Total Tayangan Halaman

Sabtu, 07 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (133)

 

133.

        Ngantos radi dangu anggen kula kendel boten guneman, sawatawis Ki Pawana ugi namung linggih kalihan tumungkul. Kula kinten Ki Pawana rumaos ewuh oya ing pambudi, badhe boten nuruti prentahipun Kyai Daka, piyambakipun boten saged nampik “sedya sae” saking Kyai Daka menika, nanging badhe meksa murih kula ngulungaken Kyai Pantek dhateng piyambakipun, cetha menawi Ki Pawana boten badhe wantun. Wekasan sagedipun kantun, linggih kalihan tumungkul ngaten menika. Saupami boten kengetan kalihan weling saking Bapa murih kula ngukuhi Kyai Pantek sampun ngantos dhumawah ing tanganipun tiyang ingkang boten kenging dipun pitados, Kyai Pantek tamtu sampun kula ulungaken. Nanging kajawi sampun nampi paweling saking Bapa ugi nampi dhawuh saking Nyai Pandhanwangi, mangka Kyai Pantek badhe kula kekahi sakiyat-kiyat kula. Sampun mlembar ing angen-angen, sareng kalihan anggen kula badhe bidhal dhateng Kutha Gedhe Mataram, kula badhe mampir dhateng Sendhang Ngiyom badhe nglarung Dhuwung ingkang sampun wongsal-wangsul kaincer dening Kyai Daka menika. Meh kemawon kula badhe wicanten dora dhateng Ki Pawana manawi kula boten mangertos ing pundi papanipun Kyai Pantek, nanging kula enget dhawuh saking Bapa lan Nyai Pandhanwangi, bilih wicanten dora menika sakalangkung ageng dosanipun saha ageng walatipun, pramila kula lajeng wicanten :

        “Kakang Pawana, kapeksa aku njaluk pangapura ndika yen aku ora bisa ngulungake Keris Kyai Pantek marang ndika. Jalaran aku ora nduweni kuwasa ngulungake Keris kuwi marang sapa wae, dhawuh sing tak tampa saka Bapa magepokan karo Keris Kyai Pantek mung siji, ya iku aku kadhawuhan ngundurake marang sing kagungan. Aku ya ngerti nek sing dikandhakne Kyai Daka marang ndika lamun Kyai Pantek kuwi bisa dienggo sarat kepyakan wisudan ndika lan uga bisa kanggo nyingkirake godhong sing jarene nutupi papane Paman Tanggon sakancane, kuwi kabeh mung lelamisan, tegese Kyai Daka mung kepengin bisa nguwasani Keris Kyai Pantek wae. Saupama Keris iki klakon tak ulungne marang ndika banjur ndika pasrahne marang Kyai Daka, mangka Kyai Daka mesthi banjur malik ilat, kanthi Kyai Pantek ing tangane dheweke bakal ngrebut panguwasa ing Kepuh Agal kene. Mula borong anggon ndika bakal kandha marang Kyai Daka, sing baku antarane kepyakan wisudan ndika dadi Lurah mengko ora ana sambung rapete apa-apa karo Kyai Pantek”.

        “Inggih Gus” wangsulanipun Ki Pawana “kula pitados sedaya ingkang dados dhawuhipun Gus Pradapa. Mangke badhe kula criyosaken dhateng Kyai Daka menawi kula boten saged ngeluk penggalih jengandika murih maringaken Kyai Pantek dhateng kula. Lan menawi kaparengaken kula badhe atur pamrayogi dhateng Gus Dapa”.

        “Kakang Pawana arep aweh rerigen marang aku apa?” kula pitaken.

        “Murih jengandika saged ngekahi Kyai Pantek, kula kinten langkung prayogi menawi Gus Pradapa tumunten jengkar nilar Kepuh Agal, nindakaken jejibahan winados kanthi sesidheman. Sampun manggalih ingkang wonten ing Kepuh Agal, prakawis Dalem Kalurahan lan sedayanipun kaparengna dados ayahan kula sawetahipun” wangsulanipun Ki Pawana ngaturaken rerigenipun “dugi kula mriki wau sampun mbeta kapal samangke kula cancang ing plataran, ingkang kinten-kinten langkung kiyat tinimbang kapal ingkang wonten sanesipun, sawanci-wanci Gus Dapa jengkar nilaraken Dalem kalurahan kapal menika sageda dados titihanipun Gus Pradapa”.

        “Matur nuwun banget Kakang, awit rerigen lan pamrayoga sing ndika wenehake marang aku lan aku uga banget nedha nrima awit jaran sing ndika cawisake dadi tungganganku kanggo ngayahi jejibahan winadi iki” kalihan ngampet raos trenyuh, kula suka wangsulan “sesuk esuk wanci saput lemah aku budhal, ora liwat andum slamet lan donga dinonga, mung welingku marang Kakang Pawana, muga-muga Kakang Pawana ora gampang pasrah marang kanyatan temah ngenthengake kabeh dhawuh saka Sawargi Bapa sabab wawang ngadhepi panggodha”.

        “Inggih Gus, pangestunipun Gus Dapa ingkang tansah kula suwun, mugi kula saged lebda ing karya” wangsulanipun Ki Pawana, ingkang lajeng pamitan badhe wangsul.

Nalika samanten wancinipun sampun nyaketi serap. Kula inggih lajeng tata-tata. Kapal ingkang wau dipun tunggangi Ki Pawana lajeng kula lebetaken ing gedhogan, benjing enjing badhe kula tunggangi bidhal dhateng Sendhang Ngiyom lajeng bablas dhateng Mataram. Kapal anggenipun mbetakaken Ki Pawana menika mila kalebet kapal ingkang sae, ageng tur ketingal keker. Jangkep saplananipun pisan. Menawi kakerta aji, kapal ingkang ulesipun Jragem menika kinten-kinten inggih tikel kaping kalih kalihan kapal ingkang badhe kula tilar benjing.

Enjingipun, sasampunipun nindakaken sembahyang subuh lan wancinipun saput siti, tanpa pamitan sinten kemawon, kula bidhal nilar Kepuh Agal. Kapal ingkang kula tunggangi mlampah kanthi gliyak-gliyak, awit mila kula sengaja boten kula plajengaken saderengipun medal saking Padhusunan Kepuh Agal murih suwantenipun tracak kapal boten kapireng dening warga dhusun. Kapal kula gelak tumuju Lepen Gebyog, awit kula dereng nate sumerep papanipun Sendhang Ngiyom, namung Bapa nate paring dhawuh bilih Sendhang Ngiyom menika ingkang dados tukipun Lepen Gebyog. Inggih kanthi nurut nginggahi lepen Gebyog menika mangke kula saged dumugi Sendhang Ngiyom. Inggih jalaran nglangkungi pinggiring lepen, kerep kemawon kula kedah mandhap saking gigiring si Jragem lan gentos nuntun kapal ingkang wau kula tunggangi, menawi sampun manggih margi ingkang radi sae, nembe kula wangsul minggah malih ing gigiring si Jragem.

Dumadakan lamat-lamat kula mireng suwanten panah sendaren ambal kaping tiga. Kula kinten panah kala wau inggih panahipun Kadang Tani ingkang ngajrih-ajrihi panunggalaning kethek ingkang ganggu damel dhateng tanemanipun ing baon sawetanipun lepen gebyog menika, kula inggih boten nggagas babar pisan. Menapa malih margi ingkang kula langkungi ngepasi radi rumpil, dados inggih kedah ngatos-atos lan boten kober nggagas ingkang boten-boten.

“Badhe tindak pundi ta Gus?” dumadakan tanpa kula sumerepi sangkanipun ing ngajeng kula sampun wonten tiyang ingkang ngaruh-aruhi kula. Kula ndengengek ningali tiyang ingkang pitaken dhateng kula kala wau, ketingal tiyang jaler ingkang umur-umuranipun sanginggil kula watawis kaot gangsalan tahun. Pawakipun ketingal methekel keker. Ing tanganipun ketingal mbeta tangsul lan nyengkelit Kudhi ing bangkekanipun.

“Oh, iya Kakang” kula wangsulan kalihan mesem, mila wancinipun sampun bibar pletheking surya dados sedaya sampun ketingal cetha “iki lho, aku kok kepengin ngerti kali iki pok-pokane ngono ngendi?”.

