Total Tayangan Halaman

Kamis, 12 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (138.)

138.

        Wong-wong kuwi banjur padha ngadeg, mlaku menyang belik saprelu sesuci lan diterusne padha nindakne Panembah bebarengan. Lagi sawuse rampung nggone manembah marang Gusti Allah, Rangga banjur aweh sasmita marang Marga murih aweh wangsulan marang Ki Pawit lan Pradapa.

        “Kakang Pradapa” Marga wiwit guneman “ora bakal tak selaki, pancen antarane aku karo Kakang Rangga iki ana sambung rapete karo Ki Tanparupa. Lan anggonku wong loro iki klambrangan iki satemene lagi ngupadi Sendhang Mustikaning Warih. Sarta maneh, kapan olehku bocah loro bisa nemokne Sendhang kuwi, ora winatesan kudu suk kapan. Mung welinge sing paring dhawuh marang Kakang Rangga lan aku, sajroning lelaku nggoleki Sendhang Mustikaning Warih iki, aku bocah loro kadhawuhan, nindakne darmaning urip sarana tetulung marang sok sapaa sing mbutuhake pitulungan. Mula yen nyata Kakang Pradapa mbutuhake bau lan nalarku sakloron supaya melu mbudidaya murih padhange kahanan ing Kepuh Agal, Kakang Rangga lan aku babar pisan ora kabotan”.

        “Ngaturaken genging panuwun Adhi” Pradapa guneman karo praupan katon sansaya sumunar padhang “gandheng Adhi Rangga lan Adhi Marga sampun uninga menggah lelampahan ingkang wonten ing Kepuh Agal, inggih saking atur lan cariyos kula lan kawewahan kabar saking Wa Pawit kala wau, samangke borong dhateng Adhi Kekalih anggenipun badhe miwiti paring pitulungan dhateng Kepuh Agal, kula Wa Pawit, Kakang Panulad lan sedaya ingkang wonten mriki namung saged nengga menapa ingkang dados dhawuh saking Adhi kekalih, pindhaning jemparing sagandewanipun, lampah kula gumantung dhateng dhawuh saking ndika Adhi Rangga lan Adhi Marga, bebasan putung kabalangna lebur kasawurna kangge padhanging Kepuh Agal kula sakanca boten badhe wigih anglampahi”.

        Bubar guneman mangkono kuwi Pradapa banjur genti-genti ngulati Ki Pawit lan Panulad. Wong loro kuwi padha manthuk nandhakne yen sarujuk karo apa sing dikandhakne Pradapa marang Rangga lan Marga. Wong-wong kuwi banjur padha genti ngulatne Rangga lan Marga, ngarep-arep wangsulan utawa rerigen saka nom-noman loro kuwi.

        “Yen Pancen mangkono, saiki ngene wae” genti Rangga sing guneman sareh “kanggo sawatara wektu, Kakang Pradapa kudu mbalik dhisik menyang Kepuh Agal, bareng karo Ki Pawit lan Kisanak Panulad, kanggo netepi kasaguhane Ki Pawit marang Kyai Daka”.

        “Menapa kula kedah masrahaken Kyai Pantek dhateng Kyai Daka Adhi?” Pradapa nyelani takon karo njengkerutne bathuke.

        “Mengko dhisik ta” Rangga aweh wangsulan “aja kesusu nyelani rembug, merga tembungku iki durung rampung, mengko nek wis rampung ndika kena takon kanggo nampa utawa nampik rerigen sing tak kandhakne”.

        “Inggih nyuwun pangapunten Adhi” Pradapa katon nek rumangsa luput “mangga katutugna anggenipun Adhi Rangga paring dhawuh”.

        “Kajawi nganthi Kakang Pradapa manggihi Kyai Daka” Rangga nutugne guneme “Ki Pawit kaparenga ugi ngajak kula kalihan Adhi kula pun Marga”.

        “Inggih Anakmas, boten langkung ngestokaken dhawuh” wangsulane Ki Pawit.

        “Sabanjure Kakang Pradapa” Rangga genti guneman marang Pradapa “sawise tekan ngarepe Kyai Daka, ndika aja nganti nuduhake Keris Kyai Pantek marang Kyai Daka. Nanging ndika kandha wae yen Keris Kyai Pantek kuwi wis sauntara ndika titipne marang aku lan Marga. Yen Kyai Daka nedya cilike weruh gedhene kepengin nyilih utawa njaluk Keris Kyai Pantek, ndika kongkon supaya nembung dhewe marang aku, nanging luwih dhisik Kyai Daka kudu ngolehi Marga aweh tamba marang Ki Lurah lan Para Bebau sarta para Sapukawat sing saiki lagi padha lara kuwi. Mengko, aku karo Marga sing bakal ngadhepi sawutuhe marang apa sing arep dicakne Kyai Daka sakancane. nDika aja kuwatir, Kyai Pantek ora bakal uwal saka raga ndika”.

        “Inggih Adhi, sedaya dhawuhipun Adhi Rangga badhe kula lampahi” Pradapa wangsulan.

        “Marang Kang Tanggon sakancane aku njaluk tulung” Rangga genti kandha marang Tanggon .

        “Mangga kadhawuhna kemawon” Tanggon wangsulan canthas “kula sakanca badhe kanthi remening manah badhe nindakaken ingkang dados dhawuhipun Denmas, eh Adhi Rangga lan Adhi Marga”.

        “nDika kudu bali menyang Kepuh Agal maneh, bareng karo Kyai Pawit lan Kisanak Panulad” Rangga aweh prentah “nanging yen wis tekan Kepuh Agal, ndika sakanca aja padha melu menyang Kalurahan dhisik. nDika padha golekana Sinoman lan Sapukawat Kepuh Agal sing durung katut dadi andhahane Kyai Daka, nanging ora katut lara kaya Ki Lurah. Yen wis banjur padha ajaken menyang Kalurahan, mbok menawa mengko ana gaweyan sing kudu ditandangi”.

        “Inggih, Adhi sendika ngestokaken dhawuh” wangsulane Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas bebarengan.

        “Wis kakang Pradapa, olehku guneman wis rampung, saiki ndika tak lilani takon utawa nuduhake endi sing miturut ndika kudu diowahi?” Rangga banjur kandha marang Pradapa.

        “Sampun cekap Adhi, boten wonten ingkang kedah dipun ewah-ewah” wangsulane Pradapa.

        “Kados pundi Kyai ?” genti Rangga nakoni Ki Pawit.

        “Inggih Anakmas” Ki Pawit wangsulan “kula namung badhe nyuwun pirsa”.

        “Mangga Kyai, Kyai ngersakaken mundhut pirsa ingkang pundi?” Rangga wangsulan karo mesem.

        “Saenipun benjang menapa anggenipun miwiti padamelan menika Anakmas?” Ki Pawit ngandhakne sing dadi pitakone.

        Rangga mesem amba, wangsulane:

        “Kula kinten langkung enggal kawiwitan inggih langkung sae, Kyai. Kadospundi menawi benjing enjing anyarengi jumedhuling surya saking sisih wetan, awakipun piyambak kedah sampun dumugi ing Dalem Kalurahan Kepuh Agal?”.

        “Menika kula sakalangkung sarujuk Anakmas” Ki Pawit wangsulan banjur noleh marang Pradapa karo takon “rak nggih makaten ta Gus?”.

        “Inggih Wa, kula ndherek kemawon menapa ingkang dados kersanipun Adhi Rangga”.

        Tetemon awan kuwi tumuli dianggep rampung, kabeh banjur padha mapan leren ana guwane Tanggon sakancane. Bengine nalika Rangga lan Marga kaya padatan padha nindakne laku pasujudan, mahas ing sepi nenuwun marang Gusti murih anggone urip ing donya bisa migunani tumrap titah liyane, lan nyuwun murih Gusti kepareng nampa apa kang ditindakne minangka laku kanggo manembah marang Gusti, Ki Pawit, Pradapa lan Panulad padha nusul lan melu nindakne apa sing dilakoni Rangga lan Marga kuwi. mBarengi sirepe suwara rijalolah, Rangga aba supaya kabeh padha tata-tata budhal bali menyang Kepuh Agal nindakne apa sing wis dirancang awan mau.

