Total Tayangan Halaman

Selasa, 05 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (102)

102.

        Kalihan nyipta menawi sampun wancinipun kula pejah, kumlembar ing angen-angen kula kalihan sasmita gaib ingkang dipun tampi dening Biyung bilih kula ing salebeting bebaya ageng kados ingkang dipun andharaken Bapa ingkang jalaranipun kula kapencut dhateng ingkang dipun sanepakaken Peksi Podhang Pita. Kajawi menika ugi wonten sapletik raos kangge nglepataken Bapa ingkang sampun damel wirangipun Raden Gunendra, kamangka sanaosa taksih trahing kusuma ewa dene rawuhipun Raden Gunendra ing Kepuh Agal menika kanthi sedya sae dhateng kula lan rawuhipun ugi kanthi boten tilar tata krama. Samangke kula ingkang badhe dados korban awit saking dukanipun Raden Gunendra.

        Dumadakan kula kraos kados dipun jorogaken mangering jalaran mripat kula merem, kula boten sumerep sinten ingkang njorogaken, kula kinten inggih Raden Gunendra ingkang sampun kula mangertosi badhe damel cilaka kula.

        “Dheg! Braaaag” kula mireng suwanten gumuruh, kados wit gedhang rebah dhumawah dhateng empyak. Sepisan malih kula kontal, dhawah kalenggak ing jogan pendhapa, radi tebih geseripun saking papan kula wau, nanging boten ngraosaken sakit babar pisan. Alon-alon kula tangi ngadeg kalihan mbikak mripat. Ingkang sepisanan ketingal ing panyawang kula, Bapa nembe jumeneng kalihan astanipun sampun ngasta Wangkingan Kyai Pantek ingkang ketingal mencorong semu ijem warninipun. Lan ing ngarsanipun Bapa watawis gangsal jangkah, ketingal Raden Gunendra ngathang-athang ing jogan, astanipun ugi taksih nyepengi ukiraning Dhuwungipun ingkang sampun dipun liga. Nanging ketingal menawi Raden Gunendra nembe kantaka, ketitik saking netranipun ingkang merem kados tiyang nembe sare lan boten obah babar pisan.

        “Kowe ora apa-apa Pradapa?” kalih mundur sajangkah temah caket kalihan kula, Bapa mundhut pirsa kawontenan kula.

        “Kula boten menapa-menapa Bapa” atur wangsulan kula lajeng nyuwun pirsa “menika wau wonten kedadosan menapa Bapa?”.

        “Aja takon dhisik, saiki jupukna banyu genthong sasiwur gawanen mrene, tak enggone mungu Raden Gunendra sing sajake rada angler olehe sare” Bapa malah dhawuh dhateng kula.

        Kula inggih lajeng dhateng pengkeran, nyandhak siwur nyidhuk toyanipun genthong badhe kula aturaken dhateng Bapa, ingkang ngendikanipun badhe kangge mungu Raden Gunendra.

        “Cipratana sampeyane Raden Gunendra kuwi nganggo banyu sing mbok gawa banjur, balia neng mburiku kene!” Bapa paring dhawuh malih.

        Mawi tangan, sukunipun Raden Gunendra kula ciprati toya, lajeng kula mundur ngadeg ing sawingkingipun Bapa, mripat kula boten kedhep tansah ngulati Raden Gunendra. Boten watawis dangu Raden Gunendra ngebahaken sukunipun, lajeng wungu, mapan lenggah. Menawi nitik saking guwayaning wadana miwah sunaring netranipun, ketingalan menawi Raden Gunendra nembe ngraosaken sayah ing saliranipun. Dhuwung ingkang dipun asta lajeng dipun lebetaken dhateng wrangkanipun malih. Lajeng kalihan nindakaken lampah sembah kalbu, Raden Gunendra ngendika :

        “Ngaturaken sewu gunging panuwun awit paringipun kamirahan dhateng kula, temah kula dereng kakintun dhateng Yamaniloka, Ki Lurah. Lan mugi wontena sih wilasa jengandika, kaparenga paring gunging samodra pangaksami dhumateng kula ingkang sampun kumawantun tumindak nrucak ing ngarsa jengandika Ki Kepuh Agal”.

        “Sampun paring dhawuh makaten menika Raden” Bapa paring wangsulan kalihan suwanten sabar lan sareh “sadaya ingkang sampun kedadosan niki wau estunipun inggih awit kula lan jengandika Raden nembe supe kemawon. Supe menawi manungsa menika kagadhuhan nalar saha tutuk dening Gusti Ingkang Maha Kawasa, inggih mesthinipun sarana nalar lan lathi sadaya prakawis saged dipun rampungaken kalihan rembagan ingkang sekeca. Nanging inggih awit kadereng dening supe kala wau, temah prakawis sepele kemawon nuwuhaken kedadosan ingkang kados makaten menika. Estu Raden, kula boten maiben menawi jengandika runtik ing penggalih jalaran raos cuwa ingkang Jengandika Raden ndakwakaken kacuwaning penggalih jengandika kala wau awit saking pokal kula. Nanging kula ugi boten purun dipun lepataken, awit menapa ingkang sampun kula lampahi kala wau sadremi suka pangayoman dhateng nyawanipun anak kula pun Pradapa”

        “Inggih Ki Lurah” Raden Gunendra ngendika malih “kula sampun mangertos menapa ingkang jengandika dhawuhaken menika, sepisan malih kula ngaturaken panuwun saha nyuwun pangaksami. Samangke kaparengna kula nyuwun pamit badhe wangsul, lan mugi sineksenan prasetya kula dhateng jengandika. Ing benjang menawi ngantos dumados perang antawisipun Mataram kalihan Patalan, kula badhe nilar glanggang payudan menawi ngantos sumerep Ki Lurah utawi Adhi Pradapa ngedali yuda mbebela Mataram”.

        “Inggih Raden, menawi jengandika ngersakaken kundur dhateng Patalan, kula namung saged ndherekaken mawi panuwunan mugi raharja tindak jengandika. Lan jengandika sampun kesupen kalihan janji jengandika dhateng kula kala wau saderengipun wonten gojeg antawisipun kula lan jengandika” wangsulanipun Bapa kalihan mesem semanak.

        “Janji ingkang pundi menika Ki Lurah?” Raden Gunendra ketingal radi mlengak.

        “Janji bilih jengandika badhe rawuh mriki malih ing dinten kaping pitung dasa kapetang wiwit dinten menika”

        “Oh, mugi kasupekna janji ingkang menika Ki Lurah lan kula suwun jengandika kepareng anganggep bilih kula boten nate matur babagan menika” Raden Gunendra lajeng ngaturaken sembah kalbu, kasusul jumeneng lajeng tindak medal saking pendhapa, mrepegi titihanipun, Kuda Teji ingkang cinancang ing plataraning kalurahan. Boten dangu sampun boten ketingal malih, namung suwantenipun tracaking kuda ingkang sansaya dangu kapireng sansaya alon nilar Dhusun Kepuh Agal.

        Boten kula sumerepi jebul Bapa sampun mrangkakaken malih Pusaka Kyai Pantek ingkang kala wau dipun liga. Lan sareng suwanten tracaking kapalipun Raden Gunendra sampun boten kapireng malih, Bapa lajeng ndangu kula :

        “Pradapa saiki tak jarwani apa sing wis kedadean lagi wae iki mau”.

        “Inggih Bapa”.

        “Sawuse ora bisa gawe pecahe woh waluh sing mbok selehne dhampar mau, kudune Gunendra ngerti yen bakal kawiyak anggone ngapusi aku, nanging Gunendra ora gelem ngrumangsani malah nekad nantang ngongkon nodhi ajine sing jarene jeneng Aji Mahesasakecu mau, lha bareng kewirangan merga nyatane epek-epeke tedhas mbok codhos karo eri sembaga, dheweke sansaya nesu. Kowe arep dipupuh nganggo kepelane, nanging kowe tak jorogne temah luput, wonge banjur ngunus kerise arep dienggo nyuduk dhadhaku, katujune Gusti isih ngayomi uripku, Gunendra tak agar-agari Keris Kyai Pantek tiba klumah banjur semaput mau. Rahayune Gunendra tumuli ngrumangsani marang tumindake yen kleru papan anggone ngecakne” Bapa ngendika paring katrangan ngengingi kedadosan ingkang boten kula sumerepi jalaran kula merem awit sampun nginten badhe dumugi pejah jalaran badhe kapupuh dening Raden Gunendra.

