Total Tayangan Halaman

Selasa, 15 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (78)


78.

            Krungu pangandikane Ki Tanparupa sing kaya mangkono iku, atiku dadi adhem kaya siniram banyu sewindu. Suwarane Ki Tanparupa beda adoh karo suwarane sing mau tak rungokne ya iku nalika grenengan lan nalika rembugan karo Sang Hyang Wilis utawa Sang Hyang Ijo mau. Yen mau suwarane keprungu rada serak, nanging suara ing pangandika sing ditujokne marang aku iki keprungu endah lan kepenak dirungokne kuping.

            “Jengandika babar pisan boten lepat Kyai” wangsulanku sabanjure “malah kula sepisan malih nyuwun pangaksami jebul kula sampun nggodha anggen jengandika nembe manembah dhumateng Gusti,inggih awit saking boten ngertos kula ingkang boten nate sumerep tata caranipun bangsa manungsa manembah dhumateng sesembahanipun”.

            “Satemene tata cara manembah marang Gusti kuwi tumrap bangsa Jim lan Bangsa manungsa kuwi ora pati akeh bedane malah kepara kena diarani padha wae” genti Sang Hyang Wilis sing paring dhawuh marang aku “bedane mung mapan marang agama sing padha dirasuk. Sangertiku nalika aku kober leledhang menyang tlatah negara Ngerum, wis akeh manungsa kang ngrasuk agama sing diwulangake dening Utusaning Allah kang pungkasan yaiku Kanjeng Nabi Muhammad Kang Jumeneng Rasulullah, samono uga tumrape bangsa Jim. Mung sing tak weruhi Narendra Jim sing ngratoni Kraton Setambul kang ora liya ya keng rama ndika, isih kukuh nggondheli kapitayan saka leluhure. Kang mangkono iku jalaran rumangsa yen nduweni drajat sing luwih luhur tinimbang drajate manungsa kang asal-usule saka sari pathining lemah, kamangka asal-usule bangsa Jim cinipta saka saripathining geni. Dadi yen Nini Dewi Kusali panggah ngukuhi panemu yen bangsa Jim luwih luhur drajate tinimbang bangsa manungsa, tak kira luwih prayoga yen ndika tumuli ninggalake Tanah Jawa iki, tinimbang mengkone tan wurunga bakal memungsuhan karo sedulurku Ki Tanparupa lan siswa-siswane”.

            Pangandikane Sang Hyang Ijo sing pungkasan kuwi ndadekne gumeter rasaning dhadhaku. Adoh saka Setambul tekan Tanah Jawa iki jalaran aku kepengin suwita marang Ki Cahyangumbara, sing uga isih siswane Ki Tanparupa. Tekaku mrene iki ora nedya golek mungsuh, iya mungsuh sing wujud bangsa apa wae, nanging malah kepara arep nambah paseduluran, paseduluran karo bangsa apa wae, ora metung kuwi bangsane Jim apa bangsane manungsa. Dene babagan kapitayan kaya sing dikukuhi Kanjeng Rama sing ngugemi kapitayan yen bangsa manungsa luwih asor drajate tinimbang bangsa jim, kuwi tak kira ya ora pati luput jer geni karo lemah kuwi tak kira luwih aji geni. Nanging, bareng kapitayan sing kaya mangkono mau bisa dadi tuking pasulayan antarane manungsa lan jim, aku banjur kepengin mangerteni kepriye mungguh kapitayane wong loro sing sanadyan asale saka bangsa manungsa nanging nyatane kasektene ngungkuli kasektenku sing saka bangsa jim. Yaiku kapitayan endi sing luwih luhur drajate bangsa manungsa apa bangsa jim.

            “Nyuwun pangapunten saderengipun Pukulun” aku wiwit matur “jengandika paring dhawuh makaten menika kala wau cetha menawi geseh kalihan ancas lan sedya kula. Jalaran sagluguting kolang-kaling pinara sewu, anggen kula nilaraken nagari Setambul boten wonten sedya kangge pados mengsah. Nanging jengandika paring dhawuh menawi kula taksih nggegegi kapitayan kados kapitayaning tiyang sepuh kula, boten sande ing tembenipun badhe memengsahan kalihan Rama Ki Tanparupa lan siswa-siswanipun. Menika cethanipun kados pundi? Menapa kula kedah santun kapitayan bilih drajating bangsa jim menika mapan wonten sangandhaping drajatipun manungsa?”.

            Sang Hyang Wilis ora tumuli paring wangsulan, malah karo mesem banjur njawil Ki Tanparupa, wangune aweh sasmita marang kancane kuwi supaya mangsuli sing dadi pitakonku.

            “nDika aja kleru ing panampa Dewi Kusali” tenan, Ki Tanparupa sing banjur ngendika mangsuli pitakonku “aku sakancaku kabeh uga padha, ora niyat arep memungsuhan karo sapa wae, kajaba karo sing sapa ngalang-alangi nggonku manembah marang Allah. Sartane ndika aja kleru ing panyana yen manungsa kaya aku lan Sang Hyang Ijo kuwi nduweni kapitayan lamun drajate manungsa manggon ana ing sadhuwure bangsa jim. Kapitayanku ora rumangsa luwih luhur trinimbang drajate sapa wae, sanadyan asal usule manungsa sing wiwitane saka sari pathining lemah kuwi uga ngemu anasir telu liyane ya iku anasir bumi, anasir geni, anasir banyu lan anasir angin, nanging ora kudu ditegesi yen drajate manungsa kuwi luwih luhur tinimbang liyane. Jalaran asor luhuring drajat kuwi ora manggon ana asal lan usule, ora manggon ing kasekten lan kapinterane, uga ora ana ing endhek lan dhuwuring tataran pangkat ing kaprajan. Nanging dhuwur lan asoring drajat kuwi dumunung ana lakuning titah anggone mlaku manembah marang Allah Dzat Kang Nitahake samubarang kang ana. Endi sing luwih akeh anggone angestu, percaya, manut lan miturut marang wewarahe Gusti ya kuwi sing unggul drajate. Ana kalane bangsa jim sing tekun nggone manembah marang Gusti temah dadi luhur drjate akeh bangsa manungsa kang mapan ing sangisore, nanging ya akeh saka bangsane manungsa sing uga banget angestu lan tansah manut miturut apa sing dadi dhawuhe Gusti temah kaparingan drajat sing kaliwat luhur”.

            “Inggih Kyai” aku sumela atur “menawi kula manah menapa ingkang kadhawuhaken Kyai menika langkung jumbuh kalihan lampahing nalar. Menawi kaparengaken kula badhe nyuwun pirsa malih Kyai”.

            “Sokur bage sekethi jumurung yen ndika bisa nampa apa sing tak kandhakne ngenani luhur asoring drajat iki mau” wangsulane Kyai Tanparupa sing banjur ditututi karo pamundhut pirsa “ndika ngersakne pitakon bab apa maneh?”.

            “Inggih Kyai” wangsulanku banjur nutugne ngaturake pitakonan “ing jagadipun bangsa jim ing Setambul, sedaya ngekahi bilih drajatipun jim menika langkung inggil tinimbang manungsa, samangke kula piyambak boten sreg malih kalihan pamanggih ingkang makaten menika, ingkang kula gumuni, sinten ingkang miwiti mucalaken kapitayan ingkang saestunipun boten jumbuh kalihan nalar menika Kyai? Kenging menapa kapitayan ingkang makaten kala wau ngantos pinten-pinten atus tahun panggah boten santun?”.

            Ki Tanparupa mesem rada amba, banjur paring wangsulan :

            “Jenenge kapitayan ngono mula angel diowahi Nini, awit wis kadhung mbalung-sungsum ing jeroning atine sing ndarbeni kapitayan kang mangkono kuwi mau. Lan maneh, mula wiwit jaman anyar-anyarane Gusti nitahake manungsa, ana sawenehing bangsa jim sing nduweni kapinteran sing onjo tinimbang titah liyane, nduweni kasekten lan kadigdayan sing uga arang sing bisa mapaki, malah anggone manembah marang Gusti uga kaliwat tekune, dadi ya barang ora mokal titah sing saka bangsa Jim kuwi banjur kinasihan ing Pangeran kajen lan kineringan dening sapepadhaning titah. Cekak cukupe, titah saka bangsa jim kuwi temen-temen kagadhuhan drajat sing luhur. Nanging eman, drajat sing luhur kuwi ora lana. Nalika Gusti ndhawuhake marang sakehing titah saka bangsa Malaikat lan liyane supaya atur pakurmatan marang salah sijining titah kang asale saka bangsa manungsa kang aran Adam, sanggyaning Malaikat padha nyendikani lan nindakne dhawuhing Gusti. Mung Iblis titah sing saka bangsa jim sing mbangkang dhawuhe Gusti, ora gelem atur pakurmatan marang Adam. Dene sing dadi pawadan Iblis rumangsa nduweni drajat luwih mulya tinimbang Adam sing bebakale mung saka lemah, kamangka Iblis kang saka bangsa jim kuwi bebakalane saka sari pathining geni. Iblis babar pisan ora gelem ngrumangsani yen drajate titah kuwi padha, lire padha-padha dititahake dening Gusti. Sanadyan panemune Iblis kuwi dening Gusti ora dikeparengake, parandene Iblis mbeguguk makutha waton, mbondhan datanpa ratu, malah Iblis wani nantang marang Gusti ora wedi marang pidana kang bakal ditampa. Ya wiwit kuwi Iblis banjur mulangake marang anak turune uga marang kanca-kancane padha-padha bangsa jim supaya padha wani marang Gusti lan supaya padha nduweni panganggep yen drajating bangsa jim kuwi luwih luhur tinimbang drajate bangsa manungsa kanthi wewaton asal-usul lan bebakalne sakawit. Akeh bangsa jim sing padha nggugu marang piwulange Iblis nanging uga ana sing ora percaya lan milih dadi titahing Gusti sing manut marang piwulange Gusti. Ora mung tekan samono nggone Iblis wani marang Allah, dheweke uga marentahne marang kanca-kancane sing padha manut supaya ngajak-ajak bangsa manungsa supaya padha wani marang Allah lan gelema niru lekase Iblis. Mula ing dina saiki aran ora aneh yen ana padha-padha manungsane nanging rumangsa nduweni drajat sing luwih luhur tinimbang manungsa liyane kanthi wewaton asal-usule banjur ngremehake manungsa liyane. Ana sing rumangsa luwih luhur drajate jalaran trahing kusuma rembesing madu turase wong andana warih. Ana maneh sing saweneh rumangsa luwih mulya tinimbang liyane mung sabab tedhak turune para auliyak utawa para ngulama sing gentur tirakate”.

