Total Tayangan Halaman

Sabtu, 23 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (119)


 

119.

        Menawi kula gagas-gagas, mila leres ingkang dipun criyosaken Paman Tanggon kala wau. Ing Kepuh Agal kedah wonten papan kangge gladhen ulah kanuragan salintunipun ing Sanggaripun Kyai Daka. Menawi nitik lelampahan ingkang sampun-sampun, kawewahan dhawuh pituturipun Eyang Pandhanwangi ing pasupenan nalika samanten, menawi para sinoman sinaunipun  ulah kanuragan namung dhateng Kyai Daka lan Lurah Danara saged ambebayani tumrap Kepuh Agal. Nanging kula ugi nggadhahi panginten menawi ngantos wonten Paguron enggal, tamtu Kyai Daka menapa dene Lurah Danara boten badhe remen, boten badhe lila lan menawi ningali padatanipun tiyang kalih menika, saged ugi ingkang yasa lan tumut ing Paguron enggal badhe dipun mengsahi mawi kekiyataning kanuragan, lan saupami ingkang pungkasan menika kedadosan, sami kemawon madegipun paguron enggal menika kalihan damel ajanging pasulayan ing Kepuh Agal. Ngantos tigang dinten kula dereng saged mutusaken, krenah saking Paman Tanggon menika sae dipun turuti menapa botenipun. Kula ugi taksih nggadhahi panganggep sanaosa Ki Panulad menika nggadhahi kalangkungan ing babagan kanuragan, nanging menawi ngantos dipun mengsahi dening Kyai Daka lan Lurah Danara botedn badhe kiyat, awit badhea kados menapa kawontenanipun Ki Panulad kalah cacah menawi katandhing kalihan Kyai Daka.  

        Nuju nedheng-nedhengipun kula nggagas prakawis kasebat, ing wanci ngajengaken seraping surya, Bapa, inggih Ki Lurah Kepuh Agal rawuh saking anggenipun tindak saking Mataram. Nanging kawontenanipun Bapa sakalangkung nrenyuhaken. Bapa ketingal sayah sanget, agemanipun kumel lan boten ngasta menapa-menapa. Malah Si Gombak titihanipun ugi boten ketingal, Bapa rawuh kalihan tindak ndharat kanthi kawontenan ngrekaos anggenipun njangkahaken suku. Sumerep kawontenanipun Bapa ingkang makaten kalawau, kula daya-daya mandhap ing plataran Bapa kula tuntun setengah kula tetah murih anggenipun tindak boten ngrekaos, lajeng kula beta dhateng senthong papanipun Bapa lan Biyung sare.

        “Tulung aku jupukna Kendhi, aku ngelak banget” dhawuh pangandikanipun Bapa sasampunipun mapan lenggah ing ambenipun. Gage-gage kula medal, mendhetaken unjukan kagem Bapa. Andilalah mBok Jayem kala wau nyawisaken wedang godhogan ron sere, samangke taksih manget-manget.

        “Mangga Bapa, menika wedang sere ingkang tasih anget” atur kula kalih ngulungaken cangkir saking bathok klapa ingkang sampun kula sukani wedang sere.

        “Sadaya pangalembana kunjuk Paduka Gusti” sasampunipun necep lan nyruput wedang sere, Bapa ngunjukaken panuwun dhumateng Gusti, lajeng ngendika dhateng kula “matur nuwun Ngger, krasa seger rasane awakku sawise ngombe wedang sere anget iki.

        “Nyuwun pangapunten Bapa” kula matur nyuwun pirsa kanthi raos was-was “menapa ingkang sampun kedadosan? Kenging menapa Bapa tindak ndharat kemawon? Si Gombak dhateng pundi?”.

        “Dawa banget critane Pradapa” dhawuh wangsulanipun Bapa sareh, sanaosa suwantenipun alon, nanging boten ngetingalaken menawi Bapa taksih ngampet raos boten sekeca ing penggalihipun “sajake iki wis wayahe suruping surya, aku kepengin sesuci lan nindakne panembah marang Gusti luwih dhisik. Aku tuntunen menyang padasan sumur, tak sesuci luwih dhisik, yen padasane kothong tulung isenana dhisik”.

        “Inggih Bapa, padasanipun taksih kebak” atur wangsulan kula kalih ngadeg badhe ngrencangi tindak Bapa “kala wau sampun kula isi lan nembe kalong sakedhik kula damel sesuci”.

        “Kowe ya sesuci Pradapa?” Bapa mundhut pirsa kalihan pasuryan ketingal ngungun, kula kinten Bapa mila dereng pirsa menawi samangke kula sampun purun nindakaken sembahyang malih sasampunipun dangu boten nglampahi.

        “Inggih Bapa” atur wangsulan kula kalihan mesem “awit pandonga saha pangestunipun Bapa, sajengkaripun Bapa dhateng Mataram kala samanten, kula pikantuk pitedahipun Gusti temah saged wangsul ngambah margi ingkang Bapa wucalaken”.

        “Matur nuwun Gusti…..” Bapa ngendika kalihan ndhangak mirsani nginggil, ngunjukaken panuwun dhumateng Gusti, lajeng ngendika malih dhateng kula “prasasat karoban segara madu senenging atiku krungu tembungmu sing keri dhewe iki mau Pradapa, bebasan sanadyan durung mati kaya-kaya wis anguk-anguk lawanging suwarga, dene anakku sing banget tak kresnani iki wis eling marang piwulanging Gusti temah bali weruh yen drajate kuwi kawula kang kudu manembah marang Gustine”.

        Sasampunipun sesuci Bapa ngersakaken dhateng sanggar papan panembahipun, kalihan mesem panjenenganipun ngendika malih :

        “Aku kepengin leren ana kene wae, yen ana wong sing kepengin martakne olehku bali saka nindakne kuwajiban winadi iki, supaya mrene”.

        “Inggih Bapa” kula atur wangsulan cekak.

        Sasampunipun kula lan Bapa nindakaken panembah wanci serap surya, Bapa taksih ketungkul nenuwun dhumateng Gusti, menapa ingkang dipun ngendikaken kula boten mangertos awit mawi suwanten ingkang ketingalipun namung saged dipun mirengaken Bapa piyambak. Kula lajeng medal saking sanggar, madosi Rewang ingkang kajibah nyawisaken dhahar dalu, badhe kula kengken murih anggenipun lelados dhahar dhateng Bapa kabekta dhateng sanggar kemawon.

        Jebul sasampunipun dhahar cumawis, Bapa namung mundhut sakedhik sanget lan paring dhawuh dhateng kula supados ndherek nedha sesarengan kalihan Bapa.

        “Sumurupa Pradapa” kalihan nyangga layah ingkang isi dhaharipun Bapa ngendika dhateng kula “tak etung-etung wis suwe banget aku kaparingan wektu dening Gusti kanggo ngrasakne enake panganan lan kuwi arang banget aku ngrumangsani, saiki wancine aku ora bisa weruh rasane panganan kang enak lan mirasa, yen aku nganti ngresula kuwi padha wae aku iki titah sing wuta marang kabecikan. Mula telungane kowe sing isih bisa ngrasakne enaking panganan, nggedhekna rasa panarima lan tarima kasih marang Gusti. Dene cara kanggo nelakake rasa tarima kasih mau ora mung cukup ana pangucaping lambe lan ilat wae. Nanging kudu dicakne klawan laku sing nyata”.

        “Inggih Bapa” kula namung saged atur wangsulan cekak, raosing manah kula kirang sekeca mireng dhawuh pangandikanipun Bapa ingkang makaten kala wau, boten sekeca ingkang kirang cetha.

        “Laku sing nyata kuwi kudu ngelingi yen awake dhewe tinitahake ing ngalam padhang iki ora dhewe, nanging isih akeh titah liyane sing padha-padha tinitahake kaya awake dhewe, nanging mbok menawa durung bisa ngrasakne urip kaya awake dhewe sing wiwit biyen ora tau kasatan banyu ngombe lan ora tau adoh karo pangan. Mula dhawuhna marang para rewang dalem kalurahan sesuk supaya ngedum pasadiyan pangan kang ana ing dalem kalurahan marang wong-wong Kepuh Agal sing lagi kasatan bebakalaning pangan” Bapa nutugaken anggenipun paring dhawuh.

