Total Tayangan Halaman

Sabtu, 30 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (126)


 
126.
        Ki Pawana lan sanes-sanesipun nunten mapan linggih, pados papan piyambak-piyambak. Ingkang wonten ing mriku sedaya cacah nenem, anggenipun linggihan kupeng meh adu jengku dados inggih boten mbetahaken papan wiyar lan menawi guneman cekap mawi suwanten ingkang boten banter.
        “Nyuwun pangapunten Gus Dapa” sareng sampun radi sawatawis Ki Pawana lajeng wicanten “kala wau kula sampun semadosan kalihan Bapa, menawi bakda serap badhe mriki. Andilalah wonten tamu, ingkang radi dangu anggenipun ngajak rembagan kula”.
        “nJanur Gunung ana tamu sing teka ing wanci bubar surup” Ki Pawit nyauti wicantenipun Ki Pawana, lajeng pitaken “tamu saka ngendi kuwi?”.
        “Bebau Sidamulya Bapa” wangsulanipun Ki Pawana “piyambakipun ngajak rembagan prakawis kepyakan Lurah enggal ing Kepuh Agal mriki, Ki Danara dereng mangertos menapa api-api dereng mireng kabar kula boten mangertos, awit ingkang dipun kajengaken Lurah enggal ingkang badhe dipun kepyakaken menika Gus Pradapa”.
        “Banjur Kakang Pawana kepriye nggone aweh wangsulan marang Ki Danara?” kula gentos ingkang nakeni Bebau Jangglengan menika.
    “Kula boten suka wangsulan menapa-menapa Gus” wangsulanipun Ki Pawana “awit rembagipun Ki Danara prasasat boten kenging dipun selani, namung wicanten kados suka kabar dhateng kula kemawon. Nanging sareng kula semak radi dangu, rembagipun Ki Danara kala wau kados rembagipun tiyang ingkang ewah nalaripun, rembagipun kepireng menawi sanget anggenipun ngayawara, dados kula inggih lajeng mendel boten kepengin suka wangsulan menapa-menapa. Malah nalika Ki Grojoganngubal badhe nanggapi anggenipun cariyos Ki Danara, lajeng kula jawil murih murungaken kekajenganipun”.
        “Tembunge Ki Danara akeh sing ngayawara, cethane kepiye kuwi Kakang?” kula lajeng pitaken malih.
        “Ki Danara cariyos, bilih wekdal menika Rama saha kadang angkatipun Gus Pradapa inggih menika Raden Sentani lan Raden Gunendra, kadhawuhan dening Kyai Nagaraga momor ima-ima, nalusup dhateng Kraton Kutha Gedhe Mataram, nyidra pusaka Dalem Panembahan Senapati ingkang nama Dhuwung Kyai Jakapiturun. Dados kawontenanipun Raden eh, Gus Pradapa wekdal menika kenging kawastanan sampun ringkih lan tanpa daya jalaran boten wonten ingkang dipun andelaken paring bebantu menawi Gus Pradapa ngadhepi mengsah. Ki Danara ugi cariyos, bilih saged ugi Raden Sentani miwah Raden Gunendra wangsul dhateng Patalan kantun asma kemawon, jalaran wekdal menika Kyai Jakapiturun ingkang badhe dipun cidra menika, dipun reksa dening Danyang Gunung Merapi ingkang wujud Jim, nami Kyai Dandang Tembaga, ingkang kasektenipun boten wonten ingkang saged nandhingi”.
        “Walah-walah, gek crita olehe nemu ana ngendi Ki Lurah Danara kuwi?” kula nyelani rembag kalihan mesem.
        “Awit saking menika, kula wantun mastani rembagipun Ki Danara kados rembagipun tiyang ingkang ewah nalaripun jalaran mendem kecubung menapa kekathahen anggenipun ngombe arak" Ki Bebau Jangglengan semaur ugi kalihan mesem.
        “Sabanjure kepiye? Jare ngajak ngrembug perkara kepyakan Lurah anyar?” Ki Pawit gentos ingkang mundhut pirsa.
        “Lha sasampunipun Ki Danara criyos kados kasebat wau, lajeng wicanten menawi kasugenganipun Gus Pradapa kedah dipun reksa sesarengan. Kula inggih mangsuli leres. Lajeng miturut pitedah saking Kyai Daka, Gus Pradapa kedah tumunten kakepyakaken anggenipun jumeneng Lurah ing Kepuh Agal menika, dene salah satunggaling sarat kepyakan, Gus Pradapa kedah kinucuran sawabipun Pusaka Kyai Pantek lan ingkang saged mratitisaken kumucuring sawabipun Kyai Pantek dhateng Gus Pradapa menika namung Kyai Daka. Awit saking menika sadinten saderengipun upacara kepyakan Lurah enggal kaleksanan, Kyai Pantek kedah sampun mapan ing griyanipun Kyai Daka rumiyin. Gandheng kula menika dugi sapriki taksih jejer minangka suhing para Bebau ing Kepuh Agal lan sesulihing Sawargi Ki Lurah, dening Ki Danara dipun suwun ngaturaken menika dhateng Gus Pradapa” Ki Pawana mungkasi anggenipun nyariyosaken rembagipun Ki Danara.
        Mireng cariyos saking Ki Pawana makaten menika, kula lajeng kengetan dhawuh welingipun Eyang Nyai Pandhanwangi ing pasupenan kala samanten. Inggih menika bab pepenginanipun Kyai Daka saged nguwaosi Dhuwung Kyai Pantek. Kula ugi kengetan kalihan dhawuhipun Nyai Pandhanwangi malih bilih kula badhe nampi pacoben saking Gusti Ingkang Maha Agung, menawi ngantos kula boten lulus awit wontenipun pacoben menika, mangka kula badhe pejah nistha kaningaya. Kengetan ingkang pungkasan menika, manah kula dumadakan kraos trataban, mila kula lajeng nyenyuwun ing salebeting manah, inggih menika nyenyuwun pitulunganing Gusti mugi kula saged kaparingan kiyat salebeting ngadhepi pacoben mangke.
        “Arepa kaya ngapa rembuge Bebau ing Sidamulya kuwi mbutuhake kawigaten kang mirunggan, jalaran awake dhewe kudu ngerti ana apa ing waliking rembuge Ki Danara kaya kang mbok critakne kuwi mau yen digandhengake karo sikep aneh sing ditempuh dening Ki Danara lan Kyai Daka keri-keri iki” Ki Pawit ananggapi cariyosipun Ki Pawana, lajeng wicanten dhateng kula “harak inggih makaten ta Gus?”.
        “Mila makaten Wa” wangsulan kula cekak.
        “Nanging prakawis ingkang magepokan kalihan cariyos kula menika wau saged dipun rembag mangke Gus” Ki Pawana wicanten malih “jalaran wonten wartos sanes ingkang magepokan kalihan Ki Danara saha Kyai Daka, ingkang ugi mbetahaken kawigatosan ingkang saestu”.
        “Warta bab apa maneh kuwi Kakang?” kula pitaken.
        “Lha menawi menika, dede kula ingkang kedah nyariyosaken” Ki Pawana lajeng wangsulan sarwi nyawang dhateng Kesit lan Pikat, saha kasambet prentah dhateng tiyang kalih menika “Kesit karo Pikat, saiki aturna kabeh apa sing wis padha mbok weruhi lan mbok rungokne ana ing Sanggare Kyai Daka, marang Gus Pradapa aja nganti ana kang kacicir”.
        Kesit lan Pikat sami sawang-sawangan sakedhap, lajeng Kesit wiwit wicanten dhateng Ki Pawana :
        “Inggih Ki Bau” Kesit nginger anggenipun linggih gentos madhep dhateng kula lajeng wicanten malih “Cariyosipun makaten Gus, wiwit kinten-kinten sedasa dinten kapengker, inggih let kalih dinten saking sedanipun Ki Lurah, kula kalihan Pikat langkung asring manggen ing griya enggal ingkang dipun panggeni siswa-siswanipun Kyai Daka ingkang saking sanjawining Kepuh Agal nika. Awit dening Ki Lurah Danara, kula lan Pikat kaparentah resik-resik griya saha cecawis lan ngladosi tedhanipun siswa-siswanipun Kyai Daka kala wau”.
        “Iya Paman, aku ya wis krungu saka Wa Pawit bab anggon ndika sakloron magang ing Sanggare Kyai Daka, sauntara calon-calon siswa akeh sing wiwit aras-arasen sinau ulah kanuragan ing kono.  Sajake sing manggon neng omah sing ana mburine Sanggar kae akeh ya?” kula nyelani rembag kalihan pitakenan.
        “Ingkang criyosipun anggenipun dugi langkung rumiyin wonten selikur lajeng ingkang enggal wonten nem likur tiyang Gus, dados sedaya wonten sekawan dasa pitu. Lajeng sekawan dinten kapengker, dugi malih tiyang tiga,  menika dede siswa nanging criyosipun taksih sedherekipun Kyai Daka. Naminipun Ki Jenggi, Ki Lembong lan setunggal malih Ki Dodor. Dados ingkang manggen ing griya nika sakniki sedaya wonten seket” Kesit mangsuli pitaken kula.
        “Iya saiki tutugna anggon ndika crita” kula wicanten malih.
        “Sareng kula kalih Pikat ngertos piyambak” Kesit nglajengaken anggenipun cariyos “mila sampun pantes menawi kathah siswa lan calon siswa ing Sanggaripun Kyai Daka ingkang lajeng boten betah, malah kula lajeng gadhah panginten menawi ingkang criyosipun murid utawi siswa saking Kyai Daka menika boten leres, ketitik saking anggenipun ngecakaken jurus nalika nyukani gladhen dhateng para siswa lan calon siswa ingkang asalipun saking Kepuh Agal, setunggal kalihan setunggalipun benten-benten jurusipun. mBok menawi pamanggihipun Kakang Tanggon ingkang dipun aturaken dhateng Ki Bau Jangglengan, bilih tiyang-tiyang nika ingkang leres para durjana ingkang dados andhahanipun Ki Lurah Danara, menika mila leres. Ketitik kajawi caranipun wicanten ingkang kasar lan dhemen ngumbar tembung saru sarta solah bawanipun ingkang tebih saking unggah-ungguh, kula kerep mireng anggenipun sami reraosan kalihan sesamining rencangipun, bab anggenipun sampun nyikara tiyang, damel pepejah saha anggenipun sampun ngrodhapeksa tiyang estri saderengipun dipun pejahi, sedaya menika kados-kados dipun pameraken dhateng rencangipun. Lan rencangipun ugi ngimbangi mawi cariyos ingkang meh sami”.
        Kesit kendel anggenipun cariyos, ketingalipun gorokanipun kraos sangklit, piyambakipun lajeng nyepeng cangkir kopinipun, dipun sruput kangge nelesi gurungipun.    
        “Lha duginipun tiyang-tiyang niku ing Sanggaripun Kyai Daka” gentos Pikat ingkang nyambet wicantenipun Kesit “kula mireng anggenipun reraosan tiyang-tiyang kasebat, criyosipun badhe dipun ajak nyambut damel dening Ki Danara. Nyambut damel menapa inggih dereng cetha, ingkang manggenipun ing Kepuh Agal. Wancinipun nyambut damel inggih ngentosi wekdal ingkang pas. Miturut anggenipun sami reraosan, menawi sampun rampung anggenipun nyambut damel menika, mangka sedaya badhe angsal undhuh-undhuhan ingkang ageng. Wujud sabin lan pategilan ingkang wiyar, wonten ugi ingkang badhe pikantuk pangkat. Nanging inggih menika kala wau……”.
        Pikat inggih lajeng kendel anggenipun criyos, awit sampun ngelak lan kados Kesit, Pikat lajeng nyruput wedangipun.
        “Nanging kepiye Paman…….?” Kula nyela rembag kalih mesem “kok malah banjur meneng iki?”.
        “Nanging inggih menika wau Gus, wancinipun dereng pas, jalaran ing Kepuh Agal mriki menika ingkang dipun ajrihi dening Kyai Daka lan Ki Lurah Danara wonten setunggal, inggih menika Gus Pradapa piyambak. Criyosipun tiyang-tiyang ingkang sami reraosan kala wau, Ki Lurah Danara nate criyos sanaosa ing ulah kanuragan Gus Pradapa menika boten wonten menapa-menapanipun, nanging Gus Pradapa kagungan kalpika ingkang dayanipun kados Aji Dipa Paweling, ingkang sawanci-wanci saged kangge ngrawuhaken sedherekipun angkat ingkang nami Raden Gunendra miwah tiyang sepuhipun inggih menika Raden Sentani. Kamangka tiyang kalih menika kasektenipun bebasan saged anjara langit, mila Ki Lurah Danara lan Kyai Daka sakalangkung ing ajrihipun” sasampunipun nyriput wedangipun Pikat nglajengaken anggenipun cariyos.
        Salebeting manah kula mesem piyambak, jebul Ki Danara lan Kyai Daka pitados sanget dhateng rembag kula kala samanten ingkang estunipun namung tembung ingkang dora lan ngayawara.