            Sansaya mundhak padhang rasaning atiku krungu pituture Ki Tanparupa kang mangkono mau. Ing wasana tuwuh rasa kepenginku bisa nglakoni urip kanthi salin kapitayan, ninggal kapitayane wong tuwa lan leluhurku sing ana negara Setambul lan ganti kapitayan kaya kapitayane Ki Tanparupa.

 

 

Ana candhake

 

Senin, 14 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (77)

 


77.

            Kanthi alon lan sansaya nyaket aku nyawang wong kuwi karo guneman :

            “Heh Kisanak, aku arep takon marang ndika, tulung wangsulana sing sabenere”

            Wong kuwi babar pisan ora nggape marang tekaku lan ora mangsuli pitakonku, panggah wae olehe umak-umik omong dhewe sing ora keprungu suwarane. Aku banjur nutugne olehku guneman “papan kene iki jenenge apa? Lan menawa karo Tanah Jawa isih adoh apa wis caket?”.

            Kaya mau wong kuwi panggah ora semaur. Kamangka olehku takon nganggo tembung sing alus, dadi kudune ora gawe gelane wong sing tak takoni kuwi. Kajaba saka kuwi anggonku takon uga tak rangkepi nganggo tenagane hawa murni sing bisa rumesep marang jantunge wong mau, dadi saupama wong kuwi mesthi ngerti nek tak takoni. Nanging sajake wong kuwi pancen nggregetake, tekaku ing sandhinge babar pisan ora dianggep lan ora diuwongake. Pancen bener panganggepku ing wiwitan mau, wong iki cetha nek ora waras nalare. Mula tinimbang aku muring marang wong sing ora waras sing tanpa ana gunane, luwih becik tak tinggal wae. Aku arep mlaku ngadohi wong kuwi, ngalih ing papan liya mbok menawa kepethuk manungsa sing bisa tak takoni.

            Aku milih mlaku ndharat nasaki gegrumbulan, awit bares wae aku uga kepencut karo endahing sesawangan ing papan kuwi sarta kasengsem karo hawa sing saka rumangsaku nggawa ganda arum sing bisa muwuhi segering awakku. Dumadakan lamat-lamat aku keprungu suwarane manungsa, iya suwarane manungsa sing lagi tetembangan, ura-ura. Suwarane empuk, kepenak dirungokne. Aku mandheg nilingne suwara sing sajake saka papan sing ora pati adoh karo papanku. Nanging aku dadi rada bingung, aku ora weruh papane wong sing ura-ura kuwi ana sisih ngendi?. Kala-kala keprungu saka sisih wetan, nanging ora suwe malih dadi saka sisih kulon, saka sisih lor lan sisih kidul. Aku banjur mapan lungguh ing dhuwure watu sing gedhe, ngecakne aji Sapta Pangrunguku kanggo ngaweruhi saka ngendi sumbere suwarane wong ura-ura kuwi saka sisih ngendi. Nanging sepisan maneh aku rumangsa judheg, suwara kuwi sansaya ora cetha saka sisih ngendi asale, aji Sapta Pangrunguku babar pisan ora kuwawa ngaweruhi.  Mung suwara ura-ura kuwi sansaya cetha yen dirungokne :

Yen mung waton lelandhesan pikir,

Tangeh lamun yen bisa weruha,

Luwih-luwih yen ngendelne,

Dumeh wis bisa nggadhuh,

Kadigdayan kang mung sathithik,

Rumangsa yen wis bisa

Kuwasa sadarum

Ngengina padhaning titah

Temah yen kapengkok pancabaya dadi

Sengsara tanpa guna.

            Uran-uran Dhandhanggula iki kaya-kaya wis melehake marang aku. Awit pancen sasuwene urip iki kabeh tetimbanganku mung nganggo lakuning pikir linandhesan kadibyan sing wis tak duweni. Pancen aku ya kerep rumangsa ora ana titah sing bisa mapaki kasektenku, mula kerep wae aku duwe panemu yen mung panemuku sing bener dhewe. Kekarepanku kudu kaleksanan, awit nyatane wong-wong sakiwa tengenku padha bodho kabeh, mula yen kepengin isih tak anggep ya kudu manut apa sing dadi karepku. Nanging nyatane, bareng aku mudhun ing Pulo sing wis mencutake atiku iki, aku prasasat tanpa ana regane. Aku dadi bodho. Nggoleki asale suwara kuwi wae aku ora bisa, aji Sapta Pangrungu, Sapta Pandulu, Sapta Pangganda kabeh tanpa ana gunane.

            “Heh…heh….heh……..aku ana kene!” dumadakan aku krungu suwarane wong ngguyu banjur ngandhakne papane. Cedhak banget. Aku ndhangak, jebul ing salah sijine pang wit gedhe, wong ora waras sing mau tak takoni ora semaur,katon lunggih ngethengkrang neng dhuwur pang.

            “nDika………..?” aku kaget kaworan gumun, arep guneman apa, malih dadi bingung dhewe.

            “He he he…….” Wong kuwi banjur kanthi gampang mencolot saka pang sing dilungguhi, nglayang mudhun menyang lemah tanpa nganggo suwara apa-apa, kajaba guyune sing nggregetake.

            “Aneh……” wong kuwi guneman maneh sawise mapan lungguh neng oyoting wit sing mau dipeneki. Aku mung meneng, karo ora kedhep nggonku maspadakne wong kuwi. Aku ngrumangsani yen wis luput, merga ndakwa yen wong kuwi wong ora waras. Kepengin rasaning atiku arep njaluk pangapura nanging durung kawetu.

            “Lumrahe nek wong takon kuwi rak ya mbutuhne wangsulan” kandhane wong kuwi maneh kaya ditujokne marang awake dhewe “nanging iki ora, malah ndakwa sing ditakoni sing ora-ora karo ngalih, jebule malah genti kepengin nglaras dhandhanggulane wong sing seneng nyemoni”.

            Aku arep mangap aweh wangsulan marang wong tuwa sing aneh kuwi, nanging sadurunge kawetu tembungku, kedhisikan karo suwarane wong sing mangsuli olehe grenengan wong aneh kuwi.

            “Aku ora nyemoni sapa-sapa Kyai” ora tak ngerteni pinangkane ing sisihe wong aneh kuwi wis ana wong sing nganggo sandhangan sarwa ijo sing lungguh karo plengah-plengeh eseme. Mesthi wae, aku dadi sansaya bingung lan gumun ngadhepi kahanan ing Pulo sing aneh iki.

            “Aku wis mbadhe, wangsulan ndika mesthi ngono kuwi Kanjeng” wong aneh sing sandhangane sarwa putih kuwi genti wangsulan “aku ya ora arep nutugne nggonku grenengan, merga mesthi bakal ndika pancasi lan sing cetha aku wegah bantah karo wong sing cetha ora bisa tak unggahi rembuge”.

            “He he he…..” wong sing nganggo sarwo ijo ngguyu banjur guneman maneh “lha nek ngono genti aku sing arep guneman, ndika pancasi ya mangga ndika gugu ya ora apa-apa”.

            Krungu olehe padha rembugan wong loro kuwi, aku sansaya rumamngsa nek ora ngerti apa-apa. Merga wong loro kuwi sing dirembug krasa yen aneh lan lucu, nanging cetha nek dudu rembug geguyonan. Iki aweh tandha yen satemene wong loro kuwi wong-wong sekti sing jembar banget kaweruh agal lan aluse. Aku pilih meneng karo nyemak wae.