        Nalika Bang-bang wetan wis katon sumamburat, lakune wong-wong saka guwane Tanggon, wis tekan sacakete Padhukuhan saka Desa Kepuh Agal. Wong-wong kuwi padha leren ing sapinggire Kali Gebyog, saprelu nindakne panembah wektu esuk marang Gusti Kang Maha Agung. Lan nalika srengenge esuk katon muntup-muntup jumedhul saka wetan, lakune wong-wong kuwi wis tekan Kalurahan Kepuh Agal. Kahanan Kalurahan katon sepi, wong rondha sing kajibah jaga regol kalurahan wis padha bali menyang omahe dhewe-dhewe. Rangga kongkonan Ki Pawit lan Panulad supaya padha bablas munggah menyang pendhapa, Rangga, Marga lan Pradapa leren ing mburine Regol murih ora gampang diweruhi wong, lan sawayah-wayah dibutuhne supaya diparani. Dene Tanggon sakancane, wiwit mlebu padhukuhan Kepuh Agal mau, kabeh wis padha mencar, nindakne prentahe Rangga supaya nggoleki para sinoman lan sapukawat sing durung dadi andhahane Kyai Daka.

        Tekane Ki Pawit lan Panulad  ing Pendhapa Kalurahan, ndadekne sing ana kono padha kaget, jebul sing padha lara padha ditunggoni lan diopeni dening kulawargane dhewe-dhewe, ya kuwi bojone utawa anake. Ki Pawana ditunggoni bojone sing saiki wis wenang nganggo sebutan mBok Mas Lurah. Wong wadon kuwi gita-gita olehe mapagne tekane maratuwa karo adhine ipe.

        “Lha Kyai Daka lan andhahane mau bengi apa bali menyang omahe ?” pitakone Ki Pawit marang mantune wadon.

        “Inggih Ramake” wangsulane mBok Mas Lurah “Kyai Daka lan Bebau Sidamulya sami wangsul, nanging sedherekipun Kyai Daka ingkang tiga menika ugi murid-muridipun boten, sedaya sami tilem ing dalem wingking dereng sami tangi. Kados pundi Ramake? Menapa sampun pikantuk tamba kangge Kyaine kula?”.

        “Iya awit saka pandongamu lan pandongane kabeh sing ana kene, aku wis kepethuk karo sing tak goleki, ya muga-muga wae awan iki mengko kabeh wis bisa ditambani lan bisa waras bali kaya wingi uni” wangsulane Ki Pawit marang mantune “saiki aku ngenteni tekane Kyai Daka, sing mesthine ora suwe maneh bakal bali mrene, nek ora Kyai Daka ya Lurah Danara”.

        “Sokur ta Ramake, selak mesakaken sedaya ingkang sami sakit menika, kala dalu sambatipun boten kanten-kantenan” mBok Mas Lurah guneman maneh “nanging dening sedherek lan muridipun Kyai Daka boten dipun tulungi malah dipun getak-getak kados pesakitan lan dipun uneni menawi boten dangu malih sedaya badhe pejah, ndadosaken sedaya ingkang wonten mriki sami nangis. Menika kala wau nembe kemawon sami saget kendel, saged tilem mila lajeng boten sami sambat, menawi boten tilem mesthi sedaya sami sambat sakit”.

        “Ya sing gedhe nggonmu sabar nDhuk” wangsulane Ki Pawit aweh panglipur “pancen wektu iki bojomu lan liya-liyane lagi dadi lakon, lagi nandhang lara kaya mangkono kuwi, adile panandhang kuwi ya disandhang klawan  nggedhekne rasa sabar, lila legawa pasrah marang pangwasane Allah, ya muga-muga wae sawise ditambani, kabeh tumuli waras”.

        Nengah-nengahi Ki Pawit rembugan karo mantune, Kyai Daka lan Lurah Danara padha teka, kekarone padha munggah menyang pendhapa. Wong loro kuwi kaget semu ora percaya karo panyawange dhewe, nalika padha weruh Ki Pawit lan Panulad sing padha linggih ing sacedhake Ki Lurah Pawana. Nanging ya ora suwe, wong loro kuwi temen wis weruh yen sing lagi linggih kuwi temen-temen Ki Pawit lan Panulad. Lurah Danara banjur bablas mlebu menyang omah mburi, arep nggoleki andhahane. Kyai Daka banjur alok marang Ki Pawit :

        “Lho ndika sampun dugi malih ta Ki Pawit? Pripun sampun kepanggih kalih Raden Pradapa menapa dereng?”.

        “Inggih Kyai” wangsulane Ki Pawit karo mesem “angsal pandonga ndika, lampah kula manggih asil, kula sampun kepanggih kalihan Gus Pradapa lan menawi sampun wonten palilah ndika, Gus Dapa tumunten kula aturane minggah mriki”.

        Praupane Kyai Daka nuduhne yen kaget, krungu wangsulane Ki Pawit mangkono kuwi.

 

 

Ana candhake

 

Rabu, 11 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (137)

137.

        Ki Pawit meneng sedhela, ora tumuli aweh wangsulan lan sawuse sepisan maneh ngombe banyu kendhi sing ana ngarepe, lagi guneman :

        “Kula kemutan kalihan dhawuhipun Nyai Pandhanwangi Gus. Dados kula ngertos menawi sedaya ingkang dipun ucapaken dening Kyai Daka menika boten leres. Mila inggih kula kendelaken kemawon. Kula boten wangsulan menapa-menapa, ngantos Kyai Daka lajeng guneman malih”.

        “Lha ingkang dipun kandhakaken Kyai Daka menapa malih Wa?” Pradapa mburu takon.

        “Inggih sami kalihan dhawuh ingkang kula tampi saking Nyai Pandhanwangi” wangsulane Ki Pawit karo rada mesem “piyambakipun wicanten malih, bilih sarat-sarat masrahaken palenggahan Lurah lan Bebau tuwin Sapukawat kala wau, wonten lirunipun inggih menika kula kedah saged mbeta wangsul Gus Pradapa saha masrahaken Dhuwung Kyai Pantek dhateng Kyai Daka”.

        “Nyata julig tenan sing jenenge Kyai Daka kuwi” tanpa sengaja Marga sing uga melu nyemak critane Ki Pawit guneman lirih.

        “Leres makaten Anakmas” Ki Pawit nyauti pangunandikane Marga “kula ngertos, mangke menawi kula saged masrahaken Gus Pradapa lan Kyai Pantek dhateng piyambakipun, boten sande Kyai Daka mesthi nyidrani ucapipun piyambak ingkang makaten menika. Kyai Pantek panggah badhe dipun kuwaosi, Gus Pradapa dipun damel cilaka lan anak kula saha para Bebau lan Sapulawat ingkang sakit menika inggih lajeng dipun umbar murih pejah piyambak. Dados Kyai Daka saandhahanipun saged nguwaosi Dhusun Kepuh Agal lan boten badhe wonten ingkang ngaru biru malih. Nanging jumbuh kalihan dhawuh saking Nyai Pandhanwangi, kula lajeng nyagahi badhe madosi Gus Pradapa lan Dhuwung Kyai Pantek. Dening Kyai Daka kula dipun sukani wekdal pitung dinten kedah sampun wangsul dhateng Kepuh Agal malih. Menika inggih kula sagahi”.

        “Lajeng samangke kados pundi Wa ?” Pradapa takon marang Ki Pawit, Jalaran miturut angen-angene Pradapa Ki Pawit kudu bisa nemokne siswane Ki Tanparupa luwih dhisik, awit siswane Ki Tanparupa ya sedulur tunggal guru karo Nyai Pandhanwangi kuwi sing nggawa tambane Pawana lan Para Bebau sarta para Sapukawat sing saiki ora bisa obah ana ing Pendhapa Kalurahan Kepuh Agal “menapa Wa Pawit tumunten badhe nglajengaken lampah, nglari papaning sedherekipun tunggal guru saking Eyang Pandhanwangi kala wau? Lan menawi sampun kepanggih menapa Kyai Daka mangke purun ngidini Wa Pawit namakaken jejampi saking Kanjeng Eyang siswanipun Ki Tanparupa kala wau? Kadospundi kalihan kesagahanipun Wa Pawit dhateng Kyai Daka magepokan kalihan anggenipun badhe masrahaken Kyai Pantek?”.

