Total Tayangan Halaman

Minggu, 20 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (85)


 

85.

            Ngantos sawatawis pandurat Kyai Daka boten enggal atur wangsulan dhateng Ki Lurah. Tiyang-tiyang ingkang ngrantos awit kepengin ngertos atur wangsulanipun Kyai Daka lan kanca-kancanipun wiwit umyeg klesak-klesik grenengan piyambak. Malah wonten tiyang rencangipun Ki Pawit ingkang kober radi maiben dhateng Ki Lurah menapa, kenging menapa tiyang murang tata ingkang ngendelaken dumeh gadhah kadigdayan kados Ki Daka ingkang remen tumindak sawenang-wenang menika ndadak dipun takeni lados makaten? Mesthinipun Ki Lurah tumuli asung sasmita dhateng para Prajurit Mataram ingkang jejer baris ing sakanan keringipun menika murih enggal-enggal ngrangket Kyai Daka lan rencang-rencangipun nunten kadhawahan pidana dipun gantung ing ara-araning Dhusun Kepuh Agal murih dados tontonan lan dados penget tumrap tiyang ing Kepuh Agal supados boten tumindak murang tata kados Ki Daka lan rencang-rencangipun menika.

            “Piye Kyai Daka?” sareng dangu Kyai Daka boten enggal atur wangsulan, Ki Lurah ngambali pandangunipun “ndika gelem mangsuli pitakonku iki mau apa ora? Apa pancen pitakonku kurang cetha?”.

            “Sampun Ki Lurah” saderengipun Kyai Daka wicanten, tiyang ingkang kala wau grenengan maiben dhateng Ki Lurah, wicanten radi sora “tiyang kados Kyai Daka lan erencang-rencangipun niku boten pantes dipun ajak rembagan malih, dosanipun sampun sagendhong sapikulan, lepatipun sampun dipun kempit dipun indhit, tiyang-tiyang makaten menika boten sakalangkung mbebayani tumrap bebrayan, boten pantes dipun paringi gesang, prayogo tumuli karangket lan dipun sirnakaken kemawon, malah menawi prelu kedah dipun tumpes kelor, ditelasi sacindhil abritipun……..”.

            “Cukup Ki Pamuji !” Ki Lurah munggel aturipun rencangipun Ki Pawit ingkang nami Pamuji menika “mengko wae nek dak butuhne ndika bisa aweh rerigen marang aku, saiki durung wayahe, aku isih kepengin takon marang Kyai Daka, Ki Danara lan sedulur-sedulur sing saiki lagi klesotan ing ngarepku iki”.

            Ki Pamuji inggih lajeng kendel anggenipun wicanten.

            “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” wekasan Kyai Daka lajeng wicanten atur wangsulan dhateng Ki Lurah “sepisan malih kula nyuwun sih kawelasan lan atur uninga, bilih semah lan anak kula tuwin kulawarga kula sadaya boten tumut tumindak dosa, mugi sampun dipun katutaken nampi pidana”.

            “Kyai Daka” Ki Lurah wicanten malih suwantenipun kepireng radi sereng “ndika kuwi wis gedhe tuwa, ya gene wangsulan ndika geseh karo unine pitakon sing tak wenehake? Aku ora takon kulawarga ndika kabeh padha katut tumindak dosa apa ora!. Ngerti?”.

            “Nyuwun pangaksami Ki Lurah” Kyai Daka wangsulan kalih suwanten ingkang kapireng ndhredheg “menawi kula sakrowang kapatrapan pidana pejah dipun tumpes kelor sakulawarga kula sedaya, tartamtu badhe nistha pejah kula, sukma kula sakanca tartamtu badhe klambrangan dados dhemit lan memedi ingkang nggegilani tiyang kathah. Menika wangsulan kula ingkang kapisan”.

            “Banjur wangsulan sing kapindho kepiye?” Ki Lurah nyelani rembag mawi pitakenan malih.

            “Ingkang angka kalih” Kyai Daka nutugaken aturipun “menawi Jengandika Ki Lurah paring pangaksami lan boten paring pidana menapa-menapa, kula sarowang rumaos kados karoban samodra madu kajugrugan wukir sari, kula sarowang boten saged males kasaenan jengandika Ki Lurah, kajawi Ki Lurah ngersakaken mundhut menapa kemawon saking kula sakanca, saestu badhe kula aturaken kanthi suka lilaning manah”.

            “Dina iki aku ora mbutuhake apa-apa saka ndika lan kanca-kanca ndika” Ki Lurah paring wangsulan kanthi suwanten ingkang anteb.

            “Menawi makaten, kula sakanca badhe prasetya sisaning gesang kula sarowang badhe kula udhokaken kangge kaluhuraning asmanipun Ki Lurah saha kasaenanipun Dhusun Kepuh Agal menika. Bebasan badhe putunga kinarya bebalang, lebura kadamel sesawur, sauger menika kangge njunjung asmanipun Ki Lurah utawi kangge kaluhuraning Dhusun Kepuh Agal, kula sarowang boten badhe angresula saha kula sarowang sumpah, boten badhe damel sakiting raga tuwin manahipun sedaya warga ing Kepuh Agal mriki” Kyai Daka njangkepi atur wangsulanipun.

            “Apa sing ndika kandhakne iki tulus tekan ing dhasaring ati suci? Ora tembung lelamisan sing mung bisa nambahi abanging lambe wae?” Ki Lurah ngendika malih nandhesaken wangsulanipun Kyai Daka.

            “Saestu Ki Lurah, atur kula menika mijil saking dhasaraning manah ingkang suci, dede atur gegujengan menapa dene atur lelamisan. Lan ing tembenipun manawi pranyata kula lan rowang-rowang kula menika nyidrani dhateng atur kula menika, mugi kula sedaya miwah sedaya anak turun kula sedaya, pikantuka sikudhendhaning bathara temah nandhang gesang kasurang-surang ing papa cintraka lajeng pejah kanthi siniya-siya” wangsulanipun Kyai Daka ingkang kalajengaken nakeni para rowangipun “rak ya bener mangkono ta Ca?”.

            “Inggiiiiiiiiiiih…….” Para rowangipun Kyai Daksa sesarengan semaur amangsuli.

            Ki Lurah lajeng paring dhawuh dhumateng Kyai Daka lan rewangorewangipun murih wangsul linggih ing papanipun sakawit, ugi dhawuh dhateng sedaya ingkang wonten pendhapa mriku murih linggih.

            “Para sedulurku kabeh” taksih kalihan ngadeg sarta Kyai Pantek taksih dipun asta Ki Lurah lajeng ngendika mawi suwanten ingkang sora “saupama Kyai Daka, Ki Danara lan sedulur-sedulur sing mau padha nglolos gegamane arep kanggo mrawasa aku sing duwe panemu beda karo panemune Kyai Daka padha dirangket lan kapidana kanthi murwat, kuwi ora bakal angel. Ing kene wis mlumpuk prajurit-prajurit saka Mataram sing cacahe prasasat tanpa wilangan. Nanging, aku kelingan dhawuh dalem Gusti Panembahan Senapati lumantar Gusti Raden Tumenggung Tesengkusuma wingenane kae, yen Kepuh Tunggal iki kepengin dadi Desa sing gedhe, tentrem lan ayem kawulane, murah sandhang murah pangan, kabeh wargane kudu bisa mujudake urip sing guyub lan sing rukun, Kaping pindhone, minangka pangareping desa kudu tumindak ambeg adil para marta, lire marang kawula ing Kepuh Agal kene ora kena tumindak emban oyod emban cindhe, kaping telune yen ana kawula sing tumindak luput lan isih bisa dingapura lan ditata murih ora mbaleni tumindake sing luput, pangareping Desa kudu nggedhekne pangapurane. Iki mau Kyai Daka, Ki Danara lan liya-liyane sing wis lali temah tumindak luput, wis padha ngakoni kaluputane sarta padha nggetuni tumindake sing luput, uga saupama diparingi pangapura banjur padha duwe prasetya kaya kang wis diucapake sing ndika kabeh padha krungu. Mula minangka Lurah ing Kepuh Agal kene, aku paring pangapura marang Kyai Dakam Ki Danara lan liya-liyane lan prasetya sing dikandhakne mau uga tak cekel ora bakal tak uculne nganti selawase uripku. Lamun ing tembe Kyai Daka cidra ing janji, mangka bakal nampa pidana sing luwih abot tinimbang pidana sing wis tak wurungake iki mau”.

            “Ngaturaken sewu genging Panuwun Ki Lurah” Kyai Daka lan rewang-rewangipun sesarengan atur wangsulan lajeng sami sujud ngambung jogan kados kala wau.

            “Sabanjure” Ki Lurah lajeng ngendika malih “klumpukan lan rembugan dina iki tak anggep wis cukup, kabeh wis sarujuk karo lekasku kang ndadekne Kepuh Agal nyawiji karo Mataram lan mangayom marang Kanjeng Panembahan Senapati Ing Alaga Sayidin Panatagama Kalipatullah Tanah Jawa kang jumeneng ing Mataram.  Mula saiki uga ndika kabeh tak prentah supaya bali menyang omahe dhewe-dhewe kanthi tekad bakal ngukuhi jiwa guyub lan rukun sapepadhaning warga Kepuh Agal. Lan marang Kyai Dakam Ki Danara lan kanca-kanca liyane, aja padha dadi ati yen bali ndika kabeh bakal diawat-awati dening Prajurit Mataram sawatara, iki ora ateges ngemuj lekas sing neka-neka, mung kanggo jaga-jaga lan sangune pangati-ati kanggo dina ngarsi”.

            Tiyang-tiyang ugi lajeng sami pamitan wangsul. Boten kathah ingkang sami rerembagan, meh sedaya mlampah wangsul kalihan boten gineman menapa-menapa ngantos dumugi griyanipun piyambak-piyambak. Langkung-langkung Kyai Daka lan rencang-rencangipun, anggenipun mlampah wangsul ketingal sami ndhingkluk lan boten wantun kumecap menapa-menapa, awit saben tiyang satunggal dipun tutaken prajurit cacah gangsal, ngantos dumugi ngakenging kori griyanipun.

            Sareng kawontenan pendhapa sampun sepen, sampun boten wonten tiyang sanes, Ki Lurah lajeng nimbali kula murih nyaket.

