Total Tayangan Halaman

Jumat, 14 April 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (074)


 

74.

Krungu wangsulane Prajurit marang kancane sing keri dhewe ngono kuwi aku dadi ora sranta. Daya-daya aku mlayu nurut arah asale prajurit sing mundur mau. Kira-kira oleh telung pembalang, aku weruh Siwa Tambaksegara wiwit ngetokne aji jaya kawijayan simpenane kanggo ngadhepi mungsuhe. Kanggo sauntara aku ora arep melu cawe-cawe dhisik aku kepengin weruh kaya apa kadibyane Ratu Gunungireng sing jarene prajurit mau kadigdayane wis mundhak matikel-tikel karo kadigdayan sadurunge.

 

Jebul apa sing dikandhakne prajurit mau pancen dhasar kepara nyata, ngadhepi jurus-jurus mbebayani sing dicakne Siwa Tambaksegara, katon yen Sunaratapa ora gigrig babar pisan. Malah semu nyepelekne. Merga kabeh serangane Siwa Tambaksegara bisa diendhani kanthi gampang, malah nek kapinujon kudu ditangkis, tempuking kekuwatane wong loro kuwi katon isih adoh luwih unggul kekuwatane Ratu Gunungireng katimbang kekuwatane Siwa Patih.

 

Sansaya suwe tandange Siwa Patih katon sansaya kendho, kegawa saka umur sing wis wiwit tuwa. Kang mangkono kuwi mau beda banget karo kahanane Prabu Sunaratata sing sansaya suwe katon sansaya mundhak seger. Nganti ana kedadeyan kaya-kaya Siwa Patih mung dienggo dolanan dening Ratu ing Gunungireng kuwi. Wasana pungkasane Prabu Sunaratapa ketok wis ora sabar maneh, wangune kepengin enggal mungkasi anggone perang tandhing.

 

“Heh Patih Tambaksegara” Prabu Sunaratapa guneman sawise katon rampung nggone ngetrepne aji jaya kawijayane “wiwit mau kowe wis tak kandhani yen mung kowe wae nglengkara bisa madhani kadigdayanku. Nanging kowe wong tuwa sing ora kena dikandhani nganggo ukara sing becik, tak kon bali lan ngajak ratu gustimu kowe malah ngeyel. Saiki rasakna aji piyandelku, sing arep ngobong ragamu dadi awu lan ngirimne sukmamu menyang dhasaring neraka!”.

 

Rampung muni ngono katon saka epek-epek tangane Prabu Sunaratapa metu geni sing rupane biru. Sansaya suwe genine katon sansaya gedhe, banjur kanthi mripat sing mencereng Sunaratapa nyedhaki papane Siwa Patih sing wis ngadege ora pati bisa jejeg, nanging bawane prajurit sing setya marang bangsa lan negarane, Siwa Patih katon ora arep mlayu ngedohi mungsuhe. Aji jaya kawijayane Prabu Sunaratapa arep ditampani kanthi dhadha kang mungal.

 

Mesthi wae, aku ora bakal ngumbar Siwa Patih dadi bebantening perang gugur ing madyaning rana ketiban ajine Sunaratapa. Kanthi ngecakne aji Panyirep Agni, aku kebat mlumpat ngadhang lakune Prabu Sunaratapa. Lan kanthi ati kang teteg, aji Panyirep Agni tak sawatne marang geni sing warnane biru, sing mulat-mulat disurung tangane Sunaratapa kuwi. Sunaratapa sing ora ngira yen aku arep melu nrambul perang, dadi kaget. Luwih kaget maneh bareng ngerti yen geni sing disurung arep kanggo ngobong mungsuhe kuwi mau dumadakan malik arah, ora sida maju ngobong ragane Siwa Patih Tambaksegara, nanging malah mbalik tumuju marang Prabu Sunaratapa dhewe.Karo gedandaban ngendhani, Ratu Gunungireng kuwi daya-daya ngrucat ngelmune.

 

“Boten nyana lan boten nginten menawi jebul jengandika ingkang rawuh mriki Sang Kusuma Dewi” kandhane Prabu Sunaratapa karo mesem marang aku, babar pisan ora ngatonake kagete maneh “nyuwun pangapunten menawi anggen kula badhe radi ngasari Gusti Patih menika kala wau boten dados sarjuning penggalih jengandika”.

 

“Boten dados menapa Sang Prabu” wangsulanku uga karo mesem sanadyan atiku panase ngungkuli genine mawa sambi “namung kula rumaos ngeman menawi wonten tiyang ingkang mentas meguru enggal anggenipun badhe nyobi ngelmunipun namung badhe katamakaken dhateng tiyang sepuh ingkang sampun katelasan tenaga. mBok inggih menawi nyata perwira dipun padosaken tandhing ingkang satimbang”.

 

“Sepisan malih kula nyuwun pangapunten Sang Kusuma Dewi” tak wangsuli karo ukara kang mangkono kuwi mau, ketara yen praupane Prabu Sunaratapa mbrabak, nuduhne yen rumangsa isin, mula banjur guneman “saupami Patih Tambaksegara menika boten murang tata malah kumawantun badhe ngendharat kula kasowanaken dhateng Setambul minangka pasakitan, kula kinten kula boten badhe wantun kalihan Patih Tambaksegara menika”.

 

“Dados Sang Prabu boten narimahaken awit badhe dipun kendharat dening Siwa Patih?” aku takon karo mesem ngece “menapa ndika boten ngrumaosi anggenipun Wa Tambaksegara gadhah lekas ingkang makaten inggih awit saking trekah ndika ingkang sampun nindakaken lampah degsura dhateng Kanjeng Rama Prabu lan nagari Setambul?”.

 

“Nuwun sewu Kusuma Dewi” Sunaratapa wangsulan karo nggeget untu mratandhani yen lagi ngempet kanepson “menawi kula kaanggep sampun tumindak degsura dhateng Prabu Kusalatantra menika nami kirang pas, malah boten leres babar pisan. Jalaran kula boten nate wantun nantang perang nagari Setambul, dene menawi anggen kula sampun pinten-pinten pasewakan boten ndugeni menika kula kinten sampun pas. Jalaran kula menika drajatipun sami kalihan Sang Prabu Kusalatantra, inggih menika sami-sami anggenipun kapitados ngesuhi lan ngayomi kawula ing nagarinipun. Sang Prabu Kusalatantra ngayomi lan ngesuhi kawula ing Setambul dene kula ngayomi lan ngesuhi kawula ing Gunungireng mriki. Kula mila ngakeni bilih sawargi Kanjeng Rama Prabu Saimanga mila dados telukanipun ingkang Rama, nanging menika rak Kanjeng Rama? Dede Sunaratapa! Awit Sunaratapa ngrumaosi bilih mbudidaya murih wewah raharjaning kawula ing Gunungireng menika langkung baken katimbang saben sewulan mbucal wekdal saha tenaga namung badhe ndherek seba ngadhep dhateng Raja ingkang dereng kantenan kasektenipun estu saged ngayomi kula miwah kawula ing Gunungireng mriki”.

 

“Dados Sang Prabu sampun kagungan lekas badhe wani kalih Kanjeng Rama Prabu Kusalatantra?” aku takon suwaraku wiwit keprungu sereng.

 

“Borong anggenipun badhe mastani Kusuma Dewi” wangsulane Prabu Sunaratapa uga kanthi suwara sing atos “kula boten nate gadhah lekas badhe wantun dhateng Sang Prabu Kusalatantra, nanging kula ugi boten purun malih kabawah dening sok sintena kemawon kalebet kabawah dening Raja ing Setambul. Sok sintena ingkang nedya ngganggu kamardikan kula, badhe kula adhepi ngantos tumetesing rah ingkang pungkasan”.

 

“Manawi makaten ndika kedah kula rodhapeksa murih saged kula sowanaken ing ngarsaning Kanjeng Rama, Sang Prabu” kandhaku karo tata-tata pasang kuda-kuda.

 

“Suwawi mangga kula ladosi Sang Kusuma Dewi” wangsulane Sunaratapa uga banjur nata adage siyaga ngadhepi aku.

 

Ora suwe ing papan kono wis dadi rame. Ramene anggonku perang tandhing karo Prabu Sunaratapa sing tak anggep wis mrang tata kuwi. Saiki aku bisa mbuktekne yen kandhane prajurit mau pancen bener tenan. Tandange Prabu Sunaratapa nyata ngedab-edabi, jurus-juruse sarwa mbebayani. Aji jaya kawijayane kabeh katon nggegirisi. Nanging aku durung rumangsa kabotan ngadhepi Ratu sing lagi wae meguru anyaran kuwi. Kabeh jurus lan aji jaya kawijayan sing dipamerne bisa tak adhepi kanthi becik, sanadyan ya kala-kala kudu ngetokne tenaga sing luwih gedhe.

