Total Tayangan Halaman

Senin, 04 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (99)


 

99.

        Bapa lajeng mirsani kula kalihan ngendika :

        “mBok menawa tamu iki sing dikersakne dening Nyai Pandhanwangi, yen aku lan kowe kena ninggalne tamu sing wigati sing tekane arep nemoni aku lan kowe Pradapa”.

        “mBok bilih mila makaten Bapa” wangsulan kula cekak.

        “Ya wis yen pancen mangkono, ayo tamune ditemoni bebarengan, sauntara Ki Genter lan mBok Jayem kareben nyulihi awake dhewe ngancani Biyungmu ing kene”.

        Sasampunipun Bapa paring dhawuh dhateng Paman Genter murih nenggani Biyung, kula lan Bapa lajeng mlampah dhateng Pendhapa, badhe manggihi tamu ingkang dipun aturaken Paman Genter kalawau. Saderengipun dumugi pendhapa, Bapa kober mlebet dhateng plangkaning pusaka. Lan nalika miyos sampun nyengkelit Kyai Pantek ing lempeng kananipun.

        Pranyata anggen kula nggadhahi panginten leres. Tamu ingkang katemben rawuh menika Raden Gunendra saestu. Namung benten kalihan nalika jaman ing sanggaripun Rama Kyai Daka kala emben, ingkang anggenipun nyebat asmanipun Bapa, Raden Gunendra kepireng ngremehaken. Samangke sareng ing Pendhapa Kalurahan, dupi pirsa menawi Bapa lan kula saking wingking medal dhateng Pendhapa, Raden Gunendra ketingal suka pakurmatan dhateng Bapa langkung rumiyin, kanthi nindakaken sembah kalbu. Bapa ugi ketingal boten benten anggenipun nampi rawuhipun Raden Gunendra, panggah kados menawi manggihi tamu sanes. Sasampunipun anjawat astanipun Randen Gunendra lajeng kaacaran lenggah ing gelaran joganing pendhapa. Kula ugi lajeng atur sembah dhateng Raden Gunendra kados nalika ing sanggaring Rama Kyai Daka kala emben.

        “Nuwun sewu saderengipun Kisanak” Bapa lajeng ngendika “sampun mastani kula tambuh, awit mila sayegtosipun nembe menika kula kepanggih kalihan andika Kisanak. mBok bilih wonten sarjuning panggalih, kaparengna Kisanak sudi paring uninga dhateng kula pun Sarkara ingkang pinitados angesuhi Dhusun Kepuh Agal mriki menika, Kisanak wingking saking kasatriyan pundi saha sinten sinambating wangi?”.

        “Inggih Ki Lurah” boten nyana babar pisan, jebul Raden Gunendra ngagem basa krama nalika mangsuli pitaken saking Bapa “kula menika saking Dhukuh Gundhalasewu sacaketipun Pasanggrahan Patalan, dene nami kula tiyang-tiyang sami amastani Raden Gunendra”.

        “Raden Gunendra saking Dhukuh Gundhalasewu?” Ki Lurah amangsuli wangsulanipun Raden Gunendra, kados nyethakaken ungeling tembung ingkang medal saking lesanipun Raden Gunendra.

        “Leres Ki Lurah” Raden Gunendra lajeng suka katrangan malih “estunipun kula menika suwaunipun saking Kitha Pajang, kula menika putranipun Rama Tumenggung Dibyaningrat abdi dalem kaprajuritan ing Kasultanan Pajang duk ing uni, ananging anyarengi ngalihipun Kraton Pajang dhateng tilas wana Mentaok ingkang winastan Kutha Gedhe Mataram lan Kanjeng Rama Tumenggung surut ing kasedan jati, boten dangu kula lajeng nilar Kitha Pajang lan gesang ing Dhuhuh Gundhalasewu”.

        “Oooo, dados jengandika menika putranipun Gusti Tumenggung Dibyaningrat Senapati Pajang gandhenganipun Gusti Tumenggung Prabalintang, ingkang kondhang kaloka ing rat prajurit sekti mandraguna, ingkang kagungan panguwaos namung satapak ing sangadhapipun Kanjeng Sultan Adiwijaya piyambak menika?” Bapa ngendika kanthi suwanten kados nocogaken pangintenipun.

        “Bab sepinten panguwaosipun Kanjeng Rama kula boten mangertos Ki Lurah, nanging menawi gandhenganipun Uwa Prabalintang mila leres” Raden Gunendra suka wangsulan lajeng pitaken “menapa Ki Lurah rumiyin ugi saking Pajang ? ingkang dalemipun sakilenipun Sendhang Umbul ?”.

        “Leres Raden, kula Sarkara mila saking mrika” Bapa gentos suka wangsulan.

        “Menawi makaten kula boten klintu” Raden Gunenendra mesem.

        “Liripun boten klintu kados pundi Raden?” Bapa pitaken.

        “Jengandika kalebet priyagung ingkang kedah kula kurmati, awit jengandika menika priya ingkang asring dipun cariyosaken dening Kanjeng Ibu, minangka priya ingkang jujur lan abudi luhur, ingkang satuhu dipun kurmati dening Kanjeng Ibu. Sanaosa anggenipun cariyos Kanjeng Ibu mesthi menawi Kanjeng Rama nuju boten wonten” Raden Gunendra suka wangsulan.

        Kula lajeng emut cariyosipun Bapa dhumateng kula, bilih saderengipun kepanggih kalihan Biyung, Bapa nate kagungan sambeting tresna kalihan satunggaling wanita, nanging sesambetan menika kedah pedhot jalaran wanita kala wau dipun pundhut garwa dening Gusti Tumenggung. Kula lajeng nggagas menawi Raden Gunendra menika taksih putranipun wanita ingkang nate dipun tresnani Bapa.

        “Prakawis menika prayogi boten dipun rembag malih Raden” Bapa lajeng ngendika amangsuli cariyosipun Raden Gunendra “menika namung cariyos lelampahanipun tiyang jaman kina ingkang sampun katutup dening obahing jaman sarta kawontenan. Malah samangke kula badhe nyuwun pirsa, Raden ngantos dumugi papan mriki menika, amengku kersa menapa?, awit kala wau rewang kalurahan cariyos dhateng kula bilih rawuhipun Raden menika namung saprelu kepanggih kalihan kula lan anak kula Pradapa”.

        “Inggih kula nyuwun pangapunten Ki Lurah” Raden Gunendra wangsulan kalihan mesem “saderengipun kula ngaturaken wosing sedya kula sowan Ki Lurah ing Pendhapa Kepuh Agal mriki menika, kaparenga kula nyuwun pirsa, menapa putra jengandika Pradapa dereng mlambangi atur dhumateng Ki Lurah bab anggen kula kepengin mewahi raketing kekadangan antawisipun kula kalihan Pradapa?”.

        “Satleraman mila Pradapa nate cariyos bilih nembe kemawon kepanggih satriya bagus ingkang kagungan kasekten pindha jawata Surapati ngejawantah ingkang asma Raden Gunendra” ngendikanipun Bapa mangsuli pitakenipun Raden Gunendra “nanging kula kinten langkung jangkep malih menawi jengandika Raden Gunendra ingkang ngendikakaken dhateng kula”.

        “Walah kula kinten anggenipun matur Pradapa dhateng Ki Lurah menika sampun dipun emperi kathah” kalih gumujeng alit Raden Gunendra ngendika dhateng Bapa “mila leres manawi kula sampun nedahaken sapletik saking Aji ingkang kula gadhuh dhateng Pradapa tuwin Danara lan Kyai Daka, ingkang wujudipun Aji Paluwaja miwah Aji Mahesasakecu. Lan kula kepengin sanget nyowanaken Pradapa ing ngarsanipun tiyang sepuh angkat kula murih Pradapa ugi kaparingan sedaya Aji ingkang sampun katurunaken dhateng kula dening Tiyang sepuh angkat kula kala wau. Sartanipun malih, Pradapa sageda sinengkakaken dados putra angkat dados adhi kula. Ing prakawis menika kula sampun rembagan kalihan Pradapa, Pradapa ugi sampun nayogyani. Samangke kula suwun Ki Lurah mugi ngeparengaken menapa pepenginan kula ingkang sampun kula aturaken menika lan ugi ingkang sampun dados pepenginanipun Pradapa. Kadospundi Ki Lurah?”.

