Gusti Ingkang Maha Agung, temah kula lan ndika sami nandhang kakirangan, namung kemawon mila benten wujuding raos kirang kala wau. Menawi nDika Ki Sarkara, inggih jalaran kecalan arta lan bandha donya ingkang rinebat dening durjana, temah rumaos kirang lan sanget ambetahaken bandha saha donya kangge nglajengaken gesang menika. Menawi kula, arta bandha donya kula boten dipun rebat dening sinten-sinten, nanging katresnaning tiyang jaler kula ingkang dipun rebat dening tiyang sanes, temah kula nandhang kekirangan ing sih saha katresnan. Dene sasampunipun kula kepanggih kalihan ndika ing griya menika, kula kados pikantuk peling bilih antawisipun kula lan ndika sakulawarga saged lepas saking panandhang kekirangan menika menawi kula lan ndika purun ngawon kangge pikantuk, purun ngelongi sakedhik saking ingkang dipun gadhahi kangge pikantuk menapa ingkang sampun ical kala wau. Dugi mriki ingkang kula aturaken menapa Ki Sarkara sampun tanggap lan kersa nindakaken lampah ngawon saha ngelongi ingkang dipun gadhahi kala wau?”.

Ki Sarkara boten tumuli suka wangsulan, malah salebeting manah lajeng ngraos ngungun. Ngungun dhateng tamu ingkang nembe dipun tepangi menika, dereng dangu kala wau nedahaken jibeging manah lajeng nangis kelara-lara, samangke sampun ewah saged wicanten lancar kados wicantenipun tiyang ingkang waskitha lan wicaksana. Menika tuhu ndadosaken Ki Sarkara rumaos gumun lan nalaripun ngosikaken manah murih sansaya ngatos-ngatos ngadhepi wanita ingkang kala wau kober ndudut raos sengsem ing manahipun menika. Menawi kala wau Ki Sarkara ngandel saha pitados ngaten kemawon kalihan ingkang dipun cariyosaken Nyai Sapaetun, samangke Ki Sarkara wiwit nggagas lan pitaken-pitaken dhateng manahipun, sinten sayektosipun wanita ingkang tuhu sulistyeng warna menika lan menapa ingkang dipun kajengaken dhateng piyambakipun ?.

“Cethanipun makaten Ki Sarkara” sareng Ki Sarkara boten tumuli suka wangsulan, Nyai Sapaetun lajeng wicanten malih “menawi wonten sarjuning penggalih ndika, Ki Sarkara boten sisah nglajengaken lampah malih, benjing enjing kula ajak wangsul dhateng griya kula ing Dhukuh Kepuhagal. Ing mrika sampun wonten griya joglo jejer kalih jangkep sapendhapanipun, wonten lumbungipun ingkang kebak pantun ingkang sampun binelahan, wonten kandhangipun ingkang isi ingah-ingahan, Mesa, Sapi, Menda, bebek, menthog, ayam miwah iwen sanesipun jangkep. Boten tebih saking griya menika wonten pategilan ingkang wiyaripun watawis sekawan bau langkung, lan ing wekdal menika nembe nedhengipun taneman gaga ingkang katanem ing pategilan menika memping kuning. Sadaya ngantos titi kalenggahan menika taksih dados gadhahan kula dede gadhahanipun tiyang jaler ingkang nate gesang kalihan kula jaragan tiyang jaler menika boten kalebet ewoning tiyang ingkang remen makarti dados tiyang tani, nanging remen makarya minangka tukang kayu saha undhagi”.

 

Ana candhake.

Rabu, 22 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (061)

61.

Sapandurat Ki Sarkara kados ginugah jiwa jaleripun, nanging Ki Sarkara taksih kaparingan emut bilih piyambakipun menika sampun gadhah semah malah ugi sampun gadhah yoga. Temah nalaripun Ki Sarkara saged mastani menawi ganda arum ingkang medal saking Sapaetun menika ganda ingkang sakalangkung mbebayani tumrap utuhing anggenipun bebrayan kalihan Nyai Sarkara. Benten malih kalihan suwantening manah, manahipun Ki Sarkara boten saged nyelaki bilih gegandan ingkang makaten menika gegandan ingkang sakalangkung ngremenaken, eca manawi kaambet lan kanthi ngganda gegandan ingkang makaten menika tuhu gegandan ingkang sakalangkung dipun remeni dening tiyang jaler kalebet Ki Sarkara. Awit saking gegandan ingkang makaten menika saged nuwuhaken gegambaran-gegambaran endah ingkang angel dipun nalar mawi pikiran. Ngantos radi dangu kedadosan perang antawisipun manah kalihan nalaripun Ki Sarkara. Wasana nalaripun Ki Sarkara ngemutaken bilih wekdal menika piyambakipun nembe gesang salebeting panandhang lan kacingkrangan lan kangge luwar saking panandhang menika kedah ngathah-ngathaken emut dhateng Gusti Ingkang Maha Welas, kamangka menawi nuruti pangajaking manah ingkang kasengsem dhateng ganda arum ingkang mijil saking Sapaetun menika ateges wantun nerjang pepacuhing Gusti ingkang saged mewahi kasangsaran ingkang nembe dipun sandhang.

“Nuwun sewu Nyai” kalihan tumungkul Ki Sarkara lajeng pitaken dhateng dhayohipun “ambok bilih wonten ingkang saged kula biyantu, ndika rawuh ing papan menika estunipun badhe ngersakaken menapa?”.

“Matur nuwun saderengipun Ki Sarkara” kanthi suwanten ingkang saged damel kumesaring manahipun ingkang mireng, Sapaetun wangsulan “bares kemawon anggen kula sowan mriki menika wiwitanipun namung betah pitulungan satunggal, nanging sareng sampun kepanggih kalihan jengandika dumadakan ketingal kabetahan-kabetahan kula ingkang mbetahaken pitulungan sanesipun saking jengandika  Ki Sarkara”.

“Nyuwun pangapunten Nyai, cethanipun kados pundi inggih?” Ki Sarkara pitaken malih awit dereng nyandhak kalihan pikajenganipun Sapaetun.