“Oalah…. Nggih Gus” tiyang kala wau wicanten malih kalihan mesem “menawi badhe dhateng bongkoting kalen menika, sekeca mlampah boten nitih kapal, inggih menawi nurut lepen menika watawis mangke wanci lingsir surya sampun dumugi mrika. Tiyang pok-pokaning lepen menika namung wujud sendhang ingkang wonten kucuripun. Menawi Gus Dapa ngersakaken nitih kapal, langkung sekeca liwat margi wetan niku, wonten galengan ageng ingkang sekeca menawi kangge liwat kapal, mangke inggih ngliwati sendhang ingkang criyosipun gawat menika”.

“Lha ndika kok weruh kuwi, omah ndika ngendi ta Kang?” kula gentos taken.

“Griya kula Sidamulya Gus” wangsulanipun tiyang kala wau “kula menika rewang ing griyanipun Lurah Danara, padamelan kula pados kajeng obong, mila kula inggih radi apal wana-wana sakupenging Kepuh Agal mriki menika”.

“O jebul wong Sidamulya ta ndika kuwi? Kok lagi weruh iki aku” kula wicanten kalihan mesem. Lan ing salebeting manah kraos boten sekeca, awit anggen kula bidhal nilaraken Kepuh Agal wonten ingkang nyumerepi.

“Inggih Gus, murugaken kula niki rak tenaga wingking, dados arang ingkang nepangi, nami kula Parwa” tiyang wau wangsulan lan nepangaken dhiri, lajeng wicanten malih nedahaken margi ingkang sekeca menawi kaliwatan mawi nunggang kapal, kalihan nudingaken tanganipun “sekeca medal mrika nika lho Gus, mengke ndika saged nitih kapal ngantos dumugi panggenan sumberipun kalen menika, boten ngantos wanci tengange ndika mesthi sampun dumugi mrika. Niku menawi boten nuju wonten barisan kethek ingkang badhe alihan panggenan, menawi kepanggih barisan kethek nyabrang margi, langkung sae ngentosi telasipun mawon Gus. Nuwun sewu kula badhe mlampah mandhap, tiyang kajeng-kajeng babatan kula teng ler mriku”.

“Iya, iya Kakang, aku nedha nrima banget wis dituduhne dalan” wangsulan kula kalihan nuntun Si Jragem dhateng margi ingkang dipun tedahaken dening Parwa kala wau.

Pranyata menapa ingkang dipun criyosaken Parwa kala wau leres, boten ngantos selangkung jangkah saking pinggiring lepen ingkang wau kula liwati jebul wonten galengan utawi selip ingkang radi wiyar watawis setunggal dhepa. Kanan keringing selip inggih wujud wana lan gegrumbulan ingkang rungkud. Kula lajeng minggah dhateng gigiripun si Jragem malih. Kula mireng malih suwanten Panah Sendaren saking katebihan. Nanging kula inggih boten nggagas menapa-menapa. Si Jragem lajeng kula gelak, Jragem wiwit mlajeng nanging inggih boten banter, lampahipun ngedrap kemawon.

Kalihan mlampah kula tansah nyenyuwun dhateng Gusti mugi-mugi sapengker kula ing Kepuh Agal boten wonten kedadosan menapa-menapa. Inggih mugi-mugi Gusti tansah angayomi dhateng Ki Pawana lan para Bebau sarta Sapukawating Dhusun ingkang setya tuhu dhateng dhawuh-dhawuh tilaranipun Bapa. Nanging dumadakan manah kula kraos boten sekeca, saking wingking kepireng suwantenipun tracak kapal ingkang kathah, kadosipun inggih ngliwati margi ingkang kula liwati menika. Kula boten saged nginten-nginten sinten lan pinten tiyang ingkang nggelak kapalipun kanthi banter sajak kesesa menika. Mila kula lajeng minggir, Si Jragem kula tarik kendhalinipun murih ngalonaken plajengipun. Ingkang kula kajengaken, kula nyukani margi dhateng tiyang-tiyang ingkang mbandhangaken kapalipun ing wingking kula menika, menawi tiyang-tiyang kala wau sampun tebih nilaraken kula, kula saged kanthi mardika nglajengaken lampah malih.

Nanging, jebul tiyang-tiyang kala wau sasampunipun nglajengi anggen kula minggir malah lajeng mandheg ing tengahing margi. Lajeng kapalipun dipun inger madhep dhateng panggenan kula. Kula etang sedaya wonten sedasa tiyang, sedaya sami sikep dedamel. Boten wonten setunggal kemawon ingkang kula tepangi.

“Nyuwun pangapunten Raden Pradapa” salah satunggal saking tiyang sedasa wau manthuk kurmat dhateng kula kalihan wicanten “sampun nglajengaken tindak rumiyin, kula badhe matur dhateng jengandika Raden Pradapa”.

 

Ana candhake


Jumat, 06 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (132)


 

132.

        Jebul petangan kula leres, Ki Danara sampun sapeken boten nyukani kabar Ki Pawana menapa ingkang dados pitedahipun Kyai Daka ngengingi icalipun Tanggon sarencangipun. Malah ketingalipun Lurah Danara semu pekewuh menawi panggih kalihan Ki Pawana, ketitik saben-saben kepanggih boten dangu lajeng ngalih, kanthi pawadan maneka warna. Dados inggih boten saged jagongan kados saderengipun Lurah Danara nyagahi badhe nyuwun pitedah dhateng pundi purugipun Tanggon dhateng Kyai Daka ingkang ceriyosipun samodraning ngelmi agal lan alus menika. Ki Pawana inggih boten ngewah-ewahi adat ugi boten ngrembag babagan menika kalihan kula, ketingalipun Ki Pawana ugi sampun mangertos bilih Kyai Daka boten saged metang utawi njarak dhateng pundi kesahipun lare sekawan, Tanggon sarencange niku.  Malah Ki Pawana lajeng ngajak rembagan, menawi kawontenan ing Kepuh Agal keringalipun sampun boten nguwatosi malih. Awit wontenipun Durjana aneh ingkang nate mlebet Dhusun inggih namung kaping sepisan, ing griyanipun Biyang Tanggon lan Griyanipun Pahing menika kemawon.

        “Kangge jagi wanci dalu, lare-lare sinoman sampun kula kengken ngirangi, Gus” criyosipun Ki Pawana nalika mampir ing Dalem Kalurahan “dados siyangipun sampun sami saged makarya ing pategilan utawi ing sabin kanthi sekeca, boten ngantuk lan boten kekeselen”.

        “Iya Kakang” wangsulan kula “wangune sawise padha ngerti yen sing diarah cilakane padha lunga, banjur padha leren olehe nggoleki neng Kepuh Agal. Nanging aku percaya wong-wong sing ngarah cilakane Paman Tanggon sakancane mesthine ya isih dikongkon golek kabar menyang ngendi parane wong papat kuwi. Mula awake dhewe ora kena ninggal kaprayitnan”.

        “Inggih Gus, kula tansah ngrantos pitedah saking Gus Pradapa” wangsulanipun Ki Pawana.

        “Aja banjur tansah njagakne aku Kakang” kula lajeng wicanten “wiwit Bapa paring dhawuh marang aku supaya nindakne jejibahan winadi kae, saiki wis meh sesasi. Kamangka aku mung diwatesi patang puluh dina kudu wis budhal. Mula Kakang Pawana tak jaluk, tumuli ngajak rembugan karo Siwa Pawit, Para Sesepuh, Para Bebau lan Sapukawat kapan prayogane, kepyakan anggone Kakang Pawana ganti sebutan dadi Ki Kepuh Agal Kapindho. Sokur yen olehe nganakne kepyakan kuwi mengko aku isih ana Kepuh Agal, dene saupama aku wis budhal ya ora apa-apa”.

        “Menawi makaten benjing kemawon para kadang Bebau lan saperanganing sesepuh saha sapukawat, tuwin Bapa Pawit kula ajake dhateng Kalurahan ngrembag lan ngrancang anggenipun badhe nindakaken kepyakan menika kalihan Gus Pradapa. Kados pundi menawi makaten Gus ?” Ki Pawana lajeng nedhi tetimbangan kula.

