Total Tayangan Halaman

Sabtu, 02 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (97)

97.

        Bapa ketingal kejot penggalihipun, lajeng jumeneng tindak nyaketi kori lan dipun bikak. Kula tutwuri ing sawingkingipun Bapa. Sasampunipun kori dipun bikak, mBokne Gendruk ketingal pucet praupanipun, sunaring mripatipun nedahaken nembe kabidhung raos ajrih lan bingung manahipun.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah, anu…a… Nyai Lurah anu eh ……..” mBokne Gendruk wicanten gugup lan boten cetha ingkang dipun kajengaken.

        “Alon lan sabar mBokne Gendruk” Bapa ngendikani mBokne Gendruk “lerena sedhela, nyedhot ambegan landhung, banjur kandhawa sing cetha!”.

        “Inggih Ki Lurah” sasampuning dhawuhipun Bapa dipun lampahi mBokne Gendruk lajeng saged gineman kanthi sareh “kalawau bakda serap niku, kula rak dipun timbali Nyai Lurah malih?”

        “Iya, wangune nggonmu meteki Nyai Lurah durung tatas?” Bapa nugel aturipun mBokne Gendruk.

        “Boten Ki Lurah” mBokne Gendruk matur “Nyai Lurah boten mundhut dipun peteki, nanging dhawuh supados kula ngancani anggenipun badhe sare, dhawuhipun tansah trataban lan wonten raos ajrih ing penggalihipun, dhawuhipun malih mangke menawi Ki Lurah sampun rawuh ing patunggon, nembe kula kaparengaken ngalih dhateng senthong sanes, nanging kula dereng kaparengaken wangsul utawi kesah saking dalem Kalurahan mriki rumiyin”.

        “Iya sabanjure kepiye?”  Bapa mundhut pirsa malih.

        “Kula inggih lajeng mapan ngestokaken dhawuh, Nyai Lurah kula aturi mapan sare rumiyin, sawatawis kula linggih boten tebih saking Dhipan. Waunipun inggih boten wonten menapa-menapa, malah kalih sarean Nyai Lurah ngajak criyos prakawis anggenipun yasa wos cawisan kangge adicara Bersih Desa wulan ngajeng menapa. Nanging niki wau, nembe kemawon Nyai Lurah kendel anggenipun ngendikan dereng wonten wekdal sapanginang, dumadakan wungu saking anggenipun sare, kawontenanipun aneh, kados tiyang ingkang ajrih, boten ngendikan menapa-menapa nanging malah netranipun mencereng abrit, lajeng jumeneng ing pojoking senthong kalihan netra jlalatan kados pirsa rerupen ingkang nggegirisi. Kula ajrih, mila lajeng kengkenan mBok Jayem murih ngawat-awati Nyi Lurah, kula piyambak lajeng mriki menika, awit kala wau sonten Nyai Lurah dhawuh menawi Ki Lurah nembe tirakat wonten mriki”.

        “Iya, iya mBokne Gendruk, saiki tak paranane lagi ngimpi apa Nyi Lurah kuwi” tanpa ngentosi wangsulan Bapa lajeng tindak tumuju papanipun Biyung. Kula inggih lajeng tut wuntat.

        Nembe kemawon Bapa mlebet senthong papanipun Biyung, sampun dipun tubruk lan dipun rungkebi dening Biyung kalihan muwun.

        “Kyaine, sampun ndika tegakaken putra ndika nika, Kyaine” aturipun Biyung ing sela-selaning muwunipun.

        “Ora, ora Nyai” dhawuh wangsulanipun Bapa sareh “aku ora bakal negakne anakmu si Pradapa, lha iki lho bocahe ya ana kene awor karo aku”.

        “Inggih Biyung” kula tumut wicanten “kula boten kenging menapa-menapa, malah kala wau nembe kemawon jejagongan kalihan Bapa”.

        Dupi mireng suwanten kula, Biyung lajeng ngalih saking anggenipun ngrungkebi Bapa, gantos ngrangkul kula, kula dipun kekepi kados jaman taksih alit siyen. Kula tanggap, Biyung lajeng kula rangkul lan kanthi alon kula tuntun murih lenggah ing dhipan pasareyanipun.

        “Oalah Gusti kula nyuwun pangapura” sareng sampun sawatawis anggenipun ngekepi kula, Biyung lajeng nyebut tumunen ngendika dhateng saliranipun  piyambak “jebul aku mau mung nglindur, aku ora ngerti nek jebule mau mung ngimpi”.

        “Bener Nyai” Bapa nyaut pangandikanipun Biyung “sliramu mau ngimpi banjur nglindur, sing nggawe kaget lan wedine mBokne Gendruk sing ngancani sliramu, uga gawe kagete anakmu lanang lan aku sing lagi jagongan ing ngarep sisih kiwa kana”.

        “Nyuwun pangapunten Kyaine sedaya menika babar pisan boten kula sengaja” Biyung matur nyuwun pangapunten dhateng Bapa.

        “Jenenge ngimpi lan nglindur, mesthi wae ora ana sing ndadak nganggo disengaja” kalihan radi gumujeng Bapa paring wangsulan “lan jenenge wong lagi ngimpi utawa nganti nglindur, kuwi ora kena diluputake, sliramu ora luput Nyai”.

        “Nanging mila supena kula kala wau kados kedadosan ing alam nyata, kula ajrih sanget Kyaine” Biyung wiwit ketingal membik-membik badhe muwun malih.

        “Iya Nyai aku ngerti” Ngendikanipun Bapa sareh “jenenge impen kuwi yen durung nglilir ya pancen kaya tenanan ngana kae, nanging sawise tangi rak ya banjur ngerti nek sing diprangguli mau jebul mung ngimpi, dadi rasa wedi kuwi becike enggal dikipatne wae, merga mung impen ora ana nyatane. Lha sliramu mau ngimpi apa ta?”.

        “Mugi-mugi pasupenan menika dede pasupenan puspatajem, ingkang dados sasmitaning jagad dhateng kula, inggih Kyaine?” Biyung atur wangsulan kalih nenuwun .

        “Iya Nyai, bannjur sliramu mau ngimpi apa?” Bapa ngambali anggenipun mundhut pirsa.

        “Ing salebeting pasupenan kala wau” Biyung wiwit nyariyosaken pasupenanipun “kula sumerep ndika Kyaine kalihan putra ndika pun Pradapa, ndika kekalih nembe nganam blarak damel bleketheple ing sisihing gandhok sisih kilen mrika,  ingkang badhe kadamel payoning tarub ing adicara Bersih Dhusun wulan ngajeng. Ketang anggen ndika ketungkul damel Bleketheple, temah ndika menapa dene putra ndika boten pirsa menawi wonten Segawon ulesipun cemeng ingkang agengipun samaesa benthung. Dumadakan segawon cemeng kala wau nubruk putra ndika saking wingking pas gegeripun, Pradapa dhawah saking gegeripun ngedalaken rah ingkang kathah, lajeng dening segawon kala wau dipun saut mawi congor ingkang untunipun ketingal landhep, lancip-lancip. Pradapa lajeng dipun gondhol kesah kalihan mlajar. Lajeng jengandika Kyaine, mbujung segawon ingkang nggondhol putra ndika kala wau. Sasampunipun ndika lan putra ndika boten ketingal, dumadakan ing sandhing kula wonten kethek ingkang agengipun boten kantenan, lan kethek kala wau badhe nyakar kula, kula ajrih sanget, dumadakan kula sumerep ndika sampun rawuh malih mila lajeng kula rungkebi kala wau”.

        “Hm…….” Bapa unjal ambegan landhung lajeng ngendika “impen sing nggegirisi, mula ya pantes nek sliramu banjur nglindur kaya ngono kuwi mau”.

