Total Tayangan Halaman

Minggu, 15 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (142)


 

142.

        Beda karo Marga sing uga ngerti yen mungsuhe ngremehne kabisan lan kekuwatane. Kanthi mangkono, mungguhe Marga dadi luwih entheng anggone arep ngadhepi mungsuh sing ora bisa maca kekuwatan sing diduweni. Nanging merga wis tau krungu crita kasekten sing diduweni Ki Dodor, Marga ora ninggal pangati-atine. Liwat ajine sing aran Sasra Pandulu, Marga ya wis weruh isine keba sing digendhong ing gegere Ki Dodor, ula gedhe cilik sapirang-pirang sing padha nduweni upas sing banget mbebayani, panunggalane ula weling, ula welang, ula bandhotan, dumung, luwuk lan sapiturute. Mula kanggo jaga-jaga, Marga wis ngecakne Aji Panawa Wisa sing bisa ngayomi ragane saka sakehing wisa apa wae.

        “He Marga” Ki Dodor guneman semu nyepelekne “kowe kuwi isih bocah wingi sore, nanging sajake kowe wis udhu kendel bandha wani arep nglawan aku Ki Dodor, wong sing ora bisa dikalahne sapa wae. Piye nek awake dhewe ora sah ndadak kerengan tukaran kaya bocah-bocah kae he?”.

        “Aku iki satemene bocah sing ora seneng tukaran Ki Dodor” wangsulane Marga ayem “nanging aku luwih ora seneng nek ana wong sing ngendelake dumeh rumangsa duwe kasekten banjur dhemen tumindak sawiyah-wiyah marang sapepadhaning titah. Banjur apa sing ndika kersakne karo tembung ndika iki mau?”.

        “Bares wae, aku kasengsem weruh bebalunganing awakmu Marga, wektu iki kowe isih nom, nek kowe gelem nambahi nggonmu sinau kanuragan kanthi tuntunane guru sing mumpuni, ing mbesuk kowe mesthi dadi wong sing digdaya sekti mandra guna tanpa ana sing bisa ngasorake” kandhane Ki Dodor nganggo tembung sing rada sareh “piye yen kowe dadi muridku wae? Kowe ora sah nggatekne wong-wong sing padha tukaran kae, percayaa nek kowe gelem dadi muridku, kowe mesthi bakal dadi wong sing sekti mandra guna tenan, Marga”.

        “Emoh” Marga wangsulan karo mesem “aku ora seneng duwe guru kaya ndika kuwi Ki Dodor, merga nek nganti aku dadi murid ndika tan wurunga aku bakal dadi kaya ndika, ora bakal tambah kabisanku nanging malah ndadekne aku luwih bodho tinimbang sadurunge”.

        “Kowe aja nyepelekne aku Marga” Ki Dodor mencerengne mripate “yen kowe ora percaya marang kasektenku, kowe bisa mbuktekne saiki. Gage cekelen gegamanmu sing wujud Pedhang, keris utawa tumbak, tamakna marang ragaku, pilihen endi sing mbok senengi, nek nganti gamanmu bisa gawe tatu ana ragaku, aku meguru marang kowe kosok baline, nek gamanmu ora nedhasi ragaku kowe sing dadi muridku. Piye?”.

        “Emoh Ki Dodor” wangsulane Marga karo mesem “kajaba aku ora duwe gegaman kaya sing ndika kandhakne, aku ya wegah nek nganti gawe tatu ing ragane wong sing ora duwe luput marang aku. Nek ndika pancen duwe karep becik marang aku, ndika gelem lunga ninggalne Kepuh Agal kene lan ora melu ngrojongi kekarepane Kyai Daka kae, kuwi aku bakal matur nuwun marang ndika. Lan ndika bakal tak anggep wong sing sekti tenanan, senadyan satemene aku ngereti nek ndika kuwi dudu wong sing sekti. Nek ngono piye?”

        “Sansaya nrucak rembugmu Marga” Ki Dodor wiwit ilang sabare “apa klakon kowe tak ajar nganti lempe-lempe luwih dhisik, kareben mripatmu weruh yen Ki Dodor iki wong sing nyata sekti jayeng palugon he?”.

        “Sakersa ndika Ki Dodor, aku mung arep ngladeni” wangsulane Marga.

        “Nek pancen ngono saiki jajalen wae” Ki Dodor wiwit ngepelne tangan lan nata kuda-kudane “seksenana, kuwat ngadhepi aku nganti sepuluh jurus ora ngglethak neng lemah, tak guroni kowe Marga”.

        “Mangga Ki Dodor dicoba wae!” wangsulane Marga uga karo nata adeg-adege.

        Ora suwe wong loro kuwi wis padha ngunggar kasudiran adu kasekten. Ki Dodor nyata nek wong sing peng-pengan tenan, kajaba nduweni kaluwihan cukat lan trengginas, tenagane krasa yen ora baen-baen. Obahing tangan lan sikile seser kaya kitiran lan nuwuhake suwarane angin sing kaya lesus. Nanging Marga ora kalah lincah, siswa batin saka Pangeran Benawa sing   ngelmune wis luwih disampurnakne dening Ki Tanparupa kuwi bisa ngobahake ragane sing cepete tikel ping satuse obahe manuk srikatan. Sanadyan tanpa kendhat Ki Dodor neterake jurus-juruse sing mbebayani iya liwat sikil iya liwat tangane, suprandene ora ana sing bisa ngenani ragane Marga. Malah suwalike, bola-bali Ki Dodor kudu mencolot mundur merga ngrasakne lara jalaran tangane utawa sikile Marga sing ngenani perangane ragane. Ora mung bisa ngendhani wae, kekuwatane Marga uga wis ndadekne Ki Dodor gumun carup lan nesu, nalikane ing mangsa kala Marga ora kober endha serangane Ki Dodor kudu ditangkis sok nganggo tangan sok nganggo sikil, tempuking kekuwatane Marga lan Ki Dodor kuwawa gawe horege lemah ing sakupenge. Lan saben-saben kedadeyan mangkono kuwi, ajeg Ki Dodor nek ora kontal memburi banjur tiba gkangsaran neng lemah, ya kesurung mundur sing ndadekne kuda-kudene sumyur.  Sauntara Marga sanadyan uga kontal memburi nanging kahanane isih luwih becik, ora tau katon nganti tiba neng lemah. Sansaya suwe perang tandhing antarane Marga lan Ki Dodor kuwi dadi sansaya rame, Ora krasa atusan jurus wis lumaku, nanging durung ana tandha-tandha salah siji saka wong loro kuwi gelem ngakoni yen wis kasoran jurite.

        Ora kalah sereme kedadeyan sing ana sacedhake papan perang tandhinge Marga lan Ki Dodor. Ki Lembong sing ngigit-igit marang Rangga lan kepengin tumuli bisa gawe cilakane Rangga, jebul kaya lakune pacul sing nanggor watu item. Senadyan wis wola-wali ngunggahne tataran ngelmune, ewa samono Ki Lembong sing ngaku dadi Ratune Upas-upasan kuwi durung bisa ngalahne mungsuhe. Sakehing aji jaya kawijayan sing dicakne, kabeh bisa digawe cabar dening Rangga. Kamangka anggone tumandang Rangga katone geleme ora-ora. Ki Lembong sing kapeksa bola-bali tiba golung koming neng lemah, nganti sandhangane kebak lebu carup lan kringete. Merga kena sikil utawa kepelane Rangga, banjur maju maneh karo misuh-misuh utawa ngucapne tembung saru lan lekoh, diadhepi dening Rangga kanthi ayem, malah Rangga isih kober karo rengeng-rengeng barang. Kang mangkono kuwi ndadekne Ki Lembong sansaya muntap kanepsone.