        “Becike, perkara kuwi aja ajak-ajak aku Kakang” kula wangsulan “awit nek mung ngrembug utawa ngrancang lakune adicara kepyakan kuwi kena diarani ora ana sing mbutuhne pamikir sing abot. Dadi Kakang Pawana lan Para Bebau mesthi wis bisa nindakne kanthi becik, dene menawa ana sing butuh ditakokne malah sing luwih pener olehe takon ya marang Siwa Pawit sing wis akeh sing diweruhi. Kajaba saka iku, aku iya arep tata-tata budhal, dadi ya becike aku lan ndika andum gawe wae, donga-dinonga muga-muga kabeh bisa lumaku kanthi becik”.

        “Nanging kula kuwatos menawi mangke Danara lan kanca-kancanipun, inggih ingkang wonten ing barisan sesepuh lan Sapukawat, sami ngreregoni lampahing adicara kepyakan mangke Gus?”.

        “Kakang Pawana, apa kang bakal ndika tindakake kuwi kabeh ana landhesane” kula suka pitutur dhateng Ki Pawana “ya kuwi dhawuh saka Sawargi Bapa kang uga disekseni dening Siwa Pawit, lan Bebau-bebau Kepuh Agal kabeh, kajaba Ki Danara. Anane Ki Danara ora melu ngrungokne dhawuhe Bapa jalaran Ki Danara nuju lelungan ninggalne tlatah Kepuh Agal, kamangka nalika samana anggone lunga Ki Danara tanpa aweh weruh marang ndika sadurunge,  minangka sesulihing Bapa. Kamangka ndika ya pirsa, apa kang kadhawuhake dening Bapa kuwi kabeh mawa lelandhesan paugeraning Desa Kepuh Agal. Dadi saupama ana sing ngregon-ngregoni anggon ndika madeg dadi Lurah Kepuh Agal, kuwi padha wae arep wani nantang Paugeraning Desa”.

        “Inggih Gus, menawi makaten, pangestunipun Gus Dapa ingkang tansah kula suwun” Ki Pawana lajeng pamitan badhe wangsul lan badhe manggihi Wa Pawit lan sedaya ingkang badhe dipun ajak rembagan prakawis ngrancang lampahing adicara kepyakan.

        Kula nicil rumaos lega, jalaran Ki Pawana sampun badhe netepi dhawuh saking Bapa. Ing pangangkah saderengipun adicara kepyakan, kula badhe bidhal dhateng Kutha Gedhe Mataram, ngaturaken iket ingkang minangka tandha bilih kula saged sowan ngadhep Gusti Patih Mandaraka lumantar Gusti Raden Mas Tumenggung Tesengkusuma. Mangke kalihan bidhal, kula badhe mampir ing griyanipun Ki Pawana, pamitan saha masrahaken Dalem Kalurahan saisinipun miwah rewang-erwangipun pisan dhateng Ki Pawana, awit mila Dalem Kalurahan menika papanipun Lurah ingkang mangreh lan mranata Dhusun Kepuh Agal menika.

        Nanging saderengipun pangangkah kula menika saged kaleksanan, let kalih dinten sasampunipun kula rerembagan kalihan Ki Pawana, Ki Pawana sampun manggihi kula malih.

        “Awit pangestunipun Gus Pradapa, rembagan ngrancang lumampahipun adicara kepyakan sampun kaleksanan kanthi boten manggih rubeda menapa-menapa Gus” Ki Pawana nyukani kabar dhateng kula “kalebet Ki Danara lan Kyai Daka ingkang ugi dugi ing Jangglengan kadherekaken, Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor, sedaya sami saged nampi dhawuh saking Sawargi Ki Lurah bab jejibahan ingkang badhe kula sandhang salajengipun”.

        “Sokur ta yen pancen mangkono Ki Kepuh Agal Kapindho” wangsulan kula kalihan mesem remen “aku ora nyana yen ndika ya ngrawuhne Kyai Daka barang ing rembugan ngrancang adicara kepyakan kuwi”.

        “Estunipun kula boten ngaturi Kyai Daka Gus” Ki Pawana lajeng wicanten malih “nanging Kyai Daka dugi piyambak, malah ngajak sedherekipun cacah tiga, ingkang miturut kojahipun Kesit kala samanten nggadhahi kadigdayan ingkang ngedab-edabi menika. Mila anggenipun dugi Kyai Daka menika namung badhe suka kabar dhateng kula prakawis ingkang dipun tangkletaken dhateng piyambakipun dening Ki Danara nalika samanten, inggih menika bab icalipun Tanggon lan rencang-rencangipun”.

        “Lha sawuse dietung lan dijarak dening Kyai Daka, banjur miturut Kyai Daka Paman Tanggon sakancane saiki ana ngendi?” kula pitaken malih.

        “Kyai Daka cariyos bilih wekdal menika, lare sekawan kasebat taksih ketutupan ron salembar ingkang dereng saged kasingkiraken dening Kyai Daka. Jalaran ron salembar kasebat ron saking tetuwuhan tanemanipun lelembat ingkang mbaureksa Dhusun Kepuh Agal menika. Lan murih saged anyingkiraken ron salembar kala wau, Kyai Daka mbetahaken Dhuwung Pusaka ingkang dados sipat kandelipun Dhusun Kepuh Agal menika, inggih menika Dhuwung Kyai Pantek, ingkang nate dados agemanipun Sawargi Ki Lurah” Ki Pawana suka wangsulan.

        “Lha Ki Lurah banjur percaya karo apa sing dikandhakne Kyai Daka ngono kuwi mau?” kalih gumujeng alon kula pitaken malih dhateng Ki Pawana.

        Ki Pawana boten tumunten wangsulan, praupanipun nedahaken raos boten sakeca dhateng kula, nanging inggih boten dangu nunten mangsuli :

        “Menawi kula boten pitados Gus, awit kula langkung pitados dhateng Gus Pradapa ingkang sampun nampi dhawuh saking Nyai Pandhanwangi. Nanging para sesepuh lan para sapukawating Dhusun ketingalipun kathah ingkang sami pitados dhateng wicantenipun Kyai Daka makaten kala wau”.

        “Lha banjur wangsulan ndika marang Kyai Daka kepriye Kakang ?” kula pitaken malih.

        “Ing babagan menika kula boten wangsulan menapa-menapa Gus” wangsulanipun Ki Pawana “nanging sareng ngrembag ingkang wonten sambetipun kalihan adicara kepayakan, kapeksa kula nyagahi badhe matur dhateng Gus Dapa”.

        “Mengko dhisik, aku kok durung pati mudheng karo sing ndika kandhakne sing keri dhewe iki mau ta Kakang?” kula pitaken “cethane kepriye?”.

        “Kyai Daka suka rerigen dhateng kula, murih lana anggen kula ngemban dhawuhipun Sawargi Ki Lurah lan katetepaken minangka Ki Kepuh Agal Kapindho, salebeting adicara kepyakan menika kula kedah kaungkulan  Sipat Kandel Dhusun Kepuh Agal inggih Kyai Pantek kados ingkang sampun kula aturaken kala wau lan ingkang mandi Kyai Pantek ing adicara menika kedah sesepuh ingkang pana kalihan wewatakanipun Kyai Pantek. Estunipun Bapa inggih sampun wicanten dhateng Kyai Daka menawi Kyai Pantek menika dede Sipat Kandel Dhusun Kepuh Agal, nanging Dhuwung kagungan Dalem Kanjeng Sinuwun Sultan Pajang ingkang lumantar Nyai Pandhanwangi kaampilaken dhateng Sawargi Ki Lurah, lan gandheng Ki Lurah sampun seda Bapa nginten menawi sampun kapulung wangsul dening Nyai Pandhanwangi. Nanging Kyai Daka boten saged nampi pamanggihipun Bapa makaten kala wau, awit adhedhasar wangsit ingkang dipun tampi saha miturut panyawanging netra batinipun Kyai Daka, Dhuwung Kyai Pantek menika taksih manggen ing Dalem Kalurahan mriki saha dipun reksa dening Gus Pradapa. Lajeng Kyai Daka kengkenan kula murih matur dhateng Gus Pradapa nyuwun ngampil Dhuwung Pusaka Kyai Pantek menika badhe kaaturaken dhateng Kyai Daka ingkang badhe kaginakaken ing adicara kepyakan kula saha kangge nyingkiraken ron salembar ingkang nutupi lare sekawan ingkang ical kala wau. Kula boten saged wangsulan kajawi anyagahi ingkang dados kengkenanipun Kyai Daka kala wau. Samangke borong Gus Pradapa kados pundi anggenipun paring dhawuh dhateng kula, ingkang mangkenipun badhe kula cariyosaken dhateng Kyai Daka”.