Ana candhake

Jumat, 29 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (125).


125.

        Sampun sedasa dinten anggenipun Bapa seda, Dalem Kalurahan kraos langkung sepen. Para abdi lan para rewang ketingal taksih dereng ical raos sedhihipun, menapa malih kula ingkang samangke sampun lola. Saenipun para Bebau, Sapukawat, sinoman lan sesepuh ing Kepuh Agal saben dinten gentosan sami dugi dhateng Dalem Kalurahan ngajak jagongan kula, ingkang makaten sakedhik-sakedhik saged nglipur manah lan nyuda raos sedhih. Wonten sakedhik raos ngganjel ing manah kula, Ki Danara menapa dene Kyai Daka babar pisan boten katingal menapa malih tumut suka tembung bela sungkawa. Nanging badhe kula criyosaken dhateng Ki Pawana utawi Bebau sanesipun, kok rumaos kula kirang pantes. Dados inggih panggah kula endhem kemawon dados ganjelan salebeting manah kula piyambak. 

        Sonten menika ing pangangkah kula badhe dhateng griyanipun Ki Pawit, badhe kula aturi murih ngrantam upacara kepyakan inggih menika ngepyakaken Ki Pawana minangka Lurah enggal nggentosi Bapa. Ingkang makaten menika jalaran nalika kula ngengken Ki Pawana ingkang minangka sulihing Bapa ing reh parentah Kepuh Agal, murih tumunten ngempalaken sedaya Bebau, Sapukawat lan Sinoman lan Sesepuh Kepuh Agal saprelu kabiwarakaken sedaya dhawuh pungkasan saking Bapa, magepokan kalihan kalenggahaning Lurah ingkang sampun kapasrahaken dhateng piyambakipun, Ki Pawana taksih dereng saged suka wangsulan. Malah nalika kula kengken murih boyong dhateng Kalurahan ugi taksih semados kemawon.

        Nanging nembe kemawon kula rampung ngayahi jejibahan manembah ing wanci seraping surya lan badhe bidhal dhateng griyanipun Ki Pawit, ketingal Ki Pawit malah ndugeni Dalem Kalurahan. Ki Pawit bablas minggah dhateng Pendhapa lan mapan linggih ing mriku. Kula tumunten anyaketi kados padatan menawi wonten tamu utawi tiyang ingkang dumugi ing Pendhapa Dalem Kalurahan.

        “Kaleresan sanget Wa Pawit” wicanten kula sasampunipun mapan linggih ing sacaketipun Ki Pawit “estunipun kula wau badhe sowan Wa Pawit dhateng dalem, lha menika Wa Pawit malah sampun rawuh mriki dados inggih kaleresan sanget”.

        “Inggih ta Gus?” wangsulanipun Ki Pawit kalihan mesem “niki wau kula sampun semadosan kalihan Baune Pawana lan Ki Bau Grojoganngubal, sakedhap malih rak sami dugi”.

        “Sampun semadosan kalihan Kakang Pawana lan Ki Pahang Wa?” kula pitaken “sajakipun wonten prakawis ingkang badhe dipun rembag ing mriki?”.