        Rumangsa ora keconggah ngalahne Rangga kanthi lelahanan, wekasan Ki Lembong banjur nglolos Tumbake. Tumbak pusaka sing landheyane saka galihing kayu kukun, diukir remit ngentha awake ula jangkep sasisike, katon ireng mencorot kaya ula sing urip. Sauntara matane Tumbak dientha kaya sirahe ula sing lagi mangap, pucuke tumbak dientha kaya ilate ula sing cawang loro lan ing sisih ngisor dientha kaya siyunge ula. Ing tangane Ki Lembong, tumbak pusaka kuwi katon murup lan katon urip nalika disolahne, rupane tumbak wis ilang salin dadi kaya ula bandhotan sing lagi nyander-nyander mangsane. Sauntara kuwi, lumantar pucuking tumbake, Ki Lembong wis munjerake hawa murnine, temah saka tumbak kuwi katon pega abang sing nyembur-nyembur kaya ula Dumung Wesi sing lagi nyembur mungsuhe.

        Sakeplasan Rangga kaget weruh gegamane mungsuhe, nanging iya banjur bali rengeng-rengeng kaya mau. Rangga ndudut gaman sing disengkelitne neng gegere, bongkotan pring kuning sing sadriji jempolan gedhene lan dawane kira-kira patang kilan.

        “O jebul sing mbok kandhakne nek kowe kuwi Ratune upas-upasan kuwi mau, merga kowe duwe dolanan  sing wujud ula-ulanan kuwi ta Bong, Lembong?” karo ngudang bongkotan pring kuninge Rangga takon.

        “Setan alas kowe Rangga” wangsulane Ki Lembong karo misuh “tumuli tata-tataa Rangga, sedhela maneh kowe bakal dadi bathang garing, getihmu bakal dadi unjukane pusakaku Tumbak Kyai Taksakakobra”.

        “Aja samar Lembong” wangsulane Rangga karo ngguyu “wis ana unen-unene, matine kutuk merga marani sunduk, cilakane ula merga marani sampluk. Lha kanggo dolananmu sing kaya ula-ulanan kuwi ya wis tak cawisi sampluk, wujude carang pring sing ana tanganku iki. Mula ngati-ati olehmu nyekeli dolananmu nek nganti kena samplukku bisa uga ulamu mati sak sing nduwe pisan”.

        Diwangsuli karo ukara sing mangkono kuwi, Ki Lembong wis ora wangsulan maneh. Tumuli ngrapal mantram sektine, banjur mencolot maju karo namakne tumbake ngarah marang gulune Rangga. Nanging Rangga ora kurang prayitna, karo mencolot nisih ngiwa Rangga ngendhani panumbake Ki Lembong, temah tumbak mung ngenani angin. Rangga banjur muter bongkotan pring kuninge, nuwuhake suwara mbrengengeng kaya suwarane kumbang sing manungsung sarine kembang.

        Ora adoh ing sisihe Rangga lan Ki Lembong perang tandhing, ana kalangan liya sing uga katon nggegirisi. Ya kuwi perange Ki Jenggi sing wiwit pisanan krungu nek ana wong sing uga mulangne ngelmu kabatinan lan ora gelem nyawiji karo pagurone Kyai Dakam banget ngigit-igite, kepengin banget bisa gawe patine Ki Pawit. Mula tandange banget cukate, kaselak kepengin weruh mungsuhe mati ana tangane. Ki Pawit sing ngrumangsani yen wis tuwa lan tau krungu yen Ki Jenggi kuwi nyata wong sing sekti mandra guna, nanging Ki Pawit nduweni rasa banget pangemane marang Desa Kepuh Agal, nduweni tekad ora bakal gelem mati ana tangane Ki Jenggi sing dadi senapatine Kyai Daka. Mula kanthi sangu rasa pangati-ati Ki Pawit uga ora wedi ngadhepi Ki Jenggi. Ki Pawit milih ngakehne olehe endha nalika mungsuhe nrajang, banjur yen ana kalodhangan lagi genti males nyerang nanging panggah ora ninggal kaprayitnan. ora arang merga ngendhani panrajange mungsuhe, Ki Pawit nibakne awake ing lemah, ngglundhungne ragane murih ora kena sadhukan utawa pupuhane Ki Jenggi. Lan yen wis dirasa uwal saka bebaya, Ki Pawit banjur tangi lan mapakne adeg-adege kanggo ngadhepi mungsuhe.

        Suwe-suwe Ki Jenggi dadi sansaya muntap kanepsone, merga mungsuhe jebul angel dikalahne. Mula Ki Jenggi banjur nyandhak gegamane sing wujude Gada Wesi sing sapupu gedhene, karo ngundha gadane Ki Jenggi guneman marang Ki Pawit :

        “Jebul dina iki bakal ana lelakon sing nggegirisi Pawit. Kowe bakal mati kanthi raga sing remuk nek ora ya ajur mumur ketiban gadaku iki, mula tumuli tata-tataa kanggo budhal menyang dhasaring neraka kana!”.

 

 

ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (141)


 

141.

Kahanan dadi sansaya kosek bareng saka Pendhapa Panulad mudhun menyang Plataran ditutne Ki Lurah Pawana lan Para Bebau sarta para Sapukawat sing banjur padha jejer neng mburine Pradapa, wong-wong sing lagi wae padha ngglethak katon padha sigrak lan seger awake. Babar pisan ora nuduhake yen lagi wae padha waras saka sekarat neng pendhapa.

Kyai Daka nyawang marang Ki Lembong kanthi kebak tandha pitakonan ing mripate. Ki Lembong kerot-kerot saking nesune, kanthi suwara santak sedulure Kyai Daka kuwi takon marang Rangga lan Marga :

“He Rangga lan Marga sapa kowe kuwi sejatine he? Teka-teka wis wani dolanan sulapan neng ngarepe Ki Lembong sing wis kondhang minangka Ratuning upas-upasan, apa rumangsamu wong samene akehe iki manut wae mbok apusi karo sulapan sing mbok pamerne iki he? Apa rumangsamu aku oercaya nek wong-wong kuwi wis padha waras tenan saka larane he?”.

“Kowe kuwi wong tuwa kok ora njawa tata ta Ki Lembong?” Rangga sing aweh wangsulan karo mesem ngece “iki mau olehe rembugan antarane menungsa sing wani nganggo sebutan Kyai Daka karo Kakang Pradapa durung rampung, teka kowe nyela-nyela karo bengak-bengok kaya wong urakan ? Apa rumangsamu wong samene akehe iki banjur wedi nek kowe ngaku-aku minangka Ratune Upas-upasan he? Ngertia Lembong, Tenung Wisamu wis entek dayane kalah karo banyu kendhi sing diombe Ki Lurah saandhahane mau”.

“Setan kowe Rangga!” Ki Lembong misuh banter “bocah wingi sore wae, wani njangkar marang wong tuwa. Klakon tak suwek lambemu mengko!”.

“Ha ha ha ha…..” Rangga gumuyu banter “nek kowe arep ngajak gojek, mengko wae Lembong wong tuwek sing wis arep matek. Entenana sedhela, aku arep rembugan karo juraganmu sing wani-wani ngaku nganggo sebutan Kyai iki dhisik!”.

“Kowe arep omong apa Rangga?” sadurunge Ki Lembong semaur, wis kedhisikan Kyai Daka nggetak Rangga .

“Eh Daka, kowe nyata wong licik sing julig” wangsulane Rangga karo mesem sajak ngece “kowe aja selak, wong-wongmu wingi wis arep gawe cilakane Kakang Pradapa, wong siji sing tanpa gegaman dikrubut wongmu cacah sepuluh banjur jaran sing ora luput ya dipateni sarana dijemparing sing mawa wisa. Thik ngonowa, Lurahe murid-muridmu sing jeneng Danara kuwi isih nggawa kanca maneh kanggo melu ngrubut Kakang Pradapa, nganti wekasane, Parwa menungsa sing ngadeg neng mburimu kuwi nyawatake Kudhine menyang Kakang Pradapa, lan ngenani lempenge, ngono kowe ndadak arep selak he? Ngertia Daka, Tanggon sakancane kae weruh kabeh apa sing ditindakne Danara saandhahane marang Kakang Pradapa. Daka…Daka, ngertia!,  kowe kuwi wong licik sing rumangsa resik, kowe kuwi wong sing seneng tumindak juti sing wani nganggo sebutan Kyai.......".

