Total Tayangan Halaman

Senin, 25 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (122)


 


122.

        Dalu menika Bapa ketingal saged sare kanthi pules, babar pisan boten kepireng anggenipun ngeses menapa malih sambat. Ingkang makaten menika ndadosaken kula lan para Bebau ingkang nenggani sami kraos ayem. Malah kula kober kengkenan Paman Genter murih suka pasegahan dhateng para Bebau kangge kanca jejagongan lan wungon ing sanggaripun Bapa menika. Lan Para Bebau inggih kanthi sekeca sami ngrahabi unjukan wedang jahe kalihan Uwi Senggani ingkang dipun godhog. Nalika wanci ngancik sapratiganing dalu ingkang kantun, Bapa wungu nanging boten ngendika menapa-menapa, malah lajeng sesuci mawi lebu suci, lajeng nindakaken lampah panembah dhateng Gusti sanaosa inggih kalihan sasmita kemawon. Lan nalika bang-bang wetan sampun ngetingal, Bapa wungu malih lan kados wau nindakaken sesuci lan lampah panembah. Para Bebau inggih lajeng sami pamitan badhe wangsul ing griyanipun piyambak-piyambak.

        Ing siyangipun para rewang ing dalem kalurahan, katimbalan dening Bapa murih marak ing papanipun sarean. Dhumateng para rewang menika, Bapa mundhut pangaksami menawi sadangunipun para Rewang menika suka pambiyantu dhateng Bapa lan kulawarga dalem Kalurahan, Bapa dereng saged paring pituwas ingkang jumbuh kalihan lelabetanipun para rewang kala wau. Bapa ugi dhawuh nedha nrima lan ndedonga dhumateng Gusti, mugi-mugi pagesanganipun para rewang lan kulawarga sarta turun-turunipun kaparingan karahayon, kabegjan lan kamulyan dening Gusti Ingkang Maha Mirah. Sedaya rewang ingkang mireng dhawuh pangandikanipun Bapa makaten menika sami boten kiyat ngampet raosing manahipun piyambak-piyambak, sedaya sami trenyuh manahipun lajeng sami nangis sanaosa boten ngedalaken suwanten kajawi namung sesenggrukan. Dening Bapa para rewang ugi kaparingan pitutur murih pinter lila lamun kelangan ora gegetun, nrima yen kataman sak serik sameng dumadi legawa pasrah dhateng purbaning Kawasa.

        “Aku lan ndika kabeh kuwi satemene ora beda” makaten antawising pitutur saking Bapa dhumateng para rewang dalem kalurahan “nanging padha. Tegese, aku lan ndika kuwi ing ngarsaning Gusti padha olehe bodho, padha olehe mlarat, padha olehe asor, padha olehe mung dadi kawulane Allah. Awit satemen-temene kapinteran, kasugihan, kalungguhan lan sapiturute kuwi kabeh kagungane Allah awake dhewe lan titah liyane mung sadrema kapanggonan utawa katitipan murih digunakne kanggo sangu nglakoni urip ing alam padhang iki supaya bisa nindakne kabeh kuwajibaning titah marang Gustine. Lan ing mbesuke, kabeh titipan kuwi bakal dilandrat kaya apa anggone titah nanjakne titipan mau, yen becik anggone nanjakne mangka bakal thukul ganjaran sing agung dene yen olehe nanjakne mung nggugu kersa priyangga kang tinuntun dening hawa nafsu sing ucul saka kekeran, mangka ya bakal ana pidanane. Mula sepisan maneh aku njaluk pangapura saka ndika kabeh, awit aku nglenggana nggonku ngecakne titipan sing tak tampa mligine kang tumanduk marang ndika kabeh, isih akeh luput lan kurange, ya muga-muga wae pangapura saka ndika mengko bisa nyuda pidana saka Gusti Kang Maha Asih. Sabanjure, ndika kabeh kudu taksah eling yen jejering titah kuwi meh kaya sarah kang ana ing segara, lakune mung manut marang ilining banyu. Nalika Gusti ngersakne manungsa lahir, mangka iya ora ana sing bisa mambengi supaya ora sida lahir, samono uga nalika Gusti ngersakne manungsa mati lan bali marang mula-mulane, mangka digedhongana dikuncenana tan wurunga manungsa bakal mati. Ora ana titah sing ngaweruhi kapan tumibane pesthi, embuh aku dhisik embuh ndika dhisik, anggone kapundhut bali. Mula becike ayo aku lan ndika padha prasetya ing jeroning atine dhewe-dhewe, gelema sing kapundhut keri ndongakne sing kapundhut luwih dhisik, murih bisa lepas lakune, padhang dalane katampa sowane lan kapapanake ing papan kang jumbuh karo lelabuhan sing dicakne nalika uripe”.

        Sedaya ingkang sami mireng pututuring Bapa, kalebet kula, lajeng sami nginggihi sinartan luh ingkang terus kumucur saking mripat.

        Trus ginelak ujaring tiyang ndongeng, ing wanci dalunipun Ki Pawit lan para Bebau ingkang kala dalu kadhawuhan dening Bapa murih dugi ing sanggar, sedaya sampun sami dugi. Kados ingkang kaaturaken Ki Pawana, dugi dalu menika Ki Danara dereng dugi saking anggenipun kesah, dados inggih boten tumut ngadhep ing ngarsanipun Bapa. Kados kala wingi, kula inggih lajeng ngatag Paman Genter murih suka pasegahan dhateng para ingkang sami dugi kados pasegahan kala wingi.

        “Kakang Pawit lan kadang Bebau kabeh” mawi suwanten ingkang alon nanging cetha Bapa wiwit ngendika “ora krasa jebul wis suwe anggone awake dhewe bebarengan labuh kanggo Desa Kepuh Agal iki”.

        “Inggih Ki Lurah” ingkang atur wangsulan Ki Pawit, sawatawis para Bebau taksih sami mendel “upami boten sok sumerep putu-putu kula ingkang sampun sami gemrayah makaten, kula inggih boten kraos menawi sampun dangu anggen kula ndherek ngayom ing Dhusun Kepuh Agal menika”.

        “Sing bener kuwi ora Kakang Pawit sing ngayom ing Kepuh Agal, nanging Kakang Pawit kuwi salah siji saka cikal bakal saka Desa Kepuh Agal iki, Genah nalika awake dhewe saka sangkan sing beda banjur kepethuk ing papan iki, gapyuk dadi sedulur kanthi janji sajroning ati bakal sabaya pati bebarengan yasa Desa sing maune isih wujud alas kaya ngana kae. Dening sing nggelar lakon, aku kapasrahan nglurahi ndika sakanca sing saiki akeh sing wis padha kapundhut dening Kang Gawe Urip lan ndika kajibah anyengkuyung apa kang dadi kuwajibanku. Dadi saupama ora ana ndika lan kanca-kanca, nglengkara aku bisa dadi Lurah ing Desa iki” Bapa gentos paring wangsulan, ngleresaken  jejeripun Ki Pawit ing Kepuh Agal ingkang boten namung tiyang ngayom, lajeng kasaambet ngendika bab sanes “nanging anggonku nekakne ndika lan para Bebau iki ora arep tak jak ngrembug lelakon sing wis kawuri kuwi”.

        “Inggih Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawit “sumangga kadhawuhna, kula badhe mirengaken saha sasaged-saged badhe nglampahi menapa ingkang dados dhawuh jengandika”.

        “Iya Kakang” Bapa lajeng paring dhawuh malih “ndika sing ana kene rak wis padha weruh nek lungaku nalika samana jalaran nindakne jejibahan sing kudu tak rampungne, jejibahan winadi sing mung bisa tak lakoni dhewe. Nanging kanyatane durung kongsi rampung nggonku nindakne jejibahan winadi kuwi, kedadak aku dadi lara kaya mangkene iki…..”.

        “Inggih Ki Lurah” Ki Pawit nigas rembag “mugi-mugi Gusti enggal paring waluya dhateng Ki Lurah lan saged ngrampungaken jejibahan winados menika”.