        “Lajeng ingkang kangge awakipun piyambak tuwin kulawarga dalem Kalurahan ngengeh sapinten Bapa?” kula nyela atur, awit mila kula ngertos menawi wos lan sapanunggalanipun ingkang wonten ing dalem kalurahan mila kathah cekap menawi kangge jatah tigang wulan. Kajawi saking menika, ing lumbung ugi taksih kathah tumpukan pantun garing lan sawanci-wanci saged dipun tutu murih dados wos.

        “Ngengeha sawatara wae, gajege ora nganti sepasar maneh, Gaga tandurane dhewe kae wis wayahe panen” Bapa paring wangsulan.

        “Inggih Bapa”.

        “Saiki rungokna dhawuhku marang kowe, aja kongsi tumpang suh nggonmu nindakne mengko. Yen wis, lagi bakal tak kandhakne ya gene aku dadi kaya mangkene iki” Bapa paring dhawuh malih.

        “Inggih Bapa, kula badhe mirengaken dhawuhipun Bapa, suwawi enggal kadhawuhaken”.

        “Saiki uga, jupuken Keris Kyai Pantek sing tak singidake tumumpang blandar omah Pawon sisih kulon kae, banjur gawanen mrene” Bapa ngendikaken dhawuhipunm sinarengan nyelehaken Layah ingkang kagem ajang ing klasa. Kula tingali dhaharanipun boten kalong babar pisan. Kula inggih lajeng nyampuni anggen kula nedha.

        Kula babar pisan boten nginten manawi Dhuwung Kyai Pantek ingkang ing plangkanipun boten wonten jebul dipun singidaken Bapa ing Blandar griya pawon. Waunipun kula kinten menawi dening Bapa kaasta tindak dhateng Mataram. Kula lajeng dhateng griya pawon, mendhet andha kangge mendhet Dhuwung Kyai Pantek. Saderengipun, kula prentah dhateng rewang murih ngunduri dhaharan saking papan panembah.

        “Menika Bapa” sasampunipun Dhuwung kula pendhet lajeng kula aturaken ing ngarsanipun Bapa.

        “Kowe mesthi takon sajroning ati” Bapa ngendika malih “ya gene Kyai Pantek tak seleh ing papan sing ora samesthine?. Sumurupa Pradapa, kowe kudune eling sadurunge aku budhal kae aku kandha marang kowe yen blandar pawon sisih kulon wis wayahe ngganti, ngono kae satemene sasmita marang kowe yen ing kono Kyai Pantek tak selehake. Kuwi kanggo njagani yen nganti aku ora bisa bali maneh sawuse lunga budhal menyang Mataram. Gandheng saiki wis bisa bali, mangka sasmita kuwi wis rampung. Anane Keris kuwi tak selehne kono, awit aku kuwatir yen nganti ana wong sing melik kepengin nguwasani keris kuwi banjur nyolong menyang plangkane. Maune Keris piyandel Kepuh Agal kuwi pancen arep tak gawa, nanging aku uga nguwatirake yen nganti aku entuk alangan ing dalan, mangka keris kuwi mesthi banjur ilang. Lan saupama sida tak gawa, kira-kira aku malah wis dadi bathang sing tanpa kuburan, wong jebule sabaliku saka Mataram aku oleh alangan sing ndadekne aku kaya mangkene iki”.

        “Ing Margi Bapa pikantuk aral menapa ?” kula nyela atur, nyuwun pirsa.

        “Mengko dhisik, dahwuhku marang kowe durung rampung, rungokna dhisik!” dhawuh wangsulanipun Bapa.

        “Inggih Bapa, nyuwun pangapunten”.

        Bapa lajeng nguculi iket warni cemeng mawi bathikan warni pethak ingkang kala wau kaagem sabukan.

        “Iket iki titipan saka Rekyana Patih Mandaraka kanggo kowe, kasep-kasepe sajroning telung purnama, kowe kudu bisa marak ing ngarsane Rekyana Patih Mandaraka ing Kutha Gedhe Mataram lumantar Raden Tumenggung Tesengkusuma, sing saiki wis mundhak pangkat dadi Raden Mas Tumenggung kanthi nggawa iket kuwi” Bapa paring dhawuh kalihan maringaken iket ingkang nembe kemawon dipun lepas saking lempengipun, lajeng ngendika malih “mbok menawa kanthi ngaturake iket kuwi bisa dadi srana nggonmu bakal ketampa ngabdi lan ngawula marang Narendra Mataram”.

        “Inggih Bapa, ngaturaken genging panuwun” atur wangsulan kula kalih nampani iket kala wau.

        “Nanging kowe kudu ngerti” Bapa paring dhawuh malih “wong ngawula ing ratu kuwi ora gampang, malah kena diarani luwih pakewuh, ora kena minggrang-minggring, nek iya ya iya nek ora, luwung ora sah ngabdi, kudu manteb, sarta kudu setya tuhu marang Gusti sing dikawulani, ora kena pisan-pisan wani mbadal marang dhawuh”.

 

Ana candhake
 


 

Kamis, 21 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (118)

 


118.

        Inggih awit pikantuk pitedah saha pitutur saking Nyai Pandhanwangi lumantar pasupenan menika, ndadosaken kula kepengin sanget saged ndandosi sesambetan kula kalihan Gusti Ingkang Maha Agung. Kuwajiban sembahyang ingkang sedinten kaping gangsal ing gangsal wekdal ingkang benten, ingkang sampun dangu kula tilar wangsul kula lampahi malih. Kula inggih nulad lekasing Bapa ingkang saben sapratiganing dalu nindakaken sembahyang lan lampah sujud, inggih menika linggih ijen kendel lan mendel, anyuwungaken nalar lan manah saking sedaya prakawis lan namung ngemut-emut dhateng Gusti Ingkang Maha Suci, angraketaken jiwa lan raga dhateng Dzat Ingkang Maha Tan Kena Kinaya Apa. Manembah lan Sujud dhateng Gusti, inggih menika sarana ngudi murih bagusing ati, temah saged mujudaken Kalbu Mukmin Baitullah, ingkang tegesipun manah tansah sae, ati tansah bagus, boten ngingah raos gething dhateng sok sintena kemawon, boten rumaos langkung sae tinimbang tiyang sanes. Kanthi lampah ingkang makaten kala wau jebul manah kula kraos langkung tentrem lan ayem lan raos kepengin saged sansaya kathah lelabuh dhateng dhusun saha dhateng sesamining gesang tansah wewah-wewah.

        Boten kraos sampun selapan dinten langkung, anggenipun Bapa nilaraken Kepuh Agal lan sadangunipun menika, sedaya jejibahanipun Bapa katindakaken dening Ki Bebau Jangglengan kanthi sae. Para warga Kepuh Agal sami remen manahipun, kathah reraosan ing wande-wande menawi Ki Pawana saestu saged nulad lampahipun Bapa. Tiyang-tiyang ugi mastani Ki Pawana menika tiyang ingkang wicaksana, sanaosa ingkang dipun tindakaken jejibahaning Lurah, nanging piyambakipun boten purun dipun sebat Ki Lurah utawi Wewakiling Lurah, nanging panggah nedhi kaundang mawi sebatan Ki Jangglengan utawi Ki Bebau Jangglengan.

        Sesambetan antawisipun Ki Pawana kalihan Ki Lurah Danara lumampah sae. Ki Pawana boten mbenten-mbentenaken Ki Lurah Danara kalihan Bebau sanesipun, pangrengkuhipun Ki Pawana dhateng kawula ing Dhukuh Sidamulya inggih sami kalihan anggenipun ngrengkuh kawula ing Dhukuh sanesipun. Kados-kados Ki Pawana sampun nyupekaken bilih Ki Danara nate badhe mbalela.

