Total Tayangan Halaman

Senin, 11 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (108)

108.

        Kula namung mendel kemawon, kalihan nyobi mangertosi dhawuhipun Bapa ingkang makaten menika mawi manah ingkang suci linambaran raos pitados bilih sedaya dhawuhipun Bapa menika sae tumrap kula. Bares kemawon kula ngrumaosi bilih kula nate langkung pitados dhateng wicantenipun tiyang sanes, inggih menika dhateng Rama Kyai Daka, Lurah Danara miwah Raden Gunendra. Nanging sareng kula raosaken kanthi weninging manah, pranyata mila menapa ingkang kadhawuhaken Bapa dhateng kula sedaya leres. Kula ugi emut kalihan welingipun Biyung bilih ing jagad ingkang gimelar menika boten wonten ingkang katresnan lan katulusanipun nglangkungi katresnanipun Bapa lan Biyung. Malah kula sampun sumerep piyambak, kados pundi lekasipun Raden Gunendra ingkang nalika kacuwan manahipun , sampun tega badhe mrawasa kula, tujunipun nalika samanten Bapa langkung prayitna lan kober angayomi kula.

        “Merga satemene Pradapa” Bapa paring dhawuh malih “sing diarani drajat kang luhur kuwi, ora manggon ana dhuwuring pangkat utawa kalungguhan, uga ora mapan merga akehing brana picis lan kasugihan. Mula saklebatan, akeh wong sing padha ngajeni marang wong sing pangkate dhuwur utawa wong sing bandhane akeh, utawa wong sing nduweni kasekten lan kadigdayan. Nanging satemene wong ngajeni sabab kang kasebut, iku kena diarani pangaji semu, lamun kang kasebutake kuwi mau mbalik, lire sing maune duwe pangkat dhuwur dumadakan ilang pangkate, sing sugih bandha banjur dadi kere lan sing sekti sarta digdaya dadi lumpuh kekuwatane, mangka wong sing maune padha ngaji-aji banjur padha ngadoh, malah ora arang sing banjur api-api ora tepung sadurunge”.

        “Inggih Bapa” kula nyela rembag “mugi Bapa kepareng paring pangertosan dhumateng kula ingkang wujudipun pangaji ingkang boten semu”.

        “Wong sing mbudidaya supaya diajeni dening liyan, utawa wong sing seneng ngarep-arep pangalembana saka wong liya, kuwi cetha nek dudu wong sing aji uga kena diarani wong sing asor drajate” Bapa paring piwucal malih “jalaran ajining manungsa kuwi dumunung ana ing laku lan tumindake. Yen pakarti, laku lan tumindake becik, ora sah ndadak ngarep-arep wong-wong sing ngrasakne wohing laku lan tumindake wong mau bakal ngajeni dhewe, tur maneh olehe ngajeni iya tulus teka dhasaring ati, ora geleme ngajeni nek wong mau pamrih marang sing diajeni. Mula eling-elingen uran-uran kang sinawung ing dhandhanggula kaya iki : Utamane wong tinitah urip, den bisaa angenaki manah, marang sapadha-padhane, pepadhaning tumuwuh, angakehna penggawe becik, luwes manising basa, basukining tembung, bungaha kang amiyarsa, gegulangen ing siyang pantara ratri, ciptanen ing wardaya”.

        “Inggih Bapa” wangsulan kula “sansaya padhang raosing manah kula, kados padhanging jagad sasampunipun wanci saput lemah, kedadak kasusul jumudhuling surya ing wanci enjing. Sadaya piwucalipun Bapa badhe kula emut-emut dadosa paugeraning gesang kula”.

        “Saiki aku arep kandha” Bapa ngendika malih “babagan nggonku arep ngayahi jejibahan sing mung bisa tak lakoni dhewe iki”.

        “Inggih Bapa” kula nyuwun pirsa “manawi boten adamel bebayaning jagad Kepuh Agal, kula kepengin mangertos Bapa badhe ngayahi jejibahan menapa”.

        “Aku arep budhal menyang Kutha Gedhe Mataram” Bapa paring wangsulan “sowan marang Gusti Patih Mandaraka, jalaran jaman Gusti Tumenggung Raden Tesengkusuma rawuh menyang Kepuh Agal biyen, sawuse panjenengane pirsa kowe kuwi anakku, Raden Tesengkusuma banjur ngendika blaka yen uga ana dhawuh saka Gusti Patih, anakku ya anake Lurah Kepuh Agal sing nduweni tandha-tandha tinamtu ing ragane sing mung bisa kapirsanan dening Gusti Patih lan Raden Tesengkusuma, kakersakake dening Gusti Patih bakal digulawenthah dadia satriya ing Kutha Gedhe Mataram. Mula Gusti Tumenggung banjur dhawuh marang aku, yen anggonku aweh wulangan marang kowe wis cukup, supaya aku sowan menyang Mataram, marak ing ngarsane Gusti Patih lumantar Gusti Tumenggung Tesengkusuma, nyuwun dhawuh apa kang kudu tak tindakne magepokan karo kahananmu wektu iki. Dhawuh iki banget winadi mung Gusti Tumenggung Teseng Kusuma lan aku sing ngaweruhi lan ora kena keprungu dening sapa wae. Mula sajrone tak tinggal menyang Mataram iki, kowe sing ngati-ati lan gedhekna nggonmu prihatin, tambahana nggonmu nyaket marang Allah, raketana nggonmu srawung karo Ki Pawana lan rada sudanen nggonmu cedhak karo Danara apa dene Daka”.

        “Sedaya dhawuhipun Bapa badhe kula tindakaken kanthi sasae-saenipun” wangsulan kula, kalihan raos trenyuh sinurung atur panuwun dhateng Bapa, ingkang badhe tindak dhateng Mataram, inggih awit kasurung rasa tresnanipun dhateng kula “mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah paring pangayoman dhateng Bapa, temah saged manggih rahayu wiwit jengkar saking Kepuh Agal ngantos kundur malih dhateng Kepuh Agal”.

        Bapa lajeng jumeneng, tindak mlebet dhateng dalem wingking, badhe tata-tata anggenipun badhe tindakan radi tebih benjing enjing.

        Enjingipun ing wanci saput siti, kanthi nitih Si Gombak, kapal titihanipun Bapa, Bapa jengkar saking dalem Kalurahan. Katilar Bapa tindakan ingkang dereng cetha kapan kunduripun, raosing manah kula boten kanten-kantenan, susah, sedhih, keranta-ranta worsuh dados setunggal. Langkung-langkung sareng kula kemutan bilih ing griyanipun Bapa menika sampun boten wonten malih ingkang saged kula waduli menawi manah kula nuju boten sekeca. Raosing manah kula sampun kados lare ingkang lola, Bapa tindakan tebih ingkang dereng kantenan benjang menapa kunduripun, Biyung sampun seda. Ngantos radi dangu kula namung linggih kalihan ngumbar gagasan ingkang boten cetha menapa ingkang kula gagas.

        Kula lajeng emut, menawi tindakipun Bapa menika magepokan kalihan gesang kula ing tembe ngajeng. Menawi estu kula kakersakaken nyuwita ing Dalem Kepatihan, badhe kawucal dados caloning satriya, kula kedah mranata dhiri murih benjing sampun ngantos kesangeten anggenipun kidhung. Kula lajeng mlebet gothakan papan kangge nyinggahaken layang-layang kagunganipun Bapa, inggih layang-layang kina ingkang ngewrat maneka warni piwucalipun para kina. Kanthi mangsuli maos piwucal ingkang kamot ing serat-serat menika, ndadosaken manah ayem malih. Kaleresan serat ingkang kula waos serat ingkang isinipun piwucal tata caranipun srawung kalihan sesamining titahipun Gusti, srawung kalihan sesamining manungsa, kalihan kewan lan kalihan tetuwuhan ingkang wonten sakanan keringing manungsa. Pranyata kathah cak-cakan gesang ingkang kula lampahi sadangunipun menika betah dipun dandosi murih saenipun. Sampun kathah lan kulina kula tumindak degsiya dhateng kewan lan tetuwuhan, ingkang miturut serat tinggaling para kina menika menawi boten tumuli dipun tobati saged ndugekaken bilahi. Jalaran sedaya titahing Gusti menika menawi dipun pisakit, dipun aniaya lan dipun kuya-kuya ingkang nglangkungi watesing kalimrahan sanyata ageng walatipun. Sanaosa manungsa menika kawenangaken nedha kewan lan tetuwuhan nanging wewenang ingkang kaparingaken dhateng titah ingkang nami manungsa menika, anggenipun ngecakaken boten kenging sawenang-wenang. Lan taksih kathah malih piwucal-piwucal sanes ingkang sadangunipun menika kula anggep sepele nanging jebul sanget ambebayani dhateng kaslametaning manungsa.

        “Nyuwun pangapunten Gus” nuju sengsem-sengsemipun kula mbikaki serat kina, dumadakan Paman Genter nusul mlebet dhateng salebeting Gothakan kalihan wicanten “kula wau sampun dheg-dhegan, kula padosi dhateng pundi-pundi Gus Dapa boten wonten, jebul malah nembe sinau wonten mriki”.

        “Lha aku wiwit mau neng kene lho Paman” wangsulan kula kalih mesem “kok ndadak nganggo dheg-dhegan barang ki apa aku isih kaya bocah cilik, kuwatir nek olehe dolan kadohan bajur lali dalane mulih ta Paman?”.

