100.
Bapa
ketingal njengkerutaken palarapanipun. mBokmenawi mila sami kalihan kula, Bapa
dereng pirsa jlentrehaning pangandikanipun Raden Gunendra, Awit sampun cetha
bilih Bapa lan ugi kula menika boten badhe saged kapisahaken kalihan Nagari
Mataram, jalaran Kepuh Agal menika mila Dhusun ingkang kabawah ing Mataram.
Kamangka para-para ingkang masanggrah ing Patalan ingkang ngakenipun Trah
Majapahit lan boten purun manungkul dados setunggal kalihan Mataram menika
badhe tansah mbudidaya murih sirnanipun Mataram. Ewa samanten pangandikan
pungkasan saking Raden Gunendra kala wau sanaosa kula sampun dados siswa lan
kapundhut putra dening Tiyang Sepuh angkatipun Raden Gunendra, boten badhe
kadhawuhan murih wani kalihan Mataram.
“Inggih
Raden Gunendra” sareng radi sawatawis dangu kawontenan sepen, Bapa lajeng
ngendika “kula ngertos lan saged nampi ingkang jengandika dhawuhaken ingkang
wekasan kala wau. Mila babagan rebat nagari menika prakawisipun para luhur
ingkang sami-sami Trahipun Prabu Brawijaya ing Majapahit. mBok bilih inggih memper
kalihan lelampahan ing jaman Purwa rumiyin, ingkang lelampahanipun kados
kacetha ing pagelaran ringgit. Inggih menika rebat nagari antawisipun para
wayahipun Resi Wiyasa ingkang sami-sami ngrumaosi taksih dharahipun Raden
Priyamadamana utawi Prabu Barata. Pramila ing pungkasaning lelampahan
ginambaraken dados wontenipun Perang Bharatayuda. Ing mriku Pandhawa lan Kurawa
ingkang sami ngaken Trah Barata sami memengsahan lan ambangun perang ing Tegal
Kurusetra. Ing paprangan Bharatayuda menika kacariyosaken, ing madyaning rana
sami pejah pinejahan antawisipun guru lan siswa, wayah mengsah simbah, anak mengsah
tiyang sepuhipun lan sanes-sanesipun. Lan sadaya ingkang gugur lajeng sinebat
minangka kusumaning bangsa. Makaten ugi saupami ing benjang, menawi antawisipun
Trah Majapahit ingkang samangke masanggrah ing Patalan tuwin Trah Majapahit
ingkang ngedhaton ing Mataram, amangsuli lelampahanipun para kina ing Jaman Purwa
menika,kanthi dumadosing perang, badhe wonten lelampahan ingkang boten benten
kalihan lelampahan ing Perang Agung Bharatayuda”.
“Inggih
Ki Lurah, lajeng kersanipun Ki Lurah kados pundi?” Raden Gunendra nyelani
pangandikanipun Bapa.
“He
he he “ Bapa gumujeng alon lajeng wangsulan “estunipun minangka kawula alit,
kula tansah ngajeng-ajeng sampun ngantos Perang Agung Bharatayuda ingkang
ngorbanaken maleksa-leksa prajurit, satemah nuwuhaken maleksa-leksa warandha
lan lare ingkang lola, dipun wangsuli malih kalihan wontenipun perang
antawisipun sami-sami Trah Majapahit menika. Nanging kula ugi nglenggana, kula
menika namung kawula alit ingkang kuwaosipun namung nyenyuwun dhumateng Gusti
Ingkang Maha Agung. Dados saupami saestu kalampahan anak kula Pradapa suwita
dados siswa Rama jengandika ing Patalan, lan kalampahan wonten perang kados
ingkang kula aturaken ing ngajeng, boten mokal menawi ing benjangipun Pradapa
badhe aben ajeng kalihan kula ing tengahing palagan lan saged ugi Pradapa badhe
rebat gesang kalihan jengandika menapa dene Rama Jengandika ingkang sampun paring
aji jaya kawijayan dhateng piyambakipun. Kajawi menawi jangkaning jagad mila
nggarisaken boten badhe wonten perang antawisipun para-para ingkang sami-sami
ngaken Trah Majapahit menika”.