 

Sansaya katon yen Prabu Sunaratapa sansaya kethetheran nggone ngadhepi tandangku. Wis wola-wali anggone tiba glangsaran, awak lan sandhangane wis reged ketemplekan lebuning lemah sing campur karo kringete. Ing praupane wis ketok neng pating brenjol kena kepelan tanganku, malah lambene sing kandel semu nggandhul kuwi ya wis pecah, mbuh mau keliwatan tungkaku embuh merga kena kamplengane tanganku. Nanging Ratu Gunungireng kuwi durung ana tandha-tandha gelem ngakoni yen wis kasoran yuda mungsuh aku. Isih panggah ngeyel, arep mbales laraning ragane. Dumadakan Sunaratapa mencolot memburi rada ngedohi nalika aku ndheseg aweh serangan.

 

“nDika kenging gembira Kusuma Dewi, awit sampun saged wongsal-wangsul nyakiti raga kula” karo nggereng nuduhne nesune Sunaratapa guneman “nanging kula boten badhe purun kawon kalihan jengandika Kusuma Dewi, jalaran kula mapan ngukuhi bebener”.

 

“nDika ngendika boten purun kawon menika inggih mangga kemawon Sang Prabu” wangsulanku karo ngece “ingkang baken menawi ndika boten tumuli pasrah bongkokan dhateng kula, mangka badhe siyos kelampahan wonten Ratu ingkang badhe kula larak lan kula seret saking Gunungireng mriki ngantos dumugi ing Setambul ngadhep Kanjeng Rama, sawatawis para prajurit badhe ngiringi sangking wingking kalihan surak-surak awit sumerep polah lan mireng sambat ndika lan ing sadawaning margi ndika badhe dados tontonanipun tiyang-tiyang ing padhukuhan ingkang dipun langkungi”.

 

“Sampun kesesa rumaos mimpang Kusuma Dewi” Prabu Sunaratapa wangsulan kanthi santak, banjur katon tangane ndudut pedhang saka wrangkane sing cumanthel ing sabuk lempenge. Pedhang kuwi katon yen dudu sabaene pedhang, nalika wis ucul saka wrangkane katon yen pedhang kuwi mencorot ngetokne cahya sing rupane biru mbalerengi. Bares wae sajroning atiku ana rasa nratab, nanging ya ora suwe, merga sanadyan pedhang kuwi pedhang pusaka duwe perbawa lan kekuwatan gaib, nanging aku uga wis dudu bocah cilik maneh. Kira-kira telung prapate ngelmu lan aji jaya kawijayane Kanjeng Rama Prabu wis ditularake marang aku. Kajaba saka iku aku uga wis diparingi ngampil pusaka piyandele Kanjeng Ibu sing uga wujud pedhang sing wilahe telung nyari nanging tipis landhepe kagila-gila, gagange pedhang digawe saka gadhinge gajah sing mati ngurag, winangun kaya sirahe naga, kang digawe kanggo mripate naga wujud Mutiara nanging wis ilang siji, mula pedhang pusaka ampilan saka Kanjeng Ibu  iku diarani Pedhang Naga Mripat Siji. Weruh yen Sunaratapa wis nggegem gagang pedhange, aku ya banjur nglolos Kyai Naga Mripat Siji saka wrangkane.

 

“Ha ha ha……” weruh aku uga nglolos pedhang pusaka Sunaratapa gumuyu ngakak, banjur kandhane “jengandika ugi badhe mandi Sabet Kyai Naga Mripat Siji, Kusuma Dewi? Kula ngertos menawi Sabet menika mila Sabet Pusaka agemanipun Kanjeng Ratu Tantrimaleki, nanging jengandika kedah pirsa menawi sabet ingkang kula cepeng menika dede sabet damelan pandhe utawi empu limrah, nanging sabet menika cinipta mawi sabda dening Dewaning Naga saking Seganten Wetan, nenggih Pukulun Bathara Nagabiru, dados menawi namung pusaka agemanipun Kanjeng Ratu Tantrimaleki ingkang jengandika asta menika boten badhe unggul manawi katempukaken kalihan sabet ingkang kula beta menika. Awit saking menika, menawi jengandika Kusuma Dewi kenging kula emutaken, prayogi jengandika kundur kemawon dhateng Setambul, kawurungna anggen jengandika badhe ngendharat kula”.

 

Aku pancen tau krungu dedongengan saka kanjeng Ibu yen Dewa sing mangwasani Samodra Wetan sing jejuluk Sang Hyang Nagabiru kuwi nate yasa gegaman kaya sing dikandhakne Sunaratapa ngono kuwi mau. Nanging, gandheng aku iki eling yen putrane Kanjeng Rama Prabu Kusalatantra, mula tembunge Sunaratapa sing tata gelar ngeman marang kaslametanku kuwi, tak tampa kaya dene pangina marang aku. Aku wis dianggep gampang wedi krungu sesumbare mungsuh. Mula tekadku, embuh bakal apa sing bakal dumadi, Sunaratapa arep tak adhepi. Sokur-sokur yen aku bisa gawe cilakane Ratu Gunungireng sing mbalela iki lan bisa nduweni Pedhang sing saiki digegem neng tangane kuwi, mesthi aku bakal klakon dadi wong sing ora ana sing ngalahake.

 

“Cekap sampun kekathan ginem ingkang tanpa gina Sang Prabu, badhea kados menapa kedadosanipun kula kedah saged ngendharat jengandika lan nyowanaken ing Setambul minangka Pasakitan” wasana aku wangsulan karo tata-tata arep nibakne pusaka Kyai Naga Mripat Siji marang Prabu Sunaratapa.

 

 

Ana candhake

 

Kamis, 13 April 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (073)

73.

Sawise kalilan dening Kanjeng Rama, daya-daya aku nggoleki Siwa Patih Tambaksegara saprelu arep ngandhakne apa sing dadi pepenginanku, ngendharat Sunaratapa lan nyeret ragane wong murang tata kuwi wiwit saka negarane ing Gunungireng nganti tekan ngarsane Kanjeng Rama ing Setambul.  Nanging aku wis kasep, Siwa Patih wis budhal menyang Gunungireng kanthi nganthi wadyabala sing cukup akeh. Ora sranta aku banjur daya-daya nggoleki Kanjeng Ibu. Wis dadi pakulinan tumrap aku, yen arep lelungan menyang ngendi wae, mbuh apa kuwi sing dadi tujuwane, aku mrelokne pamitan lan nyuwun pangestu marang Kanjeng Ibu. Klebu nggonku arep nglurug menyang Gunungireng iki, mokal atiku tentrem yen aku ora pamitan lan nyuwun pangestu luwih dhisik marang Kanjeng Ibu.

 

Sawise marak ing ngarsane Kanjeng Ibu, ora bisa tumuli enggal-enggal lunga utawa mundur, Kanjeng Ibu isih paring pandangu lan mundhut pirsa sing kudu tak wangsuli kanthi sacetha-cethane, yen ora Kanjeng Ibu langka bakal maringi palilah luwih-luwih pangestu marang aku ninggalne kutharaja ing Setambul.

 

“Sanadyan aku ya melu gela marang lekase Ratu ing Gunungireng sing mirong kampuh jingga kuwi, nanging ana sethithik rasa panedha nrima-ku marang  Prabu Sunaratapa” dhawuh pangandikane Kanjeng Ibu sawise tak aturake larah-larahe nggonku kepengin aku dhewe sing mbanda utawa ngendharat Prabu Sunaratapa lan nyowanake ing ngarsane Kanjeng Rama. Mula aku ya rada gumun karo apa sing didhawuhne Kanjeng Ibu sing ngendikakne nek isih ana rasa panedha-trima marang Ratu Leletheging Bawana kuwi.

 

“Raos Panedha-trima ingkang kados pundi Ibu?” ora sranta aku banjur genti nyuwun pirsa karo apa sing dadi kersane Kanjeng Ibu .

 

“Jalaran kanthi tembunge sing murang tata kuwi, Prabu Sunaratapa wis ngelingake marang aku lan kudune uga bisa ngemutake marang Ramakmu sarta marang awakmu dhewe Kusali” dhawuh wangsulane Kanjeng Ibu.

 

“Ngemutaken bab menapa ibu? Menapa antawisipun Kanjeng Ibu saha Kanjeng Rama kalihan Prabu Sunaratapa nate wonten prajanjen ingkang dereng rampung?” bares wae aku dadi rada kuwatir krungu pangandikane Kanjeng Ibu mangkono kuwi. Awit jaman semana kerep wae ana crita sing ngabarake ana ratu sing njanjeni marang kawula sing dianggep nduweni lelabuhan sing gedhe marang negara banjur dijanjeni nek arep dipundhut mantu, aja-aja Kanjeng Rama nate kagungan janji marang Ratu Gunungireng kuwi nek arep mundhut mantu dheweke. Nek ngono tenan, sida bilahi rasane awakku. Merga kajaba aku ora seneng nek Kanjeng Rama nganti cidra ing janji, kosok baline yen aku nganti dijodhokne karo Ratu sing kadigdayane durung karuwan yen ngungkuli kadigdayanku lan rupa sarta lagak lagon lan lageyane sing kaya ngana kae, kuwi luwih dening rekasane, ngungkuli rekasane wong sing dikunjara sing saben dina nampa pasiksane raga. Merga yen klakon dadi sisihane Prabu Sunaratapa kae, mungguhku kuwi pasiksan sing abot tumrap batinku.