        Kula piyambak wiwit ngapusi Kyai Daka ngantos dugi sapriki inggih dereng nate tumut gladhen kanuragan malih. Jalaran kula langkung remen mipili lan njingglengi piwucal-piwucal kina ingkang ingkang sinerat ing lontar wonten gothakanipun Bapa. Rumaos kula, mangertosi piwucal-piwucal kuna menika langkung kathah pedahipun menawi katandhing kalihan sinau ulah kanuragan ing sanggaipun Kyai Daka. Jebul sadangunipun kula boten tumut gladhen menika, ing Sanggar wonten ewah-ewahan ingkang damel kathah para calon siswa lan ugi siswa ingkang aras-arasen malih tumut gladhen. Kabar menika kula tampi saking Paman Tanggon ingkang ing salah satunggaling sonten dugi ing Dalem Kalurahan madosi kula.     

“Iki mau saka omah apa saka ngendi Paman Tanggon? Kok njanur gunung mara menyang Dalem Kalurahan kene?” kula miwiti rembagan sasampunipun Paman Tanggon linggih ing caket kula, inggih ing dhingklik ingkang wonten ing sakiwanipun pendhapa.

        “Saking griya mawon kok Gus” wangsulanipun Paman Tanggon “sak jane ajeng teng Sanggar, wong niki wau anceran gladhene calon siswa, nanging kula aras-arasen dipun gladhi tiyang-tiyang enggal ingkang boten ngremenaken manah, tembung satembung sarwa kasar, ngabah-abahi tiyang sasekecanipun piyambak malah sok remen mara tangan menapa……”.

        “Mengko dhisik ta?” kula nigas tembungipun Paman Tanggon “padatan sing aweh gladhen kuwi rak ya siswa-siswa sing wis pinilih ta? Kok ndika mau kandha wong-wong anyar, sapa wong-wong anyar kuwi he ?”.

        “Murugaken Gus Dapa sak niki boten nate tindak sanggar, dados dereng pirsa menawi Sanggaripun Kyai Daka kedugen tiyang-tiyang enggal, kathah wonten menawi kalih dasa mawon. Criyose Ki Lurah Danara, tiyang-tiyang niku siswa-siswanipun Kyai Daka ing papan sanes. Nanging ketingalipun tiyang-tiyang wau dede golonganipun tiyang sae, ketitik saking solah bawa lan wicantenipun kok kados brama corah……”.

        “He aja seneng ndakwa sing ora-ora marang wong liya lho Paman” kula tigas malih wicantenipun Paman tanggon “bramacorah piye karep ndika?”.

        “Kula niki ngertos Gus” Paman Tanggon suka wangsulan “namung kula dereng gadhah bukti, Ki Lurah Danara nika estunipun Lurahe para Maling, Kecu, Brandhal lan Begal. Mula Ki Lurah Danara nika wiwit siyen sok asring kesah nilar Sidamulya, tigang dinten sok malah ngantos sapeken nembe wangsul lan sauger wangsul mesthi mbeta raja brana lan barang-barang pengaji ingkang kathah. Niku mesthi asile tumindak culika kalih tiyang-tiyang sing dados andhahane sing sak niki didamelne griya ing pekarangan wingkingipun Sanggar nika”.

        “Kuwi mung pangira ndika sing durung karuwan benere Paman” kula nyobi suka pitutur dhateng Paman Tanggon “ora becik dikandhakne marang sapa wae, mundhak marahi ora becik kedadeyane”.

        “Inggih Gus” wangsulanipun Paman Tanggon “kula nggih empun dikandhani ngoten niku kalih Ki Jangglengan lan Ki Grojoganngubal, mula kula nggih lajeng boten ngrembag bab menika kalih sinten mawon, kajawi kalih ndika niki wau”.

        “Ooo Dadi Ki Pawana lan Ko Pahang wis padha pirsa ing babagan iki?” kula lajeng taken dhateng Pamab Tanggon.

        “Sampun Gus” wangsulanipun Paman Tanggon “tiyang kalih niku angsale ngandhani kula nggih sami kalih sing ndika dhawuhne niku wau”.

        “Ya wis yen ngono, pangira ndika kuwi mau becik nek dibuwang wae sing adoh”.

        “Inggih nanging niki kula ajenge matur dhateng ndika Gus” Paman Tanggon wicanten malih, suwantenipun kepireng radi abot.

        “Arep kandha bab apa Paman? Mbok enggal dikandhakne kene!” wangsulan kula kalih mesem.

        “Amargi boten krasan digladhi tiyang-tiyang enggal niku, sak niki kanca-kanca saking Dhukuh Grojoganngubal, Sambirobyong, Sidadadi, Jangglengan lan sing saking Sidamulya nggih enten, ajeng kendel anggenipun tumut gladhen kanuragan ing Sanggaripun Kyai Daka” Paman Tanggon ngandaraken ingkang dipun kajengaken.

        “Lho…lho… ndika kuwi kathik kaya bocah cilik kabeh?” kula wangsulan ngiras suka pitutur “pancen jenenge dedalane guna lawan sekti kuwi kudu andhap asor, supaya bisa katekan sing digayuh kudu sabar lan tlaten, ora kena gampang mutung kaya ngono kuwi, nek ndika sakanca wedi rekasa ya tangeh bisane ndika bisa nguwasani nglemu kanuragan, lan ndika kudu ngerti sansaya abot anggone gladhen sansaya akeh asile anggon ndika oleh ngelmu kanuragan…..”.

        “Sakedhap ta Gus” Paman Tanggon munggel anggen kula guneman “mpun kesesa nyrengeni kula rumiyin, atur kula niki dereng rampung”.

        “He he he aku ora srengen Paman” wangsulan kula kalih mesem “ya wis saiki ndika tutugne”.

        “Naa rak ngoten” Paman Tanggon ketingal tumut mesem “kula sakanca niku boten ajeng leren anggone sinau ulah kanuragan, nanging ajeng pados cara sanes. Merga menawi kula sakanca nekad panggah tumut gladhen ing sanggare Kyai Daka, dereng ngantos siyos saged nggadhahi ngelmu kanuragan kinten-kinten sampun sami cacat malah kinten-kinten enten ingkang sampun kelajeng pejah, amargi saking cendhalanipun para ingkang nggladhi”.

        “Lha sing ndika arani golek cara liya kuwi kepriye Paman?” kula nyelani taken.

        “Lha niku ingkang ajeng kula aturaken Gus Dapa” Paman Tanggon wangsulan kalih setengah gumujeng.

        “Iya, apa kuwi?”

        “Estunipun ing Kepuh Agal mriki niku wonten ingkang nggadhahi ngelmi kanuragan boten kawon kalihan Kyai Daka, tiyangipun sabar, tata kramanipun jangkep, boten dhemen ngremehaken tiyang sanes lan saupami dados panuntuning para sinoman Kepuh Agal ing reh kanuragan sakalangkung saenipun, lha tiyang menika ingkang ingkang badhe kula lan kanca-kanca dadosaken panuntuning para Sinoman ing reh kanuragan” Paman Tanggon suka wangsulan.

        “Sapa kuwi? Lan apa gelem aweh tuntunan marang ndika sakanca lan sinoman ing Kepuh Agal kene?” kula dereng ngertos sinten ingkang dipun kajengaken Paman Tanggon menika.

        “Ki Panulad, rayinipun Ki Pawana, putranipun Ki Pawit ingkang alit piyambak, Gus” wangsulanipun Paman Tanggon salajengipun “sedaya tiyang sampun ngertos, sepinten katiyasanipun Ki Panulad, ndika mesthi taksih kemutan nalika wonten Maesa Benthung Berik ing lepen paguyangan, sedaya tiyang sami ajrih nyaket, nanging nyatanipun kanthi gampil Ki Panulad saged misah maesa jaler ingkang berik rebutan babon nika. Lan malih, nalika ing Baon sakidulipun Sambirobyong wonten sawer ageng ingkang saben dinten mangsa ingah-ingahanipun tiyang Sambirobyong ingkang saba ing mriku, ingkang wantun lan saged nyepeng sawer sanca kuning nika nggih Ki Panulad. Kajawi menika Ki Panulad menika ugi wasis ing babagan  ulah jemparing, mbandhil lan sanesipun. Kula kinten Ki Panulad menika langkung inggil ngelmi kanuraganipun tinimbang Ki Lurah Danara lan menawi ingkang nuntun gladhen ulah kanuragan sinoman-sinoman ing Kepuh Agal menika mangke Ki Panulad, ing tembenipun sinoman-sinoman menika badhe dados betenging Kepuh Agal ingkang kiyat nanging panggah nggadhahi kasusilan”.