            “Lha nek mung butuh arep guneman wae lho, kok ndadak nembung barang?” wong sing jubahe putih aweh wangsulan marang kancane “mbok ya ndang guneman, perkara aku gelem ngrungokne utawa ora kuwi rak perkara seje, sing cetha aku ora arep mancasi merga aku ngerti sanadyan mbok menawa olehku ngerti isih mbesuk utawa mengko, apa sing ndika dhawuhne mesthi benere”.

            Wong loro banjur ngguyu bareng. Aku sing ora mudheng karo sing dirembug mung bisa melu mesem, ora ngesemi tembuge nanging mesem merga weruh lucune wong loro kuwi.

            “Ya ta yen pancen mangkono” wong sing jubahe ijo kuwi banjur guneman alon “satemene ndika kuwi duwe karep sing kepiye? Ngarep-arep tak elingne apa pancen lagi lali nek ndika kuwi satemene ngono klebu wong sing angestu marang Gusti lan dina kang pungkasan ?”.

            “Oalah kuwi ta?” wangsulane sing jubah putih karo mesem amba “kuwi mau jalaran aku isih repot, mosok lagi rembugan karo Gusti arep tak tinggal mangsuli pitakone padha-padha kawulane?. Iki mau jan-jane ya wis arepaweh wangsulan, kedadak ndika rawuh mrene, ya mesisan gawe ndika wae ngandhakne, wong kuwajibanku karo kuwajiban ndika kuwi ya padha, padha-padha dhapuk sing diampiri”.

            “Wis ora ana wong lecet sing ngungkuli ndika iki Kyai……” sing klambine ijo ngguyu nyekikik.

            Aku blas ora mudheng karo sing dirembug wong loro kuwi, merga saka rumangsaku babar pisan ora nyambung siji lan sijine.

            “Ya luwih dhisik ditepungne ya Nini” dumadakan wong sing sandhangane sarwa ijo kuwi ngajak guneman aku, ketitik olehe guneman karo nyawang aku “jenengku Ijo, wong-wong bangsa manungsa yen ngarani aku Sang Hyang Wilis lan sing neng sisihku iki sedulur sinarawediku, jenenge Ki Tanparupa. Aku wong loro iki bangsa manungsa. Kaping pindhone aku njaluk ngapura awit rada randhat nggonku mbagekne ndika sing jejer minangka tamu ing papan kene sarta ndika ya aja kaget yen aku wong sakloron ora ngaturi ndika Kusuma Dewi, utawa Gusti Putri marang ndika Dewi Kusali sing satemene isih sekar kedhaton negara Setambul”.

            Krungu jeneng Ki Tanparupa, aku banjur kelingan apa sing dikandhakne Ki Cahyangumbara nalika samana, ya iku Ki Tanparupa kuwi Gurune Ki Cahyangumbara dhewe. Mula ora sranta aku banjur mlorot saka watu sing tak lungguhi, laku dhodhok banjur ndheprok ing ngarsane Ki Tanparupa lan Sang Hyang Ijo.

            “Lepat nyuwun gunging sih pangaksami Pukulun” karo nyembah aku atur wangsulan rupa nyuwun pangaksama “inggih labet saking cubluking nalar kula saha cupeting seserepan kula, temah kula boten nyana babar pisan bilih jengandika kekalih Sang Hyang Wilis tuwin Ki Tanparupa. Mugi jengandika kekalih kaparenga nampi atur sembah saha pangabekti saking kula pun Kusali Pukulun”.

            “Aja kaduk ati bela panampa Nini” genti Ki Tanparupa sing paring wangsulan marang aku “babar pisan ndika ora luput, dadi ya ora prelu njaluk pangapura. Malah aku sing mbok menawa kleru, ora tumuli aweh wangsulan nalikane Nini Dewi Kusali temah Nini Kusali banjur ninggalne papanku mau, sumurupa Nini ora jalaran aku ngremehake jejering wong sing ngajak guneman nalika aku mau ora semaur, nanging jalaran aku lagi lungguh takhiyat jroning manembah marang Gusti, sing ngalang-alangi aku aweh wangsulan marang ndika. Dene ndika ngaturake pangabekti marang aku, uga wis tak tampa ora liwat tiba sapadha-padha”.

 

 

Ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (76)

76.

            Kaya wong kena gendam, aku kamitenggengen ndomblong. Nganti lali apa sing kudu tak tindakne, sing cetha atiku krasa kelangan merga musnane Ki Cahyangumbara saka panduluku iki mau. Aji panyawangku wis tak cakne kanggo bisa nyawang barang sing ketutupan apa wae, nanging meksa Ki Cahyangumbara ora bisa katon. Aji pangrungu uga banjur tak cakne, kanggo ngrungokne swara obahe titah sing tak goleki, ewa samono panggah ora bisa krungu obahe Ki Cahyangumbara. Aku legeg, susah kaworan bingung. Wekasan aku mung bisa njegreg ora obah ora mosik, kaya reca sing ora bisa apa-apa. Kabeh-kabeh dadi lali. Aku lagi gragapan bareng Wa Patih Patih Tambak Segara marani papanku karo atur sembah :

            “Kula ingkang sowan Gusti…….”.

            “Inggih, inggih Wa Patih” wangsulanku karo nata lungguhku ngadhep Wa Patih sing nglesot neng lemah “kados pundi Wa?”.

            “Pun Uwa nyadhong dhawuh Gusti” wangsulane Wa Patih Tambak Segara “lan nyuwun pangapunten, Prabu Sunaratapa ingkang sampun tanpa daya menika paripaksa taksih kula banda mawi janget kinatelon, awit pun uwa samar menawi mangke sampun pulih kekiyatanipun saged mbebayani”.

            “Inggih Wa” wangsulanku “menika tuhu langkung prayogi, awakipun piyambak mila kedah tansah ngati-ati, sampun ngantos nilar prayitnaning batin”.

            Karo wangsulan ngono kuwi, batinku ngguyu marang awakku dhewe, jalaran lagi wae aku wis tumindak sembrana temah lali ing purwa duksina. Kanggo nutupi rasaning atiku sing isih krasa kaya wong kelangan, aku banjur aweh prentah marang Wa Patih murih nglebokne para prajurit Gunungireng sing padha dadi bandan menyang pakunjaran. Kajaba saka kuwi, Wa Patih uga tak dhawuhi supaya matah Tumenggung Pancalpanggung supaya kanggo sawantara wektu keri ana ing Gunungireng kene, nindakne lakuning tata parentah, nggenteni jejibahane Prabu Sunaratapa.

            “Salajengipun seprapating wadya saking Setambul prayogi katilar ing mriki Wa” kandhaku sabanjure marang Wa Patih Tambaksegara “kangge mikayati anggenipun Tumenggung Pancalpanggung nindakaken kuwajiban, dene sisanipun manga kadhawuhan ndherek wangsul dhateng Setambul. Prabu Sunaratapa kainggahna ing kreta lan sampoun ngantos dipun luwari bebandanipun ngantos dumugi ing ngarsane Kanjeng Rama ing Setambul”.

            “Kawula nuwun, sendika ngestokaken dhawuh Ngger” wangsulane Wa Patih sing tumuli budhal nindakne apa sing tak parentahake.

            Kaya ginelak lakune prajurit saka Setambul, jalaran aku selak kepengin ngaturake bandane Ratu Gunungireng sing mbalela kuwi marang kanjeng Rama. Lan sing luwih baku maneh, aku selak kepengin sowan ing ngarsane Kanjeng Ibu. Aku kepengin banget ngaturake nggonku wis kepethuk karo pria sing gawe brantaku lan aku kepengin nyuwun pirsa manawa menyang Tanah Jawa kuwi prayogane laku liwat ngendi?  Tekading atiku aku arep nusul Ki Cahyangumbara sing mau kandha yen arep bali menyang Tanah Jawa.

            “Piye?” Kanjeng Ibu katon yen kejot penggalihe sawuse aku klakon ngaturake apa sing dadi isen-isenane atiku  “kowe arep nggoleki wong lanang sing durung suwe mbok tepungi? Luwih-luwih kuwi bangsa manungsa pisan. Aja mbok terusne niyatmu sing kaya ngono kuwi ya ngger……….”.

            “Boten Ibu” aku ndengengek karo atur wangsulan “sanaosa anggen kula kepanggih kalihan Ki Cahyangumbara kirang sapanginang dangunipun lan mila inggih nembe sepisan menika kula kepanggih, osiking manah kula inggih namung Ki Cahyangumbara menika pria ingkang pantes kula suwitani wiwit ing donya ngantos ing delahan benjang. Antebing manah kula, kula badhe wadat salamining gesang kula, manawi kula boten saged dados sisihanipun Ki Cahyangumbara”.

            “Jabelen ucapmu sing sansaya ngawur kuwi Kusali” Ibu ngendika karo rada mencereng “ngertia,sing lagi wae mbok ucapne kuwi mau kalebu tembung sumpah, sumpah sing ora genah. Kuwi gedhe walate ya Ngger, yen kongsi Ramamu pirsa bab iki, tan wurunga kowe bakal didukani. Jalaran dina iki kowe wis kena diarani wani nantang kasusilan munggahe nerjang marang pranataning urip”.

            “Kula boten rumaos wantun nerjang paugeraning nagari Setambul mriki Ibu” kanthi tatag aku mangsuli ngendikane Kanjeng Ibu.

