Total Tayangan Halaman

Senin, 16 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (143)


 

143.

        Ki Pawit mencolot mundur watara limang jangkah, panyawange manther marang gadane Ki Jenggi sing pancen ya katon medeni, gedhe dawa lan katon meleng-meleng, pancen ya gada wesi. mBok menawa cara neng pewayangan ngono ya ngono kuwi kira-kira wujude gadane Raden Wrekodara sing jeneng Rujak Polo kae. Ana rasa geter ing atine wong tuwa kuwi, nanging ora ana rasa kepengin pasrah utawa mlayu ngethar nglungani mungsuhe. Karo ngunus glathi dawa saka wrangkane, Glathi sing rupane semu kuning sing jarene tiron saka Glathi Kyai Suluh agemane Ki Gedhe ing Banyubiru, yasane Pangeran Buntara, putra Majapahit,  Ki Pawit guneman mangsuli gunemane Ki Jenggi :

        “Pati lan uripku aku ora duwe Ki Jenggi, nanging kagungane Gusti Sing Maha Agung. Sawayah-wayah Gusti ngersakne aku mati, senajan ora kena gaman apa-apa ya aku bakal mati, nanging yen Gusti isih ngersakne aku urip ana alam padhang iki, sanadyan mbok tibani gadamu sing nyata nggegirisi kuwi ya ora bakal aku tumekeng pati. Lan ndika ya kudu ngerti, sing duwe gegaman ampuh kuwi ora mung ndika dhewe, aku ya tau diwarisi wong tuwaku Glathi Kyai Suluh, yasane Pangeran Buntara lan dina iki arep tak enggo ngadhepi ndika sing wis mandi Gada Wesi kuwi, mula nek nganti mengko ana  kedadeyan glathi iki nyuwek jantung ndika, aku ya njaluk pangapura”.

        “Iblis gerang keparat kowe Pawit” Ko Jenggi misuh karo nggereng “wis arep modar wae kowe isih nyoba umuk meden-medeni aku karo gamanmu, arepa kowe nggawa gamane Bathara Surapati pisan ora bakal kowe bisa mateni aku, nanging yen ragamu ketiban gadaku iki, mesthi ajur mumur dadi sawalang-walang tenan”.

        Ki Jenggi banjur ngundha gadane, diputer-puter lan diobat-abitne nuwuhake suwara sing nggegirisi. Ki Pawit sansaya nambahi kawaspadane, garan Glathine digegem kenceng, siyaga mapag tekane bebaya. Perang tandhing kuwi mundhak sansaya rame.

        Sauntara iku, ora adoh saka kono katon Kyai Daka nuduhake kasudirane. Sanadyan umure wis klebu rada tuwa, nanging pranyata tandange sansaya nggegirisi, tumbak Trisula sing dadi gegamane kaya duwe mata sing tansah ngiteri dhadha lan gulune Ki Lurah Pawana. Kyai Daka nyata cukat lan trampil, saobah-obahe tansah nggawa bebaya tumrap mungsuhe. Sedhela katon ndheseg karo namakne Trisulane ngarah marang dhadhane mungsuhe, sedhela maneh karon jempalitan mletik ngiwa mletik nengen , mbebeda murih lenaning mungsuh. Nanging sing diadhepi Kyai Daka dudu lamake wong loro suadhon, telu saurupan. Nanging Ki Lurah Pawana. Sing arepa kaya apa tau diwulang ngelmu kanuragan dening wong tuwane. Katambahan maneh saka akehe kawruh sing ditemu sasuwene dadi Bebau ing Jangglengan, ndadekne Ki Lurah dadi wong sing sugih kawaspadan lan pangati-ati. Pedhang neng tangane, kajaba disolahake kanggo mbabat lan nyuduk mungsuhe uga kala-kala dienggp nangkis trisula sing ngancam dhadha lan gulune. Dadi ora gampang tumrape Kyai Daka ngasorake mungsuhe iki.

