136.
Ki Pawit ora tumuli wangsulan awit isih
mamah uwi godhog, lagi bareng wis disurung banyu kendhi uwi kuwi mlebu tekan
jero weteng. Lan sawise leren sedhela banjur kandha mangsuli pitakone Pradapa.
“Gandheng kula ngrumaosi ugi pikantuk
dhawuh saking Sawargi Ki Lurah, kula lajeng tumut wicanten. Bilih badhea kados
menapa kawontenanipun, kepyakan wisudan Lurah menika kedah dipun tindakaken.
Jalaran menika dhawuhipun Sawargi Ki Lurah dhateng kula saha Bebau sa Kepuh
Agal kajawi Ki Danara. Menawi ngantos Kepyakan Wisudan menika boten dipun
lampahi sami kalihan nyidrani kasagahanipun ingkang nampi dhawuh saking Sawargi
Ki Lurah lan menika tamtu badhe nuwuhaken walat ingkang ageng tumrap Dhusun
Kepuh Agal. Dene Gus Dapa ingkang wekdal menika boten wonten dereng kantenan
kados ingkang kadhawuhaken dening Kyai Daka, awit sareng kalihan anggenipun
Sawargi Ki Lurah dhawuh dhateng kula lan Para Bebau, ugi paring dhawuh dhateng
Gus Pradapa murih nindakaken jejibahan winadi saking Sawargi Ki Lurah, ambok
bilih kemawon icalipun Gus Pradapa ingkang miturut wangsit ingkang katampi Kyai
Daka kakersakaken manjing ing alamipun Lelembat ingkang ngreksa Dhusun Kepuh
Agal, mila jengkaripun Gus Pradapa menika mila badhe tumuju mrika. Lan menawi
sampun rampung tamtu tumunten kundur malih dhateng alam ingkang nyata”.
“Sareng Wa Pawit ngendika makaten Kyai
Daka lan Lurah Danara lajeng kados pundi Wa?” Pradapa nyelani takon.
“Inggih lajeng wonten adu pamanggih
antawisipun kula kalihan Kyai Daka radi sawatawis dangunipun, nanging pamanggih
saking Kyai Daka sedaya saged kula mentahaken, pramila inggih lajeng manut,
jalaran meh sedaya ingkang wonten Pendhapa Kalurahan ngleresaken pamanggih
kula. Nanging Kyai Daka wicanten menawi wonten menapa-menapa awit wontenipun
kepyakan menika piyambakipun boten badhe tumut tanggel jawab, makaten ugi
pamanggihipun Lurah Danara. Lan dening Pawana, dipun gagahi menawi ngantos
wonten walatipun awit kepyakan menika mangka Pawana ingkang sagah nanggung sedaya
walatipun”.
“Bagus!” ora sengaja Pradapa ketrucut
aweh pangalembana marang Pawana “Kakang Pawana nyata wong sing wicaksana”.
Ki Pawit mesem krungu tembunge Pradapa
ngono kuwi mau.
“Salajengipun, kepyakan kanthi prasaja
dipun tindakaken” Ki Pawit nutugne olehe guneman “ambeng lan buceng lajeng sami
dipun tedha dening sedaya ingkang wonten mriku, kajawi kula awit kula nembe
nindakaken lampah ngrowot saha nawa dados inggih boten nedha sekul lan
lelawuhanipun. Para Sapukawat lan para sesepuh ugi kathah ingkang boten nedha
ambeng lan buceng, awit sami nyirik sekul wuduk saha ulam ingkung lan panggang,
lajeng sami nedha sekul limrah ingkang dipun pendhet saking pawon kanthi lawuh ulam menda. Sasampunipun
sami rampung anggenipun nedha sekul wilujengan, tiyang-tiyang ugi boten lajeng
wangsul, nanging mrelokaken jejagongan rumiyin kalihan Lurah ingkang enggal
nuwun inggih Pawana ingkang sampun ngegem nami Ki Kepuh Agal Kapindho jumbuh
kalihan dhawuh saking Sawargi Ki Lurah Kepuh Agal Kapisan. Lha nalika sami
jejagongan menika, dumadakan sedaya Bebau lan Sesepuh sarta Sapukawat ingkang kala
wau ndherek nedha sekul wilujengan sami sambat mumet sirahipun, kasusul sami
ngedalaken kringet ingkang kados dineres saking raganipun, lajeng sami rebah
ing jogan, boten eling”.
“Klebet Kakang Lurah Kepuh Agal Kapindho
ugi makaten Wa?” Pradapa tekon maneh “lan menapa ingkang njalari makaten
menika?”.