        “Ora mangkono Kakang” Bapa paring wangsulan “aku wis ora kuwawa ngrampungne jejibahan winadi kuwi, tenagaku wis entek lan wektuku ya wis ora ana maneh kanggo kuwi. Nanging isih ana cara kanggo ngrampungake jejibahan winadi kuwi. Mula anggonku nekakne ndika lan para Bebau iki mau, ora liya arep tak jak andum gawe murih kabeh jejibahanku minangka Lurah Kepuh Agal bisa ketandangan kanthi sabecik-becike”.

        “Menawi makaten kula namung saged ndherek menapa ingkang jengandika dhawuhaken Ki Lurah” aturipun Ki Pawit ingkang lajeng noleh dhateng Bebau sekawan ingkang lenggahipun mlempak sing sakeringipun Ki Pawit, kalihan wicanten “ndika kabeh rak ya padha karo sing tak aturne iki mau ta Ki Bebau kabeh?”.

        “Inggih Ki Pawit” Bebau Sambirobyong, Grojoganngubal lan Bebau Sidadadi sami wangsulan sesarengan. Sawatawis Ki Bebau Jangglengan namung manthuk tanpa nyuwanten.

        “Sampun Ki Lurah” Ki Pawit lajeng matur dhateng Bapa “samangke kaparenga jengandika paring dhawuh menapa ingkang kedah kula lampahi?”.

        “Iki ngene Ki Pawit” Bapa lajeng ngendika malih “gandheng kahananku saiki isih kaya ngene, embuh apa sing bakal dumadi sawise aku lara iki, lire bisa bali waras apa bali marang sing Kagungan Urip, aku ora ngerti, mung wae sing arep tak kandhakne mengko, tak jaluk padha ditindakne. Kang kapisan perkara jejibahan sing mung aku dhewe sing weruh wujude, dina iki tak pasrahake marang anakku lanang Pradapa. Pradapa wis tak jarwani apa sing kudu ditindakake. Tak jaluk ora ana sing cuwa lan gela awit jejibahan iki tak wenehake marang anakku dhewe, jalaran pancen mung Pradapa sing nduweni sarat bisa nglakoni jejibahan iki”.

        “Inggih Ki Lurah” Ko Pawit atur wangsulan “kula pitados sampun satrepipun menawi jejibahan winados menika manawi kapasrahaken dhateng Gus Pradapa. Lan kula ugi pitados sanget, bilih Gus Pradapa tamtu boten badhe anguciwani”.

        “Inggih Ki Lurah, kula nggadhahi pamanggih ingkang sami kalihan pamanggihipun Bapa menika kala wau” Ki Pawana, Bebau Jangglengan ugi ngaturaken pamanggihipun.

        “Samanten ugi kula Ki Lurah” Bebau Sambirobyong, Bebau Sidadadi lan Bebau Grojoganngubal ndherek matur sesarengan.

        “Aku banget nedha nrima marang ndika kabeh awit wis percaya marang anakku Pradapa kanggo nindakane jejibahan iki, mula dhawuhku marang Pradapa kasep-kasepe patang puluh dina sawise dina iki, kowe kudu wis budhal nindakne jejibahan iki” Ngendikanipun Bapa ingkang lajeng paring dhawuh dhateng kula.

        “Inggih Bapa” kula wangsulan cekak.

        “Sabanjure kang kaping pindho” Bapa paring dhawuh malih “gegayutan karo jejibahanku minangka Lurah Kepuh Agal sing ora ngemu wewadi. nDika kabeh kudu ngerti yen Sarkara iki menungsa lumrah, sing sawayah-wayah bisa mati. Nanging yen jenenge Lurah Kepuh Agal nganti kapan wae ora bakal bisa mati. Matine Lurah Kepuh Agal bareng karo ilange Desa Kepuh Agal dhewe. Kan sadurunge Lurah Kepuh Agal budhal lunga nindakne jejibahan winadi nalika samana, Lurah Kepuh Agal wis napak astani layang sing isine parentah marang Ki Pawana supaya nindakne jejibahan Lurah lan ngesuhi para Bebau sa Desa Kepuh Agal, Layang parentah kuwi ora winatesan wektune nganti suk kapan. Dadi embuh apa sing bakal kedadeyan tetepa Ki Pawana nindakne jejibahan kuwi kanthi sabecik-becike, lan sawayah-wayah Sarkara tumekeng janjine bali marang Gustine, Ki Pawana wenang nganggo sebutan Ki Kepuh Agal Kapindho ya iku Lurah Kepuh Agal sawise Ki Sarkara”.

        “Mangke rumiyin Ki Lurah……” meh sareng Ki Pawit lan Ki Pawana ngangkat tanganipun badhe nyelani dhawuhipun Bapa.

 

 

Ana candhake

Minggu, 24 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (121)


121.

        Lan sasampunipun menika, Bapa ketingal sansaya ringkih lajeng mapan sare wonten ing pasujudan. Kula nggagas, menawi kala wau Bapa ngendika, dening ingkang paring pitulungan dipun criyosi taksih wonten wekdal kangge ngusadani gerahipun ingkang jalaran kenging racun ingkang wonten ing gadanipun begal menika, watawis sekawan dinten. Nanging dhateng pundi anggen kula badhe pados usada kala wau? Rumiyin Bapa nate paring dhawuh mbudidaya menika kuwajibaning titah, dene kasil lan botenipun menika wewenanging Gusti Allah. Inggih awit saking menika tumunten tuwuh sedya ing manah kula badhe ngupadi jampi kangge ngusadani Bapa. Duka dhateng pundi mangke anggen kula badhe madosi.

        “Pradapa…..” kalihan sarean Bapa nimbali kula.

        “Inggih Bapa?” kula atur wangsulan.

        “Sajroning wektu telung dina iki aku aja mbok tinggal adoh-adoh” ngendikanipun Bapa kalihan suwanten ingkang alon lan pedhot-pedhot kabekta saking napas ingkang katingal sesak “aku ngerti nek kowe arep metu saka omah saprelu nggolekne tamba aku, nanging kuwi wis ora ana gunane. Pesthine uripku katone ya mung tekan semene, dadi ya ora kacek adoh karo Biyungmu. Mula tak jaluk kowe sing rila lan legawa, jalaran pati lan urip kuwi kagungane Allah, awake dhewe teka ing donya iki asale saka Allah lan yen wis wancine kudu bali marang Allah. Ora liwat sapungkurku aja nganti kowe ninggalne panembahmu marang Gusti, aja seneng kowe gawe seriking sapepadhane wong, nggedhekna watak dhemen tetulung lan aja pisan-pisan kowe mbedak-mbedakne wong. Kabeh kuwi titahing Gusti sing kudu mbok aji-aji, yen kowe dhemen ngremehake titahing Gusti padha wae kowe dhemen ngremehake marang Allah. Sejatining satriya kuwi ora bakal kanggonan rasa gething ing atine, sanadyan marang mungsuh pisan ora bakal gething, awit temene sing ala kuwi dudu manungsane nanging hawa nepsu sing ucul saka kekeraning ati”.

        “Inggih Bapa, dhawuhipun Bapa badhe tansah kula damel paugeraning gesang kula” kula atur wangsulan, gandheng kula rumaos boten wantala ningali kawontenanipun Bapa ingkang sansaya ringkih, kula lajeng matur “samangke Bapa ngaso kemawon rumiyin…..”.

        “Iya, aku pancen arep leren” Bapa taksih ngendika malih “nanging aku ngenteni wektu ilange mega abang ing sisih kulon dhisik, yen wis aku arep sesuci mawa lebu kang suci jalaran aku wis ora kuwat tangi. Yen wis nindakne sembahyang, aku banjur arep leren kowe dhewe ya lerena”.