            “Ngger Anakku Pradapa” ngendikanipun Ki Lurah sasampunipun kula mapan linggih ngarsanipun “dadia kaweruhmu yen Kyai Daka sakancane mau mbutuhake kawigaten kang mirunggan jalaran wong-wong kae padha olehe nduweni ngelmu kanuragan sing sajake luwih dhuwur tinimbang warga Kepuh Agal liyane. Awake dhewe kena percaya lan ngandel karo apa sing dikandhakne Kyai Daka ing ngarepku mau, nanging rasa percaya mau kudu dingegehi, tegese awake dhewe kudu nisakne rasa ora percaya marang wong-wong kae mau sanadyan mung sethithik, Kanthi mangkono awake dhewe ora kelangan rasa pangati-ati ing dina-dina sing bakal teka”.

            “Inggih Bapa” atur wangsulan kula dhateng Ki Lurah “estunipun wonten raos gumun ing salebeting manahipun Pradapa ingkang badhe kula suwunaken pirsa dhateng Bapa”.

            “Apa sing mbok gumuni Pradapa?”

            “Ingkang kapisan, sampun cetha menawi Kyai Daka sarowangipun kala wau sampun tumindak murang tata lan saged mbebayani dhumateng jiwanipun Wa Pawit lan rencang-rencangipun, nanging kenging menapa Bapa sakalangkung gampil maringaken pangapura dhateng Kyai Daka lan rencang-rencangipun?. Dene ingkang angka kalih, duginipun prajurit saking Mataram samanten kathahipun menika kok anyarengi kalihan Kyai Daka sarencangipun badhe damel gendra? Kamangka Bapa boten paring dhawuh saderengipun menawi Kepuh Agal badhe kedugen prajurit Mataram samanten kathahipun? Menika ingkang ndadosaken gumuning manah kula Bapa”.  

 

 

Ana candhake

 

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (84)


 

84.

            Kawontenan dados kraos sumuk, tiyang-tiyang ingkang manggolong dhateng Kyai Daka ingkang sami sumerep menawi tiyang-tiyang ingkang manggolong dhateng Ki Lurah namung tiyang-tiyang ingkang sampun sepuh-sepuh saha boten mbeta dedamel menapa-menapa ketingal sansaya ageng manahipun, awit ngremehaken dhateng titiyang ingkang badhe dados pepalangipun. Kyai Daka piyambak namung mesem ngece dhateng Ki Lurah Sarkara, awit rumaos bilih piyambakipun mimpang ing kekiyatan.

            “Kyai Daksa” dumadakan Ki Pawit ingkang wiwit wau kendel kemawon wicanten mawi suwanten ingkang sora ngundang dhateng Kyai Daksa, ngetingalaken bilih piyambakipun nembe duka “jebul ndika sakanca kuwi nduweni teku sing luwih asor tinimbang asu!” .

            “Ha ha ha ha Ki Pawit wong pikun, ndika kuwi guneman apa he?” Kyai Daksa semaur kalihan nggetak sangar “dadi wong tuwa ora wis mambu lemah, nek guneman kok mung waton mangap, apa karepmu he?”.

            “Karepku ngelingake ndika supaya bali dadi manungsa ngerti?!?” Ki Pawit wangsulan seru.

            “Aku ora lali! Merga aku durung pikun kaya ndika!” gentos wangsulanipun Kyai Daksa “Lan mung wong sing mripate wis bawur kepangan umur sing ora weruh nek aku iki manungsa”.

            “Blegermu wae sing wujud manungsa Kyai Daksa” Ki Pawit sansaya ketingal serik manahipun “nanging kelakuwanmu sing luwih asor tinimbang kewan, jeneh sing jeneng asu wae ngerti males kabecikan marang bendarane sing aweh pangan, nanging ndika sakanca jebul ora weruh ing budi. Biyen nDika sakanca teka neng papan kene, depe-depe ngadhep Ki Lurah, nyuwun sih kawlasan nembung ndherek mangayom ing Kepuh Agal. Ki Lurah sing dhasare kagungan watak welas asih mring sasama, kepareng nampa ndika sakanca kalilan melu mbabat kanggo yasa pomahan lan pategalan kanggo papan lan lanjaran ndika nutugne urip, nanging bareng ndika wis bisa mangan wareg lan nyandhang wutuh, dudu punjungan sing ndika aturne ing ngarsane Ki Lurah nanging ndika malah wani murang tata, ndaga dhawuh kanthi ngongasake kasudiran mamerne landhepe gegaman, arep ngrodha peksa murih nggugu marang karep ndika. He Kyai Daksa, rungokna kanthi trawaca, aja ndika rumangsa lanang dhewe, nadyan wis tuwek ngekek, jambul wanen, ngadeg ora jejeg nek ora dituwak nganggo teken, suprandene aku ora bakal trima ndika murang tata marang Ki Lurah………”.

            “Babo-babo, wong gerang bosen urip kowe Pawit” Kyai Daksa nigas rembagipun Ki Pawit mawi suwanten sereng lan namung njangkar dhateng Ki Pawit “aja kakehan cangkem, nek pancen kowe wani karo aku, nyaketa mrene ! sida klakon tugel gulumu, kowe”.

            Mireng suwantenipun Kyai Daksa ingkang makaten menika, sakala Ki Pawit nyilakaken jaritipun, ngencengi koloring lancingan, tata-tata badhe nyaketi Kyai Daksa. Nanging saderengipun kelampahan, kapunggel dening suwantenipun Ki Lurah ingkang ngendika kebak ing perbawa :

            “Kyai Daka, rungokna rembugku lan sawangen praupanku. Aku Sarkara, Lurah Kepuh Agal, sing netepake kawicaksanan manunggal lan mangayom marang Mataram, nek ndika ora nyarujuki lan arep meksa supaya Kepuh Agal madeg dhewe ucul saka Pangwasane Gusti Panembahan Senapati, mungsuh ndika dudu Ki Pawit, nanging aku ya Lurah Sarkara ndika adhepi kanthi alus utawa kasar!”.

            Wicanten makaten menika Ki Lurah sarwi ngadeg, tanganipun ingkang kanan sampun nyepeng ukiranipun wangkingan Kyai Pantek ingkang sampun dipun dudut saking wrangkanipun. Keris Kyai Pantek ketingal mramong mencorong kados gegaman ingkang nembe kaangkat saking mawa ububan. Samanten ugi Ki Lurah inggih katingal wibawa semu angker, boten mantra-mantra menika Ki Lurah Sarkara, nanging sampun kados Bathara Surapati ingkang ngejawantah ing marcapada. Inggih ingkang makaten menika awit sampun manunggalipun Kyai Pantek kalihan jiwa lan raganipun Ki Lurah Sarkara. Sadaya tiyang ingkang wonten ing Pendhapa Kalurahan menika ketingal sami ngowoh, gawok semu eram sumerep kawontenanipun Ki Lurah Sarkara ingkang ngliga Dhuwung Kyai Pantek menika. Sakala Kyai Daka miris manahipun, samanten ugi para titiyang ingkang manggolong dhumateng piyambakipun.

            Dereng ngantos saged wicanten menapa-menapa, dumadakan tiyang sapandhapa dipun kagetaken malih sareng sumerep tetingalan ingkang sakalangkung nggegirisi. Ki Lurah Sarkara ingkang kala wau namung lenggah tanpa kanca, samangke sasampunipun ngadeg kaliyan anyepengi Wangkingan Kyai Pantek, ing kanan keringipun, ugi ing wingkingipun ngantos dumugi ing griya wingking, kebak nem-neman ingkang ngagem busana kaprajuritan Mataraman, jangkep sadedamelipun, siyaga badhe rerencang Ki Lurah Sarkara. Boten namung menika, ing sajawining griya lan pendhapa Kalurahan Kepuh Tunggal sarta ing pekaranganipun, ketingal bregada prajurit ingkang boten wilangan cacahipun, sedaya sami surak ambata rubuh kados suwantening prajurit ingkang badhe anempuh mengsahipun ing palagan.

            Kyai Daka lan rencang-rencangipun ingkang kala wau kober ngraos badhe saged ngrampungi Ki Pawit lan rencang-rencangipun, dupi sumerep kawontenan makaten maneka sakala telas manahipun. Ketingal lemes bayu angganipun. Gegaman ingkang kala wau sami kukuh dipun cepengi sami nggregeli dhawah ing siti boten dipun mangertosi. Kyai Daka lajeng ndheprok ing jogan, makaten ugi para rencangipun. Tiyang-tiyang ingkang kala wau sami radi nggadhahi raos samar menawi ngantos Kyai Daka sakancanipun tumandang, namung saged sami ningali kanthi panyawang gumun kaworan gawok. Sedaya sami boten nginten manawi badhe wonten kedadosan ingkang kados kepanggih nalar ngaten menika. Sedcaya sami boten sumerep saking pundi dugini[un prajurit Mataram ingkang tanpa wilangan cacahipun menika.

            Dumadakan Kyai Daka ngesot nyaketi papanipun Ki Lurah Sarkara ngadeg, kalihan tanganipun kekalih nyembah. Tiyang-tiyang ingkang kala wau sami anggolong dhateng Kyai Daka inggih lajeng tumut ngesot kados lekasipun Kyai Daka. Pranyata cacahipun tiyang-tiyang ingkang manggolong dhateng Kyai Dala lan sampun sikep gegaman kala wau sedaya wonten tigangdasa wolu, tigang dasa sanga manawi Kyai Daka ugi dipun etang. Sasampunipun dumugo ngajenganipun Ki Lurah, Kyai Daka lan kanca rowangipun sami sujud, angambung jogan.

            “Ki Lurah” kepireng suwantenipun Kyai Daka wicanten wor lan suwanten tangis ingkang dipun ampet “saestu kula sakanca ngrumaosi lepat saha dosa dhateng Ki Lurah saha dhateng Gusti Panembahan Senapati ing Mataram, bares kemawon Ki Lurah, nalika kula mireng menawi Gusti Prabu ing Pajang sampun surut ing kasedan jati, saha panguwaosing Tanah Jawi kaasta dening Raden Sutawijaya ingkang samangke ngagem asma Panembahan Senapati ing Alaga, kula nampi bebisiking Iblis Dajil Laknat, ingkang nyarisosi bilih Kawontenanipun Mataram menika boten benten kalihan kawontenaipun Kepuh Agal mriki. Temah kula melik kamukten ingkang anggendhong lali, kepengin sanget Dhusun Kepuh Agal mandhireng pribadi boten kabawah sinten kemawon. Saestu Ki Lurah, dosa kula sakalangkung ageng pantes kemawon manawi kedah nampi pidana pejah. Nanging Ki Lurah, mugi wontena sih kawelasan jengandika dhumateng kula lan rencang-rencang kula sedaya, sokur menawi ta pidana pejah kasalinan mawi pidana sanesipun dene menawi ta panuwun kula ingkang makaten menika kaanggep degsura lan murang tata, kula suwun sageda dosa lan kalepatan menika kapatrapaken dhateng kula sakanca kemawon awit anak saha semah kula babar pisan boten tumut-tumut ing prakawis menika, awit saking menika mugi anak saha semah kula sakanca boten dipun katutaken nanggel dosa lan kalepatan kula, lan ingkang langkung baken malih, sanaosa kapidana pejah kula badhe lila sauger Ki Lurah sampun paring pangaksami dhateng sedaya dosa lan kalepatan kula”.