“Iblis kowe Rangga…..!” dumadakan Danara mencolot maju karo Pedhang sing wis diliga arep nyedhaki Rangga “klakon tak tugel gulumu tenan kowe mengko”.

“Kuwanen kowe Danara” bareng karo menenge pangucap saka Danara, Panulad uga wis mencolot ngadhang neng ngarepe Danara karo guneman “kadohan yen kowe arep nandhingi Adhi Rangga, ayo golek panggonan sing jembar, jajalen ngadhepi Panulad luwih dhisik, leganing atiku”.

“Keparat kowe Panulad, anggepmu apa kowe arep wani karo aku he?” Danara nggetak Panulad karo mripat sing murup.

“Gak sah kakehan gunem Danara” wangsulane Panulad manteb “yen nyata kowe lanang tenan, ayo adhepana aku luwih dhisik sadurunge kowe nantang Adhi Rangga”.

Ora sranta Danara banjur mlumpat karo nyabetake pedhange ngarah gulune Panulad. Nanging Panulad ora lagi turu, lan dheweke uga ora kepengin sirahe gumlundhung neng lemah merga gulune keliwatan pedhange Danara.  Kanthi ngiringake awake, Panulad ngendhani sabetan pedhange Danara banjur disusul obahe awak sing endah, pedhang neng tangane disabetake mendhuwur ngarah menyang pedhange mungsuhe. Ora lidok, Danara sing tenagane kesurung dening pedhange, bareng pedhang neng tangane dipapal saka ngisor dening Panulad, pedhang kuwi ucul saka gegeman tangane, mencelat rada adoh saka panggonane. Jurus kapisan Danara wis digawe wirang dening Panulad.

“mBesuk maneh nek nyekel garan pedhang kuwi sing kenceng Danara” karo mesem ngece Panulad guneman “saiki ayo jupuken dhisik pedhangmu sing ceblok neng lemah kae, suthik aku ngadhepi mungsuh sing tanpa nyekel gegaman”.

Danara nggereng atine sansaya panas, banjur mlayu arep njupuk pedhange ditutne Panulad sing ora ninggal kaprayitnan. Ora let suwe wong loro kuwi wis bali adhep-adhepan siyaga mateni utawa dipateni mungsuhe.Merga kekarone padha dene olehe wis nggegem kenceng garan pedhange dhewe-dhewe.

Weruh muride wis ander pati mungsuh Panulad, Kyai Daka arep ngecakne cara julige. Gage wae dheweke nyedhaki Pradapa, karepe Pradapa arep diruket lan didadekne piranti kanggo meksa mungsuh-mungsuhe supaya pasrah,merga ngeman marang kaslametane Pradapa. Nanging jebul Kyai Daka kalah cepet karo tandange Ki Lurah Pawana, sadurunge Kyai Daka kober ngruket Pradapa, Ki Lurah Pawana luwih dhisik nggeret Pradapa memburi, banjur Ki Lurah ngadeg neng ngarepe Kyai Daka.

“Gus Pradapa dede mengsah ndika Kyai” muni ngono kuwi mripate Ki Lurah karo mripat mencereng nyawang praupane Kyai Daka.

“Karepmu apa Ki Jangglengan?” Kyai Daka nggetak Ki Lurah lan olehe nyebut ora Ki Lurah nanging malah nyebut Ki Jangglengan.

“Karepku wis cetha Kyai” wangsulane Ki Lurah Pawana “ndika sakanca ndika kabeh klebu Ki Danara dina iki kudu tak rangket dadi bandan, sabanjure bakal diadili manut paugeraning Kalurahan Kepuh Agal, jalaran ndika sakanca wis kebukten arep gawe kisruhe Kepuh Agal”.

“Lancang pangucapmu Pawana!” karo wangsulan ngono kuwi, Kyai Daka ngobahne kepelan tangane ngarah praupane Ki Lurah Pawana, dikamplengake sakayange.

Ki Lurah rada nisihne awake manganan, temah kamplengane Kyai Daka bisa diendhani, banjur sadurunge Kyai Daka kober narik kamplengane sing mung ngenani angin, sikile Ki Lurah diobahne nyadhuk wetenge Kyai Daka. Kyai Daka kaget ora sranta banjur nggunakne dhengkule kanggo nutupi wetenge murih ora kena sadhukane Ki Lurah. Ana kekuatan tempuk, kekuatane Ki Lurah sing sanadyan dudu kekuwatan wutuh tempuk karo kekuwatan panangkise Kyai Daka. Kekarone banjur padha kesurung mundur. Kyai Daka tiba krengkangan sawise mundur watara limang jangkah, sauntara Ki Lurah kontal memburi watara telung jangkah, sanajan ora nganti tiba nanging kuda-kudane dadi ambyar. Ora suwe antarane Ki Lurah karo Kyai Daka banjur dadi perang tandhing sing rame. Ki Lurah menang nom nanging uga lagi wae pulih tenagane sawuse lara kena tenung upase Ki Lembong, sauntara Kyai Daka sanajan luwih tuwa nanging luwih akeh kawruh ngelmu kanuragane. Dadi sansaya suwe perang tandhing kuwi sansaya nggegirisi, loro-lorone padha dene ngenteni klenane mungsuhe.

Para murid-muride Kyai Daka sing wiwit mau padha jejer rapet ing mburine gurune, bareng weruh Ki Danara lan uga Kyai Daka wis padha perang tandhing ngadhepi mungsuhe dhewe-dhewe, ora sranta banjur padha maju bareng arep bebela marang gurune. Nanging Tanggon sakancane, uga para Bebau lan Para Sapukawat sing mau baris jejer ing mburine Pradapa, uga wis siyaga jangkep sagegamane. Pangebyuke murid-muride Kyai Daka ditampani bareng-bareng. Mula ing plataran kono dadi sansaya rame, merga perange dadi kaya perang brubuh sing tanpa gelar perang ing palagan. Dhasar murid-muride Kyai Daka kuwi para brandhal dadi perange rusuh, karo tandange lambene ya melu misuh-misuh nek ora ya guneman sing saru lan lekoh. Nanging Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas sing wis rada sauntara sinau marang Panulad katambah Para Bebau sing wis akeh ngrasakne pedhes asine urip, mbaka sethithik bisa nyontoni para sinoman sing dadi sapukawat kuwi kepriye carane ngadhepi mungsuh sing kaya mangkono kuwi. Dadi ora suwe iya banjur padha ora bingung maneh ngadhepi tandang kasare para brandhal.

Sing durung ngalih saka panggonane kari Ki Pawit, Rangga lan Marga sing adhep-adhepan karo Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor. Sauntara Pradapa kumpul karo para Bebau lan Sapukawat ngadhepi para Brandhal andhahane Kyai Daka. Ki Jenggi sing wiwit teka ing Kepuh Agal nduweni rasa ora seneng marang Ki Pawit, banjur nyedhaki Ki Pawit. Ki Pawit nggragap awit wis tau krungu kasektene Ki Jenggi saka critane Kesit, nanging ya banjur tata-tata, niyate arepa kaya apa Ki Jenggi bakal diadhepi kanthi kekuwatan sing diduweni. Ki Lembong sing wiwit mau wis gela karo Rangga, banjur mencolot maju arep ngrangsang Rangga nganggo kepelane. Nanging Rangga wis siyaga, siswane Ki Tanparupa iku ora niyat ngendhani, nanging malah kepengin nodhi sepira kekuwatane mungsuhe. Kepelane Ki Lembong ditadhahi nganggo epek-epeke. Ana suwara jumlegur, awit anane kekuwatan sing tabrakan. Kekuwatane Rangga sing nangkis kedheseg karo kekuwatan pamupuhe Kyai Lembong. Rangga kedheseg mundur sajangkah, kuda-kudane ora owah, Ki Lembong kontal memburi watara limang jangkah tiba glangsaran ana lemah.