        Krungu pitakone Pradapa marang Ki Pawit mangkono iku, Panulad, Tanggon, Tolu, Pahing lan Pangkas padha nyawang praupane Ki Pawit klawan sunaring mripat nuduhake yen wong-wong kuwi uga kepengin ngerti wangsulan saka pitakone Pradapa. Sauntara Rangga karo Marga malah padha tumungkul nyawang lemah setengah ngeremake mripate.

        “Inggih Gus” Ki Pawit mesem banjur aweh wangsulan “mireng pandangunipun Gus Dapa makaten menika, kula lajeng kemutan kalihan dhawuhipun Sawargi ingkang Bapa, inggih Ki Kepuh Agal Kapisan ingkang asring dipun dhawuhaken dhateng kula lan para sedherek kula nalika wiwit mbabat wana, yasa Dhusun Kepuh Agal rumiyin, inggih menika, prakawis ingkang werit menika menawi anggenipun ngadhepi namung mawi lepasing nalar ingkang lamba, sok asring gadhog. Jalaran awit saking winatesing nalaripun manungsa asring manggihi lurung ingkang buntung, margi ingkang buntu, temah prakawis ingkang dipun adhepi boten saged dipun rampungaken. Menapa malih menawi kasarengan kalihan manah ingkang boten narimah dhateng purbaning Hyang Sukma temah wontenipun namung ngresula. Inggih awit saking menika, ngadhepi prakawis werit kados ingkang kedadosan ing wanci menika, sepisan kedah migunakaken weninging nalar, sucining manah, ngagengaken raos panarimah dhateng kudrating Gusti. Manah lan nalar kedah tansah eling, menawi Gusti menika pisan-pisan boten badhe damel kacilakan lan kasangsaraning titah, menawi ing kasunyatanipun wonten titah ingkang dhawah ing kacilakan lan kasangsaran menika estunipun inggih awit saking pokalipun piyambak. Kajawi menika titah ingkang nggayuh karahayon langgeng, kedah pitados bilih, ewah gingsiring kawontenan, mobah mosiking jagad saisinipun menika boten badhe saged kalampahan kajawi saking idi lan palilahing Gusti lan sadaya menika dumados awit saking sih kamirahaning Gusti dhumateng titah ingkang saged ngranggeh sih kamirahan kasebat, namung emanipun namung titah ingkang ngrumaosi kalenggahanipun minangka kawulaning Gusti ingkang saged ngranggeh kanugrahan lan sih kamirahaning Gusti kala wau. Lan mila sampun kaprah wiwit dhuk kina makina, titah menika kathah ingkang bodho lan boten purun pinter. Boten ngrumaosi menawi titah menika estunipun ringkih, nanging dhemen ngumbar watak kumalungkung rumaos menawi nggadhahi kasekten, boten wonten ingkang saged ngasoraken temah dhemen nguja angkara degsiya dhateng sesamining titah. Boten ngrumaosi bilih cubluk lan bodho, temah rumaos sampun pinter lan boten purun ngudi kapinteran malih jalaran rumaos sampun cekap, kamangka pangertosaning titah menika sakalangkung ing winatesipun, kapinteraning titah boten wonten sapraleksa-kethining ngelmi kagunganing Gusti ingkang boten wonten watesipun, inggih jalaran saking menika temah kathah tiyang pinter ingkang nampik bebener temah gesangipun keblinger. Inggih awit saking menika, kangge ngadhepi lelampahan ingkang adilipun kedah dipun lampahi menika, mangga Gus Dapa kula dherekaken lan Panulad sarta kowe Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas ayo bareng-bareng karo aku, sami ngagengaken raos pasrah dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung asarana mbudidaya kanthi sakuwaosipun murih lelampahan menika tumunten saged rampung kanthi rahayu, binerkahan dening Gusti Allah.  Menapa boten makaten ta Anakmas Rangga lan Anakmas Marga?”.

        Ora ngira nek ing pungkasane tembung jenenge arep disebut dening Ki Pawit, Rangga lan Marga dadi rada gragapan, angen-angen nggone arep nindakne kuwajiban “tapa ngrame” dhawuh saka Patih Mandaraka minangka sarana nemokne Sendhang Mustikaning Warih, magepokan karo lelakon ing Desa Kepuh Agal kuwi dadi ambyar. Nanging bawane bocah sing wis kulina methuki maneka warna lelakon, anggone rada gragapan ya ora ketara. Malah Rangga tumuli nyaut kandhane Ki Pawit karo wangsulan :

        “Mila makaten Kyai, sedaya ingkang ndika dhawuhaken menika kala wau boten wonten ingkang boten leres. Ing Jagad menika boten wonten sesanggan ingkang awrat menawi anggenipun nyangga boten piyambakan, kraos entheng menawi anggenipun ngangkat sinartan pitulunganing Allah. Prakawis ingkang angel dipun udhari, boten ateges boten kenging dipun rampungaken. Sadaya gumantung kados pundi cara anggenipun ngadhepi, menawi margi ingkang katempuh namung linandhesan kekajengan ingkang kasurung suwantening hawa napsu, tangeh sagedipun prakawis dipun rampungaken. Saupamia ketingalipun sampun rampung nanging panggah nisakaken cacat ingkang boten sae ing wanci-wanci salajengipun. Nanging menawi cara ingkang katempuh linandhesan tekad nindakaken dhawuhing Gusti inggih nglampahi kuwajibaning titah ingkang kedah memayu hayuning bawana, mangka sadaya badhe manggih kasenan ingkang anyaketi sampurna”.

        “Kados tanem tuwuh ingkang nandhang kasatan ing mangsa ketiga, kedadak kasiram jawah deres ing mangsa labuh raosing manah kula mireng dhawuh saking Wa Pawit saha Adhi Rangga ingkang makaten menika” kandhane Pradapa sawuse krungu wangsulan saka Ki Pawit lan wangsulane Rangga marang Ki Pawit “samangke prayoginipun kados pundi, lampah menapa ingkang kedah dipun lampahi murih tumunten saged kepanggih kalihan siswanipun Ki Tanparupa ingkang miturut dhawuhipun Eyang Pandhanwangi dhateng Wa Pawit, inggih sedherekipun tunggal guru menika ingkang ngasta jampi ingkang saged kangge ngusadani sakitipun Ki Lurah Kepuh Agal Kaping Kalih lan Para Bebau tuwin para Sapukawat Kepuh Agal. Salajengipun kula sakalangkung pitados, sanaosa dereng nate kepanggih kalihan priyantunipun, tumrap siswanipun Ki Tanparupa ingkang sampun langkung pana ing babagan lenggahipun Kawula lan Gusti, kasekten saha kadigdayaning sedherek-sedherekipun Kyai Daka menika boten wonten menapa-menapanipun”.

        “Inggih Gus” Ki Pawit wangsulan karo mesem “estunipun wiwit kula kepanggih kalihan Tanggon lan dipun kabari menawi Gus Dapa nandhang gerah malah kenging kawastanan meh dumugining seda awit kenging dedamel ingkang kabalangaken dening andhahanipun Kyai Daka, nanging tumunten saged waluya jati, salebeting wanci kirang saking setengah ari, awit kajampenan dening Anakmas Marga lan Anakmas Rangga kala wau, kula sampun rumaos ayem Gus, jalaran sampun angsal sisik melik ing pundi papan ingkang dipun lenggahi dening sedherek sapaguronipun Nyai Pandhanwangi menika”.

        “Cethanipun kados pundi Wa?” Pradapa takon.

        “Miturut naluri lelandhesan ngelmu pirasat Iman Supingi kula” Ki Pawit wangsulan karo esem sing sansaya amba “kawewahan criyos saking Tanggon, lan sasampunipun kula anjawat astanipun Anakmas Rangga lan Anakmas Marga, kula nggadhahi kapitayan bilih Anakmas kekalih menika menawi dede siswanipun Ki Tanparupa tartamtu wonten sambetipun kalihan Gurunipun Nyai Pandhanwangi. Awit saking menika, kula kinten langkung prayogi menawi awakipun piyambak menika nyuwun dhawuh saha nyuwun pitedah dhateng Anakmas Rangga lan Anakmas Marga magepokan kalihan wontenipun lelampahan ing Kepuh Agal menika sedaya, inggih sedaya, boten namung babagan kangge warasipun Lurah, para Bebau lan Sapukawat Kepuh Agal ingkang sami sakit menika kemawon”.