        “Nyuwun pangapunten Bapa” kula nyuwun pirsa malih “Bapa dhawuh menawi Raden Gunendra sampun klintu papan anggenipun ngecakaken, menika wedinipun kados pundi Bapa?”.

        “Kuwi ngene, wong bisa kapusan kuwi jalarane merga pancen wonge dhewe seneng diapusi” Bapa paring wangsulan “sanadyan wong mau ora seneng ngapusi liyan. Dene wujude wong sing seneng diapusi kuwi yaiku wong sing luwih percaya marang barang kang ngayawara tinimbang percaya marang piwulange Gusti. Kaya aku dhewe iki sithik akeh ya isih ngono kuwi, kajaba yen pas ora lali. Tenane ngono Raden Gunendra anake Tumenggung Dibyaningrat patutan karo wong wadon sing biyen tau dipacangake karo aku nanging wurung tak rabi kuwi, satemene ya duwe kaluwihan olah kanuragan, nanging sing luwih akeh diduweni Raden Gunendra kuwi ya wujud aji-aji pangapusan kuwi mau. Jaman biyen ing pasar-pasar sakupenge Kutha Pajang, saben wayah dina pasaran, akeh bakul jamu nanging sing diedol ya mung banyu kali sing ora ana gunane. Akeh wong sing tuku banjur padha kapusan, merga saking pintere si bakul nggone ngapusi sing padha tuku. Bakule nuduhne pangeram-eram, rupa-rupa, nanging satemene pangeran-eram kuwi ya mung barang sing semu. Kang katon ana satemene dudu. Lha sing ditindakne Kyai Daka, Bebau Danara sarta Raden Gunendra kuwi ya ora beda karo sing ditindakne bakul-bakul jamu sing dodolan banyu kali mau. Gandheng aku iki sok ora seneng kapusan, mula aku banjur ngerti yen satemene tekane Raden Gunendra mrene iki mau mung arep ngapusi aku”.

        “Manawi makaten menapa Aji Paluwaja tuwin Aji Mahesasakecu ingkang badhe dipun gadhuhaken dhateng kula menika kalebet Aji ingkang semu Bapa?” kula matur nyuwun pirsa malih.

        “Sumurupa ya Ngger” Bapa paring wangsulan “aji-aji sing dikandhakne Gunendra apa dene Kyai Daka lan Danara kuwi kae kabeh anane mung ana angen-angene wong telu kuwi. Sing diarani Aji Bledheg Saleksa sing jarene arep diturunake marang kowe kae, cetha yen ora ana nyatane. Kaya sing wis tak kandhakne biyen, Kyai Daka kuwi tau krungu nek ana Aji sing jenenge Aji Sasrabirawa ya kuwi agemane Pangeran Handayaningrat, banjur Kyai Daka ngentha-entha laku sing asile dijenengne Aji Bledheg Saleksa. Upama laku sing ditempuh Kyai Daka rada bisa nyaketi laku sing ditempuh dening Pangeran Handayaningrat jaman semana, kira-kira aji sing dijenengne Bledheg Saleksa kuwi nadyan sithik ya nduwe kemanden, nanging katone laku sing ditempuh Kyai Daka kadohan karo laku sing ditempuh Ki Gedhe Pengging Sepuh, dadi upama duwe kemanden manggone ya mung neng angen-angen wae. Semono uga karo Aji sing dijenengne Paluwaja mau, kanyatane ora kuwawa gawe benthete waluh sing lagi wae mbok undhuh. Dene Aji sing jarene Aji Mahesasakecu, kuwi kira-kira arep niru aji sing diagem Sawargi Kanjeng Sultan Pajang sing kabare uga wis diturunake marang Raden Sutawijaya lan Pangeran Benawa, sing aran Aji Lembusekilan. Saiki sing luwih baku kowe kudu weruh Pradapa, anane Aji apa wae kuwi tuwuh sawise ngudi ngelmu. Lan Ngelmu iku kelakone kanthi laku, mula aja mung nyawang nugraha sing ditampa dening wong sing kondhang duwe kasekten sing nggegirisi, nanging sawangen apa laku kang ditempuh sadurunge wong mau dadi sekti”.

 

 

Ana candhake

 

 

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (101)

101.

        Menapa ingkang dipun dhawuhaken Bapa tumunten kula lampahi. Kaleresan boten inggil ing pangipun wit Sembaga wonten erinipun ingkang radi panjang-pamjang watawis tigang nyarinan. Kula lajeng nyeklek eri menika cacah tiga. Lan ing sangandhaping wit Sembaga, kados ingkang dipun dhawuhaken Bapa waluhipun nedheng-nedhenging nguwoh, kula etang watawis wonten sedasa langkung. Wonten ingkang tasih plonco nanging ugi wonten ingkang sampun ketingal sepuh. Kula pethik setunggal ingkang ketingal sampun sepuh, lajeng kula beta wangsul dhateng pendhapa kula aturaken dhateng Bapa.

        “Saiki jupukna Dhampar sing ana pojok pendhapa sisih kidul kae, gawanen mrene” Bapa lajeng paring dhawuh malih “lan waluh kuwi tumpangna ing ndhuwure, semono uga karo eri sembaga kuwi mengko selehna ana sandhinge”.

        “Inggih Bapa” kula namung atur wangsulan kanthi cekak kemawon, lajeng mendhet dhampar ingkang dipun kersakaken Bapa. Sasampunipun Waluh lan Eri Sembaga kula tumpangaken ing sanginggiling dhampar, Bapa lajeng ngendika dhateng Raden Gunendra :

        “Sampun Raden, samangke saged dipun wiwiti anggen jengandika badhe nedahaken katiyasanipun Aji Paluwaja tuwin Aji Mahesasakecu dhateng kula”.

        Ketingal Raden Gunendra mbrabak abrit pasuryanipun, lajeng wangsulan kanthi suwanten ingkang radi sereng :

        “Menapa kersanipun Ki Lurah mapanaken Wohing Waluh lan Eri Sembaga ing sanginggiling dhampar menika? Menapa Ki Lurah mila ngremehaken dhateng kekiyataning Aji kekalih ingkang dados gadhuhan kula menika?”.

        “Sampun klentu ing panampi Raden” Bapa wangsulan kalihan mesem, suwantenipun kapireng sareh “tiyang ingkang sampun sepuh kados kula menika, namung kepengin sumerep sepinten katiyasan jengandika ngecakaken aji ingkang kaloking rat tanpa wonten tandhingipun menika. Kula pitados menawi sela item ing sanggaripun Kyai Daka kemawon saged sumyur dados sawalang-walang katiban pupuhan asta jengandika, menawi woh waluh ingkang sampun sepuh menika badhe kados menapa wujudipun sasampunipun jengandika pupuh mawi asta ingkang linambaran Aji Paluwaja. Samanten ugi, menawi tumbak pusaka kagunganipun Kyai Daka kemawon saged putung nalika katamakaken ing jaja jengandika, lajeng badhe kados pundi wewujudanipun Eri Sembaga menika mangke manawi kacocokaken ing epek-epeking asta jengandika?”.

        Mireng wangsulanipun Bapa ingkang makaten kala wau, Raden Gunendra ketingal sansaya duka. Kula piyambak lajeng kuwatir menawi ngantos dukanipun Raden Gunendra boten saged kapeper, saged ugi lajeng ndhawahaken pidana dhateng Bapa. Kula ajrih menawi ngantos bapa kadhawahan pupuhanipun Raden Gunendra ingkang linambaran Aji Paluwaja, mendah badhe dados menapa mustakanipun Bapa mangke?.