        Radi dangu Bapa namun kendel, boten tumunten suka wangsulan dhateng Raden Gunendra. Namung ketingalipun Bapa nembe menggalih utawi nimbang-nimbang pangandikanipun Raden Gunendra menika.

        “Mangke rumiyin Raden” sasampunipun sawatawis anggenipun menggalih Bapa lajeng ngendika “saestu kula ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhateng jengandika Raden ingkang sampun paring kawigatosan samanten agengipun dhumateng anak kula pun Pradapa. Sangertos kula ingkang nami Aji Jaya Kawijayan kados ingkang katiyasanipun ngedab-edabi kados ingkang sampun kula pireng saking Pradapa menika, boten sauger tiyang saged dipun gadhuhi, sanaosa tiyang ingkang kepengin kagadhuhan anggenipun nyuwun dipun rencangi tetangisan ngantos luhipun awujud getih, dereng kantenan menawi saged dipun paringi. Nanging anak kula Pradapa menika, ngimpekaken saged katurunan aji jaya kawijayan ingkang makaten menika kula kinten dereng pantes, dumadakan Raden Gunendra kepareng badhe nurunaken aji jaya kawijayan kasebat dhateng piyambakipun. Menika tuhu satunggaling kanugrahan ingkang agungipun tanpa saged dipun pindhakaken………”

        “Menika makaten Ki Lurah” Raden Gunendra nigas pangandikanipun Bapa “mila leres ingkang jengandika dhawuhaken menika, nanging mugi kaemutana bilih Aji Jaya Kawijayan menika makutha pepindhanipun, boten saben sirah saged pas manawi kaageman Makutha ingkang sampun wonten, lepatipun lodho awit kagengen makuthanipun, inggih sesak jalaran kagengen sirahipun. Makaten ugi sambetipun Aji Jaya Kawijayan ingkang badhe katurunaken dhateng Pradapa menika, prasasat sampun tepung gelang nggen kula ngulati papan ing Tanah Jawi menika, kanthi sangu pitedahipun tiyang sepuh angkat kula ing Patalan, ngupadi tiyang ingkang saged kanggenan aji jaya kawijayan kados ingkang kula gadhuh peparingipun tiyang sepuh angkat kula menika, nanging kepanggihipun inggih namung Pradapa piyambak. Pramila Bapa ing Patalan sampun ngersakaken Pradapa katurunan aji jaya kawijayan sami kalihan kula saha badhe kaangkat dados putra kasedherekaken kalihan kula”.

        “Nuwun sewu Raden”  Bapa ingkang gentos ngendika “ menapa leres Jengandika kala wau dhawuh menawi samangke Raden milih manunggal kalihan para ingkang masanggrah ing Patalan?”

        “Leres Ki Lurah” wangsulanipun Raden Gunendra “kula menika namung nulad lekasipun Kanjeng Rama sawargi ingkang setya tuhu dhateng Kanjeng Sultan Adiwijaya ing Pajang ingkang tedhakipun Pangeran Handayaningrat saking Majapahit, suthik menawi ta kedah suwita dhateng tedhak turunipun tiyang saking Dhusun Sela ingkang samangke ngagem sebatan Panembahan Senapati lan ngedhaton ing Kutha Gedhe Mataram menika”.

        “Kula aturi pirsa inggih Raden?” Bapa ngendika malih “kula Sarkara mila rumiyin saking Pajang, nanging ingkang netepaken kula minangka Lurah ing Kepuh Agal menika Ngersa Dalem Gusti Panembahan Senapati ing Alaga, ingkang menawi katurut ugi trah saking Raden Bondhan Kejawan putra wuragilipun Prabu Brawijaya ing Majapahit. Kula boten nglepataken para ingkang masanggrah ing Patalan awit ngugemi kapitayan bilih ingkang wenang mranata Tanah Jawi menika namung Trah Majapahit ingkang samangke masanggrah ing Patalan, nanging kula ugi boten badhe nglunturaken kapitayan kula bilih Kanjeng Panembahan Senapati saturun-turunipun menika ugi kagungan wewenang mranata Tanah Jawi. Samangke jengandika kagungan kersa badhe ngajak anak kula dhateng Patalan, menapa jengandika mila kagungan sedya badhe misahaken kula kalihan anak kula Raden?”.

        “Sampun klentu ing panampi Ki Lurah” Raden Gunendra suka wangsulan kalihan gumujeng alon “babagan ngelmu utawi Aji Jaya Kawijayan sampun dipun campur kalihan babagan para luhur rebat nagari. Sanaosa ing mangkenipun Pradapa badhe kapundhut putra dening Rama ing Patalan nanging boten pisan-pisan badhe kadhawuhan murih wani dhateng Mataram……”.

 

 

Ana candhake

 

 

 

Minggu, 03 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (98)


 

98.

        Kula inggih namung matur sendika, boten matur nyuwun pirsa dhateng pundi anggenipun Bapa ngupadi tambanipun Biyung. Sasampunipun Bapa bidhal, kula nunten wangsul malih nenggani Biyung, ingkang ketingal taksih sare. Boten watuk babar pisan, dados inggih boten ngedalaken rah malih. Kula nicil ayem, menapa malih saya dangu ketingal anggenipun sare sansaya angler. Namung kala-kala mila taksih ngeses kados nembe ngampet raos sakit, nanging inggih boten dangu lajeng kendel, wangsul sare malih.

        mBok Jayem ingkang wongsal-wangsul nggentosi pipih kacelup toya minangka sarana kangge ngirangi bentering badanipun Biyung, kula kengken leren, awit ketingal sampun kesel sanget, jalaran anggenipun nenggani Biyung mila wiwit saprotiganing dalu dumugi sapriki dereng wonyen ingkang nggentosi. Lan padamelanipun nenggani Biyung kula gentosi. mBok Jayem inggih lajeng medal nilar patunggonipun Biyung, gentos kula ingkang linggih caket kalihan mustakanipun Biyung, murih gampil menawi nggantos pipih ingkang kacelup ing toya asrep lan katemplekaken ing palarapanipun Biyung.

        Nenggani Biyung ingkang gerah lan namung kendel amargi sare, ndadosaken badan kraos kirang sekeca, awit boten obah kados padatan, kajawi namung linggih kendel tanpa guneman menapa-menapam malah obah ingkang nuwuhaken suwanten ugi boten wantun awit ajrih menawi ngantos mbribeni sarenipun Biyung. Kula lajeng ngewahi anggen kula linggih, suku kula slonjoraken geger lan sirah kula angge sumendhe dhateng gebyog, kanthi makaten raosing badan kraos radi sekeca. Nanging jebul kanthi linggih makaten menika sampun ndadosaken kula boten kraos ngantos ketileman.

        Inggih ing salebeting katileman menika, dumadakan kula sumerep wewayangan ingkang aneh. Lan langkung aneh malih, kula boten saged ebah lan boten saged ngucap menapa-menapa, sagedipun namung nguwasi wewayangan ingkang aeng kala wau. Rumaos kula ing senthong menika Biyung boten namung setunggal, nanging wonten sekawan malih ingkang rupinipun persis kalihan Biyung. Biyung ingkang cacah sekawan menika sami ngadeg jejer ing jogan madhep dhateng Biyung ingkang nembe sare, sekawan-sekawanipun sami suka kurmat dhateng Biyung ingkang namung kendel sare ing ambenipun, lajeng sami mlampah medal nilaraken senthong liwat kori. Sareng Biyung cacah sekawan kala wau sampun boten ketingal, nembe kula saged obah, anyarengi Biyung wungu saking anggenipun sare kapratandhan kalihan mbikakipun netra ingkang kala wau merem.