        “Inggih Wa” Pradapa wangsulan karo ulat sing sansaya katon padhang, banjur disambung tembung marang Rangga lan Marga “Adhi Rangga lan Adhi Marga, gandheng ndika kekalih ugi sampun midhanget ngendikanipun Wa Pawit, samangke kaparenga kula, nyuwun senjata pitulungan saha nyuwun pitedah dhateng Adhi kekalih, kados pundi murih Kepuh Agal ingkang prasasat kasaput pedhut mawa wisa menika tumunten saged wangsul padhang malih kados rumiyin-rumiyin. Sumangga Adhi kaparenga paring dhawuh dhateng kula lan Wa Pawit saha sedaya sedherek ingkang wonten mriki menika”.

        “Inggih Anakmas Rangga lan Anakmas Marga, suwawi katulungana Kepuh Agal ingkang nembe kasrambah pacoban saking Gusti Ingkang Maha Kawasa menika” Ki Pawit numpangi rembuge Pradapa.

        Kabeh mripat sing ana papan kono padha nyawang klawan sunar kang kebak pangarep-arep marang Rangga lan Marga.

        Marga nyawang sunaring srengenge sing tumiba ing lemah liwat sela-selane payon guwa sing digawe saka welitan alang-alang. Wektune wis awan, srengenge wis gumlewang mangulon. Ora tumuli aweh wangsulan marang Ki Pawit lan Pradapa, nanging Marga malah banjur ngajak wong sing ana kono kabeh, bebarengan nindakne kuwajibane kawula manembah marang Allah ing wanci luhur.

 

 

Ana candhake

 

Selasa, 10 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANUNG WARIH 7 (136)


 

136.

        Ki Pawit ora tumuli wangsulan awit isih mamah uwi godhog, lagi bareng wis disurung banyu kendhi uwi kuwi mlebu tekan jero weteng. Lan sawise leren sedhela banjur kandha mangsuli pitakone Pradapa.

        “Gandheng kula ngrumaosi ugi pikantuk dhawuh saking Sawargi Ki Lurah, kula lajeng tumut wicanten. Bilih badhea kados menapa kawontenanipun, kepyakan wisudan Lurah menika kedah dipun tindakaken. Jalaran menika dhawuhipun Sawargi Ki Lurah dhateng kula saha Bebau sa Kepuh Agal kajawi Ki Danara. Menawi ngantos Kepyakan Wisudan menika boten dipun lampahi sami kalihan nyidrani kasagahanipun ingkang nampi dhawuh saking Sawargi Ki Lurah lan menika tamtu badhe nuwuhaken walat ingkang ageng tumrap Dhusun Kepuh Agal. Dene Gus Dapa ingkang wekdal menika boten wonten dereng kantenan kados ingkang kadhawuhaken dening Kyai Daka, awit sareng kalihan anggenipun Sawargi Ki Lurah dhawuh dhateng kula lan Para Bebau, ugi paring dhawuh dhateng Gus Pradapa murih nindakaken jejibahan winadi saking Sawargi Ki Lurah, ambok bilih kemawon icalipun Gus Pradapa ingkang miturut wangsit ingkang katampi Kyai Daka kakersakaken manjing ing alamipun Lelembat ingkang ngreksa Dhusun Kepuh Agal, mila jengkaripun Gus Pradapa menika mila badhe tumuju mrika. Lan menawi sampun rampung tamtu tumunten kundur malih dhateng alam ingkang nyata”.

        “Sareng Wa Pawit ngendika makaten Kyai Daka lan Lurah Danara lajeng kados pundi Wa?” Pradapa nyelani takon.

        “Inggih lajeng wonten adu pamanggih antawisipun kula kalihan Kyai Daka radi sawatawis dangunipun, nanging pamanggih saking Kyai Daka sedaya saged kula mentahaken, pramila inggih lajeng manut, jalaran meh sedaya ingkang wonten Pendhapa Kalurahan ngleresaken pamanggih kula. Nanging Kyai Daka wicanten menawi wonten menapa-menapa awit wontenipun kepyakan menika piyambakipun boten badhe tumut tanggel jawab, makaten ugi pamanggihipun Lurah Danara. Lan dening Pawana, dipun gagahi menawi ngantos wonten walatipun awit kepyakan menika mangka Pawana ingkang sagah nanggung sedaya walatipun”.

        “Bagus!” ora sengaja Pradapa ketrucut aweh pangalembana marang Pawana “Kakang Pawana nyata wong sing wicaksana”.

        Ki Pawit mesem krungu tembunge Pradapa ngono kuwi mau.

        “Salajengipun, kepyakan kanthi prasaja dipun tindakaken” Ki Pawit nutugne olehe guneman “ambeng lan buceng lajeng sami dipun tedha dening sedaya ingkang wonten mriku, kajawi kula awit kula nembe nindakaken lampah ngrowot saha nawa dados inggih boten nedha sekul lan lelawuhanipun. Para Sapukawat lan para sesepuh ugi kathah ingkang boten nedha ambeng lan buceng, awit sami nyirik sekul wuduk saha ulam ingkung lan panggang, lajeng sami nedha sekul limrah ingkang dipun pendhet  saking pawon kanthi lawuh ulam menda. Sasampunipun sami rampung anggenipun nedha sekul wilujengan, tiyang-tiyang ugi boten lajeng wangsul, nanging mrelokaken jejagongan rumiyin kalihan Lurah ingkang enggal nuwun inggih Pawana ingkang sampun ngegem nami Ki Kepuh Agal Kapindho jumbuh kalihan dhawuh saking Sawargi Ki Lurah Kepuh Agal Kapisan. Lha nalika sami jejagongan menika, dumadakan sedaya Bebau lan Sesepuh sarta Sapukawat ingkang kala wau ndherek nedha sekul wilujengan sami sambat mumet sirahipun, kasusul sami ngedalaken kringet ingkang kados dineres saking raganipun, lajeng sami rebah ing jogan, boten eling”.

        “Klebet Kakang Lurah Kepuh Agal Kapindho ugi makaten Wa?” Pradapa tekon maneh “lan menapa ingkang njalari makaten menika?”.

        “Inggih Gus, Lurahe lan sedaya Bebau kajawi Ki Danara katut semaput ing jogan Pendhapa Kalurahan mrika, kula kinten tiyang-tiyang kala wau sampun klebetan upas utawi darubesi ing tedhan ubarampening wilujengan. Nanging kula badhe wicanten makaten inggih boten siyos, awit kula boten nyepeng bukti sinten ingkang sampun nyukani upas dhateng salebeting tetedhan piranti wilujengan menika kala wau, awit ingkang yasa tetedhan menika sedaya inggih para semahipun Bebau ingkang anggenipun olah-olah inggih dhateng pawon Kalurahan. Benten malih kalihan pamanggihipun Kyai Daka ingkang lajeng nenutuh dhateng kula, sanaosa anggenipun nenutuh kala wau sinarengan tumandang ngusadani para ingkang sami semaput” Ki Pawit wangsulan.

        “Nenutuh kados pundi Wa? Lan sasampunipun dipun usadani Kyai Daka menapa sedaya tumunten saged waluya ?” Pradapa takon karo suwara groyok, katon yen ana rasa kuwatir sing disimpen neng jero atine.

        “Inggih nenutuh awit kula boten nggega dhateng pamanggihipun ingkang kepengin murungaken adicara kepyakan wisudan menika” Ki Pawit aweh wangsulan “nanging kula inggih namung mendel kemawon, boten suka wangsulan babar pisan, awit kula sumerep bilih piyambakipun lan Ki Danara sami tumandang njampeni tiyang-tiyang ingkang nembe semaput kala wau. Lan sasampunipun dipun usadani mawi japa mantra ingkang dipun suwukaken, Lurahe Pawana lan sedaya ingkang sami semaput lajeng sami eling malih”.

        “Sokur ta Wa menawi sadaya sampun sami saras, badhea kados menapa awakipun piyambak kedah matur nuwun dhateng Kyai Daka” Pradapa guneman sajak atine wis krasa lega.