“Inggih Ki Sarkara” Sapaetun wangsulan nyethakaken pikajengipun kalihan tembung ingkang alus manuhara “kados ingkang kula aturaken sepisanan wau, gandheng kula kedalon wonten wana menika, kamangka suku kula sampun sakalangkung kesel, prasasat boten kiyat malih kangge mlampah, kula lajeng badhe kendel ing sangandhaping kajeng ingkang ageng, sanaosa kula ngertos menawi kula kendel lan tilem ing sangandhaping kajeng ingkang ageng menika tuhu caket kalihan bebaya, nanging badhe kados pundi malih?  kula boten sumerep papan ingkang aman kangge kendel. Nanging dumadakan kula sumerep cahyaning diyan ingkang ndadosaken kula yayah tiyang lumampah ing wanci panglong kedadak kepapag obor sewu. Ciptaning manah kula ngandhakaken bilih kula boten siyos tilem ing papan ingkang mbebayani. Langkung-langkung sasampunipun kula ngertos jebul diyan ingkang cahyanipun kula sumerepi wau, wonten ing griya menika. Pramila kula lajeng daya-daya alok “kulanuwun” kala wau, ciptaning manah badhe nyuwun pitulungan dhateng ingkang kagungan dalem, mugi marengaken kula dalu menika ndherek kendel ing dalemipun”.

“O makaten ta kersanipun ?” Ki Sarkara emut welingipun Nyai Pandhanwangi saderengipun bidhal kala wau, bilih menawi wonten tamu murih katampi kanthi sae lan sampun ngantos dipun siya-siya “manawi makaten, prayogi menawi Nyai Sapaetun tumunten ngleremaken salira, mangga kula tedahaken senthong prasaja ingkang saged ndika agem aso salira”.

Ing pangangkah Ki Sarkara badhe nedahaken Sapaetun murih ngaso ing amben ingkang manggen ing sisihipun amben ingkang dipun angge tilem Nyai Sarkara lan Pradapa. Menawi Sapaetun sampun ngaso ing mriku, mangka Ki Sarkara inggih badhe wangsul linggihan ing klasa malih. Kanthi makaten Ki Sarkara saged meper suwantening batin ingkang kroncalan awit kasengsem dhateng kasulistyanipun Sapaetun. Nanging pranyata pikajengipun Ki Sarkara makaten menika boten tumunten saged katurutan. Awit Sapaetun taksih wicanten malih :

“Matur nuwun Ki Sarkara, nanging kaparengna kula nutugaken atur kula ingkang dereng telas menika”.

“nDika sampun kuwatos Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara “ing mriki wonten amben prasaja jangkep kalihan bantal tuwin klasanipun ingkang saged kaagem ngaso lan tebih saking bebaya”.

“Mangke rumiyin ta Ki, kula tak ngrampungne atur kula rumiyin” wangsulanipun Sapaetun kalihan mesem ingkang sakalangkung ngujiwat.

“Nyuwun pangapunten Nyai” Ki Sarkara nyuwun pangapunten dhateng tamunipun “mangga, kadhawuhna menapa ingkang badhe ndika dhawuhaken”.

“Waleh-waleh menapa Ki Sarkara” dumadakan praupanipun Sapaetun ingkang kala wau ketingal mbranyak malih ketingal memelas, makaten ugi suwantenipun kados tiyang ingkang ngampet raos sedhih “Estunipun kula kala wau rak saking Padhukuhan Kepuhsluku sakidulipun wana menika?”.

“Inggih lajeng kados pundi?” Ki Sarkara pitaken malih awit Nyai Sapaetun boten tumunten nyambet ukaranipun.

“Anggen kula kesah dhateng Kepuhsluku menika harak awit kula nusul tiyang jaler kula ingkang pamitipun nalika bidhal watawis tigang wulan kapengker badhe pados padamelan, mbara kerja ing Dhukuh Kepuhsluku menika, inggih jalaran kangge nyekapi kabetahan ing griya sampun boten menapa-menapa” Nyai Sapaetun nglajengaken wicantenipun, ketingal wonten luh ingkang tumetes saking mripatipun mili nelesi pipinipun ingkang weweg nduren sajuring “nanging  sareng sampun kelampahan kula dumugi ing Dhukuh Kepuh Sluku dede remening manah ingkang kula panggih, nanging malah kosok wangsulipun, kula ngraosaken kuciwaning manah ingkang tanpa upami, Ki, manah kula malah dados sakit ingkang kados-kados boten saged dipun usadani malih”.

Nyai Sapaetun lajeng nangis sesenggrukan, nedahaken sungkawaning manahipun. Sanaosa makaten, boten nyuda kasulistyaning warnanipun pawestri menika. Ki Sarkara kethukulan raos welas dhateng tiyang estri ingkang wonten ngajengipun menika, sanaosa Ki Sarkara inggih dereng mangertos menapa ingkang njalari pawestri menika sedhih satemah nangis sesenggrukan kados makaten menika.

“Nuwun sewu Nyai” gandheng Nyai Sapaetun boten tumunten nglajengaken anggenipun gineman malah tangisipun sansaya ngguguk, Ki Sarkara nunten wicanten “menapa ingkang njalari ndika sungkawa? Menapa Keng Raka boten wonten ing Dhukuh Kepuhsluku ?”.

“Tiyang jaler kula mila leres wonten ing Kepuhsluku, Ki” wangsulanipun Sapaetun kalihan nangis “lan kula saged pepanggihan, nanging dede jampi kangen ingkang kula panggihi sasampunipun kepanggih kalihan tiyang jaler kula, nanging malah raos sakit ing salebeting manah, ingkang ngalangkungi sakitipun tatu ingkang kineceran toyanipun cokak”.

Nyai Sapaetun kendel malih anggenipun wicanten lajeng nangis malih.

“Sampun Nyai mangga dipun tata rumiyin penggalihipun, boten sae menawi namung kagem muwun makaten menika” Ki Sarkara ngarih-arih Nyai Sapaetun murih meneng saking anggenipun nangis “kadhawuhna kemawon dhumateng kula, ambok bilih kula saged atur pambiyantu murih saged ngentheng-enthengi awrating panandhang ingkang ndika sandhang”.

