Total Tayangan Halaman

Senin, 02 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (128)


128.

        Sedaya ingkang wonten ing panirat mriku ketingal sami manthuk-manthuk pratandha sarujuk kalihan menapa ingkang kula ucapaken. Malah Ki Pawana lan Ki Pahang lajeng sami mesem, kalihan lambenipun mungel inggih-inggih wongsal-wangsul sanaosa boten patos kapireng. Ki Pawit ingkang kajawi mirengaken anggen kula wicanten ugi mirsani sikepipun Bebau kalih, Ki Pawana lan Ki Pahang, lajeng wicanten, emperipun kados tiyang ingkang ngunandika :

        “Jan ora slewah babar pisan karo Sawargi, pancen kudune sing nggenteni dadi Lurah ki ya Gus Dapa kok, nanging piye maneh wong panjenengane kudu nindakne jejibahan liya sing luwih wigati”.

        “Sampun kuwatos Wa Pawit” kula lajeng nyaut anggenipun ngunandika Ki Pawit kalihan mesem “sedaya tiyang menika sami anggenipun kagadhuhan sipat supe utawi lali, lha karana saking lali menika asring damel manah kebranang, menawi nembe kebranang manahipun tiyang  menika adhakan sok dados cupet nalaripun. Kados upaminipun inggih kedadosan ing dinten menika, Kakang Pawana tuwin Ki Bebau Pahang ingkang padatan lembah manah, dhasar nggadhuh pambegan ruruh sarwa sareh, suprandene dupi mireng menawi Paman Pahing ingkang taksih rayinipun Ki Pahang piyambak saha Paman Tanggon, Paman Tolu lan Kakang Pangkas, ingkang kaleres taksih warganipun Kakang Pawana, kaancam ing bebaya ndadosaken kekalihipun lali temah kebranang manahipun. Kula pitados, mangke ing salajengipun Kakang Pawana tamtu boten badhe makaten malih lan langkung pinter ngginakaken nalaripun, Wa. Menika pamanggih kula, samangke kados pundi dhateng Kakang Pawana anggenipun badhe nanggapi ucap kula kala wau?”.

        “Inggih Gus” Ki Pawana lajeng wicanten “samendhang datan wonten ingkang karempit anggen kula mirengaken sedaya dhawuh jengandika kala wau, sedaya boten wonten ingkang boten leres. Saupami Gus Pradapa boten tumunten paring dhawuh ingkang kados makaten kala wau, boten mokal menawi kula kalihan Ki Bau Grojoganngubal badhe manggih kawirangan, dipun gegujeng dening Danara miwah Kyai Daka. Awit saking menika, kaparenga Gus Dapa nglajengaken anggenipun paring dhawuh dhateng kula”.

        “Bares wae Kakang Pawana” kula lajeng wicanten malih “kanggo nguculi reruwet sing ngincim marang kaslametane Paman Tanggon sakanca iki mau, aku uga durung nemu cara. mBok menawa ora suwe maneh embuh aku, embuh ndika, embuh Wa Pawit utawa liyane bakal oleh pituduh kanggo ngudhari reruwet iki. Sokur yen wengi iki uga ana sing wis oleh cara, becik dirembug saiki pisan. Dene saupama durung, ya muga-muga sesuk utawa sesuke, kanthi pitulungane Gusti awake dhewe mesthi bakal nemu akal kanggo ngadhepi culikane wong sing nedya gawe cilakane Paman Tanggon sakancane kabeh”.

        “Leres menika Gus” Ki Pawit udhu pamanggih “kula sarujuk kalihan ingkang Gus Dapa dhawuhaken menika, dinten menika budidaya ingkang saged dipun lampahi nembe dumugi ngandhani Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas murih ngatos-atos. Lha kados pundi salajengipun, awakipun piyambak sami-sami sesarengan ngulir pikir sinambi ngrantos pitedahing Hyang Suksma. Salajengipun, gandheng kala wau Si Kesit criyos menawi taksih wonten wartos sanes ingkang badhe dipun aturaken ing ngarsanipun Gus Dapa, menapa boten langkung prayogi menawi samenika sareng-sareng mirengaken cariyos saking Kesit lan Pikat rumiyin?”.

        “Kula sarujuk kalihan pamrayoginipun Wa Pawit menika, Wa” wangsulan kula lajeng gentos pitaken dhateng Ki Pawana “piye Kakang Pawana?”.

        “Kula ugi sarujuk kalihan ngendikanipun Bapa menika Gus” Ki Pawana wangsulan cekak.

        “Paman Kesit lan Paman Pikat, ndika bisa nutugne anggon ndika crita” kula lajeng prentah dhateng Kesit lan Pikat murih nutugaken anggenipun cariyos.

        “Inggih Gus” Pikat lan Kesit sesarengan suka wangsulan.

        “Kados atur kula ing ngajeng, bilih samangke ing griya wingking Sanggar menika, kawewahan tiyang tiga malih, ingkang criyosipun taksih sedherekipun Kyai Daka” Kesit ingkang lajeng nutugaken cariyos “inggih menika Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor”.

        “Apa kira-kira sedulur sapaguron karo Kyai Daka Paman?” kula nyelani rembag.

        “Kula kirang cetha menika Gus” wangsulanipun Kesit “ingkang kula sumerepi, mila tiyang tiga menika sami-sami nggadhahi kadigdayan ingkang langkung inggil tinimbang tiyang sanesipun, malah kinten-kinten ugi langkung digdaya tinimbang Kyai Daka”.

        “Kok ndika bisa ngarani ngono?” kula pitaken malih.

        “Jalaran saderengipun mlebet griya kempal kalihan tiyang sanesipun, ing palataran Dalemipun Kyai Daka tiyang tiga menika nedahaken kadigdayanipun, boten namung kula kalihan Pikat ingkang sumerep, nanging meh sedaya siswa lan calon siswa ingkang nuju gladhen ugi sami sumerep” Kesit mangsuli pitaken kula malih.

        “Cethanipun makaten Gus” gantos Pikat ingkang lajeng wicanten “ingkang rumiyin piyambak, naminipun Ki Jenggi. Piyambakipun nedhi dipun krubut siswanipun Kyai Daka cacah sedasa. Ngadhepi tiyang sedasa menika, Ki Jenggi babar pisan boten kangelan, sedaya panyadhuk lan pamupuhipun tiyang sedasa ingkang sesarengan maju menika boten wonten ingkang saged ngengingi raganipun Ki Jenggi. Malah kosok wangsulipun, tiyang sedasa menika sami rata pikantuk jotos utawi sadhuk saking Ki Jenggi lan ndadosaken tiyang sedasa kala wau sami dhawah klesetan dhateng siti, boten saged majeng malih”.

        “Nyata sekti tenan wong sing jenenge Ki Jenggi mau” kula wicanten alon.

        “Inggih Gus, lajeng Ki Jenggi mameraken dedamelipun ingkang wujud gada tosan” Pikat nyauti wicanten kula.

        “Gada Wesi?” kula pitaken.

        “Inggih, agengipun sapupunipun tiyang” Pikat wicanten malih “panjangipun watawis sami kalihan tanganipun tiyang, ingkang alit namung ing cepenganipun. Nalika salah satunggal saking siswanipun Kyai Daka kadhawuhan ngangkat gada menika, ketingal menawi radi kawratan. Nanging ing tanganipun Ki Jenggi, gada menika ketingal namung kados cuthik kemawon dipun undha lan dipun obat-abitaken ing awang-awang nuwuhaken suwanten gemrubug damel kekesipun ingkang sami ningali”.

        “Kuwi sing jenenge Ki Jenggi?” kula pitaken malih.

        “Inggih Gus” ingkang wangsulan gentos Kesit “ingkang kaping kalih naminipun Ki Lembong. Sami kalihan Ki Jenggi, Ki Lembong nedhi mengsah tiyang sedasa, sedaya dipun kengken mandi dedamel, kenging pedhang, tumbak lan sanes-sanesipun. Sawatawis Ki Lembong namung lelawaran boten nyepeng menapa-menapa. Lan tiyang sedasa ingkang sami nyepeng gegaman pedhang lan tumbak kangge ngrubut Ki Lembong menika, dereng ngantos angsal seket jurus, sedaya sampun sami njengkilang dhawah ngathang-athang, sanaosa boten wonten ingkang nandhang tatu awrat, nanging sedaya sampun sami ketelasan tenaga, boten saged nutugaken ngrubut Ki Lembong malih”.