        “Waras pripun?” dumadakan Panulad sing mangsuli rembuge Pradapa, suwarane nuduhne nek atine lagi cuwa “Kakang Pawana, Para Bebau lan Sapukawat tuwin Sesepuh menika deres saras Gus, malah kepara sansaya mindhak santer sakitipun, ingkang wicanten makaten menika inggih Kyai Daka piyambak”.

        “Lho kok bisa Kakang Panulad?” Pradapa mangsuli kandhane Panulad dibacutne takon maneh “ngendikane Wa Pawit mau kabeh wis padha eling saka anggone semaput?”.

        “Mila leres Gus” Ki Pawit sing bali guneman kanthi suwara sareh “sasampunipun sami boten semaput, sedaya lajeng sami lumpuh boten gadhah daya lan boten saged ebah, sambatipun sami ngraosaken bebalungipun kados dipun lolosi. Kyai Daka lajeng ngengken supados sedaya sami mapan ing pendhapa mriku rumiyin awit menawi ngatos dipun elih saged mbebayani. Piyambakipun kalihan Ki Danara lajeng wangsul dhateng griyanipun, criyosipun badhe maneges dhateng Hyang Agung pados pitedah cara kangge ngusadani ingkang sami sakit menika”.

        “Salajengipun kados pundi Wa?” Pradapa takon, awit Ki Pawit leren olehe guneman merga krasa ngelak, banjur nyandhak kendhi nglangga banyune.

        “Kula lajeng nyeluk anak kula Panulad menika, kula kengken nenggani kakangipun. Kula piyambak lajeng manjing sanggar palanggatan nyuwun pitedahing Gusti mawi cara lan kapitayan kula. Lan salebeting nyenyuwun dhumateng Gusti menika kula pikantuk sasmita. Rumaos kula kula karawuhan Nyai Pandhanwangi, Widodari ingkang rumiyin nate manggihi kula, paring pitedah dhateng kula murih ndherek babat wana yasa Dhusun Kepuh Agal ingkang dipun ayati dening putra angkatipun, inggih menika Sawargi ingkang Bapa, Gus” Ki Pawit aweh wangsulan marang Pradapa. Pradapa manthuk-manthuk, sajroning atine nggagas yen Nyai Pandhanwangi jebul ora negakne Desa Kepuh Agal, nanging ya gene nalika dheweke meh mati kena gegaman sing dibalangake andhahane Danara Nyai Pandhanwangi ora paring pitulungan?.

        “Dening Nyai Pandhanwangi kula kadhawuhan bilih jampinipun Lurahe Pawana lan sedaya ingkang sakit menika samangke dipun asta dening sedherek tunggal guru kalihan Nyai Pandhanwangi, sami-sami siswa saking Ki Tanparupa, ingkang wekdal menika nembe wonten ing sabrang kilen Lepen Gebyog” Ki Pawit nutugne olehe guneman “Nyai Pandhanwangi ugi paring dhawuh murih kula boten nggagas sedaya wicantenipun Kyai Daka utawi Danara, jalaran rembagipun tiyang kalih menika sedaya boten wonten ingkang leres. Menawi piyambakipun nyebat Dhuwung Kyai Pantek, kula kapurih nyagahi manawi badhe madosi, inggih kanthi makaten kula saged nilar Kepuh Agal kangge manggihi siswanipun Ki Tanparupa ingkang manggen ing sakilenipun Lepen Gebyog menika”

        Ki Pawit bali nyandhak kendhi nelesi gorokane sing garing. Pradapa manthuk-manthuk ngenteni tutuge crita. Sauntara Rangga karo Marga padha sawang-sawangan dhewe. Bocah loro kuwi uga banjur kelingan marang critane Pradapa sing tau dicritani wong tuwane yen Nyai Pandhanwangi sing satemene Putri Jim saka negara Setambul ing tanah Ngerum, lagi ngenteni tekane priya sing dadi gegantilaning atine sing timbule bareng karo timbule Sendhang Mustikaningwarih, Sendhang Suci saka sajabaning jagad sing arep diturunake dening Gusti Allah ing alam kang nyata manggon ing sukuning Gunung Lawu sisih lor. Mula Rangga lan Marga uga banjur kasengsem ngrungokne critane Ki Pawit iku.

        “Enjingipun, kula dhateng Pendhapa Kalurahan malih” Ki Pawit nutugne olehe crita “boten dangu Kyai Daka lan Ki Danara ugi dugi, boten piyambakan nanging ngirit meh sedaya andhahanipun ingkang criyosipun murid saking jawi rangkah, kalebet sedherekipun tiga kados ingkang dipun criyosaken dhateng Gus Dapa nalika samanten, inggih menika Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor.  Dupi ngertos Panulad wonten mriku, tiyang tiga niku lajeng mameraken kadigdayanipun presis ingkang dipun criyosaken Kesit nika. Kalih pamer kadigdayan tiyang tiga menika sami rembagan kalihan sami-sami sedherekipun, nyemoni Panulad. Criyosipun menawi wonten Paguron enggal ingkang badhe madeg nandhingi Paguronipun Kyai Daka badhe dipun owat-awut kalihan ngelmi kadigayan ingkang dipun pameraken”.

        “Lha Kakang Panulad banjur kepiye disemoni mangkono kuwi?”  Pradapa nyela takon.

        “Kula inggih mendel kemawon ta Gus?” wangsulane Panulad “kula mila ngrumaosi boten wonten menapa-menapanipun menawi katandhing kalihan kadigdayanipun tiyang tiga niku wau. Nanging ing salebeting manah kula inggih badhe wani saupami ngantos tiyang tiga niku ngremehaken kula”.

        Pradapa mesem, Rangga karo Marga melu mesem. Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas ora ana sing wani melu guneman.

        “Salajengipun Kyai Daka wicanten dhateng kula” Ki Pawit guneman maneh “criyosipun sampun nampi wisik saking Dewanipun. Wosing wisik nyebataken kangge waluyanipun tiyang-tiyang ingkang nembe sakit menika, Lurah Kepuh Agal kedah dipun gantos Ki Danara, samanten ugi sedaya Bebau lan Sapukawat  ingkang wonten kedah dipun gantos murid-muridipun Kyai Daka, menawi wonten ingkang boten sarujuk badhe dipun lebur dening Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor. Kangge nyarujuki wisik ingkang dipun tampi Kyai Daka menika, Lurahe Pawana, Para Bebau lan Sapukawat dipun sukani wekdal pitung dinten. Awit ing dinten kawolu, tiyang-tiyang ingkang sakit menika sedaya badhe pejah, kajawi menawi sedaya sampun sarujuk kalihan Kyai Daka lan panggah kemawon palenggahan Lurah, Bebau sarta Sapukawat badhe dipun linggihi Danara sakancanipun”.

        “Wa Pawit lajeng wangsulan kados pundi dhateng Kyai Daka Wa?” Pradapa takon maneh.

 

 

Ana candhake

 

 

       

 

 

 

 

Senin, 09 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (135)

135.

        Kahanan dadi sidhem sauntara, Rangga karo Marga mung sawang-sawangan, padha rembugan nganggo basa sasmita. Sauntara Tanggon lan kanca-kancane uga padha meneng, rumangsa ora kongang melu mikir apa sing lagi dipikir Pradapa. Dumadakan Marga ngiringake sirahe, nilingne pangrungune, ana suwara sing sanadyan adoh nanging wis mlebu ing pangrungune.

        “Ana sikil papat mlaku tumuju papan kene” Rangga guneman lirih aweh weruh apa sing lagi ditilingne Marga.

        Pradapa karo Tanggon sakancane padha nyawang marang Rangga, nanging durung ana sing guneman apa-apa.

        “Iya Kakang” Marga wangsulan “nanging isih adoh, watara limangatus jangkah ana lor kana”.

        “Sinten ingkang mlampah mrepegi papan menika Adhi?” Pradapa takon karo nyawang Marga lan Rangga genti-genti.

        “Aku ora ngerti sapa sing lagi mlaku mengidul nurut pinggiring kali kuwi Kakang Pradapa” sing mangsuli Rangga “lan aku ya durung ngerti wong loro kuwi arep menyang ngendi, ana sambung rapete karo ndika sakanca apa ora? Aku ya durung ngerti”.