“Kasinggihan
Ki Lurah” Raden Gunendra ketingal menawi kasoran perbawa kalihan
pangandikanipun Bapa ketitik radi tumungkul anggenipun lenggah ing ngarsanipun
Bapa, lajeng ngendika suka wangsulan “estunipun legetaning manah kula menika
boten benten kalihan penggalihipun jengandika Ki Kepuh Agal. Kula ugi ngajeng-ajeng
murih boten wonten perang ingkang mbetahaken korban ingkang kathah ingkang
radin-radin ingkang dados korban menika tiyang-tiyang ingkang boten patosa
mangertos kersa menapa ingkang wonten penggalihipun para luhur ingkang
marentahaken perang. Pramila kula ugi ndherek nyenyuwun dhumateng Gusti kados
ingkang jengandika suwunaken kala wau. Lan ingkang cetha, kula lan jengandika
menika namung titah ingkang boten saged sumerep kados menapa garising jangka
ing Tanah Jawi ingkang badhe kalampahan. Sokur menawi panyuwun jengandika saha
panyuwun kula kinabulaken ing Hyang Suksma. Temah boten badhe wonten lelampahan
calon kadang kula Pradapa menika benjing memengsahan kalihan Kanjeng Rama ing
Patalan ugi boten badhe aben ajeng kalihan jengandika Ki Lurah ing madyaning
palagan paprangan. Dene menawi jangkaning jagad anggarisaken ingkang benten
kalihan pangajeng-ajeng kula lan jengandika, menika winastan pesthi ingkang
purun utawi boten purun titah namung saged anglampahi. Samangke ingkang baken,
kaparenga jengandika Ki Kepuh Agal paring idi pangestu dhumateng kula ingkang
badhe nglantaraken Pradapa nami kanugrahan saking Kanjeng Rama ing Patalan”.
Mirengaken
anggenipun wawan pangandika antawisipun Bapa kalihan Raden Gunendra makaten
menika, kula rumaos alit sanget, rumaos bodho lan cubluk, jebul kula menika
boten benten kalihan lare alit ingkang ngertosipun namung dolanan lan nedha
kemawon. Sanaosa makaten, salebeting manah ugi ngajeng-ajeng mugi-mugi Bapa
kepareng paring palilah lan angidini kula puruita dhateng Patalan saprelu nampi
kanugrahan Aji Jaya Kawijayan saking Raden Gunendra miwah tiyang sepuhipun
angkat. Kula sakedhap-sakedhap nglirik dhateng pasuryanipun Bapa, ing pangangkah
kepengin mangertosi wonten tandha-tandha Bapa ngeparengaken menapa boten panyuwunan
saking Raden Gunendra kala wau.
“Prakawis
idi lan palilah ingkang dipun kersakaken Raden Gunendra menika tumrap kula
gampil lan boten angel Raden” dhawuh pangandikanipun Bapa suka wangsulan
dhateng Raden Gunendra “namung kemawon, kangge ngucapaken menapa ingkang
jengandika kersakaken menika kula mbetahaken wekdal radi sawatawis”.
“Liripun
wekdal kados pundi Ki Lurah?”
“Naminipun
tiyang sepuh Raden” Bapa ngendika sareh “gandheng anak kula menika badhe
puruita, kula kedah asung sanguning batin dhateng Pradapa langkung rumiyin,
murih gangsar anggenipun mangke nampi kanugrahan saking jengandika menapa dene
Rama Jengandika ing Patalan. Kaping kalih, mugi kauningan, ing wekdal menika Pradapa
taksih kabetahaken biyungipun ingkang nembe nandhang sakit, murih tumuli saged
waras malih Biyungipun Pradapa dereng saged pisah radi dangu kalihan yoganipun
ingkang namung setunggal menika”.
“Ooom
Nyai Lurah wekdal menika nembe nandhang gerah Ki Lurah?” Raden Gunendra nyelani
pangandikanipun Bapa “nyuwun pangapunten kula boten mangertos menawi Nyai Lurah
nembe gerah, saestu kula ndherek prihatos Ki Lurah, inggih mugi-mugi Nyi Lurah
enggala tumunten waluya jati, jati temahan nirmala bagas waras lan panjang
yuswa”.
“Ngaturaken
gening panuwun awit pandonganipun Raden” Bapa paring wangsulan “lan
ketingalipun inggih boten dangu malih Biyungipun Pradapa badhe wangsul waras
malih, awit sampun ketingal suda kathah sakitipun. Awit saking sedaya ingkang
kula aturaken kala wau, ing salebeting wekdal pitung dasa dinten kapetang wiwit
dinten menika, kula piyambak ingkang badhe ngeteraken Pradapa dhateng Patalan
lan nglantaraken sowan ing ngarsa jengandika Raden Gunendra miwah dhateng Rama
Jengandika ing Patalan”.