            “Kula inggih makaten Ki Lurah”

            “Kula inggih makaten Ki Lurah”

            Kanthi saur manuk sedaya rencang-rencangipun Kyai Daka ingkang cacahipun tigang dasa wolu menika ugi sami matur dhateng Ki Lurah sarwi sujud angambung jogan.

            Sasampunipun unjal ambegan landhung wongsal-wangsul, Ki Lurah lajeng wiwit wicanten, paring wangsulan dhateng Kyai Daka lan kanca-kancanipun :

            “Kyai Daka, yen ngelingi lekas ndika sakanca sing dumadakan ngadeg karo nglolos lan ngliga pedhang saka warangka, uga rembug ndika marang Ki Pawit mau, wis trep banget menawa aku nibakne pidana marang ndika lan kanca-kanca ndika. Jalaran upama ndika kuwasa, ndika sakanca nganggep remeh marang nyawane wong sing ora sapanemu karo ndika. Nanging sing prelu ndika ngerteni lan dingerteni dening kabeh warga Kepuh Agal kene, Ki Sarkara beda karo Kyai Daka. Bedane manggon neng ngendi? Mengko utawa kapan yen ana wektu kang mirunggan bisa tak jlenterahake. Saiki, sadurunge aku aweh putusan marang ndika Kyai Daka sakancane kabeh, aku butuh takon lan mbutuhake wangsulan marang ndika jumbuh karo isen-isening ati ndika sing sabenere. Mula tak jaluk ndika wangsuli pitakonku iki mengko kanthi jujur, bares apa anane. Dene unine pitakonku ya kuwi : Pitakon kang kapisan kepiye pangrasa ndika, saupama ndika sakanca bakal tak tibani pidana tumpes kelor sakulawargane ?  Dene kaping pindho apa sing bakal ndika kabeh tindakne lamun kajaba tak wenehi pangapura lan ndika ora kapatrapan pidana apa-apa ?”.

            Kawontenan lajeng dados tintrim, boten wonten kepireng suwantenipun tiyang klesak-klesik rembagan sesamining rowang malih. Sadaya sami ngrantos awit kepengin ngertos kados pundi wangsulanipun Kyai Daka awit pandangunipun Ki Lurah Sarkara ingkang makaten menika. Tiyang-tiyang ugi kepengin mangertos menggah kersanipun Ki Lurah ndhawahaken pitaken dhateng Kyai Daka ingkang kepireng radi aneh menika.

 

 

Ana candhake.

Jumat, 18 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (80)

83.

            Rumaos dados kawigatosanipun tiang kathah Kyai Daksa ketingal rumaos mongkog manahipun, ketitik anggenipun linggih dipun jejegaken, polatanipun ketingal dipun ongasaken. Nanging Ki Lurah Sarkara boten padosa ketingal menawi kejot manahipun, malah kalih tembung ingkang alus lajeng ngendika kalihan mirsani Kyai Daka:

            “Aku rumangsa seneng nek ana para sedulur sing ngelingake lamun kleru nggonku tumindak sadurunge kedlarung-dlarung gawe kapitunane wong akeh, kaya sing ditindakne Kyai Daka iki. Mung wae, aku durung ngerti sing dikersakne Kyai Daka, ora pas-e  tumindakku manghon ing sisih ngendi? Lan bisa mbubrahne tatanan kuwi tatanan sing endi?, Coba Kyai Daka tak aturi ngendikakne sing luwih cetha!”.

            “He he he Matur nuwun Ki Lurah” kalihan gumujeng seru Kyai Daka mangsuli pangandikanipun Ki Lurah Sarkara “kula lan sedaya warga ing Kepuh Agal sampun sami mangertos menawi Ki Lurah lan para warga sedaya niki yasa Dhusun Kepuh Agal niki awit pikantuk dhawuh saha palilah saking Narendra ingkang sejatos, liripun Ratu ingkang leres inggih menika Kanjeng Sinuwun Sultan Adiwijaya. Nanging sareng Kanjeng Sultan surud lajeng Ki Lurah nglajengaken kanthi kersa manunggal lan dados bawahanipun tiyang Mataram menika ingkang boten pas”.

            “Ora pase kepiye Kyai Daka? Cetha nek Kratone saiki ngalih menyang Mataram lan sing jumeneng saiki Ngarsa Dalem Panembahan Senapati  kang nutugake jejibahane Sultan Pajang sing wis sawargi, tak kira lekasku ngukuhake kasetyan marang Kanjeng Panembahan Senapati iki rak ya wis trep?. Lha yen ndika ngarani ora pas, kuwi nganggo wewaton apa?” panggah kanthi suwanten ingkang alus Ki Lurah sarkara nanggapi ucapipun Kyai Daka.

            “Menika makaten Ki Lurah” Kyai Dala lajeng wangsulan “tiyang saged dados Ratu menika wonten pranatanipun, kados upaminipun Sawargi Sultan Adiwijaya saged jumeneng Nata ing Pajang nglajengaken jejibahanipun Kanjeng Sultan Trenggana ing Demak menika sampun trep lan leres, jalaran sanaosa namung dhawah putra mantu kalihan Sultan Trenggana, nanging Mas Karebet ingkang lajeng ngagem asma Sultan Adiwijaya menika taksih turun lajer saking Majapahit, awit Eyangipun Kanjeng Sultan Adiwijaya menika Ki Ageng Pengging Sepuh inggih Pangeran Handayaningrat. Lha menawi Danang Sutawijaya menika? Tataraning drajat Sutawijaya menika paling inggil inggih namung dados Lurah Pasar Pajang, sanaosa piyambakipun remen ngaken menawi putranipun Kanjeng Sultan Pajang, nanging jejeripun namung putra angkat, putra dhakon-dhakon, dados boten leres menawi piyambakipun lajeng madeg nggentosi kalenggahanipun Kanjeng Sultan Adiwijaya, awit saking menika menawi Ki Lurah lajeng ndadosaken Dhukuh Kepuh Agal ingkang leresipun kebawah Kasultanan Pajang dados kebawah ing Mataram menika cetha menawi boten pas utawi boten trep babar pisan. Malah ngakeni bilih Raja Tanah Jawi samangke kok Tilas Lurah Pasar Pajang menika kemawon sampun ateges nerjang pranatan, menapa malih kok purun ndhawahaken kasetyan dhateng piyambakipun?”.

            Kawontenan ing pendhapa kalurahan lajeng dados radi kosek. Tiyang-tiyang kathah ingkang pating klesik rembagan piyambak kalih sesami rowang. Malah para kanca-kancanipun Kyai Daka ingkang dipun suhi dening Ki Danara, anggenipun grenengan kepireng radi seru, dene wosipun inggih ngleresaken menapa ingkang dipun aturaken Kyai Daka dhateng Ki Lurah. Kyai Daka piyambak sasampunipun matur dhateng Ki Lurah inggih lajeng tumut rembagan kalihan kanca-kancanipun,kados-kados boten ngreken kalihan Ki Lurah malih.

            Benten malih kalihan tiyang-tiyang ingkang sampun sepuh-sepuh kados Ki Pawit lan kanca-kancanipun. Tiyang-tiyang menika boten gineman menapa-menapa namung soroting mripat sami mirsani dhateng Ki Lurah Sarkara minangka sasmita nyuwun  kalidamar mrih padhanging swasana.

            “Para Sedulurku kabeh” sareng sampun tadi sawatawis Ki Lurah lajeng ngendika radi sora, ndadosaken tiyang-tiyang sami kendel anggenipun sami klesak-klesik rembagan kalihan sesamining rowangipun “aku ora ngluputake yen ana sing mbenerake apa sing dadi kandhane Kyai Daka iki mau, sing katone tinemu ing nalar. Nanging aku ya duwe panemu sing uga luwih tinemu ing nalar tinimbang tinemune Kyai Daka. Cethane ngene, awake dhewe iki kabeh ya kudu ngakoni yen jaman Panembahan Senapati isih ngagem asma Raden Danang Sutawijaya kuwi mula putrane Gusti Sultan Pajang, awit sanadyan mung putra angkat nanging nyatane Kanjeng Sultan nggone ndhaku putra marang Raden Sutawijaya ya tenanan ora mung guyonan. Kaping pindho, satemene sasurude Sinuwun Sultan Pajang sing wenang gumanti nata kuwi rak ya Gusti Pangeran Benawa, ya putra kakung siji-sijine saka Sultan Pajang sing patutan karo garwa Pframeswari?. Nanging kanyatane Gusti Pangeran Benawa ora kersa jumeneng Nata jalaran Gusti Benawa kagungan pamanggih lamun Tanah Jawa bakal luwih becik, luwih makmur, luwih kuncara maneh lamun ingkang jumeneng nata kuwi Raden Danang Sutawijaya ingkang kaparingan ganjaran asma Senapati Ing Alaga dening Kanjeng Sultan Pajang. Dadi anggone jumeneng Sampean Dalem Panembahan Senapati kuwi ora nuruti karsa priyangga nanging nuruti pamundhute Gusti Pangeran Benawa. Kaping telune, yen ngrembug perkara trah utawa sarasilah, sanadyan yen diturut kanthi sabenere wong sajagad iki kabeh trahe wong siji ya cikal bakale bangsa manungsa sing sinebut Nabi Adam jutawa Sang Hyang Adama, nanging yen kurang maren bisa tak cethakne ing kene, ya iku Panembahan Senapati kuwi putrane Ki Gedhe Mataram utawa Ki Ageng Pamanahan, kamangka Ki Ageng Pamanahan kuwi wayahe Kyai Ngabdul Rahman ya Ki Ageng Sela lan Ki Ageng Sela kuwi wayahe Ki Ageng Tarub ya Raden Bondhan Kejawan putra dalem Kanjeng Sinuhun Prabu Brawijaya ing Majapahit. Dadi jumenenge Sampean Dalem Panembahan Senapati ngratoni Tanah Jawa sing ngedhaton ing Mataram kuwi aran wis trep banget. Ora kliru kaya pandumuke Kyai Daka ing ngarep mau”.

