Total Tayangan Halaman

Kamis, 28 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (124)

 


124.

        Anggen kula wicanten makaten kala wau awit kula kuwatos menawi Ki Pawana lan Ki Pahang sampun cariyos dhateng Bebau sanesipun ngengingi cariyos ingkang salugunipun cariyos ingkang ngayawara saking Ki Danara. Lan kangge nuturi murih tiyang-tiyang menika boten pitados dhateng cariyosipun Ki Danara mila inggih radi kangelan. Lan sareng kula wicanten makaten kala wau, inggih boten wonten ingkang saulu menapa-menapa. Sedaya mendel boten kumecap. Malah lajeng kapireng suwantenipun Ki Pawit ingkang matur dhateng Bapa :

        “Sampun cetha samanten kaluhuran lan kamirahanipun Ki Lurah saha Gus Pradapa dhateng anak kula pun Pawana, kula minangka tiyang sepuh namung saged ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan”.

        “Samanten ugi kula Ki Lurah saha Gus Pradapa” dereng ngantos Bapa paring wangsulan dhateng Ki Pawit, Bebau Jangglengan sampun nyambet rembag matur dhateng Bapa saha cariyos dhateng kula “bombong kaworan miris raosing manah kula nampi dhawuh saking Ki Lurah saha panyengkuyung saking Gus Pradapa ingkang makaten menika. Bombong dene Ki Lurah saha Gus Pradapa nyata kagungan kapitadosan dhateng kula, mirising manah kula awit kuwatos menawi ing tembenipun damel kuciwaning penggalihipun Ki Lurah saha Gus Pradapa, jalaran kula kirang pinter nindakaken jejibahan ingkang pinitadosaken dhateng kula. Inggih awit saking menika, mugi Ki Lurah saha Gus Pradapa boten kendhat tansah ngucuraken pangestunipun dhumateng kula temah anggen kula ngayahi jejibahan agung mangke saged lebda ing karya”.

        “Ki Pawit apa dene Ki Pawana” Bapa paring wangsulan “aku percaya marang kasetyane Kakang Pawit becik marang aku lan marang Kepuh Agal, sarta gedhening katresnane Kakang Pawit marang putra-putrane, mligine marang Ki Pawana. Mula aku duwe rasa percaya kang kandel, Kakang Pawit ora bakal negakne Kepuh Agal dadi bubrah lan mesthi tansah asung pitutur marang putrane murih tansah eling marang darmaning uripe minangka pangarsaning Desa sing kudu bisa aweh pangayoman marang kabeh wargane. Lan marang Ki Pawana, aku titip weling jroning ndika nindakne kuwajiban aja pisan-pisan ndika murih pituwas kang luwih saka warga ndika, lire ndika kuwi kapiji murih leladi marang kawula ora kapiji murih diaji-aji dening kawula. Yen becik nggon ndika ngladeni marang kawula ing Kepuh Agal sanajan ora ndika arep-arep mangka pangaji marang ndika bakal teka dhewe. Wong nindakne kuwajiban kuwi aja seneng yen dialem lan cuwa yen dipaido dening sapepadhaning wong, nindakne kuwajiban kuwi padha wae laku manembah marang Allah, lan kudune sing diarep-arep ya pambiji saka Allah, ora saka liyane Allah awit yen sing ndika goleki pambiji saka liyane Allah mangka bisa wae anggon ndika nindakne kuwajiban mung mburu murih senenge sing ndika ladeni sing wong mau gampang apus-apusane, nanging yen sing ndika goleki kuwi pambiji saka Allah mangka Allah kuwi Dzat Kang tan kena diapusi babar pisan”.  

        “Inggih Ki Lurah” Ki Pawit atur wangsulan langkung rumiyin “pangestunipun Ki Lurah ingkang tansah kula suwun, mugi-mugi sageda kula menika dados tiyang sepuh ingkang boten sepa kados sepahan, nanging sageda dados tiyang sepuh ingkang sepen ing pamrih kajawi namung murih pangalembana saking Gusti Ingkang Maha Agung”.

        “Pangestunipun Ki Lurah saha Gus Pradapa ingkang tansah kula suwun mugi kula sageda nindakaken sedaya piwucaling Ki Lurah menika kala wau” Gantos Ki Pawana ingkang atur wangsulan “keparenga nyuwun pitedah malih Ki Lurah”.

        “nDika ngersakne apa maneh Ki Pawana?” Bapa mundhut pirsa .

        “Manawi kula sampun nindakaken menapa ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah kala wau, lajeng sinten ingkang kedah nggentosi padamelan kula minangka Bebau ing Jangglengan benjingipun? menapa inggih taksih dados tanggel jawab kula?” Ki Pawana nyuwun pirsa.

        “Ki Pawana yen ndika wis nganggo sebutan Ki Kepuh Agal Kapindho, ndika kudu ninggalne Jangglengan lan mapan ana Dalem Kalurahan iki, jalaran Dalem Kalurahan iki biyen sing yasa wong tuwa ndika sakanca kanggo mapane Lurah Kepuh Agal lan kulawargane. Sarta maneh omah utawa dalem kalurahan iki uga bakal suwung, dadi ya mung ndika sing duwe tanggung jawab manggon lan ngupakara murih lestarine Dalem Kalurahan iki. Dene sapa sing kudu nggenteni kalungguhan ndika minangka Bebau ing Jangglengan, kuwi ndika pasrahne marang sesepuh lan sapukawating Dhukuh Jangglengan supaya miji salah siji saka wargane murih linggih dadi Bebau ing kono, kaya jaman ndika kapiji supaya dadi Bebau Jangglengan biyen”.

        Anyarengi rampunging anggenipun Bapa paring wangsulan dhateng Ki Pawana, dumadakan wonten angin sumribit mlebet dhateng salebeting Sanggar, ndadosaken wulu-wulu sami mrinding. Jalaran angin kala wau karaos dede angin sabaening angin, nanging angin ingkang mbeta ganda wangi ingkang nyala wadi, wangining sekar telasih ingkang wor lan sekar samboja. Ketingal Ki Pawit njengkerutaken palarapanipun, Ki Pawana lan para Bebau sanesipun sami sawang-sawangan kanthi soroting netra kebak tandha pitakenan. Kawontenan dados kraos tintrim.

        “Kakang Pawit, Anakku Pradapa lan para Kadang Bebau kabeh”  dumadakan Bapa ngendika kanthi suwanten ingkang alon “wis tumeka titi wancine aku bali marak ing ngayunaning Gusti, ngaturake sakehing perkara kang wis tak lakoni, tak jaluk pandongamu muga-muga sowanku bisa katampa dening Gusti. Welingku kang pungkasan, raga kang tak tinggal sing sasuwene iki tak ajak bebarengan ngrasakne legi lan paiting urip, tulung aja nganti gantalan dina tumuli ruktinen sing becik aja nganti gandane ngganggu wong sing ana sandhinge, kuburen ragaku ing prenahe longan sing ambene tak enggo turu iki, jumbuh karo satataning agama sing tak rasuk”.

        Bapa lajeng ngeremaken netranipun, lathinipun ebah-ebah ngucapaken klimah sadat, kasusul saking saliraning Bapa miyos cahya sekawan inggih menika cahya abrit, cemeng, jene ingkang kawungkus ing cahya pethak. Cahya sekawan kala wau minggah dhateng nginggil nrabas wuwunganing griya, boten mangertos dhateng pundi purugipun. Boten dangu kasusul cahya ingkang warni maya ingkang ugi lajeng mesat manginggil.

        “nDherekaken Sugeng tindak Ki Lurah, mugi rahayuwa ingkang pinanggih” Ki Pawit wicanten alon suwantenipun nedahaken menawi ngampet raos sungkawa, lajeng nglurupaken jarit kangge nutupi saliranipun Bapa.