        Daya-daya kula nata linggih kula lajeng madhep dhateng Biyung sarwi matur :

        “Biyung ngersakaken menapa? Ngunjuk menapa dhahar?”

        Biyung boten wangsulan kajawi namung nggedhegaken mustakanipun. Lajeng biyung mirsani kula kalihan mesem, nanging rumaos kula esemipun Biyung menika ketingal benten kalihan esem padatan. Boten dangu lajeng ngeremaken netra, wangsul sare malih kados wau. Kula inggih lajeng nutugaken anggen kula nenggani ngantos Bapa rawuh saking anggenipun ngupados jampi.

        “Apa Biyungmu wiwit mau babar pisan ora nglilir?” Bapa ndangu kula.

        “Nglilir sepisan Bapa” atur wangsulan kula, lajeng kula nyariyosaken sesawangan aneh ingkang kula sumerepi nalika kula ketileman kala wau.

        “Hm……” Bapa unjal napas landhung lajeng ngendika “aku wis nggawa boreh kanggo Biyungmu, nanging dhawuh sing tak tampa saka Eyangmu Nyai Pandhansari mau awake dhewe iki titahing Allah, sing duwe kuwajiban mbudidaya nanging ora kinudokake kasile. Kaping pindhone titah kudu tansah nyenyuwun marang Allah lan mesthi bakal dikabulne, nanging wujud kabule panyuwunan kuwi ora dijumbuhake karo sing dikarepne titah, nanging dijumbuhake karo sing dibutuhne titah mung emane akeh titah sing ora weruh marang apa sing dibutuhne merga ketutup dening kekarepane. Kaping telune, satemene kabeh barang kang gumelar iki kagungangane Allah, manungsa saderma wenang anggadhuh, barang gadhuhan kuwi ora bisa digondheli yen kakersakne bali dening ingkang Kagungan, kalebu sing aran pati uripe dhewe iki. Dene prentah saka Eyangmu Nyai Pandhanwangi mau, awake dhewe, aku lan kowe kudu gentenan nunggoni anggone turu Biyungmu, Biyungmu ora dikeparengake kijenan turu tanpa ana sing nunggoni. Aku lan kowe kena bareng ninggalne Biyungmu yen ana tamu wigati sing kepengin ketemu karo aku lan kowe”.

        “Inggih Bapa, sadaya dipun dhawuhaken Bapa menika badhe kula lampahi kanthi sasae-saenipun” atur wangsulan kula ingkang lajeng kula susuli kalihan panyuwunan pirsa “menapa Bapa samangke sampun saged manggihi Kanjeng Eyang Nyai Pandhanwangi ?”.

        “Dudu aku sing bisa sowan marang Nyai Pandhanwangi” dhawuh wangsulanipun Bapa “nanging pancen Nyai Pandhansari sing saiki madhepok ing papan kanggo tumibane Sendhang Mustikawarih, ngersakne aku sowan. Mau niyatku satemene arep ngupadi papane Sendhang Ngiyom, arep nyoba sowan Kanjeng Ratu Setyawati utawa saora-orane ya sowan marang Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta saperlu arep nyuwun pituduh kanggo nambani Biyungmu, nanging jebul lakuku malah dituntun manjing marang Pratapane Nyai Pandhanwangi. Lan sawuse aku nampa dhawuh kaya sing wis tak kandhakne mau, aku uga diparingi weruh senadyan bisa nemokne Sendhang Ngiyom aku panggah ora bisa sowan marang Kanjeng Ratu Setyawati, Ki Jurudah apa dene Ki Prasanta kajaba yen dikersakne wae, aku uga dielingake sawayah-wayah ana wong sing melik marang Kyai Pantek lan aku utawa kowe ora bisa ngukuhi Keris Kyai Pantek, murih ora ndadekne rusake jagad aku kadhawuhan nglarung Kyai Pantek iku ing telenge Sendhang Ngiyom”.

        “Inggih Bapa, lajeng benjang menapa anggenipun Bapa badhe amborehi Biyung murih Biyung tumunten waluya jati jati temahan waluya?” kula lajeng nyuwun pirsa anggenipun badhe mborehi Biyung.

        “Saiki uga boreh sing ana takir iki usapna marang dlamakane Biyungmu, muga-muga bisa ngilangake panase sarta ndadekne Biyungmu waras kaya wingi uni” Bapa paring dhawuh kalihan maringaken takir plonthang ingkang isi beboreh.

        Takir Plonthang lajeng kula tampi lan kanthi ngatos-atos, dlamakanipun Biyung kanan kering kula borehi. Biyung ketingalipun kraos menawi dlamakanipun kula usap kalihan beboreh ingkang dipun asta Bapa kala wau. Sukunipun dipun obahaken, sareng kula tingali jebul Biyung sampun wungu lan boten merem. Dupi pirsa menawi kula borehi, Biyung lajeng mesem. Bapa ugi pirsa menawi menawi Biyung wungu. Bapa lajeng sansaya nyaket anggenipun lenggah.

        “Matur nuwun Kyaine, awit paringipun jampi ingkang dipun borehaken putra ndika niku” ngendikanipun Biyung dhateng Bapa.

        “Ya muga-muga bisa ndadekne sliramu enggal waluya jati Nyai” dhawuh wangsulanipun Bapa ingkang kapireng rena penggalihipun.

        “Inggih Kyaine, kula sampun mantun kok Kyaine” Biyung ngendika malih “kantun nisa raos sayah lan arip kemawon, mangke menawi sampun kula angge tilem lan kendel paling dangu sapeken malih sampun ical sedaya sakit kula”.

        “Iya Nyai” dhawuh wangsulanipun Bapa “yen nyatane sliramu isih krasa kesel karo ngantuk ya dienggo leren lan turu wae dhisik, kareben tenagamu tumuli pulih lan bisa waras kaya wingi-wingi”.

        “Inggih Kyaine, boten langkung kula ndherek titip sampun ngantos Kyaine negakaken putra ndika nempuh bebaya piyambakan” rampung ngendika makaten kala wau, lan dereng ngantos Bapa paring wangsulan, Biyung sampun sare malih. Nanging sarenipun Biyung boten kados kala wau, samangke anggenipun sare inggih kados tiyang boten sakit. Saliranipun Biyung sampun boten benter kados wau. Samangke limrah kados tiyang ingkang badanipun waras.

        Bapa wongsal wangsul unjal ambegan landhung. Nitik pasuryanipun Bapa ketingal nembe nandhang sayah sanget. Awit saking menika, Bapa lajeng kula aturi murih lerem ing papan palereman rumiyin. Kula ingkang badhe nenggani Biyung. Mangke kemawon menawi Bapa sampun ical sayahipun, saged nggentosi kula. Inggih wiwit menika, kula kalihan Bapa gentosan nenggani anggenipun sare Biyung. Ing wanci dalu, saderengipun wanci lingsir, kula ingkang nenggani lajeng sasampunipun lingsir dalu ngantos wanci saput siti, gentos Bapa ingkang nenggani. Menawi nuju siang, sok kula kalihan Bapa sareng-sareng anggenipun nenggani Biyung. Lan wiwit sare sasampunipun dipun borehi menika, Biyung babar pisan boten nate nglilir.

        Nyarengi tigang dinten saking anggenipun Biyung Kantaka ing sacaketing regol, ngepasi kula kalihan Bapa sesarengan nenggani Biyung dumadakan Paman Genter nusul mlebet dhateng patunggonipun Biyung. Ingkang makaten kala wau ndadosaken Bapa lan kula radi gumun.