“Inggih Gus, Lurahe lan sedaya Bebau
kajawi Ki Danara katut semaput ing jogan Pendhapa Kalurahan mrika, kula kinten
tiyang-tiyang kala wau sampun klebetan upas utawi darubesi ing tedhan
ubarampening wilujengan. Nanging kula badhe wicanten makaten inggih boten
siyos, awit kula boten nyepeng bukti sinten ingkang sampun nyukani upas dhateng
salebeting tetedhan piranti wilujengan menika kala wau, awit ingkang yasa
tetedhan menika sedaya inggih para semahipun Bebau ingkang anggenipun olah-olah
inggih dhateng pawon Kalurahan. Benten malih kalihan pamanggihipun Kyai Daka
ingkang lajeng nenutuh dhateng kula, sanaosa anggenipun nenutuh kala wau
sinarengan tumandang ngusadani para ingkang sami semaput” Ki Pawit wangsulan.
“Nenutuh kados pundi Wa? Lan sasampunipun
dipun usadani Kyai Daka menapa sedaya tumunten saged waluya ?” Pradapa takon
karo suwara groyok, katon yen ana rasa kuwatir sing disimpen neng jero atine.
“Inggih nenutuh awit kula boten nggega
dhateng pamanggihipun ingkang kepengin murungaken adicara kepyakan wisudan
menika” Ki Pawit aweh wangsulan “nanging kula inggih namung mendel kemawon,
boten suka wangsulan babar pisan, awit kula sumerep bilih piyambakipun lan Ki
Danara sami tumandang njampeni tiyang-tiyang ingkang nembe semaput kala wau.
Lan sasampunipun dipun usadani mawi japa mantra ingkang dipun suwukaken, Lurahe
Pawana lan sedaya ingkang sami semaput lajeng sami eling malih”.
“Sokur ta Wa menawi sadaya sampun sami
saras, badhea kados menapa awakipun piyambak kedah matur nuwun dhateng Kyai
Daka” Pradapa guneman sajak atine wis krasa lega.
“Waras pripun?” dumadakan Panulad sing
mangsuli rembuge Pradapa, suwarane nuduhne nek atine lagi cuwa “Kakang Pawana,
Para Bebau lan Sapukawat tuwin Sesepuh menika deres saras Gus, malah kepara
sansaya mindhak santer sakitipun, ingkang wicanten makaten menika inggih Kyai
Daka piyambak”.
“Lho kok bisa Kakang Panulad?” Pradapa mangsuli
kandhane Panulad dibacutne takon maneh “ngendikane Wa Pawit mau kabeh wis padha
eling saka anggone semaput?”.
“Mila leres Gus” Ki Pawit sing bali
guneman kanthi suwara sareh “sasampunipun sami boten semaput, sedaya lajeng
sami lumpuh boten gadhah daya lan boten saged ebah, sambatipun sami ngraosaken
bebalungipun kados dipun lolosi. Kyai Daka lajeng ngengken supados sedaya sami mapan
ing pendhapa mriku rumiyin awit menawi ngatos dipun elih saged mbebayani.
Piyambakipun kalihan Ki Danara lajeng wangsul dhateng griyanipun, criyosipun
badhe maneges dhateng Hyang Agung pados pitedah cara kangge ngusadani ingkang
sami sakit menika”.
“Salajengipun kados pundi Wa?” Pradapa
takon, awit Ki Pawit leren olehe guneman merga krasa ngelak, banjur nyandhak
kendhi nglangga banyune.
“Kula lajeng nyeluk anak kula Panulad
menika, kula kengken nenggani kakangipun. Kula piyambak lajeng manjing sanggar
palanggatan nyuwun pitedahing Gusti mawi cara lan kapitayan kula. Lan
salebeting nyenyuwun dhumateng Gusti menika kula pikantuk sasmita. Rumaos kula
kula karawuhan Nyai Pandhanwangi, Widodari ingkang rumiyin nate manggihi kula,
paring pitedah dhateng kula murih ndherek babat wana yasa Dhusun Kepuh Agal
ingkang dipun ayati dening putra angkatipun, inggih menika Sawargi ingkang Bapa,
Gus” Ki Pawit aweh wangsulan marang Pradapa. Pradapa manthuk-manthuk, sajroning
atine nggagas yen Nyai Pandhanwangi jebul ora negakne Desa Kepuh Agal, nanging
ya gene nalika dheweke meh mati kena gegaman sing dibalangake andhahane Danara
Nyai Pandhanwangi ora paring pitulungan?.