        “Keng Bapa sampun seda Gus” Ki Pawit lajeng wicanten dhateng kula, kula tingali wicanten makaten kala wau kalihan netranipun Ki Pawit kekembeng waspa.

        “Inggih Wa” kula suka wangsulan cekak, boten saged kumecap menapa-menapa awit saking raosing manah ingkang dereng saged nampi manawi Bapa sampun dumugi ing seda.

        “Nyata elok lan nedahaken bilih Ki Lurah nyata titahing Gusti ingkang kinasih” Ki Pawit wicanten malih “nembe menika kula sumerep tiyang kundur ing ngayunaning Pangeran kanthi tuhu-tuhu tentrem, kapapag gandanging Telasih lan Samboja, napsu sekawan medal angrumiyini lajeng kasusul pesating sukma ingkang badhe marak ing ngarsaning Gusti”.

        “Inggih Wa” sepisan malih namung saged wangsulan cekak.

        “Pawana” Ki Pawit lajeng wicanten dhateng Ki Pawana “jumbuh karo dhawuh sing mbok tampa saka Ki Lurah Kepuh Agal, wengi iki mesthine awakmu wis wenang nganggo sebutan Ki Kepuh Agal Kapindho, nanging gandheng durung ana upacara kepyakan, luwih becik awakmu isih nganggo sebutan lawas ya iku Bebau Jangglengan minangka sesulih saka Ki Lurah. Aku minangka wong tuwa mung ngelingake, jejibahan ngrukti layone Ki Lurah kudu tumuli katindakne kanthi sabecik-becike jumbuh karo dhawuh piwelinge sawargi”.

        “Inggih Bapa” wangsulanipun Ki Pawana taksih kalihan kekembeng waspa “kula suwun Bapa kalihan Gus Dapa lenggah ing mriki rumiyin angreksa layon, kula kalihan kadang Bebau badhe medal dhateng pendhapa sakedhap saprelu andum damel”.

        Kula lan Ki Pawit nunten nyaket malih dhateng layonipun Bapa, mapan linggih lajeng nyenyuwun dhateng Gusti mugi sedanipun Bapa menika kepanggih seda patitis, ingkang tumunten saged mangayun ing ngarsaning Gusti. Ki Pawana lajeng medal saking Sanggar dipun tutaken Bebau tiga sanesipun. Boten dangu lajeng kapireng kenthongan kalurahan katabuh kanthi irama dala muluk, lajeng kasambet kenthong kaping sanga ambal kaping tiga lan katutup mawi uluk-uluk dara muluk.

        “Kepiye Baune ?” nembe kemawon Ki Pawana mlebet dhateng Sanggar sampun kadangu dening Ki Pawit.

        “Inggih Bapa” Ki Pawana atur wangsulan “Netepi dhawuhipun sawargi murih sampun ngantos gantalan wekdal, dalu menika ugi layonipun Ki Lurah tumunten badhe kapetak ing papan ingkang sampun kapiji, inggih menika ing sangandhapipun dhampar ingkang kagem sare Ki Lurah menika. Samangke kula nembe nengga Ki Kaum lan para sekabatipun ingkang kapiji nyiram jamasi saja anuceni layonipun  Ki Lurah tuwin anyembayangaken, dene ingkang badhe yasa luwangan kangge angubur layon, kula lan Bebau Grojoganngubal, Bebau Sambirobyong miwah Bebau Sidadadi ingkang badhe tumandang”.

        “Lha mengko yen ana kawula Kepuh Agal kang uga kepengin atur bekti kang pungkasan marang Ki Lurah kepiye?” Ki Pawit pitaken malih,

        “Ngiras pantes ngrantos dadosing papan pasareyanipun Ki Lurah, mangke layon badhe kapapanaken ing pendhapa, Gus Pradapa, Bapa lan Ki Kaum ingkang kajibah mangarsani tugur lan anampi menawi wonten kawula ingkang dugi badhe ngaturaken bekti ingkang pungkasan dhateng Ki Lurah. Salajengipun, mangke sasampunipun layon kasarekaken, ngantos pitung dinten pitung dalu kula badhe panggah wonten mriki anengga pasareyan lan nampi manawi wonten kawula Kepuh Agal ingkang badhe nyekar lan anjiarahi Ki Lurah” Ki Pawana lajeng ngaturaken lampahing upacara pametaking layon.

        Gandheng Ki Pawit boten wicanten malih, kula ingkang lajeng wicanten dhateng Ki Pawana :

        “Aku banget nedha nrima marang ndika Kakang Kepuh Agal Kapindho awit sakehing rerigen kang ndika cakne kanggo upacara pametaking layone Bapa iki, sabanjure aku njaluk palilah ndika supaya dikeparengake ndherek tugur sasuwene ndika ngreksa pasareyane Bapa sing pitung dina pitung bengi kuwi”.

        “Inggih Gus, menawi Gus Dapa ngersakaken makaten, kula kinten mila langkung utami”.

Sawatawis menika ing jawi sampun kapireng suwanten rame, suwantenipun warga Kepuh Agal ingkang badhe nglayat sedanipun Bapa.

 

 

Ana candhake

Rabu, 27 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (123)

123.

          Sanaosa namung kalihan sarean, Bapa inggih lajeng mirsani dhateng Ki Pawit saha Ki Pawana, gentosan. Sareng dipun rantos tiyang kalih kala wau boten tumunten wicanten, Bapa lajeng ngendika :

        “Mengko dhisik Ki Pawit lan Ki Bau? Apa miturut ndika sakloron ana tembungku sing kurang cetha?”

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” sasampunipun Ki Pawit ningali Ki Pawana ingkang lajeng manthuk, Ki Pawit lajeng matur “sampun boten kirang cetha anggen kula mirengaken dhawuh jengandika kala wau, namung kirang cetha menggah ingkang jengandika kersakaken. Inggih menika babagan anggen jengandika dhawuh murih anak kula pun Pawana ing benjangipun nggentosi kalenggahan jengandika Ki Lurah. Menika cetha menawi boten jumbuh kalihan ungeling paugeran Kepuh Agal”.

        “Apa bener mangkono Ki Pawit?” Bapa mesem lajeng gentos mundhut pirsa.

        “Saenget kula mila makaten Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawit ingkang lajeng nyethakaken ungeling perangan Paugeran Dhusun ingkang dipun kajengaken “ing Bab ingkang kaping kalih, paugeran Dhusun nyebataken bilih sawanci-wanci Lurah Kepuh Agal lengser saking kalenggahanipun awit seda utawi sabab sanes, ingkang wenang gumantos Lurah salajengipun inggih menika putra kakungipun ingkang sepuh piyambak. Salajengipun menawi putra kakung ingkang kasebat menika boten kersa utawi boten kuwawa ngemban jejibahan minangka Lurah Dhusun saged dipun gentosi sedherekipun ingkang taksih tunggal Bapa. Dene menawi Lurah ingkang lengser menika boten kagungan putra utawi putranipun boten wonten ingkang sagah ngemban jejibahan minangka Lurah, palenggahan Lurah saged dipun lenggahi Warga Dhusun Kepuh Agal ingkang sinengkuyung dening Bebau ing Kepuh Agal sedaya saboten-botenipun langkung kathah Bebau ingkang anyengkuyung tinimbang ingkang boten ………..”.