        “Inggih Ki Lurah” Raden Gunendra lajeng ngendika malih kalihan nggeget wajanipun “nanging nyuwun pangapunten manawi mangke, boten namung Wohipun waluh menika ingkang badhe ajur dados  jenang awit ketiban tangan kula, sanadyan dhamparipun kula pesthekaken badhe ajur dados sawalang-walang”.

        “Dereng kantenan Raden” Bapa malah wangsulan kalihan suwanten kados ngece “kajeng dhampar menika bebakalanipun saking kajeng Gulun ingkang pejah ngurag, dados kajawi atos ugi wulet Raden, nanging menawi kedah ajur awit kedhawahan asta jengandika inggih boten menapa-menapa, kula rila kecalan dhampar setunggal menika”.

        Boten ngendika malih, Raden Gunendra lajeng nyaketi Wohing Waluh ingkang tumumpang ing dhampar. Kados nalika ing sanggaripun Rama Kyai Daka kala emben, Raden Gunendra lajeng musus epek-epekipun kekalih. Ketingal wonten pega pethak ingkang medal saking epek-epekipun Raden Gunendra, lan epek-epekipun ugi salin warni, ketingal mengangah abrit kados urubing mawa.

        “Waluh menika mangke badhe dados jenang Ki Lurah” Raden Gunendra ngendika kalihan mesem dhateng Bapa “lan dhampar ingkang kaukir sae menika ugi badhe ajur dados tumpukan tatal. Ki Lurah tamtu boten pitados, mila murih mantebipun manah kados pundi menawi dipun udhoni mawi totohan, Ki Lurah?”.

        “Kersanipun Raden?” Bapa mundhut pirsa.

        “Menawi atur kula mangke kabukten, Ki Lurah kedah kersa manunggal kalihan Trah Majapahit ingkang masanggrah ing Patalan sarta Pradapa panggah kula kanthi sowan ing ngarsanipun Kanjeng Rama ing Patalan” Raden Gunendra atur wangsulan “kosok wangsulipun, menawi tembung kula menika jebul ngayawara, kula sagah meguru dados siswanipun Ki Kepuh Agal”.

        “Kula ndherek ingkang jengandika dhawuhaken Raden” Bapa suka wangsulan suwantenipun kepireng radi atos “nanging kula boten badhe wantun nampi jengandika dados siswa kula awit kula boten gadhah ngelmi kanuragan menapa-menapa. Sampun samangke mangga katamakna Aji Paluwaja jengandika dhateng Waluh ingkang tumumpang dhampar ing ngarsa jengandika menika”.

        Saestu kula gumun boten kantenan saha ajrih lan kuwatos ingkang kalangkung-langkung kalihan lekasipun Bapa ingkang makaten menika. Kalihan wangsulan dhateng Raden Gunendra ingkang makaten menika ketawis menawi Bapa babar pisan boten pitados kalihan atur kula ingkang nyariyosaken katiyasanipun Aji Paluwaja miwah Aji Mahesasakecu ingkang satuhu ngedab-edabi saha nggegirisi. Kados anggenipun Bapa boten pitados nalika kula matur manawi badhe katurunan Aji Bledheg Saleksa dening Rama Kyai Daka kala emben. Nanging badhe matur murih Bapa njabel pangandikanipun, kula ugi boten wantun.

        Sawatawis menika, Raden Gunendra sampun siyaga badhe mupuhaken astanipun ingkang mramong kados mawa dhateng Waluh ingkang kula tumpangaken ing dhampar kala wau.

        “Dhog!” kebat kados kilat Raden Gunendra mupuh Waluh mawi astanipun ingkang sampun rinangkepan aji Paluwaja, temah nuwuhaken suwanten kados suwantenipun kajeng ingkang dipun thuthuk mawi palu dening Undhagi.

        Nanging kula dados mlengak, ngungun kaworan kaget, kedadosan ingkang kula sumerepi babar pisan boten kepanggih ing nalar. Wohing Waluh ingkang limrah menawi kapupuh mawi tangan lamba kemawon tartamtu badhe sumyur, nanging Waluh ingkang dipun pupuh dening Raden Gunendra mawi lambaran Aji Paluwaja menika, benthet kemawon boten. Malah Waluh menika ugi boten ngalih saking papanipun sakawit, makaten ugi dhampar ingkang kaselehan, kala wau Raden Gunendra ngendika bilih dhampar ingkang bebakalanipun saking kajeng Gulun menika badhe ajur dados tumpukan tatal, nanging kanyatanipun dhampar panggah kados boten kenging menapa-menapa. Raden Gunendra sakalangkung anggenipun duka, anggenipun mupuh Waluh dipun wongsal-wangsuli ngantos makaping-kaping, nanging waluh panggah taksih wetah. Makaten ugi kalihan dhampar ingkang dipun selehi.

        “Kados pundi Raden?” sareng Raden Gunendra ngendeli anggenipun mupuh Waluh ingkang boten menapa-menapa menikam Bapa lajeng ngendika semunipun radi melehaken dhateng Raden Gunendra “leres pamanggih kula ta? Dhampar menika mila kadamel saking kajeng Gulun ingkang sampun sepuh, dados kajawi atos inggih wulet”.

        “Jengandika mimpang Ki Lurah” wangsulanipun Raden Gunendra mawi suwanten ingkang atos “nanging kula dereng ngrumaosi menawi sampun kawon, mangga kalajengaken nyobi Aji Mahesasakecu kula. Jengandika saged ngunus curiga ingkang jengandika agem, kangge nyuduk pundi peranganing badan kula ingkang jengandika kersakaken,menawi wonten buciking kulit kula, kula kanthi jiwaning satriya badhe ngakeni bilih kula saestu sampun kasoran kalihan jengandika Ki Kepuh Agal”.

        “Jengandika klentu Raden Gunendra” Bapa mawi tembung ingkang sareh suka wangsulan “boten wonten ingkang kawon lan ugi boten wonten ingkang mimpang, jalaran menika dede tetandhingan. Dene jengandika boten saged mbuktekaken katiyasnipun Aji Paluwaja ing ngajeng kula menika, ugi dede pikajeng kula. Ananging mila Gusti dereng ngeparengaken kula nyumerepi katiyasnipun ageman jengandika ingkang nami Aji Paluwaja menika”.

        “Sampun Ki Lurah, jengandika sampun ngarem-aremi manah kula kados nglelipur lare alit ingkang dhawah, lajeng dipun criyosi menawi “kodhoke wis mlayu”, samangke mangga Pusaka Dhuwung ingkang jengandika agem katamakna dhateng kula, boten-boten menawi badhe kula endhani” wangsulanipun Raden Gunendra mawi suwanten ingkang sereng.

        “Menawi jengandika ngersakaken makaten, inggih kula aturi siyaga supados Pradapa ingkang tumandang, awit tenaganipun tiyang sepuh menika sampun kathah sudanipun Raden” wangsulanipun Bapa.

        “Kantun sumangga kersa Ki Lurah” Raden Gunendra suka wangsulan “ayo Pradapa goleka lan miliha gegaman apa sing arep mbok tibakne marang aku, ora bakal aku arep endha”.

        “Pradapa” Bapa lajeng paring dhawuh dhateng kula “jupuken salah sijni erine wit sambaga sing mbok selehne dhampar cedhak waluh kae, banjur coba tamakna ing astane Raden Gunendra, aku ya kepengin ngerti eri sambaga kuwi saiki isih landhep kaya wingi apa wis dadi kethul”.

        Kula lajeng mendhet eri sambaga setunggal lan siyaga badhe nindakaken dhawuhipun Bapa. Raden Gunendra lajeng kula caketi, nanging kula panggah boten tilar kasusilan, kula inggih lajeng atur sembah dhateng Raden Gunendra.

        “Sampun tumpang suh anggen jengandika ngrapal mantramipun Mahesasakecu Raden” Bapa lajeng ngendika dhateng Raden Gunendra “Pradapa badhe namakaken Erinipun Kajeng Sambaga ing asta utawi epek-epek jengandika”.

