105.
Kundur
saking anyarekaken Biyung, Bapa lajeng nimbali para Bebau tuwin para
Sapukawating Kepuh Agal sarta para sesepun sedaya murih mlempak ing Pendhapa.
Boten ngantos sapanginang saking gumontanging suwanten thonthongan kalurahan
kanthi wirama Daramuluk ambal kaping tiga kasambet kenthongan sekawan ambal
kaping tiga, para ingkang tinimbalan sampun sami dumugi ing pendhapa Kalurahan,
sumadia nampi dhawuh saking Bapa minangka Lurah Kepuh Agal. Nitik polatanipun
saha jaiting praupan, ketingal menawi para ingkang sami tinimbalan menika,
wonten tandha pitaken ing manahipun piyambak-piyambak. Kajawi menika, sedaya
ugi sami ketingalan suntrut awit taksih nandhang susah jalaran sedanipun Biyung
ingkang sampun kaanggep kulawarganipun piyambak.
“Sedulurku
kabeh” Bapa wiwit ngendika dhateng para ingkang sampun sami lenggah ing
joganing pendhapa “mbok menawa ana pitakonan ing ati ndika kabeh, ya gene aku
nyeluk ndika kanthi dadakan, kamangka ndika padha ngerti nek dina iki atiku
lagi susah jalaran lagi wae ditinggal
kanggo selawase dening Nyai Lurah”.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” Ki Sudib inggih Ki Bebau Sidadadi ingkang linggihipun
radi caket kalihan Bapa atur wangsulan “mila leres dhawuh jengandika menika,
awit sanadyan kula lan para Bebau sanesipun tuwin para Sapukawat lan sesepuhing
Kepuh Agal ugi sanget rumaos kecalan awit sedanipun Nyai Lurah, malah kathah para
warga ingkang sami cariyos sisahing manahipun katilar seda Nyai Lurah menika
kados-kados nglangkungi sedhihipun nalika tinilar pejah tiyang sepuhipun
piyambak. Lan dumadakan Ki Lurah dhawuh murih kula sakanca marak ing ngarsa
jengandika, menika cetha menawi sampun damel sar-saran salebeting manah kula
sakanca, awit mokal menawi boten wonten prakawis ingkang sakalangkung wigatos,
Ki Lurah paring timbalan ing salebeting suwasana dhuhkita menika”.
“Iya
Ki Sidodadi” Bapa paring pangandika malih “satemene rasa susah lan sedhih
tininggal mati wong sing ditresnani lan diasihi kuwi lumrah, nanging sing
lumrah kuwi dadi ora becik yen kebacut anggone ngecakne. Luwih-luwih banjur
ngluputna kana-kene merga matine wong sing ditrenani kuwi mau lan kang luwih
mbebayani maneh yen nganti banjur wani ora narimakake marang Sing Peparing
Urip. Saiki mbalik marang anggonku wis nyeluk ndika kabeh supaya teka kene iki,
satemene kurang luwih sepuluh dina kepungkur, aku dielingake dening jagad yen
ana kuwajibanku marang Kepuh Agal sing durung tak rampungake. Emane, kuwajiban
kuwi mung aku dhewe sing bisa lan oleh nglakoni dadi ora bisa direwangi sapa
wae, klebu ndika kabeh sing ana pendhapa iki”.
Bapa
kendel anggenipun ngendika, para ingkang sampi lenggah ing pendhapa ugi lajeng
sami sirep, boten wonten ingkang kumecap, sadaya ngrantos dhawuh pangandika
saking Bapa salajengipun. Kula puyambak ugi ngrantos dhawuh salajengipun,
namung salebeting manah wonten raos nratab kaworan samar, menawi ngantos
tinilar tindak dening Bapa. Jalaran kula rumaos puteg salebeting manah, sapisan
inggih awit sedanipun Biyung lan ugi puteg menawi kemutan kedadosan-kedadosan
nembe-nembe menika, langkung-langkung manawi kula sambung kalihan
pangandikanipun Biyung saderengipun seda.
“Nanging
durung nganti pemuting jagad kuwi tak tindakne, kesusul Nyai Lurah gerah sing
wekasan dadi lan sedane kuwi” Bapa nglajengaken anggenipun ngendika “saiki
ngiras pantes tak enggo ndongakne Nyai Lurah murih sowane katarima dening
Gusti, kuwajiban sing mung bisa tak tindakne dhewe kuwi arep tak lakoni. Tak
wiwiti dina sesuk lan nganti pirang dina aku durung weruh. Sabanjure Kepuh Agal
tak titipne marang ndika kabeh, mligine kanggo ngladeni apa sing dibutuhne para
kawula ing Kepuh Agal kabeh, aja nganti sasuwene tak tinggal nindakne kuwajiban
iki, kawula Kepuh Agal kaya kuthuk kelangan babone, kaya sapu sing ilang suhe.