        “Sajake sing jeneng Lembong kuwi ya nduweni kasekten sing nggegirisi Paman?” kula nyelani rembag.

        “Inggih Gus, kajawi menika Ki Lembong ugi nggadhahi dedamel ingkang wujud tumbak sekti ingkang dede sabaening tumbak” Kesit suka wangsulan.

        “Dudu sabaene tumbak kepriye ?” kula pitaken malih.

        “Tumbak menika, landheyanipun saking kajeng Kukun, dipun ukir ketingal gilap, dipun entra wujud badanipun sawer, sirahing sawer arupi landhepipun tumbak ingkang kados ilatipun sawer sawatawis siyunging sawer kalih wujud grenthelaning tumbak” Kesit nyariyosaken tumbakipun Ki Lembong “lan ingkang sakalangkung nggegirisi malih, nalika tumbak kala wau dipun uncalaken ing siti, dumadakan saged santun warni dados sawer bandhotan sawentis agengipun ingkang gulunipun saged mekrok, saged ngadeg ngantos kalih protiganing badanipun, nyander-nyander lan ngemprosaken upas. Saha saged dipun kendhalekaken dening ingkang gadhah nuwun inggih Ki Lembong menika”.

        Kraos miris salebeting manah kula mireng cariyosipun Kesit ingkang ngojahaken kasektenipun Ki Jenggi lan Ki Lembong ingkang criyosipun taksih sedherekipun Kyai Daka menika. Nanging raos miris menika nunten kula sirep kalihan ngemut-emut dhawuh piwucaling wewarah kina ingkang nate kula waos ing lontar ingkang kasimpen ing gothakanipun Bapa. Piwucal ingkang nyebataken bilih sura sudira jayaningrat swuh brastha tekaping ulah darmastuti. Badhea sekti bebasan kekadang dewa kekendhit mimang, manawi lampahipun cengkah kalihan dhawuhing Allah mangka boten badhe lana. Boten benten kalihan kados menapa anggenipun nggegirisi aji Candhabirawa agemanipun Prabu Salya duk perang Bharatayuda, ewa samanten tanpa daya babar pisan sareng ngadhepi Prabu Yudhistira ingkang nyata nggadhuh manah ingkang suci. Kanthi ngemuti piwucal kina ingkang makaten menika, sakala raos miris ing manah lajeng ical, gantos raos pasrah dhateng purbaning kawasa kanthi anyenyuwun mugi kaparingan karahayon ing donya prapteng delahan.

        “Lan ingkang kaping tiga naminipun Ki Dodor, Gus” Kesit nglajengaken anggenipun cariyos “benten kalihan Ki Jenggi menapa dene Ki Lembong, Ki Dodor ingkang nggendhong keba ageng ing gegeripun menika, namung cucul rasukan, keba ingkang dipun gendhong dipun selehaken. Lajeng mapan linggih nyingkur tiyang-tiyang ingkang waunipun dipun adhepi, kalihan kengkenan dhateng para siswa, sinten kemawon kenging ndhawahaken Tumbak utawi pedhang dhateng gegeripun Ki Dodor, menawi saged damel tatu badhe dipun sukani ganjaran. Kathah para siswanipun Kyai Daka ingkang nyobi, nanging boten wonten ingkang saged damel tatu ing gegeripun Ki Dodor”.

        “Yen mangkono sekti tenan sing jeneng Ki Dodor kuwi Paman?” kula nyelani wicanten.

        “Inggih Gus” wangsulanipun Kesit ingkang lajeng dipun sambet “lha keba ingkang wau dipun gendhong ing gegeripun Ki Dodor, menika jebul isi gegamanipun Ki Dodor. Nalika keba dipun suntak, isinipun sawer-sawer mandi, kados panunggalanipun sawer weling, sawer welang, badhotan, dumung, luwuk lan sapiturutipun. Cacahipun kathah. Pepuletan kados benang ruwet nika. Nanging kanthi gampil Ki Dodor ngrayuki sawer-sawer kala wau, lan anehipun malih sawer-sawer kasebat lulut lan manut dipun prentah dening Ki Dodor, inggih awit saged ngereh sawer-sawer kathah menika, lajeng Ki Dodor mastani bilih sawewr-sawer menika mila dados dedamelipun menawi ngadhepi mengsah”.

        “Pancen yen krungu apa sing ndika critakne iku mau, gelem ora gelem, awake dhewe kudu ngakoni yen Kyai Daka lan Lurah Danara pancen nduweni kekuwatan kang nggegirisi” kula nanggapi cariyosipun Kesit lan Pikat “lan mesthine crita ndika isih akeh maneh, saiki ndika tutugne, sajake Ki Bebau Jangglengan lan Bebau Grojoganngubal wis ora sabar kepengin ngerti tutuge crita ndika iki”.

        “Lha menika ingkang kalebet sakalangkung wigatos Gus lan kula kinten langkung mbebayani katimbang bebaya ingkang ngarah dhateng Kakang Tanggon lan kanca-kancanipun wau” Kesit suka wangsulan lan badhe nutugaken anggenipun cariyos.

 

 

Ana candhake

 

Minggu, 01 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (127)


127.

        Kajawi menika kula ugi nggagas samanten menggah awoning tekunipun Kyai Daka lan Ki Danara. Cetha bilih tiyang-tiyang kala wau sampun nyiyagakaken cara kangge ngrebut panguwaos ing Dhusun Kepuh Agal menika. Ketingalipun sedya awon menika mila sampun wonten wiwit jaman Bapa taksih wonten. Namung kemawon dereng manggih kalodhangan ingkang trep kangge nindakaken anggenipun badhe ngrebat panguwaos kasebat. Kula lirik, Ki Pawit, Ki Pawana lan Ki Bebau Grojoganngubal, tetiganipun ketingal menawi sami seser nalaripun, ketitik saking njengkeruting bathuk saha menceringing netranipun.

        “Meh kemawon kesupen Gus” Dumadakan Kesit ingkang kala wau kendel awit anggenipun cariyos dipun gentosi Pikat, wicanten.

        “Apa kuwi Paman?” pitaken makaten menika kados medal tanpa kula sengaja.

        “Ki Danara sakalangkung ngigit-igit dhateng Kakang Tanggon, Kakang Pahing, Adhi Pangkas saha Kakang Tolu. Malah kanthi sesidheman Ki Lurah Danara sampun marentahaken dhateng siswa-siswa ingkang dados andhahanipun menika murih nglimpe lan damel cilakanipun Kakang Tanggon lan kanca-kancanipun kasebat. Namung sampun ngantos wonten bukti bilih ingkang damel cilakanipun Kakang Tanggon sakanca menika piyambakipun” wicantenipun Kesit mangsuli pitaken kula.

        “Mesthine ana sabab sing ndadekne Ki Lurah Danara ngigit-igit marang Paman Tanggon lan kanca-kancane kuwi, banjur apa sing dadi jalarane Paman Kesit?” kula pitaken malih.

        “Menika jalaran Lurah Danara mireng pawartos, duka saking sinten kula boten ngertos” Kesit wangsulan malih “bilih ingkang ngujuk-ujuki para siswa lan para calon siswa sami kendel anggenipun tumut gladhen ulah kanuragan ing Sanggaripun Kyai Daka menika Kakang Tanggon malah kabar bilih Ki Panulad badhe mbikak Paguron Kanuragan menika ugi sampun kapireng dening Kyai Daka lan Lurah Danara, criyosipun ingkang sami ajak-ajak siswa lan calon siswanipun Kyai Daka ngalih tumut Paguronipun Ki Panulad menika Kakang Pahing, Kakang Tolu miwah Adhi Pangkas. Miturut kojahipun para bramacorah andhahanipun Lurah Danara ingkang nampi prentah menika, Kakang Tanggon kaanggep murid murtad ingkang kedah dipun pejahi, jalaran saged damel bebayanipun paguron”.