        Raden Gunendra boten suka wangsulan, namung astanipun dipun athungaken dhateng kula, epek-epekipun dipun bikak asung sasmita murih kula enggal namakaken Eri Sambaga ingkang kula cepengi mawi tangan kanan.

        “Nuwun sewu saha nyadhong pangapunten Raden” kula matur alon, lajeng nyodhosaken Erinipun Kajeng Sambaga dhateng epek-epekipun Raden Gunendra.

        Babar pisan kula boten nginten, dupi kacocok pucuking eri sambaga, Raden Gunendra njerit nanging inggih lajeng dipun ampet, saliranipun kontal dhateng wingking ngantos pitung jangkah. Saking astanipun ingkang kula codhos eri sambaga, ketingal ngedalaken rah seger mancur kados sumber tangis ingkang medal saking gampenging lepen sasampunipun bena. Saking tutukipun Raden Gunendra kepireng suwanten ngeses kados ngampet raos sakit.

        Kula dados ndlongop kamitenggengen ketang gumuning manah kula. Inggih awit, saking anggen kula sampun kamitenggengen menika, ndadosaken kula boten waspada. Boten nyipta dugining bebaya, dumadakan Raden Gunendra mencolot nyaketi kula kalihan badhe namakaken pupuhanipun ngarah sirah kula. Rumaos sampun boten saged endha malih, wekasan kula merem kalihan pasrah, nyipta menawi sampun titiwancinipun dumugi pejah, kadhawahan astanipun Raden Gunendra ingkang linambaran Aji Paluwaja.

 

Ana candhake

 

 

 

 

Senin, 04 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (100)

100.

        Bapa ketingal njengkerutaken palarapanipun. mBokmenawi mila sami kalihan kula, Bapa dereng pirsa jlentrehaning pangandikanipun Raden Gunendra, Awit sampun cetha bilih Bapa lan ugi kula menika boten badhe saged kapisahaken kalihan Nagari Mataram, jalaran Kepuh Agal menika mila Dhusun ingkang kabawah ing Mataram. Kamangka para-para ingkang masanggrah ing Patalan ingkang ngakenipun Trah Majapahit lan boten purun manungkul dados setunggal kalihan Mataram menika badhe tansah mbudidaya murih sirnanipun Mataram. Ewa samanten pangandikan pungkasan saking Raden Gunendra kala wau sanaosa kula sampun dados siswa lan kapundhut putra dening Tiyang Sepuh angkatipun Raden Gunendra, boten badhe kadhawuhan murih wani kalihan Mataram.

        “Inggih Raden Gunendra” sareng radi sawatawis dangu kawontenan sepen, Bapa lajeng ngendika “kula ngertos lan saged nampi ingkang jengandika dhawuhaken ingkang wekasan kala wau. Mila babagan rebat nagari menika prakawisipun para luhur ingkang sami-sami Trahipun Prabu Brawijaya ing Majapahit. mBok bilih inggih memper kalihan lelampahan ing jaman Purwa rumiyin, ingkang lelampahanipun kados kacetha ing pagelaran ringgit. Inggih menika rebat nagari antawisipun para wayahipun Resi Wiyasa ingkang sami-sami ngrumaosi taksih dharahipun Raden Priyamadamana utawi Prabu Barata. Pramila ing pungkasaning lelampahan ginambaraken dados wontenipun Perang Bharatayuda. Ing mriku Pandhawa lan Kurawa ingkang sami ngaken Trah Barata sami memengsahan lan ambangun perang ing Tegal Kurusetra. Ing paprangan Bharatayuda menika kacariyosaken, ing madyaning rana sami pejah pinejahan antawisipun guru lan siswa, wayah mengsah simbah, anak mengsah tiyang sepuhipun lan sanes-sanesipun. Lan sadaya ingkang gugur lajeng sinebat minangka kusumaning bangsa. Makaten ugi saupami ing benjang, menawi antawisipun Trah Majapahit ingkang samangke masanggrah ing Patalan tuwin Trah Majapahit ingkang ngedhaton ing Mataram, amangsuli lelampahanipun para kina ing Jaman Purwa menika,kanthi dumadosing perang, badhe wonten lelampahan ingkang boten benten kalihan lelampahan ing Perang Agung Bharatayuda”.

        “Inggih Ki Lurah, lajeng kersanipun Ki Lurah kados pundi?” Raden Gunendra nyelani pangandikanipun Bapa.

        “He he he “ Bapa gumujeng alon lajeng wangsulan “estunipun minangka kawula alit, kula tansah ngajeng-ajeng sampun ngantos Perang Agung Bharatayuda ingkang ngorbanaken maleksa-leksa prajurit, satemah nuwuhaken maleksa-leksa warandha lan lare ingkang lola, dipun wangsuli malih kalihan wontenipun perang antawisipun sami-sami Trah Majapahit menika. Nanging kula ugi nglenggana, kula menika namung kawula alit ingkang kuwaosipun namung nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Dados saupami saestu kalampahan anak kula Pradapa suwita dados siswa Rama jengandika ing Patalan, lan kalampahan wonten perang kados ingkang kula aturaken ing ngajeng, boten mokal menawi ing benjangipun Pradapa badhe aben ajeng kalihan kula ing tengahing palagan lan saged ugi Pradapa badhe rebat gesang kalihan jengandika menapa dene Rama Jengandika ingkang sampun paring aji jaya kawijayan dhateng piyambakipun. Kajawi menawi jangkaning jagad mila nggarisaken boten badhe wonten perang antawisipun para-para ingkang sami-sami ngaken Trah Majapahit menika”.

        “Kasinggihan Ki Lurah” Raden Gunendra ketingal menawi kasoran perbawa kalihan pangandikanipun Bapa ketitik radi tumungkul anggenipun lenggah ing ngarsanipun Bapa, lajeng ngendika suka wangsulan “estunipun legetaning manah kula menika boten benten kalihan penggalihipun jengandika Ki Kepuh Agal. Kula ugi ngajeng-ajeng murih boten wonten perang ingkang mbetahaken korban ingkang kathah ingkang radin-radin ingkang dados korban menika tiyang-tiyang ingkang boten patosa mangertos kersa menapa ingkang wonten penggalihipun para luhur ingkang marentahaken perang. Pramila kula ugi ndherek nyenyuwun dhumateng Gusti kados ingkang jengandika suwunaken kala wau. Lan ingkang cetha, kula lan jengandika menika namung titah ingkang boten saged sumerep kados menapa garising jangka ing Tanah Jawi ingkang badhe kalampahan. Sokur menawi panyuwun jengandika saha panyuwun kula kinabulaken ing Hyang Suksma. Temah boten badhe wonten lelampahan calon kadang kula Pradapa menika benjing memengsahan kalihan Kanjeng Rama ing Patalan ugi boten badhe aben ajeng kalihan jengandika Ki Lurah ing madyaning palagan paprangan. Dene menawi jangkaning jagad anggarisaken ingkang benten kalihan pangajeng-ajeng kula lan jengandika, menika winastan pesthi ingkang purun utawi boten purun titah namung saged anglampahi. Samangke ingkang baken, kaparenga jengandika Ki Kepuh Agal paring idi pangestu dhumateng kula ingkang badhe nglantaraken Pradapa nami kanugrahan saking Kanjeng Rama ing Patalan”.

        Mirengaken anggenipun wawan pangandika antawisipun Bapa kalihan Raden Gunendra makaten menika, kula rumaos alit sanget, rumaos bodho lan cubluk, jebul kula menika boten benten kalihan lare alit ingkang ngertosipun namung dolanan lan nedha kemawon. Sanaosa makaten, salebeting manah ugi ngajeng-ajeng mugi-mugi Bapa kepareng paring palilah lan angidini kula puruita dhateng Patalan saprelu nampi kanugrahan Aji Jaya Kawijayan saking Raden Gunendra miwah tiyang sepuhipun angkat. Kula sakedhap-sakedhap nglirik dhateng pasuryanipun Bapa, ing pangangkah kepengin mangertosi wonten tandha-tandha Bapa ngeparengaken menapa boten panyuwunan saking Raden Gunendra kala wau.