        Mireng cariyosipun Ki Pawana ingkang makaten kala wau, kula lajeng kengetan kalihan dhawuhipun Kanjeng Eyang Nyai Pandhanwangi nalika paring pitedah dhateng kula bilih kadigdayan lan kasantikanipun tiyang-tiyang ingkang manunggal kalihan Kyai Daka menika boten badhe pasah menawi kacakaken ing sakilening Lepen Gebyog, lajeng kula kengkenan dhateng Ki Pawana murih mrentahaken dhateng Tanggon sarencangipun singidan dhateng wana ingkang wonten sakilening Lepen Gebyog. Inggih nalika samanten Nyai Pandhanwangi ugi paring dhawuh bilih pacoben awrat ingkang badhe kula tampi sampun meh wancinipun dumugi. Lan kula panggah taksih kengetan dhawuh ingkang rumiyin, bilih menawi kula saged lulus saking pacoben menika, badhe nggampilaken anggen kula suwita dhateng Kutha Gedhe Mataram, nanging menawi boten lulus, kula badhe manggih pejah nistha, kasiya-siya.

 

 

Ana candhake

Kamis, 05 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (131)

131.

        Sampun sapeken langkung, wiwit wontenipun kedadosan griyanipun Tanggon lan Pahing kadhatengan durjana ingkang aneh wewujudanipun menika. Lan wiwit kedadosan menika, sinoman ingkang dados sapukawating Dhusun, ngencengi anggenipun rondha. Wiwit sonten ngantos enjing, gredhu-gredhu parondhan, regol-regol margi prapatan lan protigan sarta regol pekaranganipun para Bebau tansah boten sepen kalihan tiyang-tiyang ingkang sami siaga ing dedamel. Awit boten namung para sinoman kemawon ingkang saba dhateng Gredhu lan regol lan gilir gumanti sami ngubengi padhusunan, nanging para warga padhukuhan ugi kathah ingkang sami tumut sabiyantu ngreksa katentremaning Dhusun. Kyai Daka ugi marentahaken sedaya siswa lan calon siswa ingkang ndherek gladhen ing sanggaripun, mliginipun para siswa lan calon siswa ingkang griyanipun saking Kepuh Agal, supados tumut ngempal kalihan para sinoman ingkang saben dalu rondha menika. Para Bebau wiwit suruping surya ngantos meh mletheking srengenge ing wanci enjing, ugi sami nganglang ing padhukuhanipun piyambak-piyambak. Kajawi Bebau Sidamulya ingkang kajawi nganglang ing padhukuhan ingkang dados tanggel jawabipun ugi asring anggenipun nganglang ngalangkungi dhukuh-dhukuh sanesipun. Tata gelar Lurah Danara ngetingalaken anggenipun nguwatosaken katentremaning Kepuh Agal.

        Sawatawis menika, Tanggon, Pahing, Pangkas saha Tolu, sampun boten ketingal. Awit sampun kesah ngungsi dhateng wana sakilenipun Lepen Gebyog, kados ingkang kula prentahaken. Lan saestu, Ki Pawana menapa dene Ki Pahang, tuwin Ki Pawit lan Ki Panulad ingkang mangertos dhateng pundi purugipun Tanggon lan kanca-kancanipun, sami kukuh anggenipun nyingidaken wewados menika. Dados inggih boten wonten ingkang mangertos menawi Tanggon sakancanipun sami umpetan. Namung kemawon, dangu-dangu ugi wonten ingkang cluluk, nangkletaken Tanggon lan tiyang tiga sanesipun, dugi boten ketingal babar pisan.

        “Tak jaluk yen ana sing nakokne Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas kok ora katon, aja banter-banter” makaten wangsulanipun Ki Pawana nalika wonten ingkang nakenaken bab anggenipun Tanggon boten ketingal, nalika samanten Ki Pawana nuju wonten ing Gredhu Parondhan ingkang caket kalihan Dalem Kalurahan, ingkang wonten mriku kajawi para sinoman ugi wonten Bebau Sidodadi Ki Sudib, Bebau Sidamulya Ki Lurah Danara  lan kula ugi nuju wonten mriku “awit bares wae, aku iki uga lagi bingung nggoleki. Lan Biyang Tanggon lan wong tuwane Pangkas, saben dina mara nang omahku, saprelu nakokne anake kuwi padha menyang ngendi. Ki Bebau ing Grojoganngubal uga bingung dhewe, merga adhine si Pahing kae ya ilang, sawuse ana kedadeyan omahe dileboni maling sing aneh kae. Nek si Tolu pancen ora ana sing nakokne, nanging Bapa sing rumangsa dingengeri Tolu, tenane ya lagi bingung merga ilange bocah sing pinter ngundhuh klapa kuwi”.

        “Lha kinten-kinten lare sekawan niku icalipun dhateng pundi Ki Jangglengan?” Lurah Danara lajeng pitaken “kok sajak nyalawadi? Ical tanpa lari. Mesthinipun Ki Pawit priyantun sepuh ingkang tuwajuh ngudi ngelmi kebatosan, saged ngetang lan njarak dhateng pundi purugipun lare sekawan kala wau. Menapa ndika dereng nyuwun pirsa bab menika dhateng Ki Pawit, Ki Jangglengan?”.

        “Kula mila boten nangkletaken bab menika dhateng Bapa, Ki Danara” wangsulanipun Ki Pawana sareh “jalaran kula ngertos menawi Bapa menika dede Dhukun prewangan, ngelmi kebatosan ingkang dipun gilut lan kawarahaken dhateng ingkang pitaken, mligi lampah kangge gesang ing saged migunani dhumateng sesamining titah saha lampah kangge nggayuh sangu menawi benjing wangsul ing jaman kalanggengan. Malah mbok menawi nDika, ingkang dados Lurahing para siswanipun Rama Kyai Daka, mbok bilih saged metang mawi jarak, dhateng pundi purugipun lare sekawan menika?”.

        Dipun wangsulaken pitakenipun dhateng piyambakipun malih, Ki Danara ketingal radi mbrabak. Nanging inggih namung sakedhap, malah lajeng kalihan mesem Lurah Danara nunten wangsulan :

        “Kula niki sami kalihan ndika Ki Jangglengan. Sanaosa kula niki kapitados nglurahi sedaya siswanipun Bapa Guru Kyai Daka ingkang sampun kasumerepan dening sedaya tiyang bilih Bapa Guru menika segaraning ngelmi agal lan alus, nanging ingkang kula guleti namung ing babagan ulah kanuragan lan aji jaya kawijayan. Menawi ing ulah kebatosan lan petang saha njarak, kula mila dereng kepengin anyinaoni. Dados inggih kula boten mangertos”.

        “Nuwun sewu Ki Bebau Lurah Danara” dumadakan Ki Surata, Carik Dhusun Kepuh Agal ingkang ugi wonten mriku wicanten dhateng Lurah Danara  “menawi makaten Rama Kyai Daka mesthinipun pirsa utawi saged metang lan anjaraki dhateng pundi purugipun lare sekawan ingkang ical menika?. Menapa Ki Lurah Danara boten ngersakaken nyuwun pitedah dhateng Rama Kyai Daka?”.

        “Nyuwun pangapunten Ki Carik” panggah kalihan mesem Ki Danara suka wangsulan “kula mila dereng nyuwun pitedah babagan menika dhateng Bapa Guru Kyai Daka, jalaran kula boten kepengin lan boten wantun nglangkahi Ki Bebau Jangglengan. Awit Ki Jangglengan ingkang kapitados dening Sawargi Ki Lurah Kepuh Agal angesuhi para Bebau ing mriki. Kamangka kula minangka Bebau andhahanipun Ki Jengglengan, dereng nate kadhawuhan nyuwun pitedah dhateng Bapa Guru Kyai Daka ing babagan icalipun warga Kepuh Agal cacah sekawan menika. Menawi kula kesesa nyuwun pitedah dhateng Bapa Guru, kamangka dereng kaparentah dening Ki Jangglengan, kula kuwatos menawi kadakwa sampun degsura kumawantun nglangkahi Ki Jangglengan, ingkang ugi kagungan papan pitakenan, nuwun inggih tiyang sepuhipun piyambak, Ki Pawit ingkang ugi pana ing babagan ngelmi kebatosan”.