        “Boten ngaten Gus” Paman Genter ketingalan radi kacipuhan “kula kalih mBok Jayem niku rak diparingi dhawuh dening Ki Lurah, kala dalu Ki Lurah meling dhateng kula kalih mBok Jayem, sadangunipun Ki Lurah tindak, kajawi kadhawuhan rumeksa dalem sapekaranganipun menika ugi kadhawuhan ngulat-ulati Gus Dapa, kalebet kadhawuhan atur pemut menawi wancinipun dhahar Gus Dapa dereng dhahar. Niki wau mBok Jayem criyos menawi, Gus Dapa wiwit enjing boten ketingal, ugo dereng dhahar sarapan malah wedang jahe ingkang dipun cawisaken dening mBok Jayem wiwit enjing inggih dereng ndika unjuk. mBok Jayem lajeng ngatag kula murih madosi Gus Dapa”.

        “O ngono?” kula mesem wiyar semu gumujeng alus “saiki wae tak sarapan karo ngombe wedange pisan, lha Paman Genter apa ya wis sarapan? Nek durung, saiki ayo sarapan bareng karo aku pisan”.

        “Nyuwun pangapunten Gus” Paman Genter ketingal sedhih polatanipun “sedaya kanca rewang dalem kalurahan sami, sami anggenipun dereng kolu klebetan tetedhan. Dados inggih sami kalihan Ki Lurah lan Gus Dapa ingkang wiwit kala wingi inggih dereng dhahar ta?”.

        “Bener Paman, dina wingi aku karo Bapa padha dene anggone ora kober mangan” wangsulan kula kalihan mesem, nanging salebeting manah kepengin nangis awit rumaos trenyuh ngantos samanten raos sih katresnanipun para rewang dhateng Biyung “lan ya goroh sing nganggo banget nek aku apa dene Bapa ora rumangsa sedhih ditinggal seda Biyung wingi kuwi. Lan pancen sapa wae ora luput yen banjur rumangsa sedhih merga ditinggal kanggo selawase dening wong sing ditresnani, diasihi lan dibekteni. Sing luput kuwi yen nganti awake dhewe kebacut nggone nelakake rasa sedhihe, lire nganti gawe kapitunane awake dhewe, kang mangkono mau padha karo wani karo sing nata jagad lan sing gawe urip. Wong urip kuwi mesthi bakal nemoni pati, nek wegah mati ya aja gelem diparingi urip. Saiki aku putrane Biyung ngajak ndika Paman Genter lan kabeh rewang ing dalem kalurahan iki supaya mbenerne cara ngabekti marang Biyung, sing diarani bekti kuwi ora karo sedhih sing kebacut nganti ora doyan mangan, nanging sing diarani bekti kuwi nindakne apa kang dadi piwulange Biyung sadurunge Biyung seda. Saiki tulung Paman Genter parentahna marang kabeh para rewang supaya mlumpuk, gelarna klasa neng jogan omah pawon. Aku kepengin sarapan bareng karo kabeh sing dadi rewang ana dalem kalurahan iki, saiki!”.

 

 

Ana candhake

 

Minggu, 10 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (107)

107.

        Bapa ketingal rena penggalihipun midhanget atur wangsulan saking Ki Bebau Jangglengan ingkang makaten menika. Awit atur wangsulan kasebat nedahaken bilih Ki Pawana boten kalebet tiyang ingkang namung dhemen anggugu karsa priyangga. Sami kalihan wewatakaning Bapa sadangunipun dados Lurah ing Kepuh Agal, boten nate boten mundhut tetimbangan saking para Bebau, Sapukawat tuwin para sesepuh saderengipun mutusaken satunggaling prakawis ingkang magepokan kalihan kabetahanipun tiyang kathah.

        “Yen pancen mangkono” Bapa lajeng ngendika kanthi suwanten ingkang cetha lan ngemu perbawa “Dina iki aku, Sarkara Lurah ing Kepuh Agal, ambiwarakake marang kabeh para Sedulur Bebau, Sapukawat lan para sesepuh kabeh, supaya digethok tularake marang kabeh kawula ing Kepuh Agal, Ki Pawana tak piji supaya nindakane kabeh jejibahane Lurah Kepuh Agal sasuwene tak tinggal lunga nindakne kuwajiban sing winadi. Lan samangsa-mangsa aku wis bali ing tengahing ndika kabeh, ora ateges jejibahan sing tak pasrahake Ki Pawana iki wis rampung, nanging panggah isih kanggo, mung bedane kabeh anggone ngecakne jejibahan iki kudu kanthi ana palilah saka aku luwih dhisik”.

        “Dados ngantos benjang salajengipun Ki Pawana panggah dados pangarsaning Para Bebau, Ki Lurah?” Ki Lurah Danara nyuwun pirsa dhateng Bapa.

        “Tak kira wis cetha apa sing tak kandhakne iki mau Ki Bau Sidamulya” dhawuh wangsulanipun Bapa “ora prelu katrangan maneh”.

        “Lajeng kalenggahanipun Gus Pradapa kados pundi Ki Lurah?” Ki Lurah Danara nyuwun pirsa malih.

        “Satemene kalungguhane Pradapa kuwi durung ana owah-owahan, isih kaya padatan sing wis lumaku sasuwene iki Ki Bau Sidamulya” Bapa paring wangsulan kanthi sareh “murih luwih cethane, kareben Pradapa dhewe sing nyethakne marang ndika lan kabeh kang ana kene Ki Danara”.

        Bapa lajeng paring sasmita dhateng kula murih kula suka wangsulan dhateng Ki Lurah Danara magepokan kalihan kalenggahan kula.

        “Inggih Bapa” kula lajeng wiwit wicanten kalihan nginger linggih kula, menawi wau madhep dhateng Bapa samangke gentos kula madhep dhateng sadaya ingkang sami wonten ing pendhapa “Nuwun sewu para sesepuh, para sapukawat saha para Bebau ing Kepuh Agal sedaya, estunipun paugeraning Dhusun Kepuh Agal sampun nyebataken bilih tiyang diwasa ingkang boten kapiji dados, bebau, Sapukawat utawi Sesepuhipun Dhusun Kepuh Agal, inggih winastan warga utawi kawula. Lha kula sadangunipun menika, dereng nate kapiji dados ingkang kula aturaken ing ngajeng, dados jejer kula ing Kepuh Agal menika inggih sami kalihan kawula-kawula sanesipun, kedah nurut sedaya dhawuhipun Dhusun ingkang kaparentahaken dening para pamonging Dhusun, lan wenang atur pemut menawi wonten paraganing dhusun ingkang sakintenipun nerak paugeraning dhusun……….”

        “Nuwun  sewu, kajeng kula menika makaten lho Gus”  Ki Danara nyelani rembag “sambetipun jejibahan lan kawenangan ingkang sumampir ing Ki Pawana kalihan Gus Dapa minangka putra kakung saking Ki Lurah inggih bebakalaning Lurah ing tembenipun menawi Ki Lurah sampun lengser saking palenggahanipun”.

        “Sampun cetha ta Ki Lurah Danara” kula lajeng suka wangsulan “wewenang saha kuwajiban kula wekdal menika sami kalihan kawula sanesipun, Ki Pawana tartamtu nggadhuh wewenang amurba lan amasesa kula kanthi wewaton paugeraning Dhusun Kepuh Agal, wenang paring ganjaran menawi kula gadhah lelabetan ingkang saged damel kaluhuranipun Kepuh Agal lan wenang paring pidana menawi kula nerak pepacuhing Dhusun. Dene menawi ndika paring dhawuh kula menika bebakalaning Lurah, menika mila boten lepat, nanging naminipun bebakalan menika saged dados nanging ugi saged kemawon wurung utawi boten dados, awit lampah kula murih dados Lurah menika taksih tebih saha dangu. Liripun, menawi kula kepengin dados Lurah, sarat kapisan kula kedah katilar seda dening Bapa langkung rumiyin, kamangka kula ingkang nembe katilar seda Biyung kemawon sedhihipun kados makaten, mendah sansaya sedhihipun manah kula menika, menawi ugi tinilar seda Bapa. Mila kula kepengin Bapa sageda panjang yuswa boten badhe seda saderengipun kula sepuh. Sarat ingkang kaping kalih, paugeran Dhusun nyebataken menawi Lurah Kepuh Agal seda, putra kakungipun ingkang sepuh piyambak saged anggentosi kalenggahanipun kanthi sarat wonten panyengkuyung saking para Bebau, Sapukawat, Sesepuh tuwin kawula sa Kepuh Agal sedaya. Salajengipun umuripun titah menika sampun kaserat ing Jitabsaraning titah ingkang namung saged dipun pirsani dening Gusti, inggih menawi gesang kula pinesthi panjang temah saged nyumerepi sedanipun Bapa, menawi kula pejah langkung rumiyin harak cetha menawi kula boten badhe saged dados Lurah kangge salami-laminipun ta ?”.

        Sedaya tiyang ingkang wonten ing pendhapa boten wonten ingkang kumecap suka wangsulan dhateng wicanten kula. Malah Ki Lurah Danara ugi lajeng mendel boten wangsulan malih. Kula piyambak boten mangertos, dumadakan kemawon kula saged angsal ukara ingkang kados kula ucapaken kala wau, ingkang cetha sasampunipun ngucapaken tembung-tembung menika manah kula kraos entheng kados tiyang nyunggi barang awrat lajeng dipun selehaken dhateng siti.