“Matur nuwun Ki Sarkara” wangsulanipun Nyai Sapaetun kalihan ngusapi luhipun mawi pucuking kemben, ingkang ndadosaken Ki Sarkara tumungkul sami sakala. Awit kemben ingkang kagem nutupi dhadhanipun pawestri ingkang sulistya ing warna menika lajeng dados ketingal kendho, temah satleraman Ki Sarkara sumerep sesawangan endah ing waliking kemben ingkang mesthinipun boten kenging dipun sawang.

“Sedya saking griya ingkang sampun kula jejangka saged nyuntak raos kangen dhateng tiyang ingkang kula tresnani, jugar, gagar wigar, ambyar malah ndadosaken manah kula kados dipun iris-iris mawi peso ingkang teyengen” Nyai Sapaetun nglajengaken anggenipun wicanten “anggenipun tiyang jaler kula kraos ing Dhukuh Kepuh Sluku lan boten tilik-tilik griya menika jebul ing mriku tiyang jaler kula kecanthol kalihan satunggaling Warandha, ingkang nuwun sewu umuripun langkung sepuh katimbang tiyang jaler kula lan ugi praupanipun inggih boten mingsra”.

Mireng wicantenipun Nyai Sapaetun ingkang makaten menika, Ki Sarkara ingkang wau tumungkul amarikelu jalaran ajrih sumerep sesawangan ingkang damel getering manahipun, inggih awit saking mloroting kemben ingkang dipun aangge dening Nyai Sapaetun, dumadakan ndengengek malih awit kasengsem dhateng cariyos ingkang dipun ucapaken Nyai Sapaetun. Ki Sarkara dados sansaya kaget carup lan raos dheg-dhegan ing salebeting jejantungipun, awit sesawangan endah kala wau samangke ketingal sansaya langkung cetha malih.

“Kula ngertos Ki” Nyai Sapaetun wicanten malih, lan kanthi nedahaken praupan ingkang mbrabak tanganipun kumlawe ngleresaken kembenipun ingkang mblorot mangandhap, wangunipun Pawestri ingkang sulistyaning warni menika kraos nalika sumerep Ki Sarkara ketingal ndomblong sasampunipun ndengengekaken sirahipun lan sumerep kembenipun ingkang kendho. Nanging anggenipun ngleresaken kembenipun inggih boten saged sampurna malah kepara nambahi cethanipun sesawangan ingkang mesthinipun katutupan rapet “mila tiyang jaler menika wenang gadhah semah langkung saking setunggal, lan sanaosa kanthi manah ingkang sakit kula kiyat-kiyataken saged nampi menawi tiyang jaler kula semah malih, waton tiyang jaler kula saged tumindak adil dhateng semah-semahipun ingkang taksih mbetahaken tedha lahir tuwin tedhaning batin saking piyambakipun….”.

“Nyata ndika menika pawestri ingkang satuhu luhuring budi Nyai” Ki Sarkara ingkang sampun ndhingkluk malih menika nigas ginemipun Nyai Sapaetun “arang wonten wanita ingkang saged nampi katresnaning kakung ingkang dipun dum-dum kados makaten”.

“Nanging eman Ki Sarkara” Nyai Sapaetun suka wangsulan.

“Eman kados pundi Nyai?” Ki Sarkara pitaken malih, nalaripun menging piyambakipun ndengengek murih boten sumerep sesawangan endah ingkang estunipun boten kenging dipun tingali.

“Rilaning manah kula ingkang samanten kala wau, babar pisan boten dipun tampi kanthi sae dening tiyang jaler kula miwah semahipun ingkang enggal” wangsulanipun Nyai Sapaetun “tiyang jaler kula sampun rumaos kabetahaning batin sampun saged dipun cekapi dening semahipun ingkang enggal, babar pisan boten purun ngemuti kabetahaning batin kula. Tiyang jaler kula sanjang kenging kemawon kula ngajeng-ajeng rumentahing sih saking piyambakipun, nanging kedah purun ngentosi sakaliring piyambakipun. Semahipun ingkang enggal malah kumawantun nanting dhateng tiyang jaler kula, kanthi panedhi tiyang jaler kula kenging langen asmara kalihan kula menawi piyambakipun anuju nglilani, menawi piyambakipun boten anuju nglilani lan tiyang jaler kula kadenangan  kempal kalihan kula semah janur-ajuripun menika, mangka piyambakipun badhe nyuwun pisah kalihan tiyang jaler kula kangge salami-laminipun. Lan ingkang langkung damel sakiting manah kula malih, tiyang jaler kula pranyata langkung nggugu dhateng panedhining semahipun ingkang enggal menika”.

Kalihan tumungkul Ki Sarkara mirengaken sedaya ingkang dipun cariyosaken dening Nyai Sapaetun. Temah Ki Sarkara boten sumerep ingkang wonten kanan keringipun. Namung salebeting manahipun Ki Sarkara wonten raos sansaya gumun, awit ganda arum ingkang wiwit wau ngreridhu manahipun sansaya kraos gandanipun andulek ing salebeting grana. Ki Sarkara nembe ngertos sasampunipun ing gigiring tanganipun kraos wonten barang lumer ingkang nindhihi, lan nalika Ki Sarkara nyobi angulati, nembe ngertos menawi epek-epekipun Nyai Sapaetun pranyata sampun tumumpang ing gigiring tanganipun Ki Sarkara. Lan anggenipun linggih Nyai Sapaetun sansaya ngangseg nyaket dhateng Ki Sarkara.  Ki Sarkara sakalangkung kagetipun, suwaunipun badhe ngipataken tanganipun Nyai Sapaetun ingkang nggremet badhe ngremeti tanganipun, nanging Ki Sarkara kuwatois menawi ngantos damel mewahi sedhihipun Nyai Sapaetun ingkang wekdal menika nembe nandhang susah lan mbetahaken kawigatosan. Menapa malih nalika manahipun ugi wonten raos remen nalika saged sesenggolan kalihan wanita ingkang tuhu sulistyeng warni menika. Pramila sanaosa kanthi linambaran tansah emut bilih piyambakipun boten  kenging tumindak dosa, Ki Sarkara inggih lajeng boten wantun menging Nyai Sapaetun murih boten ngremeti tanganipun.