        “Cukup Kakang Pawit” taksih kalihan sarean Bapa munggel aturipun Ki Pawit “yen kuwi ndika enggo wewaton ngluputake dhawuhku ing ngarep mau, wewaton ndika kuwi wis kabantah dhewe dening unining paugeran sing ndika kandhakne. Awit kabeh wong sa Kepuh Agal wis ngerti yen anakku kuwi mung siji yaiku Pradapa. Kamangka wektu iki nganti tekan kapan rampunge ora ana sing meruhi, Pradapa bakal nindakne jejibahan sing luwih abot ya iku jejibahan winadi kang durung bisa tak rampungake, mula mokal lamun Pradapa uga kapasrahan jejibahan nggenteni kalungguhanku minangka Lurah ing Kepuh Agal kene, aja maneh kok mung sa Pradapa bisaa, sedheng aku dhewe wae ora bisa nglakoni kalamun jejibahan nata reh parentahing Desa ora tak pasrahake luwih dhisik marang Bebau Jangglengan kang wis disarujuki dening kabeh Bebau lan Sesepuh Kepuh Agal. Sabanjure Kalungguhane Ki Pawana minangka sesulih Lurah sing ora winatesan ing wektu kuwi , cukup dadi dhasar nggonku paring dhawuh netepake Ki Pawana nggenteni palungguhan Lurah sawayah-wayah aku wis ora kuwat nindakne jejibahan iki kanggo salawas-lawase”.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” gentos Ki Pawana ingkang matur dhateng Bapa “kula saged nampi kanthi legawaning manah dhawuh saking Ki Lurah bab wewahing jejibahan ingkang kedah kula lampahi, nanging bab Kalenggahan Lurah kula kinten dereng leres menawi benjang menika kaparingaken dhateng kula. Jalaran badhea kados menapa taksih wonten ingkang langkung wenang nglenggahi palenggahan Lurah Kepuh Agal menika salintunipun kula, nuwun inggih Gus Pradapa. Mila estu kula ugi ngertos menawi Gus Pradapa kasep-kasepipun sekawan dasa dinten malih kedah bidhal ngayahi jejibahan winados kados ingkang nembe kemawon Ki Lurah dhawuhaken, nanging kula kinten kados menapa awratipun jejibahan ingkang dipun emban dening Gus Pradapa tamtu boten ngantos mbetahaken wekdal sadanguning sugengipun, benten kalihan jejibahan minangka Lurah. Inggih awit saking menika, kula nyuwun dhateng Ki Lurah, sampun ngantos maringaken palenggahan Lurah dhateng kula menapa sanesipun, jalaran ingkang wenang kaparingan palenggahan Lurah menika namung Gus Pradapa. Dene menawi wekdal menika Gus Pradapa dereng saged ngayahi jejibahaning Lurah nata reh parentah ing Kepuh Agal mriki, kula sagah minangka sesulihipun jumbuh kalihan ungeling serat ingkang dipun tapak astani Ki Lurah ingkang kaparingaken dhateng kula kala samanten. Serat kasebat saged dipun pundhut kundur dening Gus Pradapa, menawi Gus Pradapa sampun purna anggenipun ngayahi jejibahan winados ingkang kadhawuhaken Ki Lurah kala wau”.

        “Ki Bau Jangglengan” mawi suwanten alon Bapa nimbali Ki Pawana.

        “Inggih Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawana kurmat.

        “Aja ndika kira nek kuwajiban sing bakal ditandangi adhimu Pradapa kuwi luwih entheng lan luwih gampang tinimbang nata reh parentahing Desa Kepuh Agal” Bapa paring dhawuh “awit iki ana sambung rapete karo kawicaksanan Dalem Panembahan Senapati ing Kutha Gedhe Mataram, lumantar Rekyana Patih Mandaraka lan mbok menawa ngantia entek umure Pradapa jejibahan kuwi ora bakal rampung lan mbok menawa bakal ditutugne dening anak tekan putune Pradapa mbesuk. Kamangka jejibahan ndika kuwi ya ora kurang abote, mbutuhake kawibawan  lan kakuwasan kang jumbuh lan lakuning paugeran. Dadi murih rancage laku tata rehing parentah ing Kepuh Agal kene, ndika pancen kudu dadi Lurah ora mung wewakiling Lurah, kaya sing wis tak dhawuhake ing ngarep mau. Anane aku duwe dhawuh kang mangkono mau jalaran aku percaya yen kadang Bebau sing ana Kepuh Agal kene meh kabeh padha nyarujuki apa sing dadi panemu sing wekasane dadi dhawuhku mau”.

        Bapa kendel anggenipun ngendika, sawatawis Ki Pawit saha Bebau Jangglengan ugi dereng ngaturakem pamanggihipun malih lan ugi dereng anyagahi ingkang dados dhawuhipun Bapa ing ngajeng kala wau. Awit saking menika kula lajeng badhe nyobi ndherek atur pamanggih .

        “Nyuwun pangapunten Bapa” alon-alon kula wiwit matur.

        “Iya Pradapa, mbok menawa awakmu duwe panemu?” Bapa paring wangsulan, mundhut pirsa kalajengaken dhawuh “Kandhakna sing trawaca ben kabeh sing ana kene padha melu ngrungokne!”.

        “Inggih Bapa” kula wiwit ngaturaken menapa ingkang dados isen-isening manah kula “manawi kula suraos ungelipun Paugeran Dhusun Kepuh Agal ing babagan Gilir Gumantosing Lurah, Putra Lurah menika mila saged kapiji nggentosi kalenggahaning tiyang sepuhipun ingkang sampun lengser, menika ateges boten kedah. Dados ing benjangipun menawi Bapa sampun lengser, kula boten kedah gumantos dados Lurah. Saged ugi dipun tegesi makaten : menawi kula purun lan sembada sagah ngayahi jejibahan Lurah kula saged gumantos dados Lurah, nanging menawi kula sanadyan purun nanging pranyata boten kuwawa ngayahi jejibahan Lurah, langkung sae menawi kula boten dados Lurah, sarta malih menawi kula boten purun dados Lurah, mangka boten wonten pranatan ingkang saged meksa dhumateng kula murih purun dados Lurah”.

        “Iya pancen mangkono kuwi Pradapa” Bapa nigas atur kula “sabanjure sing mbok karepne kepiye?”.

        “Inggih Bapa” kula nutugaken atur “gandheng kula badhe nindakaken dhawuh saking Bapa ingkang asaling dhawuh saking Gusti Patih Mandaraka ing Mataram ingkang wekdalipun boten kamangertosan menggah dangunipun, saha malih ing mriki wonten Kakang Pawana ingkang sampun kabukten sembada ngayahi jejibahan ing tata reh parentahing Dhusun, kula langkung sarujuk menawi benjing menawi Bapa sampun lengser, Kakang Pawana ingkang gumantos jumeneng Lurah ing Kepuh Agal mriki. Lan kula boten badhe kepengin dados Lurah, awit saking menika, menawi pranyata jejibahan winados ingkang Bapa dhawuhaken menika pranyata sampun rampung lan kula kedah wangsul dhateng Kepuh Agal malih, mangka kula sampun trimah legawa saha remen manawi kula saged dados salah satunggaling kawula ingkang anyengkuyung Kakang Pawana minangka Lurah ing Kepuh Agal mriki”.

        “Nggih Gus saestu kula mathuk lan sarujuk sanget kalihan pamanggih ndika menika” dumadakan Bebau Grojoganngubal tanpa mawi adangiyah menapa-menapa nyaut atur kula dhateng Bapa makaten menika “nek Ki Pawit napa Ki Jangglengan boten mathuk niku namine sampun kesangeten saestu”.

        Awit panyautipun rembag dening Ki Pahang ingkang radi seru makaten menika, sedaya tiyang ingkang wonten ing Sanggaripun Bapa, kalebet ugi Bapa lajeng sami ningali praupanipun Ki Bebau ing Grojoganngubal menika.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” dipun pirsani Bapa ingkang ketingal ngemu raos ngungun, Ki Pahang lajeng ngrumaosi piyambak tanpa dipun emutaken menawi sampun kenging kawastanan lancang ing pangucap “inggih labet kasurung raos sarujuk kalihan dhawuh pangandikanipun Gus Pradapa kala wau, ndadosaken kula supe menawi menika ing ngarsanipun Ki Lurah. Sepisan malih kula nyuwun pangapunten awit kadegsuran kula menika”.