        Kula tingali Ki Pawana njengkerutaken bathuk, ketingalipun Ki Pawana ngertos menawi Ki Danara anggenipun suka wangsulan dhateng Ki Carik kala wau katumpangan raos pamer, maneraken kawaskithanipun Kyai Daka lan semu ngremehaken dhateng Ki Pawit. Ki Pawana lajeng njejegaken anggenipun linggih, tumunten wicanten :

        “Sakniki ngaten kemawon Paman Surata lan Ki Danara, menawi nyata Kyai Daka saged ametang saha anjaraki temah saged nguningani ing pundi purugipun Tanggon, Pangkas, Pahing saha Tolu, benjing enjing kula badhe sowan ing ngarsanipun Rama Kyai Daka, nyuwun tulung lan nyuwun pitedah murih prakawis menika tumunten saged padhang”.

        “Sampun Ki Jangglengan……” dumadakan Ki Danara wicanten amenggak dhateng Ki Pawana.

        “Sampun kados pundi Ki Danara?” Ki Pawana lajeng pitaken.

        “Kajeng kula makaten” Ki Danara lajeng wicanten sareh “kula kemawon ingkang badhe manggihi Bapa Guru Kyai Daka, kula badhe matur menawi kula kadhawuhan dening Ki Jangglengan, kapurih nyuwunaken pitedah prakawis menika. Mangke menawi sampun wonten kabar saking Bapa Guru Kyai Daka, badhe kula aturaken dhateng ndika”.

        “Manawi makaten, lajeng benjang menapa ndika marak ing ngarsanipun Kyai Daka, Ki Danara?” Ki Pawana pitaken.

        “Menawi kula, sawanci-wanci saged kemawon marak ing ngarsanipun Bapa Guru Kyai Daka, Ki Jangglengan” wangsulanipun Ki Danara “malah menawi Ki Jangglengan ngersakaken kula marak dalu menika, sak niki kula saged sowan dhateng Bapa Guru, namung kula boten mangertos menapa pitedah saking Bapa Guru menika mangke saged kula tampi dalu menika menapa benjing, sepisan malih kula boten mangertos”.

        “Inggih Ki Danara” Ki Bebau Jangglengan lajeng wicanten malih “kados pundi murih saenipun, benjang menapa anggen ndika badhe marak ing ngarsanipun Rama Kyai Daka, kula kinten ndika langkung mangertos”.

        “Kula kinten langkung cepet langkung prayogi Ki Jangglengan” Ki Danara suka wangsulan “dalu niki ugi, kaparenga kula nyuwun pamit, boten saged nglajengaken ndherek rondha, kula badhe marak ing ngarsanipun Bapa Guru Kyai Daka”.

        Boten ngentosi wangsulan, Ki Danara lajeng ngadeg. Nyaketi kapalipun ingkang dipun cancang ing sacaketing gredhu, lajeng dipun tunggangi bablas tumuju Sidamulya. Mila saben nganglang Ki Danara menika benten kalihan Bebau sanesipun ingkang milih mlampah ndharat, menawi Ki Danara mesthi kalihan nunggangi kapalipun.

        “Sedulur kabeh” sareng suwantening tracak kapalipun Ki Danara sampun boten kapireng, Ki Pawana lajeng wicanten dhateng tiyang-tiyang ingkang wonten gredhu “iki aku karo Gus Pradapa arep nutugne laku, niti priksa panggonan liyane, nDika kabeh kareben disepuhi dening Paman Carik Surata lan Ki Sidadadi , panggah ana kene. Sawayah-wayah ana sing mbebayani lan ndika mbutuhake pitulungan, aja kesuwen tumuli aweh tengara kanthi nuthuk kenthongan, kanthi mengkono aku karo Gus Pradapa tumuli bisa bali mrene maneh”.

        “Mangga Gus, kula dherekaken” Ki Pawana lajeng ngadeg lan ngajak kula bidhal.

        “Ayo Kakang” kula wangsulan kalihan mangkat ngadeg.

        Jebul sareng sampun radi tebih saking gredhu parondhan, Ki Pawana ngajak kula wangsul dhateng Dalem Kalurahan. Dugi mriku boten mampir dhateng Regol Parondhan, nanging Ki Pawana ngajak bablas mlebet dhateng papan ingkang padatan kula damel jagongan kalihan piyambakipun.

        “Nyuwun pangapunten lho Gus” wicantenipun Ki Pawana kalihan mapan linggih “kula wau kebacut mitados Ki Danara murih ngadhep gurunipun nakenaken prakawis icalipun Tanggon”.

        “Kuwi wis bener lan trep Kakang” wangsulan kula.

        “Kados pundi menawi mangke Kyai Daka saestu mengertos dhateng pundi purugipun Tanggon sakancanipun menika Gus?” Ki Pawana pitaken malih “kok manah kula lajeng kraos sumelang lan kuwatos?”.

        “nDika kuwi kok kaya bocah cilik ta Kakang?” kula gumujeng alit “aku duwe pangira yen Kyai Daka ora bakal ngerti menyang ngendi parane Paman Tanggon, Paman Pahing, Paman Tolu lan Kakang Pangkas. nDika kudu ngerti, metune Lurah Danara saben bengi sing jarene nganglang, kuwi ora merga arep melu njaga katentremane Desa, nanging tenane uga lagi nggoleki burone sing diarah cilakne kae. Dadi sing bingung nggoleki Paman Tanggon sakancane kuwi rak dudu awake dhewe ta? Nanging Lurah Danara karo kanca-kancane. Bisa nampa sing tak karepake Kakang?”.

        “Inggih Gus, sampun ngertos kula” Ki Pawana wangsulan ugi kalihan gumujeng alon.

        “Kaping pindhone Kakang” kula wicanten malih “saupama Kyai Daka bisa ngerti ing ngendi anggone umpetan Paman Tanggon, aku lan ndika aja kuwatir, percaya wae yen dhawuhe Eyang Pandhanwangi iku luwih bisa diugemi tinimbang kandhane Kyai Daka sing digawa Ki Danara”.

        “Inggih Gus”

 

 

Ana candhake

  

 

 

Rabu, 04 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (130)


 

130.

        Sarampungipun sesuci, kula kober kendel sakedhap, wonten gegambaran ingkang mampir ing angen-angen, menggah kekiyatanipun Kyai Daka lan Lurah Danara ingkang kasiyagakaken kangge ngrebat Dhusun Kepuh Agal saking panguwaos ingkang sah. Kamangka kula ugi ngertos menawi Dhusun Kepuh Agal menika mila boten gadhah kekiyatan kangge perang, boten gadhah prajurit ingkang kenging dipun andelaken menawi ngadhepi mengsah. Mila wonten sinoman-sinoman ingkang dados sapukawating dhusun ingkang kajibah ngreksa katentremaning Dhusun, nanging meh sepalih para sinoman sapukawating dhusun menika anggenipun sinau ulah kanuragan inggih dhateng Kyai Daka, dados menawi kamengsahaken kalihan para andhahanipun Lurah Danara saged dipun pesthekaken menawi boten badhe wantun. Wekasan patog puteging manah lajeng nuntun kula manjing Sanggar Pasembahyangan ingkang caket kalihan pasareyanipun Bapa.