“Manggih lelampahan ingkang kados makaten kala wau, kula lajeng pamitan wangsul dhateng tiyang jaler kula, Ki” Nyai Sapetun inggih lajeng nglajengaken anggenipun wicanten “lan tiyang jaler kula boten maelu babar pisan malah kepara nglajengaken anggenipun mewahi sakiting manah kula kanthi nedahaken anggenipun pepasihan kalihan semahipun ingkang enggal, inggih Warandha kaduk yuswa ingkang rupinipun boten mingrsa menika”.

 

Ana candhake.

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (60)


 

60.

mBah Tambak ketingal radi anyel, nanging inggih namung kendel malah lajeng tumut mesem, awit ngertos menawi nembe dipun godha dening Kyai Prasanta ingkang mila remen nggodha lan ngajak gegujengan  mBah Tambak. Ki Sarkara ingkang rumaos taksih enem piyambak, inggih enem kaweruhipun inggih enem umuripun, namung tumungkul kemawon, ngentosi dhawuh saking para sepuh.

“Nanging Kakang Jurudah kepengin sanakan ndika melu ngrungokne apa sing arep dikandhakne marang ndika mBah Tambak” wekasan Kyai Prasanta lajeng ngendika “kuwatire Kakang Jurudah nek sanakan ndika ora melu ngrungokne, banjur nutuh yen aku karo Kakang Jurudah wis ngongkon ndika lunga supaya pisah karo sanakan ndika kuwi, harak kojur ta yen ngono?”.

“O alaaah…..” mbah Tambak lajeng suka wangsulan “jan-jane ngono sing mambu ati marang Nyai Pandhanwangi kuwi aku apa ndika ta Ki Prasanta? Lha wiwit biyen ndika kuwi kok seneng banget nggandheng-nggandhengne apa-apa kok karo Nyai Pandhanwangi wae kuwi?. Tatagelar sing ndika kandhakne sing seneng karo Nyai Pandhanwangi kuwi aku, nanging aku ngerti nek satemene sing ora bisa nglalekne Nyai Pandhanwangi kuwi ya ndika dhewe. Iya apa iya?”.

Sareng dipun wangsulaken makaten menika, Kyai Prasanta inggih lajeng gumujeng malih.

“Lha nek karo aku Nyai Pandhanwangi genah nek emohe ta mBah?” ngendikanipun Ki Prasanta ing sela-selaning gumujengipun “nek aku ngono genah nek seneng, nanging kana nek digandhengne karo aku ya genah nek senep, mosok prawan ayune kaya widadari lha kok digandhengne karo dhudha tuwek sing wis anguk-anguk luwangane kuburan? he he he….”.

“Lha wong karo sing wis cetha cekel gawe maton wae senep kok, apa maneh nek digandhengne karo Panji Klanthung sing ora cetha uripe kaya aku ngene iki?” mBah Tambak mangsuli kalihan gumujeng.

“Uwis… uwis, sing dirasani sajake krungu kae lho!?” Ki Jurudah tumut ngendika sarwi nempelaken driji panuding wonten ing lathinipun.

Dumadakan kawontenan dados sirep, wonten angin sumilir ingkang mbekta ganda arumipun sekar pudhak. Boten dangu kasusul wonten cahya ijem maya-maya ingkang mlebet ing griyanipun mBah Tambak nyaketi ingkang nembe sami jejagongan. Sansaya dangu cahya ijem maya-maya menika sansaya cetha, wasana ing pojoking gelaran ketingal wonten priyantun estri ingkang busananipun sarwi wilis, anutupi saranduning salira, wiwit nginggil dumugi ngandhap. Namung pasuryan lan epek-epeking asta kemawon ingkang boten katutupan busana, ketingal mencorong kados mas sinangling cahyanipun.

“Nyuwun pangapunten menawi anggen kula dugi radi randhat mBah Tambak, Kyai Jurudah miwah andika Kyai Prasanta” Pawestri kala wau ngendika kanthi suwantenipun ingkang renyah kapireng endah sekeca sanget ing salebeting talingan, anggenipun ngendika kairing esem ingkang pait madu, wajanipun katingal anglar bremani ingkang saged damel kumesaring manahipun ingkang sami sumerep.

“Boten dados menapa Nyai” ingkang suka wangsulan mBah Tambak “namung Ki Prasanta ingkang wiwit wau ngraosi jengandika, kok Nyai Pandhanwangi dereng rawuh menapa ing dalem taksih wonten pakaryan ingkang sakalangkung wigatos? Makaten anggenipun ngraosi”.

“Estunipun, kula inggih sampun kala wau nilar griya, namung ing margi dumadakan sumerep sesawangan ingkang narik kawigatosan kula, wekasan damel randhat anggen kula dugi papan menika, Ki Prasanta” wangsulanipun Nyai Pandhanwangi sarwi mesem mirsani dhateng Kyai Prasanta.

Ki Sarkara mundur alon-alon, nilaraken ingkang sami jejagongan. Boten dangu sampun dugi malih dipun tutaken dening Nyai Sarkara ingkang nyangga baki  isi unjukan wedang jahe benter ing cangkir bathok klapa gadhing.

“Ngaturaken kasugengan sarawuhipun Nyai, bekti kula mugi katur saha kaaturan ngunjuk namung toya jahe benter  mawi lalap gendhis aren” Ki Sarkara ingkang ngladosaken unjukan ingkang dipun beta semahipun dhateng Nyai Pandhanwangi.

“Banget panarimaku Kaki” wangsulanipun Nyai Pandhanwangi ingkang lajeng pitaken dhateng mBah Tambak “menika ta mBah Tambak ingkang ndika dhawuhaken priyantun Pajang ingkang asma Ki Sarkara lan Nyai Satiti ?”.

“Leres Nyai” wangsulanipun mBah Tambak cekak.

“Bekti kula katur Nyai” gentos Nyi Sarkara ingkang ngaturaken bekti.

“Iya Nini wis tak tampa, pangestuku wae gage tampanana” wangsulanipun Nyai Pandhanwangi.

“Ngaturaken genging panuwun Nyai” atur wangsulanipun Nyai Sarkara, ingkang lajeng pamitan badhe ngancani anakipun ingkang nembe tilem.