        “Ngene wae, coba tak papage wong loro sing mlaku mrene kuwi, tak takonane apik-apikan” Rangga arep ngadeg.

        “Aja Kakang, Kakang keri wae ana kene ngancani Kakang Pradapa” Marga nyaut tembunge Rangga, banjur genti nakoni marang Tanggon lan kanca-kancane “sapa sing gelem melu aku? Prelune mbok menawa ana sing tepung karo wong loro sing mlaku mrene kuwi, dadine saupama wonge duwe sedya apik merga isih sedulur dhewe karo ndika, ora ana kedadeyan salah tampa karo aku sing bisa nuwuhake pasulayan sing tanpa guna. Lan saupama wong loro sing mlaku mrene iki, andhahane Kyai Daka utawa Lurah Danara, tak adhepane dhewe, ndika bisa bali mrene ngabari Kakang Pradapa yen ana bebaya sing teka”.

        “Kula kemawon Adhi Marga ingkang ndherek” tanpa mikir dawa Tanggon sing semaur karo melu ngadeg.

        Rangga bali mapan lungguh maneh, Marga banjur metu saka papan pandhelikan sing diarani guwa kuwi, ditutne Tanggon sing karo nyaut tumbake.

        Setengah mlayu Marga lan Tanggon mlaku ngalor ing sapinggire kali Gebyog sabrang kulon. Bareng wis rada sauntara, Marga aweh sasmita marang Tanggon supaya mandheg, wong loro kuwi banjur ngamping watu gedhe, nguwasi dalan sapecak sing kulina dienggo liwat Tanggon sakancane yen arep luru uwi utawa gembili kanggo mangan.

        “Wong sing dicegat wis teka Kang Tanggon” Marga guneman bisik-bisik cedhak kupinge Tanggon, ungaken saka kene mbok menawa ndika wis tepung”.

        Tanggon banjur ngadeg nyawang arah lor karo sirahe diangklungne manengen dadi panyawange bisa cetha. Bareng wis rada sauntara, Tanggon bali linggih maneh nyedhaki Marga karo polatan sing sajak ana rasa seneng.

        “Sapa? Ndika wis tepung apa durung ?” Marga takon.

        “Anu Adhi, leres tiyang kalih, sedaya kula sampun tepang, ingkang setunggal Ki Pawit, tiyang sepuhipun Ki Bau Jangglengan lan ingkang setunggal malih yoganipun ingkang ragil, ingkang nami Ki Panulad” wangsulane Tanggon cetha.

        “Yen pancen mangkono, ndika aja umpetan maneh, wong loro kae tumuli ndika pethuki wae, ndika tuturi nek Kakang Pradapa ndika singidne ing guwa lha nek gelem ya ndika ajak pisan mampir menyang guwa dimen bisa kepethuk karo Kakang Pradapa. Aku tak bali dhsik, ngabari Kakang Pradapa lan sedulur liyane yen sing mlaku saka lor iki mau Ki Pawit karo Ki Panulad” .

        Tanggon banjur bali ngadeg tanpa tolah-toleh, banjur mlaku menyang dalan sapecak sing kulina diliwati kuwi, banjur ngadeg ngenteni wong loro sing lagi mlaku saka arah lor. Marga ora tumuli bali menyang Guwa kaya sing dikandhakne marang Tanggon mau, nanging nguwasi Tanggon saka papane walike watu gedhe sing dienggo ampingan. Bareng Marga weruh sawuse wong loro kuwi kepethuk Tanggon banjur padha rerangkulan lan sajak padha seneng atine, Marga lagi mencolot ninggalne papan pandhelikane arep bali menyang Guwane Tanggon, ngabari Rangga lan Pradapa, sapa jebule sing teka.

        “Siwa Pawit kalihan Kakang Panulad, Adhi Marga?” pitakone Pradapa sawuse Marga ngandhakne sapa sing teka.

        “Jarene Kakang Tanggon mau mangkono” wangsulane Marga ayem “wong aku ya durung kober nemoni, merga selak kepengin ngabari Kakang Pradapa cikben ora kuwatir”.

        “Inggih, ngaturaken genging panuwun Adhi” wangsulane Pradapa.

        “Kula nuwun, kula ingkang sowan Gus” dumadakan ana suwarane wong alok kula nuwun. Ana wong loro sing teka ditutne Tanggon, sing ora liya Ki Pawit karo Panulad. Pradapa gage wae anggone ngadeg mapagne sing lagi teka, genti genten Pradapa rerangkulan karo Ki Pawid lan Panulad. Pangkas, Tolu lan Pahing uga banjur melu nyedhak, padha nyalami Ki Pawit lan Panulad. Pradapa banjur ngajak  Ki Pawit lan Panulad mapan lungguh ing bleketheple sing ana jerone guwa kuwi.

        “Menika Adhi Rangga lan Adhi Marga, Wa” kandhane Pradapa marang Ki Pawit karo nudingi Rangga lan Marga “inggih priyantun kalih menika ingkang sampun nyambung nyawa kula, saupami boten wonten pitulungan saking Adhi Marga lan Adhi Rangga, kula kinten kula boten badhe kepanggih kalihan Wa Pawit  lan Kakang Panulad malih”.

        Rangga lan Marga bareng-bareng manthukne sirahe aweh kurmat marang Ki Pawit karo mesem.

        “Matur nuwun anakmas kekalih” Ki Pawit kandha marang Rangga lan Marga kanthi sikep kang kurmat “inggih dipun tepangaken mawon, nami kula Pawit lan menika yoga kula Panulad, kula menika abdinipun Sawargi Ki Lurah Kepuh Agal inggih keng Bapanipun Gus Pradapa menika. Menawi kepareng mangertos, Nakmas kekalih menika saking Kasatriyan pundi inggih?”.

        Panulad mesem karo manthuk kurmat marang Marga lan Rangga.

        “Inggih Ki Pawit” sing wangsulan Marga sawise dikedhepi Rangga “Kakang Pradapa sampun cariyos kathah sanget ngengingi lelabetanipun Ki Pawit dhateng Dhusun Kepuh Agal wiwit mbabat ngantos dumugi sakniki, makaten ugi Kakang Pradapa ugi sampun nyariyosaken sinten Kakang Panulad putranipun Ki Pawit ingkang trampil ing reh ulah kanuragan. Kados ingkang dipun aturaken Kakang Pradapa ing ngajeng, nami kula Marga lan menika sedherek kula sepuh nami Rangga. Kula kekalih menika namung lare klambrangan, kenging dipun bebasakaken lare kleyang kabur kanginan, kandhang langit kemul mega. Andilalah kula kekalih ngliwati papan mriki lan kepanggih kalihan Kakang Pradapa, Kakang Tanggon, Kakang Tolu, Kakang Pahing saha Kakang Pangkas lan samangke kepanggih Ki Pawit saha Kakang Panulad”.

        “He he he Inggih Anakmas Marga” Ki Pawit wangsulan karo gumuyu lirih “mila leres ujaring para pinter, boten wonten Satriya tama menika dhemen ngongasaken kasudiran lan kalangkunganipun dhateng sadhengah titah. Badhe kados menapa anggenipun anakmas nutupi, nanging bukti boten saged dipun selaki, waluyanipun Gus Pradapa sasampunipun meh katelasan rah awit kabalang Kudhi dening andhahanipun Lurah Danara saha anggen jengandika sampun pirsa menawi kula kalihan Panulad dumugi papan mriki, nedahaken bilih anakmas kekalih menika saboten-botenipun Satriya Trah Wikudibya ingkang nembe lelana brata. Sanaosa sakedhik, kala wau Tanggon sampun criyos dhateng kula. Mila tunrap kula lan anak kula Panulad tuhu sampun nampi nugraha dene saged kepanggih lan sapajagong kalihan Anakmas Marga lan Anakmas Rangga”.

        “He he he, Sampun kesangeten anggenipun paring pangalembana Kyai” Rangga nyaut rembug karo ngguyu “kula kuwatos menawi ngantos kula boten kiyat ngangkat sirah amargi sansaya mindhak ageng. Estunipun menika wau kula kalihan Kakang Pradapa lan sedherek-sedherek menika rak nembe reraosan kados pundi kawontenan ing Kepuh Agal dinten menika, andilalah saking kamirahaning Gusti, Ki Pawit kalihan Kakang Panulad rawuh, kula kinten pitaken-pitaken ing salebeting manahipun Kakang Pradapa ngengingi kawontenan Kepuh Agal tumunten saged pikantuk wangsulan”.