        “Rumaos kula, anggen kula tilem wau dereng dangu lho Kyaine” Biyung matur malih lajeng nyuwun pirsa “menika pasupenan mengku werdi menapa inggih Kyaine?”.

        “Ngimpi kuwi kembange turu” dhawuh wangsulanipun Bapa ayem “ora prelu digagas nemen-nemen, marahi neng sirah mumet. Sliramu kuwi kekeselen, enggal dienggo leren, ayo tak kancani kareben bisa angler nggonmu turu”.

        Bapa lajeng minggah ing dhipan badhe mapan sare, Biyung inggih lajeng nusul Bapa, mapan sare ing sisihipun Bapa. Kula lan mBokne Gendruk, ugi mBok Jayem lan para rewang ingkang kala wau tumut ngawat-awati Biyung lajeng medal, wangsul dhateng papanipun piyambak-piyambak.

        Kalih glethakan ing amben, angen-angen kula nglambrang dhateng pundi-pundi. Kula radi-radi pitados kalihan dhawuhipun Bapa, bilih anggenipun Biyung sumerep wewayangan ingkang ndadosaken Biyung dhawah kantaka kala wau siang menika wujuding sasmita saking jagad, ingkang ngabaraken bilih kula wekdal menika wonten salebeting bebaya ageng. Kula lajeng nginten-nginten pasupenanipun Biyung niki wau ugi sasmita gaib. Angen-angen kula sansaya nglambrang tebih, saupami kemawon kula sampun kagadhuhan Aji Maesasakecu saha Aji Paluwaja tuwin aji jaya kawijayan sanesipun  ingkang badhe dipun turunaken dening Raden Gunendra, kula mesthi boten badhe was lan boten prelu kuwatir sanaosa badhe ngadhepi bebaya kados menapa kemawon wujudipun. Nanging benjing menapa aji jaya kawijayan kala wau saged kula gadhuh?, kala wau Bapa ugi dedreng kober ngendika menapa-menapa ing babagan menika. Wasana kula inggih lajeng tilem.

        Dinten enjingipun, nalika anggen kula tangi radi kerinan, kula dipun caketi dening Paman Genter, salah satunggaling rewang utawi abdi dalem kalurahan. Dening Paman Genter kula dipun sukani kabar bilih enjing menika Biyung nandhang gerah benter katambahan watuk ngikil ingkang ngantos luntak rah saking lesanipun. Kula tumunten reresik badan lajeng mlebet ing patunggonipun Biyung.

        Jebul ing patunggonipun, Biyung dipun tenggani Bapa lan para abdi kalurahan. Kula inggih lajeng nusul mapan linggih ing sacaketipun Biyung. Nalika kula nyobi nggrayahi palarapanipun Biyung, mila estu palarapanipun Biyung benter sanget. Lan Biyung ingkang netranipun dipun remaken, dupi kraos palarapanipun wonten ingkang nggrayahi, lajeng ngendika sarwi mbikak netranipun :

        “Pradapa anakku ngger…….” Kalihan suwanten ingkang kepireng ringkih Biyung nimbali kula.

        “Inggih Biyung” wangsulan kula “Biyung sare kemawon, murih enggal saras”.

        “Iya” Biyung ngendika malih “wektu iki Biyungmu lagi nandhang lara, tak jaluk kowe aja nakal ya nang? Aja tumindak neka-neka, merga yen nganti ana apa-apa marang awakmu, Biyung ora bisa tetulung, kahanane Biyung lagi kaya ngene iki, ringkih lan tanpa daya”.

        “Inggih Biyung” kula atur wangsulan “samangke Biyung kedah kathah kendelipun, sampun menggalih ingkang boten-boten, putranipun Biyung sakniki sampun ageng, sampun boten remen nakal lan tumindak ingkang boten leres. Dados Biyung sampun sumelang malih, Pradapa badhe tansah ngatos-atos, sedaya welingipun Biyung badhe tansah kula emut-emut”.

        Biyung boten wangsulan. Lajeng ngeremaken netranipun malih, boten dangu kepireng suwantening napasipun sampun benten, inggih menika suwanten napasipun tiyang ingkang nembe sare. Pirsa menawi Biyung sampun sare, Bapa lajeng jumeneng, paring dhawuh dhumateng mBok Jayem kanthi suwanten alon murih anengga anggenipun sare Biyung. Bapa lajeng paring sasmita dhumateng kula, kaajak medal nilaraken patunggonipun Biyung.

        “Pradapa, katone lara sing disandhang dening Biyungmu iki dudu lara kang sabaene, dina iki aku arep ninggalake omah kanggo golek tambane Biyungmu. Aku meling marang kowe, aja pisan-pisan kowe ninggalake pekarangan Kalurahan sadurunge aku bali menyang omah maneh. Lan weling sing kaping pindho yen bisa kowe aja adoh-adoh karo patunggone Biyungmu” makatem dhawuhipun Bapa sasampunipun dumugi sanjawining senthong papan sarenipun  Biyung.

 

 

Ana candhake

 

 

 

Jumat, 01 September 2023

SENDHANG ,ISTIKANING WARIH 7 (96)


 

96.

        Kraos dangu sanget anggen kula ngrantos anggenipun Bapa nindakaken panembah wanci pacak dalu. Wongsal-wangsul anggen kula ngungak papan panembah, inggih Bapa panggah taksih lenggah sila majeng mangilen kalihan muter kagunganipun kalung ingkang kadamel saking rentengan wohing jali. Kula boten ngertos menapa ingkang dipun ungelaken Bapa salebeting nindakaken lampah panembah makaten menika. Estunipun, jaman taksih alit kula nate dipun ajak Bapa lan dipun wucal cara-cara menembah kados ingkang dipun tindakaken Bapa ngaten menika. Malah anggenipun mucal Bapa radi keladuk, menawi kula boten purun sok dipun gitiki. Ingkang makaten menika kala wau ndadosaken asring salah tampi antawisipun Bapa kalih Biyung, awit Biyung menika sakalangkung tresnanipun dhateng kula temah boten rila menawi kula dipun dukani Bapa. Sareng mindhak ageng, lan lajeng kathah srawung kalihan kanca-kanca sabarakan, lampah panembah ingkang dhawuhipun Bapa satunggaling kuwajiban ingkang boten kenging dipun tilar menika, sansaya awis kula lampahi awit kawon kalihan karepotan mburu remening manah. Ing wasana sansaya dangu lajeng raos menawi lampah panembah menika kuwajiban sampun ical saking manah babar pisan. Menapa malih kula ugi asring mireng pitutur saking tiyang-tiyang ingkang kula anggep pinter, bilih manembah dhateng Gusti menika boten kedah kados ingkang dipun tindakaken Bapa menika. Ingkang baken salebeting gesang menika sampun ngantos damel kapitunaning sanes, menika saestu sampun cekap. Malah menawi lampah panembah kados ingkang dipun tindakaken dening Bapa saben dinten kaping gangsal menika klentu anggenipun nglampahi kirang-kirang bejanipun saged nuwuhaken dosa ingkang ageng, awit manembahipun dipun tedah-tedahaken tiyang sanes, ingkang sami kemawon murih panggunggunging titah, ing satemah kados nandhing-nandhingaken Gusti kalihan kawula.

        “Mlebua kene Pradapa” boten kraos lan boten kula ngertosi jebul Bapa sampun rampung anggenipun nindakaken lampah panembah “banjur tutupen lawange, murih ora konangan wong liya. Jalaran sing arep tak rembug iki kalebu perkara wadi sing ora saben wong kena mangerteni”.

        Kula lajeng mlebet nusul Bapa ing papan kangge manembah, sasampunipun kori kula tutup, kula lajeng mapan linggih ing ngarsanipun Bapa sumadia nampi dhawuh ingkang ngendikanipun Bapa kalebet barang ingkang ngemu wewadi menika kala wau.