“Sampun Ki Jurudah lan Ki Prasanta” ngendikanipun Nyai Pandhanwangi sasampunipun Nyai Sarkara boten wonten mriku “samangke tumuli kadhawuhna menapa ingkang kedah kula ayahi magepokan kalihan dhawuhipun Kanjeng Ratu dhateng kula?”.

“Estunipun rak makaten ta Nyai” Ki Jurudah ingkang amangsuli ngendikanipun Nyai Pandhanwangi “kula lan Adhi Prasanta tuwin ndika menika rak dereng saged tumandang menapa-menapa kajawi menawi sampun pitados bilih sarana mangertosi leresipun menapa ingkang dipun cariyosaken dening mBah Tambak. Sanaosa Kanjeng Ratu nate paring dhawuh dhateng jengandika menapa dene dhateng kula kekalih, nanging ingkang kadhawuhaken Kanjeng Ratu menika rak inggih namung dhapur ancer-ancer, awit saking menika langkung prayogi menawi ndika lan kula kekalih nocogaken cariyos saking mBah Tambak kalihan ancer-ancer dhawuhipun Kanjeng Ratu menika”.

“Manawi makaten samangke kula nyuwun tulung dhateng Kyai Jurudah miwah Kyai Prasanta tuwin mBah Tambak, dalu menika badhe kula ajak lumawat dhateng pinggiring lepen Gebyog saprelu nindakaken dhawuh ndika ingkang pungkasan menika” Nyai Pandhanwangi nunten ngendika dhateng mBah Tambak, Ki Jurudah lan Ki Prasanta, lajeng kasambet ngendika dhateng Ki Sarkara “Kaki Sarkara, wengi iki nganti sesuk gagat rahina ndika kapeksa kudu melekan dhewe ing omahe mBah Tambak iki, jalaran mBah Tambak apadene Ki Jurudah lan Ki Prasanta arep tak ajak metu saka omah kene baline sesuk esuk, apa ndika ora kabotan?”.

“Inggih Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara ingkang boten mangertos menapa ingkang badhe dipun tindakaken priyantun sekawan menika ingkang criyosipun mapan ing pinggiring lepen Gebyog “kula boten badhe kawratan, jalaran inggih boten nindakaken menapa-menapa saha ing semah lan yoga kula harak inggih wonten griya menika?”.

“Sing tak karepne ngene Ki Sarkara” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “wengi iki ndika tak sraya tunggu omah perkara sisihan ndika apa dene anak ndika wengi iki ora bisa ndika ganggu, jalaran kekarone wis turu kepati lan ora bakal bisa tangi sandyan upamane ana bledheg sewu muni bareng ya ora arep tangi sadurunge sesuk ngarepake pletheking surya. Mung wae, wengi iki katone bakal ana wong sing liwat kene, yen nganti wong mau mampir ing omah kene, aku njaluk tulung tampanen wong mampir kuwi kaya dene tamu lumrah, aja ndika sia-sia”.

“Manawi makaten ingkang dados dhawuhipun Nyai” Ki Sarkara atur wangsulan cekak “kula namung saged ngestokaken dhawuh, sadya weling saking jengandika badhe kula tindakaken saksae-saenipun”.

Midhanget kasagahanipun Ki Sarkara ingkang makaten menika, Nyai Pandhanwangi ketingal rena ing penggalih. Lajeng jumeneng ngajak mBah Tambak menapa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta bidhal dhateng tepinipun Lepen Gebyog, ingkang Ki Sarkara boten mangertos para priyagunng menika badhe nindakaken menapa.

Sajengkaripun tiang sekawan kala wau, Ki Sarkara lajeng mrepegi papanipun lerem Nyai Sarkara ingkang nembe tilem ngancani yoganipun. Nenggih pun Pradapa. Menapa ingkang kadhawuhaken dening Nyai Pandhanwangi pranyata leres, Biyung kalihan anakipun menika ketingal pules anggenipun sami tilem. Ki Sarkara nyobi mbuktekaken saestu menapa boten menawi semahipun boten badhe saged tangi saking anggenipun tilem saderengipun nyelaki wanci pletheking surya kados ingkang dipun dhawuhaken Nyai Pandhanwangi kala wau. Ki Sarkara lajeng nggrayang Nyai Sarkara kaprenah jempoling sukunipun. Ki Sarkara lajeng njabut wulu cumbu ingkang wonten ing driji jempolaning suku menika, ngantos ambal kaping tiga. Dipun jabel wulu cumbu ing jempolipun ngantos kaping tiga, nanging Nyai Sarkara babar pisan boten kraos, anggenipun tilem panggah ketingal angler lan pules. Ki Sarkara lajeng ngalih dhateng papanipun sekawit inggih menika ing jogan ingkang ginelaran klasa ingkang kala wau kadamel lelenggahan mBah Tambak kalihan para tamunipun. Ing salebeting manah Ki Sarkara rumaos lingsem dene sampun kumawantun mbatos sanggarugi dhateng dhawuhipun Nyai Pandhanwangi. Ki Sarkara lajeng kendel sarwi ndedonga dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas, nyuwun pangapura awit sampun cubriya dhateng Nyai Pandhanwangi, salebeting manah Ki Sarkara janji benjing enjing badhe nyuwun pangapura dhateng Nyai Pandhanwangi awit ngrumaosi lepat sampun kirang pitados dhateng dhawuhipun Nyai Pandhanwangi.

“Kulanuwuuuun…….” Dumadakan Ki Sarkara dipun damel kaget, awit wonten suwantenipun tiyang alok kulanuwun. Sakala Ki Sarkara noleh dhateng asaling suwanten. Jebul saestu wonten tamu ingkang ngadeg ing tengah korinipun mBah Tambak ingkang boten tutupan.

“Mangga…..!” wangsulanipun Ki Sarkara ingkang lajeng ngadeg lan nyaketi papanipun ingkang alok kula nuwun kala wau.

Radi sawatawis Ki Sarkara boten saged kumecap menapa-menapa dupi ningali tiyang ingkang alok kula nuwun menika saking caketan. Tamu ingkang nembe dugi menika satunggaling pawestri ingkang yuswanipun udakara kalih dasanan tahun. Pasuryanipun ketingal sulistya, rambutipun ingkang panjang dipun ore dhateng wingking ngantos dumugi cingklok,  mripatipun lindri-lindri amantesi, grana ngrungih lir kancana tinatar, lathinipun dhamis, abrit lir manggis karengat, waja miji timun anglar bremani warnanipun, mesem ngujiwat kados nggogrokaken marasipun Ki Sarkara.