        “Inggih Gus” Ki Pawit wangsulan lajeng pitaken dhateng kula “mosok Gus Dapa dereng ngraosaken?”.

        “Ngraosaken bab menapa Wa?” kula wangsul pitaken.

        “Ngengingi Bebau ing Sidamulya menika lho Gus” Ki Pawit wangsulan kanthi nyebat naminipun Ki Lurah Danara.

        “Estunipun boten namung Ki Danara ingkang dados angen-angenan kula Wa, malah Kyai Daka ugi kula gagas” wangsulan kula nyuntak ganjelaning manah “kala Biyung seda, Kyai Daka boten purun nglayat kanthi pawadan badanipun kirang sekeca. Samangke sareng Bapa seda, piyambakipun ugi boten purun atur pakurmatan. mBok menawi pawadanipun nalika nyarengi Bapa seda menika Kyai Daka lan Lurah Danara nuju boten ing griya. Sok makatena, mesthinipun menawi boten wonten pambeng ingkang sakalangkung wigatos, sasampunipun dugi griya harak inggih saged dugi mriki. Nanging kekalihipun babar pisan malah boten ngatingal lho Wa?”.

        “Miturut kabar ingkang kula tampi saking lare-lare” Wa Pawit lajeng wicanten malih “estunipun let sedinten saking sedanipun Ki Lurah kala samanten, Ki Danara lan Kyai Daka sampun wangsul saking anggenipun kekesahan. Malah kabaripun kanthi kadherekaken siswa-siswa lami ingkang suwaunipun mapan ing sanjawining Kepuh Agal mriki, watawis wonten selangkungan tiyang…..”.

        “Tiyang selangkung Wa?” kula nigas rembag kalihan pitakenan “kamangka saderengipun menika, ingkang criyosipun siswa-siswa saking sanjawining Kepuh Agal sampun dumugi watawis kalih dasa lajeng kadamelaken griya ing pekarangan sawingkinging Sanggar ?”.

        “Mila saking menika Gus” Wa Pawit mangsuli pitaken kula “awakipun piyambak kedah waspada, awit taksih kathah kabar sanes ingkang magepokan kalihan Kyai Daka lan Ki Danara menika. Mangke menawi Pawana kalihan Bebau Pahang sampun dugi kemawon dipun tutugaken anggenipun ngrembag bab menika”.

        “Kula nuwun, kula ingkang sowan Gus….” Dereng ngantos kula mangsuli wicantenipun Wa Pawit, dumadakan wonten tamu ingkang lajeng minggah pendhapa. Wa Pawit ketingal radi kaget, lajeng ngadeg ningali sinten ingkang nembe dugi menika.

        “Elho Kesit ta iki?” Ki Pawit pitaken dhateng ingkang nembe dugi “arep sowan Gus Pradapa apa nggoleki aku?”

        “Inggih Kyai” wangsulanipun ingkang nembe dugi kala wau, jebul nem-neman Kepuh Agal ingkang naminipun Kesit “nyuwun pangapunten, menapa Ki Bau boten wonten mriki Kyai?”.

        “Sapa? Baune Jangglengan ?”

        “Inggih”

        “Ana apa ta?” Ki Pawit pitaken malih.

        “Nyuwun pangapunten Kyai” Kesit atur wangsulan suwantenipun alon sanget nanging taksih saged dipun mirengaken “kula kalihan Pikat kala wau enjing kadhawuhan dening Ki Bau pados kabar, menawi sampun pikantuk kapurih ngaturaken nanging boten ing griyanipun Ki Bau, criyosipun kula kapurih nusul dhateng Dalem Kalurahan, makaten”.

        “Ooo ngono?” Ki Pawit lajeng pitaken malih “lha Pikat saiki ana ngendi?”

        “Taksih dhateng Regol kempal kalihan tiyang-tiyang ingkang sami rondha”

        “Pikat ajaken mrene pisan, kandhaa yen ditimbali Gus Pradapa, ngono ya?”

        “Inggih Kyai” wangsulanipun Kesit ingkang lajeng mandhap badhe madosi Pikat ing Regol ngajeng.

        “Ketingalipun badhe wonten kabar enggal malih Gus” kalihan wangsul mapan linggih ing papanipun wau, Ki Pawit wicanten dhateng kula.

        “Inggih Wa?” wangsulan kula cekak.

        “Inggih Pikat kalihan Kesit menika ingkang pinitados dening Baune Pawana kulak warta magepokan kalihan patrapipun Bebau Sidamulya ingkang ketingal aeng-aeng lan pantes dipun sujanani menika” Ki Pawit nyethakaken menggah jejibahanipun Kesit kalihan Pikat .

        “Inggih Wa, kula pitados kalihan kawicaksananipun Kakang Pawana ingkang mesthinipun samangke sampun wenang kasebat Ki Lurah Kepuh Agal Kapindho lan kedah nglenggahi Dalem Kalurahan menika” wangsulan kula ngiras ngemutaken Ki Pawit dhateng weling lan dhawuhipun Bapa.

        “Sabar Gus, mangke menawi kawontenan sampun radi padhang prakawis menika saged dipun rembag malih” wicantenipun Ki Pawit salajengipun “samangke ngrembag prakawis ingkang sanget nguwatiraken tumrap Kepuh Agal menika rumiyin. Nanging saenipun sampun wonten ing pendhapa menika, gampil katingalan saking njawi”.

        “Inggih Wa” wangsulan kula “menawi dhateng panirat wingking kados pundi Wa? Ing mrika papanipun radi katutupan”.

        “Inggih Gus, makaten kula kinten langkung prayogi” wangsulanipun Ki Pawit.

        “Kula nuwun Gus……” Kesit kalihan Pikat sampun dugi lan alok kula nuwun.

        “Kene, kene Paman Kesit lan Paman Pikat” wangsulan kula ngacarani Kesit lan Pikat.

        “Inggih Gus” tiyang kalih wau semaur sesarengan lajeng mapan linggih boten tebih saking Ki Pawit, lajeng Pikat nutugaken atur “kula sampun sawega nampi dhawuh saking Gus Pradapa”.

        “nDika wong loro tak kongkon neng pendhapa kene dhisik” kula lajeng suka prentah “mengko nek Ki Bebau Jangglengan lan Ki Bebau Grojoganngubal teka kene, padha dherekna nusul aku lan Ki Pawit ing Panirat mBuri ya?”.

        “Inggih Gus” tiyang kalih wangsulan sesarengan.

        “Mangga Wa, kula dherekaken dhateng Panirat wingking rumiyin” Ki Pawit lajeng kula ajak ngalih dhateng Panirat wingking.

        “Mangga Gus”

        Kalih mlampah dhateng Panirat wingking, kula kober mampir ngatag dhateng para rewang murih nyawisaken pasegahan kangge kanca melek kados padatan. Wedang kopi kalihan lalapan gendhis klapa kalihan gembili ingkang dipun godhog.

        “Kesit kalihan Pikat menika wiwit rumiyin entranipun ngaten rak dados siswanipun Panulad ta Gus” sasampunipun mapan linggih ing klasa ingkang kula gelar ing jogan panirat, Ki Pawit wiwit wicanten “lan anggenipun gladhen kanthi sesidheman, dados boten wonten ingkang mangertos menawi lare kalih menika sami sinau ulah kanuragan dhateng anak kula pun Panulad”.

        “Inggih ta Wa?” kula suka wangsulan, kalihan ing manah lajeng kemutan kasagahan kula dhateng Paman Tanggon ingkang dereng saged kula lampahi awit kasaru rawuhipun Bapa ingkang gerah lajeng seda menika “estunipun para nem-neman ingkang sampun boten krasan sinau kanuragan ing Sanggaripun Kyai Daka jalaran duginipun siswa-siswanipun Kyai Daka ingkang criyosipun candhala, criyos dhateng kula, gentos kepengin dipun wucal kanuragan dening Kakang Panulad, nanging dereng ngantos kula rembagan prakawis menika kalihan Kakang Pawana lan Kakang Panulad, kedadak Bapa rawuh kanthi kawontenan gerah temah dados lan sedanipun menika, temah lajeng dados klendran”.

