88.
Ananging
sareng gladhen sampun rampung lan kula badhe wangsul, dumadakan dening Ki Lurah
Danara kula dipun endheg.
“Kok kesesa
kundur menika ing dalem napa wonten damelan ingkang dereng rampung ta Gus?”
makaten pitakenipun Ki Danara dhateng kula kalihan mesem semanak.
“Estunipun
inggih boten Ki” wangsulan kula blaka “namung boten sekeca menawi ngganggu Ki
Lurah Danara saha Rama Kyai Daka ingkang mesthinipun badhe tumunten aso
salira”.
“Oalah…boten
kok Gus” Ki Danara wicanten malih kalihan mapan linggih ing dhingklik panjang
ingkang wonten emperan kering pendhapa “menawi Gus Dapa boten badhe kaselak
kundur, kula kepengin rembagan sakedhik”.
“Inggih,
inggih Ki” wangsulan kula kalih nusul linggih ing sacaketipun Ki Danara “mangga
badhe paring dhawuh menapa?”.
“Niki ngaten
lho Gus” Sasampunipun kendel sakedhap Ki Danara lajeng wicanten “kala emben
Bapa Guru Kyai Daka rak sampun paring dhawuh badhe nurunaken Aji Bledheg
Saleksa dhateng Gus Dapa?”
“Inggih Ki,
kula kemutan” wangsulan kula “kala emben menika Rama Kyai Daka paring dhawuh,
malah nalika samanten Ki Danara ugi wonten, menawi badhe nyuwun palilah
dhumateng Bapa Lurah langkung rumiyin, menawi Bapa sampun ngeparengaken nembe
aji kala wau dipun turunaken dhateng kula. Kula inggih ngrantos, nanging kok
rumaos kula ngantos dangu kula boten dipun timbali malih, menapa Rama Kyai Daka
sampun kepanggih Bapa lan ngrembag prakawis menika menapa dereng, kula inggih
boten mangertos”.
“Lha keng
Bapa menapa dereng paring uninga dhateng Gus Dapa?” dumadakan Ki Danara pitaken
kanthi suwanten kepireng nedahaken gumunipun.
“Kaparingan
ngertos prakawis menapa Ki?” sanaosa estunipun kula sampun tanggap kalihan
pikajengipun Ki Danara, nanging kula nambong kemawon.
“Inggih
babagan anggenipun Bapa Guru Kyai Daka badhe nurunaken aji dhateng Gus Dapa
menika” Ki Danara nyethakaken pitakenipun.
“Dereng
menika Ki?” kula gedheg-gedheg kalihan panggah nyawang praupanipun Ki Danara.
“Hm…………” Ki
Danara unjal ambegan landhung lajeng wicanten kados katujokaken dhateng
awakipun piyambak “aneh!”.
“Menapanipun
ingkang aneh Ki?” kula waton taken kemawon.
“Mangke
rumiyin” Ki Danara wicanten malih kalih mripatipun kados nyawang mripat kula
“estunipun ndika menika kersa saestu menapa boten kaparingan aji Bledheg
Saleksa menika?”.
“Lho pripun
ta Ki?” kula wangsulan kalih suwanten gumun, murih Ki Danara ngertos menawi tembung
ingkang kula ucapaken menika boten tembung gegujengan “mesthi kemawon kula
purun. Malah kepara ngajeng-ajeng enggala aji Bledheg Saleksa menika
katurunaken dhateng kula. Estunipun wonten menapa ta Ki? Kok dumadakan ndika
paring pandangu dhateng kula ingkang kados makaten menika?”.
“Saestu ingkang
ndika dhawuhaken menika tulus lahir trusing batos?” kados kirang pitados Ki
Danara pitaken malih dhateng kula. Wonten
raos anyel salebeting manah kula nampi pitaken ingkang kados makaten
menika.
“Nuwun sewu
Ki Lurah Danara” kula lajeng wangsulan kanthi suwanten radi minggah “menapa Ki
Lurah mastani atur kula menika gegujengan? Menapa ndika nate tumon kula remen
rembagan lelemeran ? menapa Ki Lurah nate manggihi kula wicanten dora utawi
goroh sadangunipun ndika tepang kalihan kula?”.