            Mireng dhawuhipun Ki Lurah Sarkara ingkang sakalangkung cetha makaten menika, Ki Pawit sakancanipun boten sranta lajeng sami keplok lan surak rame ambata rubuh suwantenipun, sedaya sami ngleresaken menapa ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah saha sami angleresaken kawicaksananipun Ki Lurah ingkang ambekta Kepuh Agal kebawah Mataram.

            “Nuwun sewu Ki Lurah” sareng ingkang sami keplok sampun sirep Kyai Daka ngangkat tanganipun malih kalihan wicanten, praupanipun ketingal wiwit mbrabak abrit, kawistingal menawi nembe ngempet kanepsonipun “kula inggih ngertos menawi Gusti Pangeran Benawa mila boten kersa jumeneng nata, menika boten lepat, nanging panggah lepat menawi ingkang jumeneng menika Sutawijaya, jalaran wonten ingkang langkung wenang ngratoni Tanah Jawa menika katimbang tilas Lurah peken Pajang menika. Mesthinipun menawi Pangeran Benawa tuhu waskitha, panjenenganipun saged ngunduraken kalenggahan raja dhateng sumberipun, inggih menika trah Majapahit ingkang satuhu, ingkang samangke nembe masanggrah wonten ing Wana Patalan”.

            “Sapa sing ndika karepake Kyai Daka? Aku ora tepung karo sing ndika kandhakne Trah Majapahit sing satuhu kuwi” Ki Lurah mangsuli ucapipun Kyai Daka “luwih-luwih masanggrah neng alas sing ora cedtha lan kondhang dadi papan pandhelikane para durjana kuwi. Ora bakal aku gelem ngajak sedulurku kabeh ing Kepuh Agal manunggal karo wong ndika kandhakne kuwi”.

            “Sampun klentu tampi Ki Lurah” praupanipun Kyai Daksa sansaya ketingal mangar-mangar “kula boten ngaturi Ki Lurah murih manunggal kalihan Trah Majapahit ingkang mesanggrah ing Patalan wekdal menika. Kula namung nyuwun murih Ki Lurah njabel anggenipun ngajak Kepuh Agal ngakeni panguwaosing Tilas Lurah Peken Pajang menika minangka pangayoman, kanthi makaten kalenggahanipun Dhusun Kepuh Agal asil babadanipun Ki Lurah lan para warga sadaya menika sajajar kalihan kalenggahanipun Mataram ingkang asil yasanipun Pamanahan lan anak-anakipun”.

            “Katon sansaya ngayawara apa kang ndika ucapake kuwi Kyai Daka” Ki Lurah Sarkara paring wangsulan kanthi suwanten ingkang cetha “aku ora idhep karo sing ndika kandhakne kuwi mau, aku mung ngugemi kahanan kang sanyatane. Dina iki sing jumeneng ngratoni Tanah Jawa Sampean Dalem Panembahan Senapati, kanyatan iki ora bisa diselaki. Mula sing ora nyarujuki Kepuh Agal manunggal karo Mataram, aku minangka Lurah Kepuh Agal anglilani wong-wong sing kasebut mau lunga ninggalake Kepuh Agal kene. Luwih-luwih yen wong sing tak kandhakne iki mau biyen takane neng Kepuh Agal kene wis kerim lire tekane kene nembung kepengin mangayom marang aku minangka Lurah ing Kepuh Agal kene”.

            mBokmenawi rumaos katantang raos manahipun Kyai Daka mireng dhawuhipun Ki Lurah Sarkara ingkang pungkasan menika. Kyai Daka lajeng asung sasmita dhateng Ki Danara lan kanca-kancanipun ingkang kala wau anggenipun dugi ing Kalurahan kanthi sesikep dedamel jangkep, kados tiyang badhe ngrulug perang. Kasusul Kyai Daksa ngadeg kasusul nglolos pedhangipun saking warangka, dipun tutaken kanca rowangipun ingkang inggih lajeng ngadeg lan nglolos dedamelipun piyambak-piyambak.

            Sumerep lekas lan sikepipun Kyai Daka ingkang ketingal murang tata makaten menika, sanaosa sampun sami thuyuk-thuyuk ketang sepuhipun, saha sanadyan mbekta gegaman menapa-menapa, sami lajeng madeg suraning ndriya. Boten sranta ugi lajeng ngadeg, tata-tata siaga badhe ngadhepi Kyai Daka sakancanipun. Tiyang-tiyang sanes ingkang manahipun taksih bingung animbang pundi ingkang mathuk pamanggihipun Ki Lurah menapa pamanggihipun Ki Daka, ugi lajeng sami ngadeg. Namung kemawon anggenipun ngadeg radi mire nebihi papanipun KYai Daka sakancanipun ugi boten nyaketi papanipun Ki Pawit lankanca-kancanipun.

 

 

Ana candhake

 

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (82)


 

82.

            Midhanget aturipun Ki Lurah ingkang nguwatosaken Dhusun Kepuh Agal menawi piyambakipun sampun boten wonten makaten menika, Ki Jurudah lan Ki Prasanta sami pandeng-pandengan. Sareng sampun sawatawis wekdal, lajeng Ki Prasanta paring dhawuh :

            “Mulane ta Ngger, putra ndika kae wiwit wulangana nggegulang marang atine, wulangen laku prihatin murih gampang nampani nugrahaning Gusti. Awit satemene bisane Keris Kyai Pantek nyawiji marang ndika kuwi satemene dudu karep ndika utawa karepe Kyai Pantek, nanging amung nugraha saka Gusti Kang Maha Kawasa. Andilalah ndika kuwi kuwawa bampa kanugrahan kuwi jalaran ndika wis kasil anggon ndika nggegulang ing kalbu sing satemah bisa lantip panggraita ndika”.

            “Kawula nuwun inggih ngestokaken dhawuh Kyai” atur wangsulaipun Ki Lurah Sarkaram salebeting manhipun Ki Lurah mila ngrumaosi bilih sampun radi klintu anggenipun nggulawenthah yoganipun, namung nuruti raos tresna dhateng yoga lajeng anggenipun nggulawenthah radi angugung dhateng pun Pradapa.

            “Iya Ki Lurah, sing prelu ndika ngerteni maneh, aja kongsi Keris Kyai Pantek ucul saka pangwasa ndika. Jalaran yen nganti Keris Pusaka Kraton Ngiyom kuwi tumiba ing tangane wong sing duwe watak angkara, mangka bakal ndadekake sengsarane kabeh kawula ing Desa Kepuh Agal” Ki Prasanta paring dhawuh malih “mula welingku marang ndika yen ana sapa wae sing nembung arep nyuwun ngampil pusaka kuwi kanthi pawadan apa wae, aja pisan-pisan ndika ulungake sarta reksanen sing permati aja nganti keris pusaka kuwi kacidra dening wong, yen nganti ana sing duwe sedya ngrebut pusaka kuwi saka tangan ndika, kamangka ndika rumangsa ora kuwat ngukuhi becik mlayua balekna pusaka kuwi ing papan asale. Kang mangkono mau kanggo njaga murih warga ing Kepuh Agal tumiba ing kasangsaran sing bebasan ora ana enteke. Lan weling iki uga kandhakna marang sapa sing bakal nutugne nggon ndika nyekel paprentahan ing Desa Kepuh Agal, murih padha nindakne paweling saka aku iki”.

            “Nuwun Inggih Kyai” kalihan manah ingkang radi trataban Ki Lurah Sarkara atur wangsulan kalajengaken nyuwun pirsa malih “nanging mugi kauningan, Kyai Pantek menika peparing saking Kanjeng Ratu Kraton Pangayoman lumantar jengandika kekalih, kamangka jengandika leremipun wonten ing Alam Maya ingkang boten sadhengah manungsa saged ngambah, lajeng kados pundi marginipun saged mangsulaken Kyai Pantek ing papanipun sakawit?”.

            “He he he…..” Ki Jurudah gumujeng mireng aturipun Ki Lurah dhateng Ki Prasanta makaten menika, Nyai Pandhanwangi ugi tumut mesem, lajeng Ki Jurudah tumuli paring pangandika “aja samar lan aja kuwatir Ki Lurah, sanadyan Kraton Pangayoman utawa Kraton Ngiyom kuwi wujud Kraton ing Alam Maya, nanging bisa dititik saka alam nyata. Ing sisih kidul kana, saka papan kene watara lakon seprapat dina, ana sendhang sing dadi tuking kali. Sendhang kuwi jenenge Sendhang Ngiyom, ya ing alam maya ing walike Sendhang Ngiyom kuwi manggone Kraton Ngiyom ing alam maya. Mula yen arep mbalekne Pusaka Kyai Pantek menyang asale, Pusaka Kyai Pantek cukup dilarung ing Sendhang kono, mangka bakal tekan papane sekawit”.

            Sareng kalihan telasing dhawuhipun Ki Jurudah makaten menika, Ki Lurah Sarkara nglilir saking anggenipun sare. Lan sanaosa namung ing alam pasupenan, sedaya dhawuh saking Nyai Pandhanwangi, Ki Jurudah menapa dene Ki Prasanta tinanem kukuh ing manah lan emutanipun Ki Lurah Sarkara, sadaya dhawuh lan piweling kala wau kadadosaken jimat salebeting jiwanipun.

            Dinten terus lumampah boten wonten kendelipun. Dhusun Kepuh Agal sampun sansaya rame lan reja. Sansaya dinten sansaya wiyar papan kangge padhukuhan, labet sansaya kathah titiyang ingkang sami dugi lan ndherek mangaup lan pados sandhang tedhan wonten mriku. Kados ingkang dipun dhawuhaken Nyai Pandhanwangi ing pasupenanipun Ki Lurah Sarkara, ing satunggaling wekdal Kalurahan Kepuh Agal karawuhan priyagung saking Mataram, ingkang ngagem asma Tumenggung Tesengkusuma, ngemban dhawuh saking Patih Mandaraka minangka wewakil samparan Dalem Kanjeng Panembahan Senapati Ing Alaga. Ki Lurah Sarkara dipun dangu sampun manteb manunggal kalihan Mataram menapa taksih tidha-tidha. Ki Lurah inggih lajeng matur prasaja, bilih Kepuh Agal menika kabawah dening Mataram lan sadaya warga tuwin kawula ing dhusun mriku mangayom sahandhaping panguwaos dalem Kanjeng Panembahan Senapati ing Alaga. Mireng aturipun Ki Lurah Sarkara makaten menika, Tumenggung Tesengkusuma sakalangkung rena panggalihipun. Sasampunipun sepisan malih Ki Lurah Sarkara ngucapaken prasetya kasetyanipun dhateng Nagari Mataram, Raden Tumenggung Tesengkusuma lajeng pamit kundur kanthi nilar wekas menawi Dhusun Kepuh Tunggal wonten rubeda ingkang boten saged dipun rampungaken dening Ki Lurah, murih Ki Lurah utusan sowan dhateng Mataram saprelu nyuwun pambiyantu.