Karo tangi Ki Lembong misuh-misuh ora karuwan.

“Keparat kowe Rangga! Aku lagi nggunakne ora ana saprasepuluhe tanagaku, kowe wis nadhahi nganggo kekuwatan wutuh. Entenana piwalesku!”.

“Sakarepmu olehmu arep omong Lembong” wangsulane Rangga karo maju sajangkah nyedhaki Ki Lembong.

Ki Lembong banjur mapakne juruse, sikile diangkat kanggo nyadhuk dhadhane Rangga. Sepisan maneh Rangga ora niyat endha, tangane tengen ditekuk tangane kiwa dienggo nyangga, sikute dijokne kanggo nangkis sadhukane Ki Lembong. Rangga kontal memburi telung jangkah, kuda-kudane buyar. Ki Lembong kedheseg mundur watara limang jangkah, banjur adege dadi goyang, meh wae tiba nanging ora sida. Banjur bali nata kuda-kudane, ngenteni Rangga mbok menawa genti nyerang.

Ki Dodor wis ora bisa milih mungsuh, anane mung kari Marga. Satemene ana rasa gela ing atine Ki Dodor awit mung arep ngadhepi bocah nom sing durung sepiraa umure, sing miturut petungane Ki Dodor, ora nganti rong puluh jurus Marga mesthi wis ngglethak dadi bathang, nek ora ya mesthi wis melung-melung njaluk urip.

 

ana candhake

 

 

 

 

Jumat, 13 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (140)


 

140.

        Rangga lan Marga banjur njangkahne sikile arep ngunggahi Pendhapa. Panulad tanggap, banjur ngetutne nom-noman loro kuwi mau. Sadurunge mlaku Rangga kober mangsuli gunemane Lurah Danara :

        “Matur nuwun Ki Danara, aku karo adhiku ora mbutuhne wektu suwe kok, mung arep menehne jamu marang sing padha nunggu kareben mengko diombekne marang sing lara, mau Kisanak Panulad kandha yen batihe sing lara padha nunggoni. Dadi aku karo sedulurku mengko ora nganti sapanginang ya bali menyang plataran kene maneh”.

        “Iya” Danara wangsulan cekak.

        Marga sing nduweni ngelmu kasarasan, rumangsa seneng atine. Jalaran ora sah nganggo nakoni sing lagi lara, dheweke wis weruh apa sing ndadekne Ki Lurah lan para andhahane kuwi lara, merga krungu olehe bisik-bisik Ki Lembong marang Kyai Daka mau. Ya kuwi wong-wong kuwi kena Tenung Upas sing dilebokne dening Ki Lembong. Mula sawuse tekan jogan lan ngulati sing padha ngglethak karo ngempet rasa lara, Marga banjur njaluk tulung marang Panulad supaya golek kendhi cacah pitu sing wis diiseni banyu kabeh. Ora mbutuhne wektu sing suwe, Panulad wis oleh apa sing dijaluk Marga, jalaran jebul wong-wong sing padha nunggu kulawargane kuwi racak padha nggawa banyu saka omah sing uga diwadhahi kendhi. Ana sing sisa wingi durung diombe lan uga ana sing lagi teka merga lagi wae olehe ngirim anak-anake.

        “Kisanak Panulad aku nyuwun tulung maneh” kandhane Marga karo ngetokne Bumbung wadhah jamu saka waliking klambine ana buntelan klaras isi barang-barang bunder gedhene samrica-mrica. Saben kendhi siji dileboni barang bunder kuwi siji, banjur Marga nisihne bunderan cacah limalas maneh diulungne marang Panulad karo nutugne olehe kandha “Ki Lurah karo Para Bebau sarta para Sapukawat sing lagi padha lara iki, tulung ndika unjuki jamu iki siji-siji, banjur ndika aturi ngunjuk banyu kendhi sacukupe. Yen banyune isih turah bisa diunjuk dening sapa wae sing ngelak”.

        “Inggih Adhi” wangsulane Panulad karo nampani barang sing diulungne Marga. Ing Batin Panulad ngetung cacahe barang sing ditampa kuwi, kabeh ana limalas, dadi pas wong siji bageyan siji. Merga sing lara kabeh ana limalas, kajaba Ki Lurah lan bebau cacah papat, ana Sapukawat cacah sepuluh.

        “Sabanjure sing prelu ndika ngerti” Marga guneman maneh “sawuse ngunjuk jamu lan banyu kendhi iku, Ki Lurah lan wong-wong sing lagi lara kuwi bakal krasa ngantuk banjur padha sare, nanging ya ora suwe. Watara sapanginang, bakal padha wungu saka anggone sare lan muga-muga awit pitulunganing Allah, lelara sing ana salirane Ki Lurah lan Para Bebau sarta Para Sapukawat wis lunga, lan kanggo mulihnme kekuwatan murih bali wutuh, kabeh ndika aturi dhedhe ing ngisore sunar srengenge, bisa ana latar kana, ing mburine Kakang Pradapa sing lagi jejagongan karo Kyai Daka kae”.

        “Inggih Adhi, dhawuhipun Adhi Marga badhe kula tindakaken sak niki ugi” wangsulane Panulad.

        “Iya Kisanak Panulad, ya mung kuwi bisaku aweh tamba, muga-muga dikeparengake dening Gusti dadi sarana sarase Ki Lurah lan kabeh sing lagi padha lara. Saiki aku arep bali menyang plataran maneh, selak kesuwen anggone Kyai Daka ngenteni” Marga guneman maneh banjur marang Danara Marga uga banjur kandha “wis cukup Ki Danara, sepisan maneh aku nedha nrima marang ndika, saiki aku arep mudhun menyang Plataran maneh”.

        Danara ora wangsulan, nanging banjur ngetutne Rangga lan Marga sing ndhisiki mlaku arep mudhun menyang plataran, mbalik menyang papane ngadeg mau. Ing batin Danara ngguyu, jebul tamba sing diwenehne dening Marga marang Ki Lurah lan para andhahane mung wujud bunderan samrica-mrica sing rupane putih kaya uyah. Kamangka Danara ya wis ngerti nek satemene larane Ki Lurah karo para andhahane kuwi ora lara sabaene, nanging lara jalaran saka Tenung Wisa mandi sing dikirimake sarana mantram sakti dening Ki Lembong. Danara tau dikandhani Ki Lembong yen Tenung Upas kuwi mau peparinge Dewaning Upas sing jejuluk Nagaraja. Dadi wis kena dipesthekne nek sawise diombeni jamu saka Marga mau, wong-wong sing lara ora bakal bisa waras. Aja maneh mung jamu sing rupane kaya uyah dicarup karo banyu kendhi, bisoa marasna sing padha lara. Sedheng saupama ana Dewa mudhun saka Kahyangan wae, pra bakal ana sing bisa ngalahne dayane Tenung Upase Ki Lembong. Danara ora tau ngerti marang Marga sadurunge, lan ora ngerti nek jamu sing diwenehne Marga marang Panulad mau dudu sabaene jamu. Nanging jamu peparinge Ki Tanparupa sing digawe saka pathine oyot, godhong lan uwohe wit Ngilajul Marad sing thukul ing tengahing segara sakidule Tanah Jawa, sing bisa kanggo nambani sewu lelara lan gawe tawane sakehing wisa kang kebacut mlebu ing ragane manungsa.