        “nDika ora tak timbali teka nusul neng patunggone Nyai Lurah kene Ki Genter? Ana apa?” Bapa lajeng ndangu menapa pikajengipun Paman Genter.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Paman Genter atur wangsulan “ing pendhapa wonten tamu agung ingkang ngersakaken kepanggih kalihan Ki Lurah saha Gus Dapa”.

        “Tamu Agung? Sapa kuwi?” Bapa mundhut pirsa malih.

        “Kula boten mangertos, priyantunipun taksih kalebet timur watawis kaot tiga menapa sekawan tahun langkung sepuh tinimbang Gus Dapa, kagungan pasuryan pekik, nitik perbawa, lan busananipun ingkang mramong ingkang dipun agem, saha titihanipun ingkang rupi Kapal Teji, kula kinten menika dede tiyang limrah” Paman Genter atur wangsulan “lan nalika kula dipun dhawuhi murih matur dhateng Ki Lurah, menawi teja ingkang nembe rawuh menika ngersakaken kepanggih Ki Lurah lan Gus Pradapa, kula boten saged suwala”.

        “Busanane mopyor, ngemu perbawa, titihane Jaran Teji, sapa ya?” Bapa ngendikan kados katujokaken dhateng panjenganipun piyambak.

        Kula lajeng kemutan kalihan dhawuh pawelingipun Raden Gunendra dhateng kula, ing sanggar winadosipun Rama Kyai Daka menawi tigang dinten kapetang kalihan anggenipun paring dhawuh menika, Raden Gunendra badhe rawuh dhateng Dalem Kalurahan Kepuh Agal saprelu kepanggih Bapa lan badhe mundhut palilah menawi badhe nurunaken aji jaya kawijayan dhateng kula.

 

Ana candhake.

 

 

 

Sabtu, 02 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (97)

97.

        Bapa ketingal kejot penggalihipun, lajeng jumeneng tindak nyaketi kori lan dipun bikak. Kula tutwuri ing sawingkingipun Bapa. Sasampunipun kori dipun bikak, mBokne Gendruk ketingal pucet praupanipun, sunaring mripatipun nedahaken nembe kabidhung raos ajrih lan bingung manahipun.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah, anu…a… Nyai Lurah anu eh ……..” mBokne Gendruk wicanten gugup lan boten cetha ingkang dipun kajengaken.

        “Alon lan sabar mBokne Gendruk” Bapa ngendikani mBokne Gendruk “lerena sedhela, nyedhot ambegan landhung, banjur kandhawa sing cetha!”.

        “Inggih Ki Lurah” sasampuning dhawuhipun Bapa dipun lampahi mBokne Gendruk lajeng saged gineman kanthi sareh “kalawau bakda serap niku, kula rak dipun timbali Nyai Lurah malih?”

        “Iya, wangune nggonmu meteki Nyai Lurah durung tatas?” Bapa nugel aturipun mBokne Gendruk.

        “Boten Ki Lurah” mBokne Gendruk matur “Nyai Lurah boten mundhut dipun peteki, nanging dhawuh supados kula ngancani anggenipun badhe sare, dhawuhipun tansah trataban lan wonten raos ajrih ing penggalihipun, dhawuhipun malih mangke menawi Ki Lurah sampun rawuh ing patunggon, nembe kula kaparengaken ngalih dhateng senthong sanes, nanging kula dereng kaparengaken wangsul utawi kesah saking dalem Kalurahan mriki rumiyin”.

        “Iya sabanjure kepiye?”  Bapa mundhut pirsa malih.

        “Kula inggih lajeng mapan ngestokaken dhawuh, Nyai Lurah kula aturi mapan sare rumiyin, sawatawis kula linggih boten tebih saking Dhipan. Waunipun inggih boten wonten menapa-menapa, malah kalih sarean Nyai Lurah ngajak criyos prakawis anggenipun yasa wos cawisan kangge adicara Bersih Desa wulan ngajeng menapa. Nanging niki wau, nembe kemawon Nyai Lurah kendel anggenipun ngendikan dereng wonten wekdal sapanginang, dumadakan wungu saking anggenipun sare, kawontenanipun aneh, kados tiyang ingkang ajrih, boten ngendikan menapa-menapa nanging malah netranipun mencereng abrit, lajeng jumeneng ing pojoking senthong kalihan netra jlalatan kados pirsa rerupen ingkang nggegirisi. Kula ajrih, mila lajeng kengkenan mBok Jayem murih ngawat-awati Nyi Lurah, kula piyambak lajeng mriki menika, awit kala wau sonten Nyai Lurah dhawuh menawi Ki Lurah nembe tirakat wonten mriki”.

        “Iya, iya mBokne Gendruk, saiki tak paranane lagi ngimpi apa Nyi Lurah kuwi” tanpa ngentosi wangsulan Bapa lajeng tindak tumuju papanipun Biyung. Kula inggih lajeng tut wuntat.

        Nembe kemawon Bapa mlebet senthong papanipun Biyung, sampun dipun tubruk lan dipun rungkebi dening Biyung kalihan muwun.

        “Kyaine, sampun ndika tegakaken putra ndika nika, Kyaine” aturipun Biyung ing sela-selaning muwunipun.

        “Ora, ora Nyai” dhawuh wangsulanipun Bapa sareh “aku ora bakal negakne anakmu si Pradapa, lha iki lho bocahe ya ana kene awor karo aku”.

        “Inggih Biyung” kula tumut wicanten “kula boten kenging menapa-menapa, malah kala wau nembe kemawon jejagongan kalihan Bapa”.

        Dupi mireng suwanten kula, Biyung lajeng ngalih saking anggenipun ngrungkebi Bapa, gantos ngrangkul kula, kula dipun kekepi kados jaman taksih alit siyen. Kula tanggap, Biyung lajeng kula rangkul lan kanthi alon kula tuntun murih lenggah ing dhipan pasareyanipun.

        “Oalah Gusti kula nyuwun pangapura” sareng sampun sawatawis anggenipun ngekepi kula, Biyung lajeng nyebut tumunen ngendika dhateng saliranipun  piyambak “jebul aku mau mung nglindur, aku ora ngerti nek jebule mau mung ngimpi”.

        “Bener Nyai” Bapa nyaut pangandikanipun Biyung “sliramu mau ngimpi banjur nglindur, sing nggawe kaget lan wedine mBokne Gendruk sing ngancani sliramu, uga gawe kagete anakmu lanang lan aku sing lagi jagongan ing ngarep sisih kiwa kana”.

        “Nyuwun pangapunten Kyaine sedaya menika babar pisan boten kula sengaja” Biyung matur nyuwun pangapunten dhateng Bapa.

        “Jenenge ngimpi lan nglindur, mesthi wae ora ana sing ndadak nganggo disengaja” kalihan radi gumujeng Bapa paring wangsulan “lan jenenge wong lagi ngimpi utawa nganti nglindur, kuwi ora kena diluputake, sliramu ora luput Nyai”.

        “Nanging mila supena kula kala wau kados kedadosan ing alam nyata, kula ajrih sanget Kyaine” Biyung wiwit ketingal membik-membik badhe muwun malih.

        “Iya Nyai aku ngerti” Ngendikanipun Bapa sareh “jenenge impen kuwi yen durung nglilir ya pancen kaya tenanan ngana kae, nanging sawise tangi rak ya banjur ngerti nek sing diprangguli mau jebul mung ngimpi, dadi rasa wedi kuwi becike enggal dikipatne wae, merga mung impen ora ana nyatane. Lha sliramu mau ngimpi apa ta?”.

        “Mugi-mugi pasupenan menika dede pasupenan puspatajem, ingkang dados sasmitaning jagad dhateng kula, inggih Kyaine?” Biyung atur wangsulan kalih nenuwun .

        “Iya Nyai, bannjur sliramu mau ngimpi apa?” Bapa ngambali anggenipun mundhut pirsa.