        “Prakawis idi lan palilah ingkang dipun kersakaken Raden Gunendra menika tumrap kula gampil lan boten angel Raden” dhawuh pangandikanipun Bapa suka wangsulan dhateng Raden Gunendra “namung kemawon, kangge ngucapaken menapa ingkang jengandika kersakaken menika kula mbetahaken wekdal radi sawatawis”.

        “Liripun wekdal kados pundi Ki Lurah?”

        “Naminipun tiyang sepuh Raden” Bapa ngendika sareh “gandheng anak kula menika badhe puruita, kula kedah asung sanguning batin dhateng Pradapa langkung rumiyin, murih gangsar anggenipun mangke nampi kanugrahan saking jengandika menapa dene Rama Jengandika ing Patalan. Kaping kalih, mugi kauningan, ing wekdal menika Pradapa taksih kabetahaken biyungipun ingkang nembe nandhang sakit, murih tumuli saged waras malih Biyungipun Pradapa dereng saged pisah radi dangu kalihan yoganipun ingkang namung setunggal menika”.

        “Ooom Nyai Lurah wekdal menika nembe nandhang gerah Ki Lurah?” Raden Gunendra nyelani pangandikanipun Bapa “nyuwun pangapunten kula boten mangertos menawi Nyai Lurah nembe gerah, saestu kula ndherek prihatos Ki Lurah, inggih mugi-mugi Nyi Lurah enggala tumunten waluya jati, jati temahan nirmala bagas waras lan panjang yuswa”.

        “Ngaturaken gening panuwun awit pandonganipun Raden” Bapa paring wangsulan “lan ketingalipun inggih boten dangu malih Biyungipun Pradapa badhe wangsul waras malih, awit sampun ketingal suda kathah sakitipun. Awit saking sedaya ingkang kula aturaken kala wau, ing salebeting wekdal pitung dasa dinten kapetang wiwit dinten menika, kula piyambak ingkang badhe ngeteraken Pradapa dhateng Patalan lan nglantaraken sowan ing ngarsa jengandika Raden Gunendra miwah dhateng Rama Jengandika ing Patalan”.

        “Ngaturaken genging panuwun Ki Lurah” Raden Gunendra kebat anggenipun wangsulan, pasuryanipun ketingal sumringah nandhakaken bilih nembe karenan penggalihipun “Ki Kepuh Agal kasekecakna lenggah kemawon, saru dinulu lan kirang prayogi menawi Ki Lurah ingkang tindak piyambak dhateng Patalan. Benjang kemawon pas ing dinten kaping pitung dasa kapetang wiwit dinten menika, kula ingkang badhe sowan malih dhateng Kepuh Agal mriki lan wangsulipun badhe nganthi calon kadang kula Pradapa dhateng Patalan”.

        “Manawi makaten kula namung saged ndherek lan ngaturaken sewu guning panuwun Raden”.

        “Dhawah sami-sami Ki Lurah” wangsulanipun Raden Gunendra kanthi pasuryan ingkang sumringah rena “menapa wonten dhawuh malih saking Ki Lurah dhateng kula? Mangga kula suwun Ki Lurah boten tidha-tidha enggal kadhawuhna kemawon”.

        “Matur nuwun saderengipun Raden” dhawuh wangsulanipun Bapa “ambok bilih Raden Gunendra dhangan ing panggalih saha ngeparengaken, sanaosa kula sampun mireng saking Pradapa katiyasnipun Aji Paluwaja miwah Aji Mahesasakecu ingkang nggegirisi, nanging malah ndadosaken kula kepengin sumerep ugi, pramila kula nyuwun mbok inggiha Raden Gunendra kersa nedahaken dhateng kula”.

        “Ki Lurah ngersakaken kula nedahaken katiyasanipun Aji Paluwaja tuwin Aji Mahesasakecu?” kalihan mesem lega Raden Gunendra atur wangsulan “kanthi suka remening manah, pamundhutipun Ki Lurah kula sagahi, namung kemawon kula suwun mugi Ki Lurah boten nggegujeng kula awit kawastanan dhemen pamer lan ngongasaken sakedhik kanuragan ing ngarsanipun Ki Kepuh Agal ingkang satuhu wicaksana”.

        “He he he….” Bapa gumujeng alit lajeng ngendika “boten Raden, mokal kula kumawantun nggegujeng jengandika, awit kula ngertos bilih jengandika Raden mila nyirik pamer kasudiran ing sangajengipun tiyang ringkih kados kula ingkang namung tilas blantik boten nggadhahi ngelmu kanuragan menapa-menapa”.

        “Inggih Ki Lurah” Raden Gunendra nunten ngendika malih “samangke kaprenga suwawi kula dherekaken dhateng Sanggar, badhe kula aturaken pamundhutipun Ki Lurah dhateng kula”.

        “Boten sisah dumugi Sanggar, Raden” Bapa wangsulan kalihan mesem “nyuwun pangapunten menawi kula taksih nggadhahi raos eman menawi wonten sela ing Sanggar ajur kataman pupuhan jengandika Raden, saha menawi ngantos wonten dedamel putung awit boten kiyat natoni salira jengandika Raden Gunendra”.

        “Lajeng keparengipun Ki Lurah kados pundi?”.

        “Sekedhap inggih Raden? Kula badhe kengkenan anak kula rumiyin” Bapa suka wangsulan lan kalajengaken nimbali kula “Pradapa”.

        “Inggih wonten dhawuh Bapa?” kula tanggap lan kebat atur wangsulan.

        “Kowe ngerti ta? Ing Pager Satru sisih kulon kae, ana wit Semboga sing kerep dienggo pasaban manuk ocah-ocehan kaya dene Jalak, Kuthilang, Kepodhang lan sapiturute merga kepencut karo wohe ?”

        “Inggih Bapa, ngertos” kula wangsulan.

        “Mengko dhisik, kandhaku durung rampung” Bapa ngendika malih “woh sembaga kae ora bisa dijupuk dening wong apa dene kewan sing ora bisa mabur, jalaran wite akeh erine sing landhep lan lancip. Aku njaluk tulung jupukna erine wit Samboga kae loro utawa telu, gawanen mrene”

        “Inggih Bapa, ngestokaken dhawuh”.

        “Karo maneh, ing ngisore wit sembaga kae ana thukulan waluh sing wohe mbriyet sapirang-pirang, methika siji pilihna sing tuwa dhewe, banjur gawanen mrene bareng karo eri sembaga mau”.

 

 

Ana candhake.

Pranyata tekan nomer 100 SMW 7 meksa durung bisa rampung. Dadi mathuke ya kudu dirampungne mbuh tekan nomer pira mengko.

Nanging upama leren dhisik tak kira ya gak apa-apa ta?.

 

 

         

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (99)


 

99.

        Bapa lajeng mirsani kula kalihan ngendika :

        “mBok menawa tamu iki sing dikersakne dening Nyai Pandhanwangi, yen aku lan kowe kena ninggalne tamu sing wigati sing tekane arep nemoni aku lan kowe Pradapa”.

        “mBok bilih mila makaten Bapa” wangsulan kula cekak.

        “Ya wis yen pancen mangkono, ayo tamune ditemoni bebarengan, sauntara Ki Genter lan mBok Jayem kareben nyulihi awake dhewe ngancani Biyungmu ing kene”.

        Sasampunipun Bapa paring dhawuh dhateng Paman Genter murih nenggani Biyung, kula lan Bapa lajeng mlampah dhateng Pendhapa, badhe manggihi tamu ingkang dipun aturaken Paman Genter kalawau. Saderengipun dumugi pendhapa, Bapa kober mlebet dhateng plangkaning pusaka. Lan nalika miyos sampun nyengkelit Kyai Pantek ing lempeng kananipun.