        “Sumurupa Pradapa” Bapa miwiti paring dhawuh “anggonku aweh weruh marang Biyungmu mau satemene ora bener, nanging panggah tak kandhakne marang Biyungmu murih ora sansaya nambahi kisruhing atine wae”.

        “Dados boten leres menawi Biyung menika kesayahen Bapa?” kula sumela atur nyuwun pirsa.

        “Nek kesele ya mesthi wae kesel, wong jenenge wong tumandang gawe kuwi mesthi suwe-suwe ya nganggo kesel barang” dhawuh wangsulanipun Bapa “nanging Biyungmu kuwi duwe kekuwatan simpenan sing cukup akeh, mula sanadyan paribasan saben dina ora leren nggone nutu pari, mbebak gabah, nosoh beras wuluh, tapen lan inter-inter ora bakal ndadekne Biyungmu nganti rubuh kantaka kaya awan mau”.

        “Lajeng menapa ingkang anjalari Biyung ngantos kantaka lan boten emut menapa-menapa kala wau siang menika Bapa?”

        “Kowe kudu ngerti ya Ngger” Bapa paring pangandika malih “Biyungmu kuwi dudu jamaking wong wadon sing lumrah, nanging wong wadon sing gedhe tirakat lan prihatine wiwit jaman isih nom biyen nganti tekan saiki. Mula ora aran aneh yen banjur kaparingan nugraha dening Gusti sing wujude lantiping panggraita sing adoh ing sadhuwure wong-wong liyane, malah kepara mbok menawa wae luwih dhuwur lantiping panggraitane Biyungmu tinimbang panggraitaku”.

        “Lajeng sambetipun kalihan anggenipun Biyung kantaka kala wau kados pundi Bapa?” kula nyuwun pirsa malih.

        “Awit saka lantiping panggraitane Biyungmu, temah Biyungmu kerep wae bisa weruh sasmitaning jagad kang bakal dumadi. Mung emane gandheng lantiping panggraita sing digadhuh dening Biyungmu kuwi ora dilelinthing kanthi becik, anane sasmita sing diweruhi sok malah ndadekne bingunge atine, kaya kedadean awan mau sing ndadekne Biyungmu rubuh kantaka” Bapa paring wangsulan nyethakaken ingkang sampun dipun alami dening Biyung.

        “Manawi makaten, wewayangan ingkang dipun pirsani Biyung kala wau siang menika dede wewayangan suwung kados ingkang Biyung dhawuhaken wau Bapa?” kula lajeng matur nyuwun pirsa dhateng Bapa prakawis ingkang dipun sumerepi Biyung saderengipun dhawah kantaka kala wau.

        “Miturut panrawanganing batinku liwat laku pasujudan nalika Biyungmu pamit arep mlebu Senthonge nindakne pakonku mau awan” Bapa lajeng paring wangsulan “mula nyata Biyungmu nampa sasmita yen wektu iki kowe lagi sajroning bebaya gedhe sing ora mbok ngerteni. Bebaya kuwi mawa pancingan sing wis gawe sengseme atimu. Mung wae aku durung mudheng apa wujude pancingan kang disanepakne rerupan manuk Podhang Pita kaya sing diweruhi Biyungmu ing sasmita sing ditampa. Yen miturut ancer-ancere layang primbon sing tau tak waca jaman aku isih manggon ana Pajang biyen Manuk Podhang Pita kuwi bisa dadi pralambange wanita, bisa uga sanepane palungguhan, pusaka lan uga aji jaya kawijayan. Jaman biyen sadurunge aku kepethuk karo Biyungmu tau ana sasmita rupa Manuk Podhang Pita sing jebule kuwi pralambange wanita sing ditresnani”.

        “Dados Bapa nate ngalami nampi sasmita ingkang ing mriku wonten Podhang Pita ?” kula sumela atur.

        “Dudu aku sing nampa sasmita, nanging Simbahmu Wedok ya Biyungku” Bapa paring wangsulan “nalika samana Simbahmu Wedok weruh sesawangan ing antarane ngimpi karo ora, jalaran wektu kuwi Simbahmu Wedok ora turu, nanging weruh sesawangan kang cetha, ya kuwi rumangsane Simbahmu Wedok, aku lagi menek wit waringin arep ngundhuh Manuk Podhang Pita sing nusuh ana kono, nanging aku dadi keblorot mudhun ora sida bisa nyekel Manuk Podhang kuwi, jalaran dumadakan ana manuk Alap-alap Wulung sing nyaut Manuk Podhang kuwi digawa mabur adoh embuh menyang ngendi parane”.

        “Lajeng jumbuhing kalihan kedadosan ingkang nyata salajengipun menapa Bapa?” kula nyuwun pirsa malih.

        “Critane kuwi rada dawa, nanging ringkese mangkene” Bapa lajeng paring wangsulan “biyen aku sadurunge pethuk Biyungmu tau ngiket janji arep urip bareng karo sawijining kenya tunggal desa. Wong tuwane kenya kuwi isih mitra rakete Simbahmu Lanang, lan uga wis nyarujuki aku dadi mantune. Nanging kabeh mau jebul ora kelakon. Kurang sepasar anggonku arep budhal nyantri ing omahe calon Maratuwa, dumadakan  Wong Tuwane kenya sing tau dadi gegantilaning atiku kuwi nemoni Simbahmu Lanang, ngabarake yen kapeksa murungake nggone arep bebesanan. Dene sing dadi jalaran, ya iku anake wedok dikersakne dening Punggawa Kasultanan Pajang sing pangkate Tumenggung Kaprajuritan. Yen nganti pamundhute nDara Tumenggung kuwi ora diolehi, mangka calon mara tuwaku sing ora sida kuwi arep dipidana abot. Wekasan wong kuwi mung bisa pasrah, anake wedok klakon diboyong nyang Dalem Katumenggungan didadekne garwane nDara Tumenggung”.

        “Lajeng Bapa kados pundi?” kula sumela atur.

        “Nemoni kanyatan kaya mangkono kuwi, aku dadi kaya wong kentekan nalar, susah, sedhih, pegel, gela, nesu campur adhuk dadi siji” Bapa nglajengaken anggenipun cariyos “wekasan ragaku sing ora kuwat, aku banjur kecandhak lelara panas-tis, nganti pirang-pirang tahun suwene mung bisa dadi kembange dhipan. Warase olehku lara sawuse aku diendhangi Simbahmu sekalihan, ya kuwi wong tuwane Biyungmu sing wektu kuwi ngajak anake wedok. Simbahmu ngujar-ujari aku, yen aku bisa tumuli waras saka anggonku lara mangka bakal dipek mantu dijodhokne karo anake wedok. Let sepasar saka anggone ngunekne ujar Simbahmu kuwi, aku keparingan waras. Mula aku ya banjur dijodhokne karo anake wedok nganti tekan saiki iki lan wis nukulake kowe kuwi Pradapa”.

        Bapa kendel anggenipun cariyos, kula manthuk-manthuk nggambaraken lelampahan ingkang dipun alami dening Bapa saderengipun kepanggih kalihan Biyung.

        “Saiki aku arep takon, wangsulana apa anane” sasampunipun kendel sawatawis Bapa lajeng ngendika malih “dina iki apa kowe lagi mambu ati marang sawijining kenya? Yen bener, banjur kenya kuwi anake sapa ? omahe ngendi?”.

        “Nyuwun pangapunten Bapa” ngatos-atos kula matur “ing ngajeng Bapa ndhawuhaken bilih miturut ungelipun Serat Primbon jaman kina, Peksi Podhang Pita menika kajawi saged minangka pralambangipun pawestri, ugi saged dados pralambang saking Pangkat, Pusaka lan Aji Jaya Kawijayan. Lan mugi kauningan Bapa, ngantos titi kalenggahan menika kula dereng nate kasengsem dhateng kaendahaning kenya”.