        “Pancen bener, Kakang Panulad kae nduweni kadigdayan kaya sing ndika kandhakne kuwi, nanging apa Kakang Panulad kae gelem aweh tuntunan kanuragan marang para Sinoman Kepuh Agal kene?”.

        “Kula sampun matur dhateng Ki Panulad lan Ki Panulad kengkenan supados kula matur dhateng Ki Jangglengan ing prakawis menika, nanging Ki Jangglengan criyos menawi piyambakipun pekewed kalihan Kyai Daka menapa dene Lurah Danara” Paman Tanggon suka wangsulan.

        “Dadi panggah ta ndika sakanca ora bisa sinau kanuragan marang Kakang Panulad?”.

        “Nanging Ki Pawana ugi criyos, piyambakipun namung pekewed kemawon kalihan Kyai Daka lan Lurah Danara, liripun inggih boten ajrih. Pramila lajeng ngengken kula supados nyuwun pitedah dhateng Gus Dapa. Menawi Gus Dapa nyarujuki para sinoman ingkang wegah sinau ulah kanuragan dhateng sanggaripun Kyai Daka gentos dipun tuntun dening Ki Panulad, mangka Ki Panulad inggih boten kawratan paring tuntunan dhateng kula sakanca tuwin Ki Pawana inggih badhe nyengkuyung lekasipun para sinoman menika. Sak niki pripun Gus Dapa anggenipun badhe paring wangsulan dhateng kula ingkang mangkenipun kula lajengaken dhateng Ki Panulad saha Ki Jangglengan”.

        Sareng Paman Tanggon wicanten kados makaten menika, kula lajeng nggagas radi panjang, pramila kula lajeng suka wangsulan :

        “Aku njaluk wektu tak enggone mikir ya Paman? Lan aku uga bakal nemoni Kakang Pawana apa dene Kakang Panulad kanggo ngrembug perkara iki. Sajrone wektu kurang saka pitung dina, aku arep mangsuli pitakon ndika iki, mesthi wae lumantar Kakang Bebau Jangglengan”.

 

Ana candhake.

Rabu, 20 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (117)

 



117.

        Rampung paring katrangan bab anggenipun Raden Gunendra duka dhateng Ki Lurah Danara, Nyai Pandhanwangi lajeng paring pangandika malih dhumateng kula.

        “Saiki mbalik marang sliramu Putuku” .

        “Inggih Eyang” kula atur wangsulan kalihan nata manah, awit kula nginten Nyai Pandhanwangi badhe ngrembag dosa kula ingkang sampun ngapusi Kyai Daka.

        “Miturut petungku, nggonmu ngapusi Kyai Daka iki ora bakal konangan” Nyai Pandhanwangi nutugaken anggenipun paring dhawuh “dadi sliramu ora bakal nandhang wirang lan ora bakal diwadani wong akeh nek sliramu kuwi tukang apus-apus sing gunemane ora pantes dipercaya.  Nanging, sliramu aja seneng luwih dhisik. Jalaran kegawa saka nggonmu tumindak dora, mengkone sliramu bakal nampa coba sing abot, muga-muga sliramu kuwat nglakoni kanthi becik. Awit yen kongsi sliramu ora lulus ngadhepi cobane Gusti mengko, sliramu bakal nemu mati nistha. Kosok baline yen sliramu kuwat lan bisa lulus, mangka apa sing saiki lagi digenahake Wong Tuwamu menyang Mataram, bakal nguwohake kamulyaning uripmu ing tembe mburine”.

        “Ngaturaken genging panuwun awit peparingipun wartos gaib menika Eyang” kula atur wangsulan malih “pangestu saking Eyang Putri tansah kula suwun mugi-mugi kula saged nulad lampahipun Bapa, badhe nampi sedaya ingkang tumanduk ing badan kula kanthi sabar saha narima peparinging Gusti”.

        “Lan sliramu kudu tansah eling” Nyai Pandhanwangi nglajengaken anggenipun paring pitutur “yen tumindak dora utawa ngapusi sapa wae kuwi gedhe dosane, mula kajaba kudu ditobati sarana nyuwun pangapura marang Gusti uga kudu sinartan janji sajeroning ati ora arep mbaleni dora maneh. Jalaran nganggo pawadan apa wae, jenenge ngapusi liyan kuwi panggah ora dikeparengake dening Gusti”.

        “Inggih Eyang”

        “Sabanjure marang Ki Lurah lan putuku Pradapa, tak baleni sepisan maneh pawelingku aja nganti padha dilalekne!” Nyai Pandhanwangi ngendika malih samangke kajawi kangge kula ugi kagem Bapa “ya iku aja pegat ing pangati-ati marang Kyai Daka lan kabeh andhahane”.

        “Inggih Nyai” Bapa atur wangsulan “dhawuh jengandika boten badhe kula supekaken”.

        “Iki ana warta adhedhasar pangira-ira wohing petung sing tak waca saka sasmitaning jagad, dadi aja banjur dikira aku ndhisiki karsaning Gusti, mung mbok menawa ana benere. Ya iku warta sing magepokan lakune Kyai Daka ing Bumi Kepuh Agal kene” Nyai Pandhanwangi ngendika malih .

        Mireng naminipun Kyai Daka dipun sebat ingkang wonten sambetipun kalihan Kepuh Agal, kula lajeng sansaya migatosaken dhateng dhawuh pangandikanipun Nyai Pandhanwangi menika. Kula lirik, ketingalipun Bapa ugi sami kalihan kula.

        “Satemene Kyai Daka kuwi menungsa sing ora pati cetha adeg-adege” Nyai Pandhanwangi nglajengaken anggenipun ngendika “jaman biyen pancen tau meguru marang sawijining Ajar sing peparap Ajar Wiyoga, sing digoleki Daka dudu ngelmu sing bisa nuntun marang katentremaning uripe. Nanging Daka mung kepengin dadi menungsa sing sekti mandra guna, sing bisa ngasorake wong liyane. Mung emane pepenginane Daka ora sumbut karo kuwanene nindakne laku kanggo nempuh murih kasembadan sedyane. Cethane, biyen sing dipengini bisa dadi wong digdaya sing ora ana sing bisa ngalahake, nanging Daka kuwi ora tau gelem nindakne laku prihatin. Dheweke kepengin pinter nanging wegah sinau, kepengin sugih nanging wegah makarya, kepengin sekti nanging wegah tirakat. Merga dheweke duwe pangira yen olehe sekti gurune kuwi ora merga olehe sregep nindakne laku prihatin, nanging merga duwe pusaka sing wujude Keris Laringmanyura. Awit Daka tau krungu dedongengan sing sapa wonge bisa nguwasani Keris Laringmanyura bakal bisa dadi wong sing sekti mandraguna, bisa pinter tanpa meguru lan bisa madeg dadi pandhita sing sinuyudan para siswane. Mula Daka banjur melik kepengin nguwasani Keris agemane Ajar Wiyoga sing dadi gurune kuwi. Ajar Wiyoga dipaeka dening Daka kanthi nyampurake racun ing dhaharane, wekasan Ajar Wiyoga seda. Keris Kyai Laringmanyura klakon bisa dikuwasani. Daka banjur nggenteni kalenggahane Ajar Wiyoga lan nganggo sebutan Kyai. Para siswa sing maune dadi siswane Ajar Wiyoga banjur dadi muride Kyai Daka klebu sing jeneng Danara kae”.

        “Lajeng cariyosipun kok Kyai Daka saged sumusul kula tumut mbabad wana Kepuh Agak rumiyin kados pundi Nyai?” Bapa sumela atur nyuwun pirsa.