            “Pancen angger-anggering nagara lan paugeraning praja Setambul ora nyebutake, nanging kowe kudu ngerti aran nerjang susila yen ana wanita nekad nguber katresnane pria. Luwih-luwih pria sing mbok alab katresnane kuwi bangsane Manungsa. Ngertia wis mayuta-yuta tahun suwene wong tuwamu lan para leluhurmu ngugemi piwulang sing ngandhakne yen manungsa lan bangsane awake dhewe kuwi beda, drajate manungsa kuwi adoh manggon ing ngisor drajate bangsa Jim, jalaran asal mulane manungsa kuwi dumadi saka lebu, beda karo asal-usule bangsane dhewe kang cinipta saka sari pathining latu. Cekake Ibu ora marengake lamun kowe nedya ngupadi wong lanang sing jeneng Cahyangumbara kuwi”.

            Isih akeh maneh olehe ngendikan Kanjeng Ibu sing wosing rembug ora marengake aku kayungyun marang Ki Cahyangumbara. Suwe-suwe aku ora bisa ngempet rasa sabarku. Tanpa matur pamitan marang Kanjeng Rama apa dene Kanjeng Ibu, aku lolos ninggalne Setambul. Aku kepengin menyang Tanah Jawa, papane Ki Cahyangumbara sing wis gawe brantaning atiku.

            Rada sawantara suwene aku nguping pawarta ngendi ancer-ancere Tanah Jawa kuwi yen saka Negara Setambul. Jebul ing pasrawungane bangsa Jim wiwit Jim sing drajating kawula nganti drajate para ningrat lan para pandhita padha ora ana sing bisa nuduhne ancer-ancere Tanah Jawa. Mula aku banjur namur laku, manjing ing alaming manungsa. Jebul ing alaming para manungsa aku oleh pituduh ngenani bumi sing sinebut Tanah Jawa kuwi. Saka sawijining warung aku krungu ana wong rembugan karo kancane yen jaman biyen mbuh pirang atus tahun kepungkur tau kedadean Sultan Ngerum kene ngirimake wong-wong supaya gelem ngiseni Pulo Jawa sing isih suwung durung ana manungsane. Krungu crita mangkono mau aku banjur duwe pangira yen Ki Cahyangumbara kuwi kira-kira wae isih turune wong saka negara Ngerum kene. Mula anggonku ngrungokne anggone wong sing lagi jagongan kuwi sansaya tak tenani.

            “Lha nek saka Setambul Tanah Jawa kuwi ancer-ancere mengetan apa mangidul apa mengalor Kang?" wong sing diajak crita kancane kuwi takon. Lan pitakon kaya ngono kuwi sing tak enteni wangsulane.

            “Lha nek kuwi aku dhewe ya ora pati mudheng Dhi” wangsulane sing ditakoni “mung jarene mBah-mbah biyen, Tanah Jawa kuwi ancer-ancere saka kene mangidul semu mengetan,adohe prasasat tanpa wangenan. Ngliwati atusan segara uga ewon gunung, cekake adoh banget lan dalan mrana kuwi ngrekasa banget, mung unusaning wong sing wani lan bisa tekan tanah Jawa sing kondhang nggembol wewadining jagad kuwi”.

            Krasa seneng rasaning atiku krungu wangsulan kaya mangkono kuwi. Sanadyan ta mung ancer-ancer sing durung cetha, nanging isih bisa dikira-kira. Aku banjur nutugne laku ngambah alaming bangsaku dhewe, napak gegana amor ima-ima, nggeblas menyang arah kidul wetan. Embuh wis pirang negara sing tak liwati, saben-saben aku mudhun menyang lumahing bumi manjing jagading manungsa golek warta, ing ngendi dununge Tanah Jawa. Sajroning nindakne lelaku kuwi, aku wis ngambah lan leren sedhela ing Tanah Ngarab, Tanah Indhu, Tanah Cempa lan isih akeh maneh liyane. Nganti sawijining wektu, saka gegana aku weruh Pulo sing katon ijo royo-royo, saka pulo kuwi ngunggahne hawa sing aneh sing kaya-kaya bisa nambahi kekuwatan tumrap sing padha ngisep hawa kuwi. Aku banjur ngleyang mudhun, arep ngambah pulo cilik sing ngetokne hawa aneh sing becik kuwi. Aku kepengin ngerti, kono kuwi Pulo apa lan apa isih adoh yen karo papane Tanah Jawa.

            Nalika sikilku tumapak ing bumi lan manjing ing alaming manungsa, ya iku saupama ana manungsa sing ana sandhingku mesthi bisa weruh wewujudanku sing ora beda karo wujude manungsa, aku weruh ana wong sing nganggo sandhangan sarwa putih. Ora beda karo busana sing diagem dening Ki Cahyangumbara nalika kepethuk aku jaman semana. Atiku sakala nggragap, ngira lamun aku wis bisa kepethuk karo sing tak goleki sasuwene iki. Ora sranta wong sing nganggo sandhangan sarwa putih sing manggone rada adoh lan ngungkurake aku kuwi tak cedhaki. Nanging bareng wis cedhak, aku malih dadi cuwa. Sing maune tak kira yen kuwi Ki Cahyangumbara jebul dudu. Mung sandhangane wae sing rupane padha, nek menungsane adoh karo Ki Cahyangumbara. Kajaba rupane sing ora pakra, wonge ya wis tuwa, jenggot lan brengose sing katon awut-awutan wis putih kabeh. Wong kuwi lungguh timpuh madhep mangulon, lambene umak-umik kaya lagi omong dhewe nanging ora keprungu suwarane. Mripate manther nyawang drijine sing panudinge nuding mengarep sauntara driji jempolan lan driji panunggule gathuk padha pucuk kaya nggawe bunderan. Aku ngira wong iki cetha nek wong sing owah pikire, ketitik omong dhewe karo nuding barang sing ora cetha endi sing dituding.

            Nanging gandheng aku wis kadhung nyedhak, kalah cacak menang cacak aku arep nyoba takon marang wong kuwi.

 

 

Ana candhake 

 

Minggu, 13 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (75)

 

75.

Pedhang Kyai Naga Mripat Siji nuli tak puter sesert kaya kitiran, sakehing mantram sekti peparinge Rama Prabu Kusalatantra uga wis tak watak. Aku wis nekad tinimbang ora bisa ngrangket Prabu Sunaratapa sing mbalela iki luwih becik aku lebur dadi bebantening lelabuhan. Ratu ing Gunungireng kuwi katon uga wis siyaga ing dhiri arep ngadhepi kridhaku nganggo gegaman sekti sing rupa pedhang yasane Sang Hyang Nagabiru Dewa Panguwasa Segara Wetan. Petunganing nalarku, mbok menawa gegaman sing tak gunakne kalah daya karo gegamane Sunaratapa, nanging aku luwih unggul ing kekuwataning lahir lan batinku yen dibandhingne karo Ratu Gunungireng kuwi.Mula sabisa-bisa aku kudu ngendhani aja nganti pedhang Naga Mripatsiji nempuh marang pedhange Sunaratapa. Kosok baline aku kudu bisa nggunakne kebat cukatku supaya bisa nglumpuhne Ratu Gunungireng iki. Nanging jebul ngecakne petungku sing ngono kuwi mau ora gampang, pedhang neng tangane Sunaratapa kaya nduweni nyawa sing tansah bisa ngayomi bendarane saka panggitiking pedhangku. Sansaya suwe sansaya rame, Sunaratapa mung bisa ngendhani karo nangkis seranganku babar pisan ora bisa ganti males nyerang, dadi  manut petunganing nalarku iki mengko suwening suwe Sunaratapa bakal kentekan tenaga dhewe lan aku senadyan uga kudu nguras kekuwatan, nanging aku percaya yen simpenaning tenagaku isih luwih kandel tinimbang tenagane Sunaratapa.

            Petunganku bener, bareng wis watara limangatus jurus, katon tandange Sunaratapa wiwit katon sansaya kendho. Ewa samono aku ya ora enggal bisa nglumpuhake, jalaran pedhang sing digawe Sunaratapa nyata pedhang pusaka sing sembada aweh pangayoman marang bendarane. Suwe-suwe atiku dadi panas lan entek kesabaranku, aku nedya ngetog kabeh kekuwatanku tak punjerne marang Pedhang Naga Mripatsiji,pedhange Sunaratapa arep tak tempuh wani. Aku banjur mencolot mundur telung dhepa, miwiti ngetog lan nyawijekne tenaga lan hawa murniku.

            “Ha ha ha ha…..” Sunaratapa gumuyu ngakal ngerti aku mencolot mundur dikira aku arep tinggal glanggang colong playu “sampun kesesa Kusuma Dewi, menawi jengandika ngersakaken ngunduri yuda, kula boten badhe ambujung kok. Kula naming saged ndherekaken mawi pandonga mugi rahayuwa ingkang pinanggih ngantos dumugi ing Setambul”.