        “Yen mangkono” Bapa numpangi atur kula “kowe awan mau kandha yen wiwit sadurunge tengange kowe ana ing Sanggar awit ditimbali dening Kyai Daka. Banjur apa sing wis mbok tindakne nalika kowe ing sanggar mau lan dening Kyai Daka kowe diwejang apa wae?”.

        Sakedhap kula njejegaken anggen kula linggih, lajeng kula ngaturaken sedaya lelampahan ing wau siang. Wiwit dipun tepangaken kalihan Raden Gunendra, lajeng kacariyosan ingkang dados panyuwunipun  Ki Danara dhateng Raden Gunendra, ingkang kepengin dados pangajeng saha suhipun Para Bebau ing Kepuh Agal, lajeng sumerep katiyasanipun Aji Paluwaja saha Aji Mahesasakecu ingkang dipun tedahaken dening Raden Gunendra, tuwin keparengipun Raden Gunendra badhe nurunaken Aji Paluwaja lan Maesasakecu tuwin aji sanesipun dhateng kula.  Lan ingkang pungkasan ugi kula aturaken pisan piwelingipun Raden Gunendra menawi tigang dinten malih badhe rawuh ing Kalurahan saprelu manggihi Bapa.

        Bapa ketingal migatosaken anggen kula matur. Nanging dereng ngantos Bapa paring dhawuh menapa-menapa , dumadakan korinipun senthong papan panembah menika dipun dhodhog seru saking jawi, kahiring panguwuhipun mBokne Gendruk ingkang sambat nyuwun pitulungan dhateng Bapa.

 

 

Ana candhake

 

Kamis, 31 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (95)

95.

        Alon-alon tangan kula, kula tumpangaken ing palarapanipun Biyung. Lajeng pipih ingkang wonten sacaketipun kula pendhet, kula angge ngusapi riwenipun. Wangunipun Biyung kraos menawi kula usap riwenipun, netranipun dipun bikak, nglirik dhateng kula, lajeng mesem.

        “Kowe ora apa-apa Nang?” kanthi suwanten ingkang alon Biyung ndangu kula. Kepireng aneh pandangunipun Biyung menika, panjenenganipun ingkang nembe gerah, malah kula ingkang dipun dangu “boten menapa-menapa”.

        “Pradapa seger waras Biyung” atur wangsulan kula “Biyung enggal dhangan inggih?”.

        “Sokur ta nek pancen kowe ora apa-apa Ngger” Biyung ngendika malih “jebul wewayangan sing tak sawang mau mung wewayangan suwung, tiwas aku kaget nganti dadi rejengane wong akeh kaya ngene”.

        “Ki Lurah, kaparenga nulungi, kula kepengin linggih piyambak” Biyung lajeng matur dhateng Bapa ingkang mangku mustakanipun.

        “Iya ayo tak tangekne Nyai” wangsulanipun Bapa kalihan nulungi Biyung “kene sendhen ing dhadhaku kene, sadurunge kekuwatanmu bali pulih”.

        Biyung lajeng lenggah kalihan sumendhe dhateng Bapa. Tiyang-tiyang ingkang sami ngrubung dening Bapa dipun sasmitani murih sumingkir saking mriku rumiyin, supados hawanipun boten sumpeg.

        “Sliramu mau genahe kepiye ta Nyai?” sasampunipun tiyang-tiyang sami sumingkir tebih, Bapa lajeng ndangu dhateng Biyung “kok jarene sing weruh mau, dumadakan sliramu rubuh banjur ora eling apa-apa? Lan sawise anakmu lanang nyedhak kowe kandha yen weruh sesawangan sing jebule mung wewayangan sing suwung, sliramu mau weruh apa Nyai?”.

        “Inggih Kyaine” atur wangsulanipun Biyung kaselanan mawi nyruput wedang jahe benter ingkang cumawis ing sacaketipun “kula piyambak inggih kirang patosa cetha. Kala wau kula rak nembe kasengsem methiki sekar melathi ingkang nedheng mekar-mekar ing sacaketing regol, badhe kula sukakaken ing cem-cemaning klentik. Dumadakan kula mireng suwanten pating jalerit saking katebihan. Sareng kula ngadeg sarwi nilingaken asaling suwanten, dumadakan kula sumerep gunung lan jurang-jurang ingkang lebet mapan ing sabranganing margi ngajengan mriku. Lan ing gunung ingkang ngongkang jurang menika kula sumerep putra ndika pun Pradapa menika nembe mlajeng-mlajeng mbujung Podhang Pita, temah sukunipun kepleset dhawah kajegur dhateng salebeting jurang. Sakala kula njerit sakayangipun ketang kageting manah kula, salajengipun kula sampun boten emut menapa-menapa malih. Nembe kraos menawi kula sampun kabekta mlebet griya nalika kringet kula dipun seka putra ndika pun Thole Pradapa niku wau”.

        Ketingal menawi Bapa sakalangkung migatosaken atur wangsulanipun Biyung ingkang makaten menika. Menika saged katitik saking njengkerutipun kulit ing palarapanipun, lan sareng sampun rampung anggenipun Biyung atur wangsulan, kepireng suwantenipun Bapa ingkang lajeng unjal ambegan landhung.

        “Nyuwun pangapunten Kyaine” sareng sampun radi dangu Bapa boten ngendika menapa-menapa, Biyung lajeng matur malih “menika pralampita menapa ? mbok inggiha Kyaine nyukani kabar dhateng kula. Jalaran sanaosa sak niki anak kula Pradapa boten kirang setunggal menapa, nanging wewayanganing sesawangan ingkang ndadosaken kaget kula menika tansah kumanthil-kanthil ing mripat niki lan ingkang makaten kala wau ndadosaken manah kula tansah kraos sar-saran ingkang boten kanten-kantenan”.

        “Kuwi dudu pralampita apa-apa Nyai” dhawuh wangsulanipun Bapa “wangune sliramu kuwi kekeselen lan kurang leren, saking nggonmu ketungkul nandangi gaweyan nganti kowe lali mangan lan ora kober leren, angen-angenmu klambrangan tekan ngendi-endi sing pungkasane kaya sing mbok alami iki, weruh sesawangan sing satemene wewayangan sing ngayawara”.

        “Rumaos kula, kula niki nggih boten nyambut damel menapa-menapa lho Kyaine?” Biyung  gentos wangsulan “menawi prekawis nedha, kula inggih boten kirang, tiyang saben-saben ngladosi ndika dhahar ngoten nika kula nggih lajeng tumut nedha, menawi dinten Senen lan Kemis kula inggih ndherek siam ndika. Lan kula ugi boten ngraosaken kesel babar pisan, tiyang kula boten nyambut damel awrat”.

        “Sliramu kuwi pancen angel kok nek dituturi” Bapa ngendika kalihan mesem “lha wong genah wis sepasar luwih ajeg lesungmu jumengglung suwarane, merga sliramu lan para simbok padha repot yasa beras ngono lho? Orawa tanganmu kekeselen ngudang alu, ya ora sedhela nggonmu mumet inter-inter lan tapen. Merga atimu seneng, sliramu ora ngrasakne kesel, nanging sirah karo bebaumu ora bisa diapusi, panggah upama bisa guneman mesthi padha kandha nek mbutuhne leren sauntara. Karo maneh anakmu lanang kuwi wis gedhe tuwa, wis bisa ngopeni awake dhewe, pikiranmu aja kaya nalika Pradapa isih cilik biyen, nek tiba saka olehe dolanan isih mbutuhake pitulungan bisane tangi, nganti sapari polahe Pradapa mbok uwasi aja nganti dolanan sing bisa mbebayani.”