 

“Aja keladuk nggonmu nampa pangandikane Ibu Nini” Kanjeng Ibu banjur paring wangsulan marang aku karo mesem, bareng panjenengane pirsa owah-owahaning praupanku sing ngemu rasa samar “Keng Rama ora kagungan janji lan ora kaiket prajanjen apa-apa karo Prabu Sunaratapa apa dene karo sawargi Prabu Saimanga. Dadi jeneng sira Nini aja kuwatir yen nganti kudu ngladeni Ratu Gunungireng kae minangka garwamu”.

 

“Lajeng ingkang mesthinipun Kanjeng Rama menapa dene kula kedah emut ing babagan menapa Ibu?” sanadyan sajroniung ati wis krasa “mak blong” nanging panggah aku kepengin ngerti karo apa sing dikersakne Kanjeng Ibu bab sing kudune diemut dening Kanjeng Rama.

 

“Nini Kusali” Kanjeng Ibu tumuli paring wangsulan “apa keng slira ora tau ketemu kanca-kanca sapadolanan nalika sliramu isih cilik biyen? Yen jeneng sira Nini sok kepethuk, mesthine weruh yen kanca-kancanira biyen jaman isih seneng dolanan kae, saiki ora ana siji-sijia sing isih legan. Malah racak-racak wis padha nggendhong anak, ana sing lagi siji lan ana sing wis loro, bakune kabeh wis padha duwe anak. Lha bareng jeneng sira Nini, apa durung ana rasa jroning atinira kepengin kawengku ing kakung kaya bocah wadon lumrahe kae Nini?”.

 

Jroning atiku pancen durung ana rasa kepencut marang wong lanang, nanging aku wedi nek nganti dening Kanjeng Ibu kadakwa nduweni jiwa sing beda karo wong liya utawa kasarane nduweni jiwa sing ora saklumrahe yen nganti umur sak mono kuwi teka durung duwe rasa sengsem marang priya. Mula aku banjur golek pawadan kanthi ngluputne marang Kanjeng Rama.

 

“Nyuwun pangapunten Kanjeng Ibu” aturku marang Kanjeng Ibu sabanjure “mesthinipun pandangu ingkang kados makaten menika boten kadangokaken dhumateng keng putra kula, awit minangka admajaning Narendra Gung Binathara, kula saged pala krama utawi saged kawengku priya minangka jatukrama kula menika, gumantung kalihan kawicaksananipun Kanjeng Rama Dewaji. Mila saestu kanjeng Ibu, saupami kula ngantos kasengsem dhateng priya saestu badhe kula puthes raos sengsem kala wau, jalaran saru tumraping Kusali menawi ngantos kayungyun ing priya angrumiyini kersaning Kanjeng Rama Prabu ingkang dereng kagungan kersa badhe maringi jodho dhumateng putranipun menika”.

 

Tak wangsuli kaya ngono kuwi, Kanjeng Ibu katon suntrut pasuryane. Katon yen ngempet rasa sungkawa sing gedhe ing penggalihe. Jane aku ya mesakake, nanging tinimbang aku sing diamuk yen aku ora atur wangsulan kaya ngono kuwi, mula ya arep kepiye maneh?. Aku ya ngerti yen satemene Kanjeng Ibu kuwi wis kepengin banget kagungan putu kaya  kanca-kancane. Mula banjur kanthi ngati-ati aku nyoba matur dora sembada kanggo nglipur sungkawane :

 

“Makaten kemawon Ibu, mangke utawi benjang menawi anuju Kanjeng Ibu caket kalihan Kanjeng Rama Dewaji, kula suwun kanjeng Ibu keparenga munjuk dhateng Kanjeng Rama murih kula enggal kapadosaken jatukrama”.

 

“Bener Nini” wangsulane Kanjeng Ibu karo ngusap waspa kang wis nelesi pangarasane “wis saiki yen sira arep budhal menyang Gunungireng, pun Ibu wis nglilani lan Ibu mung bisa paring pangestu kairing panyuwunan marang Hyang  Kang Maha Murah, muga-muga kasembadan apa kang dadi pepenginanmu Nini”.

 

Aku banjur nyembah maneh marang Kanjeng Ibu, lagi banjur mundur arep budhal menyang Gunungireng, nusul Siwa Patih Tambaksegara. Karo mlaku aku ngetung yen tenane budhalku iki wis suwe kasepe. Wektu iki mesthine Siwa Patih sawadya balane pisan wis tekan ing Gunungireng. Ing kana mesthi wis kedaden perang rame antarane wadya bala saka Setambul sing dipandhegani Siwa Tambaksegara, sing duwe tekad arep munah leletheging bawana, mungsuh wadya bala saka Gunungireng sing ora nglilani ratu sesembahane dikendharat dadi pasakitan sing arep diadhepne ing trajuning kapradatan Negara Setambul.

 

Aku ngerti yen minangka Pepatihe Kanjeng Rama, Siwa Tambak Segara kuwi nggadhuh kasekten lan kasantikan sing pilih tandhing. Kajaba saka kuwi tindake Siwa Patih mesthi didherekne para Wiraning prajurit sing pangkat Tumenggung. Dadi kanggo ngrangket Prabu Sunaratapa mesthine ora bakal nemu kangelan. Mikir sing kang mangkono kuwi, lakuku sing ngambah nggegana sansaya tak kebatne. Aku ora nguwatirake Siwa Patih yen nganti kasoran yuda mungsuh Prabu Sunaratapa, nanging aku wedi yen nganti tekaku menyang Gunungireng iki mengko ora oleh mungsuh sing timbang lan ora bisa nyuntak rasa sengiting atiku marang Ratu Gunungireng sing wis ngina marang aku. Nek nganti tekan Gunungireng Sunaratapa wis dadi bandan ateges anggonku bakal nyeret ragane Ratu Gunungireng kuwi menyang Setambul ora bakal kasembadan. Awit bakal saru dinulu yen aku mung wani nyikara wong sing wis dadi bandan. Mula lakuku dadi sansaya tak rikatake, mega-mega sing ngalangi lakuku tak lumpati ngono wae.

 

Nanging sepira gumuning atiku, bareng aku tekan alun-alun praja Gunungireng. Ing kono katon para Prajurit saka Stambul padha repot mbanda tangane para prajurit Gunungireng.  Nanging anehe, ora adoh saka papan kono uga akeh prajurit Setambul sing padha repot, nambani para Wiraning Prajurit sing padha pating glethak tanpa daya, katone padha nandhang tatu sing rada abot. Malah ana uga sing katone wiwit mau durung eling saka anggone semaput. Mripatku banjur ngulati nggoleki ing ngendi papane Siwa Patih Tambaksegara wektu iki.

 

Dumadakan mripatku weruh ana prajurit sing mlayu sajak kesusu, nyedhaki papane kanca-kancane sing lagi repot nambani para wira ndhuwurane. Sawise tekan kono, dening salah siji saka kancane ditakoni :

 

“Piye kahanan palagan Kiraka  ? Muga-muga Gusti Patih bisa mrantasi karya lan ngendharat Prabu Sunaratapa sing pranyata kasektene wis mundhak ora karu-karuwan dhuwure nganti para Bendara Tumenggung nandhang kanin kaya mangkene” .

 

“Abot Kiraka” wangsulane Prajurit sing lagi teka kuwi “aku ora ngerti lan ora bisa ngira-ngira, nganti kapan rampunge perang tandhing antarane Gusti Patih mungsuh Prabu Sunaratapa kae. Gusti Patih nyata satriya sing sekti mandra guna, tau tate tandhing jitus paribasane. Nanging dina iki sing diadhepi Prabu Sunaratapa sing wangune lagi wae meguru anyar, kasektene wis tikel matikel karo kasekten sadurunge. Kaya sing wis ndika weruhi nDara Tumenggung – nDara Tumenggung sing kasektene pilih tandhing wae, dina iki mau klakon digawe kaya ngono dening Ratu Gunungireng”.

 

“Dadi kahanan ing kana saiki isih katon timbang ngono apa piye Kiraka?” wong sing takon mau takon maneh, “banjur ya gene ndika malah mundur ngedoh mrene?”.