            Jebul lekasipun Ki Lurah Sarkara ingkang mangayom dhateng Nagati Mataram menika boten sedaya warga Kepuh Agal nyarujuki. Kyai Daka salah satunggal saking tiyang ingkang duginipun ing Kepuh Agal mbekta kanca ingkang kathah. Mastani bilih Ki Lurah Sarkara sampun tumindak klentu. Kyai Dala lajeng nyebar wartos ingkang boten leres dhateng warga Kepuh Agal bilih Ki Lurah Sarkara sampun nyade Kepuh Agal dhateng Mataram lan ndadosaken Warga Kepuh Agal minangka gedibalipun Panembahan Senapati ing Alaga. Dene pawadan ingkang dipun engge dening Kyai Daka, jalaran Kepuh Agal menika bumi mardika, ingkang yasa Dhusun Kepuh Agal menika inggih titiyang ingkang samangke dados warga Kepuh Agal menika. Jaman lara-lapanipun mbabad wana, Mataram babar pisan boten cawe-cawe, boten urun bandha menapa dene tenaga, sareng samangke Kepuh Agal sampun reja dugi dening Ki Lurah lajeng kapasrahaken dhateng Mataram. Menika cetha menawi boten leres. Mokal menawi boten wonten petang winadi antawisipun Mataram kalihan Ki Lurah Sarkara.

            Warta dora ingkang dipun sebar lan dipun gethok-tularaken dening Kyai Daka lan andhahanipun menika pranyata mandi. Kathah tiyang-tiyang sami nggega menapa ingkang dipun kojahaken dening Kyai Daka lan rencang-rencangipun. Ingkang sami sarujuk kalihan pamanggihipun Kyai Daka menika, radin-radin para kaneman ingkang umu-umuranipun sapantaran kula, ingkang jaman miwiti babad wana inggih dereng ngertos menapa-menapa.

            Sareng ing pundi-pundi kathah ingkang ngrembag babagan menika, Ki Lurah Sarkara lajeng ngempalaken para warga Kepuh Agal ing Kalurahan. Sedaya warga inggih sami ndugeni menapa ingkang dados timbalanipun Ki Lurah. Malah Kyai Daka anggenipun dugi sesarengan kalihan rencang-rencangipun, sedaya sami sikep gegaman kados tiyang badhe nglurug perang kemawon. Ki Pawit inggih pangarsaning para warga ingkang wiwitan mbabat wana menika sanadyan sampun thuyuk-thuyuk saking sepuhipun ugi dugi, mila radin-radin kanca rencangipun Ki Pawit ingkang sepisanan mapag duginipun Ki Lurah Sarkara, wekdal menika ugi sampun sepuh-sepuh. Benten kalihan kawontenanipun Kyai Dangsa lan kanca-kancanipun, sanadyan estunipun inggih sampun sepuh, nanging kabekta kalebet tiyang ingkang remen ing reh ulah kanuragan, badanipun taksih sami ketingal keker lan kiyeng.

            “Para sedulurku kabeh” sasampunipun para warga sami mlempak Ki Lurah Sarkara wiwit ngendika "ndika kabeh mesthine wis padha ngerti yen durung suwe iki, aku minangka Lurah ing Kepuh Agal kene lagi wae nampa tamu saka Mataram utusane Rekyana Patih Mandaraka minangka wewakil Ngersa Dalem Kanjeng Panembahan Senapati ing Alaga, kang sesilih Gusti Raden Tumenggung Tesengkusuma. Lumantar panjenengane Gusti Patih Mandaraka paring pananting marang aku apa isih ngugemi dhawuh sapisanan sing tak tampa sadurunge aku miwiti mbabat alas arep yasa Desa kene iki. nDika kabeh prelu mangerteni, anggonku wani lan gelem mbabat alas kanggo padesan jangkep sapategalan lan pasawahane iki, awit oleh palilah sing saka sing ngratoni Tanah Jawa kene iki, sing wektu kuwi Kratone manggon neng Kutha Pajang lan sing jumeneng Nata, Sampean Dalem Kanjeng Sri Sultan Adiwijaya. Lumantar punggawa kang wenang ing babagan iki, aku nampa dhawuh supaya mbabad alas ing sakiwa tengene Wit Kepuh sing paling gedhe, sing karan Kepuh Agal, kanggo padhukuhan, pategalan lan pasawahan. Kajaba saka kuwi, aku uga kaparingan ganjaran pangkat Lurah, ya iku nglurahi Desa sing lagi arep tak gawe kuwi. Lagi sawise kuwi aku budhal lan dipapag dening Kakang Pawit sakancane. Lan sawise oleh babadan sauntara banjur sedulur-sedulur liyane padha nusul sing dadi ngrembaka kaya sing ana wektu iki. Lan rawuhe Gusti Raden Tumenggung Tesengkusuma kuwi, paring kabar menawa saiki paprentahan wis ngalih menyang Mataram, Kanjeng Sultan Adiwijaya wis surud ing kasedan jati lan sing jumeneng nata genti Samnpean Dalem Kanjeng Panembahan Senapati ing Alaga Sayidin Panatagama Kalipatullah Tanah Jawa. Mula bareng aku ditanting apa isih ngugemi dhawuh kapisan sadurunge aku miwiti mbabad alas yasa Desa Kepuh Agal iki, aku banjur nganyari nggonku prasetya ya kuwi aku lan kawula ing Kepuh Agal iki panggah mangayom ing sahandhaping samparan Dalem Kanjeng Panembahan Senapati awit Kepuh Agal iki wewengkon lan kebawah Kraton Mataram……”.

            “Lha ingkang kantun piyambak menika ingkang ndadosaken boten pas lan menawi dipun lajengaken saged ndadosaken mbubrahaken tatanan Ki Lurah” dereng ngantos rampung anggenipun Ki Lurah Sarkara ngendika, sampun kapunggel dening Kyai Daka ingkang ngangkat tanganipun kalih nyuwanten radi seru.

            Ki Pawit lan para sepuh  ketingal sami kaget sedaya sami noleh ningali papanipun Kyai Daka.

 

 

Ana candhake.

 

Kamis, 17 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (81)


 

81.

            Kawontenan lajeng dados sepen, Ki Lurah Sarkara boten saged gineman menapa-menapa, pranyata leres ingkang kadhawuhaken Nyai Pandhanwangi saderengipun miwiti cariyos kala wau, boten wonten pedahipun Ki Sarkara mangertosi sinten sejatosipun Nyai Pandhanwangi. Namung kantun satunggal ingkang dereng dipun ngertosi dening Ki Lurah, wekdal menika piyambakipun gesang ing alam menapa? Lan sadaya wewangunan ingkang sampun dipun paringaken dening Nyai Pandhanwangi dhumateng piyambakipun menika nyata menapa maya?.

            “nDika aja nguwatirake kahanan ndika Ngger” Nyai Pandhansari ngendika malih, kawistingal menawi panjenenganipun sampun saged maos isen-isening manahipun Ki Lurah Sarkara “ndika ora kesasar dalan dalin dadi brekasakan, ndika panggah isih asipat manungsa lan mapan ing jagad kang nyata. Mung wae kanggo sawatara pancen kahanan papan iki isih tak tutupi nganggo warana, dadi ora bisa dingerteni dening bangsa manungsa tanpa palilah saka aku. Sedhela maneh warana iki arep tak kukut, dadi ndika bali wutuh manggon neng alam nyata jangkep klawan sipat-sipate, kang durung ana lamun kepengin nganakne uga nganggo pambudidayaning raga kang nyata ora bisa dianakake mung sarana cipta. Ya rahayune, anggonku ngrewangi mbabat alas yasa Desa iki wis oleh rada jembar lan wewangunan-wewangunan kang tenane dianakne klawan cipta wis padha dadi mung kari nyampurnakne wae. Sabanjure ndika kari nutugake nggon ndika babad alas iki murih dadi lan becike. Aja samar lan aja kuwatir, sajroning wektu kang ora suwe, bakal akeh wong sing nekani papan kene, nembung marang ndika ke[engin mangayom dadi kawula ing kene. Ya wong-wong sing padha neneka kuwi sing bakal nyepetake nggon ndika babad alas lan yasa desa. Nanging welingku marang ndika, sing ngati-ati wong-wong sing padha teka mengko duwe watak sing ora padha, ana sing becik ya ana sing ala. Sing becik bisa dadi kanca lan sing ala bisa nuwuhake bebaya”.

            “Inggih Nyai, samangke kula nyuwun pitedah menapa ingkang kedah kula lampahi kangge salajengipun?” Ki Lurah Sarkara nyela rembag nyuwun pitedah malih.

            “Sumurupa Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi paring wangsulan “kaya kang wis tak kandhakne ing ngarep, wiwit dina iki aku wis ora kawenangake paring pambiyantu marang ndika nganggo cara kaya sasuwene iki, aku mung bisa paring pambiyantu saka kadohan sing ora bisa ndika ngerteni. Awit ora suwe maneh aku bakal bali menyang alamku, lan ndika ora bakal bisa kepethuk karo aku maneh, kajaba yen mung liwat ing pasupenan. Dadi pamrayogaku marang ndika, becik ndika nyuwun pirsa marang Ki Jurudah utawa Ki Prasanta, awit priyayi sakarone kuwi kang dipercaya dening Kanjeng Ratu Setyawati murih paring pambiyantu marang ndika”.

            Sareng kalihan telasing ucapipun Nyai Pandhanwangi ngkang makaten menika, Putri Jim ingkang aslinipun asma Dewi Kusali menika ical saking pandulunipun Ki Lurah Sarkara. Ki Lurah sakalangkung sedhihipun. Boten nyana babar pisan manawi badhe pepisahan kalihan Nyai Pandhanwangi ingkang boten sakedhik anggenipun paring pambiyantu dhateng piyambakipun. Wonten raos getun lan keduwung salebeting manahipun Ki Lurah Sarkara dene boten nggega kalihan dhawuhipun Nyai Pandhanwangi saderengipun miwiti nyariyosaken lelampahanipun, kadereng saking raos kepengin nyumerepi wewadi ingkang angranuhi manahipun. Nanging inggih lajeng dipun pupus bilih sadaya menika sampun kaserat ing garising pesthining gesangipun.