            Aku wis wegah mangsuli pangucape Sunaratapa sing wis rumangsa menang kuwi, tumuli tak rampungne nggonku nyawijekne kekuwatan. Banjur aku mencolot maju karo namakne pucuking Naga Mripatsiji ngarah marang jejantunge Ratu Gunung ireng kuwi. Sinurung kekuwatan sing kagila-gila, aku wis ora bisa nggambarake kaya ngapa dadine Sunaratapa yen jantunge wis katembus dening pedhang pusaka Kyai Naga Mripatsiji iki. Sunaratapa kaget, tumuli namengi dhadhane nganggo pedhang sing ana tangane. Kuwi wis tak petungne, mula mesthi bakal nuwuhake suwara jumlegur yen kongsi pucuking pedhangku natap pedhange Sunaratapa. Nanging sepira kagetku, sadurunge kedaden pedhangku nyenggol pedhange Sunaratapa, dumadakan ana cahya putih sing tumiyup saka langit ngadeg ing antarane aku karo Sunaratapa. Aku wis ora bisa ngendheg lakuning pedhangku, kapeksa bakal nimbus cahya putih sing tekane dadakan kuwi. Lan tenan, ana suwara jumlegur kaya suwarane bledheg tarung ing mangsa kasanga, aku kontal memburi watara pitung jangkah. Nganti rada sauntara panyawangku dadi peteng, ora bisa weruh apa-apa kajaba rerupan warna ireng. Nanging aku isih eling, aku ora rubuh panggah ngadeg sanadyan kuda-kudaku wis ora jejeg maneh. Nalika panyawangku mbaka sethithik pulih, katon watara sepuluhan dhepa saka papanku katon Sunaratapa ngathang-athang neng lemah sajake lagi semaput. Sauntara cahya putih mau, saiki katon wewujudan sejatine ya iku nom-noman bagus sing nganggo sandhangan sarwa putih. Katon pedhang sing mau dienggo gegaman dening Sunaratapa wis dicekel dening nom-noman bagus kuwi.

            “Nyuwun pangapunten Kusuma Dewi” nom-noman bagus kuwi mlangkah nyedhaki aku karo aweh kurmat, tak sawang katon ngemu wibawa, ndadekne ana rasa geter ing sajroning atiku, rasa geter sing rumangsaku kebak kaendahan sing angel dicritakne nganggo ukara.

            “Sepisan malih kula nyuwun pangapunten dene kula kumawantun angganggu kamardikaning penggalih jengandika Kusuma Dewi Kusali, ingkang nembe paring pidana dhateng siswa kula pun Sunaratapa ingkang sampun tumindak murang tata” aku dadi gragapan bareng nom-noman kuwi guneman maneh sawise tembunge sing sepisanan ora kober tak wangsuli, ketang saka anggonku ngrasakne rasa geter ing atiku.

            “Eee…ing…inggih Kisanak” wangsulanku rada kamisosolen “boten dados menapa, dados jengandika menika Gurunipun Sang Prabu Sunaratapa?” .

            “Kenging kawastanan makaten Kusuma Dewi” wangsulane nom-noman kuwi karo mesem, katon untune sing ricik-ricik amiji timun, anglar bremani rupane,ndadekne atiku sansaya kumesar ora karu-karuwan.

            “Sanaosa Sunaratapa menika sampun murtad sasampunipun nyidra sabet gadhuhan kula,inggih pedhang Cahya Mutiara yasanipun Bathara Nagabiru menika” nom-noman bagus kuwi nutugne nggone aweh wangsulan.

            “Nuwun sewu Kisanak” sawuse aku bisa nguwasani gumronjaling atiku,aku banjur takon “pindha teja lumaksana rawuh jengandika ing papan mriki, lajeng sinten menggah sinambating wewangi? Menawi ta jengandika narendra mijil saking Kadhaton pundi, yen ta Brahmana ing pundi jengandika mangarsama?”.

            “Waleh-waleh menapa Kusuma Dewi” nom-noman kuwi wangsulan nganggo suwarane sing endah ngungkuli suwara sulinge para gandarwa kaswargan “estunipun kula menika bangsa manungsa saking tlatah Tanah Jawi, ingkang sudi mastani kula, kula pun Cahya Ngumbara siswanipun Ki Tanparupa, dene anggen kula kedarang-darang dumugi mriki menika jalaran katimbalan dening Sanakanipun Guru kula inggih Pukulun Bathara Nagabiru ing Segara Wetan, saprelu kaparingan Pusaka Pedhang Kyai Cahya Mutiara. Nalika kula wangsul saking Segarawetan, liwat laladan mriki kepanggih Sunaratapa ingkang nembe nglampahi tapa brata ing tengahing benawi. Dupi sumerep kula, Sunaratapa njugaraken anggenipun tapa, lajeng mrepegi kula ngrerepa nyuwun katampi dadosa murid kula, awit criyosipun Sunaratapa nampi wisik bilih piyambakipun badhe manggih rahayu ing salami-laminipun menawi saged dados siswanipun tiyang ingkang nglangkungi margi caket papanipun tapa. Piyambakipun boten ngaken menawi Ratu ing Gunung Ireng mriki. Malah piyambakipun ugi sagah badhe ndherek kula wangsul dhateng Tanah Jawi mrika”.

            “Ooo,makaten cariyosipun Kisanak Cahyangumbara?” aku nyelani rembug “sasampunipun  Prabu Sunaratapa dados siswa jengandika lajeng kados pundi?”.

            “Jebul anggenipun Sunaratapa meguru dhateng kula menika namung ngapusi” wangsulane Ki Cahyangumbara sing banjur nyritakne lelakon sing dialami karo Sunaratapa “piyambakipun namung melik Sabet Kyai Cahya Mutiara menika. Inggih awit saking melik, kesusu selak muluk barang ingkang melok, wasana ing salah satunggaling dinten, tanpa kula sumerepi toya omben kula dening Sunaratapa dipun lebeti upas lan darubeksi temah ndadosaken kula boten emut menapa-menapa malih. Dening Sunaratapa kula lajeng dipun bucal dhateng benawi, rahayunipun jasad kula dipun panggih dening Bathara Nagabiru, dipun usadani lan dipun criyosi menapa ingkang sampun kalampahan. Sasampunipun sawatawis dinten kula lajeng bidhal malih madosi Sabet ingkang dening Bathara Nagabiru dipun gadhuhaken dhateng kula, temah kula dumugi papan mriki menika”.

            “Samanten culikanipun Prabu Sunaratapa dhateng jengandika Ki Cahyangumbara” sawise Ki Cahyangumbara rampung critane aku genti numpangi rembug “inggih kanthi gegaman pusaka anggenipun nyidra saking jengandika menika Prabu Sunaratapa lajeng gadhah niyat mbalela dhateng tiyang sepuh kula. Awit miturut cariyos ingkang nate kula tampi, sok sintena ingkang nggadhahi Pusaka Sabet Yasanipun Sang Hyang Nagabiru menika badhe kacondhokan kasekten lan kadigdayan ingkang punjulingapapak”.

            “Kula boten nglepataken warta utawi cariyos ingkang jengandika tampi menika Kusuma Dewi” wangsulane Ki Cahyangumbara karo mesem “nanging kula ugi sanget pitados dhateng dhawuh piwucaling Guru kula nenggih Ki Tanparupa ingkang mucalaken bilih sanaosa badhe sekti mandraguna kados menapa kemawon, bebasan kadang dewa akendhit mimang, suprandene boten badhe mimpang menawi tiyang menika kumawantun memengsahan kalihan titah ingkang tansah mlampah ing margi ingkang leres, sanaosa tiyang kala wau boten nggadhuh aji jaya kawijayan menapa-menapa. Guru kula ugi paring piwucal bilih sedaya titahing Gusti ingkang wujud menapa kemawon, boten badhe pisah kalihan supe lan apes. Tiyang pinter saged supe, wong digdaya ugi nggadhahi apes. Awit saking menika, dhawuhipun Ki Tanparupa tuhu klintu menawi wonten tiyang ingkang dhemen ngongasaken kasudiranipun utawi ngremehaken sesamining gesang awit kaanggep kajawi piyambakipun boten wonten tiyang pinter”.

            “Mila leres dhawuhipun Guru jengandika menika Ki Cahyangumbara” wangsulanku lan bares wae atiku sansaya kapincut marang nom-noman bagus bangsa manungsa sing jeneng Cahyabgumbara iki. Mendah kaya apa mulyane atiku yen bisa kawengku dening wong saka Tanah Jawa iki. Angen-angenku sansaya ngambra-ambra tekan ngendi-endi. Nanging……

            “Kusuma Dewi” dumadakan Cahyangumbara guneman maneh “gandheng Sabet Kyai Cahya Mutiara sampun kepanggih, borong anggen jengandika badhe amurba Ratu Gunungireng ingkang mbalela menika, kaparenga kula nyuwun pamit badhe wangsul dhateng Tanah Jawi malih”.

            Ora ngenteni wangsulanku, dumadakan Ki Cahyangumbara wis ilang saka panduluku, lunga menyang ngendi parane aku ora ngerti.

 

Ana candhake

             

 

Jumat, 14 April 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (074)


 

74.