        Kula rumaos kaget mireng critanipun Kesit ingkang pungkasan menika. Lekasipun Ki Lurah Danara ingkang makaten menika cetha menawi mbebayani sanget. Kula tingali Kakang Pawana, Ki Pawit lan Ki Pahang ugi kaget manahipun, malah kepara kajawi kaget ugi sami panas manahipun, ketitik Ki Pawana lan Ki Pahang lajeng mbrabak abrit praupanipun, untunipun dipun gegetaken. Ingkang makaten menika mila limrah, jalaran tiyang-tiyang ingkang badhe dipun damel cilaka dening Lurah Danara menika sedaya taksih wonten sambeting sedherek kalihan Ki Pawana lan Ki Pahang. Malah Paman Pahing menika rayinipun Ki Bebau ing Grojoganngubal.

        “Licik, keparat lan murang tata si Bebau Danara” kalihan nggeget untu Ki Pawana wicanten kados namung katujokaken dhateng awakipun piyambak “mumpung durung kebacut, sesuk sadurunge srengenge njedhul saka sisih wetan, Danara kudu wis bisa tak rangket lan diadili ing Pendhapa Kalurahan, aku minangka sesulihe Sawargi Ki Lurah, bakal tak tuduhne kuwanenku, dudu mung Danara dhewe wong lanang ing Kepuh Agal iki………..”.

        “Aja ijen Ki Jangglengan, nek budhal menyang Sidamulya”  kalihan sikep ingkang sami Ki Bebau Grojoganngubal nyaut wicantenipun Ki Pawana “aku melu, nek prelu ora sah ndadak ngenteni sesuk, saiki wae awake dhewe budhal nggoleki menungsa murang tata kuwi. Aku ya ora wedi nek mung tandhing karo Danara wae, malah nek prelu sak Kyai Daka pisan aku ya wani”.

        “Sabar dhisik Kakang Pawana, sareh Ki Pahang” nyumerepi glagat ingkang kados makaten menika kula lajeng wicanten ngedhem ingkang nembe benter manahipun.

        “Sabar pripun malih ta Gus?” ingkang semaur rumiyin malah Ki Bebau Grojoganngubal, suwantenipun nedahaken menawi manahipun nembe benter saestu “niki sambetipun kalih nyawa, nyawane adhi kula menapa, ajenga rupane kados napa mawon, Pahing niku adhi kula, dulur lanang kula, saderenge ramak kalih simbok pejah siyen, keslametane Pahing dipun titipaken dhateng kula minangka sedherekipun sepuh. Sampun malih ngantos wonten ingkang badhe mejahi Pahing, senadyan namung badhe ngganggu sapucuking rambutipun Pahing mawon, kula boten ajeng lila”.

        “Samanten ugi kula Gus” boten kawon serengipun, Ki Pawana numpangi rembagipun Ki Pahang “Tanggon kalihan Tolu menika warga Jangglengan ingkang dados tanggel jawab kula, malah si Pangkas menika taksih kaprenah ponakanipun semah kula. Saupami lekasipun Tanggon, Tolu menapa dene Pangkas menika kaanggep lepat, mesthinipun Danara saged manggihi kula. Dipun rembag kanthi sekeca pripun murih saenipun, menawi ta lare tiga menika panggah kaanggep lepat lan kedah nampi pidana, dede Danara ingkang wenang ndhawahaken pidana dhateng warga Jangglengan, nanging kula ingkang sedaya tiyang sampun sami sumerep menawi kula menika sampun pinitados minangka Pamongipun Warga Jangglengan sedaya. Nanging ingkang dipun lampahi Danara menika cetha menawi sampun nrajang pranatan, nerak paugeraning Dhusun Kepuh Agal, menika kedah dipun adhepi kanthi cara satriya. Kedah dipun rangket lan dipun adili, jumbuh kalihan pranatan lan paugeraning Dhusun Kepuh Agal”.

        “Aku tak genti melu guneman” boten dangu kalihan anggenipun wicanten Ki Pawana, Ki Pawit lajeng tumut wicanten “aku ora maido, kaya apa panasing atine Baune Pawana lan Bebau Grojoganngubal krungu critane Kesit lan Pikat iki mau. Nanging, mbok aja kaya bocah cilik, eling sing mbok ajak guneman kuwi sapa? Nek sing mbok sauri karo tembung sing padha diucapne mau kuwi aku utawa liyane ngono wae isih keneng diarani lumrah, Lha bareng sing mbok ajak guneman kuwi putrane Sawargi Ki Lurah Kepuh Agal ? Gek kamangka mau Gus Pradapa durung ngendika apa-apa kajaba mung ngongkon supaya padha sabar lan sareh dhisik. Lha kok wis padha muni-muni ora karuwan, ngumukne kaprawiran, gek olehe padha mapanake deduga kuwi ana ngendi he?. mBok padha nduweni tata krama, ora kaya wong alasan ngono kuwi, banjur bedane ana ngendi antarane Bebau ing Kepuh Agal andhahane Sawargi Ki Lurah sing wicaksana, karo Brandhal alasan sing ora tau sinau tata krama?. Sepira ta angele ngrungokne apa sing arep didhawuhake Gus Pradapa? Kok malah padha semaur sing mung nuruti ati buteng kaya wong sing cekak nalare wae”.

        Dipun srengeni dening Ki Pawit makaten menika, kawewahan rumaos kasoran lan prabawanipun Ki Pawit, Bebau Jangglengan lan Bebau Grojoganngubal lajeng sami ndhingkluk, tumungkul ketingal ajrih. nDadosaken manah kula radi kirang sekeca.

        “Nyuwun pangapunten Gus” Ki Bebau Grojoganngubal lajeng wicanten alon lan alus dhateng kula “kabekta saking bentering manah temah ndadosaken kula supe, kula nyuwun pangapunten”.

        “Makaten ugi kula Gus Pradapa” dereng ngantos kula wangsulan dhateng Ki Pahang, karumiyinan Ki Pawana ingkang ugi wicanten kalihan suwanten ingkang boten kawon alusipun “saking cubluking manah kula, cupeting nalar lan pangertosan kula, ngantos kula wantun degsura ing ngarsanipun Gus Dapa, inggih labet mireng kabar ingkang boten ngremenaken ing manah kula. Mugi Gus Pradapa keparenga paring pangaksami dhateng kula lan kersaa nglajengaken anggenipun badhe paring dhawuh dhateng kula”.

        “Ko Bebau Grojoganngubal lan Kakang Pawana” kula wangsulan mawi suwanten ingkang sareh “aja padha kaduk ati anggon ndika nampa dhawuhe Wa Pawit mau. Awit tenane ngono, aku mung arep aweh pamrayoga marang Ki Kepuh Agal Kapindho, sing luwih nduweni wewenang tinimbang aku. Mesthi wae pamrayogaku iki ya mung murih luwih becike miturut panemuku, nek miturut panemune Kakang Pawana pantes dienggo ya mangga dienggo bebakalaning tetimbangan, dene yen ora pantes dienggo, ora dienggo aku ya ora apa-apa”.

        “Inggih Gus, pamrayogi saking Gus Dapa saestu sanget kula betahaken” Ki Pawana wicanten munggel rembag kula “awit saking menika, mugi tumulia kadhawuhaken, kula badhe mirengaken kanthi saestu”.

        “Iya Kakang” wangsulan kula ingkang lajeng kula tutugaken kalihan wicanten “ya gene aku mrayogakne marang ndika supaya sabar dhisik lan sareh dhisik?. Sing sepisan, katone kabar sing digawa Paman Kesit lan Paman Pikat ora mung sing wis dikandhakne mau kabeh, nanging mbok menawa isih ana kabar liyane sing uga ora kalah wigatine. Dadi aja nganti kabar sing durung dikandhakne mau katutup merga anggon ndika sing wis kebacut nggagas kabar bab Paman Tanggon sakancane mau”.

        “Mila leres makaten Gus” Kesit ingkang wiwit wau namung kendel nyumerepi Ki Pahang lan Ki Pawana sami muring, nyelani anggen kula wicanten “taksih wonten kabar ingkang dereng kula aturaken”.

        “Iya Paman Kesit” wangsulan kula kalihan mesem “nanging mengko wae yen aku wis rampung rembugan karo Ki Pawana, lagi ndika kandhakne maneh”.