            Dinten-dinten candhakipun  ingkang dipun tindakaken Ki Lurah Sarkara inggih nutugaken anggenipun mbabad wana. Yasa padhukuhan ugi yasa pategilan tuwin pasabinan, kabiyantu dening Ki Pawit lan rencang-rencangipun. Dhawuhipun Nyai Pandhanwangi pranyata leres, meh saben dinten wonten kemawon tiyang ingkang sami dugi ing siti tilas babadan ingkang samangke sampun gadhah nami Padhukuhan Kepuh Agal, nembung dhateng Ki Lurah badhe ndherek babad lan kepengin mangayom dhateng Ki Lurah minangka kawula ing Kepuh Agal mriku. Anggenipun sami dugi ing mriku wonten ingkang namung ijen-ijenan, wonten ingkang mbekta kulawarganipun, malah ugi wonten ingkang kenging kawastanan sabregada ingkang nggadhahi pangajeng. Sadaya katampi kanthi sae dening Ki Lurah Sarkara lan kaparingan palilah ndherek mapan ing Kepuh Agal mriku. Kanthi makaten ndadosaken sansaya cepet ngrembakanipun Dhusun Kepuh Agal.

            Anuju sawijining dinten Ki Lurah Sarkara emut dhateng welingipun Nyai Pandhanwangi. Ingkang paring dhawuh supados nyuwun pirsa dhateng Ki Jurudah menapa dene Ki Prasanta menawi piyambakipun mbetahaken pitedah kangge ngrembakanipun Dhusun Kepuh Agal. Nanging Ki Lurah Sarkara boten mangertos ing pundi mapanipun Priyantun kalih ingkang ugi sampun kathah paring pambiyantu dhumateng piyambakipun menika. Ngemuti sadaya menika, Ki Lurah sakalangkung ing sungkawanipun. Saking santeripun anggenipun menggalih satemah kabekta dhateng alaming pasupenan.

            Inggih ing pasupenan menika Ki Lurah Sarkara karawuhan Ki Jurudah lan Ki Prasanta malah Nyai Pandhanwangi ugi ndherek rawuh. Malah Nyai Pandhanwangi ingkang langkung rumiyin parinmg dhawuh dhateng Ki Lurah Sarkara.

            “Ki Lurah Sarkara” makaten ngendikanipun Nyai Pandhanwangi “aku rumangsa melu seneng dene Kepuh Agal saiki wis dadi Desa sing gedhe tur reja, jangkep sapategalan lan Pasawahane. Nanging Ki Lurah uga kudu ngerti, sanadyan tata gelar dumadine Kepuh Agal sing kaya mangkono mau ya merga saka pambudidayane Ki Lurah lan para warga ing Kepuh Tunggal kabeh, nanging satemene uga awit saka pambiyantune Ki Jurudah lan Ki Prasanta lan kanca-kancane kang melu rerewang tanpa ndika weruhi lan ora diweruhi dening wong-wong sing saiki padha dadi warga ing Kepuh Agal”.

“Inggih Nyai” atur wangsulanipun Ki Lurah Sarkara kalihan kurmat “estunipun sanaosa kulaboten sumerep, nanging kula ugi ngrumaosi bilih salebeting nandangi padamelan nutugaken mangun Kepuh Agal, kraos menawi wonten kekiyatan gaib ingkang anyengkuyung lan ambiyantu dhateng kula sakanca, temah sadaya saged lumampah kanthi rancag lan boten nate mrangguli panggodha menapa-menapa. Inggih sasampunipun Nyai paring dhawuh ingkang makaten nembe raos ngungun ing manah kula saged ical. Boten langkung dhumateng Ki Jurudah saha Ki Prasanta, kula namung saged ngaturaken genging panuwun”.

            “Sing tak tindakne karo Ki Prasanta lan kanca-kanca prajurit Kraton Ngiyom ing Kepuh Agal kuwi mung saderma nindakne kuwajiban Ki Lurah” ingkang paring wangsulan dhateng Ki Sarkara Ki Jurudah “lan sing aweh pambiyantu ora mung wong saka Ngiyom wae, malah andhahane Nyai Pandhanwangi ya ora kalah cacah akehe sing tandange ya padha sengkud-sengkud”.

            “Inggih Kyai” Ki Lurah matur maneh “kula ugi namung saged ngaturaken panuwun dhumateng para sepuh ingkang boten negakaken kula. Inggih mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung paringa kanugrahan dhumateng Kyai kekalih saha Nyai Pandhanwangi”.

            “Kajaba saka kuwi Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “kaya sing wis tak kabarake marang ndika nalika samana, wektu iki Kutharajane Tanah Jawa wis sida ngalih menyang Alas Mentaok sing saiki salin jeneng dadi Kuthagedhe Mataram lan sing ngratoni Tanah Jawa sing wajib tak gugu dhawuh-dhawuhe saiki Kanjeng Panembahan Senapati Ing Alaga, sing jaman isih timur ngagem asma Raden Danang Sutawijaya utawa Mas Ngabei Loring Pasar. Lan magepokan karo Desa Kepuh Agal uga wis tak unjukake ing ngarsane Rekyana Patih Mandaraka dadi mbok menawa ora suwe maneh bakal ana punggawa saka Mataram sing bakal paring layang kekancingan marang ndika Ki Lurah Sarkara”.

            “Ngaturaken genging panuwun Nyai”

            “Sabanjure, babagan sing tak kandhakne yen wong-wong sing padha teka melu mangayom marang Desa Kepuh Agal kae, yaiku pepanthane manungsa sing duwe watak angkara, sajake iki wis ana sing tata-tata arep mbalela” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “Ya iku wong-wong sing tenane tekane ing Kepuh Agal kuwi merga keplayu lan dadi burone Prajurite Panembahan Mas ing Madiun. Wong-wong kuwi pancen klebu manungsa sing manembah marang Iblis, dadi tumindake mung tansah gawe kisruhing jagad wae. Lha babagan iki dudu sanggemanku maneh, nanging wis dadi tanggung jawabe Senapati Kraton Ngiyom” .

            “Bener sing dingendikakne Nyai Pandhanwangi kuwi mau Ki Lurah” Ki Jurudah numpangi rembagipun Nyai Pandhanwangi “nanging ndika ora prelu was utawa sumelang. Jalaran salira ndika kuwi wis nyawiji karo Pusaka Ngiyom sing ndika gadhuh ya iku Keris Kyai Pantek. Ora jeneng mangeranake marang Keris Kyai Pantek, para-para sing duwe sedya ala marang Desa Kepuh Agal ora bakal menang perbawa karo Lurah Kepuh Agal sing wis nyawiji karo Kyai Pantek”.

            “Inggih Kyai” Ki Lurah atur wangsulan dhateng Ki Jurudah “kula sanget pitados kalihan ingkang jengandika dhawuhaken, namung kemawon kapeksa taksih wonten ingkang kula sumelangaken Kyai”.

            “Apa maneh Ki Lurah?” Ki Jurudah mundhut pirsa.

            “Manawi dinten samangke ing Kepuh Agal boten wonten ingkang nyumelangi, nanging kula kuwatos benjing menawi kula sampun boten wonten ? Inggih menawi Lurah ing Kepuh Agal sapengker kula saged manunggal kalihan Kyai Pantek? Menawi boten harak inggih sakalangkung andrawasi ta Kyai?”.

 

 

Ana candhake

 

Rabu, 16 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (80)


 

80.

            Kegawa rasa gumun merga lungane Sang Hyang Wilis sing ora tak ngerteni kuwi mau, nganti rada sauntara aku mung meneng, malah kena diarani ndomblong jalaran ora dhong. Lagi aku bali eling maneh yen lagi ngrembug perkara sing wigati, bareng Ki Tanparupa bali ngendika :

            “Aku wis kandha yen lungane Sang Hyang Wilis ninggalne papan kene iki mau ora susah digagas, jalaran nek ndika nggagas lungane Sang Hyang Wilis iki mau, bisa ndadekne ndika nglalekne rembug wigati antarane ndika lan aku, sanadyan ta olehe nglalekne kuwi ya mung sedhela”.

            “Nyuwun pangapunten Rama Kyai” aku atur wangsulan karo ndhingkluk, ngrumangsani kaluputanku.

            “Ora dadi apa Nini” ngendikane Ki Tanparupa karo mesem “saiki luwih prayoga nutugne rembug sing durung rampung mau, harak ya ngono ta ?”.

            “Leres Rama” aku atur wangsulan “sumangga Rama Kyai kaparenga paring dhawuh malih, kula pun Kusali siaga mirengaken”.

            “Gegayutan karo kahanane Ki Cahyangumbara sing ora bisa dipethuki nganti embuh kapan pirang puluh utawa pirang atus tahun wektune, apa ora luwih prayoga manawa Nini Dewi Kusali murungake wae kersa olehe arep methuki Ki Cahyangumbara? Banjur milang-miling ngulati mbok menawa ana priya liya saka bangsa jim utawa bangsa manungsa sing sajake bisa nocogi penggali ndika?” Ki Tanparupa banjur paring rerigen marang aku sawuse ngandharake kahanan sing dilakoni Ki Cahyangumbara wektu iki.

            Aku kudu ngakoni apa sing didhawuhake dening Ki Tanparupa kuwi ora ana alane lan nek digagas nganggo nalar sing waras, pancen ngenteni wong sing ora karuwan kapan bisane dipethuki, padha wae ngenteni kambange watu item lan keleme prau gabus. Nanging, aku dhewe ya ora ngerti ya gene ing atiku iki ora ana priya liyane Kakang Mas Cahyangumbara sing bisa nggugah ati wadonku. Mula tekading atiku, aku ora arep ngladeni pria sapa wae, kajaba Kakang Cahyangumbara, sanadyan mbuh kapan bisane kelakon.