        Sawise Rangga lan Marga bali ngadeg ing sisih kiwa lan tengene Pradapa, Kyai Daka rumangsa gumun, dene olehe nambani wong-wong mau, Rangga lan Marga mung sedhela. Kyai Daka ngira yen nom-noman loro kuwi mau wis kasoran perbawa karo dayaning Tenung Upas utawa Tenung Wisa saka Ki Lembong sing wis dilebokne marang ragane Ki Lurah lan andhane, mula banjur padha ngalih bali menyang papane sakawit. Nanging pangirane Kyai Daka ngono kuwi mau ora diblakakne, malah banjur wiwit guneman ngajak rembugan Pradapa :

        “Estunipun Raden, kula menika nampi wangsit saking Ingkang Maha Agung. Dene wosing wangsit inggih menika, ngabaraken ngengingi sambet-rapetipun Dhusun Kepuh Agal kalihan sipat kandelipun inggih menika Dhuwung Kyai Pantek ingkang rumiyin dados agemanipun Sawargi keng Bapa, inggih Ki Kepuh Agal Kapisan. Dhusun Kepuh Agal badhe manggih ayem tentrem tebih saking godha rencana manawi taksih katenggan dening Kyai Pantek kanthi wetah, liripun kajawi blegeripun Kyai Pantek kedah cumondhok ing Kepuh Agal mriki, ugi alusipun Kyai Pantek ugi kedah rumaos kraos ing Kepuh Agal. Kala rumiyin, Sawargi Ki Kepuh Agal Kapisan mila saged momong lan ngladosi kabetahaning batinipun Kyai Pantek mila boten nama aneh menawi, jaman Ki Kepuh Agal Kapisan taksih sugeng, Dhusun menika tansah ayem tentrem, pagesanganing kawula sansaya dangu sansaya makmur. Kosok wangsulipun, manawi ngantos Dhusun Kepuh Agal kapisah kalihan Kyai Pantek, mangka Dhusun ingkang suwaunipun ayem tentrem menika badhe wonten kemawon sambikalanipun. Gandheng Ki Lurah Kepuh Agal Kapisan sampun kundur ing ngayunaning Pangeran, mesthinipun ingkang pirsa kawontenanipun Kyai Pantek boten wonten malih kajawi jengandika Raden Pradapa”.

        “Nyuwun pangapunten Kyai” Pradapa aweh wangsulan alon nanging cetha “malah kula nembe menika mireng menawi Kyai Pantek menika sipat kandel dhusun Kepuh Agal ingkang boten kenging kapisahaken. Awit sadangunipun kula gesang, ingkang kula sumerepi Dhuwung menika agemanipun Bapa, lan Bapa nate paring dhawuh menawi Dhuwung Kyai Pantek menika dede kagunganipun Bapa piyambak, nanging bapa namung sadremi kaampilan kemawon. Lan nalika Bapa badhe seda ingkang katengganan dening Wa Pawit, kula lan Para Bebau kajawi Ki Danara Bebau ing Sidamulya, Bapa ugi boten dhawuh babagan menika. Lan sareng Bapa sampun seda, ing Plangkan Pusaka Dalem Kalurahan, Kyai Pantek sampun boten wonten malih. Lan mugi kauningan Kyai, nalika kula bidhal badhe ngayahi jejibahan winados saking Bapa, ing margi kula kepanggih kalihan Ki Parwa abdinipun Ki Danara lajeng katedahaken margi ingkang saged kaliwatan kapal, jebul ing margi ingkang dipun tedahaken Ki Parwa kala wau kula malah kepanggih tiyang-tiyang ingkang ngaken utusanipun Kyai lan nuwuhaken pasulayan. Rahayunipun kula saged mlipir margi temah boten saged kapeksa dening utusanipun Kyai ingkang badhe mbeta kula wangsul dhateng Kepuh Agal kanthi kawontenan gesang utawi pejah. Lan nalika kula mlipir margi kala wau, kula lajeng kepanggih Adhi Rangga lan Adhi Marga ingkang pranyata Adhi kekalih menika ingkang kajibah ngreksa Kyai Pantek dening ingkang kagungan. Kula inggih gumun salebeting manah, nalika kepanggih Wa Pawit ingkang ngendika menawi Wa Pawit kadhawuhan dening Kyai murih madosi kula, kamangka saderengipun menika Kyai sampun utusan kados ingkang kula aturaken ing ngajeng. Samangke sareng sampun kepanggih, Kyai dhawuh badhe ngajak ngrembag Kyai Pantek, awit saking menika murih cethanipun, Kyai kula suwun ngendika kemawon dhateng Adhi Rangga lan Adhi Marga, awit kekalihipun menika ingkang langkung pana babagan Kyai Pantek”.

        Diwangsuli dening Pradapa klawan tembung sing dawa mangkono kuwi, sapandurat Kyai Daka mbrabak abang praupane, untune digegetne kenceng. Samono uga kahanane Danara lan Ki Jenggi, Ki Lembong sarta Ki Dodor. Lan nalika Pradapa nyawang wong-wong sing baris rapet ing mburine Kyai Daka, Pradapa weruh yen Parwa lan wong sepuluh sing nyegat lakune kae uga padha ana kono. Saka praupane katon yen Parwa lan wong-wong sing nyegat Pradapa kuwi padha bingung atine.

        “Mangke rumiyin Raden” Kyai Daka guneman maneh, suwarane keprungu kedher, nanging ketara yen disareh-sarehake “kula babar pisan boten mangertos kalihan ingkang jengandika dhawuhaken menika, awit kula boten nate kengkenan sinten kemawon kangge manggihi jengandika kajawi Ki Pawit ingkang lajeng dipun kancani dening yoganipun pun Panulad. Dados menawi saderengipun wonten tiyang ingkang ngaken-aken kengkenan kula, cetha menawi wonten tiyang ingkang badhe damel awon kula ing ngarsa jengandika Raden Pradapa”.

        Dumadakan saka regol ngarep keprungu suwara rame-rame, suwarane wong sing padha tumuju menyang Plataran Kalurahan. Jebul sing teka para Nom-noman sing dadi Sapukawat Kepuh Agal sing durung manunggal karo Kyai Daka, tekane ngetutne Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas. Para sinoman sing lagi teka kuwi banjur baris rapet ana mburine Pradapa. Weruh tekane wong-wong kuwi, Kyai Daka katon yen kaget. Luwih-luwih Lurah Danara lan para andhahane sing baris rapet ing mburine Kyai Daka. Tanpa krasa,  Lurah Danara wis nggoceki garan pedhange sing dislempangne ana lempeng, semono uga para andhane sing uga wis wiwit padha ngliga gegamane dhewe-dhewe.

 

ana candhake

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (139)


 

139.

        Ing atine Kyai Daka ana rasa sing ora bisa nampa marang apa sing dadi wangsulane Ki Pawit sing ora klebu ing nalare kuwi. Wingi Kyai Daka nampa palapuran saka Lurah Danara yen Pradapa kapeksa ora bisa digawa bali menyang Kepuh Agal jalaran sawuse kena Kudhi sing disawatake Parwa, kunarpane Pradapa banjur ilang musna. Malah pangirane wong-wong bathange Pradapa sing ilang kuwi wis dipangan dening Dhemit sing mbaureksa sawijining watu gedhe sing manggon ing pinggire Kali Gebyog. Teka saiki kanthi entheng Ki Pawit kandha yen tekane wis nganthi Pradapa lan sawayah-wayah bisa diajak nemoni dheweke. Apa crita sing digawa Danara wingi kuwi dora?. Iku cetha yen luwih mokal maneh, ora ana tinone Danara wani dora marang dheweke. Kajaba saka iku, wong sepuluh sing ditambah wong lima las, sing diprentah nututi lan nggawa bali Pradapa, critane padha yen Pradapa kena Kudhine Parwa lan nandhang tatu sing abot, dadi saupama ora dibadhog dhemit sing mbaureksa watu gedhe sing ana pinggire Kali Gebyog, mesthine Pradapa wis tumekeng pati kentekan getih utawa saora-orane isih sekarat, embuh neng ngendi papane. Lan saupama ana sing aweh pitulungan marang Pradapa sing nandhang tatu abot, uga mokal yen saiki Pradapa wis bisa diajak bali menyang Kepuh Agal kajaba yen digotong lan mesthi durung bisa diajak rembugan.