“Nyuwun pangapunten Kisanak” tamu menika lajeng wicanten kanthi suwanten ingkang kepireng sekeca katampi ing talingan “dene kula sampun kumawantun mretamu ing wanci dalu temah ngganggu anggen jengandika nembe angleremaken salira”.

“Boten dados menapa Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara ingkang lajeng ngacarani tamu menika murih mlebet ing griya “mangga ta mlebet lan pinarak rumiyin”.

“Matur nuwun Kisanak” wangsulanipun tamu menika ingkang lajeng jumangkah mlebet ngetutaken Ki Sarkara ingkang lajeng lenggah timpuh ing klasa ingkang kala wau damel jagongan mBah Tambak kalihan tamu-tamunipun.

“Nuwun sewu Nyai” Ki Sarkara wiwit anangkleti tamunipun  sasampunipun tamu kala wau lenggah “menawi kula kaparengaken ngertos, ndika menika sedherek saking pundi? Ngagem asma sinten?”

“Inggih Kisanak, ndherek tepang gladhi wanuh” kalihan mesem ingkang ketingal sepet madu pawestri menika suka wangsulan “nami kula pun Sapaetun dene griya kula ing Dhusun Kepuhagal boten tebih saking papan menika. Saestu lho, kula boten nyana menawi ing tengah wana makaten jebul wonten dalem ingkang sae kados makaten menika, meh kemawon kula wau badhe tilem ing sangandhaping kajeng ageng, nanging dumadakan saking katebihan kula sumerep sunaring diyan, lajeng kula purugi jebul ing mriki wonten griya ingkang sakalangkung endah menika. Nuwun sewu lan nyuwun pangapunten lho Kisanak, ndika asmanipun sinten? Menapa sampun dangu anggen jengandika yasa dalem ing papan mriki menika? Kok kula nembe menika sumerep kamangka kula sampun wongsal-wangsul liwat margi sacaketing Sendhang Tambak menika”.

“Inggih Nyai dipun tepangaken kemawon, nami kula Sarkara” Ki Sarkara suka wangsulan, salebeting manah lajeng kemutan bilih griya ingkang dipun papani menika namung asipat maya, dumados saking ciptanipun mBah Tambak, mila inggih boten nggumunaken menawi pawestri ingkang nami Sapaetun menika nembe sepisan menika sumerep, awit estunipun papan menika wujudipun ingkang nyata kasat mripat saben dintenipun namung wit-witan ingkang ageng, mila kangge nyingidaken kanyatan saestunipun kapeksa Ki Sarkara lajeng wicanten dora sembada “menapa saestu menawi ndika asring liwat margi mriki? Kula kok inggih nembe menika sumerep ndika? Griya niki sampun dangu sanget wontenipun ing papan mriki menika”.

“Makaten inggih Ki Sarkara?” Pawestri ingkang ngaken gadhah nami Sapaetun menika setengah tambuh “Inggih mbok menawi kula kemawon ingkang kirang premana menawi ing mriki jebul wonten griya, lan mbok bilih nalika kula nuju liwat margi mriki anyarengi jengandika boten wonten dalem”.

Mungel makaten menika Nyai Sapaetun kalihan ngebataken rambutipun dhateng wingking temah nuwuhaken ganda arum ingkang kuwawa nggugah manah jaleripun Ki Sarkara.

 

Ana candhake.

Senin, 20 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (059)

59.

Anggenipun sami rerembagan kendel sakedhap awit sami ngrahabi menapa ingkang dipun segahaken dening Nyai Sarkara, inggih wedang jahe panas dipun lalapi gendhis aren. Camilanipun kenthang cemeng ingkang dipun godhog kulitan, kapilih ingkang agengipun racak sakemiri-kemiri. Ing wanci dalu kados makaten menika mila kraos eca lan sekeca jejagongan sinambi nedha tetedhan prasaja kados makaten menika.

“Dene nggonku sowan ing ngarsane Kanjeng Ratu Setyawati mau” ing sela-selanipun dhahar kenthang cemeng mBah Tambak nglajengaken anggenipun wicanten dhateng Ki Sarkara “mung saprelu nyuwun pituduh apa sing kudu tak tindakne sawuse ndika teka ing papanku kene iki. Lan kaya sing dikandhakne Kyai Prasanta mau, aku pancen kober mampir menyang papane Nyai Pandhanwangi ya Nyai Pandhansari, awit Nyai Pandhanwangi tau kandha marang aku nek aku arep ketekan dhayoh sing bisa nulungi aku, mbukakne dalan kanggo tak liwati tumuju menyang Gunung Lawu. mBok menawa wae, dhayoh sing dikandhakne Nyai Pandhanwangi kuwi ndika, Ki Sarkara”.

“Ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa upami, mBah Tambak” atur wangsulanipun Ki Sarkara “ dene ndika kadamel repot awit kula ingkang kaleresan ngungsi menika, namung kemawon kula kinten ingkang dipun kersakaken dening Nyai Pandhanwangi magepokan kalihan anggen jengandika badhe jengkar saking mriki tumuju Redi Lawu suwita dhateng Kanjeng Sunan Lawu menika dede kula, awit kula menika namung tiyang limrah ingkang boten gadhah kalangkungan menapa-menapa, saged kula kemawon namung bebakulan alit-alitan lan sakedhik-sakedhik ugi saged nenandur kados patrapipun kadang tani. Boten nates inau ulah kebatosan menapa dene ulah kanuragan”.

Mbah Tambak mesem wiyar mireng wangsulanipun Ki Sarkara ingkang blaka lan prasaja ngaten menika. Ki Jurudah lan Ki Prasanta ketingal manggut-manggut, kados-kados mangetos menapa ingkang saged dipun lampahi Ki Sarkara ing saben dintenipun.