        Sareng sadaya sampun boten wonten ingkang wicanten malih, kula lajeng nginger anggen kula linggih, wangsul madhep dhateng Bapa. Sakeplasan kula sumerep, Bapa ketingal kekembeng waspa. Kula boten mangertos ingkang dados sabab dene Bapa ngantos kekembeng waspa ingkang nedahaken trenyuhing penggalihipun.

        “Makaten Bapa, ingkang saged kula aturaken, samangke kula suwun kaparenga Bapa tumuli paring dhawuh dhateng Ki Cariking Dhusun Kepuh Agal murih ngasta Serat Kekancingan magepokan kalihan wewahan jejibahan dhateng Ki Pawana inggih Ki Bebau ing Jangglengan” wekasan kanthi alon nanging cetha kula matur dhateng Bapa.

        “Iya Pradapa” Bapa ngendika dhateng kula “meh wae luhku tumetes jalaran rumongsa bombong rasaning atiku, dene jebul wewatakaning Biyungmu wis manjilma marang kowe, wewatakan dhemen marang sesama, tresna marang desane, ora mung mikirake marang senenging ati kang tinuntun dening hawa napsu kepengin kuwasa lan nguwasani sapepadhaning titah. Ya muga-muga wae nganti tekan kukuding uripmu mbesuk, wewatakan kang mangkono iku ora luntur. Jalaran ya mung wewatakakan kang mangkono iku sing bisa kacondhokan rasa mulya, iya ing donya kang katon iki iya ing besuk lamun wis tekan ing delahan”.

        “Pangestu tuwin pandonga saking Bapa kemawon ingkang tansah kula suwun, mugi kula saged lestari nglampapahi menapa ingkang Bapa dhawuhaken menika” wangsulan kula kanthi raos remen salebeting manah.

        “Ki Carik Surata” Bapa lajeng nimbali Ki Carik ingkang wiwit wau lenggah amarikelu sinambi anyerat lampahing pepanggihan siang menika, Ki Carik Surata menika mila wiwit Bapa jumeneng Lurah sampun kapasrahan jejibahan minangka Cariking Dhusun Kepuh Agal, anggenipun dumugi ing Kepuh Agal inggih wiwit sepisanan babad, piyambakipun menika rayinipun Ki Pawit ingkang wuragil.

        “Inggih wonten dhawuh Ki Lurah?” wangsulanipun Ki Carik kalihan ndengengekaken sirahipun.

        “Dina iki uga yasakna layang kekancingan kanggo Ki Pawana magepokan karo wuwuhan jejibahan kaya kang dadi putusan ing rembugan awan iki, yen wis tumuli tak tapak astanane”.

        “Nuwun inggih sendika, ngestokaken dhawuh”.

        Pepanggihan tumuli dipun pungkasi. Kathah ingkang rumaos marem lan remen, ketingal sareng kalihan anggenipun bibaran praupanipun sami ketingal bingar, Boten sakedhik saderengipun nilaraken pendhapa ingkang sami nyaketi Ki Pawana, sami nelakaken raos panyengkuyungipun. Nanging ugi wonten ingkang ketingal kagol manahipun, tanpa ngucap menapa-menapa sami wangsul makaten kemawon. Inggih menika Ki Lurah Danara lan para sapukawat ingkang dados siswanipun Rama Kyai Daka.

        Sasampunipun sedaya sami wangsul, Ki Pawana taksih manggihi kula saprelu wicanten sakedhik magepokan kalihan anggenipun badhe ngayahi tambahan jejibahanipun.

        “Kula ngaturaken panuwun dhumateng ndika Gus Pradapa” tembungipun Ki Pawana dhateng kula “awit kapitadosan ndika dhumateng kula temah kula pinitados dening Ki Lurah angesuhi para kadang Bebau ing Kepuh Agal menika. Nanging Gus Pradapa kula suwun inggih kersa tanggel jawab kalihan kapitadosan ingkang kaparingaken kula menika, liripun sampun ngantos ndika negakaken kula. nDika kedah tansah angulat-ulati anggen kula ngayahi wewahan jejibahan menika, sampun ngantos wonten kedadosan nembe pupuran sasampunipun benjud. Sampun ngantos kula kebacut tumindak lepat nembe ndika paring dhawuh nglepataken, nanging kula suwun wonten rilaning penggalihipun Gus Dapa, menawi sawanci-wanci kula sowan mriki nyuwun tetimbangan tuwin pitutur murih kula boten kesasar margi salebeting ngayahi jejibahan”.

        “Jumbuh kalihan kuwajiban kula minangka kawula ing Kepuh Agal menika, sawanci-wanci kabetahaken dening Dhusun kula kanthi rila lan legawa ngaturaken tenaga lan nalar kula ing ngarsa ndika Kakang Pawana” wangsulan kula kalih mesem, ndadosaken Ki Bebau Jangglengan ketingal lega manahipun.  Ki Pawana ugi lajeng pamitan badhe wangsul dhateng griyanipun, nanging saderengipun wangsul langkung rumiyin ngabekti dhateng Bapa nyuwun tambahing pangestu saha pandonga, mugi ing tembenipun anggenipun ngayahi jejibahan saged lumampah kathi sae lan boten damel lingsem saha cuwaning penggalihipun Bapa.

        Sasampunipun ing pendhapa boten wonten tiyang malih kajawi kula kalihan Bapa, Bapa lajeng paring dhawuh dhumateng kula.

        “Sadurunge aku budhal nindakake kuwajiban sing mung bisa tak lakoni dhewe lan ora dingerteni sapa wae iki, kowe kudu ngerti, aku banget mongkog lan bombong merga duwe anak kowe Pradapa” ngendikanipun Bapa kalihan mirsani kula, sunaring netranipun Bapa nedahaken kebak raos welas asih dhumateng kula, welas asihing sudarma dhateng suta “kanthi wangsulanmu marang Danara mau, aku duwe kapitayan mbesuk kowe bakal kaparingan drajat kang luhur dening Gusti Kang Maha Agung, sanadyan ujaring sasmita sing ditampa sawargi Biyungmu sadurunge sowan marang ngayunaning Pangeran ngabarake kowe mbesuk embuh bisa embuh ora nggenteni kalungguhanku dadi Lurah ing Kepuh Agal kene, Nanging aku luwih percaya bakal lungguh dadi apa wae, yen watak kaya kang kagambar ing sajroning ukaramu aweh wangsulan marang Danara mau panggah mbok ugemi, mangka kowe bakal antuk drajat sing luhur”.

 

Ana candhake

 

 

Sabtu, 09 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (106)

106.

        Bapa piyambak ugi lajeng mirsani kula, nanging ugi boten ngendika menapa-menapa. Ketawis menawi Bapa ngrantos tutuging atur kula. Wasana kanthi nata linggih langkung rumiyin, kula lajeng matur mawi suwanten ingkang saged kapireng dening sedaya ingkang wonten ing pendhapa :

        “Sapisan kula ngaturaken genging panuwun dhateng Ki Lurah Danara ingkang matur dhateng Bapa murih kula kapiji anyulihi ngayahi jejibahan minangka Lurah sadangunipun nindakaken kuwajiban winados mangke. Kula ugi ngaturaken panedha nrima dhateng Ki Sambirobyong ingkang ugi nyengkuyung menawi kula kapiji anyulihi Bapa kados ingkang kinersakaken Ki Bebau Sidamulya. Nanging, mugi kauningan ingkang saged ngukur sapinten kasagedan kula menika inggih namung kula piyambak. Lan ing babagan reh parentahing Dhusun, kula ngrumaosi kanthi tulusing manah, saestu seserepan kula taksih lebet tapaking meri, malah kenging kawastanan kula taksih wuta ing babagan reh parentahing dhusun. Inggih awit saking menika, murih boten ndadosaken kisruhing Kepuh Agal, kula nyuwun dhateng Bapa, mugi kula boten kaparingan dhawuh kados ingkang dipun aturaken Ki Bebau Sidamulya miwah Ki Bebau Sambirobyong kala wau Bapa”.

        Midhanget atur kula ingkang makaten kala wau, ketingal menawi Bapa sanget anyarujuki ketitik saking polataning wadana ingkang katingal bingar.

        “Sokur ta Pradapa yen kowe wis bisa ngukur marang kabisanmu dhewe” Bapa paring wangsulan kalihan mesem “panyuwunmu mesthi tak wujudi”.

        “Ngaturaken genging panuwun Bapa”

        “Sedulurku kabeh” Bapa lajeng ngendika dhateng sedaya ingkang sami linggih ing pendhapa “ndika kabeh wis padha krungu dhewe, Pradapa ora saguh saupama tak pilih supaya anyulihi sasuwene aku nindakne kuwajiban kang wigati iki. Mula panjalukku sing dhisik dhewe mau tak baleni maneh, ndika kabeh bisa nyarujuki ta?”.

        “Kepareng matur Ki Lurah” Ki Prawita salah setunggaling Sapukawat ingkang samangke sampun kalebet sesepuh, rumiyin duginipun ing Kepuh Agal menika sareng kalihan Rama Kyai Daka, ngangkat tanganipun nyuwun wekdal kangge ngaturaken pamanggih.

        “Mangga Ki Prawita, ndika kandhkane wae apa rerigen ndika!” Bapa wangsulan kalihan sareh.