        “Sami Gus” Ki Pawit wicanten malih “Panulad menapa dene Baune Pawana, malah ugi para Sapukawat sarta sedaya Bebau ing Kepuh Agal salintunipun Bebau Sidamulya, ugi ngrembag prakawis menika lan badhe manggihi Gus Pradapa saprelu nyuwun palilah badhe ngginakaken plataran Kalurahan kangge papan gladhen, andilalah lajeng Ki Lurah seda menika. Dados inggih dereng siyos, lha sareng sampun radi sawatawis saking sedanipun Ki Lurah malah lajeng wonten kabar enggal ingkang ketingalipun sanget nguwatiri menika”.

        “Inggih Wa, mugi-mugi kawontenan ingkang ketingalipun kados pedhut ing Kepuh Agal menika saged tumunten sirna, wangsul padhang malih” wangsulan kula.

        “Mugi-mugi makaten Gus” Ki Pawit mangsuli wicanten kula” lha anggenipun Baune Jangglengan kengkenan lare kalih kala wau mila sampun trep, jalaran Ki Bebau Sidamulya tuwin Kyai Daka dereng apal dhateng Kesit saha Pikat menika. Kekalihipun sowan dhateng Kyai Daka nembung badhe ndherek sinau ulah kanuragan ing sanggaripun Kyai Daka. Lajeng dening Kyai Daka kapasrahaken dhateng Ki Danara. Lajeng dening Ki Danara, Kesit lan Pikat badhe dipun cobi rumiyin, saestu menapa boten tekadipun sinau kanuragan menika. Dene wujudipun pacoben, Kesit lan Pikat kapasrahan padamelan ing griya ingkang dipun panggeni siswa-siswanipun Kyai Daka ingkang wonten ing pekarangan wingking sanggar menika. Ing mriku lare kalih kaparentah kajawi resik-resik ugi cecawis lan lelados tedhanipun tiyang-tiyang ingkang wonten mriku. Dados inggih kaleresan sanget”.

        “Nyuwun pangapunten Gus Dapa” dumadakan Ki Pawana lan Ki Pahang dugi  dipun tutaken Kesit lan Pikat “radi randhat anggen kula sowan jalaran wonten prakawis enggal”.

 

Ana candhake.

 

Kamis, 28 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (124)

 


124.

        Anggen kula wicanten makaten kala wau awit kula kuwatos menawi Ki Pawana lan Ki Pahang sampun cariyos dhateng Bebau sanesipun ngengingi cariyos ingkang salugunipun cariyos ingkang ngayawara saking Ki Danara. Lan kangge nuturi murih tiyang-tiyang menika boten pitados dhateng cariyosipun Ki Danara mila inggih radi kangelan. Lan sareng kula wicanten makaten kala wau, inggih boten wonten ingkang saulu menapa-menapa. Sedaya mendel boten kumecap. Malah lajeng kapireng suwantenipun Ki Pawit ingkang matur dhateng Bapa :

        “Sampun cetha samanten kaluhuran lan kamirahanipun Ki Lurah saha Gus Pradapa dhateng anak kula pun Pawana, kula minangka tiyang sepuh namung saged ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan”.

        “Samanten ugi kula Ki Lurah saha Gus Pradapa” dereng ngantos Bapa paring wangsulan dhateng Ki Pawit, Bebau Jangglengan sampun nyambet rembag matur dhateng Bapa saha cariyos dhateng kula “bombong kaworan miris raosing manah kula nampi dhawuh saking Ki Lurah saha panyengkuyung saking Gus Pradapa ingkang makaten menika. Bombong dene Ki Lurah saha Gus Pradapa nyata kagungan kapitadosan dhateng kula, mirising manah kula awit kuwatos menawi ing tembenipun damel kuciwaning penggalihipun Ki Lurah saha Gus Pradapa, jalaran kula kirang pinter nindakaken jejibahan ingkang pinitadosaken dhateng kula. Inggih awit saking menika, mugi Ki Lurah saha Gus Pradapa boten kendhat tansah ngucuraken pangestunipun dhumateng kula temah anggen kula ngayahi jejibahan agung mangke saged lebda ing karya”.

        “Ki Pawit apa dene Ki Pawana” Bapa paring wangsulan “aku percaya marang kasetyane Kakang Pawit becik marang aku lan marang Kepuh Agal, sarta gedhening katresnane Kakang Pawit marang putra-putrane, mligine marang Ki Pawana. Mula aku duwe rasa percaya kang kandel, Kakang Pawit ora bakal negakne Kepuh Agal dadi bubrah lan mesthi tansah asung pitutur marang putrane murih tansah eling marang darmaning uripe minangka pangarsaning Desa sing kudu bisa aweh pangayoman marang kabeh wargane. Lan marang Ki Pawana, aku titip weling jroning ndika nindakne kuwajiban aja pisan-pisan ndika murih pituwas kang luwih saka warga ndika, lire ndika kuwi kapiji murih leladi marang kawula ora kapiji murih diaji-aji dening kawula. Yen becik nggon ndika ngladeni marang kawula ing Kepuh Agal sanajan ora ndika arep-arep mangka pangaji marang ndika bakal teka dhewe. Wong nindakne kuwajiban kuwi aja seneng yen dialem lan cuwa yen dipaido dening sapepadhaning wong, nindakne kuwajiban kuwi padha wae laku manembah marang Allah, lan kudune sing diarep-arep ya pambiji saka Allah, ora saka liyane Allah awit yen sing ndika goleki pambiji saka liyane Allah mangka bisa wae anggon ndika nindakne kuwajiban mung mburu murih senenge sing ndika ladeni sing wong mau gampang apus-apusane, nanging yen sing ndika goleki kuwi pambiji saka Allah mangka Allah kuwi Dzat Kang tan kena diapusi babar pisan”.  

        “Inggih Ki Lurah” Ki Pawit atur wangsulan langkung rumiyin “pangestunipun Ki Lurah ingkang tansah kula suwun, mugi-mugi sageda kula menika dados tiyang sepuh ingkang boten sepa kados sepahan, nanging sageda dados tiyang sepuh ingkang sepen ing pamrih kajawi namung murih pangalembana saking Gusti Ingkang Maha Agung”.

        “Pangestunipun Ki Lurah saha Gus Pradapa ingkang tansah kula suwun mugi kula sageda nindakaken sedaya piwucaling Ki Lurah menika kala wau” Gantos Ki Pawana ingkang atur wangsulan “keparenga nyuwun pitedah malih Ki Lurah”.

        “nDika ngersakne apa maneh Ki Pawana?” Bapa mundhut pirsa .

        “Manawi kula sampun nindakaken menapa ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah kala wau, lajeng sinten ingkang kedah nggentosi padamelan kula minangka Bebau ing Jangglengan benjingipun? menapa inggih taksih dados tanggel jawab kula?” Ki Pawana nyuwun pirsa.

        “Ki Pawana yen ndika wis nganggo sebutan Ki Kepuh Agal Kapindho, ndika kudu ninggalne Jangglengan lan mapan ana Dalem Kalurahan iki, jalaran Dalem Kalurahan iki biyen sing yasa wong tuwa ndika sakanca kanggo mapane Lurah Kepuh Agal lan kulawargane. Sarta maneh omah utawa dalem kalurahan iki uga bakal suwung, dadi ya mung ndika sing duwe tanggung jawab manggon lan ngupakara murih lestarine Dalem Kalurahan iki. Dene sapa sing kudu nggenteni kalungguhan ndika minangka Bebau ing Jangglengan, kuwi ndika pasrahne marang sesepuh lan sapukawating Dhukuh Jangglengan supaya miji salah siji saka wargane murih linggih dadi Bebau ing kono, kaya jaman ndika kapiji supaya dadi Bebau Jangglengan biyen”.