        Saestu, sasampunipun nindakaken panembah ing wanci dalu, Bapa lajeng sare. Sanaosa ketingal sansaya pucet pasuryanipun, nanging ambeganipun kapireng sampun radi aring, kados limrahipun tiyang ingkang nembe tilem. Manah kula inggih kraos radi ayem. Lan wiwit wekdal menika, Bapa boten ngendika menapa-menapa malih, ewa samanten saben wancinipun manembah mesthi lajeng mbikak netranipun, sesuci mawi lebu ingkang tumempel ing papan sarenipun lajeng sembahyang, sasampunipun sembahyang inggih lajeng sare malih.

        Kalih dinten sasampunipun Bapa rawuh kanthi kawontenan gerah ingkang kados makaten menika, ing wanci ngasar inggil Ki Pawana madosi kula ing Dalem kalurahan. Ki Bebau Jangglengan dereng mangertos menawi Bapa sampun rawuh. Sareng kula criyosi manawi Bapa sampun rawuh lan nandhang gerah ingkang santer, lan kula takeni menggah ingkang dados sedyanipun madosi kula menika. Ki Pawaba lajeng wangsulan :

        “Inggih Gus, estunipun kula badhe matur bab anggenipun Tanggon lan rencang-rencangipun kepengin gladhen ulah kanuragan ing sajawining sanggaripun Kyai Daka kados ingkang sampun dipun aturaken dhateng Gus Pradapa watawis sapeken kapengker. Nanging gandheng samangke Ki Lurah sampun rawuh lan nembe gerah, prayogi rembag babagan menika dipun sumenekaken rumiyin, benjing kemawon menawi Ki Lurah sampun dhangan saged dipun rembag malih kanthi langkung mirunggan”.

        “Iya Kakang Pawana” wangsulan kula nayogyani “bares wae, dina iki atiku lagi peteng, pamikirku kuwur, dadi saupama ndika ajak rembugan babagan kang wigati ya ora bisa”.

        Boten dangu Ki Pawana ugi lajeng pamitan wangsul. Dalunipun, Ki Bebau Jangglengan menika dugi malih nanging boten piyambakan, sedaya Bebau kajawi Bebau ing Sidamulya sami dipun ajak.

        “Nyuwun pangapunten Gus” wicantenipun Ki Bebau Jangglengan sareng kula panggihi ing pendhapa “sareng kanca-kanca Bebau kula kabari bilih Ki Lurah sampun kundur nanging nembe gerah, sedaya sami nyuwun palilah badhe ndherek tugur anenggani gerahipun Ki Kepuh Agal”.

        “Iya, iya Ki Bau, aku banget nedha nrima marang ndika kabeh sing arep ngancani aku melekan nunggoni Bapa sing lagi gerah” wangsulan kula ingkang lajeng kula sambung mawi pitaken “gajege iki wis pepak, mung Ki Lurah Danara sing ora katon?”.

        “Inggih Gus” ingkang wangsulan Bebau Sambirobyong, Ki Sambi “wau siyang nalika kula dhateng Sidamulya, Lurah Danara nembe boten wonten griya, lajeng pas kula badhe bidhal mriki wau kober kula ampiri malih, nanging inggih dereng wangsul. Criyosipun Nyai Bau Sidamulya, Ki Lurah Danara nembe kekesahan radi tebih kalihan para siswanipun Kyai Daka ingkang manggen ing griya sawingkinging Sanggar , mbok menawi tigang dinten utawi sapeken nembe wangsul”.

        “Ooo, ngono? Ya wis tak kira nek ana pasarujukan arep nilap Ki Lurah Danara” wangsulan kula kalih mesem. Kula lajeng kengetan wicantenipun Paman Tanggon ingkang nelakaken sujananipun dhateng siswa-siswanipun Kyai Daka ingkang enggal lan dipun damelaken griya ing sawingkingipun sanggar. Siswa-siswa ingkang nggadhahi watak kirang sae, remen wicanten kasar lan saru saha nggadhahi solah bawa ingkang tebih saking tata krami.

        “Boten kok Gus” ingkang wangsulan gentos Ki Pawana, Bebau Jangglengan “badhea kados menapa Ki Danara menika tetep karengkuh dening sedaya Bebau minangka mitra kangge leladi dhateng Kepuh Agal menika”.

        Bebau sekawan kala wau lajeng kula ajak mlebet dhateng sanggar, papanipun Bapa sare. Kula lan Bebau sekawan kala wau sampun mbudidaya murih boten ngedalaken suwanten anggenipun mlebet ing salebeting Sanggar, nanging jebul Bapa nuju boten sare. Dados inggih pirsa menawi para Bebau sami dugi mriku.

        “Pradapa, sapa sing wis aweh kabar marang para Bebau iki mau?” Bapa ndangu kula mawi suwanten alon nanging boten pedhot-pedhot, awit napasipun sampun boten menggeh-menggeh malih.

        “Kala wau siyang Ki Jangglengan mriki Bapa” atur wangsulan kula blaka “lajeng kula warah menawi Bapa sampun kundur, namung kemawon samangke nembe gerah”.

        “Pangabekti kula katur, Ki Lurah” Bebau Jangglengan nyambung atur kula kalihan ngaturaken bekti “nyuwun pangapunten, kula boten mangertos menawi Ki Lurah sampun kundur lan jebul gerah”.

        “Iya, Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Bapa kalihan mesem pait “wis rong dina aku tekan omah, marahi ya raga wis tuwa, katone aku iki kekeselen, embuh piye, kok banjur dadi kaya ngene?. Piye sasuwene tak tinggal iki?  Mesthine kabeh wis bisa ndika cukupi ta?”.

        “Inggih awit pangestunipun Ki Lurah saha saking panyengkuyungipun para kadang Bebau sedaya, para sapukawat lan sesepuh Kepuh Agal, tuwin awit pambiyantunipun Gus Pradapa, jejibahan ingkang kaparingaken dhateng kula saged kula lampahi kanthi sae, Ki Lurah”  atur wangsulanipun Ki Pawana.

        “Sokur ta yen ngono Ki Bau” Bapa ngendika malih “malah gaweyan sing tak tandangi sing isih nisa sethithik, ya kapan-kapan kareben dirampungne Pradapa. Ki Bau isih eling karo unine layang sing wis tak tapak astani perkara jejibahan sing saiki ndika ayahi kuwi?”.

        “Inggih Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawana.

        “Layang kae ora ana wates kanggone, kamangka saiki aku lagi lara kaya ngene iki, lan sawise lara apa aku bali waras apa banjur nusul Nyai Lurah rak ora ana sing ngerti ta?. Mula kuwajiban ndika ya kaya sing kamot ing layang kae, Ki Bau Jangglengan” .

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Pawana “kula pitados Ki Lurah boten dangu malih tamtu sampun waluya jati kados nalika Ki Lurah badhe jengkar nilar Kepuh Agal ngayahi jejibahan winadi nalika samanten”.

        “Matur nuwun Ki Bau” Bapa ngendika malih “kabeh wong lara mesthi kepengin lan mbudidaya murih bisa waras maneh, nanging Krodhaning ati tan kuwawa mbedhah kuthaning pesthi, pambudidayaning titah winatesan tekdiring Gusti Allah. Mula mbok menawa isih dikeparengake dening Sing Maha Wenang, aku kepengin rembugan sethithik karo Ki Pawit lan Para Bebau ing Kepuh Agal kabeh. Mula aku njaluk tulung marang ndika Ki Jangglengan, sesuk bengi sawise mega abang ing sisih kulon ilang Ki Pawit aturana tindak mrene lan Para Bebau kabeh uga tak jaluk padha teka”.

        “Inggih Ki Lurah ngestokaken dhawuh” wangsulanipun Ki Pawana ingkang lajeng kasambet “menika sedaya kadang Bebau ugi sampun mireng piyambak dhawuhipun Ki Kepuh Agal, namung Ki Danara ingkang dereng mireng. Miturut kabar ingkang kula tampi, dinten menika Ki Bebau ing Sidamulya nembe kekesahan radi tebih, ambok bilih ngantos tigang dinten menapa sepeken nembe wangsul. Awit saking menika, menawi Ki Danara benjing boten saged ndherek sowan mriki, mugi Ki Lurah kepareng paring pangaksami”.