        “Ing salebeting pasupenan kala wau” Biyung wiwit nyariyosaken pasupenanipun “kula sumerep ndika Kyaine kalihan putra ndika pun Pradapa, ndika kekalih nembe nganam blarak damel bleketheple ing sisihing gandhok sisih kilen mrika,  ingkang badhe kadamel payoning tarub ing adicara Bersih Dhusun wulan ngajeng. Ketang anggen ndika ketungkul damel Bleketheple, temah ndika menapa dene putra ndika boten pirsa menawi wonten Segawon ulesipun cemeng ingkang agengipun samaesa benthung. Dumadakan segawon cemeng kala wau nubruk putra ndika saking wingking pas gegeripun, Pradapa dhawah saking gegeripun ngedalaken rah ingkang kathah, lajeng dening segawon kala wau dipun saut mawi congor ingkang untunipun ketingal landhep, lancip-lancip. Pradapa lajeng dipun gondhol kesah kalihan mlajar. Lajeng jengandika Kyaine, mbujung segawon ingkang nggondhol putra ndika kala wau. Sasampunipun ndika lan putra ndika boten ketingal, dumadakan ing sandhing kula wonten kethek ingkang agengipun boten kantenan, lan kethek kala wau badhe nyakar kula, kula ajrih sanget, dumadakan kula sumerep ndika sampun rawuh malih mila lajeng kula rungkebi kala wau”.

        “Hm…….” Bapa unjal ambegan landhung lajeng ngendika “impen sing nggegirisi, mula ya pantes nek sliramu banjur nglindur kaya ngono kuwi mau”.

        “Rumaos kula, anggen kula tilem wau dereng dangu lho Kyaine” Biyung matur malih lajeng nyuwun pirsa “menika pasupenan mengku werdi menapa inggih Kyaine?”.

        “Ngimpi kuwi kembange turu” dhawuh wangsulanipun Bapa ayem “ora prelu digagas nemen-nemen, marahi neng sirah mumet. Sliramu kuwi kekeselen, enggal dienggo leren, ayo tak kancani kareben bisa angler nggonmu turu”.

        Bapa lajeng minggah ing dhipan badhe mapan sare, Biyung inggih lajeng nusul Bapa, mapan sare ing sisihipun Bapa. Kula lan mBokne Gendruk, ugi mBok Jayem lan para rewang ingkang kala wau tumut ngawat-awati Biyung lajeng medal, wangsul dhateng papanipun piyambak-piyambak.

        Kalih glethakan ing amben, angen-angen kula nglambrang dhateng pundi-pundi. Kula radi-radi pitados kalihan dhawuhipun Bapa, bilih anggenipun Biyung sumerep wewayangan ingkang ndadosaken Biyung dhawah kantaka kala wau siang menika wujuding sasmita saking jagad, ingkang ngabaraken bilih kula wekdal menika wonten salebeting bebaya ageng. Kula lajeng nginten-nginten pasupenanipun Biyung niki wau ugi sasmita gaib. Angen-angen kula sansaya nglambrang tebih, saupami kemawon kula sampun kagadhuhan Aji Maesasakecu saha Aji Paluwaja tuwin aji jaya kawijayan sanesipun  ingkang badhe dipun turunaken dening Raden Gunendra, kula mesthi boten badhe was lan boten prelu kuwatir sanaosa badhe ngadhepi bebaya kados menapa kemawon wujudipun. Nanging benjing menapa aji jaya kawijayan kala wau saged kula gadhuh?, kala wau Bapa ugi dedreng kober ngendika menapa-menapa ing babagan menika. Wasana kula inggih lajeng tilem.

        Dinten enjingipun, nalika anggen kula tangi radi kerinan, kula dipun caketi dening Paman Genter, salah satunggaling rewang utawi abdi dalem kalurahan. Dening Paman Genter kula dipun sukani kabar bilih enjing menika Biyung nandhang gerah benter katambahan watuk ngikil ingkang ngantos luntak rah saking lesanipun. Kula tumunten reresik badan lajeng mlebet ing patunggonipun Biyung.

        Jebul ing patunggonipun, Biyung dipun tenggani Bapa lan para abdi kalurahan. Kula inggih lajeng nusul mapan linggih ing sacaketipun Biyung. Nalika kula nyobi nggrayahi palarapanipun Biyung, mila estu palarapanipun Biyung benter sanget. Lan Biyung ingkang netranipun dipun remaken, dupi kraos palarapanipun wonten ingkang nggrayahi, lajeng ngendika sarwi mbikak netranipun :

        “Pradapa anakku ngger…….” Kalihan suwanten ingkang kepireng ringkih Biyung nimbali kula.

        “Inggih Biyung” wangsulan kula “Biyung sare kemawon, murih enggal saras”.

        “Iya” Biyung ngendika malih “wektu iki Biyungmu lagi nandhang lara, tak jaluk kowe aja nakal ya nang? Aja tumindak neka-neka, merga yen nganti ana apa-apa marang awakmu, Biyung ora bisa tetulung, kahanane Biyung lagi kaya ngene iki, ringkih lan tanpa daya”.

        “Inggih Biyung” kula atur wangsulan “samangke Biyung kedah kathah kendelipun, sampun menggalih ingkang boten-boten, putranipun Biyung sakniki sampun ageng, sampun boten remen nakal lan tumindak ingkang boten leres. Dados Biyung sampun sumelang malih, Pradapa badhe tansah ngatos-atos, sedaya welingipun Biyung badhe tansah kula emut-emut”.

        Biyung boten wangsulan. Lajeng ngeremaken netranipun malih, boten dangu kepireng suwantening napasipun sampun benten, inggih menika suwanten napasipun tiyang ingkang nembe sare. Pirsa menawi Biyung sampun sare, Bapa lajeng jumeneng, paring dhawuh dhumateng mBok Jayem kanthi suwanten alon murih anengga anggenipun sare Biyung. Bapa lajeng paring sasmita dhumateng kula, kaajak medal nilaraken patunggonipun Biyung.

        “Pradapa, katone lara sing disandhang dening Biyungmu iki dudu lara kang sabaene, dina iki aku arep ninggalake omah kanggo golek tambane Biyungmu. Aku meling marang kowe, aja pisan-pisan kowe ninggalake pekarangan Kalurahan sadurunge aku bali menyang omah maneh. Lan weling sing kaping pindho yen bisa kowe aja adoh-adoh karo patunggone Biyungmu” makatem dhawuhipun Bapa sasampunipun dumugi sanjawining senthong papan sarenipun  Biyung.

 

 

Ana candhake

 

 

 

Jumat, 01 September 2023

SENDHANG ,ISTIKANING WARIH 7 (96)


 

96.

        Kraos dangu sanget anggen kula ngrantos anggenipun Bapa nindakaken panembah wanci pacak dalu. Wongsal-wangsul anggen kula ngungak papan panembah, inggih Bapa panggah taksih lenggah sila majeng mangilen kalihan muter kagunganipun kalung ingkang kadamel saking rentengan wohing jali. Kula boten ngertos menapa ingkang dipun ungelaken Bapa salebeting nindakaken lampah panembah makaten menika. Estunipun, jaman taksih alit kula nate dipun ajak Bapa lan dipun wucal cara-cara menembah kados ingkang dipun tindakaken Bapa ngaten menika. Malah anggenipun mucal Bapa radi keladuk, menawi kula boten purun sok dipun gitiki. Ingkang makaten menika kala wau ndadosaken asring salah tampi antawisipun Bapa kalih Biyung, awit Biyung menika sakalangkung tresnanipun dhateng kula temah boten rila menawi kula dipun dukani Bapa. Sareng mindhak ageng, lan lajeng kathah srawung kalihan kanca-kanca sabarakan, lampah panembah ingkang dhawuhipun Bapa satunggaling kuwajiban ingkang boten kenging dipun tilar menika, sansaya awis kula lampahi awit kawon kalihan karepotan mburu remening manah. Ing wasana sansaya dangu lajeng raos menawi lampah panembah menika kuwajiban sampun ical saking manah babar pisan. Menapa malih kula ugi asring mireng pitutur saking tiyang-tiyang ingkang kula anggep pinter, bilih manembah dhateng Gusti menika boten kedah kados ingkang dipun tindakaken Bapa menika. Ingkang baken salebeting gesang menika sampun ngantos damel kapitunaning sanes, menika saestu sampun cekap. Malah menawi lampah panembah kados ingkang dipun tindakaken dening Bapa saben dinten kaping gangsal menika klentu anggenipun nglampahi kirang-kirang bejanipun saged nuwuhaken dosa ingkang ageng, awit manembahipun dipun tedah-tedahaken tiyang sanes, ingkang sami kemawon murih panggunggunging titah, ing satemah kados nandhing-nandhingaken Gusti kalihan kawula.