 

 

“Bener Kiraka” wangsulane prajurit sing ditakoni kuwi “kahanan palagan kena diarani timbang, kekarone padha dene sektine. Upama diibaratake jago ngono, Gusti Patih kuwi kaya jago Wiring Kuning, Jalu bungalan, buntut dawa ora ana subale nanging Prabu Sunaratapa kuwi ya dudu panunggalane jago kate utawa jago wido klobot, sing godhohe putih, cenggere wilah ngana kae. Nanging Jago Abang Srana utawa Abang Penatas, cara ules karo Wiring Kuning kuwi ya wis padha mung bedane manggon ana sikile sing rupane putih. Satemene nek nganggo petung ulese jago, Gusti Patih kuwi menang ing ules nanging kalah ing umur, merga cetha nek Prabu Sunaratapa iki isih rosa-rosane napase ya isih dawa-dawane, dadi ya kena diarani timbang. Padha dene anggone duwe kaluwihan nanging uga padha olehe duwe kakurangan. Iki mau aku mundur ngedoh kuwi ora merga aku wedi kena yen nganti ketiban serangan sing luput banjur ngenani aku ngono ora, nanging pancen wangune Gusti Patih arep ngecakne ngelmu sing aku durung ngerti jeneng lan katiyasane. Aku disasmitani supaya ngadoh supaya ora ngganggu anggone Gusti Patih matak aji lan japa mantrane……”.

 

 

Ana candhake

 

Selasa, 11 April 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (072)


 

72.

 

Nalika samana aku lagi wae bali saka palagan nelukne Prabu Sunaratapa saka negara Gunungireng sing wis duwe niyat mbalela marang Rama Prabu. Prabu Sunaratapa kuwi maune iya wis dadi ratu telukan, wiwit sadurunge madeg dadi ratu ing Gunungireng, jalaran wong tuwane Prabu Sunaratapa kuwi wis ditelukne dening Rama Prabu luwih dhisik. Jalaran sawuse Prabu Saimanga ditelukne dening Rama Prabu, banjur dadi ratu telukan sing setya, mula Kanjeng Rama banget asihe marang Prabu Saimanga lan kulawargane kalebu marang putrane sing jeneng Sunaratapa kuwi. Akeh perkara sing wigati dipasrahake marang Prabu Saimanga supaya diayahi. Lan sawuse Prabu Saimanga lengser keprabon lan digenteni dening anake lanang sing jeneng Sunaratapa, katresnan lan kaparcayan sing diparingake dening Rama Prabu babar pisan ora suda. Malah saking tresnane Rama Prabu marang Prabu Sunaratapa, banjur Ratu ing Gunungireng kuwi rinengkuh kaya dene putrane Kanjeng Rama dhewe. Sunaratapa kaya diuja dening Kanjeng Rama. Nanging eman, Prabu Sunaratapa kleru nggone nampani katresnan lan kapercayan sing diparingne Rama Prabu, dianggep Kanjeng Rama sing mbutuhake Prabu Sunaratapa, utawa kasarane Prabu Sunaratapa nganggep yen Kanjeng Rama kuwi satemene ora ana apa-apane yen nganti ditinggal Prabu Sunaratapa. Anggone Kanjeng Rama nguja kasenengane Sunaratapa dianggep merga Kanjeng Rama wedi, ora merga saka sih katresnane.

 

Maune Kanjeng Rama ora pati migatosake sikepe Prabu Sunaratapa sing kerep wae tumindak kaduk wani kurang deduga marang panjenengane kuwi. Nanging bareng anggone degsura Prabu Sunaratapa kaanggep wis ngliwati wates, Kanjeng Rama banjur dadi duka. Kadegsuran sing ditindakne Prabu Sunaratapa marang Kanjeng Rama kuwi diwiwiti saka pirang-pirang pasowanan ora gelem melu seba ing Setambul. Kanjeng Rama banjur ngutus Siwa Patih Tambaksegara supaya tedhak menyang Gunungireng, nakyinake apa sing dadi sabab dene Prabu Sunaratapa nganti pirang-pirang pasewakan ora teka ndherek seba.

 

Sepira kejoting penggalihe Kanjeng Rama sawise Siwa Patih Tambaksegara bali saka Gunungireng lan ngaturake asil nggone wis lumawat menyang Gunungireng minangka dhutaning nata.

 

“Lepat nyuwun sih pangapunten dalem Sinuhun” mangkono ature Siwa Patih Tambaksegara sawuse kadangu dening Rama Prabu apa asile sawuse dinuta menyang Gunungireng “meh kemawon saderengipun kula wangsul nilaraken nagari Gunungireng kedadosan Prabu Sunaratapa kula larak lan kula jempalani awit kula anggep sampun murang tata, nanging awit saking pangestu dalem kula taksih kaparingan emut bilih jejer kula dumugi ing Gunungireng menika namung minangka dhuta ingkang boten kasampiran purba tuwin wasesa, temah kula kalihan ngampet kanepsoning manah tumunten wangsul saprelu ngaturaken wohing dinuta ing ngarsa jengandika Kanjeng Sinuhun”.

 

“Mengko dhisik” Rama Prabu nyela rembug “apa sing wis ditindakne dening Prabu Sunaratapa? Kok nganti Kakang Patih sajak ora kepranan ing ati kuwi he?”.

 

“Inggih Sinuhun” wangsulane Siwa Patih nutugne ature “nyata menawi Sunaratapa sampun kecalan nalar, ketingal menawi badhe ngemping lara ngegenjah pati, awit sampun wani dhateng Kanjeng Sinuhun ingkang sampun paring kekocah saha pakurmatan dhateng piyambakipun. Anggenipun pinten-pinten panangkilan boten purun sowan menika mila sampun dipun sengaja lan dipun niyati wani dhateng Paduka Kanjeng Sinuhun, awit piyambakipun rumaos sadangunipun menika dening paduka Kanjeng Sinuhun namung kadamel kangge tambeling nagari Setambul ngantos klendran anggenipun mikir dhateng nagarinipun piyambak. Nalika kula emutaken bilih drajatipun nagari Gunungireng menika mila namung nagari telukanipun Setambul, ewa samanten awit agenging sih kawlasan dalem, Nagari Gunungireng taksih kathah kaparingan kekocah saha Sunaratapa boten kendhat kaparingan ganjaran ingkang tansah kumucur pindha ilining toya narmada, mila lekasipun Prabu Sunaratapa ingkang makaten menika yekti lekas ingkang murang tata wuta ing reh panarimah. Piyambakipun malah lajeng gumujeng ngakak. Lajeng kula dipun uman-uman kados dene tiyang papariman lan ingkang sakalangkung damel sakiting manah kula inggih menika ing pungkasaning panguman-uman, piyambakipun wicanten makaten : Raden Patih satemene aku iki ora babag yen kudu guneman karo ndika, nanging gandheng aku isih duwe rasa kurmat marang Prabu Kusalatantra, saiki ndika bali wae menyang Setambul lan matura marang Ratu-gusti ndika yen aku Prabu Sunaratapa bakal gelem bali marak seba kaya padatan yen Prabu Kusalatantra gelem nuruti apa sing dadi panjalukku, ya iku Prabu Kusalatantra kudu masrahake Dewi Kusali dadia jatukramaku. Yen sarat iki wis ditetepi mangka aku ora bakal kabotan saben wayah Siniwakan teka menyang Setambul melu seba minangka tandha bektiku marang Maratuwa……..”.

 

“Dhus malaningrat, gegelahing jagad, leletheging bawana, panuksmane dakjal laknat, Sunaratapa” durung nganti rampung anggone matur Siwa Patih Tambaksegara, kedhisikan Kanjeng Rama ora kuwat ngampah anggone duka, Prabu Sunaratapa disepatani, banjur paring dhawuh marang Siwa Patih “bener apa sing ndika aturake Kakang, Sunaratapa nyata wis picak mripate, wuta atine. Ora weruh ing kabecikan, tuna ing rasa panarima. Cilik tak gedhekne jebul mung ndadekne gedhe endhase, bodho tak pinterne jebul mung arep minteri sing minterne, ora pantes wong kaya Sunaratapa kuwi kesuwen urip luwih becik yen enggal dikirimne menyang dhasare Yamani loka kana”.

 

“Kawula nuwun, mila leres menapa ingkang Paduka dhawuhaken Sinuhun” Siwa Patih atur wangsulan “samangke kaparenga Paduka paring dhawuh dhateng keng abdi, menapa ingkang prayogi kula lampahi magepokan kalihan pambalelanipun Ratu ing Gunungireng menika?”.

 

“Ora prelu ngenteni wektu, ora sah ndadak diendhe-endhe, dina iki uga parentah ingsun marang ndika, nganthia wadyabala sacukupe, budhala menyang Gunungireng aku njaluk sowane Sunaratapa wis rupa bandan ing ngarsaku kene, dene yen kapeksa ora bisa rupa bandan, wujud kunarpa iya ora dadi apa lan aja malang tumoleh anggon ndika tandang, yen ana sing nedya memalangi laku ndika, katutna dosane pisan. Diage ndika budhal, purba lan wasesa tak paringne sacukupe” karo suwara sing nuduhake dukaning penggalihe Kanjeng Rama tumuli paring dhawuh marang Siwa Patih Tambaksegara supaya ngrangket Prabu Sunaratapa.