        “Ora dadi apa Ki Bau” Bapa paring wangsulan kalihan mesem “aku mung gumun ora padatan ndika kuwi guneman banter kaya mangkono mau”.

        “Inggih Ki Lurah” Ki Pahang matur kalihan ndhingkluk “labet kula nembe kemutan dhawuh pangandikanipun Ki Lurah menapa dene dhawuh pangandikanipun Gus Pradapa menika sakalangkung leres, pramila kula nunten boten sranta selak kepengin ngedalaken uneg-uneging manah kula kala wau”.

        “Kaparenga matur Ki Lurah” meh sesarengan Bebau Sidadadi lan Bebau Sambirobyong matur dhateng Bapa.

        “Nek arep aweh panemu prayoga gentenan Ki Bau” Bapa paring wangsulan kalihan mesem “saiki coba Ki Sambi dhisik  duwe panemu sing kepriye? Yen wis lagi Ki Sudib sing genti ngandhakne panemune”.

        “Matur nuwun Ki Lurah” Ki Sambirobyong lajeng matur “kula namung badhe ngaturaken bilih pamanggihipun Ki Grojoganngubal menika nyata leres lan kula nggadhahi pamanggih ingkang sami kalihan pamanggihipun Ki Pahang”.

        “Samanten ugi kula Ki Lurah” Ki Sudib, Bebau ing Sidadadi menika nyambung aturipun Ki Robyong “pamanggih kula sami kalihan pamanggihipun Ki Pahang, awit kula ugi sampun mangertos sanaosa kirang cetha bilih jejibahan ingkang dipun emban dening Gus Pradapa menika langkung wiyar tebanipun tinimbang jejibahan ing Kepuh Agal menika”.

        “Aku banget nedha nrima marang Ki Pahang lan Ki Sambi apa dene Ki Sudib” saderengipun Bapa paring wangsulan, kula langkung rumiyin wicanten dhateng para Bebau menika “nanging tak suwun anggon ndika padha nyengkuyung panemuku iki mau, ora jalaran percaya marang crita sing dikandhakne Ki Danara nalika sanja menyang Jangglengan nalika samana”.

 

Ana candhake

Senin, 25 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (122)


 


122.

        Dalu menika Bapa ketingal saged sare kanthi pules, babar pisan boten kepireng anggenipun ngeses menapa malih sambat. Ingkang makaten menika ndadosaken kula lan para Bebau ingkang nenggani sami kraos ayem. Malah kula kober kengkenan Paman Genter murih suka pasegahan dhateng para Bebau kangge kanca jejagongan lan wungon ing sanggaripun Bapa menika. Lan Para Bebau inggih kanthi sekeca sami ngrahabi unjukan wedang jahe kalihan Uwi Senggani ingkang dipun godhog. Nalika wanci ngancik sapratiganing dalu ingkang kantun, Bapa wungu nanging boten ngendika menapa-menapa, malah lajeng sesuci mawi lebu suci, lajeng nindakaken lampah panembah dhateng Gusti sanaosa inggih kalihan sasmita kemawon. Lan nalika bang-bang wetan sampun ngetingal, Bapa wungu malih lan kados wau nindakaken sesuci lan lampah panembah. Para Bebau inggih lajeng sami pamitan badhe wangsul ing griyanipun piyambak-piyambak.

        Ing siyangipun para rewang ing dalem kalurahan, katimbalan dening Bapa murih marak ing papanipun sarean. Dhumateng para rewang menika, Bapa mundhut pangaksami menawi sadangunipun para Rewang menika suka pambiyantu dhateng Bapa lan kulawarga dalem Kalurahan, Bapa dereng saged paring pituwas ingkang jumbuh kalihan lelabetanipun para rewang kala wau. Bapa ugi dhawuh nedha nrima lan ndedonga dhumateng Gusti, mugi-mugi pagesanganipun para rewang lan kulawarga sarta turun-turunipun kaparingan karahayon, kabegjan lan kamulyan dening Gusti Ingkang Maha Mirah. Sedaya rewang ingkang mireng dhawuh pangandikanipun Bapa makaten menika sami boten kiyat ngampet raosing manahipun piyambak-piyambak, sedaya sami trenyuh manahipun lajeng sami nangis sanaosa boten ngedalaken suwanten kajawi namung sesenggrukan. Dening Bapa para rewang ugi kaparingan pitutur murih pinter lila lamun kelangan ora gegetun, nrima yen kataman sak serik sameng dumadi legawa pasrah dhateng purbaning Kawasa.

        “Aku lan ndika kabeh kuwi satemene ora beda” makaten antawising pitutur saking Bapa dhumateng para rewang dalem kalurahan “nanging padha. Tegese, aku lan ndika kuwi ing ngarsaning Gusti padha olehe bodho, padha olehe mlarat, padha olehe asor, padha olehe mung dadi kawulane Allah. Awit satemen-temene kapinteran, kasugihan, kalungguhan lan sapiturute kuwi kabeh kagungane Allah awake dhewe lan titah liyane mung sadrema kapanggonan utawa katitipan murih digunakne kanggo sangu nglakoni urip ing alam padhang iki supaya bisa nindakne kabeh kuwajibaning titah marang Gustine. Lan ing mbesuke, kabeh titipan kuwi bakal dilandrat kaya apa anggone titah nanjakne titipan mau, yen becik anggone nanjakne mangka bakal thukul ganjaran sing agung dene yen olehe nanjakne mung nggugu kersa priyangga kang tinuntun dening hawa nafsu sing ucul saka kekeran, mangka ya bakal ana pidanane. Mula sepisan maneh aku njaluk pangapura saka ndika kabeh, awit aku nglenggana nggonku ngecakne titipan sing tak tampa mligine kang tumanduk marang ndika kabeh, isih akeh luput lan kurange, ya muga-muga wae pangapura saka ndika mengko bisa nyuda pidana saka Gusti Kang Maha Asih. Sabanjure, ndika kabeh kudu taksah eling yen jejering titah kuwi meh kaya sarah kang ana ing segara, lakune mung manut marang ilining banyu. Nalika Gusti ngersakne manungsa lahir, mangka iya ora ana sing bisa mambengi supaya ora sida lahir, samono uga nalika Gusti ngersakne manungsa mati lan bali marang mula-mulane, mangka digedhongana dikuncenana tan wurunga manungsa bakal mati. Ora ana titah sing ngaweruhi kapan tumibane pesthi, embuh aku dhisik embuh ndika dhisik, anggone kapundhut bali. Mula becike ayo aku lan ndika padha prasetya ing jeroning atine dhewe-dhewe, gelema sing kapundhut keri ndongakne sing kapundhut luwih dhisik, murih bisa lepas lakune, padhang dalane katampa sowane lan kapapanake ing papan kang jumbuh karo lelabuhan sing dicakne nalika uripe”.

        Sedaya ingkang sami mireng pututuring Bapa, kalebet kula, lajeng sami nginggihi sinartan luh ingkang terus kumucur saking mripat.

        Trus ginelak ujaring tiyang ndongeng, ing wanci dalunipun Ki Pawit lan para Bebau ingkang kala dalu kadhawuhan dening Bapa murih dugi ing sanggar, sedaya sampun sami dugi. Kados ingkang kaaturaken Ki Pawana, dugi dalu menika Ki Danara dereng dugi saking anggenipun kesah, dados inggih boten tumut ngadhep ing ngarsanipun Bapa. Kados kala wingi, kula inggih lajeng ngatag Paman Genter murih suka pasegahan dhateng para ingkang sami dugi kados pasegahan kala wingi.

        “Kakang Pawit lan kadang Bebau kabeh” mawi suwanten ingkang alon nanging cetha Bapa wiwit ngendika “ora krasa jebul wis suwe anggone awake dhewe bebarengan labuh kanggo Desa Kepuh Agal iki”.