        “Inggih Wa” Pradapa melu numpangi rembug “samangke kados pundi pawartosipun Kepuh Agal ? Kakang Pawana sampun kakepyakaken menapa dereng? Harak inggih boten wonten ingkang ngrusuhi lampahing Kepyakan Wisudanipun Kakang Pawana dados Lurah ta Wa?”.

        Ki Pawit banjur nata anggone lungguh. Nanging durung nganti kumecap mangsuli pitakone Pradapa, kasaru mlebune Pangkas karo Tolu saka pawon, wong loro kuwi nggawa tompo loro isi uwi sing wis godhogan karo nggawa Kendhi isi banyu kanggo ngombe.

        “Nuwun sewu Kyai” kandhane Tolu karo nyelehne tompo neng ngarepe Ki Pawit “dhateng wana wontenipun namung Uwi godhog kalihan toya belik”.

        “Inggih Wa, mangga dipun rahabi rumiyin, kangge ngganjel padharan” Pradapa melu guneman ngacarani Ki Pawit .

        “Matur nuwun Gus Dapa” wangsulane Ki Pawit “mila estunipun wiwit bidhal saking griya enjing wau, dugi sak niki nggih dereng klebetan menapa-menapa kajawi toya kalen ingkang dikokop kalih mlampah wau. Mangga Nakmas Rangga lan Nakmas Marga, sanaosa namung wi bang kulit, menawi anggenipun nedha sareng-sareng raosipun saged dados eca sanget lho?!?”.

        Kabeh sing ana guwa pandhelikane Tanggon sakancane kuwi banjur padha mangan uwi bebarengan.

        “Estunipun nalika Pawana suka kabar dhateng kula bilih Gus Pradapa sampun jengkar saking Kepuh Agal nindakaken jejibahan winados saking Sawargi Ki Lurah” ing sela-selane mangan Ki Pawit wiwit nyritakne lelakon ing Kepuh Agal “kula lajeng prentah dhateng Pawana murih adicara kepyakan wisudan tumunten dipun lampahi. Lajeng enjingipun Pawana ngempalaken sedaya Bebau, Sesepuh lan Sapukawat Kepuh Agal ing Pendhapa Dalem Kalurahan, lan kepyakan badhe dipun ayati, sedaya ubarampening Kepyakan kados dene buceng lan ambeng pirantos wilujengan sampun cumawis. Nanging Kyai Daka lan Lurah Danara ingkang suwaunipun sampun sarujuk Pawana kawisuda, dumadakan malih boten sarujuk. Jalaran Gus Pradapa boten ndherek amberkahi kepyakan wisudan menika, kamangka miturut wangsit ingkang dipun tampi dening Kyai Daka, wekdal menika Gus Pradapa ical saking Kepuh Agal jalaran kakersakaken dening ingkang mBaureksa Dhusun lan kasingidaken awor kalihan lare sekawan ingkang langkung rumiyin ical, inggih menika Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas”.

        “Sareng Kyai Daka lan Lurah Danara boten sarujuk lajeng kados pundi Wa?” Pradapa nyelani takon, ing atine tuwuh pangira yen Kyai Daka lan Lurah Danara wis nganggep dheweke tumekeng pati seanajan bathange ora ketemu. Awit dina kepyakan kuwi sedina sawise dheweke ninggal Kepuh Agal lan nandhang tatu merga kena gegamane anadhane Danara.

 

 

Ana candhake.

 

Minggu, 08 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (134)


 

134.

        Sanaosa anggenipun wicanten dhateng kula ngginakaken basa krama, malah ngangge nyebut “Raden” dhateng kula, nanging nitik sikepipun, katingal menawi tiyang sedasa menika boten nggadhahi sedya sae dhateng kula. Mila kula inggih boten tumuli suka wangsulan. Ing  salebeting manah kula nenuwun dhateng Gusti, menawi kedah kerengan kalihan tiyang-tiyang menika mugi Gusti paring pangayoman dhateng kula, jer nyatanipun kula mila boten trampil ing ulah kanuragan.

        “mBok menawi mila Raden Pradapa dereng tepang kalih kula sakanca menika, nanging jengandika sampun samar Raden, kula boten badhe wani kalihan jengandika sauger jengandika nggega atur kula lan kersa minangkani panyuwun kula” sareng kula boten tumunten wicanten, tiyang kala wau wicanten malih.

        “Mengko dhisik Kisanak” wasana kula lajeng wangsulan “jenengku pancen Pradapa, nanging aku dudu Raden. Aku iki wong lumrah, kawula ing Desa Kepuh Agal mung wae wong tuwaku biyen tau dadi Lurah ing Desa kono. Banjur ndika kabeh iki sedulur saka ngendi? Lan duwe karep apa ngendheg lakuku iki?” .

        “Kula sampun ngertos menawi ndika menika putranipun Sawargi Ki Lurah Kepuh Agal, nanging kula sakanca ugi ngertos menawi jengandika menika ugi putranipun Raden Sentani sedherekipun Raden Gunendra saking Patalan. Dene anggen kula nututi nusul tindak jengandika niki wau, awit kula kautus dening Bapa Guru kula inggih Kyai Daka. Bapa Guru ngersakaken jengandika kundur dhateng Kepuh Agal sareng kalihan lampah kula, Raden” tiyang kala wau nyethakaken menapa ingkang dados kekajenganipun.

        Kula nembe ngertos, menawi suwanten panah sendaren ingkang kala wau kula kinten panahipun kadang tani ingkang ngajrih-ajrihi kethek ingkang ngganggu tanemanipun, jebul sasmita saking kancanipun titiyang menika. Kula lajeng kengetan kalihan Parwa ingkang kala wau nedahaken margi dhateng kula. Kula kinten mila ingkang ngintunaken sasmita panah sendaren kala wau inggih Parwa, Lan kanthi menika ateges anggen kula bidhal saking griya wau sampun kamangertosan dening tiyang-tiyangipun Kyai Daka.

        “Sampun kedangon Raden” tiyang kala wau wicanten malih “mangga sak niki kula dherekaken kundur dhateng Kepuh Agal”.

        “ Aja dadi atimu Kisanak, aku ora bisa nuruti panjaluk ndika, awit aku lagi ngayahi jejibahan kang banget wigati” kula suka wangsulan “nDika matur wae marang Rama Kyai Daka, yen aku wis ora ana sambung rapete karo Desa Kepuh Agal maneh, saiki sing duwe wewenang nata reh parentah ing Kepuh Agal kuwi Ki Pawana sing biyen Bebau Jangglengan, dadi yen Rama Kyai Daka ngersakne ngrembug sing ana gandheng cenenge karo Desa Kepuh Agal ora karo aku, nanging karo Ki Pawana sing saiki wis wenang ngagem sebutan Ki Kepuh Agal Kapindho”

        “Kula boten ngrembag sinten ingkang gadhah wewenang nata Kepuh Agal, ingkang kula kajengaken ndika kundur sak niki sareng kalihan kula” tiyang kala wau ngengkel kalihan suwanten ingkang wiwit kapireng kasar.

        “Yen aku ora gelem bali, ndika arep apa?” boten kraos kula kepancing tumut ngginakaken suwanten ingkang sereng ugi.

        “Ha ha ha …” tiyang kala wau gumujeng ngakak lajeng wicantenipun malih “ora kena diajeni wong iki, ya kapeksa tak kasari. Nek ndika boten purun, badhe kula peksa menawi saged ndika ajeng kula beta ngadhep Bapa Guru kanthi wujud bandan, nanging menawi kapeksa sampun wujud bathang nggih boten napa-napa”.

        Sanaosa kula ngrumaosi menawi boten trampil ing ulah kanuragan, nanging mireng suwanten ingkang kados makaten kala wau, sakala rah ing badan kula kraos kados badhe umub. Kalihan nggeget untu, kula mbisiki kupingipun Si Jragem :

        “Jragem nadyan lagi sedina aku dadi bendaramu, nanging tulung rewang-rewangana aku ngadhepi wong-wong sing murang tata ing ngarepku kuwi ya?”.