        Anyarengi rampunging anggenipun Bapa paring wangsulan dhateng Ki Pawana, dumadakan wonten angin sumribit mlebet dhateng salebeting Sanggar, ndadosaken wulu-wulu sami mrinding. Jalaran angin kala wau karaos dede angin sabaening angin, nanging angin ingkang mbeta ganda wangi ingkang nyala wadi, wangining sekar telasih ingkang wor lan sekar samboja. Ketingal Ki Pawit njengkerutaken palarapanipun, Ki Pawana lan para Bebau sanesipun sami sawang-sawangan kanthi soroting netra kebak tandha pitakenan. Kawontenan dados kraos tintrim.

        “Kakang Pawit, Anakku Pradapa lan para Kadang Bebau kabeh”  dumadakan Bapa ngendika kanthi suwanten ingkang alon “wis tumeka titi wancine aku bali marak ing ngayunaning Gusti, ngaturake sakehing perkara kang wis tak lakoni, tak jaluk pandongamu muga-muga sowanku bisa katampa dening Gusti. Welingku kang pungkasan, raga kang tak tinggal sing sasuwene iki tak ajak bebarengan ngrasakne legi lan paiting urip, tulung aja nganti gantalan dina tumuli ruktinen sing becik aja nganti gandane ngganggu wong sing ana sandhinge, kuburen ragaku ing prenahe longan sing ambene tak enggo turu iki, jumbuh karo satataning agama sing tak rasuk”.

        Bapa lajeng ngeremaken netranipun, lathinipun ebah-ebah ngucapaken klimah sadat, kasusul saking saliraning Bapa miyos cahya sekawan inggih menika cahya abrit, cemeng, jene ingkang kawungkus ing cahya pethak. Cahya sekawan kala wau minggah dhateng nginggil nrabas wuwunganing griya, boten mangertos dhateng pundi purugipun. Boten dangu kasusul cahya ingkang warni maya ingkang ugi lajeng mesat manginggil.

        “nDherekaken Sugeng tindak Ki Lurah, mugi rahayuwa ingkang pinanggih” Ki Pawit wicanten alon suwantenipun nedahaken menawi ngampet raos sungkawa, lajeng nglurupaken jarit kangge nutupi saliranipun Bapa.

        “Keng Bapa sampun seda Gus” Ki Pawit lajeng wicanten dhateng kula, kula tingali wicanten makaten kala wau kalihan netranipun Ki Pawit kekembeng waspa.

        “Inggih Wa” kula suka wangsulan cekak, boten saged kumecap menapa-menapa awit saking raosing manah ingkang dereng saged nampi manawi Bapa sampun dumugi ing seda.

        “Nyata elok lan nedahaken bilih Ki Lurah nyata titahing Gusti ingkang kinasih” Ki Pawit wicanten malih “nembe menika kula sumerep tiyang kundur ing ngayunaning Pangeran kanthi tuhu-tuhu tentrem, kapapag gandanging Telasih lan Samboja, napsu sekawan medal angrumiyini lajeng kasusul pesating sukma ingkang badhe marak ing ngarsaning Gusti”.

        “Inggih Wa” sepisan malih namung saged wangsulan cekak.

        “Pawana” Ki Pawit lajeng wicanten dhateng Ki Pawana “jumbuh karo dhawuh sing mbok tampa saka Ki Lurah Kepuh Agal, wengi iki mesthine awakmu wis wenang nganggo sebutan Ki Kepuh Agal Kapindho, nanging gandheng durung ana upacara kepyakan, luwih becik awakmu isih nganggo sebutan lawas ya iku Bebau Jangglengan minangka sesulih saka Ki Lurah. Aku minangka wong tuwa mung ngelingake, jejibahan ngrukti layone Ki Lurah kudu tumuli katindakne kanthi sabecik-becike jumbuh karo dhawuh piwelinge sawargi”.

        “Inggih Bapa” wangsulanipun Ki Pawana taksih kalihan kekembeng waspa “kula suwun Bapa kalihan Gus Dapa lenggah ing mriki rumiyin angreksa layon, kula kalihan kadang Bebau badhe medal dhateng pendhapa sakedhap saprelu andum damel”.

        Kula lan Ki Pawit nunten nyaket malih dhateng layonipun Bapa, mapan linggih lajeng nyenyuwun dhateng Gusti mugi sedanipun Bapa menika kepanggih seda patitis, ingkang tumunten saged mangayun ing ngarsaning Gusti. Ki Pawana lajeng medal saking Sanggar dipun tutaken Bebau tiga sanesipun. Boten dangu lajeng kapireng kenthongan kalurahan katabuh kanthi irama dala muluk, lajeng kasambet kenthong kaping sanga ambal kaping tiga lan katutup mawi uluk-uluk dara muluk.

        “Kepiye Baune ?” nembe kemawon Ki Pawana mlebet dhateng Sanggar sampun kadangu dening Ki Pawit.

        “Inggih Bapa” Ki Pawana atur wangsulan “Netepi dhawuhipun sawargi murih sampun ngantos gantalan wekdal, dalu menika ugi layonipun Ki Lurah tumunten badhe kapetak ing papan ingkang sampun kapiji, inggih menika ing sangandhapipun dhampar ingkang kagem sare Ki Lurah menika. Samangke kula nembe nengga Ki Kaum lan para sekabatipun ingkang kapiji nyiram jamasi saja anuceni layonipun  Ki Lurah tuwin anyembayangaken, dene ingkang badhe yasa luwangan kangge angubur layon, kula lan Bebau Grojoganngubal, Bebau Sambirobyong miwah Bebau Sidadadi ingkang badhe tumandang”.

        “Lha mengko yen ana kawula Kepuh Agal kang uga kepengin atur bekti kang pungkasan marang Ki Lurah kepiye?” Ki Pawit pitaken malih,

        “Ngiras pantes ngrantos dadosing papan pasareyanipun Ki Lurah, mangke layon badhe kapapanaken ing pendhapa, Gus Pradapa, Bapa lan Ki Kaum ingkang kajibah mangarsani tugur lan anampi menawi wonten kawula ingkang dugi badhe ngaturaken bekti ingkang pungkasan dhateng Ki Lurah. Salajengipun, mangke sasampunipun layon kasarekaken, ngantos pitung dinten pitung dalu kula badhe panggah wonten mriki anengga pasareyan lan nampi manawi wonten kawula Kepuh Agal ingkang badhe nyekar lan anjiarahi Ki Lurah” Ki Pawana lajeng ngaturaken lampahing upacara pametaking layon.

        Gandheng Ki Pawit boten wicanten malih, kula ingkang lajeng wicanten dhateng Ki Pawana :

        “Aku banget nedha nrima marang ndika Kakang Kepuh Agal Kapindho awit sakehing rerigen kang ndika cakne kanggo upacara pametaking layone Bapa iki, sabanjure aku njaluk palilah ndika supaya dikeparengake ndherek tugur sasuwene ndika ngreksa pasareyane Bapa sing pitung dina pitung bengi kuwi”.

        “Inggih Gus, menawi Gus Dapa ngersakaken makaten, kula kinten mila langkung utami”.

Sawatawis menika ing jawi sampun kapireng suwanten rame, suwantenipun warga Kepuh Agal ingkang badhe nglayat sedanipun Bapa.

 

 

Ana candhake

Rabu, 27 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (123)

123.

          Sanaosa namung kalihan sarean, Bapa inggih lajeng mirsani dhateng Ki Pawit saha Ki Pawana, gentosan. Sareng dipun rantos tiyang kalih kala wau boten tumunten wicanten, Bapa lajeng ngendika :

        “Mengko dhisik Ki Pawit lan Ki Bau? Apa miturut ndika sakloron ana tembungku sing kurang cetha?”

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” sasampunipun Ki Pawit ningali Ki Pawana ingkang lajeng manthuk, Ki Pawit lajeng matur “sampun boten kirang cetha anggen kula mirengaken dhawuh jengandika kala wau, namung kirang cetha menggah ingkang jengandika kersakaken. Inggih menika babagan anggen jengandika dhawuh murih anak kula pun Pawana ing benjangipun nggentosi kalenggahan jengandika Ki Lurah. Menika cetha menawi boten jumbuh kalihan ungeling paugeran Kepuh Agal”.

        “Apa bener mangkono Ki Pawit?” Bapa mesem lajeng gentos mundhut pirsa.