        “Inggih Ki Lurah” ingkang atur wangsulan Ki Pawit, sawatawis para Bebau taksih sami mendel “upami boten sok sumerep putu-putu kula ingkang sampun sami gemrayah makaten, kula inggih boten kraos menawi sampun dangu anggen kula ndherek ngayom ing Dhusun Kepuh Agal menika”.

        “Sing bener kuwi ora Kakang Pawit sing ngayom ing Kepuh Agal, nanging Kakang Pawit kuwi salah siji saka cikal bakal saka Desa Kepuh Agal iki, Genah nalika awake dhewe saka sangkan sing beda banjur kepethuk ing papan iki, gapyuk dadi sedulur kanthi janji sajroning ati bakal sabaya pati bebarengan yasa Desa sing maune isih wujud alas kaya ngana kae. Dening sing nggelar lakon, aku kapasrahan nglurahi ndika sakanca sing saiki akeh sing wis padha kapundhut dening Kang Gawe Urip lan ndika kajibah anyengkuyung apa kang dadi kuwajibanku. Dadi saupama ora ana ndika lan kanca-kanca, nglengkara aku bisa dadi Lurah ing Desa iki” Bapa gentos paring wangsulan, ngleresaken  jejeripun Ki Pawit ing Kepuh Agal ingkang boten namung tiyang ngayom, lajeng kasaambet ngendika bab sanes “nanging anggonku nekakne ndika lan para Bebau iki ora arep tak jak ngrembug lelakon sing wis kawuri kuwi”.

        “Inggih Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawit “sumangga kadhawuhna, kula badhe mirengaken saha sasaged-saged badhe nglampahi menapa ingkang dados dhawuh jengandika”.

        “Iya Kakang” Bapa lajeng paring dhawuh malih “ndika sing ana kene rak wis padha weruh nek lungaku nalika samana jalaran nindakne jejibahan sing kudu tak rampungne, jejibahan winadi sing mung bisa tak lakoni dhewe. Nanging kanyatane durung kongsi rampung nggonku nindakne jejibahan winadi kuwi, kedadak aku dadi lara kaya mangkene iki…..”.

        “Inggih Ki Lurah” Ki Pawit nigas rembag “mugi-mugi Gusti enggal paring waluya dhateng Ki Lurah lan saged ngrampungaken jejibahan winados menika”.

        “Ora mangkono Kakang” Bapa paring wangsulan “aku wis ora kuwawa ngrampungne jejibahan winadi kuwi, tenagaku wis entek lan wektuku ya wis ora ana maneh kanggo kuwi. Nanging isih ana cara kanggo ngrampungake jejibahan winadi kuwi. Mula anggonku nekakne ndika lan para Bebau iki mau, ora liya arep tak jak andum gawe murih kabeh jejibahanku minangka Lurah Kepuh Agal bisa ketandangan kanthi sabecik-becike”.

        “Menawi makaten kula namung saged ndherek menapa ingkang jengandika dhawuhaken Ki Lurah” aturipun Ki Pawit ingkang lajeng noleh dhateng Bebau sekawan ingkang lenggahipun mlempak sing sakeringipun Ki Pawit, kalihan wicanten “ndika kabeh rak ya padha karo sing tak aturne iki mau ta Ki Bebau kabeh?”.

        “Inggih Ki Pawit” Bebau Sambirobyong, Grojoganngubal lan Bebau Sidadadi sami wangsulan sesarengan. Sawatawis Ki Bebau Jangglengan namung manthuk tanpa nyuwanten.

        “Sampun Ki Lurah” Ki Pawit lajeng matur dhateng Bapa “samangke kaparenga jengandika paring dhawuh menapa ingkang kedah kula lampahi?”.

        “Iki ngene Ki Pawit” Bapa lajeng ngendika malih “gandheng kahananku saiki isih kaya ngene, embuh apa sing bakal dumadi sawise aku lara iki, lire bisa bali waras apa bali marang sing Kagungan Urip, aku ora ngerti, mung wae sing arep tak kandhakne mengko, tak jaluk padha ditindakne. Kang kapisan perkara jejibahan sing mung aku dhewe sing weruh wujude, dina iki tak pasrahake marang anakku lanang Pradapa. Pradapa wis tak jarwani apa sing kudu ditindakake. Tak jaluk ora ana sing cuwa lan gela awit jejibahan iki tak wenehake marang anakku dhewe, jalaran pancen mung Pradapa sing nduweni sarat bisa nglakoni jejibahan iki”.

        “Inggih Ki Lurah” Ko Pawit atur wangsulan “kula pitados sampun satrepipun menawi jejibahan winados menika manawi kapasrahaken dhateng Gus Pradapa. Lan kula ugi pitados sanget, bilih Gus Pradapa tamtu boten badhe anguciwani”.

        “Inggih Ki Lurah, kula nggadhahi pamanggih ingkang sami kalihan pamanggihipun Bapa menika kala wau” Ki Pawana, Bebau Jangglengan ugi ngaturaken pamanggihipun.

        “Samanten ugi kula Ki Lurah” Bebau Sambirobyong, Bebau Sidadadi lan Bebau Grojoganngubal ndherek matur sesarengan.

        “Aku banget nedha nrima marang ndika kabeh awit wis percaya marang anakku Pradapa kanggo nindakane jejibahan iki, mula dhawuhku marang Pradapa kasep-kasepe patang puluh dina sawise dina iki, kowe kudu wis budhal nindakne jejibahan iki” Ngendikanipun Bapa ingkang lajeng paring dhawuh dhateng kula.

        “Inggih Bapa” kula wangsulan cekak.

        “Sabanjure kang kaping pindho” Bapa paring dhawuh malih “gegayutan karo jejibahanku minangka Lurah Kepuh Agal sing ora ngemu wewadi. nDika kabeh kudu ngerti yen Sarkara iki menungsa lumrah, sing sawayah-wayah bisa mati. Nanging yen jenenge Lurah Kepuh Agal nganti kapan wae ora bakal bisa mati. Matine Lurah Kepuh Agal bareng karo ilange Desa Kepuh Agal dhewe. Kan sadurunge Lurah Kepuh Agal budhal lunga nindakne jejibahan winadi nalika samana, Lurah Kepuh Agal wis napak astani layang sing isine parentah marang Ki Pawana supaya nindakne jejibahan Lurah lan ngesuhi para Bebau sa Desa Kepuh Agal, Layang parentah kuwi ora winatesan wektune nganti suk kapan. Dadi embuh apa sing bakal kedadeyan tetepa Ki Pawana nindakne jejibahan kuwi kanthi sabecik-becike, lan sawayah-wayah Sarkara tumekeng janjine bali marang Gustine, Ki Pawana wenang nganggo sebutan Ki Kepuh Agal Kapindho ya iku Lurah Kepuh Agal sawise Ki Sarkara”.

        “Mangke rumiyin Ki Lurah……” meh sareng Ki Pawit lan Ki Pawana ngangkat tanganipun badhe nyelani dhawuhipun Bapa.

 

 

Ana candhake

Minggu, 24 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (121)


121.

        Lan sasampunipun menika, Bapa ketingal sansaya ringkih lajeng mapan sare wonten ing pasujudan. Kula nggagas, menawi kala wau Bapa ngendika, dening ingkang paring pitulungan dipun criyosi taksih wonten wekdal kangge ngusadani gerahipun ingkang jalaran kenging racun ingkang wonten ing gadanipun begal menika, watawis sekawan dinten. Nanging dhateng pundi anggen kula badhe pados usada kala wau? Rumiyin Bapa nate paring dhawuh mbudidaya menika kuwajibaning titah, dene kasil lan botenipun menika wewenanging Gusti Allah. Inggih awit saking menika tumunten tuwuh sedya ing manah kula badhe ngupadi jampi kangge ngusadani Bapa. Duka dhateng pundi mangke anggen kula badhe madosi.

        “Pradapa…..” kalihan sarean Bapa nimbali kula.