 

“Sewu ngaturaken genging panuwun dene Sinuhun sampun kepareng paring kapitadosan dhateng kula kangge mbrastha satruning bawana, boten langkung dhateng sendika, kaparenga abdi paduka bidhal dinten menika ugi, pangestu dalem ingkang tansah kula suwun, mugi lampah kula sageda lebda ing karya” Siwa Patih atur pamit arep nindakne dhawuhe Kanjeng Rama.

 

“Iya Kakang, ora ana liya pawelingku marang ndika kajaba supaya tansah ngati-ati aja nganti keri, duga-duga aja lali tansaha digawa, mbanyu mili pangestuku marang ndika Kakang Patih Tambaksegara” wangsulane Rama Prabu.

 

Sapungkure Siwa Patih, aku banjur genti nyedhak ndheprok ing ngarsane Kanjeng Rama karo nyembah.

 

“Ana apa Nini ? sajake ana sing arep mbok aturake marang pun Bapa ya?”  karo mesem kebak rasa welas asih Kanjeng Rama paring pandangu marang aku.

 

“Leres Rama” aku ngaturake wangsulan.

 

“Arep matur apa?” panggah karo esem sing ora ucul saka lathine Kanjeng Rama ndangu aku “apa sliramu duwe panyuwunan? Arep nyuwun apa, tumuli matura kanthi trawaca Nini”.

 

“Lepat nyuwun sih pangapunten dalem Sinuhun” aku munjuk atur “estunipun kula rumaos sampun nampi pangina ingkang tanpa upami saking Ratu ing Gunungireng kados ingkang dipun aturaken Siwa Patih Tambaksegara kala wau”.

 

“Iya Nini” Rama Prabu paring wangsulan banjur mundhut pirsa “pancen si Sunaratapa temen wis ngliwati wates anggone murang tata. Mula Ingsun banjur ndhawuhake marang Siwakanmu Patih Tambaksegara supaya ngendharat Ratu ing Gunungireng kuwi mau. Apa Nini Kusali uga duwe panemu liya magepokan karo murang tatane Prabu Sunaratapa iki ?”.

 

“Makaten Kanjeng Rama” aku munjuk atur “menapa ingkang Paduka dhawuhaken dhateng Siwa Patih Tambaksegara kala wau, mila sampun trep lan leres. Namung gandheng ing wicantenipun Ratu Gunungireng dhateng Siwa Patih kala wau nyebat nami kula, inggih menika murih Kanjeng Rama masrahaken kula dhateng piyambakipun,  ingkang makaten menika miturut pangraos kula, Ratu Gunungireng sampun cumanthaka badhe ngina lan ngremehaken tuwin amemirang pun Kusali, mila kula rumaos dereng lega manawi ta dereng saged males wirang dhateng Ratu Gunungireng menika kalihan tangan kula piyambak”.

 

“Nini Dewi ngersakne sing kepiye?” Rama Prabu mundhut pirsa meneh.

 

“Kula kepengin bidhal dhateng Gunungireng Rama” aku atur wangsulan “kula kepengin sanget nyumpeli tutukipun Prabu Sunaratapa ingkang ngremehaken kula menika mawi tungkak kula, minangka panyuntaking raos seriking manah kula ingkang sampun dipun wewirang dening Prabu Sunaratapa”.

 

“Satemene pun Bapa bisa nampa lan bisa mangerteni sepira laraning atinira Nini” Rama Prabu paring wangsulan “awit Sunaratapa wis ngremehake jeneng sira Nini, dianggep mung barang sing kena kanggo tetukon marang ratu Gunungireng kuwi mau, nanging gandheng iki mau pun Bapa wis paring dhawuh kang disartani purba wasesa marang Siwakanmu Patih Tambaksegara, tak kira ya wis cukup. Nini Dewi ora prelu ndadak kangelan budhal dhewe menyang Gunungireng kanggo males wirang. Mengko wae yen Sunaratapa wis tekan kene wujud bandan, sadurunge ingsun nibakake pidana marang dheweke, Nini Dewi tak keparengake nyuntak pangigid-igid sing ana atinira marang Ratu Gunungireng sing murang tata kuwi”.

 

“Boten Rama” aku matur marang Kanjeng Rama maneh “kula kedah dhateng Gunungireng dinten menika ugi, kula kepengin sanget neter sepinten kadigdayanipun Ratu Gunungireng ingkang sampun ngina dhateng Kusali menika, kula ugi kepengin nyeret raganipun Prabu Sunaratapa wiwit Gunungireng ngantos dumugi ing Setambul mriki saprelu kula aturaken ing ngarsaning Kanjeng Rama minangka pasakitaning nagari ingkang pantes dipun brastha”.

 

Kanjeng Rama ora tumuli paring wangsulan marang panyuwunanku sing mangkono kuwi mau. Bola-bali tak lirik Panjenengane njengkerutne palarapan, wangune ewuh oya anggone arep paring wangsulan marang panyuwunku kuwi mau. Nanging aku pancen wis duwe tekad kaya sing tak aturake, Kanjeng Rama kudu paring palilah marang aku kanggo males laraning atiku marang Prabu Sunaratapa sing murang tata. Paribasan dipalangana bakal tak lumpati didhadhunga aku bakal medhot. Lan aku uga ngerti yen Kanjeng Rama uga wis apal karo watak wantuku yen lagi duwe kekarepan kudu bisa kaleksanan.

 

“Yen pancen  mangkono sing dadi karepmu Nini, pun Bapa ora bisa menggak maneh” wekasan Kanjeng Rama banjur ngendika “Nanging tak jaluk aja nganti sira gawe cuwaning atine Patih Tambaksegara sing wis tak pasrahi purba wasesa, sadurunge jeneng sira nindakne apa sing dadi karepira marang Sunaratapa, Nini Dewi kudu luwih dhisik nembung utawa taren marang Siwakanmu Patih Tambaksegara, prelune ora nganti ana tembung selingsurup antarane Nini Kusali karo Patih Tambaksegara, Nini kudu ngelingi tumraping satriya, laraning atine merga mungsuhe direbut dening liyan, kuwi luwih lara tinimbang sing direbut kuwi bedhangane”.

 

“Ngaturaken genging panuwun Rama” aku wangsulan karo ati sing seneng “sampun kuwatos sedaya dhawuhipun Kanjeng rama badhe kula estokaken, kula badhe manggihi Siwa Tambaksegara langkung rumiyin saderengipun tumandang”.

 

 

Ana candhake

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (071)


 

71.

Sansaya tebih plajenging nalaripun Ki Lurah. Manawi antawisipun Nyai Pandhanwangi ingkang sampun paring wartos dhateng tiyang-tiyang bilih piyambakipun menika taksih putranipun, estu-estu wonten sambung rapetipun, ateges Nyai Pandhanwangi menika boten benten kalihan mBah Tambak utawi Ki Jurudah lan Ki Prasanta ingkang suwaunipun mila titah ingkang wujud manungsa limrah lajeng awit saking kageret dening lelampahaning gesang lajeng dados titah ingkang asipat prayangan. Nanging kala wau Ki Lurah sampun mireng bilih Nyai Pandhanwangi menika benten kalihan jinisipun mBah Tambak utawi Ki Jurudah lan Ki Prasanta. Menawi makaten…. Menapa malah piyambakipun ingkang estunipun sanes titah ingkang abangsa manungsa?. Saged ugi rumiyin simbahipun menika bangsanipun lelembat panunggalaning Jim lan Prayangan, lajeng kageret dening kawontenaning lelampahan gesang lajeng dados manungsa. Nanging menapa wonten cariyosipun titah bangsa lelembat ingkang radin-radin kagadhuhan kadigdayan, kalangkungan tuwin umur ingkang langkung kathah tinimbang menungsa, purun gesang dados manungsa ingkang sarwa ringkih lan nggadhahi umur ingkang cekak menika?. Ki Lurah sansaya judheg anggenipun nggagas. Awit sadaya gagasanipun tansah notog ing temboking pitaken ingkang boten kasumerepen wangsulanipun. Nanging Ki Lurah lajeng kengetan dhateng menapa ingkang sampun dipun panggihaken salebeting nindakaken lampah panembah ing Sanggar Pamujan saderengipun kepanggih kalihan Nyai Pandhanwangi kala wau. Pramila Ki Lurah inggih lajeng saged ngendheg lampahing kajudheganipun ingkang manawi dipun umbar saged mblabar dugi pundi-pundi ingkang tundhonipun saged adamel kapitunanipun piyambak.

 

“nDika dhewe tak jaluk mengko aja nganti kanemenen anggone  kaget, sawuse ndika weruh sapa sejatine aku” sasampunipun kendel sakedhap Nyai Pandhanwangi lajeng ngendika malih “awit kanthi ngaweruhi lelakonku ndika bakal sumurup sapa sejatine ndika iki lan ya gene aku banget duwe kawigaten marang lelakon kang ndika alami”.