        “Saenget kula mila makaten Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawit ingkang lajeng nyethakaken ungeling perangan Paugeran Dhusun ingkang dipun kajengaken “ing Bab ingkang kaping kalih, paugeran Dhusun nyebataken bilih sawanci-wanci Lurah Kepuh Agal lengser saking kalenggahanipun awit seda utawi sabab sanes, ingkang wenang gumantos Lurah salajengipun inggih menika putra kakungipun ingkang sepuh piyambak. Salajengipun menawi putra kakung ingkang kasebat menika boten kersa utawi boten kuwawa ngemban jejibahan minangka Lurah Dhusun saged dipun gentosi sedherekipun ingkang taksih tunggal Bapa. Dene menawi Lurah ingkang lengser menika boten kagungan putra utawi putranipun boten wonten ingkang sagah ngemban jejibahan minangka Lurah, palenggahan Lurah saged dipun lenggahi Warga Dhusun Kepuh Agal ingkang sinengkuyung dening Bebau ing Kepuh Agal sedaya saboten-botenipun langkung kathah Bebau ingkang anyengkuyung tinimbang ingkang boten ………..”.

        “Cukup Kakang Pawit” taksih kalihan sarean Bapa munggel aturipun Ki Pawit “yen kuwi ndika enggo wewaton ngluputake dhawuhku ing ngarep mau, wewaton ndika kuwi wis kabantah dhewe dening unining paugeran sing ndika kandhakne. Awit kabeh wong sa Kepuh Agal wis ngerti yen anakku kuwi mung siji yaiku Pradapa. Kamangka wektu iki nganti tekan kapan rampunge ora ana sing meruhi, Pradapa bakal nindakne jejibahan sing luwih abot ya iku jejibahan winadi kang durung bisa tak rampungake, mula mokal lamun Pradapa uga kapasrahan jejibahan nggenteni kalungguhanku minangka Lurah ing Kepuh Agal kene, aja maneh kok mung sa Pradapa bisaa, sedheng aku dhewe wae ora bisa nglakoni kalamun jejibahan nata reh parentahing Desa ora tak pasrahake luwih dhisik marang Bebau Jangglengan kang wis disarujuki dening kabeh Bebau lan Sesepuh Kepuh Agal. Sabanjure Kalungguhane Ki Pawana minangka sesulih Lurah sing ora winatesan ing wektu kuwi , cukup dadi dhasar nggonku paring dhawuh netepake Ki Pawana nggenteni palungguhan Lurah sawayah-wayah aku wis ora kuwat nindakne jejibahan iki kanggo salawas-lawase”.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” gentos Ki Pawana ingkang matur dhateng Bapa “kula saged nampi kanthi legawaning manah dhawuh saking Ki Lurah bab wewahing jejibahan ingkang kedah kula lampahi, nanging bab Kalenggahan Lurah kula kinten dereng leres menawi benjang menika kaparingaken dhateng kula. Jalaran badhea kados menapa taksih wonten ingkang langkung wenang nglenggahi palenggahan Lurah Kepuh Agal menika salintunipun kula, nuwun inggih Gus Pradapa. Mila estu kula ugi ngertos menawi Gus Pradapa kasep-kasepipun sekawan dasa dinten malih kedah bidhal ngayahi jejibahan winados kados ingkang nembe kemawon Ki Lurah dhawuhaken, nanging kula kinten kados menapa awratipun jejibahan ingkang dipun emban dening Gus Pradapa tamtu boten ngantos mbetahaken wekdal sadanguning sugengipun, benten kalihan jejibahan minangka Lurah. Inggih awit saking menika, kula nyuwun dhateng Ki Lurah, sampun ngantos maringaken palenggahan Lurah dhateng kula menapa sanesipun, jalaran ingkang wenang kaparingan palenggahan Lurah menika namung Gus Pradapa. Dene menawi wekdal menika Gus Pradapa dereng saged ngayahi jejibahaning Lurah nata reh parentah ing Kepuh Agal mriki, kula sagah minangka sesulihipun jumbuh kalihan ungeling serat ingkang dipun tapak astani Ki Lurah ingkang kaparingaken dhateng kula kala samanten. Serat kasebat saged dipun pundhut kundur dening Gus Pradapa, menawi Gus Pradapa sampun purna anggenipun ngayahi jejibahan winados ingkang kadhawuhaken Ki Lurah kala wau”.

        “Ki Bau Jangglengan” mawi suwanten alon Bapa nimbali Ki Pawana.

        “Inggih Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawana kurmat.

        “Aja ndika kira nek kuwajiban sing bakal ditandangi adhimu Pradapa kuwi luwih entheng lan luwih gampang tinimbang nata reh parentahing Desa Kepuh Agal” Bapa paring dhawuh “awit iki ana sambung rapete karo kawicaksanan Dalem Panembahan Senapati ing Kutha Gedhe Mataram, lumantar Rekyana Patih Mandaraka lan mbok menawa ngantia entek umure Pradapa jejibahan kuwi ora bakal rampung lan mbok menawa bakal ditutugne dening anak tekan putune Pradapa mbesuk. Kamangka jejibahan ndika kuwi ya ora kurang abote, mbutuhake kawibawan  lan kakuwasan kang jumbuh lan lakuning paugeran. Dadi murih rancage laku tata rehing parentah ing Kepuh Agal kene, ndika pancen kudu dadi Lurah ora mung wewakiling Lurah, kaya sing wis tak dhawuhake ing ngarep mau. Anane aku duwe dhawuh kang mangkono mau jalaran aku percaya yen kadang Bebau sing ana Kepuh Agal kene meh kabeh padha nyarujuki apa sing dadi panemu sing wekasane dadi dhawuhku mau”.

        Bapa kendel anggenipun ngendika, sawatawis Ki Pawit saha Bebau Jangglengan ugi dereng ngaturakem pamanggihipun malih lan ugi dereng anyagahi ingkang dados dhawuhipun Bapa ing ngajeng kala wau. Awit saking menika kula lajeng badhe nyobi ndherek atur pamanggih .

        “Nyuwun pangapunten Bapa” alon-alon kula wiwit matur.

        “Iya Pradapa, mbok menawa awakmu duwe panemu?” Bapa paring wangsulan, mundhut pirsa kalajengaken dhawuh “Kandhakna sing trawaca ben kabeh sing ana kene padha melu ngrungokne!”.

        “Inggih Bapa” kula wiwit ngaturaken menapa ingkang dados isen-isening manah kula “manawi kula suraos ungelipun Paugeran Dhusun Kepuh Agal ing babagan Gilir Gumantosing Lurah, Putra Lurah menika mila saged kapiji nggentosi kalenggahaning tiyang sepuhipun ingkang sampun lengser, menika ateges boten kedah. Dados ing benjangipun menawi Bapa sampun lengser, kula boten kedah gumantos dados Lurah. Saged ugi dipun tegesi makaten : menawi kula purun lan sembada sagah ngayahi jejibahan Lurah kula saged gumantos dados Lurah, nanging menawi kula sanadyan purun nanging pranyata boten kuwawa ngayahi jejibahan Lurah, langkung sae menawi kula boten dados Lurah, sarta malih menawi kula boten purun dados Lurah, mangka boten wonten pranatan ingkang saged meksa dhumateng kula murih purun dados Lurah”.

        “Iya pancen mangkono kuwi Pradapa” Bapa nigas atur kula “sabanjure sing mbok karepne kepiye?”.

        “Inggih Bapa” kula nutugaken atur “gandheng kula badhe nindakaken dhawuh saking Bapa ingkang asaling dhawuh saking Gusti Patih Mandaraka ing Mataram ingkang wekdalipun boten kamangertosan menggah dangunipun, saha malih ing mriki wonten Kakang Pawana ingkang sampun kabukten sembada ngayahi jejibahan ing tata reh parentahing Dhusun, kula langkung sarujuk menawi benjing menawi Bapa sampun lengser, Kakang Pawana ingkang gumantos jumeneng Lurah ing Kepuh Agal mriki. Lan kula boten badhe kepengin dados Lurah, awit saking menika, menawi pranyata jejibahan winados ingkang Bapa dhawuhaken menika pranyata sampun rampung lan kula kedah wangsul dhateng Kepuh Agal malih, mangka kula sampun trimah legawa saha remen manawi kula saged dados salah satunggaling kawula ingkang anyengkuyung Kakang Pawana minangka Lurah ing Kepuh Agal mriki”.