        “Inggih Gus, nyuwun pangapunten”.

        “Sabanjure kang kaping pindho Kakang Pawana” anggen kula wicanten kula lajengaken “ngudhari reruwet kuwi sarate kudu sabar, kudu nggunakne nalar sing resik, pikiran kang wening. Ora kena grusa-grusu kaburu swaraning napsu. Luwih-luwih kok karo nesu, kuwi banget mbebayani. Kurang-kurang bejane bisa kaya wong ngglandhang carang saka pucuk, carange ora bisa kegeret malah bisa gawe horege barongan sing ndadekne ora becike kahanan. Coba saupama ndika sakloron klakon kepethuk karo Lurah Danara, banjur Danara arep ndika rangket kanthi pandakwa arep gawe cilakane Paman Tanggon sakancane, apa ndika ngira banjur dadi adu atosing balung wuleting kulit antarane Lurah Danara mungsuh Kakang Pawana utawa Ki Pahang ?. Ora Kakang!. Lurah Danara kae muride Kyai Daka sing julig. Pandakwa ndika bisa wae diselaki, Lurah Danara api-api mbodhoni, awit pandakwa ndika tanpa bukti, ndika bisa diarani ngawu gawar mung arep golek perkara. Apa ndika ora arep kawirangan ? nDika arep kandha yen sing nggawa kabar kuwi Paman Kesit utawa Paman Pikat? Sansaya ora cetha maneh kuwi Kakang, ndika kirim telik sandi banjur diblakakne marang wong sing ndika sujanani…….”

 

 

Ana candhake.

 

Sabtu, 30 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (126)


 
126.
        Ki Pawana lan sanes-sanesipun nunten mapan linggih, pados papan piyambak-piyambak. Ingkang wonten ing mriku sedaya cacah nenem, anggenipun linggihan kupeng meh adu jengku dados inggih boten mbetahaken papan wiyar lan menawi guneman cekap mawi suwanten ingkang boten banter.
        “Nyuwun pangapunten Gus Dapa” sareng sampun radi sawatawis Ki Pawana lajeng wicanten “kala wau kula sampun semadosan kalihan Bapa, menawi bakda serap badhe mriki. Andilalah wonten tamu, ingkang radi dangu anggenipun ngajak rembagan kula”.
        “nJanur Gunung ana tamu sing teka ing wanci bubar surup” Ki Pawit nyauti wicantenipun Ki Pawana, lajeng pitaken “tamu saka ngendi kuwi?”.
        “Bebau Sidamulya Bapa” wangsulanipun Ki Pawana “piyambakipun ngajak rembagan prakawis kepyakan Lurah enggal ing Kepuh Agal mriki, Ki Danara dereng mangertos menapa api-api dereng mireng kabar kula boten mangertos, awit ingkang dipun kajengaken Lurah enggal ingkang badhe dipun kepyakaken menika Gus Pradapa”.
        “Banjur Kakang Pawana kepriye nggone aweh wangsulan marang Ki Danara?” kula gentos ingkang nakeni Bebau Jangglengan menika.
    “Kula boten suka wangsulan menapa-menapa Gus” wangsulanipun Ki Pawana “awit rembagipun Ki Danara prasasat boten kenging dipun selani, namung wicanten kados suka kabar dhateng kula kemawon. Nanging sareng kula semak radi dangu, rembagipun Ki Danara kala wau kados rembagipun tiyang ingkang ewah nalaripun, rembagipun kepireng menawi sanget anggenipun ngayawara, dados kula inggih lajeng mendel boten kepengin suka wangsulan menapa-menapa. Malah nalika Ki Grojoganngubal badhe nanggapi anggenipun cariyos Ki Danara, lajeng kula jawil murih murungaken kekajenganipun”.
        “Tembunge Ki Danara akeh sing ngayawara, cethane kepiye kuwi Kakang?” kula lajeng pitaken malih.
        “Ki Danara cariyos, bilih wekdal menika Rama saha kadang angkatipun Gus Pradapa inggih menika Raden Sentani lan Raden Gunendra, kadhawuhan dening Kyai Nagaraga momor ima-ima, nalusup dhateng Kraton Kutha Gedhe Mataram, nyidra pusaka Dalem Panembahan Senapati ingkang nama Dhuwung Kyai Jakapiturun. Dados kawontenanipun Raden eh, Gus Pradapa wekdal menika kenging kawastanan sampun ringkih lan tanpa daya jalaran boten wonten ingkang dipun andelaken paring bebantu menawi Gus Pradapa ngadhepi mengsah. Ki Danara ugi cariyos, bilih saged ugi Raden Sentani miwah Raden Gunendra wangsul dhateng Patalan kantun asma kemawon, jalaran wekdal menika Kyai Jakapiturun ingkang badhe dipun cidra menika, dipun reksa dening Danyang Gunung Merapi ingkang wujud Jim, nami Kyai Dandang Tembaga, ingkang kasektenipun boten wonten ingkang saged nandhingi”.
        “Walah-walah, gek crita olehe nemu ana ngendi Ki Lurah Danara kuwi?” kula nyelani rembag kalihan mesem.
        “Awit saking menika, kula wantun mastani rembagipun Ki Danara kados rembagipun tiyang ingkang ewah nalaripun jalaran mendem kecubung menapa kekathahen anggenipun ngombe arak" Ki Bebau Jangglengan semaur ugi kalihan mesem.
        “Sabanjure kepiye? Jare ngajak ngrembug perkara kepyakan Lurah anyar?” Ki Pawit gentos ingkang mundhut pirsa.
        “Lha sasampunipun Ki Danara criyos kados kasebat wau, lajeng wicanten menawi kasugenganipun Gus Pradapa kedah dipun reksa sesarengan. Kula inggih mangsuli leres. Lajeng miturut pitedah saking Kyai Daka, Gus Pradapa kedah tumunten kakepyakaken anggenipun jumeneng Lurah ing Kepuh Agal menika, dene salah satunggaling sarat kepyakan, Gus Pradapa kedah kinucuran sawabipun Pusaka Kyai Pantek lan ingkang saged mratitisaken kumucuring sawabipun Kyai Pantek dhateng Gus Pradapa menika namung Kyai Daka. Awit saking menika sadinten saderengipun upacara kepyakan Lurah enggal kaleksanan, Kyai Pantek kedah sampun mapan ing griyanipun Kyai Daka rumiyin. Gandheng kula menika dugi sapriki taksih jejer minangka suhing para Bebau ing Kepuh Agal lan sesulihing Sawargi Ki Lurah, dening Ki Danara dipun suwun ngaturaken menika dhateng Gus Pradapa” Ki Pawana mungkasi anggenipun nyariyosaken rembagipun Ki Danara.
        Mireng cariyos saking Ki Pawana makaten menika, kula lajeng kengetan dhawuh welingipun Eyang Nyai Pandhanwangi ing pasupenan kala samanten. Inggih menika bab pepenginanipun Kyai Daka saged nguwaosi Dhuwung Kyai Pantek. Kula ugi kengetan kalihan dhawuhipun Nyai Pandhanwangi malih bilih kula badhe nampi pacoben saking Gusti Ingkang Maha Agung, menawi ngantos kula boten lulus awit wontenipun pacoben menika, mangka kula badhe pejah nistha kaningaya. Kengetan ingkang pungkasan menika, manah kula dumadakan kraos trataban, mila kula lajeng nyenyuwun ing salebeting manah, inggih menika nyenyuwun pitulunganing Gusti mugi kula saged kaparingan kiyat salebeting ngadhepi pacoben mangke.
        “Arepa kaya ngapa rembuge Bebau ing Sidamulya kuwi mbutuhake kawigaten kang mirunggan, jalaran awake dhewe kudu ngerti ana apa ing waliking rembuge Ki Danara kaya kang mbok critakne kuwi mau yen digandhengake karo sikep aneh sing ditempuh dening Ki Danara lan Kyai Daka keri-keri iki” Ki Pawit ananggapi cariyosipun Ki Pawana, lajeng wicanten dhateng kula “harak inggih makaten ta Gus?”.
        “Mila makaten Wa” wangsulan kula cekak.
        “Nanging prakawis ingkang magepokan kalihan cariyos kula menika wau saged dipun rembag mangke Gus” Ki Pawana wicanten malih “jalaran wonten wartos sanes ingkang magepokan kalihan Ki Danara saha Kyai Daka, ingkang ugi mbetahaken kawigatosan ingkang saestu”.
        “Warta bab apa maneh kuwi Kakang?” kula pitaken.
        “Lha menawi menika, dede kula ingkang kedah nyariyosaken” Ki Pawana lajeng wangsulan sarwi nyawang dhateng Kesit lan Pikat, saha kasambet prentah dhateng tiyang kalih menika “Kesit karo Pikat, saiki aturna kabeh apa sing wis padha mbok weruhi lan mbok rungokne ana ing Sanggare Kyai Daka, marang Gus Pradapa aja nganti ana kang kacicir”.
        Kesit lan Pikat sami sawang-sawangan sakedhap, lajeng Kesit wiwit wicanten dhateng Ki Pawana :
        “Inggih Ki Bau” Kesit nginger anggenipun linggih gentos madhep dhateng kula lajeng wicanten malih “Cariyosipun makaten Gus, wiwit kinten-kinten sedasa dinten kapengker, inggih let kalih dinten saking sedanipun Ki Lurah, kula kalihan Pikat langkung asring manggen ing griya enggal ingkang dipun panggeni siswa-siswanipun Kyai Daka ingkang saking sanjawining Kepuh Agal nika. Awit dening Ki Lurah Danara, kula lan Pikat kaparentah resik-resik griya saha cecawis lan ngladosi tedhanipun siswa-siswanipun Kyai Daka kala wau”.
        “Iya Paman, aku ya wis krungu saka Wa Pawit bab anggon ndika sakloron magang ing Sanggare Kyai Daka, sauntara calon-calon siswa akeh sing wiwit aras-arasen sinau ulah kanuragan ing kono.  Sajake sing manggon neng omah sing ana mburine Sanggar kae akeh ya?” kula nyelani rembag kalihan pitakenan.
        “Ingkang criyosipun anggenipun dugi langkung rumiyin wonten selikur lajeng ingkang enggal wonten nem likur tiyang Gus, dados sedaya wonten sekawan dasa pitu. Lajeng sekawan dinten kapengker, dugi malih tiyang tiga,  menika dede siswa nanging criyosipun taksih sedherekipun Kyai Daka. Naminipun Ki Jenggi, Ki Lembong lan setunggal malih Ki Dodor. Dados ingkang manggen ing griya nika sakniki sedaya wonten seket” Kesit mangsuli pitaken kula.
        “Iya saiki tutugna anggon ndika crita” kula wicanten malih.
        “Sareng kula kalih Pikat ngertos piyambak” Kesit nglajengaken anggenipun cariyos “mila sampun pantes menawi kathah siswa lan calon siswa ing Sanggaripun Kyai Daka ingkang lajeng boten betah, malah kula lajeng gadhah panginten menawi ingkang criyosipun murid utawi siswa saking Kyai Daka menika boten leres, ketitik saking anggenipun ngecakaken jurus nalika nyukani gladhen dhateng para siswa lan calon siswa ingkang asalipun saking Kepuh Agal, setunggal kalihan setunggalipun benten-benten jurusipun. mBok menawi pamanggihipun Kakang Tanggon ingkang dipun aturaken dhateng Ki Bau Jangglengan, bilih tiyang-tiyang nika ingkang leres para durjana ingkang dados andhahanipun Ki Lurah Danara, menika mila leres. Ketitik kajawi caranipun wicanten ingkang kasar lan dhemen ngumbar tembung saru sarta solah bawanipun ingkang tebih saking unggah-ungguh, kula kerep mireng anggenipun sami reraosan kalihan sesamining rencangipun, bab anggenipun sampun nyikara tiyang, damel pepejah saha anggenipun sampun ngrodhapeksa tiyang estri saderengipun dipun pejahi, sedaya menika kados-kados dipun pameraken dhateng rencangipun. Lan rencangipun ugi ngimbangi mawi cariyos ingkang meh sami”.
        Kesit kendel anggenipun cariyos, ketingalipun gorokanipun kraos sangklit, piyambakipun lajeng nyepeng cangkir kopinipun, dipun sruput kangge nelesi gurungipun.    
        “Lha duginipun tiyang-tiyang niku ing Sanggaripun Kyai Daka” gentos Pikat ingkang nyambet wicantenipun Kesit “kula mireng anggenipun reraosan tiyang-tiyang kasebat, criyosipun badhe dipun ajak nyambut damel dening Ki Danara. Nyambut damel menapa inggih dereng cetha, ingkang manggenipun ing Kepuh Agal. Wancinipun nyambut damel inggih ngentosi wekdal ingkang pas. Miturut anggenipun sami reraosan, menawi sampun rampung anggenipun nyambut damel menika, mangka sedaya badhe angsal undhuh-undhuhan ingkang ageng. Wujud sabin lan pategilan ingkang wiyar, wonten ugi ingkang badhe pikantuk pangkat. Nanging inggih menika kala wau……”.
        Pikat inggih lajeng kendel anggenipun criyos, awit sampun ngelak lan kados Kesit, Pikat lajeng nyruput wedangipun.
        “Nanging kepiye Paman…….?” Kula nyela rembag kalih mesem “kok malah banjur meneng iki?”.
        “Nanging inggih menika wau Gus, wancinipun dereng pas, jalaran ing Kepuh Agal mriki menika ingkang dipun ajrihi dening Kyai Daka lan Ki Lurah Danara wonten setunggal, inggih menika Gus Pradapa piyambak. Criyosipun tiyang-tiyang ingkang sami reraosan kala wau, Ki Lurah Danara nate criyos sanaosa ing ulah kanuragan Gus Pradapa menika boten wonten menapa-menapanipun, nanging Gus Pradapa kagungan kalpika ingkang dayanipun kados Aji Dipa Paweling, ingkang sawanci-wanci saged kangge ngrawuhaken sedherekipun angkat ingkang nami Raden Gunendra miwah tiyang sepuhipun inggih menika Raden Sentani. Kamangka tiyang kalih menika kasektenipun bebasan saged anjara langit, mila Ki Lurah Danara lan Kyai Daka sakalangkung ing ajrihipun” sasampunipun nyriput wedangipun Pikat nglajengaken anggenipun cariyos.
        Salebeting manah kula mesem piyambak, jebul Ki Danara lan Kyai Daka pitados sanget dhateng rembag kula kala samanten ingkang estunipun namung tembung ingkang dora lan ngayawara.