        “Iya Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Bapa “saupama Danara ora bisa teka kene, embuh wonge lunga durung bali, embuh merga lagi aras-arasen, ya ora apa-apa, bares wae aku ora pati mbutuhake Danara nanging aku banget mbutuhake pambiyantu saka Ki Pawit lan ndika kabeh Bebau Kepuh Agal sing saiki ana kene iki, mula sepisan maneh aku njaluk sesuk padha mrenea”.

        “Inggih Ki Lurah, sendika ngestokaken dhawuh” Bebau Sidadadi, Sambirobyong, Grojoganngubal lan Bebau Jangglengan sareng-sareng atur wangsulan.

        “Saiki aku arep leren, ndika kabeh nek arep ngancani Pradapa ana kene, aja mung padha meneng-menengan, ndika aja samar lan aja padha rikuh pakewuh, lerenku ora bakal keganggu merga suwara ndika kabeh. Yen ana perkara sing kudu dirembug, padha rembugen wae sepisan maneh aku ora bakal keganggu dening suwara rembugan ndika”.

        Bapa lajeng kendel, netranipun dipun tutup lajeng sare malih. Suwanten napasipun cetha nedahaken menawi Bapa mila estu sampun sare.

 

Ana candhake
 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (120)


 

120.

        Lan taksih kathah malih anggenipun Bapa paring piwucal menggah ingkang dados sarat tumraping tiyang ingkang badhe suwita dhateng Ratu. Lahir baton sedaya dhawuhipun Bapa kula sagahi, boten kesupen kula ugi tansah nyuwun donga lan pangestu dhateng Bapa mugi anggen kula badhe suwita dhateng Mataram menika mangke saged damel kasaenan tumrap nagari ingkang badhe kula suwitani, saha tinampi minangka sarananing panembah kula dhateng Gusti Ingkang Maha Agung.

        “Sokur yen kowe isih eling Pradapa” ngendikanipun Bapa salajengipun “tata gelar dadi abdining Ratu kuwi masrahake jiwa lan ragane marang sing dikawulani, nanging satemene kuwi mung sarana ngawula marang Gusti Kang Murbeng Urip, jalaran mapan Ratu iku kapiji dening Hyang Agung marentahaken kukum adil ing lumahing bumi, mula Gusti Panembahan ing Kutha Gedhe Mataram kae ngagem sebutan Kalipatullah, tegese mung wewakiling Allah kang kadhawuhan mangarsani manungsa murih memayu hayuning jagad saisine”.

        “Inggih Bapa” kula namung wangsulan cekak.

        “Sabanjure, sawuse iket pratandha saka Mataram kuwi mbok tampa, saiki gawenen sabukan, tutupana nganggo klambi sing mbok enggo kaya kang wis tak tindakne mau. Prelune ora saben wong bisa weruh yen kowe nggawa pratandha saka Mataram. Sabab yen nganti konangan wong liya yen kowe nggadhuh iket gadhung kuwi, bisa ndadekne ora becike tumrap sing weruh lan tumrap awakmu dhewe” Bapa nglajengaken anggenipun paring dhawuh.

        “Inggih Bapa” wangsulan kula kalihan nglampahi menapa ingkang dipun dhawuhaken Bapa, iket kula candhak lajeng kula ubetaken ing bangkekan kados dene sabuk. Nanging saderengipun kula tutupi mawi rasukan, Bapa lajeng paring dhawuh malih :

        “Saiki, Keris Kyai Pantek iki, slempitna ing lempengmu sing wis mbok sabuki nganggo iket kuwi mau”.

        Keris Kyai Pantek lajeng kula pendhet, dhawuhipun Bapa kula cakaken.

        “Wiwit dina iki” Bapa nglajengaken paring dhawuh “kaslametane Kyai Pantek wis dadi tanggung jawabmu. Aja kongsi ucul banjur dikuwasani sapa wae kajaba awakmu. Kaya weling sing wis wola-wali tak kandhakne, yen nganti kowe rumangsa ora bisa maneh ngreksa Kyai Pantek, mangka kundurna pusaka kuwi marang ingkang kagungan kanthi sarana larungen ing telenging Sendhang Ngiyom”.

        “Nuwun sewu Bapa” kula sumela atur “kula nate mireng bilih Dhuwung Kyai Pantek menika sipat kandeling Dhusun Kepuh Agal, menawi kula siyos bidhal ngabdi dhateng Mataram menapa Dhuwung menika kedah kula kunduraken dhateng Bapa malih?”.

        “Ora!” Bapa paring wangsulan “Keris kuwi pancen minangka Sipat Kandel kanggo aku sasuwene aku ngesuhi Desa Kepuh Agal iki, supaya wong sing arep ngregon-ngregoni lakuku nindakne kuwajiban minangaka lurah bisa tak atasi nganggo Keris kuwi. Saiki aku wis ora mbutuhake apa-apa maneh, jalaran jejibahanku marang Kepuh Agal,  sing tak emban iki wis meh purna, mung kari siji ya iku mbudidaya murih Kyai Pantek aja nganti tumiba lan dikuwasani dening tangane wong sing ora bener, awit bisa gawe bubrahe Desa lan Kawula ing Kepuh Agal kene”.

        “Nyuwun pangapunten Bapa” raosing manah kula boten sekeca nalika kula mireng Bapa ngendikakaken bilih jejibahanipun dhateng Kepuh Agal sampun badhe purna, kula lajeng nyuwun pirsa menapa ingkang dipun kersakaken Bapa kalihan tembung menika “kula rumaos dereng mangertos kalihan kersanipun Bapa menika”.

        “He he he” Bapa gumujeng alon, lajeng ngendika “saiki rungokna, arep tak wangsuli pitakonmu sing mau durung tak wangsuli mau, ya iku ana lelakon apa dene aku bali ora nunggang Si Gombak malah awakku dadi kaya mangkene iki, mlaku wae dadi rekasa, ambegan ya ora longgar ngene iki”.

        “Inggih Bapa”

        “Tenane, aku bisa tekan omah maneh iki wae wis mujudne sawijining kanugrahan sing tanpa upama gedhene, lan aku banget ngunjukne rasa tarima kasih marang Allah. Jalaran kanthi lelantaran salah sawijining kawulaNe, aku isih diparingi kalodhangan bisa ketemu karo kowe lan aweh weling kaya sing wis tak kandhakne ing ngarep”.

        “Inggih Bapa”

        “Dene cethane lakon kaya mangkene :

        Nalika budhal bali saka Mataramm atiku krasa seneng sing tanpa upama, awit anakku lanang bakal katarima suwita ing Dalem Kepatihan. Mula anggonku nggelak lakune Si Gombak ya rada tak sengka, awit aku daya-daya selak kepengin nekakne warta gembira iki marang anakku lanang ya kowe kuwi Pradapa.

        Nanging jebul ana dalan ana alangan, ya kuwi sawise olehku ninggalne Kutha Gedhe oleh telung dina. Ing sawijining alas, adoh sawetane Kadipaten Pajang, sing aku ora ngerti jenenge alas apa, ya kuwi manggone ana sukuning Gunung Lawu sisih lor, sing ing kono akeh jurange sing jero lan mbebayani tumrap sing padha liwat kono. Dumadakan aku dicegat dening wong pirang-pirang sing ngadhang ana tengahing dalan. Mesthi wae, aku banjur mandheg, mudhun saka gigiring Si Gombak.

        “Nuwun sewu Kisanak, kaparengna kula badhe ndherek langkung” karo nuntun Si Gombak aku nembung njaluk palilah arep liwat.

        “Mengko dhisik Kisanak” salah siji saka wong sing ngadhang laku kuwi wangsulan karo takon “ndika iki sapa? wong saka ngendi? arep menyang ngendi? Teka wani-wani ngambah laladan sing dadi wewengkonku he?”.