Krungu wangsulane Prajurit marang kancane sing keri dhewe ngono kuwi aku dadi ora sranta. Daya-daya aku mlayu nurut arah asale prajurit sing mundur mau. Kira-kira oleh telung pembalang, aku weruh Siwa Tambaksegara wiwit ngetokne aji jaya kawijayan simpenane kanggo ngadhepi mungsuhe. Kanggo sauntara aku ora arep melu cawe-cawe dhisik aku kepengin weruh kaya apa kadibyane Ratu Gunungireng sing jarene prajurit mau kadigdayane wis mundhak matikel-tikel karo kadigdayan sadurunge.

 

Jebul apa sing dikandhakne prajurit mau pancen dhasar kepara nyata, ngadhepi jurus-jurus mbebayani sing dicakne Siwa Tambaksegara, katon yen Sunaratapa ora gigrig babar pisan. Malah semu nyepelekne. Merga kabeh serangane Siwa Tambaksegara bisa diendhani kanthi gampang, malah nek kapinujon kudu ditangkis, tempuking kekuwatane wong loro kuwi katon isih adoh luwih unggul kekuwatane Ratu Gunungireng katimbang kekuwatane Siwa Patih.

 

Sansaya suwe tandange Siwa Patih katon sansaya kendho, kegawa saka umur sing wis wiwit tuwa. Kang mangkono kuwi mau beda banget karo kahanane Prabu Sunaratata sing sansaya suwe katon sansaya mundhak seger. Nganti ana kedadeyan kaya-kaya Siwa Patih mung dienggo dolanan dening Ratu ing Gunungireng kuwi. Wasana pungkasane Prabu Sunaratapa ketok wis ora sabar maneh, wangune kepengin enggal mungkasi anggone perang tandhing.

 

“Heh Patih Tambaksegara” Prabu Sunaratapa guneman sawise katon rampung nggone ngetrepne aji jaya kawijayane “wiwit mau kowe wis tak kandhani yen mung kowe wae nglengkara bisa madhani kadigdayanku. Nanging kowe wong tuwa sing ora kena dikandhani nganggo ukara sing becik, tak kon bali lan ngajak ratu gustimu kowe malah ngeyel. Saiki rasakna aji piyandelku, sing arep ngobong ragamu dadi awu lan ngirimne sukmamu menyang dhasaring neraka!”.

 

Rampung muni ngono katon saka epek-epek tangane Prabu Sunaratapa metu geni sing rupane biru. Sansaya suwe genine katon sansaya gedhe, banjur kanthi mripat sing mencereng Sunaratapa nyedhaki papane Siwa Patih sing wis ngadege ora pati bisa jejeg, nanging bawane prajurit sing setya marang bangsa lan negarane, Siwa Patih katon ora arep mlayu ngedohi mungsuhe. Aji jaya kawijayane Prabu Sunaratapa arep ditampani kanthi dhadha kang mungal.

 

Mesthi wae, aku ora bakal ngumbar Siwa Patih dadi bebantening perang gugur ing madyaning rana ketiban ajine Sunaratapa. Kanthi ngecakne aji Panyirep Agni, aku kebat mlumpat ngadhang lakune Prabu Sunaratapa. Lan kanthi ati kang teteg, aji Panyirep Agni tak sawatne marang geni sing warnane biru, sing mulat-mulat disurung tangane Sunaratapa kuwi. Sunaratapa sing ora ngira yen aku arep melu nrambul perang, dadi kaget. Luwih kaget maneh bareng ngerti yen geni sing disurung arep kanggo ngobong mungsuhe kuwi mau dumadakan malik arah, ora sida maju ngobong ragane Siwa Patih Tambaksegara, nanging malah mbalik tumuju marang Prabu Sunaratapa dhewe.Karo gedandaban ngendhani, Ratu Gunungireng kuwi daya-daya ngrucat ngelmune.

 

“Boten nyana lan boten nginten menawi jebul jengandika ingkang rawuh mriki Sang Kusuma Dewi” kandhane Prabu Sunaratapa karo mesem marang aku, babar pisan ora ngatonake kagete maneh “nyuwun pangapunten menawi anggen kula badhe radi ngasari Gusti Patih menika kala wau boten dados sarjuning penggalih jengandika”.

 

“Boten dados menapa Sang Prabu” wangsulanku uga karo mesem sanadyan atiku panase ngungkuli genine mawa sambi “namung kula rumaos ngeman menawi wonten tiyang ingkang mentas meguru enggal anggenipun badhe nyobi ngelmunipun namung badhe katamakaken dhateng tiyang sepuh ingkang sampun katelasan tenaga. mBok inggih menawi nyata perwira dipun padosaken tandhing ingkang satimbang”.

 

“Sepisan malih kula nyuwun pangapunten Sang Kusuma Dewi” tak wangsuli karo ukara kang mangkono kuwi mau, ketara yen praupane Prabu Sunaratapa mbrabak, nuduhne yen rumangsa isin, mula banjur guneman “saupami Patih Tambaksegara menika boten murang tata malah kumawantun badhe ngendharat kula kasowanaken dhateng Setambul minangka pasakitan, kula kinten kula boten badhe wantun kalihan Patih Tambaksegara menika”.

 

“Dados Sang Prabu boten narimahaken awit badhe dipun kendharat dening Siwa Patih?” aku takon karo mesem ngece “menapa ndika boten ngrumaosi anggenipun Wa Tambaksegara gadhah lekas ingkang makaten inggih awit saking trekah ndika ingkang sampun nindakaken lampah degsura dhateng Kanjeng Rama Prabu lan nagari Setambul?”.

 

“Nuwun sewu Kusuma Dewi” Sunaratapa wangsulan karo nggeget untu mratandhani yen lagi ngempet kanepson “menawi kula kaanggep sampun tumindak degsura dhateng Prabu Kusalatantra menika nami kirang pas, malah boten leres babar pisan. Jalaran kula boten nate wantun nantang perang nagari Setambul, dene menawi anggen kula sampun pinten-pinten pasewakan boten ndugeni menika kula kinten sampun pas. Jalaran kula menika drajatipun sami kalihan Sang Prabu Kusalatantra, inggih menika sami-sami anggenipun kapitados ngesuhi lan ngayomi kawula ing nagarinipun. Sang Prabu Kusalatantra ngayomi lan ngesuhi kawula ing Setambul dene kula ngayomi lan ngesuhi kawula ing Gunungireng mriki. Kula mila ngakeni bilih sawargi Kanjeng Rama Prabu Saimanga mila dados telukanipun ingkang Rama, nanging menika rak Kanjeng Rama? Dede Sunaratapa! Awit Sunaratapa ngrumaosi bilih mbudidaya murih wewah raharjaning kawula ing Gunungireng menika langkung baken katimbang saben sewulan mbucal wekdal saha tenaga namung badhe ndherek seba ngadhep dhateng Raja ingkang dereng kantenan kasektenipun estu saged ngayomi kula miwah kawula ing Gunungireng mriki”.

 

“Dados Sang Prabu sampun kagungan lekas badhe wani kalih Kanjeng Rama Prabu Kusalatantra?” aku takon suwaraku wiwit keprungu sereng.

 

“Borong anggenipun badhe mastani Kusuma Dewi” wangsulane Prabu Sunaratapa uga kanthi suwara sing atos “kula boten nate gadhah lekas badhe wantun dhateng Sang Prabu Kusalatantra, nanging kula ugi boten purun malih kabawah dening sok sintena kemawon kalebet kabawah dening Raja ing Setambul. Sok sintena ingkang nedya ngganggu kamardikan kula, badhe kula adhepi ngantos tumetesing rah ingkang pungkasan”.

 

“Manawi makaten ndika kedah kula rodhapeksa murih saged kula sowanaken ing ngarsaning Kanjeng Rama, Sang Prabu” kandhaku karo tata-tata pasang kuda-kuda.

 

“Suwawi mangga kula ladosi Sang Kusuma Dewi” wangsulane Sunaratapa uga banjur nata adage siyaga ngadhepi aku.

 

Ora suwe ing papan kono wis dadi rame. Ramene anggonku perang tandhing karo Prabu Sunaratapa sing tak anggep wis mrang tata kuwi. Saiki aku bisa mbuktekne yen kandhane prajurit mau pancen bener tenan. Tandange Prabu Sunaratapa nyata ngedab-edabi, jurus-juruse sarwa mbebayani. Aji jaya kawijayane kabeh katon nggegirisi. Nanging aku durung rumangsa kabotan ngadhepi Ratu sing lagi wae meguru anyaran kuwi. Kabeh jurus lan aji jaya kawijayan sing dipamerne bisa tak adhepi kanthi becik, sanadyan ya kala-kala kudu ngetokne tenaga sing luwih gedhe.

 

Sansaya katon yen Prabu Sunaratapa sansaya kethetheran nggone ngadhepi tandangku. Wis wola-wali anggone tiba glangsaran, awak lan sandhangane wis reged ketemplekan lebuning lemah sing campur karo kringete. Ing praupane wis ketok neng pating brenjol kena kepelan tanganku, malah lambene sing kandel semu nggandhul kuwi ya wis pecah, mbuh mau keliwatan tungkaku embuh merga kena kamplengane tanganku. Nanging Ratu Gunungireng kuwi durung ana tandha-tandha gelem ngakoni yen wis kasoran yuda mungsuh aku. Isih panggah ngeyel, arep mbales laraning ragane. Dumadakan Sunaratapa mencolot memburi rada ngedohi nalika aku ndheseg aweh serangan.