Ana candhake

Jumat, 29 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (125).


125.

        Sampun sedasa dinten anggenipun Bapa seda, Dalem Kalurahan kraos langkung sepen. Para abdi lan para rewang ketingal taksih dereng ical raos sedhihipun, menapa malih kula ingkang samangke sampun lola. Saenipun para Bebau, Sapukawat, sinoman lan sesepuh ing Kepuh Agal saben dinten gentosan sami dugi dhateng Dalem Kalurahan ngajak jagongan kula, ingkang makaten sakedhik-sakedhik saged nglipur manah lan nyuda raos sedhih. Wonten sakedhik raos ngganjel ing manah kula, Ki Danara menapa dene Kyai Daka babar pisan boten katingal menapa malih tumut suka tembung bela sungkawa. Nanging badhe kula criyosaken dhateng Ki Pawana utawi Bebau sanesipun, kok rumaos kula kirang pantes. Dados inggih panggah kula endhem kemawon dados ganjelan salebeting manah kula piyambak. 

        Sonten menika ing pangangkah kula badhe dhateng griyanipun Ki Pawit, badhe kula aturi murih ngrantam upacara kepyakan inggih menika ngepyakaken Ki Pawana minangka Lurah enggal nggentosi Bapa. Ingkang makaten menika jalaran nalika kula ngengken Ki Pawana ingkang minangka sulihing Bapa ing reh parentah Kepuh Agal, murih tumunten ngempalaken sedaya Bebau, Sapukawat lan Sinoman lan Sesepuh Kepuh Agal saprelu kabiwarakaken sedaya dhawuh pungkasan saking Bapa, magepokan kalihan kalenggahaning Lurah ingkang sampun kapasrahaken dhateng piyambakipun, Ki Pawana taksih dereng saged suka wangsulan. Malah nalika kula kengken murih boyong dhateng Kalurahan ugi taksih semados kemawon.