        “Nyuwun pangapunten Kisanak, nami kula Sarkara tebih saking Dhusun Kepuh Agal, menika kula badhe wangsul, inggih nyuwun pangapunten, kula boten mangertos menawi laladan menika wewengkon ndika. Nanging kula boten gadhah sedya awon, namung kepengin badhe ndherek nglangkungi papan menika kemawon”.

        “Kepuh Agal?” Wong mau semaur karo rada nggetak “Kepuh Agal kuwi ngendi? Lagi iki aku krungu jeneng desa Kepuh Agal!”.

        “Mila menika Dhusun enggal Ki Sanak” aku wangsulan karo nyabarake ati, ora ana gunane sulaya rembug karo wong liya ing tengah dalan ngene iki “saking mriki watawis lampahan kalih dinten kalih dalu”.

        “He he he …..Adoh nek ngono?” wong mau ngguyu sajak ngece “ya wis ndika mbalik wae golek dalan liya, aja liwat wewengkonku kene, wewengkonku iki ora kena diliwati sapa wae!”.

        “Menawi makaten kula kedah mbalik Kisanak?” aku takon karo suwara tak gawe sareh “menawi kapareng mbok inggih kula dipun tedahi margi sanes ingkang saged kula langkungi”.

        “nDika arep liwat ngendi wae aku ora arep menging, waton ora ngliwati sing dadi panguwasaku. Ngerti?”  tak takoni apik-apikan ngono kuwi wong mau malah semaur karo nggetak, mripati wiwit mlilik. Aku ya wiwit nggagas nek wong-wong kuwi mesthi bangsane brandhal sing dhemen nyegat wong liwat banjur direbut bandha duweke.

        “Matur nuwun Kisanak” sanajanta mangkono aku api-api mbodhoni, murih wong-wong kuwi ora sansaya nesu marang aku. Neng ati ya wis tak niyati, nek pancen kabeh barang sing tak gawa iki dijaluk, ya arep tak ulungake tinimbang aku dipilara dening wong sing cacahe watara ana sepuluh luwih kuwi “wewengkon ingkang dados panguwaos ndika dumugi pundi inggih? Kula kepengin boten nglangkungi ingkang dados wewengkon ndika?”.

        “Kowe takon watese laladan sing dadi wewengkonku?” wong mau ora mendha olehe nesu, malah olehe nggetak sansaya banter “saka kene mangidul tekan Kidule Gunung Lawu, mengalor tekan sak lore segara lor, ngerti?!?”.

        Aki banjur nginger sirahe Si Gombak, arep tak jak mbalik, karo guneman marang wong kuwi :

        “Nggih sampun, kula wangsul mawon” karo muni ngono kuwi, Si Gombak tak tuntun ngadoh saka wong-wong kuwi. Aku nedya mbalik mengulon.

        Nanging sadurunge aku munggah menyang gigire si Gombak, dumadakan ana barang abot lan atos nibani sirahku ing sisih mburi banjur disusul maneh sing nibani geger lan bahuku sisih kering. Sabanjure aku wis ora weruh apa-apa maneh. Mung lamat-lamat aku isih krungu suwarane wong pirang-pirang pating brengok, ora cetha apa sing diucapne.

        Nalika aku bali eling, aku mambu gandane bobokan jamu. Aku gumlethak ana pasuketan ing ngendi aku ora ngerti.

        “Aja kuwatir Kisanak, ndika wis adoh saka panggonane para Brandhal sing ngaku andhahane Nyai Klenthing Mungil mau” ana suwara alus sing ngandhani aku. Jebul sing nyuwara kuwi kaki-kaki tuwa sing ora duwe rambut babar pisan, nanging brengos lan jenggote dawa banget nganti meh tekan dhadha.  Aku mung meneng merga arep guneman rasane durung bisa.

        “Jaran lan kabeh barang sing ndika gawa, digawa dening para Brandhal mau” Kaki-kaki tuwa kuwi guneman maneh “mung kali sruwal karo klambi lan iket sing ndika agem ing mustaka lan ndika sabukne neng lempeng iki wae sing kari”.

        “Matur nuwun Kyai……” aku ngaturake panuwun marang Kaki-kaki sing wis nulungi aku kuwi.

        “Padha-padha Kisanak” wangsulane Kaki-kaki kuwi sabanjure “eman, tatu sing ndika sandhang merga racun ing gadane Brandhal-brandhal kae mau, aku ora kuwawa nambani.Aku mung bisa ngrendhet lakune racun sing ngarah marang jejantung ndika wae, kuwi wae ya ora suwe. Kira-kira ya mung pitung dina. Mula becike ndika enggal bisa tumekan omah. Tak surung nganggo ajiku Tirtaraga, muga-muga sajroning wektu telung dina ndika bisa tekan omah lan bisa oleh pitulungan kanggo ngilangi racun sing ana raga ndika saiki iki”.

        Ora ngenteni tak wangsuli Kaki-kaki tuwa kuwi banjur sedhakep. Awakku krasa dadi entheng. Entheng banget lan kaya ana kekuwatan sing meksa, aku tangi banjur ngadeg, lan ora eling apa-apa maneh, kaya-kaya aku ngambah ing alam liya aku jumangkah sing ora manut marang pakoning pikirku.

        Ngerti-ngerti aku wis tekan plataran omah banjur mbok tulungi munggah mlebu omah iki mau” Bapa mungkasi anggonipun cariyos.

 

Ana candhake
 

Sabtu, 23 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (119)


 

119.

        Menawi kula gagas-gagas, mila leres ingkang dipun criyosaken Paman Tanggon kala wau. Ing Kepuh Agal kedah wonten papan kangge gladhen ulah kanuragan salintunipun ing Sanggaripun Kyai Daka. Menawi nitik lelampahan ingkang sampun-sampun, kawewahan dhawuh pituturipun Eyang Pandhanwangi ing pasupenan nalika samanten, menawi para sinoman sinaunipun  ulah kanuragan namung dhateng Kyai Daka lan Lurah Danara saged ambebayani tumrap Kepuh Agal. Nanging kula ugi nggadhahi panginten menawi ngantos wonten Paguron enggal, tamtu Kyai Daka menapa dene Lurah Danara boten badhe remen, boten badhe lila lan menawi ningali padatanipun tiyang kalih menika, saged ugi ingkang yasa lan tumut ing Paguron enggal badhe dipun mengsahi mawi kekiyataning kanuragan, lan saupami ingkang pungkasan menika kedadosan, sami kemawon madegipun paguron enggal menika kalihan damel ajanging pasulayan ing Kepuh Agal. Ngantos tigang dinten kula dereng saged mutusaken, krenah saking Paman Tanggon menika sae dipun turuti menapa botenipun. Kula ugi taksih nggadhahi panganggep sanaosa Ki Panulad menika nggadhahi kalangkungan ing babagan kanuragan, nanging menawi ngantos dipun mengsahi dening Kyai Daka lan Lurah Danara botedn badhe kiyat, awit badhea kados menapa kawontenanipun Ki Panulad kalah cacah menawi katandhing kalihan Kyai Daka.  

        Nuju nedheng-nedhengipun kula nggagas prakawis kasebat, ing wanci ngajengaken seraping surya, Bapa, inggih Ki Lurah Kepuh Agal rawuh saking anggenipun tindak saking Mataram. Nanging kawontenanipun Bapa sakalangkung nrenyuhaken. Bapa ketingal sayah sanget, agemanipun kumel lan boten ngasta menapa-menapa. Malah Si Gombak titihanipun ugi boten ketingal, Bapa rawuh kalihan tindak ndharat kanthi kawontenan ngrekaos anggenipun njangkahaken suku. Sumerep kawontenanipun Bapa ingkang makaten kalawau, kula daya-daya mandhap ing plataran Bapa kula tuntun setengah kula tetah murih anggenipun tindak boten ngrekaos, lajeng kula beta dhateng senthong papanipun Bapa lan Biyung sare.

        “Tulung aku jupukna Kendhi, aku ngelak banget” dhawuh pangandikanipun Bapa sasampunipun mapan lenggah ing ambenipun. Gage-gage kula medal, mendhetaken unjukan kagem Bapa. Andilalah mBok Jayem kala wau nyawisaken wedang godhogan ron sere, samangke taksih manget-manget.