        “Mlebua kene Pradapa” boten kraos lan boten kula ngertosi jebul Bapa sampun rampung anggenipun nindakaken lampah panembah “banjur tutupen lawange, murih ora konangan wong liya. Jalaran sing arep tak rembug iki kalebu perkara wadi sing ora saben wong kena mangerteni”.

        Kula lajeng mlebet nusul Bapa ing papan kangge manembah, sasampunipun kori kula tutup, kula lajeng mapan linggih ing ngarsanipun Bapa sumadia nampi dhawuh ingkang ngendikanipun Bapa kalebet barang ingkang ngemu wewadi menika kala wau.

        “Sumurupa Pradapa” Bapa miwiti paring dhawuh “anggonku aweh weruh marang Biyungmu mau satemene ora bener, nanging panggah tak kandhakne marang Biyungmu murih ora sansaya nambahi kisruhing atine wae”.

        “Dados boten leres menawi Biyung menika kesayahen Bapa?” kula sumela atur nyuwun pirsa.

        “Nek kesele ya mesthi wae kesel, wong jenenge wong tumandang gawe kuwi mesthi suwe-suwe ya nganggo kesel barang” dhawuh wangsulanipun Bapa “nanging Biyungmu kuwi duwe kekuwatan simpenan sing cukup akeh, mula sanadyan paribasan saben dina ora leren nggone nutu pari, mbebak gabah, nosoh beras wuluh, tapen lan inter-inter ora bakal ndadekne Biyungmu nganti rubuh kantaka kaya awan mau”.

        “Lajeng menapa ingkang anjalari Biyung ngantos kantaka lan boten emut menapa-menapa kala wau siang menika Bapa?”

        “Kowe kudu ngerti ya Ngger” Bapa paring pangandika malih “Biyungmu kuwi dudu jamaking wong wadon sing lumrah, nanging wong wadon sing gedhe tirakat lan prihatine wiwit jaman isih nom biyen nganti tekan saiki. Mula ora aran aneh yen banjur kaparingan nugraha dening Gusti sing wujude lantiping panggraita sing adoh ing sadhuwure wong-wong liyane, malah kepara mbok menawa wae luwih dhuwur lantiping panggraitane Biyungmu tinimbang panggraitaku”.

        “Lajeng sambetipun kalihan anggenipun Biyung kantaka kala wau kados pundi Bapa?” kula nyuwun pirsa malih.

        “Awit saka lantiping panggraitane Biyungmu, temah Biyungmu kerep wae bisa weruh sasmitaning jagad kang bakal dumadi. Mung emane gandheng lantiping panggraita sing digadhuh dening Biyungmu kuwi ora dilelinthing kanthi becik, anane sasmita sing diweruhi sok malah ndadekne bingunge atine, kaya kedadean awan mau sing ndadekne Biyungmu rubuh kantaka” Bapa paring wangsulan nyethakaken ingkang sampun dipun alami dening Biyung.

        “Manawi makaten, wewayangan ingkang dipun pirsani Biyung kala wau siang menika dede wewayangan suwung kados ingkang Biyung dhawuhaken wau Bapa?” kula lajeng matur nyuwun pirsa dhateng Bapa prakawis ingkang dipun sumerepi Biyung saderengipun dhawah kantaka kala wau.

        “Miturut panrawanganing batinku liwat laku pasujudan nalika Biyungmu pamit arep mlebu Senthonge nindakne pakonku mau awan” Bapa lajeng paring wangsulan “mula nyata Biyungmu nampa sasmita yen wektu iki kowe lagi sajroning bebaya gedhe sing ora mbok ngerteni. Bebaya kuwi mawa pancingan sing wis gawe sengseme atimu. Mung wae aku durung mudheng apa wujude pancingan kang disanepakne rerupan manuk Podhang Pita kaya sing diweruhi Biyungmu ing sasmita sing ditampa. Yen miturut ancer-ancere layang primbon sing tau tak waca jaman aku isih manggon ana Pajang biyen Manuk Podhang Pita kuwi bisa dadi pralambange wanita, bisa uga sanepane palungguhan, pusaka lan uga aji jaya kawijayan. Jaman biyen sadurunge aku kepethuk karo Biyungmu tau ana sasmita rupa Manuk Podhang Pita sing jebule kuwi pralambange wanita sing ditresnani”.

        “Dados Bapa nate ngalami nampi sasmita ingkang ing mriku wonten Podhang Pita ?” kula sumela atur.

        “Dudu aku sing nampa sasmita, nanging Simbahmu Wedok ya Biyungku” Bapa paring wangsulan “nalika samana Simbahmu Wedok weruh sesawangan ing antarane ngimpi karo ora, jalaran wektu kuwi Simbahmu Wedok ora turu, nanging weruh sesawangan kang cetha, ya kuwi rumangsane Simbahmu Wedok, aku lagi menek wit waringin arep ngundhuh Manuk Podhang Pita sing nusuh ana kono, nanging aku dadi keblorot mudhun ora sida bisa nyekel Manuk Podhang kuwi, jalaran dumadakan ana manuk Alap-alap Wulung sing nyaut Manuk Podhang kuwi digawa mabur adoh embuh menyang ngendi parane”.

        “Lajeng jumbuhing kalihan kedadosan ingkang nyata salajengipun menapa Bapa?” kula nyuwun pirsa malih.

        “Critane kuwi rada dawa, nanging ringkese mangkene” Bapa lajeng paring wangsulan “biyen aku sadurunge pethuk Biyungmu tau ngiket janji arep urip bareng karo sawijining kenya tunggal desa. Wong tuwane kenya kuwi isih mitra rakete Simbahmu Lanang, lan uga wis nyarujuki aku dadi mantune. Nanging kabeh mau jebul ora kelakon. Kurang sepasar anggonku arep budhal nyantri ing omahe calon Maratuwa, dumadakan  Wong Tuwane kenya sing tau dadi gegantilaning atiku kuwi nemoni Simbahmu Lanang, ngabarake yen kapeksa murungake nggone arep bebesanan. Dene sing dadi jalaran, ya iku anake wedok dikersakne dening Punggawa Kasultanan Pajang sing pangkate Tumenggung Kaprajuritan. Yen nganti pamundhute nDara Tumenggung kuwi ora diolehi, mangka calon mara tuwaku sing ora sida kuwi arep dipidana abot. Wekasan wong kuwi mung bisa pasrah, anake wedok klakon diboyong nyang Dalem Katumenggungan didadekne garwane nDara Tumenggung”.

        “Lajeng Bapa kados pundi?” kula sumela atur.