        “Menawi nyatanipun Gus Pradapa mopo yen ta kadhawuhan ngemban jejibahan menika, inggih boten badhe wonten ingkang saged meksa, sanaosa estunipun kula pitados menawi Gus Pradapa saestu kuwawa nindakaken jejibahan menika” Ki Prawita nunten ngaturaken pamanggihipun “nanging kula gadhah pamanggih menawi sesulih kangge angesuhi Para Bebau sadangunipun Ki Lurah boten wonten, panggah kedah wonten”.

        “Kuwi panemu ndika Ki Prawita?” Bapa paring wangsulan “nyata kuwi panemu sing becik, nanging sapa sing pantes kapasrahan ngesuhi Para Bebau sasuwene tak tinggal mengko?”

        Ngendika makaten Bapa kalihan ngideraken pamirsanipun dhateng sedaya ingkang wonten ing pendhapa, dados dhawuh kala wau boten namung kangge Ki Prawita piyambak, nanging inggih kangge sedaya ingkang wonten. Tiyang-tiyang sami sawang-sawangan piyambak,  dereng wonten ingkang ngangkat tangan nyuwun wekdal kangge wicanten.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Pahang, Bebau ing Grojoganngubal ingkang kondhang tiyang ingkang meneng, awis sanget purun wicanten menawi boten wigatos sanget dumadakan ngangkat tangan kalihan matur, ingkang makaten menika ndadosaken ngungunipun ingkang sami sumerep, Sedaya sami ningali papanipun Ki Pahang, ketingal sami kepengin mangertos Ki Bebau Grojoganngubal badhe wicanten menapa. Namung Ki Lurah Danara anggenipun nyawang Ki Pahang ketingal menawi manahipun boten remen.

        “Kadhingaren ndika Ki Pahang?” Bapa ngendika kalihan mesem “ndika nduwe rerigen sing kepriye? Padatan ki nek sing guneman wong arang gelem guneman kuwi sok malah sing bisa gawe pepadhange wong akeh”.

        “Leres menika Ki Lurah”

        “Nggih leres sanget Ki Lurah”

        Tiang-tiang sami saur manuk, ngleresaken pangandikanipun Bapa.

        “Iya saiki tak jaluk padha meneng kabeh” Bapa mangsuli ingkang sami saur manuk “kareben Ki Grojoganngubal, ngandhakne sing dadi rerigene”.

        “Nyuwun pangapunten saderengipun Ki Lurah” Ki Bebau Grojoganngubal lajeng matur “anyambet atur saking panjenenganipun Ki Prawita, kula nggadhahi pamanggih ingkang sami kalihan Ki Prawita, lan mbok bilih saged kaagem minangka panimbang dening Ki Lurah, kula badhe ngaturaken menapa ingkang sampun kula sumerepi lan kula raosaken sadangunipun menika. Ingkang kula sumerepi, mila para Bebau ing Kepuh Agal menika sami-sami kagungan watak ingkang sae sedaya. Boten wonten ingkang kagungan cacat babar pisan. Namung kemawon, ing antawisipun Para Bebau ingkang wonten, boten wonten ingkang saged ingkang amapaki kalangkunganipun Ki Bebau ing Jangglengan. Inggih ing kasabaranipun, inggih ing kawicaksananipun saha ing kawasisanipun mranata kawula. Ketitik, sami-sami warga Kepuh Agal gesangipun warga ing Jangglengan langkung ketingal makmur tinimbang warga Kepuh Agal ing Dhukuh sanesipun kalebet ing Dhukuh wewengkon kula piyambak. Ugi arang sanget malah mbok bilih boten nate kedadosan, warga ing Jangglengan tukar padu kalih tangga tepalihipun utawi kalihan warga saking dhukuh sanes. Inggih andhedhasar ingkang kula sumerepi lan ingkang kula raosaken menika, mbok bilih boten klintu menawi Ki Lurah miji Ki Pawana murih angesuhi Para Kadang Bebau ing Kepuh Agal, sadangunipun Ki Lurah tindak nindakaken jejibahan winados menika”.

        “Tak kira pangrasa lan pandulu ndika marang Ki Jangglengan kuwi mung merga kegawa rasa seneng lan kurmat ndika wae, Ki Grojoganngubal” Ki Jongke ingkang linggih caket kalihan Ki Lurah Danara wicanten dhateng Ki Bebau Grojoganngubal kalihan suwanten ingkang inggil. Ki Jongke menika satunggaling Sapukawat ingkang caket kalihan Ki Lurah Danara awit piyambakipun ugi siswa tataran inggil ing paguronipun Rama Kyai Daka.

        “Sing ndika kersakne kuwi malah aku ora ngerti Ki Jongke” Ki Pahang wangsulan mawi suwanten ingkang limrah kemawon “sing dak aturake marang Ki Lurah kuwi miturut panemuku, adhedhasar sing tak weruhi lan tak rasakne, mesthi wae bisa bener lan bisa luput, nek bener ya sokur dene nek luput banjur lupute ana ngendi lan benere kepiye rak ngono ta Ki Jongke?”.

        “Aku ora ngrembug bener utawa luput Ki Bau” Ki Jongke gentos semaur “nanging pambiji ndika kuwi cetha nek mung arep murih senenging atine Guru nDika Ki Pawit sing ora liya wong tuwane Ki Pawana”.

        “Mongsa borong anggon ndika ngarani Ki Jongke” Ki Bebau Grojoganngubal lajeng wangsulan entheng “merga aku uga ora butuh pambiji saka ndika, aturku iki mau kagem Ki Lurah sing wis paring wektu marang aku kanggo ngaturake panemuku lan sepisan maneh ora kanggo ndika, ora liwat aku nedha nrima banget dene ndika wis migatekne apa sing dak aturake marang Ki Lurah iki mau”.

        Ki Jongke boten wangsulan malih, ketingalipun boten saged ngunggahi wicantenipun Ki Bebau Grojoganngubal. Ki Pahang lajeng nglajengaken aturipun dhateng Bapa :

        “Makaten atur kula Ki Lurah, nyuwun pangapunten dene kapeksa kaselanan rembag sanes. Sepisan malih kula nyuwun pangapunten”.

        “Iya Ki Pahang” Bapa paring wangsulan “mung mbesuk maneh yen lagi guneman karo wong kuwi aja dhemen ngladeni wong sing nyaru wuwus, merga ngono kuwi klebu laku sing degsura luwih-luwih yen sing mbok ajak rembugan kuwi wong pangkat utawa priyayi sing luwih tuwa umure ketimbang ndika”.

        “Inggih Ki Lurah” Ki Bebau Grojoganngubal ngrumaosi ing lepatipun “inggih labet cubluk sarta cupeting seserepan kula, temah kula boten kraos sampun dhawah ing lampah degsura. Mugi Ki Lurah kersa ngegungna sih samodra pangaksami dhateng kula”.

        “Iya, sabanjure sadurunge aku aweh wangsulan marang rerigen sing ndika wenehake marang aku” Bapa ngendika malih “aku kepengin krungu panemu saka Bebau lan Sapukawat sarta Sesepuh liyane. Mangga sedulurku kabeh, kepiye mungguh pamawas ndika marang rerigen saka Ki Pahang iki mau?”.

        “Nuwun sewu Ki Lurah” Ki Bebau Sambirobyong ingkang angrumiyini atur pamanggih “pambiji kula ingkang boten murih menapa-menapa, kajawi murih saenipun Kepuh Agal, Ki Pawana inggih Adhi Bebau Jangglengan mila inggih kados ingkang dipun aturaken Ki Grojoganngubal kala wau. Awit saking menika kula ndherek anyengkuyung kalihan atur sarta panyuwunanipun Adhi Pahang kala wau”.

        “Matur nuwun Ki Sambi” Bapa paring wangsulan “sabanjure kepriye sedulur liyane?”

        “Makaten ugi kula Ki Lurah” Ki Bebau Sidadadi matur “miturut pamawas kula mila leres ingkang dipun aturaken Adhi Pahang menapa dene Kakang Sambi kala wau, kula ndherek nyuwun mugi panyuwunanipun Adhi Pahang saged kaparengaken”.

        “Iya, iya sedulurku kabeh” Bapa lajeng ngendika “satemene upama Ki Pahang ora kandha, aku ya wis ngerti mungguh kapribaden uga anggone nindakne kuwajiban Ki Pawana marang para kawula ing Jangglengan, pancen ya kaya sing padha ndika kandhakne mau. Kang mangkono iku pancen ya aran lumrah, jalaran upama ora ana Ki Pawit, wong tuwane Ki Pawana sing wiwit pisanan anyengkuyung kanthi ngudhokne jiwa lan ragane kanggo nyengkuyung lekas mbabad alas yasa desa Kepuh Agal, aku ora ngerti embuh bisa maujud desa sing kaya ngene iki apa ora”.

        Bapa lajeng ngendika dhateng Ki Pawana :

        “Ki Jangglengan, ndika wis krungu sing dadi panemune sedulur-sedulur Bebau sing padha kepengin ndika dadi suhe para Bebau kabeh, mligine sasuwene Kepuh Agal tak tinggal nganti sawantara wektu mengko, saiki ndika kepriye?”.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Pawana lajeng matur “menawi menika sampun dados kersanipun Ki Lurah saha para kadang Bebau sanesipun, kula namung saged ngaturaken sendika lan nyuwun pangestu mugi kula saged nindakaken jejibahan menika kanthi saleres-leresipun. Nanging mugi kauningan Ki Lurah, kula boten saged mlampah piyambak, saged kula manawi para Kadang Bebau sanesipun ugi para Sapukawat lan para sesepuh kersa anyengkuyung kula, mliginipin sami kersa ngemutaken menawi kula lepat ing tumindak ing salebeting nindakaken jejibahan menika”.