        “Inggih Bapa?” kula atur wangsulan.

        “Sajroning wektu telung dina iki aku aja mbok tinggal adoh-adoh” ngendikanipun Bapa kalihan suwanten ingkang alon lan pedhot-pedhot kabekta saking napas ingkang katingal sesak “aku ngerti nek kowe arep metu saka omah saprelu nggolekne tamba aku, nanging kuwi wis ora ana gunane. Pesthine uripku katone ya mung tekan semene, dadi ya ora kacek adoh karo Biyungmu. Mula tak jaluk kowe sing rila lan legawa, jalaran pati lan urip kuwi kagungane Allah, awake dhewe teka ing donya iki asale saka Allah lan yen wis wancine kudu bali marang Allah. Ora liwat sapungkurku aja nganti kowe ninggalne panembahmu marang Gusti, aja seneng kowe gawe seriking sapepadhane wong, nggedhekna watak dhemen tetulung lan aja pisan-pisan kowe mbedak-mbedakne wong. Kabeh kuwi titahing Gusti sing kudu mbok aji-aji, yen kowe dhemen ngremehake titahing Gusti padha wae kowe dhemen ngremehake marang Allah. Sejatining satriya kuwi ora bakal kanggonan rasa gething ing atine, sanadyan marang mungsuh pisan ora bakal gething, awit temene sing ala kuwi dudu manungsane nanging hawa nepsu sing ucul saka kekeraning ati”.

        “Inggih Bapa, dhawuhipun Bapa badhe tansah kula damel paugeraning gesang kula” kula atur wangsulan, gandheng kula rumaos boten wantala ningali kawontenanipun Bapa ingkang sansaya ringkih, kula lajeng matur “samangke Bapa ngaso kemawon rumiyin…..”.

        “Iya, aku pancen arep leren” Bapa taksih ngendika malih “nanging aku ngenteni wektu ilange mega abang ing sisih kulon dhisik, yen wis aku arep sesuci mawa lebu kang suci jalaran aku wis ora kuwat tangi. Yen wis nindakne sembahyang, aku banjur arep leren kowe dhewe ya lerena”.

        Saestu, sasampunipun nindakaken panembah ing wanci dalu, Bapa lajeng sare. Sanaosa ketingal sansaya pucet pasuryanipun, nanging ambeganipun kapireng sampun radi aring, kados limrahipun tiyang ingkang nembe tilem. Manah kula inggih kraos radi ayem. Lan wiwit wekdal menika, Bapa boten ngendika menapa-menapa malih, ewa samanten saben wancinipun manembah mesthi lajeng mbikak netranipun, sesuci mawi lebu ingkang tumempel ing papan sarenipun lajeng sembahyang, sasampunipun sembahyang inggih lajeng sare malih.

        Kalih dinten sasampunipun Bapa rawuh kanthi kawontenan gerah ingkang kados makaten menika, ing wanci ngasar inggil Ki Pawana madosi kula ing Dalem kalurahan. Ki Bebau Jangglengan dereng mangertos menawi Bapa sampun rawuh. Sareng kula criyosi manawi Bapa sampun rawuh lan nandhang gerah ingkang santer, lan kula takeni menggah ingkang dados sedyanipun madosi kula menika. Ki Pawaba lajeng wangsulan :

        “Inggih Gus, estunipun kula badhe matur bab anggenipun Tanggon lan rencang-rencangipun kepengin gladhen ulah kanuragan ing sajawining sanggaripun Kyai Daka kados ingkang sampun dipun aturaken dhateng Gus Pradapa watawis sapeken kapengker. Nanging gandheng samangke Ki Lurah sampun rawuh lan nembe gerah, prayogi rembag babagan menika dipun sumenekaken rumiyin, benjing kemawon menawi Ki Lurah sampun dhangan saged dipun rembag malih kanthi langkung mirunggan”.

        “Iya Kakang Pawana” wangsulan kula nayogyani “bares wae, dina iki atiku lagi peteng, pamikirku kuwur, dadi saupama ndika ajak rembugan babagan kang wigati ya ora bisa”.

        Boten dangu Ki Pawana ugi lajeng pamitan wangsul. Dalunipun, Ki Bebau Jangglengan menika dugi malih nanging boten piyambakan, sedaya Bebau kajawi Bebau ing Sidamulya sami dipun ajak.

        “Nyuwun pangapunten Gus” wicantenipun Ki Bebau Jangglengan sareng kula panggihi ing pendhapa “sareng kanca-kanca Bebau kula kabari bilih Ki Lurah sampun kundur nanging nembe gerah, sedaya sami nyuwun palilah badhe ndherek tugur anenggani gerahipun Ki Kepuh Agal”.

        “Iya, iya Ki Bau, aku banget nedha nrima marang ndika kabeh sing arep ngancani aku melekan nunggoni Bapa sing lagi gerah” wangsulan kula ingkang lajeng kula sambung mawi pitaken “gajege iki wis pepak, mung Ki Lurah Danara sing ora katon?”.

        “Inggih Gus” ingkang wangsulan Bebau Sambirobyong, Ki Sambi “wau siyang nalika kula dhateng Sidamulya, Lurah Danara nembe boten wonten griya, lajeng pas kula badhe bidhal mriki wau kober kula ampiri malih, nanging inggih dereng wangsul. Criyosipun Nyai Bau Sidamulya, Ki Lurah Danara nembe kekesahan radi tebih kalihan para siswanipun Kyai Daka ingkang manggen ing griya sawingkinging Sanggar , mbok menawi tigang dinten utawi sapeken nembe wangsul”.

        “Ooo, ngono? Ya wis tak kira nek ana pasarujukan arep nilap Ki Lurah Danara” wangsulan kula kalih mesem. Kula lajeng kengetan wicantenipun Paman Tanggon ingkang nelakaken sujananipun dhateng siswa-siswanipun Kyai Daka ingkang enggal lan dipun damelaken griya ing sawingkingipun sanggar. Siswa-siswa ingkang nggadhahi watak kirang sae, remen wicanten kasar lan saru saha nggadhahi solah bawa ingkang tebih saking tata krami.

        “Boten kok Gus” ingkang wangsulan gentos Ki Pawana, Bebau Jangglengan “badhea kados menapa Ki Danara menika tetep karengkuh dening sedaya Bebau minangka mitra kangge leladi dhateng Kepuh Agal menika”.

        Bebau sekawan kala wau lajeng kula ajak mlebet dhateng sanggar, papanipun Bapa sare. Kula lan Bebau sekawan kala wau sampun mbudidaya murih boten ngedalaken suwanten anggenipun mlebet ing salebeting Sanggar, nanging jebul Bapa nuju boten sare. Dados inggih pirsa menawi para Bebau sami dugi mriku.

        “Pradapa, sapa sing wis aweh kabar marang para Bebau iki mau?” Bapa ndangu kula mawi suwanten alon nanging boten pedhot-pedhot, awit napasipun sampun boten menggeh-menggeh malih.

        “Kala wau siyang Ki Jangglengan mriki Bapa” atur wangsulan kula blaka “lajeng kula warah menawi Bapa sampun kundur, namung kemawon samangke nembe gerah”.

        “Pangabekti kula katur, Ki Lurah” Bebau Jangglengan nyambung atur kula kalihan ngaturaken bekti “nyuwun pangapunten, kula boten mangertos menawi Ki Lurah sampun kundur lan jebul gerah”.

        “Iya, Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Bapa kalihan mesem pait “wis rong dina aku tekan omah, marahi ya raga wis tuwa, katone aku iki kekeselen, embuh piye, kok banjur dadi kaya ngene?. Piye sasuwene tak tinggal iki?  Mesthine kabeh wis bisa ndika cukupi ta?”.