        Nanging nembe kemawon kula rampung ngayahi jejibahan manembah ing wanci seraping surya lan badhe bidhal dhateng griyanipun Ki Pawit, ketingal Ki Pawit malah ndugeni Dalem Kalurahan. Ki Pawit bablas minggah dhateng Pendhapa lan mapan linggih ing mriku. Kula tumunten anyaketi kados padatan menawi wonten tamu utawi tiyang ingkang dumugi ing Pendhapa Dalem Kalurahan.

        “Kaleresan sanget Wa Pawit” wicanten kula sasampunipun mapan linggih ing sacaketipun Ki Pawit “estunipun kula wau badhe sowan Wa Pawit dhateng dalem, lha menika Wa Pawit malah sampun rawuh mriki dados inggih kaleresan sanget”.

        “Inggih ta Gus?” wangsulanipun Ki Pawit kalihan mesem “niki wau kula sampun semadosan kalihan Baune Pawana lan Ki Bau Grojoganngubal, sakedhap malih rak sami dugi”.

        “Sampun semadosan kalihan Kakang Pawana lan Ki Pahang Wa?” kula pitaken “sajakipun wonten prakawis ingkang badhe dipun rembag ing mriki?”.

        “Inggih Gus” Ki Pawit wangsulan lajeng pitaken dhateng kula “mosok Gus Dapa dereng ngraosaken?”.

        “Ngraosaken bab menapa Wa?” kula wangsul pitaken.

        “Ngengingi Bebau ing Sidamulya menika lho Gus” Ki Pawit wangsulan kanthi nyebat naminipun Ki Lurah Danara.

        “Estunipun boten namung Ki Danara ingkang dados angen-angenan kula Wa, malah Kyai Daka ugi kula gagas” wangsulan kula nyuntak ganjelaning manah “kala Biyung seda, Kyai Daka boten purun nglayat kanthi pawadan badanipun kirang sekeca. Samangke sareng Bapa seda, piyambakipun ugi boten purun atur pakurmatan. mBok menawi pawadanipun nalika nyarengi Bapa seda menika Kyai Daka lan Lurah Danara nuju boten ing griya. Sok makatena, mesthinipun menawi boten wonten pambeng ingkang sakalangkung wigatos, sasampunipun dugi griya harak inggih saged dugi mriki. Nanging kekalihipun babar pisan malah boten ngatingal lho Wa?”.

        “Miturut kabar ingkang kula tampi saking lare-lare” Wa Pawit lajeng wicanten malih “estunipun let sedinten saking sedanipun Ki Lurah kala samanten, Ki Danara lan Kyai Daka sampun wangsul saking anggenipun kekesahan. Malah kabaripun kanthi kadherekaken siswa-siswa lami ingkang suwaunipun mapan ing sanjawining Kepuh Agal mriki, watawis wonten selangkungan tiyang…..”.

        “Tiyang selangkung Wa?” kula nigas rembag kalihan pitakenan “kamangka saderengipun menika, ingkang criyosipun siswa-siswa saking sanjawining Kepuh Agal sampun dumugi watawis kalih dasa lajeng kadamelaken griya ing pekarangan sawingkinging Sanggar ?”.

        “Mila saking menika Gus” Wa Pawit mangsuli pitaken kula “awakipun piyambak kedah waspada, awit taksih kathah kabar sanes ingkang magepokan kalihan Kyai Daka lan Ki Danara menika. Mangke menawi Pawana kalihan Bebau Pahang sampun dugi kemawon dipun tutugaken anggenipun ngrembag bab menika”.

        “Kula nuwun, kula ingkang sowan Gus….” Dereng ngantos kula mangsuli wicantenipun Wa Pawit, dumadakan wonten tamu ingkang lajeng minggah pendhapa. Wa Pawit ketingal radi kaget, lajeng ngadeg ningali sinten ingkang nembe dugi menika.

        “Elho Kesit ta iki?” Ki Pawit pitaken dhateng ingkang nembe dugi “arep sowan Gus Pradapa apa nggoleki aku?”

        “Inggih Kyai” wangsulanipun ingkang nembe dugi kala wau, jebul nem-neman Kepuh Agal ingkang naminipun Kesit “nyuwun pangapunten, menapa Ki Bau boten wonten mriki Kyai?”.

        “Sapa? Baune Jangglengan ?”

        “Inggih”

        “Ana apa ta?” Ki Pawit pitaken malih.

        “Nyuwun pangapunten Kyai” Kesit atur wangsulan suwantenipun alon sanget nanging taksih saged dipun mirengaken “kula kalihan Pikat kala wau enjing kadhawuhan dening Ki Bau pados kabar, menawi sampun pikantuk kapurih ngaturaken nanging boten ing griyanipun Ki Bau, criyosipun kula kapurih nusul dhateng Dalem Kalurahan, makaten”.

        “Ooo ngono?” Ki Pawit lajeng pitaken malih “lha Pikat saiki ana ngendi?”

        “Taksih dhateng Regol kempal kalihan tiyang-tiyang ingkang sami rondha”

        “Pikat ajaken mrene pisan, kandhaa yen ditimbali Gus Pradapa, ngono ya?”

        “Inggih Kyai” wangsulanipun Kesit ingkang lajeng mandhap badhe madosi Pikat ing Regol ngajeng.

        “Ketingalipun badhe wonten kabar enggal malih Gus” kalihan wangsul mapan linggih ing papanipun wau, Ki Pawit wicanten dhateng kula.

        “Inggih Wa?” wangsulan kula cekak.

        “Inggih Pikat kalihan Kesit menika ingkang pinitados dening Baune Pawana kulak warta magepokan kalihan patrapipun Bebau Sidamulya ingkang ketingal aeng-aeng lan pantes dipun sujanani menika” Ki Pawit nyethakaken menggah jejibahanipun Kesit kalihan Pikat .

        “Inggih Wa, kula pitados kalihan kawicaksananipun Kakang Pawana ingkang mesthinipun samangke sampun wenang kasebat Ki Lurah Kepuh Agal Kapindho lan kedah nglenggahi Dalem Kalurahan menika” wangsulan kula ngiras ngemutaken Ki Pawit dhateng weling lan dhawuhipun Bapa.

        “Sabar Gus, mangke menawi kawontenan sampun radi padhang prakawis menika saged dipun rembag malih” wicantenipun Ki Pawit salajengipun “samangke ngrembag prakawis ingkang sanget nguwatiraken tumrap Kepuh Agal menika rumiyin. Nanging saenipun sampun wonten ing pendhapa menika, gampil katingalan saking njawi”.

        “Inggih Wa” wangsulan kula “menawi dhateng panirat wingking kados pundi Wa? Ing mrika papanipun radi katutupan”.

        “Inggih Gus, makaten kula kinten langkung prayogi” wangsulanipun Ki Pawit.

        “Kula nuwun Gus……” Kesit kalihan Pikat sampun dugi lan alok kula nuwun.

        “Kene, kene Paman Kesit lan Paman Pikat” wangsulan kula ngacarani Kesit lan Pikat.

        “Inggih Gus” tiyang kalih wau semaur sesarengan lajeng mapan linggih boten tebih saking Ki Pawit, lajeng Pikat nutugaken atur “kula sampun sawega nampi dhawuh saking Gus Pradapa”.

        “nDika wong loro tak kongkon neng pendhapa kene dhisik” kula lajeng suka prentah “mengko nek Ki Bebau Jangglengan lan Ki Bebau Grojoganngubal teka kene, padha dherekna nusul aku lan Ki Pawit ing Panirat mBuri ya?”.

        “Inggih Gus” tiyang kalih wangsulan sesarengan.

        “Mangga Wa, kula dherekaken dhateng Panirat wingking rumiyin” Ki Pawit lajeng kula ajak ngalih dhateng Panirat wingking.

        “Mangga Gus”

        Kalih mlampah dhateng Panirat wingking, kula kober mampir ngatag dhateng para rewang murih nyawisaken pasegahan kangge kanca melek kados padatan. Wedang kopi kalihan lalapan gendhis klapa kalihan gembili ingkang dipun godhog.