        Kados ngertos ingkang dados tembung kula, Si Jragem dumadakan nggedrugaken sukunipun ingkang ngajeng dhateng siti. Lis kula geret minangka sasmita murih Jragem nrajang ingkang memalangi lampah. Sakala Jragem mencolot majeng, Tiyang-tiyang ingkang linggih ing kapalipun nedya ngadhangi lampah dipun trajang, temah sumingkir. Jragem lajeng mbeta kula mbandhang kados dipun sawataken. Kinten-kinten tiyang-tiyang wau wonten ingkang dhawah awit katrajang dening si Jragem, ketitik kepireng suwantenipun ingkang sami misuh-misuh boten kantenan. Nanging kula boten purun nggagas malih, tekad kula, kula kedah saged dumugi ing Sendhang Ngiyom saderengipun dipun damel pangewan-ewan dening andhahanipun Kyai Daka menika. Kula ugi boten badhe rila dumugi pejah saderengipun saged nglarung  Kyai Pantek ing telenging Sendhang Ngiyom. Plajengipun Jragem lajeng kula banteraken malih.

        Katandhing kalihan kapalipun para andhahanipun Kyai Daka kala wau, Jragem ketawis langkung prakosa. Plajengipun Jragem sansaya tebih nilaraken para siswanipun Kyai Daka ingkang kalihan bengak-bengok nguber saking wingking. Dumadakan kepireng malih suwantenipun panah sendaren ingkang boten tebih saking papan mriku. Kula boten ngertos sinten  ingkang nglepasaken panah sendaren kasebat lan nggadhahi sasmita ingkang kados pundi. Nanging manah kula dados tambah boten sekeca, awit kula nginten menika mesthi sasmita saking andhahanipun Kyai Daka dhateng rowangipun, ateges tiyang-tiyang ingkang kaparentah dening Kyai Daka ngendheg anggen kula mlampah menika taksih wonten malih kajawi tiyang sedasa kala wau.

        Dumadakan suwantenipun tiyang ingkang nguber kula sansaya rame, nalika kula nyobi noleh dhateng wingking, jebul mila sansaya kathah tiyang ingkang nguber kula. Sarta malih ugi sansaya caket. Satleraman kula ugi sumerep Lurah Danara tumut ing rombongan menika, ketingal menawi piyambakipun ingkang wonten ngajeng piyambak, nunggang kapalipun ingkang warni cemeng. Kula sansaya ngedhap. Menapa kula badhe manggih pejah nistha siniya-siya dening tiyang-tiyang ingkang dados andhahanipun Kyai Daka menika?. Salebeting manah kula njerit, nyuwun pangapunten dhateng Pangeran saking sedaya dosa ingkang nate kula lampahi. Kula ugi nyenyuwun, saupami kula kedah pejah, kula nyuwun murih ingkang ketingal pejah nistha namung badan kula, awit alus kula boten nate gadhah niyat awon nyidrani dhateng kasetyan kula.

        Dumadakan Si Jragem mbeker seru sanget, kula dados kaget. Nanging dereng ngantos kula nyuwanten menapa-menapa, Si Jragem sampun rubuh ing siti, ndadosaken kula katut dhawah, rahayunipun kula taksih kober mlumpat. Lan nalika kula tingali jebul ing tepongipun Si Jragem kanan lan kering sampun katancepan jemparing. Kula boten kober suka pitulungan dhateng Si Jragem, jalaran tiyang-tiyang ingkang nguber kula sampun kantun watawis kalih dasa jangkah. Tanpa mikir panjang kula lajeng mlajeng kanthi mblusuk ing gegrumbulan sakananing margi, angkah kula badhe umpetan dhateng gegrumbulan sapinggiring lepen ingkang kala wau kula liwati.

        Watawis sapanginang Lurah Danara lan andhahanipun kelangan lacak, nanging inggih lajeng wonten ingkang sumerep kula. Tiyang-tiyang kala wau lajeng pating brengok, nguber kula kanthi nilar kapalipun ing margi. Tiyang-tiyang menika suwantenipun kados tiyang ingkang nguber maling ingkang mlajeng sasampunipun kadenangan anggenipun nyolong. Dumadakan kula ngraosaken wonten barang abot lan atos nibani lempeng kula. Raosipun sakit sanget, sansaya malih sareng kula sumerep rah ingkang mili santer saking lempeng ingkang kedhawahan barang landhep kala wau. Kula lajeng ngetog kekiyatan kangge mlajar, nanging watawis nembe angsal sedasa jangkah, kula kesandhung lan dhawah ing siti boten saged tangi malih. Lajeng kula sampun boten sumerep menapa-menapa, awit panyawang kula dados kuwur lan peteng sanget. Sareng kula eling, jebul kula sampun dipun tulungi dening Adhi Marga lan Adhi Rangga. Ingkang salajengipun saged kepanggih malih kalihan Paman Tanggon, Paman Tolu, Paman Pahing saha Kakang Pangkas ing papan pasingidanipun menika.

        Makaten kala wau lelampahan ingkang sampun dumados, inggih wiwit Bapa kepanggih mBah Tambak ing Sendhang Tambak, ngantos kula jengandika slametaken saking pandameling andhahanipun Lurah Danara lan Kyai Daka, Adhi Rangga lan Adhi Marga”.

        Wis rampung anggone crita Pradapa. Rangga lan Marga padha manthuk-manthuk lan bisa melu ngrasakne apa sing dialami dening Pradapa . Sauntara Tanggon, Pahing,  Tolu lan Pangkas lagi padha ngerti apa sing wis kedadean ing Kepuh Agal sawise dheweke ndhelik ing brang kulone Kali Gebyog. Ing jero atine wong papat kuwi ana rasa panuwun marang Pradapa sing wis kongkonan Bebau Jangglengan supaya mrentah dheweke umpetan menyang alas sakulone Kali Gebyog. Maune wong papat kuwi padha olehe ora ngerti ya gene Pradapa Pradapa aweh prentah sing ora pati tinemu nalar kuwi. Saiki wis padha ngerti yen jebul prentahe Pradapa kuwi merga saka pituduhe Nyai Pandhanwangi.

        “Saiki aku arep takon maneh marang Kakang Pradapa” Rangga banjur genti guneman.

        “Adhi badhe mundhut pirsa menapa?” Pradapa genti takon.

        “Saiki ndika wis waras, tatu sing ana lempeng ndika wis kari tilas” Rangga banjur nutugne olehe kandha “lan keris Kyai Pantek sarta iket sing arep ndika gawa menyang Mataram ya isih wutuh. Sabanjure apa ndika arep nutugne laku menyang Sendhang Ngiyom, nglarung Kyai Pantek banjur bablas menyang Mataram kaya tujuwan sakawit, apa banjur kepiye?”.

        “Bares kemawon Adhi” wangsulane Pradapa kaya wong sing lagi bingung “wiwit kula nyumerepi anggenipun Kyai Daka lan Lurah Danara  badhe damel cilakane badan kula, kula mila kepengin sanget tumunten saged dumugi Mataram. Boten awit kula selak kepengin saged suwita ing Dalem Kepatihan kados ingkang dipun dhawuhaken Bapa dhateng kula nalika samanten, nanging kula badhe nyuwun pitulungan dhateng Gusti Patih Mandaraka, murih paring pangayoman dhumateng Ki Lurah Kepuh Agal Kapindho saha warga Kepuh Agal sadaya saking pakartinipun Kyai Daka lan Lurah Danara miwah sedaya andhahanipun. Namung kemawon kula ugi ngraos kuwatos, menapa anggen kula nyuwun pitulungan dhateng Gusti Patih mangke wonten ginanipun menapa boten ?”.

        “Ora ana gunane kepiye Kakang?” Marga sing genti takon.

        “Kula kuwatos, saderengipun kula saged marak ing ngarsanipun Gusti Patih, karumiyinan Ki Lurah Kepuh Agal Kapindho lan para Bebau sampun dipun tumpes dening Kyai Daka lan Danara ingkang kabaripun nggadhahi sedherek tiga ingkang kasektenipun nggegirisi, inggih pun Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor kados ingkang dipun cariyosaken dening Kesit kala samanten?”.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...