        Pranyata anggen kula nggadhahi panginten leres. Tamu ingkang katemben rawuh menika Raden Gunendra saestu. Namung benten kalihan nalika jaman ing sanggaripun Rama Kyai Daka kala emben, ingkang anggenipun nyebat asmanipun Bapa, Raden Gunendra kepireng ngremehaken. Samangke sareng ing Pendhapa Kalurahan, dupi pirsa menawi Bapa lan kula saking wingking medal dhateng Pendhapa, Raden Gunendra ketingal suka pakurmatan dhateng Bapa langkung rumiyin, kanthi nindakaken sembah kalbu. Bapa ugi ketingal boten benten anggenipun nampi rawuhipun Raden Gunendra, panggah kados menawi manggihi tamu sanes. Sasampunipun anjawat astanipun Randen Gunendra lajeng kaacaran lenggah ing gelaran joganing pendhapa. Kula ugi lajeng atur sembah dhateng Raden Gunendra kados nalika ing sanggaring Rama Kyai Daka kala emben.

        “Nuwun sewu saderengipun Kisanak” Bapa lajeng ngendika “sampun mastani kula tambuh, awit mila sayegtosipun nembe menika kula kepanggih kalihan andika Kisanak. mBok bilih wonten sarjuning panggalih, kaparengna Kisanak sudi paring uninga dhateng kula pun Sarkara ingkang pinitados angesuhi Dhusun Kepuh Agal mriki menika, Kisanak wingking saking kasatriyan pundi saha sinten sinambating wangi?”.

        “Inggih Ki Lurah” boten nyana babar pisan, jebul Raden Gunendra ngagem basa krama nalika mangsuli pitaken saking Bapa “kula menika saking Dhukuh Gundhalasewu sacaketipun Pasanggrahan Patalan, dene nami kula tiyang-tiyang sami amastani Raden Gunendra”.

        “Raden Gunendra saking Dhukuh Gundhalasewu?” Ki Lurah amangsuli wangsulanipun Raden Gunendra, kados nyethakaken ungeling tembung ingkang medal saking lesanipun Raden Gunendra.

        “Leres Ki Lurah” Raden Gunendra lajeng suka katrangan malih “estunipun kula menika suwaunipun saking Kitha Pajang, kula menika putranipun Rama Tumenggung Dibyaningrat abdi dalem kaprajuritan ing Kasultanan Pajang duk ing uni, ananging anyarengi ngalihipun Kraton Pajang dhateng tilas wana Mentaok ingkang winastan Kutha Gedhe Mataram lan Kanjeng Rama Tumenggung surut ing kasedan jati, boten dangu kula lajeng nilar Kitha Pajang lan gesang ing Dhuhuh Gundhalasewu”.

        “Oooo, dados jengandika menika putranipun Gusti Tumenggung Dibyaningrat Senapati Pajang gandhenganipun Gusti Tumenggung Prabalintang, ingkang kondhang kaloka ing rat prajurit sekti mandraguna, ingkang kagungan panguwaos namung satapak ing sangadhapipun Kanjeng Sultan Adiwijaya piyambak menika?” Bapa ngendika kanthi suwanten kados nocogaken pangintenipun.

        “Bab sepinten panguwaosipun Kanjeng Rama kula boten mangertos Ki Lurah, nanging menawi gandhenganipun Uwa Prabalintang mila leres” Raden Gunendra suka wangsulan lajeng pitaken “menapa Ki Lurah rumiyin ugi saking Pajang ? ingkang dalemipun sakilenipun Sendhang Umbul ?”.

        “Leres Raden, kula Sarkara mila saking mrika” Bapa gentos suka wangsulan.

        “Menawi makaten kula boten klintu” Raden Gunenendra mesem.

        “Liripun boten klintu kados pundi Raden?” Bapa pitaken.

        “Jengandika kalebet priyagung ingkang kedah kula kurmati, awit jengandika menika priya ingkang asring dipun cariyosaken dening Kanjeng Ibu, minangka priya ingkang jujur lan abudi luhur, ingkang satuhu dipun kurmati dening Kanjeng Ibu. Sanaosa anggenipun cariyos Kanjeng Ibu mesthi menawi Kanjeng Rama nuju boten wonten” Raden Gunendra suka wangsulan.

        Kula lajeng emut cariyosipun Bapa dhumateng kula, bilih saderengipun kepanggih kalihan Biyung, Bapa nate kagungan sambeting tresna kalihan satunggaling wanita, nanging sesambetan menika kedah pedhot jalaran wanita kala wau dipun pundhut garwa dening Gusti Tumenggung. Kula lajeng nggagas menawi Raden Gunendra menika taksih putranipun wanita ingkang nate dipun tresnani Bapa.

        “Prakawis menika prayogi boten dipun rembag malih Raden” Bapa lajeng ngendika amangsuli cariyosipun Raden Gunendra “menika namung cariyos lelampahanipun tiyang jaman kina ingkang sampun katutup dening obahing jaman sarta kawontenan. Malah samangke kula badhe nyuwun pirsa, Raden ngantos dumugi papan mriki menika, amengku kersa menapa?, awit kala wau rewang kalurahan cariyos dhateng kula bilih rawuhipun Raden menika namung saprelu kepanggih kalihan kula lan anak kula Pradapa”.

        “Inggih kula nyuwun pangapunten Ki Lurah” Raden Gunendra wangsulan kalihan mesem “saderengipun kula ngaturaken wosing sedya kula sowan Ki Lurah ing Pendhapa Kepuh Agal mriki menika, kaparenga kula nyuwun pirsa, menapa putra jengandika Pradapa dereng mlambangi atur dhumateng Ki Lurah bab anggen kula kepengin mewahi raketing kekadangan antawisipun kula kalihan Pradapa?”.

        “Satleraman mila Pradapa nate cariyos bilih nembe kemawon kepanggih satriya bagus ingkang kagungan kasekten pindha jawata Surapati ngejawantah ingkang asma Raden Gunendra” ngendikanipun Bapa mangsuli pitakenipun Raden Gunendra “nanging kula kinten langkung jangkep malih menawi jengandika Raden Gunendra ingkang ngendikakaken dhateng kula”.

        “Walah kula kinten anggenipun matur Pradapa dhateng Ki Lurah menika sampun dipun emperi kathah” kalih gumujeng alit Raden Gunendra ngendika dhateng Bapa “mila leres manawi kula sampun nedahaken sapletik saking Aji ingkang kula gadhuh dhateng Pradapa tuwin Danara lan Kyai Daka, ingkang wujudipun Aji Paluwaja miwah Aji Mahesasakecu. Lan kula kepengin sanget nyowanaken Pradapa ing ngarsanipun tiyang sepuh angkat kula murih Pradapa ugi kaparingan sedaya Aji ingkang sampun katurunaken dhateng kula dening Tiyang sepuh angkat kula kala wau. Sartanipun malih, Pradapa sageda sinengkakaken dados putra angkat dados adhi kula. Ing prakawis menika kula sampun rembagan kalihan Pradapa, Pradapa ugi sampun nayogyani. Samangke kula suwun Ki Lurah mugi ngeparengaken menapa pepenginan kula ingkang sampun kula aturaken menika lan ugi ingkang sampun dados pepenginanipun Pradapa. Kadospundi Ki Lurah?”.

        Radi dangu Bapa namun kendel, boten tumunten suka wangsulan dhateng Raden Gunendra. Namung ketingalipun Bapa nembe menggalih utawi nimbang-nimbang pangandikanipun Raden Gunendra menika.