        “Pripun Kyai ? Menapa sampun angsal Gus Dapa kula sowanaken ing ngarsa ndika, sakniki ugi?”  lagi ngrasakne kisruhe rasa, dumadakan Kyai Daka dikagetne dening pitakone Ki Pawit.

        “nDika sampun sembrana lho Ki Pawit” wangsulane Kyai Daka sajak ora seneng krungu pitakon sing kaya mangkono kuwi “ndika niku rembugan kalih tiyang tuwek, boten guyon klecon kalih lare sing lagi angon”.

        “nDika niku pripun ta Kyai?” Ki Pawit takon karo mesem sajak ngece “kula wangsul dhateng Pendhapa mriki niku nggih merga ajeng manggihi ndika Kyai Daka, Pangarsaning Paguron Ageng, Kyai sekti sing kondhang dados samodraning ngelmi agal lan alus. Gek kula niki nggih empun tuwek, boten lucu menawi wantun sembranan kalihan ndika. Kala emben ndika ngongkon kula murih madosi lan nganthi Gus Dapa wangsul dhateng Kepuh Agal minangka sarana anggen badhe ndika nambani anak kula lan para Bebau sarta para Sapukawat ingkang pating glethak niku? Sak niki sareng kula sampun angsal damel, kok ndika malah ngarani kula ngomong sembranan kaya guneman guyon klecon karo bocah angon, niku terange pripun?”.

        Nalika Ki Pawit guneman ngono kuwi mau, Lurah Danara metu saka omah mBuri, ditutne dening andhahane lan uga  Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor, wong telu sing kasebut keri iki lan Lurah Danara banjur ngadeg neng sisihe Kyai Daka kang uga isih ngadeg, dene andhahane Danara banjur padha bablas mudhun ing plataran Kalurahan.

        “nDika sampun salah tampa Ki Pawit” Kyai Daka nyarehne olehe guneman “mergi angsale ndika budhal lunga niku nembe  kalih dinten, kamangka teng pundi papane Raden Pradapa niku dereng cetha, kok ndika kanthi gampang saged wangsul ndherekne Raden Pradapa niku cethane pripun?”.

        “O ngoten ta?” Ki Pawit nglendhehne suwarane “papanipun Gus Pradapa niku empun cetha Kyai, kados sing ndika dhawuhne dhateng kula wingenane nika, menawi Gus Dapa nembe kakempalaken dening lelembut ingkang mbaureksa Dhusun Kepuh Agal kalihan lare-lare ingkang ical nalika samanten, boten saged katingalan dening tiyang limrah, jalaran nembe dipun tutupi ron salembar. Andilalah kala wingi niku, pas kula mlampah kalih anak kula Panulad niki, wonten angin radi banter, ron ingkang kangge nutupi Gus Pradapa lan lare-lare niku kabur, mula kula lajeng saged sumerep lan Gus Dapa lan lare-lare ugi sumerep kula. Lajeng lare-lare kalih Gus Dapa sami criyos menawi waunipun badhe wangsul boten sumerep margi, jane ngoten, Gus Dapa lan Tanggon sakancane nika nggih ngertos menawi dipadosi Ki Danara lan rencang-rencange, tiyang Ki Bebau Sidamulya niku nggih kober midaki ron ingkang nutupi Gus Dapa lan lare-lare niku. Nanging Ki Danara diceluki criyose boten ngrewes babar pisan. Kula nggih lajeng criyos, menawi kula ndika kengken madosi Gus Dapa, kula nggih criyos menawi Kyai Daka sampun kangen sanget dhateng Gus Dapa lan lare-lare kala wau. Mila sedaya inggih lajeng semrinthil ngetutne kula wangsul”.

        Krungu wangsulane Ki Pawit marang Kyai Daka mangkono kuwi, Panulad mesem banjur tangane ditutupne lambe ben ora keprojol guyune. Beda karo Danara sing banjur mbrabak abang praupane, mangar-mangar kaya kembang wora-wari. Untune nggeget banter, katon yen lagi ngampet kanepsone. Ki Jenggi sing uga ketok nek ora seneng ngrungokne tembung sing diucapne Ki Pawit, banjur bisik-bisik menyang kupinge Kyai Daka. Kyai Daka manthuk-manthuk, banjur guneman marang Ki Pawit :

        “Lha sak niki Raden Pradapa wonten pundi Ki Pawit? Nek nyata leres sing ndika kandhakne niku wau, mangga Raden Pradapa ndika aturi manggihi kula. Boten ing mriki, nanging ing plataran ngajeng mriku, sing papane luwih jembar lan luwih padhang”.

        “Inggih Kyai, mangga kula dherekaken teng plataran” wangsulane Ki Pawit sing banjur prentah marang anake wuragil “Panulad, Gus Dapa karo kancane loro kae mau aturana menyang Plataran, nemoni Kyai Daka”.

        “Inggih” wangsulane Panulad karo menyat “mugi-mugi ron sing wingi nutupi Gus Pradapa boten katut angin mriki lajeng nutupi malih”.

        Muni ngono kuwi, Panulad karo mesem, mripate nglirik prenahe Danara. Sing dilirik mencereng, mripate abang, nanging ora guneman apa-apa. Kyai Daka banjur ndhisiki metu arep mudhun menyang plataran, Danara karo Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor banjur tutwuri. Ki Pawit banjur pamitan marang mantune nek arep ngetutne Kyai Daka, karo pamitan Ki Pawit isih kober aweh pitutur marang mBok Mas Lurah supaya sabar.

        Ora suwe tekan Plataran Kalurahan, Kyau Daka ngadeg ing sisih kiwane uga ngadeg Ki Jenggi jejer karo Ki Lembong. Lan ing sisih kanane Danara dijejeri Ki Dodor. Sautara iku, para andhane Kyai Daka banjur mlumpuk ngadeg baris rapet neng mburine Gurune. Ki Pawit milih panggonan ngadeg ing ngarepe Kyai Daka watara gang rong dhepa. Saka regol ngarep Panulad mlebu plataran, ngiringne Pradapa sing diamping-ampingi Marga lan Rangga ing sisih kiwa lan tengene. Pradapa anggone mlaku katon jejeg, gagah, ora ana tandha-tandha yen lagi wae bubar lara.

        “Taklim kula katur Rama Kyai” kandhane Pradapa nalika lakune wis tekan ngarepe Kyai Daka.

        “Inggih Raden, boten langkung dhawah sami-sami” wangsulane Kyai Daka karo manthuk kurmat, nanging banjur takon karo suwara sing nuduhne ora senenging atine karo ngulati Rangga lan Marga “lha lare kalih menika sinten Raden? Kula dereng tepang lan boten betah kalih piyambakipun menika!”.

        “Inggih Kyai” wangsulane Pradapa karo mesem “nyuwun pangapunten menika Adhi Rangga lan Adhi Marga, kekalihipun ingkang samangke kajibah ngreksa kayuwananipun Dhuwung Kyai Pantek agemanipun sawargi Bapa Kepuh Agal Kapisan. Menawi Rama Kyai Daka, boten sarju ing panggalih awit wontenipun adhi kekalih menika, mangke kula aturanipun murih sumingkir sawatawis”.

        Ki Pawit lan Panulad padha mesem semu ngampet guyu krungu wangsulane Pradapa marang Kyai Daka mangkono kuwi. Beda karo Kyai Daka dhewe sing banjur groyok aweh wangsulan marang Pradapa :

        “Sampun Raden, sampun kadhawuhan sumingkir, kula kepengin rembagan sakedhik kalihan Kisanak Rangga lan Kisanak Marga menika rumiyin”.

        “Mangke rumiyin Kyai” wangsulane Pradapa panggah karo suwara sareh sing alus “kula mireng saking Wa Pawit lan Kakang Panulad, kabaripun Ki Kepuh Agal Kaping Kalih lan Para Bebau tuwin para Sapukawating Dhusun nembe nandhang gerah ing Pendhapa Kalurahan mriki? Menapa leres makaten?”.