        “Nggih Gus saestu kula mathuk lan sarujuk sanget kalihan pamanggih ndika menika” dumadakan Bebau Grojoganngubal tanpa mawi adangiyah menapa-menapa nyaut atur kula dhateng Bapa makaten menika “nek Ki Pawit napa Ki Jangglengan boten mathuk niku namine sampun kesangeten saestu”.

        Awit panyautipun rembag dening Ki Pahang ingkang radi seru makaten menika, sedaya tiyang ingkang wonten ing Sanggaripun Bapa, kalebet ugi Bapa lajeng sami ningali praupanipun Ki Bebau ing Grojoganngubal menika.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” dipun pirsani Bapa ingkang ketingal ngemu raos ngungun, Ki Pahang lajeng ngrumaosi piyambak tanpa dipun emutaken menawi sampun kenging kawastanan lancang ing pangucap “inggih labet kasurung raos sarujuk kalihan dhawuh pangandikanipun Gus Pradapa kala wau, ndadosaken kula supe menawi menika ing ngarsanipun Ki Lurah. Sepisan malih kula nyuwun pangapunten awit kadegsuran kula menika”.

        “Ora dadi apa Ki Bau” Bapa paring wangsulan kalihan mesem “aku mung gumun ora padatan ndika kuwi guneman banter kaya mangkono mau”.

        “Inggih Ki Lurah” Ki Pahang matur kalihan ndhingkluk “labet kula nembe kemutan dhawuh pangandikanipun Ki Lurah menapa dene dhawuh pangandikanipun Gus Pradapa menika sakalangkung leres, pramila kula nunten boten sranta selak kepengin ngedalaken uneg-uneging manah kula kala wau”.

        “Kaparenga matur Ki Lurah” meh sesarengan Bebau Sidadadi lan Bebau Sambirobyong matur dhateng Bapa.

        “Nek arep aweh panemu prayoga gentenan Ki Bau” Bapa paring wangsulan kalihan mesem “saiki coba Ki Sambi dhisik  duwe panemu sing kepriye? Yen wis lagi Ki Sudib sing genti ngandhakne panemune”.

        “Matur nuwun Ki Lurah” Ki Sambirobyong lajeng matur “kula namung badhe ngaturaken bilih pamanggihipun Ki Grojoganngubal menika nyata leres lan kula nggadhahi pamanggih ingkang sami kalihan pamanggihipun Ki Pahang”.

        “Samanten ugi kula Ki Lurah” Ki Sudib, Bebau ing Sidadadi menika nyambung aturipun Ki Robyong “pamanggih kula sami kalihan pamanggihipun Ki Pahang, awit kula ugi sampun mangertos sanaosa kirang cetha bilih jejibahan ingkang dipun emban dening Gus Pradapa menika langkung wiyar tebanipun tinimbang jejibahan ing Kepuh Agal menika”.

        “Aku banget nedha nrima marang Ki Pahang lan Ki Sambi apa dene Ki Sudib” saderengipun Bapa paring wangsulan, kula langkung rumiyin wicanten dhateng para Bebau menika “nanging tak suwun anggon ndika padha nyengkuyung panemuku iki mau, ora jalaran percaya marang crita sing dikandhakne Ki Danara nalika sanja menyang Jangglengan nalika samana”.

 

Ana candhake

Senin, 25 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (122)


 


122.

        Dalu menika Bapa ketingal saged sare kanthi pules, babar pisan boten kepireng anggenipun ngeses menapa malih sambat. Ingkang makaten menika ndadosaken kula lan para Bebau ingkang nenggani sami kraos ayem. Malah kula kober kengkenan Paman Genter murih suka pasegahan dhateng para Bebau kangge kanca jejagongan lan wungon ing sanggaripun Bapa menika. Lan Para Bebau inggih kanthi sekeca sami ngrahabi unjukan wedang jahe kalihan Uwi Senggani ingkang dipun godhog. Nalika wanci ngancik sapratiganing dalu ingkang kantun, Bapa wungu nanging boten ngendika menapa-menapa, malah lajeng sesuci mawi lebu suci, lajeng nindakaken lampah panembah dhateng Gusti sanaosa inggih kalihan sasmita kemawon. Lan nalika bang-bang wetan sampun ngetingal, Bapa wungu malih lan kados wau nindakaken sesuci lan lampah panembah. Para Bebau inggih lajeng sami pamitan badhe wangsul ing griyanipun piyambak-piyambak.

        Ing siyangipun para rewang ing dalem kalurahan, katimbalan dening Bapa murih marak ing papanipun sarean. Dhumateng para rewang menika, Bapa mundhut pangaksami menawi sadangunipun para Rewang menika suka pambiyantu dhateng Bapa lan kulawarga dalem Kalurahan, Bapa dereng saged paring pituwas ingkang jumbuh kalihan lelabetanipun para rewang kala wau. Bapa ugi dhawuh nedha nrima lan ndedonga dhumateng Gusti, mugi-mugi pagesanganipun para rewang lan kulawarga sarta turun-turunipun kaparingan karahayon, kabegjan lan kamulyan dening Gusti Ingkang Maha Mirah. Sedaya rewang ingkang mireng dhawuh pangandikanipun Bapa makaten menika sami boten kiyat ngampet raosing manahipun piyambak-piyambak, sedaya sami trenyuh manahipun lajeng sami nangis sanaosa boten ngedalaken suwanten kajawi namung sesenggrukan. Dening Bapa para rewang ugi kaparingan pitutur murih pinter lila lamun kelangan ora gegetun, nrima yen kataman sak serik sameng dumadi legawa pasrah dhateng purbaning Kawasa.

        “Aku lan ndika kabeh kuwi satemene ora beda” makaten antawising pitutur saking Bapa dhumateng para rewang dalem kalurahan “nanging padha. Tegese, aku lan ndika kuwi ing ngarsaning Gusti padha olehe bodho, padha olehe mlarat, padha olehe asor, padha olehe mung dadi kawulane Allah. Awit satemen-temene kapinteran, kasugihan, kalungguhan lan sapiturute kuwi kabeh kagungane Allah awake dhewe lan titah liyane mung sadrema kapanggonan utawa katitipan murih digunakne kanggo sangu nglakoni urip ing alam padhang iki supaya bisa nindakne kabeh kuwajibaning titah marang Gustine. Lan ing mbesuke, kabeh titipan kuwi bakal dilandrat kaya apa anggone titah nanjakne titipan mau, yen becik anggone nanjakne mangka bakal thukul ganjaran sing agung dene yen olehe nanjakne mung nggugu kersa priyangga kang tinuntun dening hawa nafsu sing ucul saka kekeran, mangka ya bakal ana pidanane. Mula sepisan maneh aku njaluk pangapura saka ndika kabeh, awit aku nglenggana nggonku ngecakne titipan sing tak tampa mligine kang tumanduk marang ndika kabeh, isih akeh luput lan kurange, ya muga-muga wae pangapura saka ndika mengko bisa nyuda pidana saka Gusti Kang Maha Asih. Sabanjure, ndika kabeh kudu taksah eling yen jejering titah kuwi meh kaya sarah kang ana ing segara, lakune mung manut marang ilining banyu. Nalika Gusti ngersakne manungsa lahir, mangka iya ora ana sing bisa mambengi supaya ora sida lahir, samono uga nalika Gusti ngersakne manungsa mati lan bali marang mula-mulane, mangka digedhongana dikuncenana tan wurunga manungsa bakal mati. Ora ana titah sing ngaweruhi kapan tumibane pesthi, embuh aku dhisik embuh ndika dhisik, anggone kapundhut bali. Mula becike ayo aku lan ndika padha prasetya ing jeroning atine dhewe-dhewe, gelema sing kapundhut keri ndongakne sing kapundhut luwih dhisik, murih bisa lepas lakune, padhang dalane katampa sowane lan kapapanake ing papan kang jumbuh karo lelabuhan sing dicakne nalika uripe”.