        “Kuwi critane ngene” Nyai Pandhanwangi paring wangsulan “sawise madeg Kyai, Kyai Daka banjur sansaya nemen nggone seneng golek lan nglumpukne jimat kemat sing dipercaya bisa ndadekne luwih sekti lan luwih wibawa. Saben krungu ana papan sing angker diparani ditepeni lan digoleki jimat utawa pusakane. Andilalah kaya diuja dening jagad kae, Kyai Daka bisa oleh jimat pirang-pirang ana sing wujud Akik, Keris, lan sapanunggalane lan sethithik akeh pancen kala-kala jimat kemat mau ana buktine yen duwe kekuwatan. Nganti sawijining dina Kyai Daka krungu kabar yen ing alas Patalan akeh para priyagung sing dumadi saka Trahing Raja Majapahit sing padha masanggrah ana kono. Mula Kyai Daka banjur ngajak siswa-siswane nyuwita marang para priyagung Trah Majapahit sing masanggrah ing Alas Patalan. Olehe nyuwita kuwi mung dhapur kanggo pawadan wae, tujuwan sing sabenere Kyai Daka kepengin golek jimat sing ana alas Patalan kono, sokur-sokur nek bisa nyolong jimate para Priyagung sing masanggrah ana kono.

        Nanging jebul ora gampang mlebu Alas Patalan nyaketi papan masanggrahe wong-wong sing jarene isih Trah Majapahit kuwi. Kyai Daka mung bisa tekan alas sanjabane Pasanggrahan Patalan, sing diarani Padhepokan Kendhalasewu lan sing dadi Pangarsane Padhepokan kuwi Ki Kendhalasewu sing isih gurune salah sijine Tumenggung ing Kasultanan Pajang. Ing kono Kyai Daka lan para muride ditampa dening Ki Kendhalasewu lan dikandhani yen Kyai Daka samuride temen-temen arep suwita marang Calon Narendra Tanah Jawa sing saiki mapan ana Alas Patalan, Kyai Daka sakancane dikongkon leren lan ngenteni ing papan kono, nganti sawatara wektu. Merga percaya yen ing papan kono bakal bisa nyolong jimat lan pusaka pirang-pirang, Kyai Daka ya banjur manut lan mapan ing Padhepokan Kendhalasewu kono.

        Sawuse Kyai Daka lan murid-muride mapan ing Padhepokan Kendhalasewu watara telung wulan, ana utusan saka Pasanggrahan Patalan teka ing Padhepokan Kendhalasewu. Kyai Daka lan murid-muride ditampa pasuwitane manawa Kyai Daka bisa ngaturake salah sijining Keris piyandele Kangjeng Sultan Pajang sing jeneng Kyai Pantek. Dene Kyai Pantek nalika iku manggon ing Alas sing arep dibabad dadi Padesan sing jeneng Kepuh Agal. Kyai Daka iya banjur nyaguhi, nanging olehe saguh kuwi ya mung tekan lambe wae. Lire Kyai Daka iya arep budhal nggoleki Kyai Pantek, nanging yen wis ketemu ora bakal diaturake menyang Pasanggrahan Patalan, nanging arep dipek dhewe, merga Kyai Daka duwe kapitayan yen Kyai Pantek kuwi sawijining pusaka sing gedhe banget katiyasane. Malah ing angen-angene Kyai Daka ana gambaran, yen dheweke bisa nguwasani Kyai Pantek, mangka bakal duwe kasekten lan kadigdayan sarta kawibawan tan prabeda karo Kanjeng Sultan ing Pajang. Mula Kyai Daka lan para muride padha teka, nemoni ndika lan nembung arep melu babad kae”.

        “Inggih Nyai” Bapa nyela rembag malih “mila boten aneh menawi dugi sapriki Kyai Daka menika tansah mbudidaya murih saged ngrebat Kyai Pantek saking tangan kula, mawi pawadan neka-neka. Nanging rahayunipun Gusti taksih angayomi kula temah Kyai Pantek boten saged dipun rebat dening Kyai Daka”.

        “Lha iki mengko, mbuh kapan wektune niyat anggone arep nguwasani Kyai Pantek kuwi arep dibaleni maneh” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “senadyan wektu iki, atine Kyai Daka ketuwuhan rasa miris merga krungu critane putuku Pradapa sing ngayawara kae, nanging bawane wong julig, Kyai Daka isih meksa ngulir nalare golek dalan kanggo mujudne sing dadi pepenginane. Mula welingku marang sliramu ngger Pradapa, kukuhana Kyai Pantek kaya sing tau didhawuhne Bapamu biyen lamun ana kedadeyan Kyai Daka sakancane nedya ngrebut Kyai Pantek saka tanganmu. Ya mbarengi wektu kuwi mbok menawa dadi sranane sliramu nampa pacoban gedhe saka Gusti Kang Maha Mulya sing dadi lelantaran munggahe drajatmu, nanging yen kongsi sliramu ora lulus saka pacoban gedhe kuwi sliramu bakal nemoni mati nistha siniya siya”.

        Kula radi nggragap mireng weling ingkang pungkasan saking Nyai Pandhanwangi menika, jalaran weling menika katujokaken dhateng kula, boten dhateng Bapa. Kamangka wekdal menika Kyai Pantek taksih dados tanggel jawabipun Bapa minangka sipat kandel saking Dhusun Kepuh Agal menika. Nanging kenging menapa malah kula ingkang dipun weling murih ngekahi Kyai pantek menawi ngantos badhe dipun rebut dening Kyai Daka?.

        “Wis ora prelu sliramu kakehan gagasan” kados pirsa ingkang nembe kula angen-angen, Nyai Pandhanwangi paring dhawuh malih “sing baku eling-elingen welinge pun Eyang iki. Lan yen wis teka tumibane mangsa kala, tindakna klawan sabecik-becike. Aja lali nyaketa marang Kang Maha Agung, nyuwuna pangayoman lan kaslametan saka Panjenengane. Wektuku kanggo tetemon karo sliramu lan wong tuwamu wis entek, saiki kari donga dinonga, muga-muga kabeh tansah kaparingan rahayu”.

        Anyarengi telasing pangandikanipun Nyai Pandhanwangi dumadakan diyan senthir ingkang wonten ing sanggaripun Bapa menika pejah katiyup ing angin. Kawontenan dados peteng dhet-dhet, langkung peteng tinimbang nalika diyan ing senthong kula pejah anyarengi rawuhipun Nyai Pandhanwangi kala wau. Dumadakan hawanipun santun dados asrep ingkang boten kantenan, ngantos ndadosaken badan kula cethathuken. Jarik bebet kula, kula uculi badhe kula damel kemul. Nanging dumadakan diyan ingkang nembe kemawon pejah gesang malih, temah kula saged ningali kawontenan ing sakupeng kula. Kula sampun wonten senthong patileman kula piyambak, kanthi kawontenan taksih ngglethak. Jebul sedaya ingkang nembe kedadosan menika wau namung ngimpi. Inggih namung ing pasupenan lan kula pitados bilih menika dede pasupenan ingkang sabaenipun.

 

Ana candhake.

       

wara-wara

 Rebo Wage 20 September 2023 sing ndongeng rada masuk angin dadi ora bisa nyowanake SENDHANG MUSTIKANING WARIH muga2 enggal sehat lagi.

Selasa, 19 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (116)

 

116.

        Kula inggih lajeng mapan linggih sila ing sisihipun Bapa. Namung sakeplasan Bapa ketingal nglirik dhateng kula, lajeng tumungkul malih. Kula boten wantun wicanten menapa-menapa, nanging panyawang kula lajeng tumuju dhateng pawestri ingkang sakalangkung ayu menika, prabanipun mencorong. Pakulitanipun jene, dedeg piyadegipun samadya, rikma ketingal mamak nyekar bakung, netranipun lindri-lindri amantesi, grana ngrungih, lathinipun abrit manda-manda. Kinten-kinten yuswanipun inggih sabarakan menawi kalihan kula. Lan nalika sumerep menawi kula maspadakaken, piyambakipun lajeng mesem, ndadosaken jantung menika meh gogrog raosipun.

        “Apa sliramu durung ngerti sapa satemene aku iki, Pradapa?” dumadakan tiyang estri menika taken dhateng kula. Kula mila inggih gumun, wiwit wau tiyang ayu menika tansah njangkar dhateng kula lan ngginakaken basa ngoko kemawon. Pramila badhe wangsulan kula dados bingung, badhe tumut mawi basa ngoko kuwatos menawi klentu, badhe mawi basa krama kok ketingalipun inggih kirang pas, awit nitik umur-umuranipun tiyang menika taksih langkung sepuh kula. Kula lajeng mendel boten wangsulan.