“Saiki aku tak genti sing takon Kisanak Sarkara” Ki Jurudah gentos ingkang ngendika dhateng Ki Sarkara “aku mau krungu ature mBah Tambak marang Kanjeng Ratu, sing nyritakne yen ndika kuwi sawijining Molang utawa Blantik Rajakaya……”.

“Namung tilas Molang Kyai” Ki Sarkara nigas wuwusipun Ki Jurudah “padamelan Molang menika sampun kawuntat, samangke kula namung dados tiyang ingkang nembe pados tiyang klambrangan pados padamelan kangge nglajengaken gesang kalihan kulawarga”.

“Iya, iya Ngger” Ki Jurudah paring wangsulan kalihan mesem dhateng Ki Sarkara “Cekake ing wektu iki, kena diarani ndika kuwi lagi arep miwiti urip anyar maneh, sawise ndika ninggalake Kutha Pajang. Apa ya pancen bener mangkono?”.

“Leres Kyai” atur wangsulanipun Ki Sarkara “lan anggen kula miwiti gesang enggal menika badhe nyambut damel menapa inggih dereng mangertos.  Awit saking menika ambok bilih Kyai kepareng badhe paring pitedah padamelan menapa ingkang sae tumrap gesang kula lan kulawarga kula, saestu kula sakalangkung ngaturaken genging panuwun”.

“Ngene ya Ngger” Sarwi mesem wiyar Ki Jurudah lajeng ngendika malih “nek mung butuh bisa urip, kuwi satemene ora angel. Awit awake dhewe urip iki ana sing ngersakne urip, ya kuwi Gusti Sing Gawe Urip. Nek Gusti isih ngersakne awake dhewe urip, embuh carane apa Gusti mesthi nyukupi apa sing awake dhewe butuhne murih bisa urip. Gampangane saupama ndika saiki yasa gubug kanggo dipanggoni banjur saben dinane ndika luru wohing thethukulan sing ana alas kene iki, ya sing wujud pala pendhem utawa pala gemandhul lan pala kasimpar lan ing sambikalane longgar ndika mbebedhag buron alas sing kena ndika alap daginge, kuwi ya wis cukup. Sing arep tak takokne marang ndika kuwi, apa sawise ndika kaparingan urip iki cukup tekan semene apa ndika isih duwe gegayuhan sing luwih dhuwur kaya lumrahe wong-wong sing tau ndika weruhi jaman ndika isih manggon neng Kutha Pajang biyen?”.

“Blaka suta kemawon Kyai” sasampunipun radi dangu anggenipun nata ukara, Ki Sarkara lajeng atur wangsulan dhateng Ki Jurudah “mila saestu jaman kula taksih gesang kacekapan ing Nagari Pajang, kula sakalangkung wekel ing damel jalaran kula kepengin saged dados tiyang ingkang sugih. Ingkang nalika samanten kula kinten namung dados tiyang sugih ingkang saged ndadosaken sekecaning gesang kula benjing menawi kula sampun sepuh, boten rekaos menawi pados sandhang miwah pangan. Nanging sareng kula nandhang kacingkrangan dados tiyang klambrangan kados makaten menika, lajeng kula mireng cariyos lan pitutur saking mBah Tambak, pepenginan kula sampun benten malih Kyai”.

“Banjur bedane ana ngendi Ngger?” Ki Jurudah mundhut pirsa dhateng Ki Sarkara.

“Menawi ta saged kasembadan, kula kepengin sanget saged kados tiyang-tiyang jaman rumiyin ingkang dipun cariyosaken dening mBah Tambak, inggih menika dados titahipun Gusti ingkang gesangipun migunani tumrap titah sanesipun, saged dados titahipun Gusti ingkang mangertos kuwajibaning titah dhateng Gustinipun miwah dhateng sesamining titah” atur wangsulanipun Ki Sarkara.

Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta ketingal sami mesem remen, kekalihipun sami mirsani dhateng mBah Tambak.

“Ketoke sing ndika enteni wis teka tenan mBah Tambak” wicantenipun Ki Prasanta kalihan ngesemi mBah Tambak “ya muga-muga wae, panggraita sing teka ing atiku iki ora luput”.

“Kuwi panuwunku Ki Prasanta” wangsulanipun mBah Tambak alon nanging cetha.

“Lha Angger Sarkara apa wis ngerti yen kanggo mujudne apa sing ndika pengini kuwi, wiwit sadurunge kasembadan nganti sawise kasembadan bisa gawe rekasaning raga, malah kurang-kurang bejane bisa nuwuhake kapitunan tumrap raga ndika sakulawarga?” Ki Jurudah mundhut pirsa malih dhateng Ki Sarkara.

“Nyuwun pangapunten Kyai” wangsulanipun Ki Sarkara “miturut pamanggih kula sasampunipun mirengaken dhawuh-dhawuh saking mBah Tambak, kasangsaraning raga menika boten sepintena sakitipun menawi titah sampun ngrumaosi bilih piyambakipun menika titahing Gusti. Jalaran titah ingkang sampun estu anggenipun manembah dhateng Allah, saestu badhe boten saged kapisahaken kalihan watak Lila, Trima lan Legawa. Tiyang ingkang sampun kacondhokan watak lila saestu boten badhe rumaos kecalan menapa kemawon ing salami-laminipun, awit sadaya ingkang wonten menika muhung kagunganing Gusti, titah namung sadremi katitipan, kuwajibanipun titah namung angreksa sakuwaosipun boten saged angukuhi menawi Gusti kepareng mundhut ingkang dipun titipaken. Kaping kalih titah ingkang sampun kagadhuhan watak trima, boten badhe dhemen rumaos serik dhateng sinten kewala, boten nglokro yenta kapaido, boten kedanan pangalembana saking sesamining titah, sadaya kawangsulaken dhateng Maha Mulyaning Gusti Ingkang Maha Mulya. Salajengipun, titah ingkang namung mangeran dhateng Allah, badhe pasrah lan namung badhe ndherek menapa ingkang jumbuh kalihan piwucaling Allah, boten ngangsa-angsa nuruti pikajenging karsa, nuting sedya namung badhe pasrah dhateng Purbaning Kawasa. Tumindak sae menika kuwajiban dene ta undhuh-undhuhanipun namung ngupadi sihing Gusti tanpa metang panganggeping titah saha boten badhe ngajeng-ajeng pituwas saking titah”.