        “Mangga Bapa, menika wedang sere ingkang tasih anget” atur kula kalih ngulungaken cangkir saking bathok klapa ingkang sampun kula sukani wedang sere.

        “Sadaya pangalembana kunjuk Paduka Gusti” sasampunipun necep lan nyruput wedang sere, Bapa ngunjukaken panuwun dhumateng Gusti, lajeng ngendika dhateng kula “matur nuwun Ngger, krasa seger rasane awakku sawise ngombe wedang sere anget iki.

        “Nyuwun pangapunten Bapa” kula matur nyuwun pirsa kanthi raos was-was “menapa ingkang sampun kedadosan? Kenging menapa Bapa tindak ndharat kemawon? Si Gombak dhateng pundi?”.

        “Dawa banget critane Pradapa” dhawuh wangsulanipun Bapa sareh, sanaosa suwantenipun alon, nanging boten ngetingalaken menawi Bapa taksih ngampet raos boten sekeca ing penggalihipun “sajake iki wis wayahe suruping surya, aku kepengin sesuci lan nindakne panembah marang Gusti luwih dhisik. Aku tuntunen menyang padasan sumur, tak sesuci luwih dhisik, yen padasane kothong tulung isenana dhisik”.

        “Inggih Bapa, padasanipun taksih kebak” atur wangsulan kula kalih ngadeg badhe ngrencangi tindak Bapa “kala wau sampun kula isi lan nembe kalong sakedhik kula damel sesuci”.

        “Kowe ya sesuci Pradapa?” Bapa mundhut pirsa kalihan pasuryan ketingal ngungun, kula kinten Bapa mila dereng pirsa menawi samangke kula sampun purun nindakaken sembahyang malih sasampunipun dangu boten nglampahi.

        “Inggih Bapa” atur wangsulan kula kalihan mesem “awit pandonga saha pangestunipun Bapa, sajengkaripun Bapa dhateng Mataram kala samanten, kula pikantuk pitedahipun Gusti temah saged wangsul ngambah margi ingkang Bapa wucalaken”.

        “Matur nuwun Gusti…..” Bapa ngendika kalihan ndhangak mirsani nginggil, ngunjukaken panuwun dhumateng Gusti, lajeng ngendika malih dhateng kula “prasasat karoban segara madu senenging atiku krungu tembungmu sing keri dhewe iki mau Pradapa, bebasan sanadyan durung mati kaya-kaya wis anguk-anguk lawanging suwarga, dene anakku sing banget tak kresnani iki wis eling marang piwulanging Gusti temah bali weruh yen drajate kuwi kawula kang kudu manembah marang Gustine”.

        Sasampunipun sesuci Bapa ngersakaken dhateng sanggar papan panembahipun, kalihan mesem panjenenganipun ngendika malih :

        “Aku kepengin leren ana kene wae, yen ana wong sing kepengin martakne olehku bali saka nindakne kuwajiban winadi iki, supaya mrene”.

        “Inggih Bapa” kula atur wangsulan cekak.

        Sasampunipun kula lan Bapa nindakaken panembah wanci serap surya, Bapa taksih ketungkul nenuwun dhumateng Gusti, menapa ingkang dipun ngendikaken kula boten mangertos awit mawi suwanten ingkang ketingalipun namung saged dipun mirengaken Bapa piyambak. Kula lajeng medal saking sanggar, madosi Rewang ingkang kajibah nyawisaken dhahar dalu, badhe kula kengken murih anggenipun lelados dhahar dhateng Bapa kabekta dhateng sanggar kemawon.

        Jebul sasampunipun dhahar cumawis, Bapa namung mundhut sakedhik sanget lan paring dhawuh dhateng kula supados ndherek nedha sesarengan kalihan Bapa.

        “Sumurupa Pradapa” kalihan nyangga layah ingkang isi dhaharipun Bapa ngendika dhateng kula “tak etung-etung wis suwe banget aku kaparingan wektu dening Gusti kanggo ngrasakne enake panganan lan kuwi arang banget aku ngrumangsani, saiki wancine aku ora bisa weruh rasane panganan kang enak lan mirasa, yen aku nganti ngresula kuwi padha wae aku iki titah sing wuta marang kabecikan. Mula telungane kowe sing isih bisa ngrasakne enaking panganan, nggedhekna rasa panarima lan tarima kasih marang Gusti. Dene cara kanggo nelakake rasa tarima kasih mau ora mung cukup ana pangucaping lambe lan ilat wae. Nanging kudu dicakne klawan laku sing nyata”.

        “Inggih Bapa” kula namung saged atur wangsulan cekak, raosing manah kula kirang sekeca mireng dhawuh pangandikanipun Bapa ingkang makaten kala wau, boten sekeca ingkang kirang cetha.

        “Laku sing nyata kuwi kudu ngelingi yen awake dhewe tinitahake ing ngalam padhang iki ora dhewe, nanging isih akeh titah liyane sing padha-padha tinitahake kaya awake dhewe, nanging mbok menawa durung bisa ngrasakne urip kaya awake dhewe sing wiwit biyen ora tau kasatan banyu ngombe lan ora tau adoh karo pangan. Mula dhawuhna marang para rewang dalem kalurahan sesuk supaya ngedum pasadiyan pangan kang ana ing dalem kalurahan marang wong-wong Kepuh Agal sing lagi kasatan bebakalaning pangan” Bapa nutugaken anggenipun paring dhawuh.

        “Lajeng ingkang kangge awakipun piyambak tuwin kulawarga dalem Kalurahan ngengeh sapinten Bapa?” kula nyela atur, awit mila kula ngertos menawi wos lan sapanunggalanipun ingkang wonten ing dalem kalurahan mila kathah cekap menawi kangge jatah tigang wulan. Kajawi saking menika, ing lumbung ugi taksih kathah tumpukan pantun garing lan sawanci-wanci saged dipun tutu murih dados wos.

        “Ngengeha sawatara wae, gajege ora nganti sepasar maneh, Gaga tandurane dhewe kae wis wayahe panen” Bapa paring wangsulan.

        “Inggih Bapa”.

        “Saiki rungokna dhawuhku marang kowe, aja kongsi tumpang suh nggonmu nindakne mengko. Yen wis, lagi bakal tak kandhakne ya gene aku dadi kaya mangkene iki” Bapa paring dhawuh malih.

        “Inggih Bapa, kula badhe mirengaken dhawuhipun Bapa, suwawi enggal kadhawuhaken”.

        “Saiki uga, jupuken Keris Kyai Pantek sing tak singidake tumumpang blandar omah Pawon sisih kulon kae, banjur gawanen mrene” Bapa ngendikaken dhawuhipunm sinarengan nyelehaken Layah ingkang kagem ajang ing klasa. Kula tingali dhaharanipun boten kalong babar pisan. Kula inggih lajeng nyampuni anggen kula nedha.

        Kula babar pisan boten nginten manawi Dhuwung Kyai Pantek ingkang ing plangkanipun boten wonten jebul dipun singidaken Bapa ing Blandar griya pawon. Waunipun kula kinten menawi dening Bapa kaasta tindak dhateng Mataram. Kula lajeng dhateng griya pawon, mendhet andha kangge mendhet Dhuwung Kyai Pantek. Saderengipun, kula prentah dhateng rewang murih ngunduri dhaharan saking papan panembah.

        “Menika Bapa” sasampunipun Dhuwung kula pendhet lajeng kula aturaken ing ngarsanipun Bapa.