“Sampun duka
Gus” Ki Lurah Danara wangsulan kalih mesem “tiang bagus kados ndika niku boten
sae menawi gampil duka, kalih ngaten badhea kados menapa Gus Dapa menika taksih
kaprenah sedherek kula timur tunggal sapaguron, sanaosa Gus Dapa dereng
kineceran toya suci minangka tandha sampun dados siswanipun Bapa Guru Kyai
Daka, nanging tumrap kula ndika menika sampun kalebet siswa cinaket kalihan
Bapa Guru Kyai Daka. Atur kula kala wau
namung dhapur kepengin ngantebaken manah kula kangge mitadosi dhawuhipun Gus
Dapa kemawon, saha kangge njajagi sapinten raos kepengin ndika nggadhuh aji
Bledheg Saleksa ingkang kekiyatanipun satuhu nggegirisi bebasan ing jagad boten
wonten tandhingipun menika”.
“Nyuwun
pangapunten Ki, saestu kula kepengin kaparingan aji menika dening Rama Kyai Daka”
suwanten kula mandhap malih “samangke lajeng kados pundi?”.
“Menika
makaten lho Gus” Ki Danara lajeng wicanten malih “estunipun Bapa Guru Kyai Daka
menika sampun kepengin sanget maringaken aji Bledheg Saleksa menika dhumateng
Gus Dapa, jalaran miturut pamawasipun Bapa Guru boten wonten tiyang ingkang
kiyat kacondhokan aji pamupuh ingkang nggegirisi kadibyanipun menika kajawi
namung Gus Dapa, nanging eman sanget Gus…………”
“Eman sanget
kados pundi Ki?” gandheng Ki Danara kendel boten nutugaken rembagipun, kula
lajeng nyela wuwus, pitaken.
“Hm………..” Ki
Danara boten wangsulan malah wongsal-wangsul unjal ambegan, lajeng nyuwanten
kados tiyang ingkang nggereng.
“Wonten
menapa Ki Lurah?” kula ngambali pitakenan.
“Emanipun,
Keng Bapa, inggih Ki Lurah Kepuh Agal boten utawi pasipun dereng marengaken Bapa
Guru Kyai Daka nurunaken aji menika dhateng Gus Dapa”.
Sanaosa
estunipun kula sampun mangertos, nanging murih Ki Danara boten sumerep menawi
kula sampun mangertos, kula lajeng tangklet mawi suwanten ingkang nedahaken
raos cuwaning manah :
“Bapa boten
ngeparengaken kula kaparingan aji Bledheg Saleksa, Ki Danara?. Mawi pawadan
menapa Bapa boten marengaken kula nggadhuh aji ingkang nggadhahi kekiyatan
ngedab-edabi menika?”.
“Sampun
klentu ing panampi lajeng Gus Dapa duka dhateng keng Bapa” Ki Danara suka
wangsulan kalihan suwanten ngedhem-edhemi manah kula “Ki Lurah boten menging
Bapa Guru Kyai Daka nglunturaken Aji Bledheg Saleksa dhateng Gus Dapa, namung
dereng paring palilah Bapa Guru Kyai Daka nurunaken aji menika dhateng Gus
Dapa”.
“Kula dados
bingung kalihan dhawuh ndika ingkang makaten menika Ki Lurah Danara” suwanten
kula, kula damel kados suwantenipun tiyang ingkang kagelan manahipun.
“Sabar Gus
Dapa” suwantenipun Ki Danara kapireng sareh “cethanipun rak makaten…..”.
“Inggih
kados pundi Ki Lurah?”