Ki Jurudah ketingal menawi rena penggalihipun mirengaken wangsulan ingkang dipun aturaken dening Ki Sarkara ingkang makaten menika. Samanten ugi Ki Prasanta, ingkang lajeng ngunandika nanging kawiyos suwantenipun :

“mBah Tambak kuwi nyata wicaksana, ingatase durung suwe anggone duwe murid Angger Sarkara, nanging apa sing diwulangake mBah Tambak wis nunjem teka dhasaring atine Angger Sarkara ………”.

“Gek ndika kuwi guneman apa ta Ki Prasanta?” mBah Tambak dumadakan nyendhu Ki Prasanta “Ki Sarkara kuwi dudu muridku, apa sing dikandhakne Ki Sarkara kuwi ya dudu piwulangku, nanging piwulanging Gusti sing dicakne dening wong-wong jaman biyen sing tau tak critakne marang Ki Sarkara”.

“Nyuwun pangapunten Kyai” Ki Sarkara lajeng nyela atur “gandheng kula menika ngrumaosi kasumerepan kula kenging winastan namung jero tapakipun meri, mila kula lajeng nggadhahi pamanggih sadaya tiyang inggih ingkang sepuh menapa dene tiyang anem, boten mbenten-mbentenaken inggil andhaping drajat sadaya kula dadosaken guru kula. Namung kemawon awit angemuti bilih sedaya guru kula kala wau inggih namung drajating titah ingkang boten tebih saking lepat lan leres, beja lan apes, emut saha supe, pramila sadaya inggih kedah saged kula timbang lan limbang, dene menawi ngantos lepat anggen kula nimbang lan nglimbang, kula pitados bilih Gusti badhe paring pangaksami tuwin boten badhe angumbar kula lumampah ing margi ingkang sasar, lumatar titahipun ingkang mbok menawi dereng kula tepangi sawanci-wanci tartamtu badhe wonten ingkang badhe paring pitedah dhateng kula murih leresing lampah. Inggih awit saking menika, mumpung kula nembe kaparingan nugraha dening Gusti temah saged linggih sapejagong kalihan mBah Tambak, Kyai Jurudah miwah Kyai Prasanta ing kalodhangan ingkang sae menika mugi jengandika sami kersaa paring pitedah menawi pamanggih ingkang kula aturaken ing ngajeng pranyata nalisir saking garis piwucaling Gusti saha kaparenga nedahaken pundi margi ingkang langkung prayogi kula pecaki”.

“Kabeh titah sing sipate lumrah, lire dudu utusaning Gusti kang kang kagadhuhan Wahyu, kuwi padha wae Ngger” Ki Jurudah ingkang ngendika ananggapi aturipun Ki Sarkara “dadi ndika, aku, Ki Prasanta apa dene mBah Tambak kuwi tenane ngono padha. Padha olehe golek marga kanggo nggayuh sihing Gusti, padha dene olehe asipat titah wantah, padha dene olehe ora adoh saka lali lan luput, mula tumrap wong sing angestu marang Allah duwe kuwajiban tansah mad sinamadan gelema ngelingake sing lagi lali, mbenerake sing tumindak luput. Gegayutan karo sing lagi wae ndika kandhakne iki mau, katone panemu ndika wis jumbuh karo panemuku, apa dene karo panemune mBah Tambak lan Ki Prasanta. Ya muga-muga wae apa sing dadi panemune awake dhewe iki wis bener mungguhe Sing Kagungan Bener”.

“Inggih Kyai, ngaturaken genging panuwun” wangsulanipun Ki Sarkara kalihan tumungkul.

“Samengko banjur piye Ki Jurudah lan Ki Prasanta?” dumadakan mBah Tambak nyuwun pirsa dhateng Sapukawat Kraton Ngiyom kekalih menika.

Ki Jurudah mirsani dhateng Ki Prasanta, makaten ugi Ki Prasanta ugi mirsani dhateng Ki Jurudah, kekalihipun sami anggenipun mirsani sesamining rowang.

“Ngene yam Bah Tambak” wekasan Ki Prasanta ingkang langkung rumiyin ngendika dhateng mBah Tambak “satemene Kakang Jurudah ya bisa wae, ngandhakne lan mangsuli apa sing dadi pitakon ndika kuwi, saiki uga, nanging …….”.

“Nanging ana apa Ki Prasanta?” mBah Tambak nigas rembagipun Ki Prasanta mawi pitakenan “apa aku isih kakehan cacad lan prelu nambahi laku patobatan maneh ?. Yen kuwi sing kudu tak tampa, aku ya ora kabotan babar pisan, bares wae bareng aku krungu apa sing dikandhakne Ki Sarkara mau aku dadi sansaya ngrumangsani yen dosa lan kaluputan sing tak tindakne isih luwih akeh katimbang karo laku becik sing isih kerep kacampuran rasa melik kanggo nuruti hardaning karep kuwi………..”.

“Aja kaduk ati bela panampa kaya mangkono kuwi mBah Tambak” Ki Jurudah ingkang suka wangsulan kalihan mesem “aku krungu dhewe apa sing didhawuhne dening Kanjeng Ratu, sanadyan isih ana kurange nanging miturut Kanjeng Ratu sing wis ndika tindakne sasuwene iki wis akeh sing jumbuh karo kersane Kanjeng Ratu sing tansah nocogake tindak ndika karo layang paugeran sing ana Kraton Ngiyom”.

“Lha banjur apa sing di-nanging-ake dening Ki Prasanta mau ?” mBah Tambak pitaken malih.

“O kuwi ta mBah Tambak?” Ki Prasanta suka wangsulan kalihan gumujeng “mula ta mula, nek eneng wong guneman kuwi aja seneng nyela-nyela, wekasan dadine ya ngono kuwi”.

“Iya, saiki tumuli ndika kandhakne, nanging kepiye?” mBah Tambak ketingal menawi kirang sabar.

Kyai Prasanta mesem lajeng gumujeng meh kemawon kemekel anggenipun gumujeng. Ki Jurudah namung klecam-klecem anggenipun ngampet murih boten katularan gumujeng kados Ki Prasanta.

Ana candhake

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...