        “Mangke rumiyin Raden” sasampunipun sawatawis anggenipun menggalih Bapa lajeng ngendika “saestu kula ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhateng jengandika Raden ingkang sampun paring kawigatosan samanten agengipun dhumateng anak kula pun Pradapa. Sangertos kula ingkang nami Aji Jaya Kawijayan kados ingkang katiyasanipun ngedab-edabi kados ingkang sampun kula pireng saking Pradapa menika, boten sauger tiyang saged dipun gadhuhi, sanaosa tiyang ingkang kepengin kagadhuhan anggenipun nyuwun dipun rencangi tetangisan ngantos luhipun awujud getih, dereng kantenan menawi saged dipun paringi. Nanging anak kula Pradapa menika, ngimpekaken saged katurunan aji jaya kawijayan ingkang makaten menika kula kinten dereng pantes, dumadakan Raden Gunendra kepareng badhe nurunaken aji jaya kawijayan kasebat dhateng piyambakipun. Menika tuhu satunggaling kanugrahan ingkang agungipun tanpa saged dipun pindhakaken………”

        “Menika makaten Ki Lurah” Raden Gunendra nigas pangandikanipun Bapa “mila leres ingkang jengandika dhawuhaken menika, nanging mugi kaemutana bilih Aji Jaya Kawijayan menika makutha pepindhanipun, boten saben sirah saged pas manawi kaageman Makutha ingkang sampun wonten, lepatipun lodho awit kagengen makuthanipun, inggih sesak jalaran kagengen sirahipun. Makaten ugi sambetipun Aji Jaya Kawijayan ingkang badhe katurunaken dhateng Pradapa menika, prasasat sampun tepung gelang nggen kula ngulati papan ing Tanah Jawi menika, kanthi sangu pitedahipun tiyang sepuh angkat kula ing Patalan, ngupadi tiyang ingkang saged kanggenan aji jaya kawijayan kados ingkang kula gadhuh peparingipun tiyang sepuh angkat kula menika, nanging kepanggihipun inggih namung Pradapa piyambak. Pramila Bapa ing Patalan sampun ngersakaken Pradapa katurunan aji jaya kawijayan sami kalihan kula saha badhe kaangkat dados putra kasedherekaken kalihan kula”.

        “Nuwun sewu Raden”  Bapa ingkang gentos ngendika “ menapa leres Jengandika kala wau dhawuh menawi samangke Raden milih manunggal kalihan para ingkang masanggrah ing Patalan?”

        “Leres Ki Lurah” wangsulanipun Raden Gunendra “kula menika namung nulad lekasipun Kanjeng Rama sawargi ingkang setya tuhu dhateng Kanjeng Sultan Adiwijaya ing Pajang ingkang tedhakipun Pangeran Handayaningrat saking Majapahit, suthik menawi ta kedah suwita dhateng tedhak turunipun tiyang saking Dhusun Sela ingkang samangke ngagem sebatan Panembahan Senapati lan ngedhaton ing Kutha Gedhe Mataram menika”.

        “Kula aturi pirsa inggih Raden?” Bapa ngendika malih “kula Sarkara mila rumiyin saking Pajang, nanging ingkang netepaken kula minangka Lurah ing Kepuh Agal menika Ngersa Dalem Gusti Panembahan Senapati ing Alaga, ingkang menawi katurut ugi trah saking Raden Bondhan Kejawan putra wuragilipun Prabu Brawijaya ing Majapahit. Kula boten nglepataken para ingkang masanggrah ing Patalan awit ngugemi kapitayan bilih ingkang wenang mranata Tanah Jawi menika namung Trah Majapahit ingkang samangke masanggrah ing Patalan, nanging kula ugi boten badhe nglunturaken kapitayan kula bilih Kanjeng Panembahan Senapati saturun-turunipun menika ugi kagungan wewenang mranata Tanah Jawi. Samangke jengandika kagungan kersa badhe ngajak anak kula dhateng Patalan, menapa jengandika mila kagungan sedya badhe misahaken kula kalihan anak kula Raden?”.

        “Sampun klentu ing panampi Ki Lurah” Raden Gunendra suka wangsulan kalihan gumujeng alon “babagan ngelmu utawi Aji Jaya Kawijayan sampun dipun campur kalihan babagan para luhur rebat nagari. Sanaosa ing mangkenipun Pradapa badhe kapundhut putra dening Rama ing Patalan nanging boten pisan-pisan badhe kadhawuhan murih wani dhateng Mataram……”.

 

 

Ana candhake

 

 

 

Minggu, 03 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (98)


 

98.

        Kula inggih namung matur sendika, boten matur nyuwun pirsa dhateng pundi anggenipun Bapa ngupadi tambanipun Biyung. Sasampunipun Bapa bidhal, kula nunten wangsul malih nenggani Biyung, ingkang ketingal taksih sare. Boten watuk babar pisan, dados inggih boten ngedalaken rah malih. Kula nicil ayem, menapa malih saya dangu ketingal anggenipun sare sansaya angler. Namung kala-kala mila taksih ngeses kados nembe ngampet raos sakit, nanging inggih boten dangu lajeng kendel, wangsul sare malih.

        mBok Jayem ingkang wongsal-wangsul nggentosi pipih kacelup toya minangka sarana kangge ngirangi bentering badanipun Biyung, kula kengken leren, awit ketingal sampun kesel sanget, jalaran anggenipun nenggani Biyung mila wiwit saprotiganing dalu dumugi sapriki dereng wonyen ingkang nggentosi. Lan padamelanipun nenggani Biyung kula gentosi. mBok Jayem inggih lajeng medal nilar patunggonipun Biyung, gentos kula ingkang linggih caket kalihan mustakanipun Biyung, murih gampil menawi nggantos pipih ingkang kacelup ing toya asrep lan katemplekaken ing palarapanipun Biyung.

        Nenggani Biyung ingkang gerah lan namung kendel amargi sare, ndadosaken badan kraos kirang sekeca, awit boten obah kados padatan, kajawi namung linggih kendel tanpa guneman menapa-menapam malah obah ingkang nuwuhaken suwanten ugi boten wantun awit ajrih menawi ngantos mbribeni sarenipun Biyung. Kula lajeng ngewahi anggen kula linggih, suku kula slonjoraken geger lan sirah kula angge sumendhe dhateng gebyog, kanthi makaten raosing badan kraos radi sekeca. Nanging jebul kanthi linggih makaten menika sampun ndadosaken kula boten kraos ngantos ketileman.

        Inggih ing salebeting katileman menika, dumadakan kula sumerep wewayangan ingkang aneh. Lan langkung aneh malih, kula boten saged ebah lan boten saged ngucap menapa-menapa, sagedipun namung nguwasi wewayangan ingkang aeng kala wau. Rumaos kula ing senthong menika Biyung boten namung setunggal, nanging wonten sekawan malih ingkang rupinipun persis kalihan Biyung. Biyung ingkang cacah sekawan menika sami ngadeg jejer ing jogan madhep dhateng Biyung ingkang nembe sare, sekawan-sekawanipun sami suka kurmat dhateng Biyung ingkang namung kendel sare ing ambenipun, lajeng sami mlampah medal nilaraken senthong liwat kori. Sareng Biyung cacah sekawan kala wau sampun boten ketingal, nembe kula saged obah, anyarengi Biyung wungu saking anggenipun sare kapratandhan kalihan mbikakipun netra ingkang kala wau merem.

        Daya-daya kula nata linggih kula lajeng madhep dhateng Biyung sarwi matur :

        “Biyung ngersakaken menapa? Ngunjuk menapa dhahar?”

        Biyung boten wangsulan kajawi namung nggedhegaken mustakanipun. Lajeng biyung mirsani kula kalihan mesem, nanging rumaos kula esemipun Biyung menika ketingal benten kalihan esem padatan. Boten dangu lajeng ngeremaken netra, wangsul sare malih kados wau. Kula inggih lajeng nutugaken anggen kula nenggani ngantos Bapa rawuh saking anggenipun ngupados jampi.

        “Apa Biyungmu wiwit mau babar pisan ora nglilir?” Bapa ndangu kula.

        “Nglilir sepisan Bapa” atur wangsulan kula, lajeng kula nyariyosaken sesawangan aneh ingkang kula sumerepi nalika kula ketileman kala wau.