 

 

Ana candhake.

       

 

 

Jumat, 08 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (105)


 

105.

        Kundur saking anyarekaken Biyung, Bapa lajeng nimbali para Bebau tuwin para Sapukawating Kepuh Agal sarta para sesepun sedaya murih mlempak ing Pendhapa. Boten ngantos sapanginang saking gumontanging suwanten thonthongan kalurahan kanthi wirama Daramuluk ambal kaping tiga kasambet kenthongan sekawan ambal kaping tiga, para ingkang tinimbalan sampun sami dumugi ing pendhapa Kalurahan, sumadia nampi dhawuh saking Bapa minangka Lurah Kepuh Agal. Nitik polatanipun saha jaiting praupan, ketingal menawi para ingkang sami tinimbalan menika, wonten tandha pitaken ing manahipun piyambak-piyambak. Kajawi menika, sedaya ugi sami ketingalan suntrut awit taksih nandhang susah jalaran sedanipun Biyung ingkang sampun kaanggep kulawarganipun piyambak.

        “Sedulurku kabeh” Bapa wiwit ngendika dhateng para ingkang sampun sami lenggah ing joganing pendhapa “mbok menawa ana pitakonan ing ati ndika kabeh, ya gene aku nyeluk ndika kanthi dadakan, kamangka ndika padha ngerti nek dina iki atiku lagi susah  jalaran lagi wae ditinggal kanggo selawase dening Nyai Lurah”.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Sudib inggih Ki Bebau Sidadadi ingkang linggihipun radi caket kalihan Bapa atur wangsulan “mila leres dhawuh jengandika menika, awit sanadyan kula lan para Bebau sanesipun tuwin para Sapukawat lan sesepuhing Kepuh Agal ugi sanget rumaos kecalan awit sedanipun Nyai Lurah, malah kathah para warga ingkang sami cariyos sisahing manahipun katilar seda Nyai Lurah menika kados-kados nglangkungi sedhihipun nalika tinilar pejah tiyang sepuhipun piyambak. Lan dumadakan Ki Lurah dhawuh murih kula sakanca marak ing ngarsa jengandika, menika cetha menawi sampun damel sar-saran salebeting manah kula sakanca, awit mokal menawi boten wonten prakawis ingkang sakalangkung wigatos, Ki Lurah paring timbalan ing salebeting suwasana dhuhkita menika”.

        “Iya Ki Sidodadi” Bapa paring pangandika malih “satemene rasa susah lan sedhih tininggal mati wong sing ditresnani lan diasihi kuwi lumrah, nanging sing lumrah kuwi dadi ora becik yen kebacut anggone ngecakne. Luwih-luwih banjur ngluputna kana-kene merga matine wong sing ditrenani kuwi mau lan kang luwih mbebayani maneh yen nganti banjur wani ora narimakake marang Sing Peparing Urip. Saiki mbalik marang anggonku wis nyeluk ndika kabeh supaya teka kene iki, satemene kurang luwih sepuluh dina kepungkur, aku dielingake dening jagad yen ana kuwajibanku marang Kepuh Agal sing durung tak rampungake. Emane, kuwajiban kuwi mung aku dhewe sing bisa lan oleh nglakoni dadi ora bisa direwangi sapa wae, klebu ndika kabeh sing ana pendhapa iki”.

        Bapa kendel anggenipun ngendika, para ingkang sampi lenggah ing pendhapa ugi lajeng sami sirep, boten wonten ingkang kumecap, sadaya ngrantos dhawuh pangandika saking Bapa salajengipun. Kula puyambak ugi ngrantos dhawuh salajengipun, namung salebeting manah wonten raos nratab kaworan samar, menawi ngantos tinilar tindak dening Bapa. Jalaran kula rumaos puteg salebeting manah, sapisan inggih awit sedanipun Biyung lan ugi puteg menawi kemutan kedadosan-kedadosan nembe-nembe menika, langkung-langkung manawi kula sambung kalihan pangandikanipun Biyung saderengipun seda.

        “Nanging durung nganti pemuting jagad kuwi tak tindakne, kesusul Nyai Lurah gerah sing wekasan dadi lan sedane kuwi” Bapa nglajengaken anggenipun ngendika “saiki ngiras pantes tak enggo ndongakne Nyai Lurah murih sowane katarima dening Gusti, kuwajiban sing mung bisa tak tindakne dhewe kuwi arep tak lakoni. Tak wiwiti dina sesuk lan nganti pirang dina aku durung weruh. Sabanjure Kepuh Agal tak titipne marang ndika kabeh, mligine kanggo ngladeni apa sing dibutuhne para kawula ing Kepuh Agal kabeh, aja nganti sasuwene tak tinggal nindakne kuwajiban iki, kawula Kepuh Agal kaya kuthuk kelangan babone, kaya sapu sing ilang suhe. Kabeh kadang Bebau tak jaluk bisaa ngrampungake menawa ana prakara kang thukul ana dhukuhe dhewe-dhewe, kalamunta rumangsa isih kewuhan bisa njaluk rerigen marang para sapukawat, sesepuh lan uga bebau ing dhukuh liyane. Bakune aja nganti gawe kapitunane kawula ing Kepuh Agal kene. Piye sedulur kabeh ?”.

        Para Bebau lajeng sami umyeg rembagan kados suwantenipun tawon ingkang gumrunggung, awir sami rerembagan kalihan rowangipun ingkang linggih sacaketipun.

        “Nuwun sewu lan nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Lurah Danara, ngangkat tanganipun asung sasmita bilih badhe matur.

        “Mangga, mangga Ki Bebau Sidomulya” Bapa mesem paring wangsulan dhateng Ki Lurah Danara “mbok menawa ndika duwe panemu utawa rigen sing becik magepokan karo sing tak kandhakne lagi wae iki mau?”.

        “Matur nuwun Ki Lurah” Ki Lurah Danara nata linggihipun lajeng wicanten “menawi wonten prakawis ingkang tuwuh ing Dhukuh, kula kinten Bebau ingkang kawogan kalihan dipun bantu para sapukawating Dhukuh badhe tumunten saged ngrampungi. Ingkang radi ewet menika menawi wonten prakawis ingkang kedadosanipun mekeh, liripun antawisipun warga Kepuh Agal nanging benten Dhukuh, menika sok anggenipun ngrampungaken radi repot menawi dede Ki Lurah ingkang paring putusan”.

        Mireng aturipun Ki Lurah Danara ingkang makaten menika, para Bebau sanesipun sami kendel kalihan ningali dhateng Bapa, makaten ugi para Sapukawating Dhusun miwah para sesepuh ugi sami kendel lan nyawang dhateng Bapa. Ing semu tiyang-tiyang menika nyengkuyung pitakenipun Ki Lurah Danara menika lan nyuwun murih Bapa kersa paring dhawuh wangsulan.

        “Ing ngarep wis tak kandhakne, Ki Danara lan Kadang Bebau kabeh” Kalihan mesem Bapa paring wangsulan “yen ora bisa dhewe, bisa nyambat bebau liyane. Dadi yen ana perkara sing tuwuh mekeh kaya sing ndika kandhakne mau, cetha yen salah siji saka Bebau utawa malah Bebau loro-lorone  ora bisa ngrampungake perkara kang ana, jalaran wis lumrah yen Bebau loro mau kabeh padha ngeboti wargane dhewe-dhewe. Lha yen wis mangkono, ya kudu nyambat Bebau lan Sapukawat sarta sesepuh Dhukuh saliyane dhukuh loro kuwi mau. Kanthi mangkono perkara bisa dirembug lan dirampungake kanthi becik”.

        “Nuwun sewu Ki Lurah” Ki Lurah Danara matur malih “menawi kula gadhah atur pamanggih kados pundi?”.

        “Kuwi sing tak arep-arep Ki Bau Sidamulya” .

        “Kula kinten, langkung sae malih menawi sadangunipun Ki Lurah nindakaken kuwajiban, Ki Lurah amiji ingkang putra pun Gus Pradapa kinen anyulihi Ki Lurah, ngiras pantes kangge gladhen Gus Pradapa dados benjang menawi sawanci-wanci gumantos Bapanipun boten kidhung malih” Ki Danara ngaturaken pamanggihipun.

        “Panemu ndika kuwi saklebatan becik Ki Bau Sidomulya” Bapa paring wangsulan “nanging bisa mbebayani tumrap Kepuh Agal, jalaran Pradapa kajaba upama woh-wohan ngono isih durung mateng, durung wayahe dipasrahi pakaryan sing abot lan mbutuhake kawicaksanan kang mirunggan”.

        “Menika leres Ki Lurah” Ki Danara matur malih “nanging menawi wonten ingkang ngamping-ampingi kula kinten boten badhe mutawatiri”.

        “Lha banjur sapa sing sakirane bisa dadi pangampinge Pradapa?”.

        “Nuwun sewu” Ki Danara matur kalihan mesem “estunipun Gus Pradapa menika asring kapasrahan jejibahan mranata para sinoman ingkang ndherek gladhen ing sanggaripun Bapa Guru Kyai Daka, menawi boten wonten ingkang ngampingi mila Gus Dapa ugi taksih asring bingung, nanging sareng kula ingkang angampingi, pranyata Gus Pradapa saged nindakaken jejibahan ingkang dipun pitadosaken dening Bapa Guru Kyai Daka kanthi sae, boten wonten ingkang anguciwani. Inggih kanthi mulat ingkang wonten ing sanggar menika kala wau, kula sagah saupami kapitados nindakaken kuwajiban angampingi Gus Pradapa”.