        Satemene, ngelmu kanuragan sing diduweni Kyai Daka isih adoh manggon ing sadhuwure Ki Lurah Kepuh Agal Kapindho. Nanging merga Kyai Daka dikuwasani nafsu selak kepengin gawe cilakane mungsuhe, katambahan Ki Lurah sing ngrumangsani duwe tanggung jawab tunmrap kaslametane Kepuh Agal lan duwe rasa pangati-ati lan kawaspadan sing cukup, ndadekne perang tandhing kuwi karon timbang bobote. Sing ndadekne gumune Kyai Daka, wis wola-wali pucuk trisulane nggarit geger lan lengene Ki Lurah sing ndadekne klambine Ki Lurah rowak-rawek lan rupane malih dadi abang merga kringet sing campur getih, nanging Ki Lurah panggah ora kengguh.Isih katon kuwat lan ora susut tenagane, kamangka tumbak trisula kuwi dudu sabaene tumbak, nanging wis dicencem ing wisane ula sing mandi, sapa sing tatu merga kena tumbak trisula neng tangane Kyai Daka padha wae karo dicokot ula weling sing ora suwe banjur lumpuh dadi lan patine. Nanging kanyatane Ki Lurah Pawana katon ora ngrasakne lara babar pisan. Kang mangkono iku amarga Kyai Daka ora ngerti yen Ki Lurah Pawana lagi wae mangan lan ngombe banyu kendhi sing wis dicarupi sari-pathine oyod, godhong lan wohe wit Ngilajul Marad kang katiyasane bisa nyabarake sakehing upas lan wisa sarta nambahi kekuwataning raga. Beda karo pedhange Ki Lurah, senajan babar pisan ora mambu warangan, nalika pisan pindho pucuke bisa nggarit lengen lan gegere Kyai Daka, banjur nuwuhake rasa perih, jalaran iline kringet sing banjur nelesi tatu kuwi. Kang mangkono mau sansaya nambahi kabepsone Kyai Daka sing satemene ora ana gunane kajaba malah nyuda kawaspadane wae.

        Luwih dedreg lan luwih rame maneh kalangan sacedhake, ya kuwi kalangane Panulad sing tandhing tiyasa karo Danara. Padha-padha cukate, padha-padha trengginase lan padha-padha isih wutuh tenagane. Tandange Danara kena diparibasakne kaya tandange manuk alap-alap sing lagi ngerah calon mangsane. Pedhange sing gedhe lan abot mubeng kaya kitiran ngarah marang perangan ragane Panulad. Ya nyabet ya nyuduk. Ora tau ana lerene. Nanging tandange Panulad ngluwihi tandange manuk Srigunting sing duwe kabisan tansah bisa ngungkuli kesite alap-alap, bisa mabur ing dhuwure lan kesit sautane, dhasar cucuke sing rupane kuning prasasat landhep ngungkuli peso panyukur lan kuku cakare sing kuwat lan landhep ngungkuli guntinge para pandhe.  Mula sanadyan pedhange Danara prasasat ngurung obahe Panulad, nanging Panulad panggah bisa mecah kepungan pedhange mungsuhe.

        Sandhangan sing dienggo dening wong loro kuwi padha olehe wis malih rupane, merga getih sing metu saka tilas tatu sing ana ragane kena garitan pucuk pedhange mungsuh campur kringet banjur nelesi sandhangan sing padha dienggo. Padha karo Gurune, Danara ya rumangsa eram merga Panulad ora tumuli rubuh nalika kena garitan pucuk pedhange sing wis dicencem ana upase ula mandi. Danara ora ngira, yen sadurunge mudhun nusul menyang plataran mau, Panulad wis ngombe banyu kendhi ngentekne sisa sawise kanggo ngombeni Ki Lurah. Lan banyu kendhi kuwi wis kacaruban bunderan putih sing samrica gedhene, bunderan tamba yasane Ki Tanparupa sing diwenehake Marga, sing nduweni katiyasan ndadekne sing ngombe banyu kang kacaruban tamba kuwi dadi tawa kanggo sawatara dina nalika kena upase ula lan bangsane gegremetan liyane.