        “Kowe mesthi takon sajroning ati” Bapa ngendika malih “ya gene Kyai Pantek tak seleh ing papan sing ora samesthine?. Sumurupa Pradapa, kowe kudune eling sadurunge aku budhal kae aku kandha marang kowe yen blandar pawon sisih kulon wis wayahe ngganti, ngono kae satemene sasmita marang kowe yen ing kono Kyai Pantek tak selehake. Kuwi kanggo njagani yen nganti aku ora bisa bali maneh sawuse lunga budhal menyang Mataram. Gandheng saiki wis bisa bali, mangka sasmita kuwi wis rampung. Anane Keris kuwi tak selehne kono, awit aku kuwatir yen nganti ana wong sing melik kepengin nguwasani keris kuwi banjur nyolong menyang plangkane. Maune Keris piyandel Kepuh Agal kuwi pancen arep tak gawa, nanging aku uga nguwatirake yen nganti aku entuk alangan ing dalan, mangka keris kuwi mesthi banjur ilang. Lan saupama sida tak gawa, kira-kira aku malah wis dadi bathang sing tanpa kuburan, wong jebule sabaliku saka Mataram aku oleh alangan sing ndadekne aku kaya mangkene iki”.

        “Ing Margi Bapa pikantuk aral menapa ?” kula nyela atur, nyuwun pirsa.

        “Mengko dhisik, dahwuhku marang kowe durung rampung, rungokna dhisik!” dhawuh wangsulanipun Bapa.

        “Inggih Bapa, nyuwun pangapunten”.

        Bapa lajeng nguculi iket warni cemeng mawi bathikan warni pethak ingkang kala wau kaagem sabukan.

        “Iket iki titipan saka Rekyana Patih Mandaraka kanggo kowe, kasep-kasepe sajroning telung purnama, kowe kudu bisa marak ing ngarsane Rekyana Patih Mandaraka ing Kutha Gedhe Mataram lumantar Raden Tumenggung Tesengkusuma, sing saiki wis mundhak pangkat dadi Raden Mas Tumenggung kanthi nggawa iket kuwi” Bapa paring dhawuh kalihan maringaken iket ingkang nembe kemawon dipun lepas saking lempengipun, lajeng ngendika malih “mbok menawa kanthi ngaturake iket kuwi bisa dadi srana nggonmu bakal ketampa ngabdi lan ngawula marang Narendra Mataram”.

        “Inggih Bapa, ngaturaken genging panuwun” atur wangsulan kula kalih nampani iket kala wau.

        “Nanging kowe kudu ngerti” Bapa paring dhawuh malih “wong ngawula ing ratu kuwi ora gampang, malah kena diarani luwih pakewuh, ora kena minggrang-minggring, nek iya ya iya nek ora, luwung ora sah ngabdi, kudu manteb, sarta kudu setya tuhu marang Gusti sing dikawulani, ora kena pisan-pisan wani mbadal marang dhawuh”.

 

Ana candhake
 


 

Kamis, 21 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (118)

 


118.

        Inggih awit pikantuk pitedah saha pitutur saking Nyai Pandhanwangi lumantar pasupenan menika, ndadosaken kula kepengin sanget saged ndandosi sesambetan kula kalihan Gusti Ingkang Maha Agung. Kuwajiban sembahyang ingkang sedinten kaping gangsal ing gangsal wekdal ingkang benten, ingkang sampun dangu kula tilar wangsul kula lampahi malih. Kula inggih nulad lekasing Bapa ingkang saben sapratiganing dalu nindakaken sembahyang lan lampah sujud, inggih menika linggih ijen kendel lan mendel, anyuwungaken nalar lan manah saking sedaya prakawis lan namung ngemut-emut dhateng Gusti Ingkang Maha Suci, angraketaken jiwa lan raga dhateng Dzat Ingkang Maha Tan Kena Kinaya Apa. Manembah lan Sujud dhateng Gusti, inggih menika sarana ngudi murih bagusing ati, temah saged mujudaken Kalbu Mukmin Baitullah, ingkang tegesipun manah tansah sae, ati tansah bagus, boten ngingah raos gething dhateng sok sintena kemawon, boten rumaos langkung sae tinimbang tiyang sanes. Kanthi lampah ingkang makaten kala wau jebul manah kula kraos langkung tentrem lan ayem lan raos kepengin saged sansaya kathah lelabuh dhateng dhusun saha dhateng sesamining gesang tansah wewah-wewah.

        Boten kraos sampun selapan dinten langkung, anggenipun Bapa nilaraken Kepuh Agal lan sadangunipun menika, sedaya jejibahanipun Bapa katindakaken dening Ki Bebau Jangglengan kanthi sae. Para warga Kepuh Agal sami remen manahipun, kathah reraosan ing wande-wande menawi Ki Pawana saestu saged nulad lampahipun Bapa. Tiyang-tiyang ugi mastani Ki Pawana menika tiyang ingkang wicaksana, sanaosa ingkang dipun tindakaken jejibahaning Lurah, nanging piyambakipun boten purun dipun sebat Ki Lurah utawi Wewakiling Lurah, nanging panggah nedhi kaundang mawi sebatan Ki Jangglengan utawi Ki Bebau Jangglengan.

        Sesambetan antawisipun Ki Pawana kalihan Ki Lurah Danara lumampah sae. Ki Pawana boten mbenten-mbentenaken Ki Lurah Danara kalihan Bebau sanesipun, pangrengkuhipun Ki Pawana dhateng kawula ing Dhukuh Sidamulya inggih sami kalihan anggenipun ngrengkuh kawula ing Dhukuh sanesipun. Kados-kados Ki Pawana sampun nyupekaken bilih Ki Danara nate badhe mbalela.

        Kula piyambak wiwit ngapusi Kyai Daka ngantos dugi sapriki inggih dereng nate tumut gladhen kanuragan malih. Jalaran kula langkung remen mipili lan njingglengi piwucal-piwucal kina ingkang ingkang sinerat ing lontar wonten gothakanipun Bapa. Rumaos kula, mangertosi piwucal-piwucal kuna menika langkung kathah pedahipun menawi katandhing kalihan sinau ulah kanuragan ing sanggaipun Kyai Daka. Jebul sadangunipun kula boten tumut gladhen menika, ing Sanggar wonten ewah-ewahan ingkang damel kathah para calon siswa lan ugi siswa ingkang aras-arasen malih tumut gladhen. Kabar menika kula tampi saking Paman Tanggon ingkang ing salah satunggaling sonten dugi ing Dalem Kalurahan madosi kula.     

“Iki mau saka omah apa saka ngendi Paman Tanggon? Kok njanur gunung mara menyang Dalem Kalurahan kene?” kula miwiti rembagan sasampunipun Paman Tanggon linggih ing caket kula, inggih ing dhingklik ingkang wonten ing sakiwanipun pendhapa.

        “Saking griya mawon kok Gus” wangsulanipun Paman Tanggon “sak jane ajeng teng Sanggar, wong niki wau anceran gladhene calon siswa, nanging kula aras-arasen dipun gladhi tiyang-tiyang enggal ingkang boten ngremenaken manah, tembung satembung sarwa kasar, ngabah-abahi tiyang sasekecanipun piyambak malah sok remen mara tangan menapa……”.

        “Mengko dhisik ta?” kula nigas tembungipun Paman Tanggon “padatan sing aweh gladhen kuwi rak ya siswa-siswa sing wis pinilih ta? Kok ndika mau kandha wong-wong anyar, sapa wong-wong anyar kuwi he ?”.

        “Murugaken Gus Dapa sak niki boten nate tindak sanggar, dados dereng pirsa menawi Sanggaripun Kyai Daka kedugen tiyang-tiyang enggal, kathah wonten menawi kalih dasa mawon. Criyose Ki Lurah Danara, tiyang-tiyang niku siswa-siswanipun Kyai Daka ing papan sanes. Nanging ketingalipun tiyang-tiyang wau dede golonganipun tiyang sae, ketitik saking solah bawa lan wicantenipun kok kados brama corah……”.

        “He aja seneng ndakwa sing ora-ora marang wong liya lho Paman” kula tigas malih wicantenipun Paman tanggon “bramacorah piye karep ndika?”.