        Bapa boten tumunten paring wangsulan, malah ketingal palarapanipun dipun jengkerutaken, sajak menggalih menapa ingkang dados aturaken Ki Lurah Danara makaten menika. Malah lajeng Para Bebau sanesipun lan para sapukawating dhusun ugi Para Sesepuh sami klesak-klesik wicanten piyambak, kapireng gumarenggeng nanging boten cetha ukara menapa ingkang dipun ucapaken.

        “Kepareng matur Ki Lurah” Dumadakan Ki Sambi, inggih Bebau Sambirobyong ngangkat tanganipun nyuwun wekdal kangge matur.

        “Iya Ki Sambirobyong, ndika duwe panemu apa ing babagan iki?” Bapa wangsulan kalihan pandangu ngiras paring wekdal dhateng Ki Sambi kangge wicanten.

        “Kula sarujuk kalihan pamanggihipun Ki Lurah Danara” Bebau Sambirobyong ngaturaken pamanggihipun “inggih menika bab Gus Dapa kapiji dados sesulih jengandika Ki Lurah sadangunipun Ki Lurah nindakaken kuwajiban winados menika. Nanging panyuwun kula ingkang ngampingi Gus Dapa saenipun Ki Pawana inggih Ki Bebau ing Jangglengan. Sadaya ingkang wonten mriki sampun pirsa bilih Ki Pawana menika awis-awis ngendikan, nanging sauger ngendikan mesthi mentes tur uwos. Dhasar priyantunipun alus, lembah manah lan boten dhemen damel seriking sesami, menawi kadadosaken warangkanipun Gus Dapa, mila cocog sanget, kados tumbu oleh tutup”.

        Kawontenan ing pendhapa lajeng radi kosek, para sesepuh ketingalipun sarujuk kalihan pamanggihipun Ki Sambi, nanging wonten ugi saking para Sapukawat Kepuh Agal, mliginipun para ingkang dados siswanipun Rama Kyai Daka, ketingal menawi boten remen kalihan pamanggihipun Ki Sambi ingkang dipun aturaken Bapa menika. Kula lirik Ki Pawana Bebau Jangglengan namung kendel lan ndhingkluk kemawon. Benten kalihan Ki Lurah Danara ingkang praupanipun ketingal mbrabak abrit, kalihan ngulati papanipun Ki Sambi. Nanging Ki Sambi api-api boten sumerep, malah panyawangipun tumuju dhateng Bapa.

        “Nyuwun pangapunten Bapa” awit kula taksih kemutan kalihan pituturipun Bapa saderengipun Biyung seda kala dalu lan ugi welingipun Biyung tansah kepireng salebeting manah, kula lajeng matur dhateng Bapa.

        “Iya kowe arep matur apa Pradapa?” Bapa paring wangsulan lan mundhut pirsa dhateng kula.

        “Inggih Bapa” kula lajeng matur “saderengipun kula suwun dhateng Ki Lurah Danara, Ki Sambirobyong lan sedaya ingkang lenggah ing pendhapa mriki, keparenga sudi paring pangapunten dhateng kula, ingkang ambok bilih atur kula dhateng Bapa mangke boten jumbuh kalihan pamanggih ndika sedaya”.

        Kula kendel sakedhap, sinambi ngulati tiyang-tiyang ing pendhapa menika. Sedaya ketingal sami nyawang dhateng kula, boten wonten ingkang wicanten menapa-menapa.

 

 

Ana candhake

 

 

Kamis, 07 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (104)


 104.

        Anggen kula linggih langkung tumungkul amarikelu, ingkang dipun dhawuhaken Bapa mila kalebet ing nalar. Kaimbetan dhawuh saking Biyung nalika nglilir kala wau siang, ingkang kula pitados bilih dhawuhipun Biyung menika dede dhawuh ingkang limrah, nanging dhawuh gaib minangka sasmitaning jagad dhumateng kula. Kula taksih ngajeng-ajeng malih dhawuh saking Bapa, awit sadangunipun menika kula kathah nglirwakaken dhawuh pitutur saking Bapa.

        “mBok menawa jroning atimu ana pitakonan marang aku, ya gene aku dhisik ngidini malah kepara anjurung kowe melu sinau ulah kanuragan marang Bebau Danara lan Kyai Daka” Bapa saestu nglajengaken anggenipun paring dhawuh “sumurupa Pradapa, sinau ulah kanuragan kuwi becik kanggo kasarasaning raga lan uga mbok menawa ing tembene ana gunane. Lan kaya sing kerep diaturake Bebau Danara marang aku, sinoman ing Kepuh Agal kene kuwi becike kabeh padha melu gladhen kanuragan, jarene Danara kanggo njagani samangsa-mangsa ana parangmuka sing arep gawe kisruhe Desa kene para sinoman bisa mrantasi gawe. Beda maneh karo panemuku, yen sinoman kene padha sregep melu gladhen ulah kanuragan, kajaba awake dadi padha waras uga bisa ngrakete srawunge para sinoman karo padha sinomane, senadyan saka seje dhukuh yen kerep kepethuk bakal sansaya luwih raket, yen wis padha raket mesthine ora gampang dadi salah tampa sing bisa nuwuhake tukaran padha sinomane”.

        “Inggih Bapa”

        “Aku dhewe ya kerep kandha, ing babagan kanuragan aku iki pancen ora bisa apa-apa” Bapa ngendika malih “kuwi aku ora goroh, aku uga ora ngluputake lan ora gething marang wong sing dhemen nggegulang ulah kanuragan sing jarene kanggo njaga dhiri. Lan kanggo njaga dhiri aku uga wis duwe cara dhewe, ya iku kanthi laku becik, ora seneng gawe seriking liyan, dibarengi karo dhemen tetulung marang sapa wae kanthi ora nyawang drajat, pangkat, sugih, miskin, wis tepung apa durung lan sapiturute. Aku nduweni kapitayan, kanthi laku iki Gusti bakal paring pangayoman marang aku, sanadyan aku ora baud ing reh kanuragan”.

        “Nuwun sewu Bapa” kula nyobi nyela atur sakedhik “lajeng sambetipun kalihan sipat kandel agemanipun Bapa ingkang wujud Kyai Panyek menika kados pundi?”.

        “Kowe aja kleru tampa” Bapa paring wangsulan “mungguhku Kyai Pantek kuwi piranti sing bisa digunakne ing samubarang kang jumbuh karo kahanan sing diadhepi. Kyai Pantek kuwi Keris Pusaka, dudu duwekku nanging dhapur mung titipan. Kyai Pantek iku sing yasa empu sing gentur tapane gedhe prihatine, olehe yasa Keris kuwi dibarengi karo laku lan panuwunan marang Kang Maha Kawasa murih keris sing digawe kuwi bisa migunani marang sing nggunakne. Dadi nalika biyen kowe weruh Prajurit Mataram sagelar sepapan sing gawe mirise Kyai Daka lan Bebau Danara sakancane, sawise aku ngliga Kyai Pantek lan sing anyar iki kowe nyipati Raden Gunendra tiba nggeblag neng pendhapa dadi semapute, kuwi ora merga karepku, ya ora merga katiyasane Kyai Pantek, nanging kuwi saka pitulungane Gusti sing ngayomi aku saka tindak murang tatane wong-wong mau. Lan merga kabule pandonga saka empu sing yasa Kyai Pantek biyen”.

        “Dados Bapa boten saged mrentah Kyai Pantek utawi nyuwun murih Kyai Pantek paring pangayoman dhateng Bapa?” kula nyuwun pirsa malih.

        “Sepisan maneh tak kandhakne, Kyai Pantek kuwi wujude piranti, ora bisa diprentah lan ora bisa disuwuni pitulungan, bisane digunakne lan sabecik-becike panyuwunan iku mung marang Gusti. Lha gandheng Kyai Pantek kuwi yasane Empu sing cedhak karo Gusti, mula aja nganti Kyai Pantek kuwi digunakne dening wong sing dhemen nerjang piwulange Gusti, yen kongsi Kyai Pantek kuwi dikuwasani dening wong sing dhemen ndaga prentahe Gusti, banget mbebayani tumrap wong akeh. Mula ora saben wong dening sing kagungan Kyai Pantek iki dikeparengake ngampil. Malah aku uga nate didhawuhi dening Ki Jurudah lan Ki Prasanta, lamun ana wong sing meksa arep ngrebut Kyai Pantek saka pangawasanku lan aku ora bisa nggondheli, aku kadhawuhan mlayu menyang Sendhang Ngiyom nglarung pusaka kuwi murih ora dikuwasani dening wong liya. Mula sawayah-wayah aku wis katimbalan dening Gusti, Kyai Pantek iki rawatana sing becik, reksanen aja nganti ucul saka kowe, yen kapeksa-kapeksane tindakna dhawuhe Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta marang aku sing keri dhewe mau, ya iku larungen Kyai Pantek ing telenge sendhang Ngiyom”.

        “Inggih Bapa” kula namung saged atur wangsulan kanthi cekak.

        “Matur nuwun Kyaine…….” Dumadakan kapireng suwantenipun Biyung ingkang kala wau angler anggenipun sare. Kula kalihan Bapa inggih lajeng sesarengan nyawang dhateng Biyung.