        Sedaya ingkang sami mireng pututuring Bapa, kalebet kula, lajeng sami nginggihi sinartan luh ingkang terus kumucur saking mripat.

        Trus ginelak ujaring tiyang ndongeng, ing wanci dalunipun Ki Pawit lan para Bebau ingkang kala dalu kadhawuhan dening Bapa murih dugi ing sanggar, sedaya sampun sami dugi. Kados ingkang kaaturaken Ki Pawana, dugi dalu menika Ki Danara dereng dugi saking anggenipun kesah, dados inggih boten tumut ngadhep ing ngarsanipun Bapa. Kados kala wingi, kula inggih lajeng ngatag Paman Genter murih suka pasegahan dhateng para ingkang sami dugi kados pasegahan kala wingi.

        “Kakang Pawit lan kadang Bebau kabeh” mawi suwanten ingkang alon nanging cetha Bapa wiwit ngendika “ora krasa jebul wis suwe anggone awake dhewe bebarengan labuh kanggo Desa Kepuh Agal iki”.

        “Inggih Ki Lurah” ingkang atur wangsulan Ki Pawit, sawatawis para Bebau taksih sami mendel “upami boten sok sumerep putu-putu kula ingkang sampun sami gemrayah makaten, kula inggih boten kraos menawi sampun dangu anggen kula ndherek ngayom ing Dhusun Kepuh Agal menika”.

        “Sing bener kuwi ora Kakang Pawit sing ngayom ing Kepuh Agal, nanging Kakang Pawit kuwi salah siji saka cikal bakal saka Desa Kepuh Agal iki, Genah nalika awake dhewe saka sangkan sing beda banjur kepethuk ing papan iki, gapyuk dadi sedulur kanthi janji sajroning ati bakal sabaya pati bebarengan yasa Desa sing maune isih wujud alas kaya ngana kae. Dening sing nggelar lakon, aku kapasrahan nglurahi ndika sakanca sing saiki akeh sing wis padha kapundhut dening Kang Gawe Urip lan ndika kajibah anyengkuyung apa kang dadi kuwajibanku. Dadi saupama ora ana ndika lan kanca-kanca, nglengkara aku bisa dadi Lurah ing Desa iki” Bapa gentos paring wangsulan, ngleresaken  jejeripun Ki Pawit ing Kepuh Agal ingkang boten namung tiyang ngayom, lajeng kasaambet ngendika bab sanes “nanging anggonku nekakne ndika lan para Bebau iki ora arep tak jak ngrembug lelakon sing wis kawuri kuwi”.

        “Inggih Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawit “sumangga kadhawuhna, kula badhe mirengaken saha sasaged-saged badhe nglampahi menapa ingkang dados dhawuh jengandika”.

        “Iya Kakang” Bapa lajeng paring dhawuh malih “ndika sing ana kene rak wis padha weruh nek lungaku nalika samana jalaran nindakne jejibahan sing kudu tak rampungne, jejibahan winadi sing mung bisa tak lakoni dhewe. Nanging kanyatane durung kongsi rampung nggonku nindakne jejibahan winadi kuwi, kedadak aku dadi lara kaya mangkene iki…..”.

        “Inggih Ki Lurah” Ki Pawit nigas rembag “mugi-mugi Gusti enggal paring waluya dhateng Ki Lurah lan saged ngrampungaken jejibahan winados menika”.

        “Ora mangkono Kakang” Bapa paring wangsulan “aku wis ora kuwawa ngrampungne jejibahan winadi kuwi, tenagaku wis entek lan wektuku ya wis ora ana maneh kanggo kuwi. Nanging isih ana cara kanggo ngrampungake jejibahan winadi kuwi. Mula anggonku nekakne ndika lan para Bebau iki mau, ora liya arep tak jak andum gawe murih kabeh jejibahanku minangka Lurah Kepuh Agal bisa ketandangan kanthi sabecik-becike”.

        “Menawi makaten kula namung saged ndherek menapa ingkang jengandika dhawuhaken Ki Lurah” aturipun Ki Pawit ingkang lajeng noleh dhateng Bebau sekawan ingkang lenggahipun mlempak sing sakeringipun Ki Pawit, kalihan wicanten “ndika kabeh rak ya padha karo sing tak aturne iki mau ta Ki Bebau kabeh?”.

        “Inggih Ki Pawit” Bebau Sambirobyong, Grojoganngubal lan Bebau Sidadadi sami wangsulan sesarengan. Sawatawis Ki Bebau Jangglengan namung manthuk tanpa nyuwanten.

        “Sampun Ki Lurah” Ki Pawit lajeng matur dhateng Bapa “samangke kaparenga jengandika paring dhawuh menapa ingkang kedah kula lampahi?”.

        “Iki ngene Ki Pawit” Bapa lajeng ngendika malih “gandheng kahananku saiki isih kaya ngene, embuh apa sing bakal dumadi sawise aku lara iki, lire bisa bali waras apa bali marang sing Kagungan Urip, aku ora ngerti, mung wae sing arep tak kandhakne mengko, tak jaluk padha ditindakne. Kang kapisan perkara jejibahan sing mung aku dhewe sing weruh wujude, dina iki tak pasrahake marang anakku lanang Pradapa. Pradapa wis tak jarwani apa sing kudu ditindakake. Tak jaluk ora ana sing cuwa lan gela awit jejibahan iki tak wenehake marang anakku dhewe, jalaran pancen mung Pradapa sing nduweni sarat bisa nglakoni jejibahan iki”.

        “Inggih Ki Lurah” Ko Pawit atur wangsulan “kula pitados sampun satrepipun menawi jejibahan winados menika manawi kapasrahaken dhateng Gus Pradapa. Lan kula ugi pitados sanget, bilih Gus Pradapa tamtu boten badhe anguciwani”.

        “Inggih Ki Lurah, kula nggadhahi pamanggih ingkang sami kalihan pamanggihipun Bapa menika kala wau” Ki Pawana, Bebau Jangglengan ugi ngaturaken pamanggihipun.

        “Samanten ugi kula Ki Lurah” Bebau Sambirobyong, Bebau Sidadadi lan Bebau Grojoganngubal ndherek matur sesarengan.

        “Aku banget nedha nrima marang ndika kabeh awit wis percaya marang anakku Pradapa kanggo nindakane jejibahan iki, mula dhawuhku marang Pradapa kasep-kasepe patang puluh dina sawise dina iki, kowe kudu wis budhal nindakne jejibahan iki” Ngendikanipun Bapa ingkang lajeng paring dhawuh dhateng kula.

        “Inggih Bapa” kula wangsulan cekak.

        “Sabanjure kang kaping pindho” Bapa paring dhawuh malih “gegayutan karo jejibahanku minangka Lurah Kepuh Agal sing ora ngemu wewadi. nDika kabeh kudu ngerti yen Sarkara iki menungsa lumrah, sing sawayah-wayah bisa mati. Nanging yen jenenge Lurah Kepuh Agal nganti kapan wae ora bakal bisa mati. Matine Lurah Kepuh Agal bareng karo ilange Desa Kepuh Agal dhewe. Kan sadurunge Lurah Kepuh Agal budhal lunga nindakne jejibahan winadi nalika samana, Lurah Kepuh Agal wis napak astani layang sing isine parentah marang Ki Pawana supaya nindakne jejibahan Lurah lan ngesuhi para Bebau sa Desa Kepuh Agal, Layang parentah kuwi ora winatesan wektune nganti suk kapan. Dadi embuh apa sing bakal kedadeyan tetepa Ki Pawana nindakne jejibahan kuwi kanthi sabecik-becike, lan sawayah-wayah Sarkara tumekeng janjine bali marang Gustine, Ki Pawana wenang nganggo sebutan Ki Kepuh Agal Kapindho ya iku Lurah Kepuh Agal sawise Ki Sarkara”.

        “Mangke rumiyin Ki Lurah……” meh sareng Ki Pawit lan Ki Pawana ngangkat tanganipun badhe nyelani dhawuhipun Bapa.

 

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...