        “Inggih awit pangestunipun Ki Lurah saha saking panyengkuyungipun para kadang Bebau sedaya, para sapukawat lan sesepuh Kepuh Agal, tuwin awit pambiyantunipun Gus Pradapa, jejibahan ingkang kaparingaken dhateng kula saged kula lampahi kanthi sae, Ki Lurah”  atur wangsulanipun Ki Pawana.

        “Sokur ta yen ngono Ki Bau” Bapa ngendika malih “malah gaweyan sing tak tandangi sing isih nisa sethithik, ya kapan-kapan kareben dirampungne Pradapa. Ki Bau isih eling karo unine layang sing wis tak tapak astani perkara jejibahan sing saiki ndika ayahi kuwi?”.

        “Inggih Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawana.

        “Layang kae ora ana wates kanggone, kamangka saiki aku lagi lara kaya ngene iki, lan sawise lara apa aku bali waras apa banjur nusul Nyai Lurah rak ora ana sing ngerti ta?. Mula kuwajiban ndika ya kaya sing kamot ing layang kae, Ki Bau Jangglengan” .

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Pawana “kula pitados Ki Lurah boten dangu malih tamtu sampun waluya jati kados nalika Ki Lurah badhe jengkar nilar Kepuh Agal ngayahi jejibahan winadi nalika samanten”.

        “Matur nuwun Ki Bau” Bapa ngendika malih “kabeh wong lara mesthi kepengin lan mbudidaya murih bisa waras maneh, nanging Krodhaning ati tan kuwawa mbedhah kuthaning pesthi, pambudidayaning titah winatesan tekdiring Gusti Allah. Mula mbok menawa isih dikeparengake dening Sing Maha Wenang, aku kepengin rembugan sethithik karo Ki Pawit lan Para Bebau ing Kepuh Agal kabeh. Mula aku njaluk tulung marang ndika Ki Jangglengan, sesuk bengi sawise mega abang ing sisih kulon ilang Ki Pawit aturana tindak mrene lan Para Bebau kabeh uga tak jaluk padha teka”.

        “Inggih Ki Lurah ngestokaken dhawuh” wangsulanipun Ki Pawana ingkang lajeng kasambet “menika sedaya kadang Bebau ugi sampun mireng piyambak dhawuhipun Ki Kepuh Agal, namung Ki Danara ingkang dereng mireng. Miturut kabar ingkang kula tampi, dinten menika Ki Bebau ing Sidamulya nembe kekesahan radi tebih, ambok bilih ngantos tigang dinten menapa sepeken nembe wangsul. Awit saking menika, menawi Ki Danara benjing boten saged ndherek sowan mriki, mugi Ki Lurah kepareng paring pangaksami”.

        “Iya Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Bapa “saupama Danara ora bisa teka kene, embuh wonge lunga durung bali, embuh merga lagi aras-arasen, ya ora apa-apa, bares wae aku ora pati mbutuhake Danara nanging aku banget mbutuhake pambiyantu saka Ki Pawit lan ndika kabeh Bebau Kepuh Agal sing saiki ana kene iki, mula sepisan maneh aku njaluk sesuk padha mrenea”.

        “Inggih Ki Lurah, sendika ngestokaken dhawuh” Bebau Sidadadi, Sambirobyong, Grojoganngubal lan Bebau Jangglengan sareng-sareng atur wangsulan.

        “Saiki aku arep leren, ndika kabeh nek arep ngancani Pradapa ana kene, aja mung padha meneng-menengan, ndika aja samar lan aja padha rikuh pakewuh, lerenku ora bakal keganggu merga suwara ndika kabeh. Yen ana perkara sing kudu dirembug, padha rembugen wae sepisan maneh aku ora bakal keganggu dening suwara rembugan ndika”.

        Bapa lajeng kendel, netranipun dipun tutup lajeng sare malih. Suwanten napasipun cetha nedahaken menawi Bapa mila estu sampun sare.

 

Ana candhake
 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (120)


 

120.

        Lan taksih kathah malih anggenipun Bapa paring piwucal menggah ingkang dados sarat tumraping tiyang ingkang badhe suwita dhateng Ratu. Lahir baton sedaya dhawuhipun Bapa kula sagahi, boten kesupen kula ugi tansah nyuwun donga lan pangestu dhateng Bapa mugi anggen kula badhe suwita dhateng Mataram menika mangke saged damel kasaenan tumrap nagari ingkang badhe kula suwitani, saha tinampi minangka sarananing panembah kula dhateng Gusti Ingkang Maha Agung.

        “Sokur yen kowe isih eling Pradapa” ngendikanipun Bapa salajengipun “tata gelar dadi abdining Ratu kuwi masrahake jiwa lan ragane marang sing dikawulani, nanging satemene kuwi mung sarana ngawula marang Gusti Kang Murbeng Urip, jalaran mapan Ratu iku kapiji dening Hyang Agung marentahaken kukum adil ing lumahing bumi, mula Gusti Panembahan ing Kutha Gedhe Mataram kae ngagem sebutan Kalipatullah, tegese mung wewakiling Allah kang kadhawuhan mangarsani manungsa murih memayu hayuning jagad saisine”.

        “Inggih Bapa” kula namung wangsulan cekak.

        “Sabanjure, sawuse iket pratandha saka Mataram kuwi mbok tampa, saiki gawenen sabukan, tutupana nganggo klambi sing mbok enggo kaya kang wis tak tindakne mau. Prelune ora saben wong bisa weruh yen kowe nggawa pratandha saka Mataram. Sabab yen nganti konangan wong liya yen kowe nggadhuh iket gadhung kuwi, bisa ndadekne ora becike tumrap sing weruh lan tumrap awakmu dhewe” Bapa nglajengaken anggenipun paring dhawuh.

        “Inggih Bapa” wangsulan kula kalihan nglampahi menapa ingkang dipun dhawuhaken Bapa, iket kula candhak lajeng kula ubetaken ing bangkekan kados dene sabuk. Nanging saderengipun kula tutupi mawi rasukan, Bapa lajeng paring dhawuh malih :

        “Saiki, Keris Kyai Pantek iki, slempitna ing lempengmu sing wis mbok sabuki nganggo iket kuwi mau”.

        Keris Kyai Pantek lajeng kula pendhet, dhawuhipun Bapa kula cakaken.

        “Wiwit dina iki” Bapa nglajengaken paring dhawuh “kaslametane Kyai Pantek wis dadi tanggung jawabmu. Aja kongsi ucul banjur dikuwasani sapa wae kajaba awakmu. Kaya weling sing wis wola-wali tak kandhakne, yen nganti kowe rumangsa ora bisa maneh ngreksa Kyai Pantek, mangka kundurna pusaka kuwi marang ingkang kagungan kanthi sarana larungen ing telenging Sendhang Ngiyom”.

        “Nuwun sewu Bapa” kula sumela atur “kula nate mireng bilih Dhuwung Kyai Pantek menika sipat kandeling Dhusun Kepuh Agal, menawi kula siyos bidhal ngabdi dhateng Mataram menapa Dhuwung menika kedah kula kunduraken dhateng Bapa malih?”.

        “Ora!” Bapa paring wangsulan “Keris kuwi pancen minangka Sipat Kandel kanggo aku sasuwene aku ngesuhi Desa Kepuh Agal iki, supaya wong sing arep ngregon-ngregoni lakuku nindakne kuwajiban minangaka lurah bisa tak atasi nganggo Keris kuwi. Saiki aku wis ora mbutuhake apa-apa maneh, jalaran jejibahanku marang Kepuh Agal,  sing tak emban iki wis meh purna, mung kari siji ya iku mbudidaya murih Kyai Pantek aja nganti tumiba lan dikuwasani dening tangane wong sing ora bener, awit bisa gawe bubrahe Desa lan Kawula ing Kepuh Agal kene”.

        “Nyuwun pangapunten Bapa” raosing manah kula boten sekeca nalika kula mireng Bapa ngendikakaken bilih jejibahanipun dhateng Kepuh Agal sampun badhe purna, kula lajeng nyuwun pirsa menapa ingkang dipun kersakaken Bapa kalihan tembung menika “kula rumaos dereng mangertos kalihan kersanipun Bapa menika”.