        “Nemoni kanyatan kaya mangkono kuwi, aku dadi kaya wong kentekan nalar, susah, sedhih, pegel, gela, nesu campur adhuk dadi siji” Bapa nglajengaken anggenipun cariyos “wekasan ragaku sing ora kuwat, aku banjur kecandhak lelara panas-tis, nganti pirang-pirang tahun suwene mung bisa dadi kembange dhipan. Warase olehku lara sawuse aku diendhangi Simbahmu sekalihan, ya kuwi wong tuwane Biyungmu sing wektu kuwi ngajak anake wedok. Simbahmu ngujar-ujari aku, yen aku bisa tumuli waras saka anggonku lara mangka bakal dipek mantu dijodhokne karo anake wedok. Let sepasar saka anggone ngunekne ujar Simbahmu kuwi, aku keparingan waras. Mula aku ya banjur dijodhokne karo anake wedok nganti tekan saiki iki lan wis nukulake kowe kuwi Pradapa”.

        Bapa kendel anggenipun cariyos, kula manthuk-manthuk nggambaraken lelampahan ingkang dipun alami dening Bapa saderengipun kepanggih kalihan Biyung.

        “Saiki aku arep takon, wangsulana apa anane” sasampunipun kendel sawatawis Bapa lajeng ngendika malih “dina iki apa kowe lagi mambu ati marang sawijining kenya? Yen bener, banjur kenya kuwi anake sapa ? omahe ngendi?”.

        “Nyuwun pangapunten Bapa” ngatos-atos kula matur “ing ngajeng Bapa ndhawuhaken bilih miturut ungelipun Serat Primbon jaman kina, Peksi Podhang Pita menika kajawi saged minangka pralambangipun pawestri, ugi saged dados pralambang saking Pangkat, Pusaka lan Aji Jaya Kawijayan. Lan mugi kauningan Bapa, ngantos titi kalenggahan menika kula dereng nate kasengsem dhateng kaendahaning kenya”.

        “Yen mangkono” Bapa numpangi atur kula “kowe awan mau kandha yen wiwit sadurunge tengange kowe ana ing Sanggar awit ditimbali dening Kyai Daka. Banjur apa sing wis mbok tindakne nalika kowe ing sanggar mau lan dening Kyai Daka kowe diwejang apa wae?”.

        Sakedhap kula njejegaken anggen kula linggih, lajeng kula ngaturaken sedaya lelampahan ing wau siang. Wiwit dipun tepangaken kalihan Raden Gunendra, lajeng kacariyosan ingkang dados panyuwunipun  Ki Danara dhateng Raden Gunendra, ingkang kepengin dados pangajeng saha suhipun Para Bebau ing Kepuh Agal, lajeng sumerep katiyasanipun Aji Paluwaja saha Aji Mahesasakecu ingkang dipun tedahaken dening Raden Gunendra, tuwin keparengipun Raden Gunendra badhe nurunaken Aji Paluwaja lan Maesasakecu tuwin aji sanesipun dhateng kula.  Lan ingkang pungkasan ugi kula aturaken pisan piwelingipun Raden Gunendra menawi tigang dinten malih badhe rawuh ing Kalurahan saprelu manggihi Bapa.

        Bapa ketingal migatosaken anggen kula matur. Nanging dereng ngantos Bapa paring dhawuh menapa-menapa , dumadakan korinipun senthong papan panembah menika dipun dhodhog seru saking jawi, kahiring panguwuhipun mBokne Gendruk ingkang sambat nyuwun pitulungan dhateng Bapa.

 

 

Ana candhake

 

Kamis, 31 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (95)

95.

        Alon-alon tangan kula, kula tumpangaken ing palarapanipun Biyung. Lajeng pipih ingkang wonten sacaketipun kula pendhet, kula angge ngusapi riwenipun. Wangunipun Biyung kraos menawi kula usap riwenipun, netranipun dipun bikak, nglirik dhateng kula, lajeng mesem.

        “Kowe ora apa-apa Nang?” kanthi suwanten ingkang alon Biyung ndangu kula. Kepireng aneh pandangunipun Biyung menika, panjenenganipun ingkang nembe gerah, malah kula ingkang dipun dangu “boten menapa-menapa”.

        “Pradapa seger waras Biyung” atur wangsulan kula “Biyung enggal dhangan inggih?”.

        “Sokur ta nek pancen kowe ora apa-apa Ngger” Biyung ngendika malih “jebul wewayangan sing tak sawang mau mung wewayangan suwung, tiwas aku kaget nganti dadi rejengane wong akeh kaya ngene”.

        “Ki Lurah, kaparenga nulungi, kula kepengin linggih piyambak” Biyung lajeng matur dhateng Bapa ingkang mangku mustakanipun.

        “Iya ayo tak tangekne Nyai” wangsulanipun Bapa kalihan nulungi Biyung “kene sendhen ing dhadhaku kene, sadurunge kekuwatanmu bali pulih”.

        Biyung lajeng lenggah kalihan sumendhe dhateng Bapa. Tiyang-tiyang ingkang sami ngrubung dening Bapa dipun sasmitani murih sumingkir saking mriku rumiyin, supados hawanipun boten sumpeg.

        “Sliramu mau genahe kepiye ta Nyai?” sasampunipun tiyang-tiyang sami sumingkir tebih, Bapa lajeng ndangu dhateng Biyung “kok jarene sing weruh mau, dumadakan sliramu rubuh banjur ora eling apa-apa? Lan sawise anakmu lanang nyedhak kowe kandha yen weruh sesawangan sing jebule mung wewayangan sing suwung, sliramu mau weruh apa Nyai?”.

        “Inggih Kyaine” atur wangsulanipun Biyung kaselanan mawi nyruput wedang jahe benter ingkang cumawis ing sacaketipun “kula piyambak inggih kirang patosa cetha. Kala wau kula rak nembe kasengsem methiki sekar melathi ingkang nedheng mekar-mekar ing sacaketing regol, badhe kula sukakaken ing cem-cemaning klentik. Dumadakan kula mireng suwanten pating jalerit saking katebihan. Sareng kula ngadeg sarwi nilingaken asaling suwanten, dumadakan kula sumerep gunung lan jurang-jurang ingkang lebet mapan ing sabranganing margi ngajengan mriku. Lan ing gunung ingkang ngongkang jurang menika kula sumerep putra ndika pun Pradapa menika nembe mlajeng-mlajeng mbujung Podhang Pita, temah sukunipun kepleset dhawah kajegur dhateng salebeting jurang. Sakala kula njerit sakayangipun ketang kageting manah kula, salajengipun kula sampun boten emut menapa-menapa malih. Nembe kraos menawi kula sampun kabekta mlebet griya nalika kringet kula dipun seka putra ndika pun Thole Pradapa niku wau”.

        Ketingal menawi Bapa sakalangkung migatosaken atur wangsulanipun Biyung ingkang makaten menika. Menika saged katitik saking njengkerutipun kulit ing palarapanipun, lan sareng sampun rampung anggenipun Biyung atur wangsulan, kepireng suwantenipun Bapa ingkang lajeng unjal ambegan landhung.

        “Nyuwun pangapunten Kyaine” sareng sampun radi dangu Bapa boten ngendika menapa-menapa, Biyung lajeng matur malih “menika pralampita menapa ? mbok inggiha Kyaine nyukani kabar dhateng kula. Jalaran sanaosa sak niki anak kula Pradapa boten kirang setunggal menapa, nanging wewayanganing sesawangan ingkang ndadosaken kaget kula menika tansah kumanthil-kanthil ing mripat niki lan ingkang makaten kala wau ndadosaken manah kula tansah kraos sar-saran ingkang boten kanten-kantenan”.

        “Kuwi dudu pralampita apa-apa Nyai” dhawuh wangsulanipun Bapa “wangune sliramu kuwi kekeselen lan kurang leren, saking nggonmu ketungkul nandangi gaweyan nganti kowe lali mangan lan ora kober leren, angen-angenmu klambrangan tekan ngendi-endi sing pungkasane kaya sing mbok alami iki, weruh sesawangan sing satemene wewayangan sing ngayawara”.