        Salebeting ndedonga lan nyenyuwun dhateng Gusti, linandhesan raos pasrah kula nyuwun mugi katedahna margi ingkang sae kangge murih slametipun Dhusun Kepuh Agal lan para kawulanipun. Sok makatena, wonten suwanten ing salebeting manah ingkang maiben lekas kula ingkang makaten menika. Suwanten ingkang ngujuk-ujuki murih masrahaken tata reh parentahing Dhusun  Kepuh Agal dhateng Kyai Daka kanthi prajanjen kula panggah saged gesang sekeca. Dene Ki Pawit, Ki Pawana lan sanes-sanesipun menika boten sah dipun gagas, prakawis pagesanganipun kawula dipuna umbar kemawon. Nanging, suwanten ingkang makaten menika nunten wonten ingkang nindhihi, menawi kula  nggega pangujuk-ujuk kala wau, dereng kantenan kula saged gesang sekeca nanging sampun mesthi bilih badhe manggih kanisthan, gesang kula badhe tanpa gina lan tanpa aji babar pisan, Bapa lan Biyung ing alam tentrem mesthi badhe muwun keranta-ranta, awit kula sampun mrucut saking embanan, luput saking kudangan. Lan malih tumrap tiyang ingkang angestu dhateng Gusti, kedah tansah emut bilih sedaya ingkang badhe dumados menika boten badhe dumados kajawi menawi sampun kakersakaken dening Gusti, tumrap titah ingkang angestu, mbudidaya lan ndedonga menika kuwajiban lan boten badhe wonten inanipun. Pasrah menika namung dhateng Gusti, pasrah dhateng mengsah menika sami kemawon ndhedher wiji kacintrakan ingkang boten badhe wonten telasipun.

        Wasana sansaya mantheng anggen kula masrahaken lelampahan menika dhumateng Gusti. Lan ing salebeting layap-liyep ing aluyut, lamat-lamat katingal wewayanganipun Eyang Nyai Pandhanwangi, anyaketi papan kula, kalihan ngendika :

        “Wis bener apa sing mbok tindakne kuwi Wayah, awit kabeh mobah mosiking jagad iki kabeh winengku ing pangwasaNe. Dene tekaku mrene iki mung arep aweh weruh marang sliramu, yen pacoban sing tak kandhakne marang sliramu nalika samana, iki wis meh teka. Lan sliramu wis krungu dhewe yen Kyai Daka nduweni kekuwatan sing nggegirisi. Mula sliramu aja nganti lali, yen Kyai Pantek ora bisa mbok kukuhi, kundurna wae marang sing kagungan kanthi cara nglarung pusaka kuwi menyang telenging Sendhang Ngiyom”.

        “Inggih Eyang, dhawuhipun Eyang badhe kula estokaken lan nyuwun pangestu mugi-mugi kula kiyat ngadhepi pacoben ingkang badhe kula sandhang mangke” wangsulan kula lajeng nyuwun pitedah, menapa ingkang kedah kula lampahi murih Paman Tanggon sakancanipun saged lepas saking bebaya ingkang badhe katindakaken dening andhahanipun Lurah Danara.

        “Aja cilik atimu Pradapa” wangsulanipun Nyai Pandhanwangi ingkang lajeng paring pitedah “sanadyan akeh balane, sekti lan digdaya srayane, nanging Kyai Daka lan andhahane ora bakal bisa nyabrangi Kali Gebyog. Jagad ing sakulone Kali Gebyog ora bisa nampa marang watak angkarane Kyai Daka, Danara lan wong-wong sing padha dadi andhahane. Mula murih padha slamet, kanggo sauntara wektu kandhanana wong-wong ing Kepuh Agal sing rumangsa diincim dening Danara sabalane supaya ngungsi lan umpetan ing sakulone Kali Gebyog”.

        Anyarengi rampunging dhawuh pitedahipun Nyai Pandhanwangi, kepireng suwantenipun jago kluruk ingkang sesautan saking salebeting kandhangipun. Dinten sampun ngancik wanci gagat rahina. Kula tumuli mungkasi anggen kula nindakaken lampah sembahyang. Lan nalika langit sisih wetan wiwit ketingal abrit, kula lajeng sesuci malih badhe nglampahi kuwajiban sembahyang wanci enjing.

        Nanging sepinten kageting manah kula, nembe kemawon kula rampung nindakaken sembahyang subuh, dereng ngantos medal saking sanggar pasembahyangan, sampun dipun susul Ki Pawana lan Bebau Grojoganngubal. Kekalihipun ketingal nembe bingung.

        “Iki kok padha mruput nggoleki aku, ana apa Kakang Pawana?” pitaken kula dhateng Ki Pawana.

        “Atur katiwasan Gus” wangsulanipun Ki Pawana “nembe kemawon griyanipun Tanggon lan Pahing kalebetan durjana aneh ingkang wujudipun nggegirisi, rahayunipun kala dalu menika Tanggon lan Pahing, ngepasi boten wonten griya”.

        “Ana durjana aneh lan nggegirisi mlebu omahe Paman Tanggon lan Paman Pahing ?” kula pitaken nyethakaken wangsulanipun Ki Pawana “aneh lan nggegirisi kepiye Kakang? Lan Paman Tanggon karo Paman Pahing kok ora ana omah kuwi menyang ngendi?”.

        “Miturut criyosipun simbokipun Tanggon ingkang setengah girap-girap dugi ing griya kula” Ki Pawana suka wangsulan “sasireping suwanten rijalollah, wonten suwantenipun tiyang estri ingkang alok kula nuwun lan ndhodhog griyanipun. Biyange Tanggon lajeng mbikak kori badhe manggihi tiyang ingkang alok kula nuwun kala wau. Nanging sepinten kagetipun Biyang Tanggon sareng sumerep tiyang ingkang kala wau suwantenipun kados tiyang estri, jebul wewujudanipun ageng inggil kados raseksa, praupanipun dipun tutup topeng, cacahipun tiga, sedaya sami mbeta pedhang ingkang sampun dipun liga. Sumerep kori dipun bikak lan Biyang Tanggon medal, Tiyang tiga ingkang apangawak raseksa lan ngangge topeng kala wau lajeng nggereng kados suwantenipun macan. Biyange Tanggon sakala ngoplok lajeng njerit awit ajrih, lajeng semaput boten emut menapa-menapa. Ngertos-ngertos sampun dipun tulungi dening Ki Kliwik sedherekipun jaler ingkang griyanipun wingkingipun griyanipun Biyang Tanggon. Ki Kliwik mila mireng suwanten panjeritipun Biyang Tanggon, lajeng murugi lan sareng dumugi griyanipun Biyang Tanggon jebul sedulure wedok niku sampun ngglethak semaput ing ngajeng kori. Dening Ki Kliwik, Biyang Tanggon lajeng dipun teraken dhateng griya kula awit tansah girap-girap kamigilan kados tiyang kesurupan”.

        “Benten malih kalih sing teng griyane tiyang sepuh kula Gus” dereng ngantos kula mangsuli wicantenipun Ki Pawana, Ki Pahang sampun nrambul gunem “griyanipun tiyang sepuh kula nika, sak niki sing ngenggeni rak namung Pahing piyambak?  Lha kala wau saderengipun jago kluruk, kula mireng wonten suwanten Segawon jegog rame sanget, kula tiling-tilingaken jebul saking griyanipun tiyang sepuh kula. Boten dangu lajeng kepireng suwanten gumlodhag kados suwantenipun tiyang ngepruki bala pecah. Kula lajeng medal kanthi sikep gegaman, badhe murugi griyanipun tiyang sepuh kula. Nembe kemawon kula dumugi regol ngajeng, kanthi kabiyantu soroting rembulan tanggal setengah kula sumerep tiyang tiga ageng-ageng medal saking griya lajeng mlajar, sareng dumugi wit Ingas dhoyong ing pojok pekarangan tiyang tiga niku ical musna. Sareng kula tiliki salebeting griya sampun boten kanten-kantenan, kendhi, genthong sami pecah sedaya. Kula lajeng kelingan kalihan criyosipun Kesit kala dalu, mila kula lajeng dhateng panggenanipun Ki Jangglengan lan dening Ki Pawana kula dipun ajak mriki menika”.

        “Mengko dhisik ta” kula lajeng wangsulan “Paman Tanggon lan Paman Pahing saiki ana ngendi?”.

        “Tanggon kalihan Pahing, wiwit kala sonten ing griyanipun Bapa, Gus” wangsulanipun Ki Pawana “awit lare kalih niku katambah Tolu lan Pangkas, sami gladhen sinau ulah kanuragan dhateng adhi kula pun Panulad. Dados inggih boten wonten griyanipun piyambak. Lha saderengipun kula bidhal mriki wau, kula sampun kengkenan lare kula murih dhateng griyanipun Bapa ngabari adhi kula Panulad murih lare sekawan wau kacandheta ing mriku rumiyin lan sampun pisah-pisah, kanthi makaten kula kinten saged radi aman”.