            “Ngaturaken genging panuwun awit peparingipun rerigen dhateng kula Rama Kyai” wasana aku matur prasaja “nanging sampun dados antebing manah kula, bilih ing jagad menika boten wonten pria sanes ingkang badhe kula suwitani minangka garwa kajawi namung Kakang Mas Cahyangumbara kemawon. Inggih awit saking menika, ngantosa jaman menapa anggenipun Kakang Mas Cahyangumbara saged timbul malih ing alam ingkang saged kula ambah, badhe kula rantos. Salajengipun kula nyuwun dhumateng jengandika Rama Kyai paring tuntunan murih kula saged mlebet dhateng agami suci ingkang jengandika rasuk saha kaparenga nglintiraken seserepan piwucaling agami suci menika, badhe kula sinau lan badhe kula cakaken salebeting gesang kula. Saha ngiras pantes ngrantos timbulipun Kakang Mas Cahyangumbara ingkang badhe angiring dumuginipun Sendhang Mustikaning Warih ing bumining para manungsa menika, kula badhe nenuwun dhumateng Gusti murih Gusti paring pangayoman dhumateng Kakang Mas Cahyangumbara temah saged lebda ing karya, tartamtu kemawon anggen kula nenuwun mangke badhe kula jumbuhaken kalihan piwuca jengandika Rama Kyai”.

            “Yen pancen mangkono sing dadi tekad ndika Nini Dewi Kusali, samengko bakal tumuli tak tuntun ndika ngrasuk agama sing tak rasuk, yaiku agama kang tinurunake dening Gusti lumantar para Utusan-Ne, wiwit Utusan Kang Kapisan kang jejuluk Kanjeng Nabi Adam nganti Utusan Kang Pamungkas ya Kanjeng Nabi Muhammad Kang Jumeneng Rasulullah, ya iki kang winastan Agama Islam kang ateges Agama kang mulangake murih kaslametaning jagad saisine”.

            Sawise aku dituntun ngucapake sahadat loro. Dening Kanjeng Rama Kyai Tanparupa sing saiki wis dadi Guruku, aku kaparingan tetenger utawa jeneng anyar yaiku Nyai Pandhanwangi utawa Nyai Pandhansari. Aku banjur kadhawuhan lerem sawatara wektu ing papan kono saprelu nampa piwucal bab agama sing saiki tak rasuk, ya iku agama piwucale Kanjeng Nabi sing miyos ing Tanah Mekah lan Jumeneng neng Medinah, kapiji dening Gusti minangka Pamungkasing Para Utusan kanggo kaslametan lan karaharjaning Jagad Saisine kanthi adil tanpa mbedak-mbedakne jinising bangsa, pangkat lan drajat, lanang utawa wadon, kabeh padha ing ngarsane Gusti Kang Maha Kawasa ya iku kabeh kuwi drajate mung Kawula, ya iku kawulane Gusti. Mula aran titah kang murang tata lamun ana titah kongsi kumawani ngremehake titah liyane, jalaran padha-padha titahe. Dene lamun ana titah sing kaparingan kanugrahan embuh apa wujude, apa kuwi sing wujud bandha donya temah dadi wong sugih, embuh kuwi wujud pangkat sing temahan dadi wong cekel panguwasa, embuh kuwi wujud kaendahan temah dadi wong sing bagus utawa ayu, embuh sing rupa kawruh sing temahan bisa ndadekne wong dadi pinter, uga sing wujud kasekten lan kasudibyan, kuwi kabeh mung titipan saka Gusti murih digunakne sarana kanggo manembah marang Gustine. Mula yen kongsi ana titah sing katitipan kaluwihan saka Gusti banjur kleru anggone ngecakne bakal luwih gedhe walate.

            Sawise rada sawatara wektu aku lerem ing papan kono nampa piwulang saka Kanjeng Rama Kyai Tanparupa. Rama Kyai banjur pamit arep nutugne ngayahi jejibahan sing aku ora dikeparengake ngerti kaya apa wujude jejibahan kuwi. Sing cetha manggon ing papan liya sing adoh karo papan sing tak enggo leren kuwi. Sasuwene ditinggal, dening Rama Kyai aku kadhawuhan nindakne piwulange agama, ya piwulange Rama Kyai, ya iku supaya aku ngideri Tanah Jawa sing wektu kuwi kareh lan katata dening Kanjeng Sultan Ali Akbar kang ngedhaton ing Demak Bintara. Babar p;isan aku ora kalilanan nepungake dhiri karo kang ngasta pusaraning adil ing Tanah Jawa, nanging aku kadhawuhan asung bebantu klawan sesidheman murih ora kawistara. Dene carane, aku kudu melu njaga katentremaning Tanah Jawa, jumbuh karo kabisan sing tak duweni. Kajaba kuwi, aku uga kadhawuhan tansah aweh tetulung marang bangsa apa wae, ya bangsa jim ya bangsa manungsa sing lagi nandhang kasangsaran kanthi lila legawa tanpa pamrih apa-apa kajaba pamrih marang palimirmaning Gusti Kang Maha Suci.

            Ya sasuwene aku nglakoni dhawuhing Guru kuwi aku banjur duwe tetepungan sing akeh, sing jebule nduweni jejibahan sing ora beda karo jejibahan sing tak emban. Ing antarane tepunganku ya sing  wis ndika tepungi kaya dene Kanjeng Ratu Setyawati ing Kraton Pangayoman utawa ing Sendhang Ngiyom lan sapukawate sing jeneng Ki Jurudah lan Ki Prasanta uga mBah Tambak sing ndika temoni sepisanan sawuse ndika mlaku sajroning urip kacingkrangan saka Kutha Pajang,

            Guruku ya Rama Kyai Tanparupa, kala-kala uga rawuh nemoni aku. Saben-saben sajroning Kutharaja ana ontran-ontran, utawa yen Sing Jumeneng Nata ing Tanah Jawa iki arep ganti, Rama Kyai ajeg rawuh nemoni aku lan paring weling supaya aku ora kepilut melu cawe-cawe ing prakara kang gegayutan karo reh parentahing nagara. Aku ora diwenangake ngrewangi salah siji saka para kang rebut panguwasa, aku mung kadhawuhan nyekeli paugeran siji, ya iku : Ratu sing saiki sing tak dhereki, Ratu sing arep teka sing tak enteni. Mula sasurute Sultan Trenggana ing Demak, sing banjur kasusul anane ontran-ontran rebut panguwasa antarane putrane Kanjeng Pangeran Surawiyata, sing asmane Pangeran Arya Penangsang ing Jipang, karo putrane Ki Ageng Pengging utawa Ki Kebo Kenanga sing uga isih putra mantune Kanjeng Sultan ing Demak Bintara, ya iku Raden Mas Karebet ing Pajang, aku milih sumingkir sawatara. Aku milih ngulati endi kawula Demak sing mbutuhne pitulungan, ing kono aku nindakne kuwajiban.

            Durung suwe iki, Rama Kyai Tanparupa uga paring warah lamun ing telenging Alas Gawat sing jeneng Alas Mentaok kerep nganton ana cahya sumunar anelahi. Bareng Kangjeng Rama Kyai ngulati saka cedhakan, jebule cahya kuwi cahyaning wahyu Kraton Tanah Jawa. Lan Rama Kyai Tanparupa uga nguningani, ing alas kono lagi dibabati arep didadekne Kutha Gedhe. Kamangka Alas Mentaok kuwi sing kagungan Ki Gede Pemanahan ya kuwi ganjaran saka Kanjeng Sultan Pajang, sawuse Ki Gedhe Pemanahan klakon bisa numpes Pangeran Arya Penangsang, lha sing mandhegani mbabat alas kuwi ora liya Raden Danang Sutawijaya putrane Ki Gede Pemanahan sing uga kapundhut putra angkat dening Kanjeng Sultan ing Pajang. Lan sing miturut Rama Ki Tanparupa rada katon aneh maneh, ya iku ngendikane Rama Ki Tanparupa, Titise Sang Hyang  Nawangsasi salah siji saka tetungguling Widodari ing Jonggirisalaka, sing saiki madeg dadi Narendraning bangsa Jim ing Samodra Kidul, asring rawuh menyang Alas Mentaok kono, sapatemon karo Raden Danang Sutawijaya. Dhawuhe Rama Ki Tanparupa, mbok menawa wae Kraton Tanah Jawa sing saiki mapan ana Pajang rinenggan Kanjeng Sultan Adiwijaya, bakal ngalih menyang Kutha Gedhe sing saiki lagi dibabat ing Alas Mentaok. Lan ing babagan iki, sepisan maneh aku ora dikeparengake melu cawe-cawe yen ana ontran-ontran sasurute Kanjeng Sultan Pajang mengko. Malah dening Rama Kyai Tanparupa aku diweruhne yen wektu kuwi ana titahing Gusti sing lunga ninggalne Kutha Pajang lan banget mbutuhake pitulungan. Lan sajrone aku aweh pitulungan marang titah kuwi, bakal nuwuhake rasa sengit saka bangsa jim marang sing tak tulungi. Mula kanggo ngayomi titah sing tak tulungi kuwi mau, aku banjur martakne yen titah kuwi ora liya putraku dhewe. Yen ndika ora ngerti sapa titah mau, saiki tak jarwani, titah kuwi ora liya ya ndika dhewe Ki Lurah Sarkara”.

            Nyai Pandhansari amungkasi anggenipun nyariyosaken lelampahanipun, andadosaken Ki Sarkara njegreg kadya tugu waja sinukarta.

 

 

Ana candhake.

           

 

           

 

Selasa, 15 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (79)

 

79.

            Nanging sadurunge aku ngaturake apa sing dadi pepenginaning atiku marang Ki Tanparupa lan Sang Hyang Ijo, dumadakan aku kelingan yen sakawit niyatku tekan Tanah Jawa iki rak arep nggoleki Ki Cahyangumbara. Lan pancen ora ana kepenginan sing gedhene ngungkuli pengining atiku bisa dadi sisihane Ki Cahyangumbara.Mula sadurunge aku matur sing neka-neka, aku kepengin luwih dhisik nyuwun pirsa marang Ki Tanparupa, ing ngendi dununge Ki Cahyangumbara. Olehku arep wani matur mangkono mau jalaran Ki Cahyangumbara tau kandha yen dheweke kuwi isih siswane Ki Tanparupa.

            “Nyuwun pangapunten Ki Tanparupa” aku matur ngati-ati murih ora gawe gelane Ki Tanparupa “kula sakalangkung pitados bilih sadaya kawontenan ingkang wonten ing salumahing bumi sakureping akasa menika, jengandika Kyai tartamtu sampun nguningani. Kalebet ingkang sakalangkung winados jengandika boten badhe kalepyan, inggih ingkang sampun kelahir menapa dene ingkang taksih kineker ing salebeting manah kula, ugi ingkang sampun dumados miwah ingkang badhe kedadosan, jengandika tamtu ugi sampun uninga. Inggih awit saking menika, saestu kula suwun Jengandika Rama Kyai keparing pitedah saha kalidamar dhateng kula gegayutan kalihan sedya kula wiwit bidhal saking nagari Setambul kala samanten”.