        “Inggih, inggih Kyaine” Biyung nguwali anggenipun sendhen dhateng Bapa kalihan atur wangsulan “perkawis damelan mila ndika ingkang leres, nanging menawi prekawis Pradapa, menapa estu yoga ndika niku empun ageng ?”.

        “Sliramu ki gek kepiye ta?” Bapa mangsulaken pitakenipun Biyung “genah nek karo aku wae wis dhuwur Pradapa ngono kok, sliramu malah isih ndadak takon tenan apa ora? Apa sliramu duwe karep liya?”

        “Kajeng sanes pripun Kyaine?”

        “Sliramu wis kepengin momong putu?” Bapa pitaken kalihan gumujeng.

        “Gene ya wis pirsa ngoten lho? Kok ndadak takok barang?”.

        Mireng anggenipun gegujengan antawisipun Bapa kalih Biyung ingkang nggepok kula makaten menika, raosing manah kula inggih lajeng lingsem piyambak. Estunipun Biyung sampun wongsal-wangsul paring dhawuh dhumateng kula murih kula enggal pados sisihan, awit kanca dolan sabarakan kula sampun meh sedaya gadhah semah. Nanging kula dereng kepengin mangun bebrayan, kula taksih rumaos kirang ing sadhengah seserepan, inggih seserepan ing babagan kanuraganm babagan bebrayan, sastra lan sanesipun. Kula taksih kepengin pados lan mewahi seserepan kula langkung rumiyin.

        Ketingalipun Bapa tanggap kalihan kawontenan kula, mila lajeng dhawuh dhateng Biyung :

        “Perkara olehmu kepengin enggal momong putu kaya tangga-tanggane dhewe, bisa dirembug sesuk-sesuk, sing baku wektu iki sliramu kudu waras dhisik”.

        “Kula sampun saras kok Kyaine?” wangsulanipun Biyung “kantun lemes lan kraos lungkrah kemawon”.

        “Iya, kareben enggal bali pulih kekuwatanmu lan ilang rasa lungkrahmu, saiki enggonen turon neng senthongmu kana. Mau aku isih krungu suwarane mBokne Gendruk jagongan karo wong-wong neng Gandhok wetan, kongkonen supaya ngancani lan ngurut sliramu pisan” Bapa nglajengaken dhawuhipun dhateng Biyung murih tumuli kendel ing papan pasareyanipun.

        Biyung inggih lajeng jumeneng badhe madosi mBokne Gendruk badhe kadhawuhan meteki saliranipun ing patunggon. Nalika kula nututi ngadeg badhe nglawani anggenipun Biyung tindak, kalihan mesem Biyung paring dhawuh :

        “Aku wis kuwat dhewe kok Nang, aja banget-banget nggonmu mikirne Biyung, merga Biyung ora apa-apa tenan”.

        Nembe sasampunipun kula sumerep Biyung medal saking gandhok wetan tindak tumuju patunggonipun lan dipun tutaken mBokne Gendruk, Dhukun pijet ingkang kulina meteki Biyung, kula lajeng wangsul mapan linggih ing sandhingipun Bapa malih. Nanging kula radi gumun, kalihan lenggah ing papanipun kala wau ketingal menawi Bapa nembe nindakaken lampah semedi. Lenggahipun sila suku kanan tumumpang ing suku kering. Epek-epeking asta kanan kering tangkeb ing sangajenging jaja. Mustaka radi tumungkul kalihan netra anglirik dhateng pucuking grana. Ngantos sawatawis dangu Bapa namung kendel kados reca, malah napasipun ugi boten kapireng babar pisan. Kula inggih lajeng mapan linggih ngapurancang ing ngarsanipun Bapa, boten wantun kumecap menapa-menapa.

        Sareng sampun sawatawis dangu, Bapa sampun rampung anggenipun nindakaken lampah semedi. Lajeng wangsul lenggah kanthi limrah, kula lirik ketingal menawi Bapa nembe ngampet raos ingkang boten sekeca ing penggalihipun. Sasampunipun unjal ambegan landhung kaping tiga, Bapa lajeng ndangu kula :

        “Kowe mau isih ana kene ta Pradapa? Kepiye Biyungmu mau? Wis gelem leren neng senthonge apa isih ana ngendi?”.

        “Inggih Bapa, Biyung sampun mlebet ing patunggon dipun kancani mBokne Gendruk” wangsulan kula menapa wontenipun.

        “Kowe mau menyang ngendi kok olehmu nyedhak Biyungmu wis suwe sawuse Biyungmu ngglethak ora eling, kowe lagi teka? Sangertiku, wiwit sadurunge srengenge ngglewang mangulon kowe mau wis ora ana omah ta? Menyang ngendi kowe mau Ngger?” dumadakan Bapa ndangu dhateng kula, mundhut pirsa makaten menika.

        “Nyuwun pangapunten Bapa” kula lajeng atur wangsulan, kalihan nimbang-nimbang salebeting manah, prayogi menapa boten manawi dhawuh welingipun Raden Gunendra dhateng kula kala wau, kula aturaken dhateng Bapa pisan “mila wiwit tengange kala wau, kula dhateng Sanggar, katimbalan marak dening Rama Kyai Daka”.

        “Iya, iya kabeneran yen pancen mangkono” Dhawuh pangandikanipun Bapa malih “ana bab-bab wigati sing arep tak kandhakne sarta tak rembug karo kowe, nanging ora saiki awit wektune wis rada kesoren, kamangka sing arep dirembug cukup akeh. Dadi mengko bengi wae, kowe aja lunga saka omah, aku karo kowe bisa jagongan nganti katog ana ing Sanggar Kalurahan”.

        “Manawi makaten inggih ngestokaken dhawuh Bapa” atur wangsulan kula, kalih ing salebeting manah wonten sakedhik raos cuwa, awit dereng saged ngaturaken dhawuh pawelingipun Raden Gunendra dhateng Bapa.

        Bapa lajeng jumeneng, tindak dhateng pancuran badhe sesuci, kados padatan saben dintenipun inggih menika kangge ngayati jejibahan kapitayan ingkang dipun rasuk, manembah ing wanci sonten sasampunipun wewayanganing barang ingkang kasorot dening surya langkung panjang katimbang barangipun. Kula piyambak inggih lajeng medal saking griya badhe nindakaken kuwajiban nyawisaken diyan ingkang badhe kasumet mangke dalu murih kawontenan boten peteng.

 

Ana candhake.

 

 

 

 

Rabu, 30 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (94)

94.

          Nampi pitakenan ingkang makaten kala wau, raosing manah kula lajeng dados kados campur adhuk. Liripun, inggih rumaos remen lan kepengin sanget saged nggadhahi Aji ingkang nami Aji Mahesasakecu saha Aji Paluwaja kala wau. Nanging raos boten remen dhateng Raden Gunendra ingkang wongsal-wangsul sajak ngremehaken dhateng tiyang sepuh kula, ugi taksih rapet sumimpen ing salebeting manah kula. Menapa badhe kelampahan kula meguru dhateng tiyang ingkang salebeting manah kula sengiti?. Nanging iba emanipun menawi kula boten purun nampi kasekten saha kasudiran ingkang ing jagad awis-awis saged dipun panggihaken menika?. Ing wekdal menika, kula nggadhahi kapitadosan menawi kula sampun kasembadan nggadhuh Aji Mahesasakecu lan Paluwaja sokur-sokur katambahan Aji sanesipun, Rama Kyai Daka menapa dene Ki Lurah Danara boten wonten menapa-menapanipun tumraping kula.

          “Kok ora tumuli wangsulan, apa sing mbok gagas Pradapa?” Raden Gunendra ngambali pitakenipun “apa kowe isih tidha-tidah karo sing dak kandhakne iki mau? Dudu watake Raden Gunendra dhemen ngumbar rembug kanggo geguyon ing babagan ngilmu lan kanuragan Pradapa!”.