        “Sokur ta yen Paman Tanggon lan Paman Pahing sing ditekani durjana aneh kuwi ing omahe kuwi ora ketemu karo sing nggoleki” kula lajeng wicanten, salebeting manah kula sampun nginten manawi bebau kalih menika badhe pados rerigen dhateng kula “sabanjure, saiki aku arep waleh marang Kakang Pawana apa dene marang Ki Grojoganngubal……”.

        “Waleh prakawis menapa Gus?” Ki Grojoganngubal pitaken.

        “Waleh yen lagi wae aku nampa sasmita gaib, magepokan karo kaslametane Paman Tanggon lan kanca-kancane” wangsulan kula. Bebau kalih menika ketingal lajeng mewahi anggenipun migatosaken dhateng kula.

        “Sasmita gaib iki tak tampa nalika aku nindakne laku panembah nyenyuwun marang Allah” kula nglajengaken anggen kula wicanten, “murih Paman Tanggon lan telu liyane kuwi padha kaparingan slamet, luput saka paekane wong sing ngarah cilakane. Lan nalika ngarepake jago kluruk mau, ing sanggar panembah aku karawuhan Eyang Pandhanwangi utawa Nyai Pandhanwangi……..”.

        “Inggih kula nate mireng asma menika, saking Bapa, Gus” Ki Pawana nrambul rembag kula “menawi boten klintu menika Putri saking alam gaib ingkang paring pitedah dhateng Bapa lan kanca-kancanipun nalika griya lan pekaranganipun telas katrajang laharing Redi Lawu, kangge nglajengaken gesangipun  Bapa lan kanca-kancanipun kadhawuhan ndherek Ki Sarkara mbabat wana lan yasa Dhusun Kepuh Agal menika lan criyosipun Bapa, Nyai Pandhanwangi menika ibunipun Ki Sarkara, inggih sawargi Ki Lurah Kepuh Agal”.

        “Bener Kakang” wangsulan kula salajengipun “dening Kanjeng Eyang Nyai Pandhanwangi, aku kadhawuhan supaya ngongkon Paman Tanggon sakancane, kanggo sawatara wektu murih umpetan ing alas sakulone Kali Gebyog. Mula aja kesuwen, warahen marang Paman Tanggon sakancane lan aja nganti ana sing ngerti, supaya Paman Tanggon nindakne dhawuh saka Kanjeng Eyang Nyai Pandhanwangi ngono kuwi mau”.

        “Matur nuwun Gus” Ki Pawana mesem remen lajeng wicanten “menawi makaten sak niki ugi kula badhe daya-daya manggihi Tanggon lan rencang-rencangipun supados bidhal nindakaken dhawuh saking jengandika Gus Pradapa menika”.

        “Iya Kakang, sing ngati-ati lan aja ngawistarani murih ora ana sing weruh wewadi iki”.

        Bebau Jangglengan lan Bebau Grojoganngubal lajeng nilaraken Sanggar Panembah, medal badhe dhateng griyanipun Wa Pawit.

 

 

Ana candhake.

Selasa, 03 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (129)


 


129.

        Ki Pawit lan Bebau kalih ketingal menawi radi kaget mireng aturipun Kesit ingkang nyebataken bilih wartos ingkang badhe dipun aturaken mangke langkung wigatos tinimbang wartos saderengipun ingkang ngancam gesangipun Tanggon sakanca. Tiyang tiga menika lajeng boten kedhep anggenipun ningali praupanipun Kesit lan Pikat. Kadosipun selak kepengin mirengaken cariyos ingkang wigatos kala wau. Kula piyambak inggih makaten, jalaran miturut pamanggih kula boten wonten bebaya ingkang agengipun nglangkungi bebaya ingkang ngancam gesangipun tiyang, lan manut wartos ingkang sampun kaaturaken Kesit lan Pikat wau, ingkang kaancam gesangipun boten namung tiyang setunggal, nanging tiyang sekawan. Lajeng warta menapa malih ingkang badhe dipun aturaken Kesit lan Pikat ingkang bebayanipun nglangkungi bebaya saderengipun menika?.

        “Ing ngajeng kula rak sampun matur ta Gus?” Kesit miwiti criyos malih “bilih estunipun ingkang dipun ajrihi dening Lurah Danara lan Kyai Daka menika namung jengandika Gus Pradapa, ingkang sawanci-wanci saged ngrawuhaken keng Raka Raden Gunendra miwah keng Rama Raden Sentani”.

        “Aku ora duwe Kakang sing jenenge Raden Gunendra lan Raden Sentani kuwi dudu apa-apaku Paman” kula nyela rembag, nigas cariyosupun Kesit.

        Ki Pawit, Ki Pawana lan Ki Pahang gentos ningali kula kalihan praupan ingkang kebak tandha pitakenan. Ketingalipun tiyang-tiyang menika taksih pitados dhateng cariyos ngayawara ingkang dipun tampi Ki Pawana saking Ki Lurah Danara kala samanten.

        “Kula boten mangertos babagan menika Gus” wangsulanipun Kesit “ingkang kula aturaken namung ingkang kula sumerepi lan kula mireng saking Sanggaripun Kyai Daka sakupengipun”.

        “Iya, iya Paman, saiki tutugna crita ndika kuwi!”.

        “Inggih Gus” Kesit wangsulan lan nglajengaken anggenipun cariyos “Lha duginipun Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor menika mbekta kabar saking Pasanggrahan Patalan, ingkang nyariyosaken bilih wekdal menika Raden Sentani lan Raden Gunendra nembe kesah dhateng Kutha Gedhe Mataram, nindakaken dhawuh saking Paduka Ingkang Sinembah ing Patalan lumantar Senapati Agung ingkang nami Kyai Nagaraga utawi Begawan Nagaraga, nyidra sipat kandelipun Panembahan Senapati ingkang nami Dhuwung Kyai Jakapiturun……..”.

        “Naah…. Menika cocog kalihan cariyos ingkang kula tampi saking Danara Gus” Ki Pawana dumadakan nigas cariyosipun Kesit kalihan tembung ingkang makaten menika sarwi ngulati dhateng kula “lan miturut Danara, tiyang kekalih Raden Sentani menapa dene Raden Gunendra menika kesahipun dhateng Mataram bebasan namung setor nyawa. Awit badhe aben-ajeng kalihan ingkang ngreksa Kyai Jakapiturun, inggih menika Jim Dandang Tembaga, Dhanyang Redi Merapi, ingkang kasektenipun bebasan saged anjara langit…..”.

        “Menika cariyos saking Ki Jenggi dhateng Lurah Danara Ki Bau” Pikat tumut wicanten mangsuli tembungipun Ki Pawana dhateng kula “nanging menawi miturut cariyosipun Ki Dodor benten malih, petanganipun Ki Dodor sadumuginipun Raden Sentani lan Raden Gunendra ing Mataram mangke, badhe wonten perang ageng ingkang saged nuwuhaken banjir marus asarah bathang, jalaran Raden Sentani lan Raden Gunendra boten piyambakan, nanging dipun iring wadya bala bangsanipun bajo barat lan lelembat saking Kedhung Gasrong ingkang dipun tindhihi ratuning sawer lelembat ingkang nami Kyai Nagaburik inggih marasepuhipun Raden Sentani piyambak”.

        “Mila ingkang dipun dhawuhaken Ki Jangglengan menapa dene ingkang dipun aturaken Pikat menika leres Gus” dereng ngantos kula tumut wicanten Kesit sampun wicanten malih “nanging menggah kula kirang baken, awit wonten ingkang langkung baken lan wigatos malih”.

        “Iya Paman Kesit” wangsulan kula “sing dikandhakne Kakang Pawana lan Paman Pikat bisa dirembug mengko, saiki tumuli tutugna nggon ndika crita”.