        “Hm……” Bapa unjal napas landhung lajeng ngendika “aku wis nggawa boreh kanggo Biyungmu, nanging dhawuh sing tak tampa saka Eyangmu Nyai Pandhansari mau awake dhewe iki titahing Allah, sing duwe kuwajiban mbudidaya nanging ora kinudokake kasile. Kaping pindhone titah kudu tansah nyenyuwun marang Allah lan mesthi bakal dikabulne, nanging wujud kabule panyuwunan kuwi ora dijumbuhake karo sing dikarepne titah, nanging dijumbuhake karo sing dibutuhne titah mung emane akeh titah sing ora weruh marang apa sing dibutuhne merga ketutup dening kekarepane. Kaping telune, satemene kabeh barang kang gumelar iki kagungangane Allah, manungsa saderma wenang anggadhuh, barang gadhuhan kuwi ora bisa digondheli yen kakersakne bali dening ingkang Kagungan, kalebu sing aran pati uripe dhewe iki. Dene prentah saka Eyangmu Nyai Pandhanwangi mau, awake dhewe, aku lan kowe kudu gentenan nunggoni anggone turu Biyungmu, Biyungmu ora dikeparengake kijenan turu tanpa ana sing nunggoni. Aku lan kowe kena bareng ninggalne Biyungmu yen ana tamu wigati sing kepengin ketemu karo aku lan kowe”.

        “Inggih Bapa, sadaya dipun dhawuhaken Bapa menika badhe kula lampahi kanthi sasae-saenipun” atur wangsulan kula ingkang lajeng kula susuli kalihan panyuwunan pirsa “menapa Bapa samangke sampun saged manggihi Kanjeng Eyang Nyai Pandhanwangi ?”.

        “Dudu aku sing bisa sowan marang Nyai Pandhanwangi” dhawuh wangsulanipun Bapa “nanging pancen Nyai Pandhansari sing saiki madhepok ing papan kanggo tumibane Sendhang Mustikawarih, ngersakne aku sowan. Mau niyatku satemene arep ngupadi papane Sendhang Ngiyom, arep nyoba sowan Kanjeng Ratu Setyawati utawa saora-orane ya sowan marang Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta saperlu arep nyuwun pituduh kanggo nambani Biyungmu, nanging jebul lakuku malah dituntun manjing marang Pratapane Nyai Pandhanwangi. Lan sawuse aku nampa dhawuh kaya sing wis tak kandhakne mau, aku uga diparingi weruh senadyan bisa nemokne Sendhang Ngiyom aku panggah ora bisa sowan marang Kanjeng Ratu Setyawati, Ki Jurudah apa dene Ki Prasanta kajaba yen dikersakne wae, aku uga dielingake sawayah-wayah ana wong sing melik marang Kyai Pantek lan aku utawa kowe ora bisa ngukuhi Keris Kyai Pantek, murih ora ndadekne rusake jagad aku kadhawuhan nglarung Kyai Pantek iku ing telenge Sendhang Ngiyom”.

        “Inggih Bapa, lajeng benjang menapa anggenipun Bapa badhe amborehi Biyung murih Biyung tumunten waluya jati jati temahan waluya?” kula lajeng nyuwun pirsa anggenipun badhe mborehi Biyung.

        “Saiki uga boreh sing ana takir iki usapna marang dlamakane Biyungmu, muga-muga bisa ngilangake panase sarta ndadekne Biyungmu waras kaya wingi uni” Bapa paring dhawuh kalihan maringaken takir plonthang ingkang isi beboreh.

        Takir Plonthang lajeng kula tampi lan kanthi ngatos-atos, dlamakanipun Biyung kanan kering kula borehi. Biyung ketingalipun kraos menawi dlamakanipun kula usap kalihan beboreh ingkang dipun asta Bapa kala wau. Sukunipun dipun obahaken, sareng kula tingali jebul Biyung sampun wungu lan boten merem. Dupi pirsa menawi kula borehi, Biyung lajeng mesem. Bapa ugi pirsa menawi menawi Biyung wungu. Bapa lajeng sansaya nyaket anggenipun lenggah.

        “Matur nuwun Kyaine, awit paringipun jampi ingkang dipun borehaken putra ndika niku” ngendikanipun Biyung dhateng Bapa.

        “Ya muga-muga bisa ndadekne sliramu enggal waluya jati Nyai” dhawuh wangsulanipun Bapa ingkang kapireng rena penggalihipun.

        “Inggih Kyaine, kula sampun mantun kok Kyaine” Biyung ngendika malih “kantun nisa raos sayah lan arip kemawon, mangke menawi sampun kula angge tilem lan kendel paling dangu sapeken malih sampun ical sedaya sakit kula”.

        “Iya Nyai” dhawuh wangsulanipun Bapa “yen nyatane sliramu isih krasa kesel karo ngantuk ya dienggo leren lan turu wae dhisik, kareben tenagamu tumuli pulih lan bisa waras kaya wingi-wingi”.

        “Inggih Kyaine, boten langkung kula ndherek titip sampun ngantos Kyaine negakaken putra ndika nempuh bebaya piyambakan” rampung ngendika makaten kala wau, lan dereng ngantos Bapa paring wangsulan, Biyung sampun sare malih. Nanging sarenipun Biyung boten kados kala wau, samangke anggenipun sare inggih kados tiyang boten sakit. Saliranipun Biyung sampun boten benter kados wau. Samangke limrah kados tiyang ingkang badanipun waras.

        Bapa wongsal wangsul unjal ambegan landhung. Nitik pasuryanipun Bapa ketingal nembe nandhang sayah sanget. Awit saking menika, Bapa lajeng kula aturi murih lerem ing papan palereman rumiyin. Kula ingkang badhe nenggani Biyung. Mangke kemawon menawi Bapa sampun ical sayahipun, saged nggentosi kula. Inggih wiwit menika, kula kalihan Bapa gentosan nenggani anggenipun sare Biyung. Ing wanci dalu, saderengipun wanci lingsir, kula ingkang nenggani lajeng sasampunipun lingsir dalu ngantos wanci saput siti, gentos Bapa ingkang nenggani. Menawi nuju siang, sok kula kalihan Bapa sareng-sareng anggenipun nenggani Biyung. Lan wiwit sare sasampunipun dipun borehi menika, Biyung babar pisan boten nate nglilir.

        Nyarengi tigang dinten saking anggenipun Biyung Kantaka ing sacaketing regol, ngepasi kula kalihan Bapa sesarengan nenggani Biyung dumadakan Paman Genter nusul mlebet dhateng patunggonipun Biyung. Ingkang makaten kala wau ndadosaken Bapa lan kula radi gumun.

        “nDika ora tak timbali teka nusul neng patunggone Nyai Lurah kene Ki Genter? Ana apa?” Bapa lajeng ndangu menapa pikajengipun Paman Genter.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Paman Genter atur wangsulan “ing pendhapa wonten tamu agung ingkang ngersakaken kepanggih kalihan Ki Lurah saha Gus Dapa”.

        “Tamu Agung? Sapa kuwi?” Bapa mundhut pirsa malih.

        “Kula boten mangertos, priyantunipun taksih kalebet timur watawis kaot tiga menapa sekawan tahun langkung sepuh tinimbang Gus Dapa, kagungan pasuryan pekik, nitik perbawa, lan busananipun ingkang mramong ingkang dipun agem, saha titihanipun ingkang rupi Kapal Teji, kula kinten menika dede tiyang limrah” Paman Genter atur wangsulan “lan nalika kula dipun dhawuhi murih matur dhateng Ki Lurah, menawi teja ingkang nembe rawuh menika ngersakaken kepanggih Ki Lurah lan Gus Pradapa, kula boten saged suwala”.

        “Busanane mopyor, ngemu perbawa, titihane Jaran Teji, sapa ya?” Bapa ngendikan kados katujokaken dhateng panjenganipun piyambak.

        Kula lajeng kemutan kalihan dhawuh pawelingipun Raden Gunendra dhateng kula, ing sanggar winadosipun Rama Kyai Daka menawi tigang dinten kapetang kalihan anggenipun paring dhawuh menika, Raden Gunendra badhe rawuh dhateng Dalem Kalurahan Kepuh Agal saprelu kepanggih Bapa lan badhe mundhut palilah menawi badhe nurunaken aji jaya kawijayan dhateng kula.

 

Ana candhake.

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...