 

“nDika kenging gembira Kusuma Dewi, awit sampun saged wongsal-wangsul nyakiti raga kula” karo nggereng nuduhne nesune Sunaratapa guneman “nanging kula boten badhe purun kawon kalihan jengandika Kusuma Dewi, jalaran kula mapan ngukuhi bebener”.

 

“nDika ngendika boten purun kawon menika inggih mangga kemawon Sang Prabu” wangsulanku karo ngece “ingkang baken menawi ndika boten tumuli pasrah bongkokan dhateng kula, mangka badhe siyos kelampahan wonten Ratu ingkang badhe kula larak lan kula seret saking Gunungireng mriki ngantos dumugi ing Setambul ngadhep Kanjeng Rama, sawatawis para prajurit badhe ngiringi sangking wingking kalihan surak-surak awit sumerep polah lan mireng sambat ndika lan ing sadawaning margi ndika badhe dados tontonanipun tiyang-tiyang ing padhukuhan ingkang dipun langkungi”.

 

“Sampun kesesa rumaos mimpang Kusuma Dewi” Prabu Sunaratapa wangsulan kanthi santak, banjur katon tangane ndudut pedhang saka wrangkane sing cumanthel ing sabuk lempenge. Pedhang kuwi katon yen dudu sabaene pedhang, nalika wis ucul saka wrangkane katon yen pedhang kuwi mencorot ngetokne cahya sing rupane biru mbalerengi. Bares wae sajroning atiku ana rasa nratab, nanging ya ora suwe, merga sanadyan pedhang kuwi pedhang pusaka duwe perbawa lan kekuwatan gaib, nanging aku uga wis dudu bocah cilik maneh. Kira-kira telung prapate ngelmu lan aji jaya kawijayane Kanjeng Rama Prabu wis ditularake marang aku. Kajaba saka iku aku uga wis diparingi ngampil pusaka piyandele Kanjeng Ibu sing uga wujud pedhang sing wilahe telung nyari nanging tipis landhepe kagila-gila, gagange pedhang digawe saka gadhinge gajah sing mati ngurag, winangun kaya sirahe naga, kang digawe kanggo mripate naga wujud Mutiara nanging wis ilang siji, mula pedhang pusaka ampilan saka Kanjeng Ibu  iku diarani Pedhang Naga Mripat Siji. Weruh yen Sunaratapa wis nggegem gagang pedhange, aku ya banjur nglolos Kyai Naga Mripat Siji saka wrangkane.

 

“Ha ha ha……” weruh aku uga nglolos pedhang pusaka Sunaratapa gumuyu ngakak, banjur kandhane “jengandika ugi badhe mandi Sabet Kyai Naga Mripat Siji, Kusuma Dewi? Kula ngertos menawi Sabet menika mila Sabet Pusaka agemanipun Kanjeng Ratu Tantrimaleki, nanging jengandika kedah pirsa menawi sabet ingkang kula cepeng menika dede sabet damelan pandhe utawi empu limrah, nanging sabet menika cinipta mawi sabda dening Dewaning Naga saking Seganten Wetan, nenggih Pukulun Bathara Nagabiru, dados menawi namung pusaka agemanipun Kanjeng Ratu Tantrimaleki ingkang jengandika asta menika boten badhe unggul manawi katempukaken kalihan sabet ingkang kula beta menika. Awit saking menika, menawi jengandika Kusuma Dewi kenging kula emutaken, prayogi jengandika kundur kemawon dhateng Setambul, kawurungna anggen jengandika badhe ngendharat kula”.

 

Aku pancen tau krungu dedongengan saka kanjeng Ibu yen Dewa sing mangwasani Samodra Wetan sing jejuluk Sang Hyang Nagabiru kuwi nate yasa gegaman kaya sing dikandhakne Sunaratapa ngono kuwi mau. Nanging, gandheng aku iki eling yen putrane Kanjeng Rama Prabu Kusalatantra, mula tembunge Sunaratapa sing tata gelar ngeman marang kaslametanku kuwi, tak tampa kaya dene pangina marang aku. Aku wis dianggep gampang wedi krungu sesumbare mungsuh. Mula tekadku, embuh bakal apa sing bakal dumadi, Sunaratapa arep tak adhepi. Sokur-sokur yen aku bisa gawe cilakane Ratu Gunungireng sing mbalela iki lan bisa nduweni Pedhang sing saiki digegem neng tangane kuwi, mesthi aku bakal klakon dadi wong sing ora ana sing ngalahake.

 

“Cekap sampun kekathan ginem ingkang tanpa gina Sang Prabu, badhea kados menapa kedadosanipun kula kedah saged ngendharat jengandika lan nyowanaken ing Setambul minangka Pasakitan” wasana aku wangsulan karo tata-tata arep nibakne pusaka Kyai Naga Mripat Siji marang Prabu Sunaratapa.

 

 

Ana candhake

 

Kamis, 13 April 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (073)

73.

Sawise kalilan dening Kanjeng Rama, daya-daya aku nggoleki Siwa Patih Tambaksegara saprelu arep ngandhakne apa sing dadi pepenginanku, ngendharat Sunaratapa lan nyeret ragane wong murang tata kuwi wiwit saka negarane ing Gunungireng nganti tekan ngarsane Kanjeng Rama ing Setambul.  Nanging aku wis kasep, Siwa Patih wis budhal menyang Gunungireng kanthi nganthi wadyabala sing cukup akeh. Ora sranta aku banjur daya-daya nggoleki Kanjeng Ibu. Wis dadi pakulinan tumrap aku, yen arep lelungan menyang ngendi wae, mbuh apa kuwi sing dadi tujuwane, aku mrelokne pamitan lan nyuwun pangestu marang Kanjeng Ibu. Klebu nggonku arep nglurug menyang Gunungireng iki, mokal atiku tentrem yen aku ora pamitan lan nyuwun pangestu luwih dhisik marang Kanjeng Ibu.

 

Sawise marak ing ngarsane Kanjeng Ibu, ora bisa tumuli enggal-enggal lunga utawa mundur, Kanjeng Ibu isih paring pandangu lan mundhut pirsa sing kudu tak wangsuli kanthi sacetha-cethane, yen ora Kanjeng Ibu langka bakal maringi palilah luwih-luwih pangestu marang aku ninggalne kutharaja ing Setambul.

 

“Sanadyan aku ya melu gela marang lekase Ratu ing Gunungireng sing mirong kampuh jingga kuwi, nanging ana sethithik rasa panedha nrima-ku marang  Prabu Sunaratapa” dhawuh pangandikane Kanjeng Ibu sawise tak aturake larah-larahe nggonku kepengin aku dhewe sing mbanda utawa ngendharat Prabu Sunaratapa lan nyowanake ing ngarsane Kanjeng Rama. Mula aku ya rada gumun karo apa sing didhawuhne Kanjeng Ibu sing ngendikakne nek isih ana rasa panedha-trima marang Ratu Leletheging Bawana kuwi.

 

“Raos Panedha-trima ingkang kados pundi Ibu?” ora sranta aku banjur genti nyuwun pirsa karo apa sing dadi kersane Kanjeng Ibu .

 

“Jalaran kanthi tembunge sing murang tata kuwi, Prabu Sunaratapa wis ngelingake marang aku lan kudune uga bisa ngemutake marang Ramakmu sarta marang awakmu dhewe Kusali” dhawuh wangsulane Kanjeng Ibu.

 

“Ngemutaken bab menapa ibu? Menapa antawisipun Kanjeng Ibu saha Kanjeng Rama kalihan Prabu Sunaratapa nate wonten prajanjen ingkang dereng rampung?” bares wae aku dadi rada kuwatir krungu pangandikane Kanjeng Ibu mangkono kuwi. Awit jaman semana kerep wae ana crita sing ngabarake ana ratu sing njanjeni marang kawula sing dianggep nduweni lelabuhan sing gedhe marang negara banjur dijanjeni nek arep dipundhut mantu, aja-aja Kanjeng Rama nate kagungan janji marang Ratu Gunungireng kuwi nek arep mundhut mantu dheweke. Nek ngono tenan, sida bilahi rasane awakku. Merga kajaba aku ora seneng nek Kanjeng Rama nganti cidra ing janji, kosok baline yen aku nganti dijodhokne karo Ratu sing kadigdayane durung karuwan yen ngungkuli kadigdayanku lan rupa sarta lagak lagon lan lageyane sing kaya ngana kae, kuwi luwih dening rekasane, ngungkuli rekasane wong sing dikunjara sing saben dina nampa pasiksane raga. Merga yen klakon dadi sisihane Prabu Sunaratapa kae, mungguhku kuwi pasiksan sing abot tumrap batinku.

 

“Aja keladuk nggonmu nampa pangandikane Ibu Nini” Kanjeng Ibu banjur paring wangsulan marang aku karo mesem, bareng panjenengane pirsa owah-owahaning praupanku sing ngemu rasa samar “Keng Rama ora kagungan janji lan ora kaiket prajanjen apa-apa karo Prabu Sunaratapa apa dene karo sawargi Prabu Saimanga. Dadi jeneng sira Nini aja kuwatir yen nganti kudu ngladeni Ratu Gunungireng kae minangka garwamu”.