Kabeh kadang Bebau tak jaluk bisaa ngrampungake menawa ana prakara kang thukul
ana dhukuhe dhewe-dhewe, kalamunta rumangsa isih kewuhan bisa njaluk rerigen
marang para sapukawat, sesepuh lan uga bebau ing dhukuh liyane. Bakune aja
nganti gawe kapitunane kawula ing Kepuh Agal kene. Piye sedulur kabeh ?”.
Para
Bebau lajeng sami umyeg rembagan kados suwantenipun tawon ingkang gumrunggung,
awir sami rerembagan kalihan rowangipun ingkang linggih sacaketipun.
“Nuwun
sewu lan nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Lurah Danara, ngangkat tanganipun
asung sasmita bilih badhe matur.
“Mangga,
mangga Ki Bebau Sidomulya” Bapa mesem paring wangsulan dhateng Ki Lurah Danara
“mbok menawa ndika duwe panemu utawa rigen sing becik magepokan karo sing tak
kandhakne lagi wae iki mau?”.
“Matur
nuwun Ki Lurah” Ki Lurah Danara nata linggihipun lajeng wicanten “menawi wonten
prakawis ingkang tuwuh ing Dhukuh, kula kinten Bebau ingkang kawogan kalihan
dipun bantu para sapukawating Dhukuh badhe tumunten saged ngrampungi. Ingkang
radi ewet menika menawi wonten prakawis ingkang kedadosanipun mekeh, liripun
antawisipun warga Kepuh Agal nanging benten Dhukuh, menika sok anggenipun
ngrampungaken radi repot menawi dede Ki Lurah ingkang paring putusan”.
Mireng
aturipun Ki Lurah Danara ingkang makaten menika, para Bebau sanesipun sami
kendel kalihan ningali dhateng Bapa, makaten ugi para Sapukawating Dhusun miwah
para sesepuh ugi sami kendel lan nyawang dhateng Bapa. Ing semu tiyang-tiyang
menika nyengkuyung pitakenipun Ki Lurah Danara menika lan nyuwun murih Bapa
kersa paring dhawuh wangsulan.
“Ing
ngarep wis tak kandhakne, Ki Danara lan Kadang Bebau kabeh” Kalihan mesem Bapa
paring wangsulan “yen ora bisa dhewe, bisa nyambat bebau liyane. Dadi yen ana
perkara sing tuwuh mekeh kaya sing ndika kandhakne mau, cetha yen salah siji
saka Bebau utawa malah Bebau loro-lorone ora bisa ngrampungake perkara kang ana,
jalaran wis lumrah yen Bebau loro mau kabeh padha ngeboti wargane dhewe-dhewe.
Lha yen wis mangkono, ya kudu nyambat Bebau lan Sapukawat sarta sesepuh Dhukuh
saliyane dhukuh loro kuwi mau. Kanthi mangkono perkara bisa dirembug lan
dirampungake kanthi becik”.
“Nuwun
sewu Ki Lurah” Ki Lurah Danara matur malih “menawi kula gadhah atur pamanggih
kados pundi?”.
“Kuwi
sing tak arep-arep Ki Bau Sidamulya” .
“Kula
kinten, langkung sae malih menawi sadangunipun Ki Lurah nindakaken kuwajiban,
Ki Lurah amiji ingkang putra pun Gus Pradapa kinen anyulihi Ki Lurah, ngiras
pantes kangge gladhen Gus Pradapa dados benjang menawi sawanci-wanci gumantos
Bapanipun boten kidhung malih” Ki Danara ngaturaken pamanggihipun.
“Panemu
ndika kuwi saklebatan becik Ki Bau Sidomulya” Bapa paring wangsulan “nanging
bisa mbebayani tumrap Kepuh Agal, jalaran Pradapa kajaba upama woh-wohan ngono
isih durung mateng, durung wayahe dipasrahi pakaryan sing abot lan mbutuhake
kawicaksanan kang mirunggan”.