        “Sliramu wis tangi ta Nyai?” Bapa paring wangsulan kalihan mundhut pirsa dhateng Biyung “piye rasane sliramu? Wis rada entheng ?”.

        “Sampun Kyaine” Biyung matur kalihan mesem “sumerep busana ingkang ndika agem menika, kula lajeng mangertos bilih ndika sampun tata-tata paring tuntunan dhateng kula,  kula sampun siyaga ing dhiri sawega ing gati Kyaine, kantun nengga panuntun ndika. Boten langkung kula nyuwun pangapunten namung dumugi mriki anggen kula ngladosi ndika Kyaine lan sepisan malih kula ndherek titip anak kula pun Pradapa”.

        “Sliramu kuwi omong apa ta Nyai?” Bapa ketingal kejot lajeng sansaya nyaket dhateng Biyung. Nanging Biyung sampun boten wangsulan, malah mripatipun dipun tutup, astanipun dipun agem sedhakep tumumpang jajanipun. Bapa lajeng nyaketaken tutukipun ing talinganipun Biyung.

        “La ilaha illallah Muhammadur Rasululullah” kula mireng Bapa ngucapaken tembung menika alus lan ketingal Biyung nerokaken.

        Namung sakedhap netra Biyung ngedalaken napas ingkang pungkasan. Biyung pranyata sampun seda. Kados lare alit, kula ngrungkebi Biyung kalihan nangis, babar pisan kula dereng lila katilar seda dening Biyung. Bapa piyambak ketingal sanget anggenipun nandhang dhuhkita. Nanging taksih kober paring pangandika dhateng kula :

        “Pradapa mandhega nggonmu nangis, Biyungmu wis kakersakne Gusti ndhisiki aku lan kowe mangayun ing ngarsaNe. Apa sing dumadi ora bakal kelakon kajaba awit saka kersaNe, Gusti ora bakal kagungan kersa kajaba kanggo kabecikaning titah-E. Saiki aku lan kowe mung wajib ndedonga muga-muga padhanga dalan sing diambah Biyungmu, lepasana lakune anjog ing ngayunaning Gusti, tinampa sowane lan kaparingana papan sing luwih becik tinimbang nalika uripe. Tangismu kuwi sanadyan mbok menawa ora ngrerendheti lakune Biyungmu, nanging bisa ngaling-alingi rumasuking nugraha marang jiwa ragamu. Saiki biraten rasa susahmu, gedhekna sumarahmu marang Gusti, ngelingana kabeh titah kuwi kagungane Gusti lan yen wis wancine bakal bali marang Gusti”.

        “Inggih Bapa” wangsulan kula kalihan ngusapi sisa-saning luh.

        Bapa lajeng mapanaken Biyung kanthi leres inggih menika kaujuraken mangaler kados padatan menawi tiyang sampun seda. Lajeng dhawuh dhateng kula kapurih, nggigah para rewang kalurahan lan nyukani sumerep bilih Biyung sampun seda.

        Jebul nalika kula medal sampun kepapag dening para rewang kalurahan ingkang ngrantos sanjawining kori kalihan sami tetangisan. Pranyata nalika kala wau kula njerit kalihan nangis ngrungkebi Biyung, wonten salah satunggaling rewang kalurahan ingkang mireng lajeng mlajeng murugi papan patunggonipun Biyung temah ngertos menawi Biyung sampun seda. Lan rewang kala wau lajeng nggrobyag kanca-kancanipun nyukani sumerep bab sedanipun Biyung. Saweneh malih malah sampun murugi para magersari lan tangga tepalih. Boten dangu sampun kapireng thonthongan kalurahan dipun tabuh mawi irama dara muluk kajeng kasambet kenthong kaping sanga, minangka tengara kangge para warga bilih wonten tiyang pejah jalaran sakit limrah.

        Dalu menika dalem kalurahan sampun kebak tiyang ingkang sami nglayat, ngantos dumugi plataran saha pekarangan kebak dening tiyang. Biyung nunten sinucenan lan kaulesan nut tataning piwucal agami ingkang dipun rasuk dening Biyung, inggih menika agami piwucaling Kanjeng Nabi ingkang jumeneng Rasululullah. Layonipun Biyung kapapanaken ing tengahing pendhapa ing sanginggiling dhampar panjang, lajeng dipun sembahyangi dening Ki Kaum lan sekabatipun, Bapa lan lan kula ugi ndherek anyembahyangaken.

        Siangipun nembe layonipun Biyung dipun petak ing kuburan ingkang mapan ing wana sacaketing Dhusun, kados padatan manawi wonten warga Kepuh Agal ingkang pejah ugi kapetak wonten ing kuburan mriku. Ingkang ndherekaken layoning Biyung ngantos dumugi kuburan kathah sanget, kalebet para Bebau lan para sesepuhing dhusun ugi para sinoman meh sedaya ndherekaken, tiyang-tiyang menika gentosan tumut nggotong bandhosanipun Biyung. Malah boten sakedhik para pawestri ingkang boten ndherek dhateng kuburan, sami medal saking griyanipun sami ngadeg jejer ing pinggiring margi ingkang kaliwatan dening layonipun Biyung, para pawestri menika sami ngaturaken kurmat lan boten sakedhik ingkang tetangisan kados tinilar pejah tiyang sepuhipun piyambak. Makaten menika nami limrah, jalaran nalika Biyung taksih seger kuwarasan, asring tindak ngubengi dhusun, saprelu mbiyantu Bapa, paring pitulungan dhateng kawula ingkang mbetahaken pitulungan.

        Nuruti paweling saking Biyung jaman taksih sugeng, Bapa boten nyukani tandha menapa-menapa ing pasareyanipun Biyung. Rumiyin Biyung lan Bapa sami-sami gadhah panyuwunan, menawi Bapa ingkang seda rumiyin Bapa meling dhateng Biyung murih tiyang-tiyang boten damel tandha menapa-menapa ing  papan kangge metak saliranipun Bapa jalaran Bapa ngersakaken sasampunipun seda saged lepas purugipun wangsul dhateng asal kamulanipun. Biyung ugi lajeng nyuwun dhateng Bapa, menawi Biyung ingkang seda rumiyin murih kados pawelingipun makaten menika. Pramila sareng sampun rampung anggenipun mangsulaken siti, sedaya sami nilar pasareyanipun Biyung tanpa suka tandha menapa-menapa.

 

 

Ana candhake.

 

Rabu, 06 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (103)

103.

          Bapa lajeng dhawuh dhateng kula murih wangsul anenggani Biyung, awit Bapa kemutan menawi wonten kuwajiban dhateng kawula ing Kepuh Agal ingkang kedah tumunten dipun tandangi. Jebul Biyung inggih taksih kados wau, taksih sare. Nalika Paman Genter lan mBok Jayem kula takeni, ugi criyos menawi Biyung wiwit wau ugi dereng wungu babar pisan. Tiyang kalih, rewang dalem Kalurahan menika lajeng kula kengken murih kendel, gentos kula ingkang badhe nggentosi nengga sarenipun Biyung.

        Kalihan linggih nenggani Biyung, angen-angen kula klambrangan dumugi pundi-pundi. Wonten raos sakedhik kirang pitados kalihan ingkang dipun ngendikakaken Bapa, mliginipun ing bab kanuragan lan kebatosan. Bapa taksih nyimpen raos boten pitados dhateng Kyai Daka lan Ki Bebau Danara. Kamangka ing kanyatanipun Rama Kyai Daka lan Bebau Danara menika kula tingali sakalangkung anggenipun bekti dhateng Bapa sarta ugi anggenipun marsudi murih sansaya majengipun Kepuh Agal mliginipun Dhusun Sidamulya ingkang dados tanggel jawabipun Ki Danara, ketingal menawi estu-estu tulus lahir batin.  Lan malih sampun kaping kalih menika Bapa ngalang-alangi anggen kula mbudidaya nambah kasekten ing bab ulah kanuragan. Ingkang kapisan Bapa sampun ngalang-alangi anggen kula badhe nampi Aji Bledheg Saleksa saking Rama Kyai Daka ingkang kaping kalih kula kapenggak nampi aji saking Raden Gunendra. Pawadanipun sami, Bapa boten pitados dhateng Rama Kyai Daka lan Raden Gunendra. Malah Bapa mastani menawi Rama Kyai Daka, Bebau Danara lan Raden Gunendra menika kalangkunganipun namung ing babagan ngapusi tiyang. Menapa pandakwanipun Bapa menika leres? Menapa malah boten kosok balen?, Sanaosa kula wau sampun mbuktekaken piyambak, Raden Gunendra sampun ngaken kawon kalihan Bapa lan Raden Gunendra boten saged ngecakaken aji jaya kawijayanipun ing ngarsanipun Bapa. Nanging kula nggadhahi panginten sedaya menika kala wau boten awit saking kasektenipun Bapa, nanging awit saking perbawanipun Kyai Pantek. Wiwit rumiyin kula dereng nate sumerep Bapa nedahaken kasudiran lan kadibyanipun ing babagan ulah kanuragan. Malah kula ugi asring mireng Bapa ngendika ing sangajengipun para Bebau lan para sinoman bilih panjenenganipun menika dede prajurit lan boten baud ulah kanuragan. Sarta malih menapa bathinipun tumrap Raden Gunendra menawi estu badhe ngapusi Bapa kanthi badhe nurunaken Aji ingkang dipun gadhuh dhumateng kula?.