          “Nyuwun pangapunten Raden” wasana kalihan nyembah, kula atur wangsulan. Salebeting manah kula kemutan piwucaling tiyang kina menawi dedalane guna lawan sekti menika kedah andhap asor, wantun ngalah, saha prayitna anyingkiri bapang. Kula nggadhahi dudutan bilih nugrahaning Gusti badhe tumurun dhateng kula lelantaran Raden Gunendra, saha raos serik dhateng Raden Gunendra wiwit kala wau menika saged kula wastani “bapang” ingkang kedah kula singkiri, inggih awit saking menika kanthi kekiyataning manah pengin nggayuh kagunan saha kasekten, kula kedah nyingkiraken raos sengit kula dhateng Raden Gunendra lan kula santuni kanthi raos tresna asih saha pangabekti.

          “Iya. Piye?” Raden Gunendra paring panadangu malih.

          “Kula sampun ngertos dhateng sedaya ingkang Jengandika dhawuhaken, namung kemawon awit saking cubluking manah kula, kula ajrih menawi ngantos klentu anggen kula merdeni dhawuh jengandika kala wau. Sepisan malih kula nyuwun pangaksami” atur kula ngatos-atos sanget.

          “Cekak cukupe, kowe wis gelem yen katurunan Aji Mahesasakecu lan Paluwaja sarta isih akeh Aji Jaya Kawijayan liyane sing tatarane padha karo Aji loro kuwi, saka sing wenang nurunake?” Raden Gunendra nanting kula sepisan malih.

          “Ngaturaken sewu genging panuwun menawi ta Gusti Kula Raden Gunendra kepareng anurunaken Aji Jaya Kawijayan menapa kemawon dhateng pun patik Pradapa” kasurung raos sengsem dhateng ingkang dipun dhawuhaken Raden Gunendra kula atur wangsulan kanthi prasaja.

          “Bagus!” Raden Gunendra mesem karenan “Kajaba saka kuwi Pradapa, mbok menawa pancen wis dadi kodrating jagad yen drajad luhur sing disingidake wong tuwamu bakal katon sumunar maneh liwat kowe. Ngerti ?”.

          “Nyuwun pangapunten Raden” kula atur wangsulan “blaka kewala kula dereng mudheng kalihan ingkang jengandika kersakaken kalihan dhawuh menika”.

          “Perkara ngerti kuwi bisa mbesuk-mbesuk Pradapa” Raden Gunendra paring wangsulan kalihan gumujeng alon “sing cetha, yen wis klakon kowe kagadhuhan Aji Jaya Kawijayan sing tak kandhakne ing ngarep, kowe wis dudu wong liya tumrapku, kowe bakal dadi sedulurku lanang kaprenah nom, jalaran nggonku nurunake Aji Jaya Kawijayan marang kowe mengko amung minangka wewakile Wong Tuwaku Angkat sing asmane lagi bisa mbok weruhi bareng karo nggonmu nampa Aji jaya kawijayan mbesuk lan kowe uga bakal dadi putra angkate wong tuwaku angkat mau, kanthi drajat sing padha karo aku, kanthi mangkono kowe bakal dadi Satriya sing sejati, satriya kang cinaket ing ratu, mbawahi prajurit lan kawula sing maleksa-leksa cacahe, mapan adoh ing sadhuwure Lurah, Demang, Panewu lan liya-liyane, nanging kuwi mbesuk sawise kowe lara lapa sarta urip ngrekasa jalaran kudu taberi nyawijekake Aji Jaya Kawijayan sing bakal mbok tampa marang jiwa ragamu, kanthi laku sing ora entheng. Kowe saguh apa ora Pradapa?”.

          “Tumrap kula Raden, kangge nggayuh guna lawan sekti, lados menapa kemawon awratipun tartamtu badhe kula tempuh kanthi sukaning manah” wangsulan kula sansaya manteb.

          “Ha ha ha ya kuwi sing tak karepake Pradapa. Dadi wis cetha, sabanjure sanadyan mbesuke Danara kaya sing mau tak kandhakne bakal nduweni palungguhan sing bisa mranata para Bebau andhahane Ki Kepuh Agal, nanging kena diupamakne pati uripe Danara bakal manggon ana jerone gegeman tanganmu. Dadi Danara ora bakal bisa tumindak sakarepe dhewe”.

          Raden Gunendra kendel sakedhap lajeng kalihan gentosan mirsani kula, Ki Danara lan Rama Kyai Daka, panjenenganipun  ngendika malih :

“Saiki wis padha ngerti kabeh karo sing dadi kersaku iki ?”   

“Kawula nuwun inggih kula saged mangertos saha kanthi legawa kula aturaken bilih jengandika nyata wicaksana Raden” ingkang atur wangsulan rumiyin piyambak nenggih Rama Kyai Daka “saha kula estu ngaturaken genging panuwun awit Jengandika Gusti sampun kepareng miyak aling-aling kacublukan ingkang nutupi mripat batin kula temah boten sumerep sesotya ing ngajeng kula, nuwun inggih Anakmas Pradapa menika”.

“Nedha nrima banget Kyai” Raden Gunendra paring wangsulan kalihan mesem lega “satemene aku dhewe maune ya ora ngira yen ing Kepuh Agal kene ana sing ndika kandhakne sesotya kuwi mau, lagi sawise budhalku menyang Kepuh Agal kene iki mau diparingi sangu wujud lenga pranalengnala dening Kanjeng Rama ing Patalan, aku banjur bisa weruh sesotya sing dening Kanjeng Rama kadhawuhan nglari kuwi, dadi satemene antarane aku lan ndika kuwi ya ora pati akeh bedane”.

“Inggih Raden” Rama Kyai Daka atur wangsulan lajeng wangsul tumungkul malih.

“Nek kowe kepriye Danara?” Raden Gunendra lajeng ndangu Ki Lurah Danara, utawi Ki Bau Sidamulya.

“Kula ngrumaosi Raden” wangsulanipun Ki Danara alon.

“Ngrumangsani kepriye?” Raden Gunendra mundhut pirsa malih.

“Inggih ngrumaosi bebakalaning balung lan daging kula, ingkang pranyata tebih kalihan bebakalanipun Gus Pradapa, dados kula inggih kanthi manah legawa saged nampi menapa ingkang jengandika dhawuhaken” atur wangsulanipun Ki Danara “kula ugi rumaos bombong dene wiwit Gus Pradapa alit kula sampun dipun tepangi, dados ing benjangipun menawi Gus Pradapa sampun ngagem sebatan Raden lan dados pepundhen saha pangayoman kula, kula sampun mangertos kados pundi murih saged sae anggon kula badhe lelados dhumateng panjenenganipun”.

“Sokur yen pancen mangkono Danara” Raden Gunendra sansaya ketingal rena penggalihipun “samengko marang Kyai Daka, tak jaluk rilaning ati ndika supaya ndika tumuli murungake kersa ndika sing arep aweh kecer marang Pradapa sarta nurunake Aji Bledheg Saleksa marang dheweke”.

“Kawula nuwun ngestokaken dhawuh Raden” wangsulanipun Rama Kyai Daka “estunipun sampun wiwit wau kekajengan kula menika sampun kula wurungaken”.

“Pradapa” Raden Gunendra lajeng amiji kula.

“Kawula wonten dhawuh Raden” wangsulan kula sarwi atur sembah.

“Sajake wis sansaya padhang dalan sing bakal mbok liwati kanggo tumuju marang kamulyaning uripmu, mung kari sajangkah apa rong jangkah wae, lakumu bakal tekan papan sanggar pamujan ing Pasanggrahan Patalan kanggo nampa kanugrahan saka Kanjeng Rama ing Patalan lumantar aku wujud tumuruning Aji Jaya Kawijayan panunggalane Aji Paluwaja lan Mahesasakecu. Mula kowe kudu nyiyagakne jiwa lan ragamu murih ora ndrawasi lamun kacondhokan Aji sing kabeh duwe daya pangaribawa sing ngedab-edabi” Raden Gunendra paring dhawuh dhateng kula.