        Lan bareng klakon perang tandhing tenan, jebul ngelmu kanuragan sing diduweni Panulad isih ana sadhuwure Danara sanadyan ora pati akeh kaceke. Mula Danara ya bola-bali katon sansaya kadheseg mundur. Tatu garitan pucuk pedhang sansaya kerep ing gegere. Lan nalika sawijining kalodhanganm Danara weruh yen Panulad rada lena, ana benggangan sing bisa dibrobosi pedhang. Kamangka benggangan kuwi ngarah kenceng menyang jantunge Panulad. Mula tanpa mikir dawa, karo mbengok banter Danara  namakne pucuk pedhange kairing kekuwatan sawutuhe kanggo nembus nyuduk jantunge Panulad. Nanging jebul Danara kleru, benggangan kuwi mau pancen disengaja dening Panulad kanggo mancing mungsuhe. Mula bareng Danara wis kepancing, kanthi gampang Panulad bisa ngendhani, lan uga kanthi kekuwatan sing utuh, Panulad nyabetake pedhange. Kena sabetan pedhange Panulad, sakala tangane Danara sing mau kanggo nyekel pedhange, pedhot sadhuwure sikut, pedhang sak tangan sing nyekeli mencelat adoh tiba ing lemah, Danara nggeblag saka lengen sing wis pedhot kuwi getih mili kaya banyu tuk sing jebol tanggule.

        Panjerite Danara merga ngrasakne tangan sing pedhot, ndadekne kagete wong sak plataran. Ana andhahane Danara sing manggone ora adoh karo lurahe kuwi mencolot ninggalne mungsuhe, nyedhak marang Lurahe nanging ya ora bisa apa-apa merga weruh polahe Danara kaya pitik disembeleh lan getih sing banjir saka tangan sing wis ilang pucuke, rumangsa ora ngerti apa sing kudu ditindakne kanggo aweh pitulungan marang lurahe kuwi.

        “Cekelen lan udharana jarike kanggo mblebet tatune murih ora entek getihe!” Panulad prentah marang andhahane Danara kuwi.

        Andhahane Danara kuwi tumuli mencolot, Danara sing isih polah banjur ditindhihi lan diuculi jarike. Tatu neng tangane Danara diblebet kenceng nganggo jarik, getih sing mili banjur mampet, mbarengi Danara semaput ora eling apa-apa maneh.

        Sapukawat sing mau perang mungsuh andhahane Danara, nyedhak karo arep nyolahne pedhange, nanging banjur digetak dening Panulad :

        “Aja mbok bacutne!”

        Sapukawar kuwi mandheg banjur nyawang Panulad.

        “Mung wong sing nistha budine, sing arep gawe cilakane mungsuh sing ora duwe daya. Apa kowe ora weruh yen mungsuhmu kuwi lagi repot nulungi Lurahe he? Kana nek isih butuh arep perang goleka mungsuh liyane!” kandhane Panulad marang Sapukawat kuwi karo mencerengake mripate.

        Sapukawat kuwi ndhingkluk, banjur ngalih. Nanging banjur tumenga karo alok banter sing bisa dirungokne wong sakplataran :

        “Lurah Danara mati ….. Lurah Danara Mati…..Lurah Danara Mati Pedhot tangane….!”.

        Suwara ngono kuwi gemontang, ngebaki Plataran Kalurahan. nDadekne sing padha krungu padha kaget, luwih-luwih andhahane Danara, kajaba kaget ya rada percaya rada ora karo unine suwarane wong alok banter kuwi. Luwih-luwih bareng sing alok ora mung siji, nanging disambung dening suwara liyane sing uga ora kalah serune :

        “Lurah Danara Mati…. Lurah Danara Mati…….” Ana sing olehe alok mangkono.

        “Lurah Danara matu pedhot tangane…. Lurah Danara mati pedhiot tangane…….” Suwara liyane numpangi.

        Sing padha perang banjur leren, awit anane suwara sing sansaya rame kuwi. Panulad tanggap, banjur kanthi nggunakne hawa murnine dheweke melu alok sing suwarane ngalahne suwara sing wis ana :

        “He……. Para andhahane Lurah Danara, saiki kowe kabeh bisa milih. Milih mati apa milih urip?. Nek milih urip, padha selehna gegamanmu, padha ndhodhoka karo tangan diselehne ana geger.  Lan Para Sapukawat Kepuh Agal, bandanen para muride Kyai Daka sing wis seleh gegaman nganggp ikete. Aja nganti ana sing dipilara. Sing ora gelem seleh gegaman, sakarepmu arep mbok kapakne…….”.