        “Inggih Raden, mila leres kabar ingkang Raden tampi menika” wangsulane Kyai Daka karo suwara sing sajak prihatin “inggih awit kenging walat jalaran wantun ngawontenaken upacara kepyakan wisudan nanging saratipun kirang jangkep……”.

        “Manawi makaten” Pradapa nugel rembuge Kyai Daka “saderengipun Rama Kyai ngendikan kalihan Adhi Rangga lan Adhi Marga, kaparengna adhi kekalih menika paring jejampi dhateng Ki Lurah, Para Bebau lan para Sapukawat ingkang nembe sakit menika langkung rumiyin. Menawi Kyai boten marengaken, inggih sampun Adhi Rangga lan Adhi Marga badhe kula aturi sumingkir saking mriki. Awit miturut dhawuhipun Kyai ingkang lumantar Wa Pawit ingkang kula tampi, ingkang dipun betahaken Rama Kyai Daka menika namung kula piyambak, boten kalihan Adhi Rangga lan Adhi Marga”.

        Kyai Daka ora tumuli aweh wangsulan, malah wola-wali njengkerutne bathuke. Ki Lembong sing ngadeg ana sisihe tumuli, mbisiki Kyai Daka, alon-alon banget sing rumangsane mung bisa dirungokne Kyai Daka dhewe, kamangka Rangga lan Marga uga krungu kanthi cetha merga bocah loro kuwi wiwit mau wis ngecakne aji Sasra Pangrungune :

        “nDika idini wae, bocah loro kuwi nambani wong-wong sing padha ngglethak neng jogan kae. Nanging wisa tenung sing tak lebokne neng ragane wong-wong kae yekti ora ana tambane, aja maneh mung ditambani bocah sing lagi jajalan dadi dhukun, mbok Dewa pisan ora ana sing bisa nundhung tenung wisa peparinge Dewaning Upas Sang Nagaraja. Sajroning sepuluh dina mesthi kabeh wis modar dadi bathang”.

        Kyai Daka manthuk-manthuk karo mesem, banjur guneman marang Pradapa :

        “Inggih Raden kaleresan sanget menawi Kisanak Rangga lan Kisanak Marga kepareng badhe paring jejampi dhateng Ki Lurah saha sedaya ingkang nembe sakit ing pendhapa menika” Kyai Daka banjur prentah marang Lurah Danara “Danara dherekna Kisanak loro kuwi menyang papane Ki Lurah lan para Bebau sarta Sapukawating Desa sing lagi padha lara kae”.

        “Inggih Bapa Guru ngestokaken dhawuh” wangsulane Lurah Danara sing ditutugne kandha marang Rangga lan Marga “Ayo kisanak, tak terne munggah menyang Pendhapa papane wong-wong sing lagi padha lara sing arep ndika wenehi jamu kuwi”.

 

ana candhake

 

Kamis, 12 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (138.)

138.

        Wong-wong kuwi banjur padha ngadeg, mlaku menyang belik saprelu sesuci lan diterusne padha nindakne Panembah bebarengan. Lagi sawuse rampung nggone manembah marang Gusti Allah, Rangga banjur aweh sasmita marang Marga murih aweh wangsulan marang Ki Pawit lan Pradapa.

        “Kakang Pradapa” Marga wiwit guneman “ora bakal tak selaki, pancen antarane aku karo Kakang Rangga iki ana sambung rapete karo Ki Tanparupa. Lan anggonku wong loro iki klambrangan iki satemene lagi ngupadi Sendhang Mustikaning Warih. Sarta maneh, kapan olehku bocah loro bisa nemokne Sendhang kuwi, ora winatesan kudu suk kapan. Mung welinge sing paring dhawuh marang Kakang Rangga lan aku, sajroning lelaku nggoleki Sendhang Mustikaning Warih iki, aku bocah loro kadhawuhan, nindakne darmaning urip sarana tetulung marang sok sapaa sing mbutuhake pitulungan. Mula yen nyata Kakang Pradapa mbutuhake bau lan nalarku sakloron supaya melu mbudidaya murih padhange kahanan ing Kepuh Agal, Kakang Rangga lan aku babar pisan ora kabotan”.

        “Ngaturaken genging panuwun Adhi” Pradapa guneman karo praupan katon sansaya sumunar padhang “gandheng Adhi Rangga lan Adhi Marga sampun uninga menggah lelampahan ingkang wonten ing Kepuh Agal, inggih saking atur lan cariyos kula lan kawewahan kabar saking Wa Pawit kala wau, samangke borong dhateng Adhi Kekalih anggenipun badhe miwiti paring pitulungan dhateng Kepuh Agal, kula Wa Pawit, Kakang Panulad lan sedaya ingkang wonten mriki namung saged nengga menapa ingkang dados dhawuh saking Adhi kekalih, pindhaning jemparing sagandewanipun, lampah kula gumantung dhateng dhawuh saking ndika Adhi Rangga lan Adhi Marga, bebasan putung kabalangna lebur kasawurna kangge padhanging Kepuh Agal kula sakanca boten badhe wigih anglampahi”.

        Bubar guneman mangkono kuwi Pradapa banjur genti-genti ngulati Ki Pawit lan Panulad. Wong loro kuwi padha manthuk nandhakne yen sarujuk karo apa sing dikandhakne Pradapa marang Rangga lan Marga. Wong-wong kuwi banjur padha genti ngulatne Rangga lan Marga, ngarep-arep wangsulan utawa rerigen saka nom-noman loro kuwi.

        “Yen Pancen mangkono, saiki ngene wae” genti Rangga sing guneman sareh “kanggo sawatara wektu, Kakang Pradapa kudu mbalik dhisik menyang Kepuh Agal, bareng karo Ki Pawit lan Kisanak Panulad, kanggo netepi kasaguhane Ki Pawit marang Kyai Daka”.

        “Menapa kula kedah masrahaken Kyai Pantek dhateng Kyai Daka Adhi?” Pradapa nyelani takon karo njengkerutne bathuke.

        “Mengko dhisik ta” Rangga aweh wangsulan “aja kesusu nyelani rembug, merga tembungku iki durung rampung, mengko nek wis rampung ndika kena takon kanggo nampa utawa nampik rerigen sing tak kandhakne”.

        “Inggih nyuwun pangapunten Adhi” Pradapa katon nek rumangsa luput “mangga katutugna anggenipun Adhi Rangga paring dhawuh”.

        “Kajawi nganthi Kakang Pradapa manggihi Kyai Daka” Rangga nutugne guneme “Ki Pawit kaparenga ugi ngajak kula kalihan Adhi kula pun Marga”.

        “Inggih Anakmas, boten langkung ngestokaken dhawuh” wangsulane Ki Pawit.

        “Sabanjure Kakang Pradapa” Rangga genti guneman marang Pradapa “sawise tekan ngarepe Kyai Daka, ndika aja nganti nuduhake Keris Kyai Pantek marang Kyai Daka. Nanging ndika kandha wae yen Keris Kyai Pantek kuwi wis sauntara ndika titipne marang aku lan Marga. Yen Kyai Daka nedya cilike weruh gedhene kepengin nyilih utawa njaluk Keris Kyai Pantek, ndika kongkon supaya nembung dhewe marang aku, nanging luwih dhisik Kyai Daka kudu ngolehi Marga aweh tamba marang Ki Lurah lan Para Bebau sarta para Sapukawat sing saiki lagi padha lara kuwi. Mengko, aku karo Marga sing bakal ngadhepi sawutuhe marang apa sing arep dicakne Kyai Daka sakancane. nDika aja kuwatir, Kyai Pantek ora bakal uwal saka raga ndika”.

        “Inggih Adhi, sedaya dhawuhipun Adhi Rangga badhe kula lampahi” Pradapa wangsulan.

        “Marang Kang Tanggon sakancane aku njaluk tulung” Rangga genti kandha marang Tanggon .