        “Apa sliramu Bingung Ngger?” sepisan malih tiyang ayu menika pitaken, samangke malah ngangge nyebut “angger” dhateng kula “apa piwulange swawargi Biyungmu marang sliramu jaman semana wis mbok lalekne, yen tata krama kuwi ngedohne marang panyendhu, sarta andhap asor kuwi ngajeni marang awake dhewe?”.

        Dipun takeni mawi ukara kados makaten menika, ndadosaken kula  lajeng mutusaken badhe mawi basa krama.

        “Nyuwun pangapunten dhuh Sang Pindha Ratih” kula wangsulan lajeng pitaken, nglenggana bilih kula mila dereng tepang kalihan piyambakipun “jengandika menika sinten?”.

        “Sumurupa Pradapa” tiyang estri ingkang tuhu sulistuya menika mangsuli pitaken kula kalihan  mesem ingkang sakalangkung manisipun “aku iki eyangmu dhewe!”.

        “Eyang?” kula mlengak awit gumun mireng wangsulan ingkang makaten menika. Mosok lare estri ingkang umur-umuranipun sak rayi kula ngaken bilih piyambakipun eyang kula.

        “Bener Eyang utawa simbahmu, Pradapa” tiyang estri menika wangsulan kalihan gumujeng lirih “jalaran wong tuwamu, ya Ki Lurah Kepuh Agal sing saiki linggih ing sisihmu kuwi, anak angkatku. Dudu putra angkate Sawargi Kanjeng Sultan Pajang kaya pangirane Bebau Jangglengan sing kumeruh sawise krungu crita sing sumbere saka Kyai Daka lan uga dudu sedulur angkate Raden Sentani muride Seluman Nagaburik sing saiki masanggrah ing Patalan kaya pangirane Bebau Sidamulya”.

        Mireng katrangan ingkang makaten kala wau, ndadosaken kringet kula ambrol. Kula rumaos sampun dipun welehaken, awit saking pokal kula ingkang sampun ngapusi Kyai Daka, sampun ndadosaken tiyang-tiyang sami sasar ing panginten. Nanging kula lajeng dados mangertos sinten sejatosipun pawestri menika. Awit saking menika kula lajeng nyembah sarta ngapurancang ing ngarsanipun Pawestri Ayu ingkang jebul ingkang winastan Nyai Pandhanwangi utawi Nyai Pandhansari, kados ingkang rumiyin asring dipun cariyosaken Bapa dhumateng kula.

        “Keng wayah nyadhong duka, Eyang” kalihan ngapurancang kula matur “inggih awit saking cublukipun Pradapa ngantos wuta boten sumerep dhateng Eyang Pandhanwangi. Boten langkung pangabekti kula mugi kunjuk”.

        “Iya iya putuku wong bagus” Nyai Pandhanwangi mesem ketingal rena penggalihipun “pangabektimu wis tak tampa lan pandongaku marang Gusti, muga-muga sliramu tansah kaparingan karahayon lahir batin wiwit ing donya nganti tumekeng delahan”.

        Nyai Pandhanwangi lajeng gentos paring pangandika dhumateng Bapa ingkang wiwit wau namung lenggah tumungkul :

        “Ki Lurah, aku njaluk pangapura, dene aku wis nyandhet nggon ndika arep menyang Kutha Gedhe Mataram. Nanging ndika aja kuwatir, lamun anggon ndika nggelak lakune Si Gombak kaya padatan, manut petunganku, sadurunge suruping surya sesuk ndika wis bisa kepethuk karo Raden Tumenggung Tesengkusuma lan bengine bisa diirit marak ing ngarsane Kyai Juru Martani ya Patih Mandaraka”.

        “Jengandika boten lepat Nyai” kepireng Bapa atur wangsulan kalihan panggah ngapurancang “malah kula ingkang gadhah panginten menawi kula nglampahi kalepatan, temah Nyai Pandhansari kepareng nimbali kula. Nanging nyuwun pangapunten, ketang cubluking dhiri kula temah dereng mangertos wujuding kalepatan menika, awit saking menika kaparenga Nyai paring mangertos murih kula boten kedlarung-dlarung anggen kula tumindak boten leres”.

        “nDika ora tumindak luput Kaki” Nyai Pandhanwangi ngendika malih panggah kalihan polatan ingkang sumringah “mung wae, wektu iki ndika lagi katempuhan unine bebasan Anak Polah Bapa Kepradah lan aja kaget yen mengkone ndika bakal kecipratan bebendu. Kang mangkono kuwi luwih becik tinimbang piwalesing dosa ndika sing kurang nggone asung tuntunan marang anak kuwi ndika tampa sawise ninggalne donya iki”.

        Bapa boten tumunten atur wangsulan, namung kula ingkang lajeng ngraosaken keduwung ingkang sansaya nunjem ing pulung ati. Kula sampun saged mangertosi menapa ingkang dipun kersakaken dening Nyai Pandhanwangi menika. Inggih awit saking tumindak kula ingkang boten leres temah Bapa ingkang boten mangertos menapa-menapa bab anggen kula sampun ngapusi Kyai Daka, kedah kacipratan pidana saking Gusti Ingkang Maha Adil. Sanadyan pawadanipun Bapa kirang anggenipun nuntun kula murih boten remen ngapusi tiyang sanes, awit mila kanyatanipun ingkang asring paring pitutur murih kula boten remen ngapusi menika Biyung.

        “Inggih Nyai” Bapa lajeng atur wangsulan “sadaya ingkang badhe tumanduk ing jiwa raga kula ing alam donya menika badhe kula tampi kanthi rila lan legawa linandhesan pasrah dhateng Adiling Suksma. Namung ambok bilih dede pepenginan ingkang nistha, kula kepengin mangertos menapa ingkang dipun lampahi dening anak kula pun Pradapa?”.

        “Aja kaduk ati bela panampa Kaki” Nyai Pandhanwangi paring wangsulan “awit tumrap wong sing kulina nerjang pepacuhe Gusti sing ditindakne putuku Pradapa iki dianggep dudu dosa kang gedhe. Lan anggone nganti Putuku Pradapa nglakoni tumindak sing nerjang wewarahe Gusti iki ya saka anggone kepengin tentreme Kepuh Agal, nanging gandheng sing ditindakne Pradapa iki mau ora liwat dalan sing bener, dadi ya panggah luput lan dosa”.

        “Inggih Nyai” Bapa matur malih “badhea kados menapa, kula boten badhe paring srengen dhateng anak kula, inggih awit sedaya sampun kelajeng. Sasampunipun kula ngertos menapa ingkang katindakaken Pradapa menawi boten sampun damel kapitunaning tiyang kathah ingkang boten saged katebus, kula namung badhe paring weling murih Pradapa boten amangsuli tumindakipun kala wau”.

        “Iya Kaki” Nyai Pandhanwangi lajeng ngendika malih “Putuku wis nindakne laku ngapusi utawa micara dora marang wong sing gaweyane meh saben dina ngapusi wong liya. Mung bedane, yen Pradapa olehe wis ngapusi wong mau merga Pradapa kepengin nylametake Kepuh Agal sing wis meh ana kedadeyan perang kadang. Nanging nek wong sing diapusi Pradapa kuwi saben-saben apus-apus ya merga kepengin golek bathi saka anggone ngapusi kuwi”.

        “Pradapa ngapusi Nyai?” Bapa ketingal radi kejot “lajeng sinten ingkang sampun dipun apusi Pradapa menika? Lan sampun wonten kedadosan menapa ing Kepuh Agal sadangunipun kula tilar menika Nyai?”.