            “Dhuh Gusti paringa pangapura” sadurunge paring wangsulan, luwih dhisik Ki Tanparupa nyebut asmaning Gusti, lagi banjur ngendika alon “ndika aja kleru Nini, aku iki mung titah wantah, ora duwe kaluwihan apa-apa lan uga ora ngerti apa-apa kajaba sing wis tak weruhi liwat panyawang, pangrungu sarta pangrasaku. Kuwi wae ya sok asring ora bener, sing tak kira miturut asiling panyawangku bener sok jebul keliru, awit beda karo kanyatan sing sabenere. Kaya upamane sing miturut pangrunguku tak sengguh suwarane waranggana kaswargan jebule suwara rengeng-rengenge Kanjeng Bagindha Ijo. Sing kagungan kaya sing ndika kira tak duweni mau tak kira ya mung titahing Gusti kang kinacek wae, dene kaweruhku durung mantra-mantra bisa nyaketi titah kang kinacek mau. Sanadyan ta mangkono, yen Nini Dewi Kusali ngersakne mundhut marang aku, coba dingendikakne wae, mbok menawa aku bisa atur wangsulan sing bisa nocogi kersa ndika”.

            Jebul Ki Tanparupa malah ngalingi yen duwe kawaskithan pininjul, malah kepara milih ora mamerake kaluwihane sarta mung ngaku yen ora luwih saka titah-titah lumrah liyane. Ewa samono, Ki Tanparupa ngeparengake aku supaya ngaturake apa sing tak karepne.

            “Waleh-waleh menapa Rama Kyai” wekasan aku banjur blaka “badhe kula tutupana ingkang kados menapa inggih tanpa gina, estunipun ingkang nyurung lampah kula saking nagari Setambul dumugi ing tanah Jawi menika jalaran kula madosi Kakang Mas Ki Cahyangumbara ingkang badhe kula suwitani dadosa sisihan kula. Samangke kula suwun dhumateng jengandika Rama Kyai kersaa paring pitedah ing pundi menggah dunungipun Kakang Mas Cahyangumbara?”.

            Krasa lega rasane atiku sawise ngucapake tembung panyuwunan marang Ki Tanparupa sing mangkono kuwi mau. Nanging Ki Tanparupa ora tumuli paring wangsulan malah karo mesem panjenengane noleh marang Sang Hyang Ijo. Sang Hyang Wilis uga nimbangi mesem banjur manthuk lan ngobahne kethekane, wangsulan tanpa mawa suwara apa-apa.

            “Mengko dhisik Nini Dewi Kusali” karo mesem Ki Tanparupa ngendika “Nini Dewi Kusali dhawuh yen arep suwita marang Ki Cahyangumbara bisaa dadi sisihane, kuwi ateges Nini Dewi ngersakne jejodhowan karo Ki Cahyangumbara. Kamangka sing arane wong arep jejodhowan kuwi kudu disarujuki jodho siji lan sijine, ora bakal kelakon lamun mung keplok tangan sasisih. Yen saka Nini Dewi Kusali cetha yen kersa dadi jatukramane Ki Cahyangumbara, lha apa Nini Dewi Kusali uga wis pirsa mungguh isen-isening atine Ki Cahyangumbara ing babagan jejodhowan iki?”.

            “Nyuwun pangapunten Rama Kyai” kapeksa aku kudu blaka maneh “bares kemawon kula dereng mangertos menggah raosing manahipun Kakang Mas Cahyangumbara, nanging kula pitados kanthi pangestunipun Rama Kyai, gegayuhan kula murih saged ngladosi Kakang Mas Cahyangumbara saestu badhe kasembadan”.

            “Kajaba saka kuwi” Ki Tanparupa ngendika maneh “sajroning kapitayan sing dirasuk dening Ki Cahyangumbara, ana pranatan ya kuwi lamun jejodhowan jodho sing dipilih kudu nduweni kapitayan sing padha. Tak kira mokal Ki Cahyangumbara gelem nglecek agama sing wis dirasuk lan salin agama sing padha karo kapitayan sing ndika ugemi”.

            “Dede Kakang Mas Ciptangumbara ingkang kedah santun agami Rama Kyai” wangsulanku tatag “nanging kula ingkang badhe ndherek kapitayan ingkang dipun agem dening Kakang Mas Cahyangumbara”.

            “Nini Dewi Kusali kudu ngerti” Ki Tanparupa katon karo ngangkat imbane olehe ngendika “sing jenenge kapitayan kuwi dudu barang dolanan, bisa dicopot lan dienggo sakarepe dhewe. Awit sing jenenge Agama sing embane Ageman, kuwi pangagem lahir trusing batin, puluha lahire ngucap lan ngaku ngrasuk sawijining agama utawa kapitayan, manawa olehe nglahirake ora tumus tumekaning batin, kuwi padha wae karo ngrusak agama utawa kapitayane dhewe. Semono uga nalika wong ngaku wis ngrasuk agama utawa kapitayan tinamtu, lakuning uripe kudu jumbuh karo piwulanging agama lan kapitayan kang rinasuk. Wiwit jagad wetan nganti jagad kulon, sakehing agama lan kapitayan kuwi mulangake mamayu hayuning bawana lire ora kena gawe rusaking jagad titipan saka Kang Maha Kawasa iki, ora kena gawe kapitunane sapa wae, dadi sanadyan ngaku jarene wis ngrasuk agama utawa kapitayan tinamtu lamun lakuning uripe isih dhemen ngremehake liyan, gawe kapitunaning sasama, mbubrahi jagad sing wis tumata, kuwi padha wae wong sing ngapusi awake dhewe. Yen ndika ngersakne ngrasuk agama kaya sing dirasuk Ki Cahyangumbara sing padha karo agama kang tak rasuk, mung jalaran saka kepengine ndika bisa urip jejodhowan karo Ki Cahyangumbara, kuwi padha wae anggon ndika ngrasuk agama mung dedolanan, sawayah-wayah rasa sengsem ndika marang Ki Cahyangumbara entek, kanthi gampang ndika ngipatake kapitayan ndika lan ngalih marang kapitayan liyane. Apa ora mangkono Nini Dewi Kusali?”.

            “Dhuh Rama Kyai” aku matur kanthi tulusing ati “samendhang datan wonten ingkang karempit, sadaya ingkang jengandika dhawuhaken menika tuhu sedaya leres.  Nanging mugi kauningan Rama Kyai, kula mbedhal lolos saking Setambul tanpa pamitan dhateng Kanjeng Ibu tuwin Kanjeng Rama wiwitanipun mila inggih awit nuruti raosing branta ingkang ngranuhi manah kula. Nalika samanten kula sampun prasetya salebeting manah, sanadyan mawi pangurbanan menapa kemawon badhe kula tempuh sauger saged katampi pasuwitan kula dhateng Kakang Mas Cahyangumbara. Nanging manawi babagan kapitayan, saderengipun kula matur ingkang sesambetan kalihan Kakang Mas Cahyangumbara kala wau, estunipun manah kula sampun kepencut kepengin ngrasuk kapitayan kados ingkang jengandika ugemi menika, labet kula nyarujuki sedaya ingkang Rama Kyai dhawuhaken kala wau. Dados anggen kula badhe nggantos kapitayan kula saking kapitayaning leluhur kula bangsa jim ing Setambul dados ngrasuk kapitayan ingkang dipun rasuk Rama Kyai menika mila mijil saking prenthuling manah ingkang suci. Lan kula ugi prasetya bilih badhe angugemi kapitayan ingkang badhe kula rasuk menika kanthi sawetahipun, lahir trusing batos lan kawujudaken mawi lampah gesang sadinten-dinten. Inggih awit saking menika, dhuh Rama Kyai samenika ugi kula nyuwun supados Rama Kyai kersa anuntuni kula sarta kaparenga paring dhawuh sarat-masrut menapa ingkang kedah kula wujudi murih kula saged ngrasuk kapitayan kados kapitayan jengandika Rama Kyai”.

            “Nini Dewi Kusali” Ki Tanparupa ngendika maneh “sadurunge aku minangkani pamundhut ndika sing keri dhewe iki mau, aku prelu ngandhakne ing ngendi mapane Ki Cahyangumbara lan apa sing ditindakne ing papane kuwi. Ya iku dina iki nganti embuh kapan rampunge, Ki Cahyangumbara lagi ngayahi jejibahan saka Sang Hyang Wilis, ya iku nyampurnakne ngelmune ing telenging Sendhang Mustikaning Warih. Dene Sendhang kasebut wektu iki isih ana ing sajabaning alaming manungsa kang kasatmata iki, uga dudu alaming bangsa jim lan lelembut liyane. Dadi ora saben wong kalebu aku, bisa ngambah alam papane Sendhang Mustikaning Warih wektu iki. Dene minangka tandha lamun Ki Cahyangumbara wis rampung nggone ngayahi jejibahane, ya iku wujude Sendhang Mustikaning Warih sing ngalih papaning bumi kang kasatmata iki. Miturut dedongengan sing tak tampa saka Sang Hyang Wilis, bumi kang bakal kapanggonan Sendhang Mustikaning Warih kuwi prenahe ana sangisore Gunung Mahendra sisih lor, sakulone kali Sumber Lanang”.

            Ki Tanparupa kendel anggone ngendika, mbok menawa paring wektu marang aku kanggo matur, nanging aku durung bisa matur apa-apa. Mung saka rumangsaku, ana rasa aneh sing nggremeti jantungku.  Dadi gelem ora gelem aku banjur nggagas apa sing marakne jantgungku kaya ana sing nggremeti iki. Nanging uga panggah ora ngerti.

            “Ora prelu digagas Nini” Ki Tanparupa ngendika maneh “sing obah-obah sajroning jejantung kuwi ora liya sasmita saka Sang Hyang Wilis sing saiki wis adoh lunga saka kene tanpa aku lan ndika kapan olehe lunga, ya ngono kuwi watak wantune Sang Hyang Wilis sing ora kena digagas babar pisan”.

            Aku lagi ngerti nek Sang Hyang Wilis sing mau lenggah ing sisihe Ki Tanparupa jebul wis ora ana. Sanadyan Ki Tanparupa dhawuh supaya ora digagas, nanging jengkare Sang Hyang Wilis sing tanpa tak ngerteni iki wis gawe gumun lan bingunge atiku.

 

 

Ana candhake

           


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...