        “Inggih” wangsulanipun Kesit, sedaya lajeng sami ningali Kesit malih ingkang lajeng nutugaken anggenipun criyos “ingkang langkung baken, inggih awit kesahipun Raden Gunendra lan Raden Sentani menika miturut Kyai Daka kekiyatanipun Gus Dapa sampun telas, sampun boten wonten ingkang dipun andelaken. Pramila sampun wancinipun Kyai Daka lan Lurah Danara nguwaosi Dhusun Kepuh Agal ingkang dipun wastani tilaranipun sawargi Ki Lurah Kepuh Agal menika. Lha kuncinipun murih saged nguwaosi Kepuh Agal kanthi sekeca, Kyai Daka mbetahaken saged nguwaosi Dhuwung Kyai Pantek ingkang criyosipun menika Sipat Kandel utawi wahyuning Dhusun Kepuh Agal menika. Menawi sampun kasembadan Kepuh Agal ing regemanipun Kyai Daka lan Lurah Danara, mangka mbaka sakedhik Bebau-bebau lan Sapukawating Dhusun Kepuh Agal badhe dipun santuni kalihan tiyang-tiyang ingkang samangke sampun manunggal kalihan Kyai Daka. Nanging ingkang kantun piyambak menika miturut Kyai Daka ingkang dipun kabaraken dhateng Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor mawi cara ingkang boten ngawistarani lan mbetahaken wekdal saboten-botenipun setunggal ngantos kalih tahun”.

        Kesit kendel anggenipun wicanten, ketingalipun anggenipun criyos sampun rampung. Ki Pawit, Ki Pawana, Ki Pahang lan kula dereng wonten ingkang guneman. Ketingalipun sedaya sami katrem dhateng angen-angenipun piyambak-piyambak, angen-angen ingkang nanggor pitakenan ingkang angel dipun wangsuli. Kula piyambak taksih nyobi nggandheng-nggandhengaken criyos saking Kesit lan Pikat menika kalihan cariyos sanesipun kados cariyos saking Ki Pawana ingkang kala wau ngabaraken cariyos saking Ki Lurah Danara. Lan saking nggandheng-nggandhengaken cariyos menika lajeng kula angge nyobi ngreka wangsulan menapa ingkang badhe dipun tindakaken Kyai Daka lan Lurah Danara salajengipun.

        “Nuwun sewu Gus” dumadakan Ki Pawit wicanten alon “menapa leres menawi Dhuwung Kyai Pantek menika estu-estu Wahyu utawi Pulunging Dhusun Kepuh Agal kados panganggepipun Kyai Daka ingkang dipun cariyosaken dening Kesit kala wau? Awit sadanginipun kula lelados dhateng Ki Lurah, Ki Lurah boten nate paring dhawuh ingkang makaten menika, sanaosa kula inggih ngertos menawi Sawargi Ki Lurah menika prasasat boten pisah kalihan Dhuwung Pusaka Kyai Pantek menika kala wau”.

        “Nyuwun pangapunten Wa Pawit” kanthi ngatos-atos kula suka wangsulan “sapangertosan kula, Dhuwung Kyai Pantek menika mila sipat kandel ingkang dipun agem Bapa. Lan Bapa nate paring dhawuh dhateng kula bilih sadangunipun nindakaken jejibahan minangka Lurah ing Kepuh Agal menika, Bapa boten saged kapisahaken kalihan Kyai Pantek. Nanging mugi kauningan bilih estunipun Kyai Pantek menika dede kagunganipun Bapa, sawanci-wanci badhe dipun pundhut wangsul dening ingkang kagungan utawi sawanci-wanci kedah kawangsulaken dhateng ingkang kagungan. Lan sesambetan kalihan Dhuwung Kyai Pantek menika, kalebet salah satunggaling dhawuh ingkang kedah kula lampahi mangke menawi kula nindakaken jejibahan winados ingkang kadhawuhaken Bapa saderengipun seda menika”.        “Inggih Gus” wangsulanipun Ki Pawit salajengipun “menawi makaten prayogi bab Kyai Pantek menika boten dipun rembag, awit cetha menawi menika salah satunggal saking wewados ingkang namung Gus Dapa ingkang mangertosi. Salajengipun, menapa ingkang kedah awakipun piyambak lampahi magepokan kalihan sedaya warta ingkang dipun aturaken Kesit menapa dene Pikat kala wau Gus?”

        “Inggih Gus” saderengipun kula wicanten, Ki Pawana ugi numpangi rembagipun Ki Pawit “rumaos kodheng sirah kula mireng atur saking Kesit lan Pikat kados makaten menika. Nyata menawi Kyai Daka lan Danara menika tiyang ingkang sakalangkung julig. Anggenipun nindakaken kaculikan kados lampahing mawa ingkang ngobong oyoting asem aking ingkang taksih kapendhem siti, latunipun terus mrambat nanging boten badhe wonten ingkang nyumerepi awit kapendhem siti, ngertos-ngertos sampun ngobong menapa-menapa”.

        “Iya Kakang Pawana, bab sing dening Kesit dikandhakne luwih mbebayani tinimbang kaslametane Paman Tanggon sakancane mau pancen bener” kula wicanten suka wangsulan dhateng Ki Pawana “lire yen nganti Kepuh Agal sing biyen olehe yasa Wa Pawit lan sedulur-sedulur liyane iki nganti dikuwasani Kyai Daka lan Lurah Danara, mangka bener-bener nguwatirake banget. Nanging kaya sing dikandhakne Paman Kesit sing keri dhewe mau, Kyai Daka lan Lurah Danara anggone ngecakne carane nganggo cara sing alus, mbaka sethithik kaya lakune geni sing mrambat ing oyot asem sing wis garing lan kapendhem ing jero lemah kaya sing ndika sanepakne mau. Saiki awake dhewe kudu bisa nemokne cara kanggo ngadhepi lakune Kyai Daka lan Lurah Danara kang mangkono iku, muga-muga sadurunge aku kudu budhal nindakne kuwajiban winadi saka Bapa awake dhewe wis nemu carane kuwi. Malah sing tak anggep luwih wigati maneh, piye carane nylametake Paman Tanggon sakancane, merga bisa wae wiwit saiki murid-muride Kyai Daka sing diprentah Lurah Danara, kanthi sesidheman wis budhal nindakne jejibahane kanggo gawe cilakane Paman Tanggon sakancane, sauntara kuwi Lurah Danara api-api ora njawani”.

        “Lha inggih ta Gus?” Ki Pawana lajeng wangsulan “kula estu judheg mikir kawontenan ingkang makaten menika, tanpa pambiyantunipun Gus Dapa mokal kula saged ngadhepi prakawis ingkang kados makaten menika”.

        “Ngene wae” wekasan kula wicanten “nek awake dhewe neng kene mung piya-piye ngene iki, mangka tangeh bisane nemu akal kanggo ngadhepi prakara sing kaya pedhut nutupi Kepuh Agal iki. Saiki becike, awake dhewe bali ing papane dhewe-dhewe banjur mikir lan ndedonga marang Gusti nyuwun pituduh apa kang kudu ditindakne. Mengko sapa sing dhisik dhewe nemu cara bisa ngabari liyane lan tak kira Bebau ing Sidadadi lan Sambirobyong uga prelu diwenehi ngerti perkara iki”.

        Kula lajeng noleh dhateng Ki Pawit, kalihan pitaken :

        “Kados pundi menawi makaten Wa Pawit?”  

        “Inggih Gus, kula sarujuk kalihan dhawuhipun Gus Pradapa menika” wangsulanipun Ki Pawit ingkang lajeng wicanten dhateng Ki Pawana “rak ya ngono ta Baune Jangglengan?”.

        “Inggih Bapa, inggih Gus, kula ndherek” wangsulanipun Ki Pawana.

        Pepanggihan ing panirat wingking menika lajeng bibar, sedaya wangsul dhateng griyanipun piyambak-piyambak. Namung Kesit kalihan Pikat ingkang badhe wangsul dhateng griya ingkang dipun panggeni para andhahanipun Kyai Daka, saprelu nglajengaken anggenipun pados wartos kangge Ki Pawana.

        Kula lajeng bablas dhateng padasan, badhe sesuci. Awit kula kemutan dhawuhipun Sawargi Bapa ingkang paring piwucal : “ora ana barang kang abot lamun olehe ngangkat binarengan kalawan pitulunganing Gusti”

 

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...