 

“Inggih Nyai” ing salebeting raos judheg Ki Lurah atur wangsulan “estunipun, sasampunipun kula mandhap saking Sanggar Pamujan ingkang lajeng mriki niki wau, kula sampun nyelehaken sejatosing Sarkara wonten papan ingkang bakoh ingkang boten badhe kula elih-elih malih. Dados ambok bilih mangke kula sampun sumerep sinten estunipun Sarkara menika, kula boten badhe kaget babar pisan. Jalaran sejatining Sarkara sampun kula seleh ing papan ingkang kala wau kula aturaken”.

 

“Sejatining Sarkara wis ndika papanake ing panggonan sing bakoh Ki Lurah ? Papan apa kuwi?” Nyai Pandhanwangi ketingal dereng uning kalihan menapa ingkang dipun aturaken dening Ki Lurah.

 

“Nuwun Inggih Nyai” Ki Lurah lajeng atur wangsulan nedya nyethakaken ingkang dados aturipun “duk rikala kula manjing Sanggar Pamujan saderengipun kula mandhap lan nedya nabuh kenthongan nanging boten siyos awit kepanggih jengandika Nyai menika,  dumadakan dening Gusti Ingkang Maha Mirah netraning manah kula dipun bikak, temah mawi netraning manah kula saged nyumerepi bilih sedaya ingkang salamining menika kula wastani wonten kalebet jagad saisinipun menika, jebul namung semu, ingkang estunipun namung suwung, kopong sarta samun, ingkang estunipun boten wonten. Lan ingkang estunipun wonten boten kenging dipun tingali dening ingkang wontenipun namung semu menika. Cethanipun makaten : Sejatosipun ingkang wonten menika namung Gusti ingkang boten saged dipun tingali, dene ingkang katingalan lajeng kaanggep wonten menika estunipun boten wonten, jalaran wontenipun inggih awit dipun wontenaken dening Gusti. Dados estunipun ingkang wonten menika namung kalih, ingkang sepisan inggih menika Gusti dene salintunipun Gusti menika Kawula. Lan wontenipun Kawula menika inggih awit katitahaken dening Gusti. Kalebet titah ingkang nami Sarkara menika, menika inggih namung sadrajating titah utawi kawula ingkang wontenipun inggih awit katitahaken dening Gusti sawanci-wanci Gusti angukud lan mangsulaken Sarkara dados boten wonten malih, Sarkara boten badhe saged andaga lan saupami badhe katitahaken dados menapa kapapanaken ing pundi kemawon kaparingan pagesangan ingkang kados pundi kemawon, menika sedaya namung Gusti ingkang wenang amurba. Lan gandheng kula menika titahing Gusti, kula kedah ngrumaosi namung kenging sumarah dhateng  purbaning Gusti lan wewenang kula ugi winates namung kenging tumindak kalihan wewenang ingkang dipun paringaken dening Gusti, boten kenging nyahak ingkang sanes wewenangipun. Inggih kanthi mapanaken Sarkara minangka kawulaning Gusti menika ingkang rumaos kula kraos ayem saha tentrem, inggih awit saking menika badhea kados pundi kawontenanipun kula badhe tansah anjagi murih Sarkara boten ngalih saking papan minangka kawula menika”.

 

“Iya, iya Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi gentos ngendika sasampunipun Ki Lurah kendel anggenipun wicanten “tumrap Nyai Pandhanwangi apa kang ndika kandhakne kuwi kabeh Nyi Pandhanwangi wis bisa nampa lan bisa mangerteni kang dadi karepe. Mung wae mbok menawa ana titah liya sing ora awake dhewe ngerteni, mbuh apa wae wujude, mbok menawa melu ngrungokne apa sing ndika kandhakne iki, yen nganti tumpeng suh anggone nampa bisa nuntun marang kesasaring laku, jalaran apa kang ndika kandhakne iki mau mbutuhne katrangan sing ora sethithik lan ora gampang anggone nyethakne sing dadi werdine”.

 

“mBok menawi mila makaten Nyai” atur wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem “nanging mugi kauningan, bilih atur kula menika kala wau inggih namung katur jengandika ingkang sampun kula samekaken kalihan guru tuwin tiyang sepuh kula piyambak, boten kagem sanesipun, dados menawi ta ngantos wonten ingkang mirengaken, mangka ingkang tumut mirengaken menika tuhu sampun ngincipi menapa ingkang yektosipun dede pasegahan kangge piyambakipun lan menawi ta ngantos kapedhesen utawi kapaiten, kaselak utawi slalapen, mangka boten prayogi menawi tiyang kala wau utawi tuyang sanes ingkang sumerep lajeng nglepataken kula awit ngaturaken bab menika kala wau dhateng jengandika Nyai”.

 

“Bener apa sing ndika kandhakne Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi wangsulan kalihan mesem ingkang nedahaken renaning penggalihipun.

 

“Ngaturaken genging panuwun Nyai” Ki Lurah lajeng matur malih “samangke menawi Nyai badhe paring uninga dhateng kula, prakawis sinten sayektosipun kula tuwin ing wanci menika kula mapan ing alam menapa saha sinten sayektosipun Nyai menika sinten, mugi tumuli kadhawuhna”.

 

“Iya Ki Lurah, samengko ndika mirengne sauntara, aku bakal miwiti crita” Nyai Pandhanwangi paring wangsulan.

 

“Nuwun inggih Nyai, boten langkung inggih namung sendika” Ki Lurah lajeng mapan nyekecakaken anggenipun linggih, saprelu badhe mirengaken menapa ingkang badhe kacariyosaken dening Nyai Pandhanwangi dhumateng piyambakipun.

 

“Kang Kawitan prelu ndika uningani” Nyai Pandhanwangi amiwiti cariyos “aku iki satemene sepisanan tinitahake dening Hyang Agung ora ana ing Tanah Jawa kene iki”.

 

“Lha dhateng pundi Nyai?” boten kraos lan kados boten kasengaja Ki Lurah nyela rembag mawi pitakenan.

 

“Murih luwih cethane sadurunge aku rampung crita, becike ndika ora nyelani rembug dhisik Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi ngendika kalihan mesem.

 

“Inggih Nyai, boten langkung kula nyuwun pangapunten” wangsulanipun Ki Lurah ngrumaosi ing lepatipun “kala wau namung ketrucut rembag kemawon, inggih awit saking sengseming manah kula mireng cariyos saking jengandika Nyai”.

 

“Ki Lurah Iya” Nyai Pandhanwangi nglajengaken anggenipun cariyos “nanging aku tinitahake sepisanan ana ing Negara Stambul sing biyene kondhang kianthi sebutan negara Ngerum. Aku linahirake dening wong tuwaku sing uga titahing Gusti kang ngratoni para bangsa Jim. Kanjeng Rama kagungan jejuluk Prabu Kusalatantra dene Ibuku asmane Dewi Tantrimaleki. Ing jagade bangsa Jim kasekten lan kadigdayane Kanjeng Rama apa dene Kanjeng Ibu wis kondhang. Ora ana tinone Kanjeng Rama apa dene Kanjeng Ibu kuwi yen maju perang bisa dikalahake dening mungsuhe saka bangsa apa wae.  Jenengku dhewe sing diparingne dening Kanjeng Rama marang aku ya iku Dewi Kusali. Wiwit cilik dening Kanjeng Ibu apa dene dening Kanjeng Rama, aku tansah diweleg ngelmu kanuragan agal lan alus jangkep, mula nalika aku ngancik wayahe remaja putri, aku kerep banget ndherekne Kanjeng Rama budhal menyang Palagan, nglurugi Ratu-Ratu bangsa Jim sing ora gelem manungkul tundhuk marang pangwasane Kanjeng Rama. Aku uga tansah melu nyemplung ing madyaning rana, andon yuda karo para senapati sing ora gelem teluk ing sahandhaping samparane Kanjeng Rama Prabu Kusalatantra. Lan jenengku uga dadi melu kondhang yen aku Dewi Kusali Putra putrine Prabu Kusalatantra iki duwe kasekten sing ngedab-edabi lan wis gawe mirise sapa wae sing nedya ora tundhuk marang Kanjeng Rama Prabu.

 

Wis jamak lan lumrah ing ngendi wae lan tumrap bangsa apa wae, wong kuwi yen dadi putrane Narendra gung binathara sugih bandha bandhu lan bala, sing sekti mandraguna, uripe mesthi dadi kajen lan kineringan dening sapepadhane. Apa sing dadi pepenginane kudu bisa diwujudne. Apa wae sing dimeliki kudu bisa diduweni. Ing babagan apa wae, karo sapa wae, ajeg kudu tansah bener lan menang. Cekake wong sing urip kaya aku nalika kuwi babar pisan ora duwe luput lan ora bisa salah, kabeh tumindakku sanadyan gawe kapitunane wong liya kudu dianggep bener lan sing wani ngluputake bakal nampa pidana sing abot.