“Sendika ngestokaken dhawuh Raden” wangsulan kula, kalihan salebeting manah sampun gadhah panginten murih kula miwiti lampah prihatin, ngirang-ngirangi tilem menapa dene nedha. Murih sawanci-wanci kula kagadhuhan aji jaya kawijayan boten kaget.

“Saiki kowe balia” Raden Gunendra nglajengaken anggenipun paring dhawuh “matura kanthi sing sabecik-becike marang Ki Kepuh Agal ya Ki Lurah Sarkara, wong tuwamu kuwi ngenani asil pirembugan antarane aku, kowe, Kyai Daka lan Danara. Sarta matura, telung dina maneh kapetung karo dina iki, aku Raden Gunendra sing biyen putrane Sawargi Kanjeng Rama Raden Tumenggung Dibyaningrat, abdi dalem Kasultanan Pajang, sing saiki ndherek masanggrah ing Pasanggrahan Alas Patalan, arep teka ing Kalurahan saprelu nemoni Ki Kepuh Agal lan njaluk palilah bakal paring kanugrahan marang putrane sing ora liya kowe dhewe”.

“Ngaturaken genging panuwun Raden, samangke kaparenga kula nyuwun pamit badhe wangsul saha matur dhateng Bapa” kula ugi lajeng nyuwun pamit “nyuwun pangestu mugi-mugi atur kula mangke ndadosaken renanipun tiyang sepuh kula”.

Boten mawi tolah-toleh kebat lampah kula, daya-daya enggal dumugi griya lan saged tumunten ngaturaken sadaya prakawis ingkang kula panggihi menika dhateng Bapa. Nanging nembe kemawon kula nglangkungi regol pekarangan kalurahan, manah kula dumadakan kraos boten sekeca. Ing ngajenging pendhapa kathah tiyang jaler estri sami ngadeg kanthi praupan sajak nembe bingung, ngemu kuwatos. Daya-daya kula nyaketi tiyang-tiyang kala wau kepengin mangertos sampun wonten kedadosan menapa.

“Nyuwun pangapunten Gus” saderengipun kula kober taken, Ki Sanja salah satunggaling abdi Kalurahan nyaketi kula kalihan wicanten alon-alon, lathinipun kacaketaken ing kuping kula “Nyai Lurah gerah dadakan, kala wau nalika nembe methiki sekar melathi ing sacaketing regol dumadakan dhawah lajeng kantaka. Samangke nembe dipun upakara dening tiyang-tiyang estri ing jogan dalem wingking”.

Boten sranta kula lajeng setengah mlajeng mlebet griya murugi papanipun Biyung dipun upakara dening tangga-tangga. Tiyang-tiyang ingkang sami ngupengi Biyung sami piyak suka margi dhateng kula. Kula lajeng mapan linggih jengkeng ing sisih keringipun Biyung ingkang gumlethak ing tikar, mustakanipun dipun pangku dening Bapa. Pasuryanipun Biyung ketingal pucet sanget, netranipun merem dipet. Wajanipujn nggeget kados tiyang ingkang nembe ngempet raos sakit.

 

Ana candhake

 

 

 

 

 

 

Selasa, 29 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (93)

93.

       Raden Gunendra ketingal boten wonten ewah-ewahan ing praupanipun, benten kalihan Ki Danara menapa dene Rama Kyai Daka ingkang ketingal mbrabak abrit, nalika kula pitaken prakawis pepenginanipun Ki Lurah Danara ingkang dipun aturaken dhateng Raden Gunendra. Nanging inggih boten dangu, kados kasirep dening gumujenging Raden Gunendra ingkang lajeng nyriyosi kula, murih kula boten keladuk kleru ing panampi.

       “Kowe kudu ngerti Pradapa”  Raden Gunendra nutugaken wicantenipun “para Bebau andhahane wong tuwamu kuwi satemene isih cethek kaweruh lan kanuragane, nanging gandheng dening wong tuwamu dipercaya ngesuhi dhukuh wewengkone, banjur duwe watak ambeg gumedhe. Kamangka kowe mesthi ya wis ngerti, wong sing duwe ambeg gumedhe kuwi sok dhemen ngremehake liyan, anggepe para Bebau kae sing wenang ngelingake upama bebau-bebau kuwi lali ya mung wong tuwamu, Ki Lurah Kepuh Agal wae. Beda adoh karo watake wong tuwamu, sing sanadyan wis akeh kaweruh sing dingerteni lan duwe kadigdayan sing pilih tandhing, nanging isih dhemen ngrungokne panemune sapa wae, merga Wong Tuwamu ngerti yen panemu becik kuwi ora mesthi metu saka wong sing duwe pangkat wae, sanadyan wong pidak pajarakan ora arang nduweni gagasan sing gedhe pedahe marang bebrayan agung Kepuh Agal kene. Mula Danara banjur duwe gagasan,kanggo kabecikane Kepuh Agal kene, dheweke kepengin ngesuhi para Bebau kae kabeh sarta dadi pangarepe para Bebau, kanthi mangkono Para Bebau kae ora mung seneng nggugu karepe dhewe lan seneng kekudhung asmane wong tuwamu Ki Kepuh Agal. Lan mesthi wae, wewenange Danara panggah manggon ngisore wong tuwamu, kabeh tumindake Danara sing magepokan karo para Bebau kudu oleh palilah saka wong tuwamu”.

       “Inggih Raden” wangsulan kula inggih namung sakecandhakipun kemawon.

       “Sanadyan aku uga nyarujuki yen Danara kepengin ngesuhi para Bebau lan dadi Pangarepe kabeh panguwasa padhukuhan, nanging aku duwe rasa samar yen nganti Danara ketiban lali” Raden Gunendra wicanten malih “mula saliyane Ki Kepuh Agal lan Kyai Daka sing loro-lorone wis padha tuwa kuwi, kudu ana maneh sing bisa ngendhaleni Danara samangsa-mangsa dheweke lali lan arep nggugu karepe dhewe”.

       “Lajeng sinten malih menika Raden?” kula nyobi pitaken “sedheng ing Kepuh Agal mriki menika boten wonten ingkang kasudiranipun mapaki kadibyanipun Ki Lurah Danara”.

       “Kowe Pradapa” wangsulanipun Raden Gunendra kalih mesem. Kula lirik, Ki Danara menapa dene Rama Kyai Daka sami ndhingkluk tumungkul ningali siti.

       “Kok kula Raden?” kula rumaos boten ngertos kalihan rembagipun Raden Gunendra makaten menika “kula menika boten gadhah kelangkungan menapa-menapa. Malah saupami kula sampun kaakenan minangka siswa ing Paguronipun Rama Kyai Daka menika kemawon, kula menika namung mapan dados andhahan ingkang tebih sangandhapipun Ki Lurah Danara, dhawuh jengandika Raden Gunendra menika kapireng lucu menawi boten kangge nggegujeng kula Raden”.

       “Ha ha ha ha…..” Raden Gunendra gumujeng malih, kula tingali sakeplasan Rama Kyai Daka lan Ki Danara sami mesem ngimbangi, lajeng Raden Gunendra wicanten malih “sansaya nambahi senenging atiku marang kowe wangsulanmu kang mangkono iku Pradapa, kanggo mangsuli pitakonmu sing keri dhewe sing sajak ora percaya karo sing tak kandhakne mau, entenana sedhela aku tak takon marang Danara lan Kyai Daka luwih dhisik”.

       “Inggih Raden, sumangga” wangsulan kula.