        “Rumaos kula, kula niki nggih boten nyambut damel menapa-menapa lho Kyaine?” Biyung  gentos wangsulan “menawi prekawis nedha, kula inggih boten kirang, tiyang saben-saben ngladosi ndika dhahar ngoten nika kula nggih lajeng tumut nedha, menawi dinten Senen lan Kemis kula inggih ndherek siam ndika. Lan kula ugi boten ngraosaken kesel babar pisan, tiyang kula boten nyambut damel awrat”.

        “Sliramu kuwi pancen angel kok nek dituturi” Bapa ngendika kalihan mesem “lha wong genah wis sepasar luwih ajeg lesungmu jumengglung suwarane, merga sliramu lan para simbok padha repot yasa beras ngono lho? Orawa tanganmu kekeselen ngudang alu, ya ora sedhela nggonmu mumet inter-inter lan tapen. Merga atimu seneng, sliramu ora ngrasakne kesel, nanging sirah karo bebaumu ora bisa diapusi, panggah upama bisa guneman mesthi padha kandha nek mbutuhne leren sauntara. Karo maneh anakmu lanang kuwi wis gedhe tuwa, wis bisa ngopeni awake dhewe, pikiranmu aja kaya nalika Pradapa isih cilik biyen, nek tiba saka olehe dolanan isih mbutuhake pitulungan bisane tangi, nganti sapari polahe Pradapa mbok uwasi aja nganti dolanan sing bisa mbebayani.”

        “Inggih, inggih Kyaine” Biyung nguwali anggenipun sendhen dhateng Bapa kalihan atur wangsulan “perkawis damelan mila ndika ingkang leres, nanging menawi prekawis Pradapa, menapa estu yoga ndika niku empun ageng ?”.

        “Sliramu ki gek kepiye ta?” Bapa mangsulaken pitakenipun Biyung “genah nek karo aku wae wis dhuwur Pradapa ngono kok, sliramu malah isih ndadak takon tenan apa ora? Apa sliramu duwe karep liya?”

        “Kajeng sanes pripun Kyaine?”

        “Sliramu wis kepengin momong putu?” Bapa pitaken kalihan gumujeng.

        “Gene ya wis pirsa ngoten lho? Kok ndadak takok barang?”.

        Mireng anggenipun gegujengan antawisipun Bapa kalih Biyung ingkang nggepok kula makaten menika, raosing manah kula inggih lajeng lingsem piyambak. Estunipun Biyung sampun wongsal-wangsul paring dhawuh dhumateng kula murih kula enggal pados sisihan, awit kanca dolan sabarakan kula sampun meh sedaya gadhah semah. Nanging kula dereng kepengin mangun bebrayan, kula taksih rumaos kirang ing sadhengah seserepan, inggih seserepan ing babagan kanuraganm babagan bebrayan, sastra lan sanesipun. Kula taksih kepengin pados lan mewahi seserepan kula langkung rumiyin.

        Ketingalipun Bapa tanggap kalihan kawontenan kula, mila lajeng dhawuh dhateng Biyung :

        “Perkara olehmu kepengin enggal momong putu kaya tangga-tanggane dhewe, bisa dirembug sesuk-sesuk, sing baku wektu iki sliramu kudu waras dhisik”.

        “Kula sampun saras kok Kyaine?” wangsulanipun Biyung “kantun lemes lan kraos lungkrah kemawon”.

        “Iya, kareben enggal bali pulih kekuwatanmu lan ilang rasa lungkrahmu, saiki enggonen turon neng senthongmu kana. Mau aku isih krungu suwarane mBokne Gendruk jagongan karo wong-wong neng Gandhok wetan, kongkonen supaya ngancani lan ngurut sliramu pisan” Bapa nglajengaken dhawuhipun dhateng Biyung murih tumuli kendel ing papan pasareyanipun.

        Biyung inggih lajeng jumeneng badhe madosi mBokne Gendruk badhe kadhawuhan meteki saliranipun ing patunggon. Nalika kula nututi ngadeg badhe nglawani anggenipun Biyung tindak, kalihan mesem Biyung paring dhawuh :

        “Aku wis kuwat dhewe kok Nang, aja banget-banget nggonmu mikirne Biyung, merga Biyung ora apa-apa tenan”.

        Nembe sasampunipun kula sumerep Biyung medal saking gandhok wetan tindak tumuju patunggonipun lan dipun tutaken mBokne Gendruk, Dhukun pijet ingkang kulina meteki Biyung, kula lajeng wangsul mapan linggih ing sandhingipun Bapa malih. Nanging kula radi gumun, kalihan lenggah ing papanipun kala wau ketingal menawi Bapa nembe nindakaken lampah semedi. Lenggahipun sila suku kanan tumumpang ing suku kering. Epek-epeking asta kanan kering tangkeb ing sangajenging jaja. Mustaka radi tumungkul kalihan netra anglirik dhateng pucuking grana. Ngantos sawatawis dangu Bapa namung kendel kados reca, malah napasipun ugi boten kapireng babar pisan. Kula inggih lajeng mapan linggih ngapurancang ing ngarsanipun Bapa, boten wantun kumecap menapa-menapa.

        Sareng sampun sawatawis dangu, Bapa sampun rampung anggenipun nindakaken lampah semedi. Lajeng wangsul lenggah kanthi limrah, kula lirik ketingal menawi Bapa nembe ngampet raos ingkang boten sekeca ing penggalihipun. Sasampunipun unjal ambegan landhung kaping tiga, Bapa lajeng ndangu kula :

        “Kowe mau isih ana kene ta Pradapa? Kepiye Biyungmu mau? Wis gelem leren neng senthonge apa isih ana ngendi?”.

        “Inggih Bapa, Biyung sampun mlebet ing patunggon dipun kancani mBokne Gendruk” wangsulan kula menapa wontenipun.

        “Kowe mau menyang ngendi kok olehmu nyedhak Biyungmu wis suwe sawuse Biyungmu ngglethak ora eling, kowe lagi teka? Sangertiku, wiwit sadurunge srengenge ngglewang mangulon kowe mau wis ora ana omah ta? Menyang ngendi kowe mau Ngger?” dumadakan Bapa ndangu dhateng kula, mundhut pirsa makaten menika.

        “Nyuwun pangapunten Bapa” kula lajeng atur wangsulan, kalihan nimbang-nimbang salebeting manah, prayogi menapa boten manawi dhawuh welingipun Raden Gunendra dhateng kula kala wau, kula aturaken dhateng Bapa pisan “mila wiwit tengange kala wau, kula dhateng Sanggar, katimbalan marak dening Rama Kyai Daka”.

        “Iya, iya kabeneran yen pancen mangkono” Dhawuh pangandikanipun Bapa malih “ana bab-bab wigati sing arep tak kandhakne sarta tak rembug karo kowe, nanging ora saiki awit wektune wis rada kesoren, kamangka sing arep dirembug cukup akeh. Dadi mengko bengi wae, kowe aja lunga saka omah, aku karo kowe bisa jagongan nganti katog ana ing Sanggar Kalurahan”.

        “Manawi makaten inggih ngestokaken dhawuh Bapa” atur wangsulan kula, kalih ing salebeting manah wonten sakedhik raos cuwa, awit dereng saged ngaturaken dhawuh pawelingipun Raden Gunendra dhateng Bapa.

        Bapa lajeng jumeneng, tindak dhateng pancuran badhe sesuci, kados padatan saben dintenipun inggih menika kangge ngayati jejibahan kapitayan ingkang dipun rasuk, manembah ing wanci sonten sasampunipun wewayanganing barang ingkang kasorot dening surya langkung panjang katimbang barangipun. Kula piyambak inggih lajeng medal saking griya badhe nindakaken kuwajiban nyawisaken diyan ingkang badhe kasumet mangke dalu murih kawontenan boten peteng.

 

Ana candhake.

 

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...