        “Kesit kalihan Pikat menika wiwit rumiyin entranipun ngaten rak dados siswanipun Panulad ta Gus” sasampunipun mapan linggih ing klasa ingkang kula gelar ing jogan panirat, Ki Pawit wiwit wicanten “lan anggenipun gladhen kanthi sesidheman, dados boten wonten ingkang mangertos menawi lare kalih menika sami sinau ulah kanuragan dhateng anak kula pun Panulad”.

        “Inggih ta Wa?” kula suka wangsulan, kalihan ing manah lajeng kemutan kasagahan kula dhateng Paman Tanggon ingkang dereng saged kula lampahi awit kasaru rawuhipun Bapa ingkang gerah lajeng seda menika “estunipun para nem-neman ingkang sampun boten krasan sinau kanuragan ing Sanggaripun Kyai Daka jalaran duginipun siswa-siswanipun Kyai Daka ingkang criyosipun candhala, criyos dhateng kula, gentos kepengin dipun wucal kanuragan dening Kakang Panulad, nanging dereng ngantos kula rembagan prakawis menika kalihan Kakang Pawana lan Kakang Panulad, kedadak Bapa rawuh kanthi kawontenan gerah temah dados lan sedanipun menika, temah lajeng dados klendran”.

        “Sami Gus” Ki Pawit wicanten malih “Panulad menapa dene Baune Pawana, malah ugi para Sapukawat sarta sedaya Bebau ing Kepuh Agal salintunipun Bebau Sidamulya, ugi ngrembag prakawis menika lan badhe manggihi Gus Pradapa saprelu nyuwun palilah badhe ngginakaken plataran Kalurahan kangge papan gladhen, andilalah lajeng Ki Lurah seda menika. Dados inggih dereng siyos, lha sareng sampun radi sawatawis saking sedanipun Ki Lurah malah lajeng wonten kabar enggal ingkang ketingalipun sanget nguwatiri menika”.

        “Inggih Wa, mugi-mugi kawontenan ingkang ketingalipun kados pedhut ing Kepuh Agal menika saged tumunten sirna, wangsul padhang malih” wangsulan kula.

        “Mugi-mugi makaten Gus” Ki Pawit mangsuli wicanten kula” lha anggenipun Baune Jangglengan kengkenan lare kalih kala wau mila sampun trep, jalaran Ki Bebau Sidamulya tuwin Kyai Daka dereng apal dhateng Kesit saha Pikat menika. Kekalihipun sowan dhateng Kyai Daka nembung badhe ndherek sinau ulah kanuragan ing sanggaripun Kyai Daka. Lajeng dening Kyai Daka kapasrahaken dhateng Ki Danara. Lajeng dening Ki Danara, Kesit lan Pikat badhe dipun cobi rumiyin, saestu menapa boten tekadipun sinau kanuragan menika. Dene wujudipun pacoben, Kesit lan Pikat kapasrahan padamelan ing griya ingkang dipun panggeni siswa-siswanipun Kyai Daka ingkang wonten ing pekarangan wingking sanggar menika. Ing mriku lare kalih kaparentah kajawi resik-resik ugi cecawis lan lelados tedhanipun tiyang-tiyang ingkang wonten mriku. Dados inggih kaleresan sanget”.

        “Nyuwun pangapunten Gus Dapa” dumadakan Ki Pawana lan Ki Pahang dugi  dipun tutaken Kesit lan Pikat “radi randhat anggen kula sowan jalaran wonten prakawis enggal”.

 

Ana candhake.

 

Kamis, 28 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (124)

 


124.

        Anggen kula wicanten makaten kala wau awit kula kuwatos menawi Ki Pawana lan Ki Pahang sampun cariyos dhateng Bebau sanesipun ngengingi cariyos ingkang salugunipun cariyos ingkang ngayawara saking Ki Danara. Lan kangge nuturi murih tiyang-tiyang menika boten pitados dhateng cariyosipun Ki Danara mila inggih radi kangelan. Lan sareng kula wicanten makaten kala wau, inggih boten wonten ingkang saulu menapa-menapa. Sedaya mendel boten kumecap. Malah lajeng kapireng suwantenipun Ki Pawit ingkang matur dhateng Bapa :

        “Sampun cetha samanten kaluhuran lan kamirahanipun Ki Lurah saha Gus Pradapa dhateng anak kula pun Pawana, kula minangka tiyang sepuh namung saged ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan”.

        “Samanten ugi kula Ki Lurah saha Gus Pradapa” dereng ngantos Bapa paring wangsulan dhateng Ki Pawit, Bebau Jangglengan sampun nyambet rembag matur dhateng Bapa saha cariyos dhateng kula “bombong kaworan miris raosing manah kula nampi dhawuh saking Ki Lurah saha panyengkuyung saking Gus Pradapa ingkang makaten menika. Bombong dene Ki Lurah saha Gus Pradapa nyata kagungan kapitadosan dhateng kula, mirising manah kula awit kuwatos menawi ing tembenipun damel kuciwaning penggalihipun Ki Lurah saha Gus Pradapa, jalaran kula kirang pinter nindakaken jejibahan ingkang pinitadosaken dhateng kula. Inggih awit saking menika, mugi Ki Lurah saha Gus Pradapa boten kendhat tansah ngucuraken pangestunipun dhumateng kula temah anggen kula ngayahi jejibahan agung mangke saged lebda ing karya”.

        “Ki Pawit apa dene Ki Pawana” Bapa paring wangsulan “aku percaya marang kasetyane Kakang Pawit becik marang aku lan marang Kepuh Agal, sarta gedhening katresnane Kakang Pawit marang putra-putrane, mligine marang Ki Pawana. Mula aku duwe rasa percaya kang kandel, Kakang Pawit ora bakal negakne Kepuh Agal dadi bubrah lan mesthi tansah asung pitutur marang putrane murih tansah eling marang darmaning uripe minangka pangarsaning Desa sing kudu bisa aweh pangayoman marang kabeh wargane. Lan marang Ki Pawana, aku titip weling jroning ndika nindakne kuwajiban aja pisan-pisan ndika murih pituwas kang luwih saka warga ndika, lire ndika kuwi kapiji murih leladi marang kawula ora kapiji murih diaji-aji dening kawula. Yen becik nggon ndika ngladeni marang kawula ing Kepuh Agal sanajan ora ndika arep-arep mangka pangaji marang ndika bakal teka dhewe. Wong nindakne kuwajiban kuwi aja seneng yen dialem lan cuwa yen dipaido dening sapepadhaning wong, nindakne kuwajiban kuwi padha wae laku manembah marang Allah, lan kudune sing diarep-arep ya pambiji saka Allah, ora saka liyane Allah awit yen sing ndika goleki pambiji saka liyane Allah mangka bisa wae anggon ndika nindakne kuwajiban mung mburu murih senenge sing ndika ladeni sing wong mau gampang apus-apusane, nanging yen sing ndika goleki kuwi pambiji saka Allah mangka Allah kuwi Dzat Kang tan kena diapusi babar pisan”.  

        “Inggih Ki Lurah” Ki Pawit atur wangsulan langkung rumiyin “pangestunipun Ki Lurah ingkang tansah kula suwun, mugi-mugi sageda kula menika dados tiyang sepuh ingkang boten sepa kados sepahan, nanging sageda dados tiyang sepuh ingkang sepen ing pamrih kajawi namung murih pangalembana saking Gusti Ingkang Maha Agung”.

        “Pangestunipun Ki Lurah saha Gus Pradapa ingkang tansah kula suwun mugi kula sageda nindakaken sedaya piwucaling Ki Lurah menika kala wau” Gantos Ki Pawana ingkang atur wangsulan “keparenga nyuwun pitedah malih Ki Lurah”.

        “nDika ngersakne apa maneh Ki Pawana?” Bapa mundhut pirsa .

        “Manawi kula sampun nindakaken menapa ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah kala wau, lajeng sinten ingkang kedah nggentosi padamelan kula minangka Bebau ing Jangglengan benjingipun? menapa inggih taksih dados tanggel jawab kula?” Ki Pawana nyuwun pirsa.