        “Mangga kadhawuhna kemawon” Tanggon wangsulan canthas “kula sakanca badhe kanthi remening manah badhe nindakaken ingkang dados dhawuhipun Denmas, eh Adhi Rangga lan Adhi Marga”.

        “nDika kudu bali menyang Kepuh Agal maneh, bareng karo Kyai Pawit lan Kisanak Panulad” Rangga aweh prentah “nanging yen wis tekan Kepuh Agal, ndika sakanca aja padha melu menyang Kalurahan dhisik. nDika padha golekana Sinoman lan Sapukawat Kepuh Agal sing durung katut dadi andhahane Kyai Daka, nanging ora katut lara kaya Ki Lurah. Yen wis banjur padha ajaken menyang Kalurahan, mbok menawa mengko ana gaweyan sing kudu ditandangi”.

        “Inggih, Adhi sendika ngestokaken dhawuh” wangsulane Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas bebarengan.

        “Wis kakang Pradapa, olehku guneman wis rampung, saiki ndika tak lilani takon utawa nuduhake endi sing miturut ndika kudu diowahi?” Rangga banjur kandha marang Pradapa.

        “Sampun cekap Adhi, boten wonten ingkang kedah dipun ewah-ewah” wangsulane Pradapa.

        “Kados pundi Kyai ?” genti Rangga nakoni Ki Pawit.

        “Inggih Anakmas” Ki Pawit wangsulan “kula namung badhe nyuwun pirsa”.

        “Mangga Kyai, Kyai ngersakaken mundhut pirsa ingkang pundi?” Rangga wangsulan karo mesem.

        “Saenipun benjang menapa anggenipun miwiti padamelan menika Anakmas?” Ki Pawit ngandhakne sing dadi pitakone.

        Rangga mesem amba, wangsulane:

        “Kula kinten langkung enggal kawiwitan inggih langkung sae, Kyai. Kadospundi menawi benjing enjing anyarengi jumedhuling surya saking sisih wetan, awakipun piyambak kedah sampun dumugi ing Dalem Kalurahan Kepuh Agal?”.

        “Menika kula sakalangkung sarujuk Anakmas” Ki Pawit wangsulan banjur noleh marang Pradapa karo takon “rak nggih makaten ta Gus?”.

        “Inggih Wa, kula ndherek kemawon menapa ingkang dados kersanipun Adhi Rangga”.

        Tetemon awan kuwi tumuli dianggep rampung, kabeh banjur padha mapan leren ana guwane Tanggon sakancane. Bengine nalika Rangga lan Marga kaya padatan padha nindakne laku pasujudan, mahas ing sepi nenuwun marang Gusti murih anggone urip ing donya bisa migunani tumrap titah liyane, lan nyuwun murih Gusti kepareng nampa apa kang ditindakne minangka laku kanggo manembah marang Gusti, Ki Pawit, Pradapa lan Panulad padha nusul lan melu nindakne apa sing dilakoni Rangga lan Marga kuwi. mBarengi sirepe suwara rijalolah, Rangga aba supaya kabeh padha tata-tata budhal bali menyang Kepuh Agal nindakne apa sing wis dirancang awan mau.

        Nalika Bang-bang wetan wis katon sumamburat, lakune wong-wong saka guwane Tanggon, wis tekan sacakete Padhukuhan saka Desa Kepuh Agal. Wong-wong kuwi padha leren ing sapinggire Kali Gebyog, saprelu nindakne panembah wektu esuk marang Gusti Kang Maha Agung. Lan nalika srengenge esuk katon muntup-muntup jumedhul saka wetan, lakune wong-wong kuwi wis tekan Kalurahan Kepuh Agal. Kahanan Kalurahan katon sepi, wong rondha sing kajibah jaga regol kalurahan wis padha bali menyang omahe dhewe-dhewe. Rangga kongkonan Ki Pawit lan Panulad supaya padha bablas munggah menyang pendhapa, Rangga, Marga lan Pradapa leren ing mburine Regol murih ora gampang diweruhi wong, lan sawayah-wayah dibutuhne supaya diparani. Dene Tanggon sakancane, wiwit mlebu padhukuhan Kepuh Agal mau, kabeh wis padha mencar, nindakne prentahe Rangga supaya nggoleki para sinoman lan sapukawat sing durung dadi andhahane Kyai Daka.

        Tekane Ki Pawit lan Panulad  ing Pendhapa Kalurahan, ndadekne sing ana kono padha kaget, jebul sing padha lara padha ditunggoni lan diopeni dening kulawargane dhewe-dhewe, ya kuwi bojone utawa anake. Ki Pawana ditunggoni bojone sing saiki wis wenang nganggo sebutan mBok Mas Lurah. Wong wadon kuwi gita-gita olehe mapagne tekane maratuwa karo adhine ipe.

        “Lha Kyai Daka lan andhahane mau bengi apa bali menyang omahe ?” pitakone Ki Pawit marang mantune wadon.

        “Inggih Ramake” wangsulane mBok Mas Lurah “Kyai Daka lan Bebau Sidamulya sami wangsul, nanging sedherekipun Kyai Daka ingkang tiga menika ugi murid-muridipun boten, sedaya sami tilem ing dalem wingking dereng sami tangi. Kados pundi Ramake? Menapa sampun pikantuk tamba kangge Kyaine kula?”.

        “Iya awit saka pandongamu lan pandongane kabeh sing ana kene, aku wis kepethuk karo sing tak goleki, ya muga-muga wae awan iki mengko kabeh wis bisa ditambani lan bisa waras bali kaya wingi uni” wangsulane Ki Pawit marang mantune “saiki aku ngenteni tekane Kyai Daka, sing mesthine ora suwe maneh bakal bali mrene, nek ora Kyai Daka ya Lurah Danara”.

        “Sokur ta Ramake, selak mesakaken sedaya ingkang sami sakit menika, kala dalu sambatipun boten kanten-kantenan” mBok Mas Lurah guneman maneh “nanging dening sedherek lan muridipun Kyai Daka boten dipun tulungi malah dipun getak-getak kados pesakitan lan dipun uneni menawi boten dangu malih sedaya badhe pejah, ndadosaken sedaya ingkang wonten mriki sami nangis. Menika kala wau nembe kemawon sami saget kendel, saged tilem mila lajeng boten sami sambat, menawi boten tilem mesthi sedaya sami sambat sakit”.

        “Ya sing gedhe nggonmu sabar nDhuk” wangsulane Ki Pawit aweh panglipur “pancen wektu iki bojomu lan liya-liyane lagi dadi lakon, lagi nandhang lara kaya mangkono kuwi, adile panandhang kuwi ya disandhang klawan  nggedhekne rasa sabar, lila legawa pasrah marang pangwasane Allah, ya muga-muga wae sawise ditambani, kabeh tumuli waras”.

        Nengah-nengahi Ki Pawit rembugan karo mantune, Kyai Daka lan Lurah Danara padha teka, kekarone padha munggah menyang pendhapa. Wong loro kuwi kaget semu ora percaya karo panyawange dhewe, nalika padha weruh Ki Pawit lan Panulad sing padha linggih ing sacedhake Ki Lurah Pawana. Nanging ya ora suwe, wong loro kuwi temen wis weruh yen sing lagi linggih kuwi temen-temen Ki Pawit lan Panulad. Lurah Danara banjur bablas mlebu menyang omah mburi, arep nggoleki andhahane. Kyai Daka banjur alok marang Ki Pawit :

        “Lho ndika sampun dugi malih ta Ki Pawit? Pripun sampun kepanggih kalih Raden Pradapa menapa dereng?”.

        “Inggih Kyai” wangsulane Ki Pawit karo mesem “angsal pandonga ndika, lampah kula manggih asil, kula sampun kepanggih kalihan Gus Pradapa lan menawi sampun wonten palilah ndika, Gus Dapa tumunten kula aturane minggah mriki”.

        Praupane Kyai Daka nuduhne yen kaget, krungu wangsulane Ki Pawit mangkono kuwi.

 

 

Ana candhake

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...