“Menika
leres Ki Lurah” Ki Danara matur malih “nanging menawi wonten ingkang
ngamping-ampingi kula kinten boten badhe mutawatiri”.
“Lha
banjur sapa sing sakirane bisa dadi pangampinge Pradapa?”.
“Nuwun
sewu” Ki Danara matur kalihan mesem “estunipun Gus Pradapa menika asring
kapasrahan jejibahan mranata para sinoman ingkang ndherek gladhen ing
sanggaripun Bapa Guru Kyai Daka, menawi boten wonten ingkang ngampingi mila Gus
Dapa ugi taksih asring bingung, nanging sareng kula ingkang angampingi,
pranyata Gus Pradapa saged nindakaken jejibahan ingkang dipun pitadosaken
dening Bapa Guru Kyai Daka kanthi sae, boten wonten ingkang anguciwani. Inggih
kanthi mulat ingkang wonten ing sanggar menika kala wau, kula sagah saupami
kapitados nindakaken kuwajiban angampingi Gus Pradapa”.
Bapa
boten tumunten paring wangsulan, malah ketingal palarapanipun dipun
jengkerutaken, sajak menggalih menapa ingkang dados aturaken Ki Lurah Danara
makaten menika. Malah lajeng Para Bebau sanesipun lan para sapukawating dhusun
ugi Para Sesepuh sami klesak-klesik wicanten piyambak, kapireng gumarenggeng
nanging boten cetha ukara menapa ingkang dipun ucapaken.
“Kepareng
matur Ki Lurah” Dumadakan Ki Sambi, inggih Bebau Sambirobyong ngangkat
tanganipun nyuwun wekdal kangge matur.
“Iya
Ki Sambirobyong, ndika duwe panemu apa ing babagan iki?” Bapa wangsulan kalihan
pandangu ngiras paring wekdal dhateng Ki Sambi kangge wicanten.
“Kula
sarujuk kalihan pamanggihipun Ki Lurah Danara” Bebau Sambirobyong ngaturaken
pamanggihipun “inggih menika bab Gus Dapa kapiji dados sesulih jengandika Ki
Lurah sadangunipun Ki Lurah nindakaken kuwajiban winados menika. Nanging
panyuwun kula ingkang ngampingi Gus Dapa saenipun Ki Pawana inggih Ki Bebau ing
Jangglengan. Sadaya ingkang wonten mriki sampun pirsa bilih Ki Pawana menika
awis-awis ngendikan, nanging sauger ngendikan mesthi mentes tur uwos. Dhasar
priyantunipun alus, lembah manah lan boten dhemen damel seriking sesami, menawi
kadadosaken warangkanipun Gus Dapa, mila cocog sanget, kados tumbu oleh tutup”.
Kawontenan
ing pendhapa lajeng radi kosek, para sesepuh ketingalipun sarujuk kalihan
pamanggihipun Ki Sambi, nanging wonten ugi saking para Sapukawat Kepuh Agal,
mliginipun para ingkang dados siswanipun Rama Kyai Daka, ketingal menawi boten
remen kalihan pamanggihipun Ki Sambi ingkang dipun aturaken Bapa menika. Kula
lirik Ki Pawana Bebau Jangglengan namung kendel lan ndhingkluk kemawon. Benten
kalihan Ki Lurah Danara ingkang praupanipun ketingal mbrabak abrit, kalihan
ngulati papanipun Ki Sambi. Nanging Ki Sambi api-api boten sumerep, malah
panyawangipun tumuju dhateng Bapa.
“Nyuwun
pangapunten Bapa” awit kula taksih kemutan kalihan pituturipun Bapa
saderengipun Biyung seda kala dalu lan ugi welingipun Biyung tansah kepireng
salebeting manah, kula lajeng matur dhateng Bapa.
“Iya
kowe arep matur apa Pradapa?” Bapa paring wangsulan lan mundhut pirsa dhateng
kula.
“Inggih
Bapa” kula lajeng matur “saderengipun kula suwun dhateng Ki Lurah Danara, Ki
Sambirobyong lan sedaya ingkang lenggah ing pendhapa mriki, keparenga sudi
paring pangapunten dhateng kula, ingkang ambok bilih atur kula dhateng Bapa mangke
boten jumbuh kalihan pamanggih ndika sedaya”.
Kula
kendel sakedhap, sinambi ngulati tiyang-tiyang ing pendhapa menika. Sedaya
ketingal sami nyawang dhateng kula, boten wonten ingkang wicanten
menapa-menapa.
Ana candhake