 

Sansaya suwe nggonku duwe watak mung gelem dianggep bener lan ora bisa diluputake ngono kuwi sansaya ndadra lan ngambra-ambra tekan ngendi-endi. Ora mung ing jagade bangsa Jim wae aku ngecakne watak sing mangkono mau, sanadyan ing jagading titah liya, kalebu ing jagade titah sing wujud manungsa watak ngono kuwi panggah ora bisa tak tinggalake. Wis akeh titah bangsa manungsa sing tak patrapi paukuman sing abot, tak gawe lara lan uga ana sing tak gawe nganti tumekaning pati, merga ora manut apa sing dadi karepku. Ing dedongenane bangsa Jim, titah sing wujud manungsa kuwi titah sing ringkih, bodho lan cendhak umure, merga pancen asal-usule titah sing wujude manungsa kuwi mung saka lempung teles sing digaringake ana sangisore sunaring srengenge. Beda karo bangsa Jim sing nduweni drajat luwih dhuwur merga asal-usuling leluhure bangsa Jim kuwi saka geni sing murup kang tanpa ana pegane.  Nanging miturut panemuning nalarku, jebul titah sing wujud manungsa kuwi ya ana sing luwih pinter yen di tandhing karo bangsa Jim. Panemuku kang mangkono mau, merga kerep wae aku nemoni lelakon, menungsa sing bubar tukaran karo aku, kamangka sing dadi sababe tukaran kuwi merga aku sing nduweni watak kaya sing tak sebutne mau,  sawuse tukaran lan klakon tak tibani pidana, akeh kulawargane sing ora duwe petung apa-apa karo aku padha mbudidaya njalukne pangapura marang aku lan anggone padha njalukne pangapura kuwi mesthi ora lelahanan nanging mesthi karo dibarengi klawan caos dhahar marang aku. Lan aku uga ora ngerti sapa sing nuduhi manungsa-manungsa sing tak arani pinter mau, kok padha weruh panganan apa sing dadi karemanku. Lan kang luwih banget tak prihatinake nanging ora bisa tak singkiri ya kuwi, kerep wae aku satemene wis dikalahake dening manungsa-manungsa sing pinter mau, kanthi wujud nuruti apa sing dadi prentahe merga aku kepencut marang dhedhaharan sing diarani sesajen sing dipasrahake marang aku.

 

Lan wekasane aku klakon bisa dikalahake sing sak kalah-kalahe dening titah sing sasuwene iki tak remehne merga saka asal-usule, ya iku janma manungsa. Ya iku nalika ing atiku wiwit katuwuhan rasa sengsem ndulu kaendahaning priya. Ing atiku wiwit ana rasa kapencut marang apa-apa sing diduweni priya. Rasaku wiwit seneng sesandhingan karo priya. Sanadyan kang mangkono kuwi satemene ya lumrah wae lan kabeh wong padha dene olehe ngalami. Nanging ana sing ndadekne ora lumrah kanggoku, awit priya sing wis klakon nelukne atiku kuwi dudu golongane bangsa Jim, nanging saka golongane bangsa manungsa. Dene cethane mangkene : …………

 

 

Ana candhake

 

 

Minggu, 09 April 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (070)


 

70.

Ki Lurah lajeng mlebet dhateng griya ingkang sampun dados gadhahanipun piyambak menika. Jebul kawontenaning griya sampun jangkep, papan-papan ingkang dipun betahaken dening Ki Lurah sampun wonten sedaya, kados upaminipun papan kangge lerem, papan kangge sarwa-raras (santai), papan kangge manekung minangka sanggar pamujan ugi sampun wonten. Kangge ngirangi raos ingkang boten sekecaning manah, labet dereng mangertos kalihan lelampahan ingkang dipun panggihi menika, Ki Sarkara lajeng sesuci kasambet manjing sanggar pamujan badhe nyuwun pitedah dhateng Gusti Ingkang Maha Pana. Saderengipun, Ki Lurah langkung rumiyin manggihi Nyai Lurah ingkang nembe lenggah jejagongan kalihan Nyi Dirah saha Nyi Diyem ing longkangan kering, sawatawis Pradapa nembe ketungkul anggenipun dolanan ing sacaketipun.

 

“mBokmu, aku arep golek padhanging nalar ing jero sanggar pamujan dhisik” wicantenipun Ki Lurah dhateng semahipun “aja ana sing padha ngganggu” .

 

“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Lurah cekak kemawon.

 

“Anakmu Pradapa aja oleh dolan adoh-adoh dhisik, awit awake dhewe rak durung apal karo papan kene iki?”.

 

“Inggih Pakmu, mangke Thole kula kandhanane”.

 

Sadumuginipun Ki Lurah ing salebeting sanggar pamujan, dumadakan kraos kadya sinendhal manahipun. Wonten raos lingsem ingkang sakalangkung ageng, lingsem dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung.  Ki Lurah ngrumaosi bilih saestu sampun dangu anggenipun nyingkur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Inggih wiwit piyambakipun nilaraken nagari Pajang, ingkang wonten salebeting manahipun namung wujud raos ajrih menawi gesangipun sansaya ngrekaos, inggih labet sadaya bandhanipun ingkang sadangunipun menika kaanggep praboting gesang ingkang paling baken sampun boten dipun gadhahi malih. Manahipun ugi tansah kacondhokan raos sakit awit bandha donyanipun sampun dipun rebat kanthi peksa dening titiyang ingkang duraka. Kamangka piyambakipun ngrumaosi menawi bandha donya menika anggenipun pados rumiyinipun ugi kanthi liwat margi ingkang boten cengkah kalihan piwucaling agami, liripun kanthi boten damel kapitunaning sanes, ewa semanten dumadakan ucul saking regemanipun awit tumindakipun tiyang ingkang culika. Mila saestu, saben dinten sadangunipun kesah saking nagari Pajang, boten nate kendhat anggenipun manembah dhateng Gusti nut lan tuntunaning agami ingkang dipun rasuk, inggih menika kanthi nglampahi panembah gangsal wekdal ing saben dintenipun. Nanging salebeting nglampahi lampah panembah menika, ingkang dipun unjukaken Ki Lurah dhateng Gusti Ingkang dipun sembah, boten wonten malih kajawi kasangsaraning gesangipun sakulawarga. Netraning manahipun kados-kados sampun kadamel wuta awit kasangsayan ingkang nembe dipun sandhang, satemah boten saged ningali bilih estunipun sih katresnaning Gusti boten nate kendhat anggenipun kumucur dhateng piyambakipun lan manawi katandhing kalihan kasangsayan ingkang nembe dipun sandhang, kasangsayan menika estunipun namung kados dene tiyang ingkang kapencokan mrutu ingkang lajeng dipun cakot,  ketang anggenipun kesangeten anggenipun ngraosaken gateling salira awit kacokot ing mrutu temah nutupi raos eca lan sekeca ingkang wonten ing perangan sanesipun saking  saliranipun.

 

Inggih awit kemutan ingkang makaten kala wau, satemah Ki Lurah boten kiyat ngampah raos keduwungipun, awit sampun rumaos tebih anggenipun namung nurut margi ingkang katedahaken dening hawa lan napsunipun. Pranyata sadangunipun menika Ki Lurah boten tuhu-tuhu anggenipun angestu dhateng Gustinipun, panembahipun dhateng Gusti namung kangge nuruti pakenipun hawa napsu ingkang tansah boten narimahaken dhumawahing kodratipun Gusti ingkang boten jumbuh kalihan pikajengipun.  Tanpa kraos Ki Lurah ngguguk anggenipun muwun, anggetuni sadaya lepatipun. Inggih kalepatan lan dosa ingkang namung saged dipun tingali mawi sucining manah kemawon, kalepatan lan dosa ingkang boten wonten ingkang nyumerepi kajawi namung netraning manah ingkang suci. Lan ing salebeting raos keduwung menika Ki Lurah nggadhahi tekad kepengin wangsul dados kawulaning Gusti, dede kawulaning hawa napsu kados ingkang sampun kalampahan sadangunipun gesang ing pangumbaran menika.

 

Inggih awit saking raos kepengin wangsul dados kawulaning Gusti menika ndadosaken Ki Lurah emut bilih piyambakipun dinten menika nembe ngayahi sesanggeman kados ingkang sampun kaaturaken dhateng mBah Tambak, Ki Jurudah, Ki Prasanta miwah Nyai Pandhanwangi, inggih menika mbubak wana ing sakiwa tengenipun wit Kepuh inggih wit ingkang agal piyambak katimbang wit-wit sanesipun ing wana menika. Lan sepisan malih Ki Lurah kepengin mangertos ing titi kalenggahan menika piyambakipun menika nembe gesang ing alam maya, menapa ing alam nyata ? Menapa malah sampun pejah kalap dados brekasakan ing alaming para lelembat?.   Lan kangge mangertosi menika, Ki Lurah badhe ngempalaken titiyang ingkang sampun ngrumiyini mbabat wana lan miwiti yasa padhukuhan sarta ndamelaken griya jangkep saisinipun kangge piyambakipun, ingkang criyosipun awit nuhoni dhawuhipun Nyai Pandhanwangi. Tiyangt-tiyang kasebat badhe dipun ajak makarya sesarengan nglajengaken anggenipun badhe yasa padhukuhan kanthi cara limrah kados ingkang dipun cakaken dening tiyang ingkang gesang ing alam nyata, kanthi makaten pitakening manahipun Ki Lurah badhe tumuli pikantuk wangsulan. Dene sasampunipun mangertosi samangke piyambakipun mapan ing alam menapa, mangke badhe dipun gagas malih.