        “Bener Putuku Pradapa wis dora marang Kyai Daka sing nedya mbalela lan gawe rusuh ing Kepuh Agal, sedina sawuse ndika budhal menyang Mataram” Nyai Pandhanwangi paring wangsulan lajeng kasambet nyariyosaken lelampahan ing Kepuh Agal sasampunipun Bapa bidhal dhateng Mataram. Wiwit anggenipun Kyai Daka lan Lurah Danara ngempalaken siswa-siswanipun, dipun ajak mbalela lan ngemohi Ki Pawana dados sesulihing Bapa. Nyai Pandhansari ugi nyariyosaken anggenipun Ki Pawana wadul dhumateng kula ingkang dipun kancani Ki Pahang. Kalajengaken nyariyosaken anggen kula sampun ngajrih-ajrihi Kyai Daka mawi cariyos ngayawara bilih kula menika sampun dados sedherek angkatipun Raden Gunendra, lan sampun kaparingan aji Swaramaruta, boten kliwatan dora kula ingkang nyariyosaken saening sambetipun Raden Gunendra kalihan Bapa saha saenipun sesambetan antawisipun Bapa kalihan tiyang sepuhipun angkat Raden Gunendra ing Patalan, malah kelajengipun umuk ngantos kula cariyos bilih jengkaripun Bapa menika badhe nindakaken kuwajiban saking Raden Sentani ing Patalan. Ngantos Nyai Pandhanwangi ugi nyariyosaken doranipun Kyai Daka dhateng Ki Danara, menawi Kyai Daka sampun nampi wangsit saking Dewa ingkang wosipun inggih saking sedaya dora kula dhateng Kyai Daka menika. Sedaya kacariyosaken dening Nyai Pandhanwangi dhateng Bapa, setunggal kemawon boten wonten ingkang kacicir.

        Bapa ketingal cingak semu gumun mangertos anggen kula sampun dora dhateng Kyai Daka makaten menika. Nanging dereng ngendika menapa-menapa.

        “Saiki mesthine putuku Pradapa durung ngerti ya gene Raden Gunendra nesu-nesu marang Ki Danara nalika Lurahing para siswane Kyai Daka kuwi teka ing kasatriyane Gunendra” Nyai Pandhanwangi ngendika malih, menika katujokaken dhateng kula.

        “Mila leres Eyang” wangsulan kula “waunipun kula namung nginten menawi anggenipun duka Raden Gunendra menika awit taksih gela jalaran kawirangan ing Pendhapa Kalurahan menika, nanging kok inggih ngantos kesangeten, ndudut curiga menapa”.

        “Kuwi ngono kena diarani kapinujon, utawa andelalah saka kersane Gusti Allah” Nyai Pandhanwangi ngendika kalihan mesem “nalika Danara teka ing kasatriyane Raden Gunendra sing ana ing ngarep kasatriyan kuwi selire Raden Gunendra sing jenenge Kaminten, rupane ora sepiraa nanging nduweni suwara sing mencutake, sawijining waranggana kondhang ing tlatah kono. Dening Danara Nyai Kaminten dikira mung rewang lumrah, mula sikepe Danara ya kena diarani degsura ngendelake dumeh dheweke siswane Kyai Daka. Kang mangkono mau, ndadekne Nyai Kaminten ora seneng, mula nalika Danara sansaya gumendung arep nekad nggone kepengin pethuk karo Raden Gunendra, dening Nyai Kaminten banjur diwadulake marang Raden Gunendra sing durung wungu saka anggone sare, kanthi wadulan ana manungsa sing arep sembranan marang dheweke. Mula sakala Raden Gunendra duka yayah sinipi, saupama Danara ora tumuli mlayu mesthi sida klakon dilangga kerise Raden Gunendra tenan. Kamangka tenane tekane Danara kuwi arep madulake lamun Ki Kepuh Agal wis aweh kapitayan marang Ki Pawana, sauntara Danara ora oleh panggonan apa-apa”.

 

Ana candhake

 

Senin, 18 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7.


 

115.

        Kajawi saking menika, kula boten nginten makaten kedadosanipun. Awit kula cariyos dora dhateng Kyai Daka lan Ki Danara, Dening Kyai Daka lan Ki cariyos ingkang ngayawara saking kula menika malah lajeng dipun ewahi sakedhik lan dipun wewahi malih, kados upaminipun salebeting cariyos ngayawara ingkang kula aturaken dhateng Rama Kyai Daka babar pisan boten nyebat sesambetan antawisipun Bapa kalihan Raden Sentani, nanging dening Kyai Daka ingkang lajeng kadhawuhaken dhateng Ki Danara wasana kacariyosaken dhateng Ki Pawana, Bapa Ki Sarkara menika sedherek angkatipun Raden Santani. Langkung dados boten kanten-kantenan malih sareng Ki Pawana ingkang estunipun tiyang lugu lan jujur, lepat ing panampi kawewahan rumaos langkung mangertos tinimbang Ki Danara, nginten manawi Raden Sentani ingkang kacariyosaken Ki Danara dhateng piyambakipun menika Pangeran Bantani ingkang miturut cariyos ingkang dipun pireng saking Ki Pawit, taksih Putra Dalem Sawargi Kanjeng Sultan Pajang. Lan kanthi mireng cariyos saking Ki Pawana menika kula gadhah dudutan menawi Ki Lurah Danara boten nyebataken pasanggrahan Patalan dhateng Ki Pawana.  Kamangka Ki Pawit lan Ki Pawana sampun asring kaparingan ngertos dening Bapa, bilih dumugi titi kalenggahan menika Pasanggrahan Patalan taksih dados klilipipun Sampean Dalem Panembahan Senapati ing Mataram.

        Wonten raos ayem sakedhik ing manah kula, saupami ing benjangipun anggen kula sampun cariyos ngayawara dhateng Kyai Daka menika kadenangan, tartamtu Kyai Daka boten badhe mara-marakaken anggen kula sampun micara dora. Awit anggenipun cariyos Kyai Daka dhateng Ku Danara ingkang dipun lajengaken dhateng Ki Pawana ingkang kapireng Ki Pahang, Ki Pahing lan Ki Tanggon menika boten nyebataken bilih tuking cariyos menika saking kula. Nanging dipun dhaken bilih menika wangsiting Dewa ingkang katampi dening Kyai Daka.

        “Samangke kula sakalangkung tatag anggen kula ngayahi jejibahan minangka suhing Para Bebau ing Kepuh Agal menika Raden” sareng sampun sawatawis sami mendel, Ki Pawana lajeng wicanten malih “awit waunipun kula taksih nguwatosaken dhateng Ki Danara miwah Gurunipun inggih menika Kyai Daka, ingkang sadangunipun menika kula wastani namung lelamisan anggenipun ngabdi dhateng Kepuh Agal. Samangke sampun pikantuk pepajar saking Hyang Agung kanthi wangsit ingkang dipun tampi lan kacariyosaken dhateng kula menika”.

        “Mangke rumiyin Kakang Pawana” kula lajeng suka wangsulan “boten ateges kula nggorohaken cariyos ingkang ndika tampi saking Ki Lurah Danara menika, lan sepisan malih sampun kawastanan kula boten pitados menawi Rama Kyai Daka sampun pikantuk wangsiting Gusti. Nanging kula nyuwun dhateng ndika lan Ki Pahang sarta Paman Pahing menapa dene Paman Tanggon, menawi nyata ndika kabeh niki setya dhateng Kepuh Agal lan tresna dhateng Bapa, sampun ngantos nyuda prayitnaning batin.  Kula aturi emut bilih pejahipun kumbang ingkang nggadhahi kasekten lan mandi entupipun menika namung jalaran jaringing klamat ingkang kapasang dening Kala Mangga ingkang ina. Ugi mugi kaemutana ugi, pejahing laron-laron awit anyaketi diyan teplok inggih kabekta kirang sabaripun laron-laron kala wau nengga wanci siang, temah kapusan sunaring diyan dipun kinten cahyaning surya ing wanci siang”.

        Kula tingali Ki Pahang lan Ki Pawana manthuk-manthuk lan Paman Tanggon menapa dene Paman Pahing ketingal sami mlenggong. Ki Bebau Jangglengan lan Bebau Grojoganngubal ketingalipun sanaos sakedhik saged nyandhak kalihan wangsulan kula, benten kalihan Paman Tanggon lan Paman Pahing ingkang kekalihipun ketingal cetha anggenipun dereng mangertos kalihan kajeng kula kalihan tembung wangsulan menika.