        “Pradapa…….” Angen-angen kula sakala buyar, dumadakan Biyung nglilir saking anggenipun sare, lajeng nimbali kula mawi suwanten alon ingkang nedahaken menawi saliranipun taksih ringkih.

        “Inggih Biyung?” gurawalan anggen kula atur wangsulan sarwi sansaya nyaketaken anggen kula linggih “kula wonten sandhingipun Biyung, Biyung ngersakaken menapa?”.

        “Aku mung butuh kaslametanmu Ngger” wangsulanipun Biyung panggah mawi suwanten ingkang ringkih “kowe ana sajroning bebaya, mung Bapamu kang piniji dening Gusti bisa ngayomi kowe. Kowe aja nganti adoh-adoh karo Bapamu, ing lahir ya ing batinmu ya Ngger, sumurupa ing jagad iki ora ana sing katresnane marang kowe ngluwihi Bapa lan Biyungmu, aja gampang kegiwang tembung manis saka wong lamis sing pengin kowe kajengkang banjur api-api dadi rowang, aja kaya iwak lele sing bodho gampang keblethuk marang pangan sing katon empuk sing wekasane mung bisa ngalumpruk mlebu wuwu lan ora bisa metu, mung kuwi sing dadi pawelinge Biyung marang kowe”.

        “Inggih Biyung” wangsulan kula kalihan salebeting manah wonten raos kaget, kados-kados Biyung saged mangertos menapa ingkang nembe kemawon kula angen-angen.

        Kula badhe matur malih dhateng Biyung, nanging wurung. Biyung sampun wangsul sare malih, napasipun nedahaken bilih panjenenganipun mila sampun sare saestu. Inggih awit saking dhawuh saking Biyung ingkang makaten menika kula lajeng mbudidaya nyupekaken sedaya dhawuh-dhawuh saking Rama Kyai Daka menapa dene saking Raden Gunendra, ingkang magepokan kalihan anggenipun badhe maringaken aji jaya kawijayan dhumateng kula ingkang sampun dipun alang-alangi dening Bapa. Kula ugi kedah mupus angen-angen kula dados tiyang ingkang nggadhahi kalangkungan ing ulah kanuragan kanthi nggadhuh aji jaya kawijayan ingkang nggegirisi katiyasanipun.

        Ing wanci dalunipun, Bapa ingkang padatan anggenipun rawuh ing patunggonipun Biyung nggentosi kula menawi sampun ngancik wanci tengah dalu, dalu niki rawuh radi gasik. Wonten ingkang katingal benten anggenipun ngrasuk ageman. Dalu niki Bapa ngagem surjanipun ingkang kalebet rasukan bedhemen, makaten ugi sinjangipun ugi sinjang ingkang awis-awis dipun agem kajawi menawi nuju angrawuhi adicara ingkang wigatos. Bapa ugi ngagem wangkingan ing lempeng kanan, kula boten pangling bilih ingkang dipun agem Bapa menika Dhuwung Kyai Pantek.

        “Aja ngalih dhisik Pradapa” dhawuhipun Bapa kalihan mapan lenggah “aku arep kandha marang kowe sethithik, nanging kalebu wigati”.

        “Inggih Bapa” wangsulan kula kalih nglirik papanipun Biyung sare.

        “Aja samar Biyungmu ora bakal kebribenan merga anane suwara sing arep tak kandhakne marang kowe iki” sanaosa boten kula aturaken, Bapa sampun tanggap kalihan pikajeng kula, lajeng paring dhawuh makaten.

        “Inggih Bapa”

        “Aja kowe nganggep aku ngundhat-undhat yen aku mengko mbaleni pituturku marang kowe sing nyatane durung bisa mbok cakne nganti dina iki” Bapa miwiti ngendika “jalaran iki banget wigati tumrapmu kanggo mecaki lakuning urip sing isih adoh lan dawa”.

        “Inggih Bapa” kula atur wangsulan kalihan tumungkul, kula nginten menawi Bapa badhe paring dhawuh ingkang sakalangkung wigatos.

        “mBok menawa nganti saiki kowe durung bisa ngandel marang apa sing tak kandhakne ngenani Bebau Danara, Kyai Daga lan sing lagi wae iki Raden Gunendra” Bapa nutugaken anggenipun paring dhawuh “kang mangkono kuwi jalaran saka sasmita sing mbok gadhuh durung lantip, isih kethul, temah kowe gampang kegeret dening pepenginan kang ora tinemu ing nalar nanging tansah mbidhung ati jalaran kapanjingan nafsu sing tenane mung bakal anjog ing rasa getun sawise kelakon. Aku kandha menawa Danara, Daka lan Gunendra kae mung seneng apus-apus, seneng ngapusi kancane, ngapusi mungsuhe uga ngapusi marang awake dhewe, wekasan woh-wohane iya banjur kapusan dening wong-wong sing saiki masanggrah ing Alas Patalan sing uga seneng apus-apus kanggo nggayuh angen-angene nggone arep mukti wibawa mbaudhendha anyakrawati ngratoni Tanah Jawa tanpa ngliwati laku sing jumbuh karo pranatan sing digarisake dening Gusti nut lakuning kapitayan sing jarene dirasuk. Kowe kudu ngerti, yen satemene wong-wong sing sasuwene iki tansah ngebang-ebang marang kowe arep diwenehi aji jaya kawijayan linuwih kuwi, satemene wong-wong kae merga melik kepengin bisa nguwasani Keris sing saiki tak enggo iki. Wong-wong kae padha kapusan karo ujar sing ora bener sing ngandhakne sing sapa wonge kanggonan Kyai Pantek, bakal nduweni kekuwatan sing bisa kanggo ngalahake Gusti Panembahan Senapati ing Mataram, jalaran Kyai Pantek iki biyene tau diagem dening Kanjeng Sultan Adiwijaya ing Pajang nalika paring tuntunan ulah kanuragan marang Raden Sutawijaya lan Pangeran Benawa. Kamangka Pusaka Dalem Kanjeng Sultan Pajang kuwi ya pirang-pirang sing jinise luwih aji tinimbang Keris sing tak enggo iki, sing pusaka-pusaka mau saiki wis dadi kagungan Dalem Panembahan Senapati, kaya Tumbak Kyai Pleret sing biyen tau diagem nyuwargakne Adipati Arya Penangsang ing Jipang, Keris Kyai Sengkelat, Keris Kyai Nagasasra Sabukinten lan isih akeh maneh tunggale”.

        Bapa kendel sakedhap anggenipun ngendika, sanaosa kula estunipun dereng patos mudheng kalihan dhawuhipun Bapa menika, nanging kula boten sumela atur babar pisan. Ngrantos dhawuh salajengipun, mbok menawi mangke dangu-dangu saged nampi kanthi sae dhawuhipun Bapa menika.

        “mBok menawa kowe durung pati ngerti marang apa sing tak kandhakne iki mau” kados saged maos tulising manah kula, Bapa nglajengaken anggenipun paring pangandikan “nanging muga-muga yen pituturku iki mengko wis rampung, kowe bakal ngerti dhewe”.

        “Inggih Bapa” wangsulan kula cekak.

        “Yen kowe lan luwih aku wis percaya marang Gunendra lan Kyai Daka, kowe lan aku gampang diapusi maneh  dituduhi sulapane ngelmu semu sing yen katempuh ing pancabaya banjur mbalenjani, kaya dene Aji palsune sing ora pasah nalika dicakne marang waluh olehmu ngundhuh lan tedhas nalika mbok cocok karo erine sembaga. Merga aku lan kowe wis kadhung percaya, ora bakal mikir golek cara kanggo ngerteni aji sing dikandhakne kuwi mau asli utawa palsu. Anane mung ngandel lan percaya, apa pakone bakal dituruti. Wangune wong-wong kae ya bisa maca, aku sing wis tuwa iki angel saupama diiming-imingi apa wae mula banjur nggunakne kowe. Kowe sing dipameri arep diwenehi aji jaya kawijayan sing dhasare banget mbok pengini. Sawuse kowe madhep manteb nggonmu percaya marang wong-wong kae kowe bakal wani nekad saupama dikongkon apa wae sanadyan kudu nyidrani aku, wong tuwamu dhewe iki. Upamane kowe dikongkon nyolong Kyai Pantek, kuwi mesthi bakal mbok lakoni kanthi senenging ati, kowe ora bakal nggagas tumindak kuwi dosa marang Gusti, dene kowe wani nerjang wewalerE. Ora rumangsa luput marang wong tuwamu sing pituture mbok terjang, ya iku pitutur aja dhemen njupuk sing dudu duweke. Uga ora rumangsa dosa marang awakmu dhewe, kang mung merga kepengin marang barang sing katon melok kang sejatine semu, kowe tega ngongkon tenagamu kanggo tumindak dosa. Kang mangkono iku jalaran pancen panggraitaning sasmitamu isih kethul, kamangka wis wiwit biyen aku prentah supaya kowe dhemen nggegulang kalbu, nglelinthing ati, kanthi nggedhekne laku prihatin, nyuda nggonmu dhemen sesukan, nambahi melek ing wayah bengi, nyegah turu ing wanci awan, mranata tutuk sipaya ora nguja panjaluke wadhuk, nata lambe ora dhemen guneman sing sakepenake, nggladhi lathi murih omong-saomong bisa nyenengne atine sing padha krungu”.

        Kados dinodhog raosing dhadha kula. Awit sadaya ingkang dipun dhawuhaken Bapa mila saged kula tampi mawi manah ingkang suci.

 

 

Ana candha
 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...