 

Ki Lurah tumunten amungkasi anggenipun nindakaken lampah panembah ing sanggar pamujan, daya-daya badhe dhateng pendhapa, badhe nabuh Kenthongan kajeng Lo ingkang gumantung ing blandar emper, suka tengara bilih piyambakipun ngersakaken Ki Pawit sakancanipun murih mlempak ing Pendhapa Kalurahan.

 

“Aja kesusu ngundang Pawit sakancane, Ki Lurah” sepinten kageting manahipun Ki Lurah nalika tanganipun sampun nyepeng tabuh kenthongan lan badhe dipun tabuhaken, dumadakan saking prenah wingkingipun kepireng suwanten pamenging, tanpa sranta Ki Lurah lajeng noleh dhateng wingking, kepengin mangertos sinten ingkang menging piyambakipun menika.

 

“Sadurunge ndika andum gawe, luwih dhisik aku kepengin rembugan” jebul ingkang menging kala wau Nyai Pandhanwangi, ingkang lajeng wicanten kalihan boten nilar esemipun ingkang sepet madu.

 

“O, Nyai Pandhanwangi ta?” Ki Lurah atur wangsulan mawi basa ingkang nelakaken radi kageting manahipun “nyuwun pangapunten dene kula boten sumerep menawi jengandika jebul sampun lenggah ing pendhapa mriki”.

 

“Semono uga aku uga nyuwun pangapura Ki Lurah” wangsulanipun Nyai Pandhanwangi “merga yen tak sawang saka padhanging pasuryan ndika, aku mung duwe pangira yen ndika arep ngunekne tengara dara muluk kanggo nyeluk Pawit sakancane supaya mlumpuk ing pendhapa kene. Apa pancen bener mangkono? Apa ndika kagungan kersa liya kanthi ngasta tabuh kenthongan kayu elo kuwi?”.

 

“Leres Nyai” Ki Lurah atur wangsulan “mila leres bilih kula badhe nglempakaken sadaya kadang lan sedherek ingkang sampun ngrumiyini miwiti mbabat wana lan yasa padhukuhan menika. Inggih gandheng awit kawicaksanan jengandika Nyai, temah tiyang-tiyang menika sampun andhaku bilih kula menika lurahipun, mangka angkah kula tiyang-tiyang menika badhe kula ajak rerembagan murih sansaya rancag anggen kula ngayahi jejibahan mbubak wana menika”.

 

“Prayogane pancen mangkono Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi wicanten malih kalihan mesem “nanging dadi kurang prayoga yen ndika tindakne dina iki. Jalaran lagi wae Pawit sakancane nindakne dhawuh ndika ya kuwi nutugne olehe nyambut gawe kaya padatane, yen dumadakan ndika timbali supaya mlumpuk, kuwi bisa katon yen ndika kurang wicaksana. Aku ngerti yen satemene ndika lagi nyingidne rasa kepengin weruh, sing tansah ngranuhi sajroning ati ndika. Mula aku kepengin ngajak ndika rembugan murih apa sing ndadekne kisruh ing angen-angen ndika bisa ilang utawa saora-orane ya ben rada suda. Piye Ki Lurah?”.

 

“Sepisan malih kula nyuwun pangapunten Nyai” Ki Lurah rumaos kejodheran jebul Nyai Pandhanwangi ketingalipun pirsa bilih piyambakipun nembe bingung anggenipun gesang menika ing alam menapa “lakar kula nembe kados ingkang jengandika dhawuhaken menika. Awit saking menika kula sakalangkung remen lan ngaturaken genging panuwun menawi jengandika kepareng majaraken manah kula ingkang nembe ngadhepi pepeteng menika”.

 

“Iya Ki Lurah” wangsulanipun Nyai Pandhanwangi salajengipun “Satemene mungguhku, tumrap Ki Lurah yen wewadi iki tak kandhakne saiki, kuwi luwih akeh tunane katimbang bathine. Jalaran, pisan oraa tak kandhakne suwe-suwe Ki Lurah uga bakal weruh satemene Ki Lurah iki mapan ana alam sing ngendi, kaping pindho yen tak kandhakne saiki bisa nuwuhake sing maune bisa malih dadi ora bisa, sing maune katon dadi ora katon lan sapiturute. Nanging yen ora tumuli tak kandhakne, Ki Lurah ya mung bakal ngene iki wae kahanane, tansah bingung lan merga kepengin weruh satemene iki manggon neng alam apa?. Mula sadurunge, sepisan maneh aku prelu wangsulan saka ndika, Ki Lurah milih sabar sawatara wektu sing suwe-suwe ya bakal ngerti dhewe, apa milih ngerti saiki ndika kuwi manggon ing alam sing endi, nanging kang iki kena diarani ana kapitunane?”.

 

Ki Lurah boten tumunten atur wangsulan, menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Nyai Pandhanwangi menika dipun timbang-timbang sakedhap. Wekasan Ki Lurah milih kepengin mangertosi wangsulan pitakening manahipun sak niki ugi. Awit Ki Lurah rumaos boten badhe kraos jenjem manahipun lan boten badhe saged tumandang nyambut damel kanthi tentrem manawi tansah binujung dening pitakenan ingkang saged damel tratapaning manahipun.

 

“Nyuwun pangapunten Nyai” wekasanipun Ki Lurah atur wangsulan “manawi kaparengaken milih kula milih saged tumuli mangertos, titi kalenggahan menika kula gesang ing jagad maya, menapa ing jagad pasupenan, menapa ing jagad nyata? Menapa estunipun kula sampun kasantunan sipat, liripun saking sipating titah ingkang winastan manungsa santun dados titah ingkang asipat brakasakan ingkang manggen inga laming para lelembat?. Kula ugi sampun mireng bilih menawi kula milih ingkang menika, jengandika kala wau dhawuh langkung kathah tunanipun tinimbang bathinipun, mugi kauningan Nyai tumrap kula ing babagan menika boten badhe metang tuna menapa dene bathi, awit manawita kawastanan tuna, nyatanipun kula sampun makaping-kaping nampi bebathen ingkang ganjaran saha kasaenan ingkang sampun kula tampi lumantar jengandika Nyai Pandhanwangi, Ki Jurudah , Ki Prasanta menapa dene mBah Tambak  sadangunipun menika yekti boten saged kula wilang kathahipun”.

 

“Yen mangkono ndika piyarsakne kanthi trawaca apa sing bakal tak kandhakne iki mengko Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi tumunten paring wangsulan “lan muga-muga ing mengko sawuse ndika mangerteni wangsulane pitakon saka ati ndika, ndika ora keduwung ya gene ndadak kepengin ngerti saiki”.

 

“Inggih Nyai suwawi tumuli kadhawuhna, badhe kula mirengaken kanthi saestu” atur wangsulanipun Ki Lurah Sarkara tatag “lan kula prasetya boten badhe anggetuni menapa ingkang kedah dumados awit saking wantering pepenginan kula mangertosi kula samangke manggen ing alam pundi menika”.

 

“Iya Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi tumunten paring dhawuh “mesthine saka critane mBah Tambak ndika wis sumurup yen satemene mBah Tambak utawa Raden Bagus Suwanda, Ki Jurudah apa dene Ki Prasanta kae, biyen-biyene ya manungsa lumrah. Nanging kegawa saka anggone padha milih lakuning urip sing rada beda karo manungsa liyane, mula dening Gusti wong-wong kae tumuli kaparingan yuswa sing luwih dawa, kena diarani tikel matikel karo umure manungsa lumrah, mung wae gandheng winatese umur tumraping ragane manungsa, wong-wong kae dening Gusti banjur kaparingan urip sing mapane beda karo manungsa lumrah, temah ragane bisa ngalih menyang alam maya wekasan dadi lan awete. Akeh wong lumrah sing ngerteni yen ana manungsa sing malih uripe dadi kaya dene mBah Tambak apa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta ngana kae, lan wong sing mangerteni kuwi duwe pangira yen manungsa sing wis ngalih menyang alam maya kuwi banjur dadi dhemit, kuwi pangira sing luput. Benere wong kaya mBah Tambak kae ya panggah drajate manungsa nanging kaparingan papan dening Gusti ing alam maya. Sawise ndika wis ngaweruhi bab mBah Tambak lan panguripane, saiki ndika uga kudu ngerti sapa sejatine aku lan ana sambunge apa yen digandhengake karo ndika Ki Lurah Sarkara”.

 

Mireng dhawuhipun Nyai Pandhanwangi ingkang pungkasan menika, Ki Lurah rumaos kaget kaworan ngungun. Ing manahipun tuwuh pitakenan enggal, jalaran jebul antawisipun Nyai Pandhanwangi kalihan piyambakipun menika taksih wonten sambung rapetipun.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...