        “Ngaturaken genging panuwun Raden” Ki Pawana lajeng wicanten “sakedhik kula sampun saged mangertos ingkang Raden kersakaken, namung murih boten ngantos tumpang suh anggen kula nglampahi pitedah jengandika menika, kaparenga Raden paring pepajar ingkang langkung cetha malih”.  

“Makaten inggih Kakang” kula lajeng suka pitutur, pitutur menika kula pendhet saking salah satunggaling ungelipun lontar ingkang kula waos ing Gothakaning Bapa “mengsah ingkang julig menika tansah mbudidaya saged ngawonaken mengsahipun mawi sewu cara. Salah satunggaling cara inggih menika mawi lampah nglena mengsahipun nalikanipun mengsah kala wau boten maspapaosaken piyambakipun. Lha murih mengsahipun klena, kathah-kathah sami  mawi caranipun trenggiling ingkang api-api mati. Kula boten ngawisi Kakang Pawana pitados kalihan kojahing Ki Danara menapa dene Rama Kyai Daka, nanging sepisan malih sampun ngantos wonten kedadosan kados perkutut ingkang kapaeka awit puluting bendha ing pikatan”.

“Inggih Raden, ngaturaken genging panuwun” Ki Pawana wangsulan kalihan praupan ingkang bingar, sawatawis Ki Pahang ketingal mesem radi wiyar “sedaya dhawuhipun Raden badhe kula emut-emut”.

“Saiki mangkene Kakang Pawana lan Paman Pahang apa dene Paman Pahing lan Paman Tanggon” kula lajeng wicanten malih “wiwit dina iki aku arep nganggo basa ngoko marang ndika kabeh, awit katone ndika kabeh katon rikuh marang aku nalika aku panggah nganggo basa krama”.

“Boten rikah malih Raden, nanging kula sedaya sami ajrih kenging walat, jalaran boten satrepipun menawi jengandika Raden mawi basa krama nalikanipun ngendika kalihan kula” wangsulanipun Ki Pawana kalihan gumujeng alon lan sedaya ingkang wonten mriku inggih lajeng sami gumujeng “sakalangkung remening manah kula sedaya menawi Raden kersa angoko lan anjangkar dhateng kula sedaya”.

“Nanging aku uga duwe panjalukan marang ndika kabeh” kula nutugaken wicanten “ndika kudu bisa mujudi kang dadi panjalukku iki mengko”.

“Raden ngersakaken menapa, kula sedaya saestu kanthi remening manah badhe mbudidaya mujudaken menapa ingkang jengandika kersakaken” wangsulanipun Ki Pawana dhadhag.

“Aku lan Bapa padha ayomana aja nganti bisa dititik dening wong-wong sing ora seneng lan nedya gawe cilakaku apa dene Bapa” kula nutugaken wicanten “dene carane, sikep ndika aja owah karo padatan, lire padha cakna sikep kaya sadurunge ndika jagongan karo Ki Danara mau awan. Aja pisan-pisan ndika ngundang aku mawa sebutan sing neka-neka, yen maune ndika nyebut aku kathi sebutan Adhi utawa Gus, aja padha ndika ganti nganggo sebutan Raden. Samono uga sawanci-wanci Bapa rawuh, aja diowahi anggone ngaturi sebutan marang panjenengane. Cekake ndika kabeh kudu bali nduweni sikep marang aku lan Bapa kaya sadurunge tekane Ki Lurah Danara menyang Jangglengan mau awan”.

“Nanging menika rak inggih saged dipun wastani degsura ta Raden? Menawi kula kenging walat kadospundi?” Ki Pahang ingkang wiwit wau mendel kemawon, dumadakan pitaken langkung rumiyin.

“Paman Pahang kudu bisa mbedakne endi sing diarani degsura lan endi sing dudu” wangsulan kula kados tiyang srengen nanging mawi swanten sabar “ndika kena diarani degsura kuwi yen nedya ngremehake wong sung kudune ndika ajeni, nanging yen ndika nuruti panjaluke wong sing njaluk pangayoman marang ndika, kuwi ora jeneng ndika nindakne laku degsura sanajan upamane kanggo ngayomi wong mau kudu ndika singidne ing ngisoring palungguhan ndika. Ngerti Paman?”.

“Inggih Gus, kula ngertos” wangsulanipun Ki Pahang kalihan manthuk-manthuk.

“Kapeksa kula ingkang ngewahi Gus” Ki Pawana gentos ingkang wicanten kalihan mesem “kula boten badhe wani malih ngaturi jengandika mawi sebatan Adhi, kula boten metang menika kalebet degsura menapa boten, ingkang baken kula ajrih ngaturi jengandika Gus Pradapa mawi pangundang Adhi”.

“Iya Kakang, aku ngerti kuwi” wangsulan kula ugi kalihan mesem.

Sareng sampun sawatawis dalu, tiyang sekawan menika lajeng pamitan badhe wangsul. Kula inggih lajeng mlebet dhateng griya wingking. Kraos pegel ing badan, kula kepengin enggal-enggal mapan tilem. Nanging nalika kula badhe ngeremaken mripat, kraos angel sanget. Raos kuwatos ing salebeting manah awit anggen kula wicanten dora dhateng Rama Kyai Daka ingkang pranyata dados ngambra-ambra boten kantenan makaten kala wau, ndadosaken manah kula boten jenjem. Awit saking menika lajeng ing angen-angen wiwit pados cara ingkang badhe kula cakaken benjing menawi anggen kula ngapusi Rama Kyai Daka menika ngantos kadenangan.

Nanging ngantos kepirenging suwanten rijalullah, panggah dereng pikantuk wangsulan pitakening manah cara menapa ingkang kedah kula lampahi. Dumadakan, kula mambet wonten ganda arum mangambar ngebaki senthong papan patileman kula. Boten kraos wulu-wulu wiwit mrinding, githok dados mengkorog, jantung kraos dheg-dhegan. Awit ganda arum menika benten kalihan gandaning sekar ingkang wonten ing pekaranganing dalem kalurahan menika, nanging aruming sekar Pandhan ingkang limrahipun tuwuhipun ing satepining lepen. Langkung kraos miris malih salebeting manah sareng dumadakan diyan senthir ing ajug-ajug pejah katiyup ing angin dalu.

“Pradapa aja kaya bocah cilik sing gampang wedi marang apa-apa sing ora cetha” dumadakan kepireng suwanten alus lan sekeca dipun mirengaken ing kuping, suwantenipun tiyang estri “ana perkara sethithik sing kudu tak rembug karo sliramu wengi iki”.

“Sapa kowe he? Lan perkara apa sing arep mbok kandhakne marang aku?” kanthi suwanten radi kedher kula wantun-wantunaken taken dhateng ingkang nyuwanten dhateng kula menika.

“Aja degsura sliramu Pradapa!”  suwanten kala wau wangsulan, samangke kapireng kados suwantenipun tiyang ingkang srengen, nanging panggah kapireng sekeca dipun mirengaken “aja takon neka-neka, ayo  tak enteni sliramu ana Sanggar papan kanggo manembahe wong tuwamu”.

Kados gudel kineluhan, kula tangi saking anggen kula ngglethak, lajeng grayah-grayah medal saking senthong badhe dhateng sanggar ingkang padatan kaagem Bapa kangge nindakaken panembah dhateng Gusti sedinten kaping gangsal lan kawewahan meh saben dalu Bapa katrem ing papan menika.

Sasampunipun kula dugi ing sanggaripun Bapa, kula radi kaget, awit Bapa sampun wonten mriku, ketingal lenggah amarikelu mandhep priyantun estri ingkang sakalangkung sulistiya warninipun, ingkang lenggahipun watawis kaot gangsal jangkah saking papanipun Bapa lenggah.

“Kene Pradapa!” Pawestri ingkang sulistya menika wicanten kebak wibawa lan kula taksih apal kalihan suwanten menika, inggih suwanten ingkang kala wau wicanten ing senthong patileman kula “linggiha ing sisihe Ki Sarkara wong tuwamu sing sejati kuwi”.

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...