        “He he he” Bapa gumujeng alon, lajeng ngendika “saiki rungokna, arep tak wangsuli pitakonmu sing mau durung tak wangsuli mau, ya iku ana lelakon apa dene aku bali ora nunggang Si Gombak malah awakku dadi kaya mangkene iki, mlaku wae dadi rekasa, ambegan ya ora longgar ngene iki”.

        “Inggih Bapa”

        “Tenane, aku bisa tekan omah maneh iki wae wis mujudne sawijining kanugrahan sing tanpa upama gedhene, lan aku banget ngunjukne rasa tarima kasih marang Allah. Jalaran kanthi lelantaran salah sawijining kawulaNe, aku isih diparingi kalodhangan bisa ketemu karo kowe lan aweh weling kaya sing wis tak kandhakne ing ngarep”.

        “Inggih Bapa”

        “Dene cethane lakon kaya mangkene :

        Nalika budhal bali saka Mataramm atiku krasa seneng sing tanpa upama, awit anakku lanang bakal katarima suwita ing Dalem Kepatihan. Mula anggonku nggelak lakune Si Gombak ya rada tak sengka, awit aku daya-daya selak kepengin nekakne warta gembira iki marang anakku lanang ya kowe kuwi Pradapa.

        Nanging jebul ana dalan ana alangan, ya kuwi sawise olehku ninggalne Kutha Gedhe oleh telung dina. Ing sawijining alas, adoh sawetane Kadipaten Pajang, sing aku ora ngerti jenenge alas apa, ya kuwi manggone ana sukuning Gunung Lawu sisih lor, sing ing kono akeh jurange sing jero lan mbebayani tumrap sing padha liwat kono. Dumadakan aku dicegat dening wong pirang-pirang sing ngadhang ana tengahing dalan. Mesthi wae, aku banjur mandheg, mudhun saka gigiring Si Gombak.

        “Nuwun sewu Kisanak, kaparengna kula badhe ndherek langkung” karo nuntun Si Gombak aku nembung njaluk palilah arep liwat.

        “Mengko dhisik Kisanak” salah siji saka wong sing ngadhang laku kuwi wangsulan karo takon “ndika iki sapa? wong saka ngendi? arep menyang ngendi? Teka wani-wani ngambah laladan sing dadi wewengkonku he?”.

        “Nyuwun pangapunten Kisanak, nami kula Sarkara tebih saking Dhusun Kepuh Agal, menika kula badhe wangsul, inggih nyuwun pangapunten, kula boten mangertos menawi laladan menika wewengkon ndika. Nanging kula boten gadhah sedya awon, namung kepengin badhe ndherek nglangkungi papan menika kemawon”.

        “Kepuh Agal?” Wong mau semaur karo rada nggetak “Kepuh Agal kuwi ngendi? Lagi iki aku krungu jeneng desa Kepuh Agal!”.

        “Mila menika Dhusun enggal Ki Sanak” aku wangsulan karo nyabarake ati, ora ana gunane sulaya rembug karo wong liya ing tengah dalan ngene iki “saking mriki watawis lampahan kalih dinten kalih dalu”.

        “He he he …..Adoh nek ngono?” wong mau ngguyu sajak ngece “ya wis ndika mbalik wae golek dalan liya, aja liwat wewengkonku kene, wewengkonku iki ora kena diliwati sapa wae!”.

        “Menawi makaten kula kedah mbalik Kisanak?” aku takon karo suwara tak gawe sareh “menawi kapareng mbok inggih kula dipun tedahi margi sanes ingkang saged kula langkungi”.

        “nDika arep liwat ngendi wae aku ora arep menging, waton ora ngliwati sing dadi panguwasaku. Ngerti?”  tak takoni apik-apikan ngono kuwi wong mau malah semaur karo nggetak, mripati wiwit mlilik. Aku ya wiwit nggagas nek wong-wong kuwi mesthi bangsane brandhal sing dhemen nyegat wong liwat banjur direbut bandha duweke.

        “Matur nuwun Kisanak” sanajanta mangkono aku api-api mbodhoni, murih wong-wong kuwi ora sansaya nesu marang aku. Neng ati ya wis tak niyati, nek pancen kabeh barang sing tak gawa iki dijaluk, ya arep tak ulungake tinimbang aku dipilara dening wong sing cacahe watara ana sepuluh luwih kuwi “wewengkon ingkang dados panguwaos ndika dumugi pundi inggih? Kula kepengin boten nglangkungi ingkang dados wewengkon ndika?”.

        “Kowe takon watese laladan sing dadi wewengkonku?” wong mau ora mendha olehe nesu, malah olehe nggetak sansaya banter “saka kene mangidul tekan Kidule Gunung Lawu, mengalor tekan sak lore segara lor, ngerti?!?”.

        Aki banjur nginger sirahe Si Gombak, arep tak jak mbalik, karo guneman marang wong kuwi :

        “Nggih sampun, kula wangsul mawon” karo muni ngono kuwi, Si Gombak tak tuntun ngadoh saka wong-wong kuwi. Aku nedya mbalik mengulon.

        Nanging sadurunge aku munggah menyang gigire si Gombak, dumadakan ana barang abot lan atos nibani sirahku ing sisih mburi banjur disusul maneh sing nibani geger lan bahuku sisih kering. Sabanjure aku wis ora weruh apa-apa maneh. Mung lamat-lamat aku isih krungu suwarane wong pirang-pirang pating brengok, ora cetha apa sing diucapne.

        Nalika aku bali eling, aku mambu gandane bobokan jamu. Aku gumlethak ana pasuketan ing ngendi aku ora ngerti.

        “Aja kuwatir Kisanak, ndika wis adoh saka panggonane para Brandhal sing ngaku andhahane Nyai Klenthing Mungil mau” ana suwara alus sing ngandhani aku. Jebul sing nyuwara kuwi kaki-kaki tuwa sing ora duwe rambut babar pisan, nanging brengos lan jenggote dawa banget nganti meh tekan dhadha.  Aku mung meneng merga arep guneman rasane durung bisa.

        “Jaran lan kabeh barang sing ndika gawa, digawa dening para Brandhal mau” Kaki-kaki tuwa kuwi guneman maneh “mung kali sruwal karo klambi lan iket sing ndika agem ing mustaka lan ndika sabukne neng lempeng iki wae sing kari”.

        “Matur nuwun Kyai……” aku ngaturake panuwun marang Kaki-kaki sing wis nulungi aku kuwi.

        “Padha-padha Kisanak” wangsulane Kaki-kaki kuwi sabanjure “eman, tatu sing ndika sandhang merga racun ing gadane Brandhal-brandhal kae mau, aku ora kuwawa nambani.Aku mung bisa ngrendhet lakune racun sing ngarah marang jejantung ndika wae, kuwi wae ya ora suwe. Kira-kira ya mung pitung dina. Mula becike ndika enggal bisa tumekan omah. Tak surung nganggo ajiku Tirtaraga, muga-muga sajroning wektu telung dina ndika bisa tekan omah lan bisa oleh pitulungan kanggo ngilangi racun sing ana raga ndika saiki iki”.

        Ora ngenteni tak wangsuli Kaki-kaki tuwa kuwi banjur sedhakep. Awakku krasa dadi entheng. Entheng banget lan kaya ana kekuwatan sing meksa, aku tangi banjur ngadeg, lan ora eling apa-apa maneh, kaya-kaya aku ngambah ing alam liya aku jumangkah sing ora manut marang pakoning pikirku.

        Ngerti-ngerti aku wis tekan plataran omah banjur mbok tulungi munggah mlebu omah iki mau” Bapa mungkasi anggonipun cariyos.

 

Ana candhake
 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...