 

“Lajeng ingkang mesthinipun Kanjeng Rama menapa dene kula kedah emut ing babagan menapa Ibu?” sanadyan sajroniung ati wis krasa “mak blong” nanging panggah aku kepengin ngerti karo apa sing dikersakne Kanjeng Ibu bab sing kudune diemut dening Kanjeng Rama.

 

“Nini Kusali” Kanjeng Ibu tumuli paring wangsulan “apa keng slira ora tau ketemu kanca-kanca sapadolanan nalika sliramu isih cilik biyen? Yen jeneng sira Nini sok kepethuk, mesthine weruh yen kanca-kancanira biyen jaman isih seneng dolanan kae, saiki ora ana siji-sijia sing isih legan. Malah racak-racak wis padha nggendhong anak, ana sing lagi siji lan ana sing wis loro, bakune kabeh wis padha duwe anak. Lha bareng jeneng sira Nini, apa durung ana rasa jroning atinira kepengin kawengku ing kakung kaya bocah wadon lumrahe kae Nini?”.

 

Jroning atiku pancen durung ana rasa kepencut marang wong lanang, nanging aku wedi nek nganti dening Kanjeng Ibu kadakwa nduweni jiwa sing beda karo wong liya utawa kasarane nduweni jiwa sing ora saklumrahe yen nganti umur sak mono kuwi teka durung duwe rasa sengsem marang priya. Mula aku banjur golek pawadan kanthi ngluputne marang Kanjeng Rama.

 

“Nyuwun pangapunten Kanjeng Ibu” aturku marang Kanjeng Ibu sabanjure “mesthinipun pandangu ingkang kados makaten menika boten kadangokaken dhumateng keng putra kula, awit minangka admajaning Narendra Gung Binathara, kula saged pala krama utawi saged kawengku priya minangka jatukrama kula menika, gumantung kalihan kawicaksananipun Kanjeng Rama Dewaji. Mila saestu kanjeng Ibu, saupami kula ngantos kasengsem dhateng priya saestu badhe kula puthes raos sengsem kala wau, jalaran saru tumraping Kusali menawi ngantos kayungyun ing priya angrumiyini kersaning Kanjeng Rama Prabu ingkang dereng kagungan kersa badhe maringi jodho dhumateng putranipun menika”.

 

Tak wangsuli kaya ngono kuwi, Kanjeng Ibu katon suntrut pasuryane. Katon yen ngempet rasa sungkawa sing gedhe ing penggalihe. Jane aku ya mesakake, nanging tinimbang aku sing diamuk yen aku ora atur wangsulan kaya ngono kuwi, mula ya arep kepiye maneh?. Aku ya ngerti yen satemene Kanjeng Ibu kuwi wis kepengin banget kagungan putu kaya  kanca-kancane. Mula banjur kanthi ngati-ati aku nyoba matur dora sembada kanggo nglipur sungkawane :

 

“Makaten kemawon Ibu, mangke utawi benjang menawi anuju Kanjeng Ibu caket kalihan Kanjeng Rama Dewaji, kula suwun kanjeng Ibu keparenga munjuk dhateng Kanjeng Rama murih kula enggal kapadosaken jatukrama”.

 

“Bener Nini” wangsulane Kanjeng Ibu karo ngusap waspa kang wis nelesi pangarasane “wis saiki yen sira arep budhal menyang Gunungireng, pun Ibu wis nglilani lan Ibu mung bisa paring pangestu kairing panyuwunan marang Hyang  Kang Maha Murah, muga-muga kasembadan apa kang dadi pepenginanmu Nini”.

 

Aku banjur nyembah maneh marang Kanjeng Ibu, lagi banjur mundur arep budhal menyang Gunungireng, nusul Siwa Patih Tambaksegara. Karo mlaku aku ngetung yen tenane budhalku iki wis suwe kasepe. Wektu iki mesthine Siwa Patih sawadya balane pisan wis tekan ing Gunungireng. Ing kana mesthi wis kedaden perang rame antarane wadya bala saka Setambul sing dipandhegani Siwa Tambaksegara, sing duwe tekad arep munah leletheging bawana, mungsuh wadya bala saka Gunungireng sing ora nglilani ratu sesembahane dikendharat dadi pasakitan sing arep diadhepne ing trajuning kapradatan Negara Setambul.

 

Aku ngerti yen minangka Pepatihe Kanjeng Rama, Siwa Tambak Segara kuwi nggadhuh kasekten lan kasantikan sing pilih tandhing. Kajaba saka kuwi tindake Siwa Patih mesthi didherekne para Wiraning prajurit sing pangkat Tumenggung. Dadi kanggo ngrangket Prabu Sunaratapa mesthine ora bakal nemu kangelan. Mikir sing kang mangkono kuwi, lakuku sing ngambah nggegana sansaya tak kebatne. Aku ora nguwatirake Siwa Patih yen nganti kasoran yuda mungsuh Prabu Sunaratapa, nanging aku wedi yen nganti tekaku menyang Gunungireng iki mengko ora oleh mungsuh sing timbang lan ora bisa nyuntak rasa sengiting atiku marang Ratu Gunungireng sing wis ngina marang aku. Nek nganti tekan Gunungireng Sunaratapa wis dadi bandan ateges anggonku bakal nyeret ragane Ratu Gunungireng kuwi menyang Setambul ora bakal kasembadan. Awit bakal saru dinulu yen aku mung wani nyikara wong sing wis dadi bandan. Mula lakuku dadi sansaya tak rikatake, mega-mega sing ngalangi lakuku tak lumpati ngono wae.

 

Nanging sepira gumuning atiku, bareng aku tekan alun-alun praja Gunungireng. Ing kono katon para Prajurit saka Stambul padha repot mbanda tangane para prajurit Gunungireng.  Nanging anehe, ora adoh saka papan kono uga akeh prajurit Setambul sing padha repot, nambani para Wiraning Prajurit sing padha pating glethak tanpa daya, katone padha nandhang tatu sing rada abot. Malah ana uga sing katone wiwit mau durung eling saka anggone semaput. Mripatku banjur ngulati nggoleki ing ngendi papane Siwa Patih Tambaksegara wektu iki.

 

Dumadakan mripatku weruh ana prajurit sing mlayu sajak kesusu, nyedhaki papane kanca-kancane sing lagi repot nambani para wira ndhuwurane. Sawise tekan kono, dening salah siji saka kancane ditakoni :

 

“Piye kahanan palagan Kiraka  ? Muga-muga Gusti Patih bisa mrantasi karya lan ngendharat Prabu Sunaratapa sing pranyata kasektene wis mundhak ora karu-karuwan dhuwure nganti para Bendara Tumenggung nandhang kanin kaya mangkene” .

 

“Abot Kiraka” wangsulane Prajurit sing lagi teka kuwi “aku ora ngerti lan ora bisa ngira-ngira, nganti kapan rampunge perang tandhing antarane Gusti Patih mungsuh Prabu Sunaratapa kae. Gusti Patih nyata satriya sing sekti mandra guna, tau tate tandhing jitus paribasane. Nanging dina iki sing diadhepi Prabu Sunaratapa sing wangune lagi wae meguru anyar, kasektene wis tikel matikel karo kasekten sadurunge. Kaya sing wis ndika weruhi nDara Tumenggung – nDara Tumenggung sing kasektene pilih tandhing wae, dina iki mau klakon digawe kaya ngono dening Ratu Gunungireng”.

 

“Dadi kahanan ing kana saiki isih katon timbang ngono apa piye Kiraka?” wong sing takon mau takon maneh, “banjur ya gene ndika malah mundur ngedoh mrene?”.

 

 

“Bener Kiraka” wangsulane prajurit sing ditakoni kuwi “kahanan palagan kena diarani timbang, kekarone padha dene sektine. Upama diibaratake jago ngono, Gusti Patih kuwi kaya jago Wiring Kuning, Jalu bungalan, buntut dawa ora ana subale nanging Prabu Sunaratapa kuwi ya dudu panunggalane jago kate utawa jago wido klobot, sing godhohe putih, cenggere wilah ngana kae. Nanging Jago Abang Srana utawa Abang Penatas, cara ules karo Wiring Kuning kuwi ya wis padha mung bedane manggon ana sikile sing rupane putih. Satemene nek nganggo petung ulese jago, Gusti Patih kuwi menang ing ules nanging kalah ing umur, merga cetha nek Prabu Sunaratapa iki isih rosa-rosane napase ya isih dawa-dawane, dadi ya kena diarani timbang. Padha dene anggone duwe kaluwihan nanging uga padha olehe duwe kakurangan. Iki mau aku mundur ngedoh kuwi ora merga aku wedi kena yen nganti ketiban serangan sing luput banjur ngenani aku ngono ora, nanging pancen wangune Gusti Patih arep ngecakne ngelmu sing aku durung ngerti jeneng lan katiyasane. Aku disasmitani supaya ngadoh supaya ora ngganggu anggone Gusti Patih matak aji lan japa mantrane……”.

 

 

Ana candhake

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...