       “Danara…..” Raden Gunendra nunten ndangu Ki Lurah Danara.

       “Nuwun inggih Raden?”

       “Aku tak takon wangsulana kanthi sabener-benere!”

       “Kawula nuwun inggih Raden, sumangga kaparingana dhawuh abdi jengandika pun Danara, menawi saged tantamtu badhe kula aturaken wangsulan ingkang saleres-leresipun” wangsulanipun Ki Lurah Danara kalihan nyembah.

       “Kowe wis weruh dhewe, aku mau mbithi watu sing cedhak plangkan pusaka, mung sepisan lan ora pati banter, nanging pranyata watu bisa sumyur dadi sawalang-walang. Iya apa ora?”

       “Inggih Raden kula nyipati piyambak ampuhing pupuhan asta jengandika Raden ingkang satuhu nggegirisi, boten namung kula ingkang eram kaworan miris sumerep ampuhing pupuhan jengandika kala wau, sanaosa Bapa Guru Kyai Daka menapa dene Gus Pradapa kula kinten inggih sami kalihan kula” wangsulanipun Ki Lurah Danara.

       “Sabanjure” Raden Gunendra wicanten malih “apa kowe sadurunge nate weruh wong sing nduweni pupuhan kaya pupuhanku mau? Lan saupama kowe tak prentah mupuh watu kaya sing tak tindakne mau apa kowe bisa kaya aku?”.

       “Lepat nyuwun pangapunten Raden” Ki Danara nyembah kalihan atur wangsulan “sadanguning gesang kula, inggih nembe sepisan menika kula sumerep ampuhing pupuhan, dados kula saged mesthekaken menawi ing salumahing bantala sakureping akasa boten wonten ingkang kagungan kasekten ampuhing pupuhan sampun malih ngungkuli ngembari kemawon boten badhe wonten kalihan kasekten jengandika Raden.  Lan yen ta Jengandika paring dhawuh murih kula mupuh sela kados ingkang jengandika tindakaken, dede selanipun ingkang sumyur nanging mbok bilih malah balunging tangan kula ingkang putung”.

       “Ha ha ha ha ……..jujur tenan kowe Danara” Raden Gunendra gumujeng sarwi wangsulan, lajeng gentos wicanten dhateng Kyai Daka “Saiki piye panemu nDika Kyai Daka, marang apa kang wis ndika weruhi dhewe, ya iku nalikane siswa ndika sing dhuwur dhewe ngelmu kanuragane namakne tumbak marang saliraningsun sing malah ndadekne tumbak sing tumiba marang ragaku dadi putung kaya ngana kae mau?”.

       “Dhuh Gusti saestu nembe menika kula kaweleh dening panginten lan raos kuminter kula” wangsulanipun Rama Kyai Daka kalihan sikep ingkang sakalangkung kurmat “sadangunipun kula gesang menika, wontenipun unen-unen ingkang nyebataken tan tedhas tapak paluning pandhe sisaning gerenda tanapi tebaning kikir, kula wastani menawi namung mandheg ing unen-unen ingkang ngayawara. Nanging jebul panginten kula kala wau babar pisan lepat, jengandika Gusti kula Raden Gunendra pranyata tuhu ingkang mbikak mripat kula, temah kula sumerep menawi titah ingkang tinatah mendat jinara menter, menika tuhu wonten. Sanaosa mbok menawi sajagad boten jangkep tiyang sedasa. Kula piyambak pitados wontenipun aji jaya kawijayan ingkang saged madal saking dedamel, nanging inggih boten ngantos kados jengandika Raden kala wau”.

       “Kabeh wae padha sumurupa” kalihan mesem lan suwanten kapireng ingkang nedahaken manah ingkang mongkog Raden Gunendra wicanten malih “saplenik saka kanuragan sing dadi gadhuhanku sing tak tuduhne ing ngarep ndika kuwi mau, ya mung saperangan cilik ngelmu kanuraganku sing tak tampa saka Guruku ing Pasanggrahan Alas Patalan. Pancen ora saben titah wenang anggadhuh ngelmu-ngelmu kanuragan kaya sing tak duduhne mau. Mung wong sing nduweni jiwa raga kang mumpuni sing kuwat kacondhokan ngelmu kanuragan mau,  Aji Pamupuh sing kuwawa ngejur watu sing atose kagila-gila mung sarana dibithi nganggo kepelan mau, diarani Aji Paluwaja, yen tumiba menyang watu item wae dadine kaya ngana, ndika mesthi bisa ngira-ira kaya apa dadine sirahe menungsa yen ketiban pupuhan tanganku kanthi tak lambari Aji Paluwaja iki mau”.

       “Hla menawi sirahipun menungsa ingkang kedhawahan Aji jangandika Raden, saged kula pesthekaken menawi badhe mawut polonipun” ingkang mangsuli namung Ki Lurah Danara ingkang anggenipun wicanten sarwi radi gumujeng.      

       “Bener apa sing dadi kandhamu Danara” wangsulanipun Raden Gunendra malih “dene kang ndayani aku ora pasah ketiban tumbak mau, kuwi jalaran saka Ajiku Maesasakecu, uga peparinge Guruku ing Pasanggrahan Patalan. Aji Maesasakecu iki katiyasane mbalekne sakehing kekuwatan kang nedya gawe rusake ragaku. Aji Maesasakecu kuwi dumadi saka pirang-pirang tataran, wiwitane daya panulake ya cilik, upama ana gegaman utawa pupuhan lan sadhukan sing tumiba ing awak, sanadyan ora nganti bisa nuwuhake tatu, nanging isih krasa lara. Malah kepara bisa uga yen gegamane gegaman pusaka isih bisa gawe tatuning perangan raga ing sisih njero. Nanging yen aji iki terus diungkal  bakal bisa kaya sing tak gadhuh dina iki, malah kepara luwih sampurna maneh. Nanging sepisan maneh tak kandhakne, ora saben wong kuwawa nampani lan kanggonan aji loro iki mau”.

       “Abdi jengandika nglenggana ing bab menika Raden” ingkang wangsulan Rama Kyai Daka “sampun ta ngantos ngelmi ingkang samanten agungipun, tiyang ngelmi ingkang bobotipun namung sak Aji Bledheg Saleksa kemawon boten sadhengah tiang kuwat kapanggenan, kalebet pun Danara menika”.

       “Bener apa sing dadi kandha ndika kuwi Kyai” Raden Gunendra anumpangi rembagipun Rama Kyai Daka “lan klebu begja tumrapku tekan ing papan kene iki mau”.

       “Begja kados pundi Raden?” Rama Kyai Daka sumela rembag.

       “Jalaran sawise milang-miling ing ngendi-endi, aku nggoleki nom-noman sing kuwawa nampa Aji Maesasakecu apa dene Aji Paluwaja lan Aji liyane sing wis dadi gadhuhanku ora nemokne. Jebul ing papan kene ana nom-noman sing jiwa ragane sampurna dhasare duwe nalar sing wasis, sing ora liya ya Pradapa iki”  Raden Gunendra suka wangsulan lajeng ningali dhateng kula.

       Kageting manah kula boten kenyana-nyana dene Raden Gunendra nuding kula bilih kula kiyat menawi kacondhokan Aji gadhahanipun. Makaten ugi Rama Kyai Daka lan Ki Danara ketingal menawi kaget manahipun, mbok menawi sami kalihan kula, ingkang boten ngira menawi miturut pamawasipun Raden Gunendra namung kula ingkang kuwawi nampi Ngelmi Kanuragan ingkang wujudipun Aji Paluwaja lan Aji Maesasakecu saha aji sanesipun malih.

       “Wis cetha nggonmu nampa apa sing tak dhawuhake iki mau Pradapa?” Raden Gunendra wicanten suka pitakenan dhateng kula.

 

 

Ana candhake

 

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...