        “Ki Pawana yen ndika wis nganggo sebutan Ki Kepuh Agal Kapindho, ndika kudu ninggalne Jangglengan lan mapan ana Dalem Kalurahan iki, jalaran Dalem Kalurahan iki biyen sing yasa wong tuwa ndika sakanca kanggo mapane Lurah Kepuh Agal lan kulawargane. Sarta maneh omah utawa dalem kalurahan iki uga bakal suwung, dadi ya mung ndika sing duwe tanggung jawab manggon lan ngupakara murih lestarine Dalem Kalurahan iki. Dene sapa sing kudu nggenteni kalungguhan ndika minangka Bebau ing Jangglengan, kuwi ndika pasrahne marang sesepuh lan sapukawating Dhukuh Jangglengan supaya miji salah siji saka wargane murih linggih dadi Bebau ing kono, kaya jaman ndika kapiji supaya dadi Bebau Jangglengan biyen”.

        Anyarengi rampunging anggenipun Bapa paring wangsulan dhateng Ki Pawana, dumadakan wonten angin sumribit mlebet dhateng salebeting Sanggar, ndadosaken wulu-wulu sami mrinding. Jalaran angin kala wau karaos dede angin sabaening angin, nanging angin ingkang mbeta ganda wangi ingkang nyala wadi, wangining sekar telasih ingkang wor lan sekar samboja. Ketingal Ki Pawit njengkerutaken palarapanipun, Ki Pawana lan para Bebau sanesipun sami sawang-sawangan kanthi soroting netra kebak tandha pitakenan. Kawontenan dados kraos tintrim.

        “Kakang Pawit, Anakku Pradapa lan para Kadang Bebau kabeh”  dumadakan Bapa ngendika kanthi suwanten ingkang alon “wis tumeka titi wancine aku bali marak ing ngayunaning Gusti, ngaturake sakehing perkara kang wis tak lakoni, tak jaluk pandongamu muga-muga sowanku bisa katampa dening Gusti. Welingku kang pungkasan, raga kang tak tinggal sing sasuwene iki tak ajak bebarengan ngrasakne legi lan paiting urip, tulung aja nganti gantalan dina tumuli ruktinen sing becik aja nganti gandane ngganggu wong sing ana sandhinge, kuburen ragaku ing prenahe longan sing ambene tak enggo turu iki, jumbuh karo satataning agama sing tak rasuk”.

        Bapa lajeng ngeremaken netranipun, lathinipun ebah-ebah ngucapaken klimah sadat, kasusul saking saliraning Bapa miyos cahya sekawan inggih menika cahya abrit, cemeng, jene ingkang kawungkus ing cahya pethak. Cahya sekawan kala wau minggah dhateng nginggil nrabas wuwunganing griya, boten mangertos dhateng pundi purugipun. Boten dangu kasusul cahya ingkang warni maya ingkang ugi lajeng mesat manginggil.

        “nDherekaken Sugeng tindak Ki Lurah, mugi rahayuwa ingkang pinanggih” Ki Pawit wicanten alon suwantenipun nedahaken menawi ngampet raos sungkawa, lajeng nglurupaken jarit kangge nutupi saliranipun Bapa.

        “Keng Bapa sampun seda Gus” Ki Pawit lajeng wicanten dhateng kula, kula tingali wicanten makaten kala wau kalihan netranipun Ki Pawit kekembeng waspa.

        “Inggih Wa” kula suka wangsulan cekak, boten saged kumecap menapa-menapa awit saking raosing manah ingkang dereng saged nampi manawi Bapa sampun dumugi ing seda.

        “Nyata elok lan nedahaken bilih Ki Lurah nyata titahing Gusti ingkang kinasih” Ki Pawit wicanten malih “nembe menika kula sumerep tiyang kundur ing ngayunaning Pangeran kanthi tuhu-tuhu tentrem, kapapag gandanging Telasih lan Samboja, napsu sekawan medal angrumiyini lajeng kasusul pesating sukma ingkang badhe marak ing ngarsaning Gusti”.

        “Inggih Wa” sepisan malih namung saged wangsulan cekak.

        “Pawana” Ki Pawit lajeng wicanten dhateng Ki Pawana “jumbuh karo dhawuh sing mbok tampa saka Ki Lurah Kepuh Agal, wengi iki mesthine awakmu wis wenang nganggo sebutan Ki Kepuh Agal Kapindho, nanging gandheng durung ana upacara kepyakan, luwih becik awakmu isih nganggo sebutan lawas ya iku Bebau Jangglengan minangka sesulih saka Ki Lurah. Aku minangka wong tuwa mung ngelingake, jejibahan ngrukti layone Ki Lurah kudu tumuli katindakne kanthi sabecik-becike jumbuh karo dhawuh piwelinge sawargi”.

        “Inggih Bapa” wangsulanipun Ki Pawana taksih kalihan kekembeng waspa “kula suwun Bapa kalihan Gus Dapa lenggah ing mriki rumiyin angreksa layon, kula kalihan kadang Bebau badhe medal dhateng pendhapa sakedhap saprelu andum damel”.

        Kula lan Ki Pawit nunten nyaket malih dhateng layonipun Bapa, mapan linggih lajeng nyenyuwun dhateng Gusti mugi sedanipun Bapa menika kepanggih seda patitis, ingkang tumunten saged mangayun ing ngarsaning Gusti. Ki Pawana lajeng medal saking Sanggar dipun tutaken Bebau tiga sanesipun. Boten dangu lajeng kapireng kenthongan kalurahan katabuh kanthi irama dala muluk, lajeng kasambet kenthong kaping sanga ambal kaping tiga lan katutup mawi uluk-uluk dara muluk.

        “Kepiye Baune ?” nembe kemawon Ki Pawana mlebet dhateng Sanggar sampun kadangu dening Ki Pawit.

        “Inggih Bapa” Ki Pawana atur wangsulan “Netepi dhawuhipun sawargi murih sampun ngantos gantalan wekdal, dalu menika ugi layonipun Ki Lurah tumunten badhe kapetak ing papan ingkang sampun kapiji, inggih menika ing sangandhapipun dhampar ingkang kagem sare Ki Lurah menika. Samangke kula nembe nengga Ki Kaum lan para sekabatipun ingkang kapiji nyiram jamasi saja anuceni layonipun  Ki Lurah tuwin anyembayangaken, dene ingkang badhe yasa luwangan kangge angubur layon, kula lan Bebau Grojoganngubal, Bebau Sambirobyong miwah Bebau Sidadadi ingkang badhe tumandang”.

        “Lha mengko yen ana kawula Kepuh Agal kang uga kepengin atur bekti kang pungkasan marang Ki Lurah kepiye?” Ki Pawit pitaken malih,

        “Ngiras pantes ngrantos dadosing papan pasareyanipun Ki Lurah, mangke layon badhe kapapanaken ing pendhapa, Gus Pradapa, Bapa lan Ki Kaum ingkang kajibah mangarsani tugur lan anampi menawi wonten kawula ingkang dugi badhe ngaturaken bekti ingkang pungkasan dhateng Ki Lurah. Salajengipun, mangke sasampunipun layon kasarekaken, ngantos pitung dinten pitung dalu kula badhe panggah wonten mriki anengga pasareyan lan nampi manawi wonten kawula Kepuh Agal ingkang badhe nyekar lan anjiarahi Ki Lurah” Ki Pawana lajeng ngaturaken lampahing upacara pametaking layon.

        Gandheng Ki Pawit boten wicanten malih, kula ingkang lajeng wicanten dhateng Ki Pawana :

        “Aku banget nedha nrima marang ndika Kakang Kepuh Agal Kapindho awit sakehing rerigen kang ndika cakne kanggo upacara pametaking layone Bapa iki, sabanjure aku njaluk palilah ndika supaya dikeparengake ndherek tugur sasuwene ndika ngreksa pasareyane Bapa sing pitung dina pitung bengi kuwi”.

        “Inggih Gus, menawi Gus Dapa ngersakaken makaten, kula kinten mila langkung utami”.

Sawatawis menika ing jawi sampun kapireng suwanten rame, suwantenipun warga Kepuh Agal ingkang badhe nglayat sedanipun Bapa.

 

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...