“Ngaturaken
genging panuwun Ki Lurah” Raden Gunendra kebat anggenipun wangsulan,
pasuryanipun ketingal sumringah nandhakaken bilih nembe karenan penggalihipun “Ki
Kepuh Agal kasekecakna lenggah kemawon, saru dinulu lan kirang prayogi menawi
Ki Lurah ingkang tindak piyambak dhateng Patalan. Benjang kemawon pas ing
dinten kaping pitung dasa kapetang wiwit dinten menika, kula ingkang badhe
sowan malih dhateng Kepuh Agal mriki lan wangsulipun badhe nganthi calon kadang
kula Pradapa dhateng Patalan”.
“Manawi
makaten kula namung saged ndherek lan ngaturaken sewu guning panuwun Raden”.
“Dhawah
sami-sami Ki Lurah” wangsulanipun Raden Gunendra kanthi pasuryan ingkang
sumringah rena “menapa wonten dhawuh malih saking Ki Lurah dhateng kula? Mangga
kula suwun Ki Lurah boten tidha-tidha enggal kadhawuhna kemawon”.
“Matur
nuwun saderengipun Raden” dhawuh wangsulanipun Bapa “ambok bilih Raden Gunendra
dhangan ing panggalih saha ngeparengaken, sanaosa kula sampun mireng saking
Pradapa katiyasnipun Aji Paluwaja miwah Aji Mahesasakecu ingkang nggegirisi,
nanging malah ndadosaken kula kepengin sumerep ugi, pramila kula nyuwun mbok
inggiha Raden Gunendra kersa nedahaken dhateng kula”.
“Ki
Lurah ngersakaken kula nedahaken katiyasanipun Aji Paluwaja tuwin Aji
Mahesasakecu?” kalihan mesem lega Raden Gunendra atur wangsulan “kanthi suka
remening manah, pamundhutipun Ki Lurah kula sagahi, namung kemawon kula suwun
mugi Ki Lurah boten nggegujeng kula awit kawastanan dhemen pamer lan
ngongasaken sakedhik kanuragan ing ngarsanipun Ki Kepuh Agal ingkang satuhu
wicaksana”.
“He
he he….” Bapa gumujeng alit lajeng ngendika “boten Raden, mokal kula kumawantun
nggegujeng jengandika, awit kula ngertos bilih jengandika Raden mila nyirik
pamer kasudiran ing sangajengipun tiyang ringkih kados kula ingkang namung
tilas blantik boten nggadhahi ngelmu kanuragan menapa-menapa”.
“Inggih
Ki Lurah” Raden Gunendra nunten ngendika malih “samangke kaprenga suwawi kula
dherekaken dhateng Sanggar, badhe kula aturaken pamundhutipun Ki Lurah dhateng
kula”.
“Boten
sisah dumugi Sanggar, Raden” Bapa wangsulan kalihan mesem “nyuwun pangapunten
menawi kula taksih nggadhahi raos eman menawi wonten sela ing Sanggar ajur
kataman pupuhan jengandika Raden, saha menawi ngantos wonten dedamel putung
awit boten kiyat natoni salira jengandika Raden Gunendra”.
“Lajeng
keparengipun Ki Lurah kados pundi?”.
“Sekedhap
inggih Raden? Kula badhe kengkenan anak kula rumiyin” Bapa suka wangsulan lan
kalajengaken nimbali kula “Pradapa”.
“Inggih
wonten dhawuh Bapa?” kula tanggap lan kebat atur wangsulan.
“Kowe
ngerti ta? Ing Pager Satru sisih kulon kae, ana wit Semboga sing kerep dienggo
pasaban manuk ocah-ocehan kaya dene Jalak, Kuthilang, Kepodhang lan sapiturute
merga kepencut karo wohe ?”
“Inggih
Bapa, ngertos” kula wangsulan.
“Mengko
dhisik, kandhaku durung rampung” Bapa ngendika malih “woh sembaga kae ora bisa
dijupuk dening wong apa dene kewan sing ora bisa mabur, jalaran wite akeh erine
sing landhep lan lancip. Aku njaluk tulung jupukna erine wit Samboga kae loro utawa
telu, gawanen mrene”
“Inggih
Bapa, ngestokaken dhawuh”.
“Karo
maneh, ing ngisore wit sembaga kae ana thukulan waluh sing wohe mbriyet
sapirang-pirang, methika siji pilihna sing tuwa dhewe, banjur gawanen mrene
bareng karo eri sembaga mau”.
Ana candhake.
Pranyata tekan
nomer 100 SMW 7 meksa durung bisa rampung. Dadi mathuke ya kudu dirampungne
mbuh tekan nomer pira mengko.
Nanging upama
leren dhisik tak kira ya gak apa-apa ta?.