“Dening Nyai Pandhanwangi kula
kadhawuhan bilih jampinipun Lurahe Pawana lan sedaya ingkang sakit menika
samangke dipun asta dening sedherek tunggal guru kalihan Nyai Pandhanwangi,
sami-sami siswa saking Ki Tanparupa, ingkang wekdal menika nembe wonten ing
sabrang kilen Lepen Gebyog” Ki Pawit nutugne olehe guneman “Nyai Pandhanwangi
ugi paring dhawuh murih kula boten nggagas sedaya wicantenipun Kyai Daka utawi
Danara, jalaran rembagipun tiyang kalih menika sedaya boten wonten ingkang
leres. Menawi piyambakipun nyebat Dhuwung Kyai Pantek, kula kapurih nyagahi
manawi badhe madosi, inggih kanthi makaten kula saged nilar Kepuh Agal kangge
manggihi siswanipun Ki Tanparupa ingkang manggen ing sakilenipun Lepen Gebyog
menika”
Ki Pawit bali nyandhak kendhi nelesi
gorokane sing garing. Pradapa manthuk-manthuk ngenteni tutuge crita. Sauntara
Rangga karo Marga padha sawang-sawangan dhewe. Bocah loro kuwi uga banjur
kelingan marang critane Pradapa sing tau dicritani wong tuwane yen Nyai Pandhanwangi
sing satemene Putri Jim saka negara Setambul ing tanah Ngerum, lagi ngenteni
tekane priya sing dadi gegantilaning atine sing timbule bareng karo timbule
Sendhang Mustikaningwarih, Sendhang Suci saka sajabaning jagad sing arep diturunake
dening Gusti Allah ing alam kang nyata manggon ing sukuning Gunung Lawu sisih
lor. Mula Rangga lan Marga uga banjur kasengsem ngrungokne critane Ki Pawit
iku.
“Enjingipun, kula dhateng Pendhapa
Kalurahan malih” Ki Pawit nutugne olehe crita “boten dangu Kyai Daka lan Ki
Danara ugi dugi, boten piyambakan nanging ngirit meh sedaya andhahanipun
ingkang criyosipun murid saking jawi rangkah, kalebet sedherekipun tiga kados
ingkang dipun criyosaken dhateng Gus Dapa nalika samanten, inggih menika Ki
Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor. Dupi
ngertos Panulad wonten mriku, tiyang tiga niku lajeng mameraken kadigdayanipun
presis ingkang dipun criyosaken Kesit nika. Kalih pamer kadigdayan tiyang tiga
menika sami rembagan kalihan sami-sami sedherekipun, nyemoni Panulad.
Criyosipun menawi wonten Paguron enggal ingkang badhe madeg nandhingi
Paguronipun Kyai Daka badhe dipun owat-awut kalihan ngelmi kadigayan ingkang
dipun pameraken”.
“Lha Kakang Panulad banjur kepiye disemoni
mangkono kuwi?” Pradapa nyela takon.
“Kula inggih mendel kemawon ta Gus?”
wangsulane Panulad “kula mila ngrumaosi boten wonten menapa-menapanipun menawi
katandhing kalihan kadigdayanipun tiyang tiga niku wau. Nanging ing salebeting
manah kula inggih badhe wani saupami ngantos tiyang tiga niku ngremehaken kula”.
Pradapa mesem, Rangga karo Marga melu
mesem. Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas ora ana sing wani melu guneman.
“Salajengipun Kyai Daka wicanten dhateng
kula” Ki Pawit guneman maneh “criyosipun sampun nampi wisik saking Dewanipun.
Wosing wisik nyebataken kangge waluyanipun tiyang-tiyang ingkang nembe sakit
menika, Lurah Kepuh Agal kedah dipun gantos Ki Danara, samanten ugi sedaya
Bebau lan Sapukawat ingkang wonten kedah
dipun gantos murid-muridipun Kyai Daka, menawi wonten ingkang boten sarujuk
badhe dipun lebur dening Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor. Kangge nyarujuki wisik
ingkang dipun tampi Kyai Daka menika, Lurahe Pawana, Para Bebau lan Sapukawat dipun
sukani wekdal pitung dinten. Awit ing dinten kawolu, tiyang-tiyang ingkang
sakit menika sedaya badhe pejah, kajawi menawi sedaya sampun sarujuk kalihan
Kyai Daka lan panggah kemawon palenggahan Lurah, Bebau sarta Sapukawat badhe
dipun linggihi Danara sakancanipun”.
“Wa Pawit lajeng wangsulan kados pundi
dhateng Kyai Daka Wa?” Pradapa takon maneh.
Ana candhake