        “Kula niki ngertos Gus” Paman Tanggon suka wangsulan “namung kula dereng gadhah bukti, Ki Lurah Danara nika estunipun Lurahe para Maling, Kecu, Brandhal lan Begal. Mula Ki Lurah Danara nika wiwit siyen sok asring kesah nilar Sidamulya, tigang dinten sok malah ngantos sapeken nembe wangsul lan sauger wangsul mesthi mbeta raja brana lan barang-barang pengaji ingkang kathah. Niku mesthi asile tumindak culika kalih tiyang-tiyang sing dados andhahane sing sak niki didamelne griya ing pekarangan wingkingipun Sanggar nika”.

        “Kuwi mung pangira ndika sing durung karuwan benere Paman” kula nyobi suka pitutur dhateng Paman Tanggon “ora becik dikandhakne marang sapa wae, mundhak marahi ora becik kedadeyane”.

        “Inggih Gus” wangsulanipun Paman Tanggon “kula nggih empun dikandhani ngoten niku kalih Ki Jangglengan lan Ki Grojoganngubal, mula kula nggih lajeng boten ngrembag bab menika kalih sinten mawon, kajawi kalih ndika niki wau”.

        “Ooo Dadi Ki Pawana lan Ko Pahang wis padha pirsa ing babagan iki?” kula lajeng taken dhateng Pamab Tanggon.

        “Sampun Gus” wangsulanipun Paman Tanggon “tiyang kalih niku angsale ngandhani kula nggih sami kalih sing ndika dhawuhne niku wau”.

        “Ya wis yen ngono, pangira ndika kuwi mau becik nek dibuwang wae sing adoh”.

        “Inggih nanging niki kula ajenge matur dhateng ndika Gus” Paman Tanggon wicanten malih, suwantenipun kepireng radi abot.

        “Arep kandha bab apa Paman? Mbok enggal dikandhakne kene!” wangsulan kula kalih mesem.

        “Amargi boten krasan digladhi tiyang-tiyang enggal niku, sak niki kanca-kanca saking Dhukuh Grojoganngubal, Sambirobyong, Sidadadi, Jangglengan lan sing saking Sidamulya nggih enten, ajeng kendel anggenipun tumut gladhen kanuragan ing Sanggaripun Kyai Daka” Paman Tanggon ngandaraken ingkang dipun kajengaken.

        “Lho…lho… ndika kuwi kathik kaya bocah cilik kabeh?” kula wangsulan ngiras suka pitutur “pancen jenenge dedalane guna lawan sekti kuwi kudu andhap asor, supaya bisa katekan sing digayuh kudu sabar lan tlaten, ora kena gampang mutung kaya ngono kuwi, nek ndika sakanca wedi rekasa ya tangeh bisane ndika bisa nguwasani nglemu kanuragan, lan ndika kudu ngerti sansaya abot anggone gladhen sansaya akeh asile anggon ndika oleh ngelmu kanuragan…..”.

        “Sakedhap ta Gus” Paman Tanggon munggel anggen kula guneman “mpun kesesa nyrengeni kula rumiyin, atur kula niki dereng rampung”.

        “He he he aku ora srengen Paman” wangsulan kula kalih mesem “ya wis saiki ndika tutugne”.

        “Naa rak ngoten” Paman Tanggon ketingal tumut mesem “kula sakanca niku boten ajeng leren anggone sinau ulah kanuragan, nanging ajeng pados cara sanes. Merga menawi kula sakanca nekad panggah tumut gladhen ing sanggare Kyai Daka, dereng ngantos siyos saged nggadhahi ngelmu kanuragan kinten-kinten sampun sami cacat malah kinten-kinten enten ingkang sampun kelajeng pejah, amargi saking cendhalanipun para ingkang nggladhi”.

        “Lha sing ndika arani golek cara liya kuwi kepriye Paman?” kula nyelani taken.

        “Lha niku ingkang ajeng kula aturaken Gus Dapa” Paman Tanggon wangsulan kalih setengah gumujeng.

        “Iya, apa kuwi?”

        “Estunipun ing Kepuh Agal mriki niku wonten ingkang nggadhahi ngelmi kanuragan boten kawon kalihan Kyai Daka, tiyangipun sabar, tata kramanipun jangkep, boten dhemen ngremehaken tiyang sanes lan saupami dados panuntuning para sinoman Kepuh Agal ing reh kanuragan sakalangkung saenipun, lha tiyang menika ingkang ingkang badhe kula lan kanca-kanca dadosaken panuntuning para Sinoman ing reh kanuragan” Paman Tanggon suka wangsulan.

        “Sapa kuwi? Lan apa gelem aweh tuntunan marang ndika sakanca lan sinoman ing Kepuh Agal kene?” kula dereng ngertos sinten ingkang dipun kajengaken Paman Tanggon menika.

        “Ki Panulad, rayinipun Ki Pawana, putranipun Ki Pawit ingkang alit piyambak, Gus” wangsulanipun Paman Tanggon salajengipun “sedaya tiyang sampun ngertos, sepinten katiyasanipun Ki Panulad, ndika mesthi taksih kemutan nalika wonten Maesa Benthung Berik ing lepen paguyangan, sedaya tiyang sami ajrih nyaket, nanging nyatanipun kanthi gampil Ki Panulad saged misah maesa jaler ingkang berik rebutan babon nika. Lan malih, nalika ing Baon sakidulipun Sambirobyong wonten sawer ageng ingkang saben dinten mangsa ingah-ingahanipun tiyang Sambirobyong ingkang saba ing mriku, ingkang wantun lan saged nyepeng sawer sanca kuning nika nggih Ki Panulad. Kajawi menika Ki Panulad menika ugi wasis ing babagan  ulah jemparing, mbandhil lan sanesipun. Kula kinten Ki Panulad menika langkung inggil ngelmi kanuraganipun tinimbang Ki Lurah Danara lan menawi ingkang nuntun gladhen ulah kanuragan sinoman-sinoman ing Kepuh Agal menika mangke Ki Panulad, ing tembenipun sinoman-sinoman menika badhe dados betenging Kepuh Agal ingkang kiyat nanging panggah nggadhahi kasusilan”.

        “Pancen bener, Kakang Panulad kae nduweni kadigdayan kaya sing ndika kandhakne kuwi, nanging apa Kakang Panulad kae gelem aweh tuntunan kanuragan marang para Sinoman Kepuh Agal kene?”.

        “Kula sampun matur dhateng Ki Panulad lan Ki Panulad kengkenan supados kula matur dhateng Ki Jangglengan ing prakawis menika, nanging Ki Jangglengan criyos menawi piyambakipun pekewed kalihan Kyai Daka menapa dene Lurah Danara” Paman Tanggon suka wangsulan.

        “Dadi panggah ta ndika sakanca ora bisa sinau kanuragan marang Kakang Panulad?”.

        “Nanging Ki Pawana ugi criyos, piyambakipun namung pekewed kemawon kalihan Kyai Daka lan Lurah Danara, liripun inggih boten ajrih. Pramila lajeng ngengken kula supados nyuwun pitedah dhateng Gus Dapa. Menawi Gus Dapa nyarujuki para sinoman ingkang wegah sinau ulah kanuragan dhateng sanggaripun Kyai Daka gentos dipun tuntun dening Ki Panulad, mangka Ki Panulad inggih boten kawratan paring tuntunan dhateng kula sakanca tuwin Ki Pawana inggih badhe nyengkuyung lekasipun para sinoman menika. Sak niki pripun Gus Dapa anggenipun badhe paring wangsulan dhateng kula ingkang mangkenipun kula lajengaken dhateng Ki Panulad saha Ki Jangglengan”.

        Sareng Paman Tanggon wicanten kados makaten menika, kula lajeng nggagas radi panjang, pramila kula lajeng suka wangsulan :

        “Aku njaluk wektu tak enggone mikir ya Paman? Lan aku uga bakal nemoni Kakang Pawana apa dene Kakang Panulad kanggo ngrembug perkara iki. Sajrone wektu kurang saka pitung dina, aku arep mangsuli pitakon ndika iki, mesthi wae lumantar Kakang Bebau Jangglengan”.

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...