“Salah
satunggal saking sarat masrut kangge nurunaken Aji Bledheg Saleksa menika harak
kedah kaungkulan pusaka Sipat Kandel saking Dhusun ingkang kacondhokan ingkang
badhe nampi aji menika. Kados nalika Bapa Guru nampi aji menika saking Eyang
Guru Ajar Genisamodra, Bapa Guru kaungkulan Pusaka Sipat Kandeling Dhusun Segaraputih
ingkang wujud Duwung Kyai Samber. Lha samangke kangge nampi Aji Bledheg Saleksa
menika Gus Dapa kedah kaungkulan Duwung Kyai Pantek ingkang dados sipat
kandelipun Dhusun Kepuh Agal menika. Nanging kula lan Bapa Guru boten
mangertos, jebul Keng Bapa, inggih Ki Lurah Kepuh Agal boten ngeparengaken Bapa
Guru Kyai Daka nyuwun ngampil Pusaka
Sipat Kandel Kyai Pantek menika. Nanging Gus Dapa sampun lajeng pupus ing
pangajeng-ajeng murih saged anggadhuh aji Bledheg Saleksa menika. Sanaosa
anggen kula saha Bapa Guru Kyai Daka ngrerimuk murih Ki Lurah ngeparengaken
Kyai Pantek dipun ampil parandene cabar boten angsal damel, nanging taksih
wonten cara sanesipun, ingkang kula pitados badhe saged ndadosaken Ki Lurah
Kepuh Agal marengaken Kyai Pantek kaampil kangge sarana anggen ndika badhe
nampi aji Bledheg Saleksa menika”.
“Inggih Ki
Lurah Danara” wangsulan kula panggah mawi suwanten kados suwantenipun tiyang
ingkang katelasan pangajeng-ajeng “mugi-mugi Rama Kyai Daka lan ndika saged
manggih cara damel Bapa saged nglenggana lan marengaken Kyai Pantek kaginakaken
kangge sarana anggen kula badhe nampi aji Bledheg Saleksa saking Rama Kyai Daka
menika”.
“Makaten Gus”
Ki Danara nglajengaken anggenipun wicanten “kula menapa dene Bapa Guru Kyai
Daka nggadhahi panginten, wontenipun Keng Bapa ngekahi anggenipun boten
ngeparengaken Bapa Guru Kyai Daka nyuwun ngampil Kyai Pantek menika mbok menawi
awit Keng Bapa dereng uninga menawi Gus Dapa saestu kepengin saged nggadhuh aji
Bledheg Saleksa kala wau. Gus Dapa mesthi dereng matur dhumateng Keng Bapa ing
babagan menika ta?”.
“Leres Ki
Lurah” kula wangsulan “mila kula dereng matur babagan menika dhateng Bapa”.
“Naaah rak
tenan ta ?” Li Danara wangsulan kalihan radi gumujeng “inggih amargi Gus Dapa
dereng atur uninga dhateng Keng Bapa menika, ingkang ndadosaken Ki Lurah Kepuh
Agal boten marengaken Kyai Pantek dipun ampil dening Bapa Guru Kyai Daka,
jalaran kula ngertos lan ngrumaosi, menawi kandel tipis, Ki Lurah taksih
kagungan raos cubriya lan sujana dhumateng Bapa Guru Kyai Daka menapa dene
dhateng kula ingkang nate tumindak lepat lan dosa ingkang sakalangkung ageng
dhateng Ki Lurah, dhateng Dhusun Kepuh Agal minggahipun dhateng Nagari Mataram,
sanaosa awit saking kawicaksananipun saha welas asihipun Ki Lurah, Bapa Guru
Kyai Daka lan kula sampun kaparingan pangapura”.
“Menapa
prayoginipun kula matur dhateng Bapa ngaturi uninga bilih kula badhe kaparingan
Aji Bledheg Saleksa menika, Ki Lurah Danara?”.
“Mila kedah
makaten Gus” Ki Danara wangsulan kalihan mesem “kajawi atur uninga dhateng keng
Bapa menawi Gus Pradapa badhe kaparingan Aji Bledheg Saleksa dening Bapa Guru
Kyai Daka, ngiras pantes Gus Dapa matur nyuwun ngampil Sipat Kandel Kyai Pantek
kangge sarana nampi Aji menika. Mangke sasampunipun Kyai Pantek kaparingaken,
Gus Dapa saged ngaturaken dhateng Bapa Guru Kyai Daka. Lan sampun kesupen ugi
matur dhateng Keng Bapa, menawi sampun kasembadan Gus Dapa nggadhuh Aji Bledheg
Saleksa, Duwung Kyai Pantek badhe kaaturaken kundur dhateng Keng Bapa”.
“Inggih Ki
Lurah” kula wangsulan nanging kula lajengaken pitaken “lha menawi Bapa panggah
kukuh boten nglilani Kyai Pantek dipun ampil lajeng kados pundi?”
Ana candhake.