        Suwarane Panulad keprungu cetha, mlebu ing kupinge para andhahane Lurah Danara. Rumesep neng jero atine para muride Kyai Daka.

 

 

Ana candhake.

 

 

Minggu, 15 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (142)


 

142.

        Beda karo Marga sing uga ngerti yen mungsuhe ngremehne kabisan lan kekuwatane. Kanthi mangkono, mungguhe Marga dadi luwih entheng anggone arep ngadhepi mungsuh sing ora bisa maca kekuwatan sing diduweni. Nanging merga wis tau krungu crita kasekten sing diduweni Ki Dodor, Marga ora ninggal pangati-atine. Liwat ajine sing aran Sasra Pandulu, Marga ya wis weruh isine keba sing digendhong ing gegere Ki Dodor, ula gedhe cilik sapirang-pirang sing padha nduweni upas sing banget mbebayani, panunggalane ula weling, ula welang, ula bandhotan, dumung, luwuk lan sapiturute. Mula kanggo jaga-jaga, Marga wis ngecakne Aji Panawa Wisa sing bisa ngayomi ragane saka sakehing wisa apa wae.

        “He Marga” Ki Dodor guneman semu nyepelekne “kowe kuwi isih bocah wingi sore, nanging sajake kowe wis udhu kendel bandha wani arep nglawan aku Ki Dodor, wong sing ora bisa dikalahne sapa wae. Piye nek awake dhewe ora sah ndadak kerengan tukaran kaya bocah-bocah kae he?”.

        “Aku iki satemene bocah sing ora seneng tukaran Ki Dodor” wangsulane Marga ayem “nanging aku luwih ora seneng nek ana wong sing ngendelake dumeh rumangsa duwe kasekten banjur dhemen tumindak sawiyah-wiyah marang sapepadhaning titah. Banjur apa sing ndika kersakne karo tembung ndika iki mau?”.

        “Bares wae, aku kasengsem weruh bebalunganing awakmu Marga, wektu iki kowe isih nom, nek kowe gelem nambahi nggonmu sinau kanuragan kanthi tuntunane guru sing mumpuni, ing mbesuk kowe mesthi dadi wong sing digdaya sekti mandra guna tanpa ana sing bisa ngasorake” kandhane Ki Dodor nganggo tembung sing rada sareh “piye yen kowe dadi muridku wae? Kowe ora sah nggatekne wong-wong sing padha tukaran kae, percayaa nek kowe gelem dadi muridku, kowe mesthi bakal dadi wong sing sekti mandra guna tenan, Marga”.

        “Emoh” Marga wangsulan karo mesem “aku ora seneng duwe guru kaya ndika kuwi Ki Dodor, merga nek nganti aku dadi murid ndika tan wurunga aku bakal dadi kaya ndika, ora bakal tambah kabisanku nanging malah ndadekne aku luwih bodho tinimbang sadurunge”.

        “Kowe aja nyepelekne aku Marga” Ki Dodor mencerengne mripate “yen kowe ora percaya marang kasektenku, kowe bisa mbuktekne saiki. Gage cekelen gegamanmu sing wujud Pedhang, keris utawa tumbak, tamakna marang ragaku, pilihen endi sing mbok senengi, nek nganti gamanmu bisa gawe tatu ana ragaku, aku meguru marang kowe kosok baline, nek gamanmu ora nedhasi ragaku kowe sing dadi muridku. Piye?”.

        “Emoh Ki Dodor” wangsulane Marga karo mesem “kajaba aku ora duwe gegaman kaya sing ndika kandhakne, aku ya wegah nek nganti gawe tatu ing ragane wong sing ora duwe luput marang aku. Nek ndika pancen duwe karep becik marang aku, ndika gelem lunga ninggalne Kepuh Agal kene lan ora melu ngrojongi kekarepane Kyai Daka kae, kuwi aku bakal matur nuwun marang ndika. Lan ndika bakal tak anggep wong sing sekti tenanan, senadyan satemene aku ngereti nek ndika kuwi dudu wong sing sekti. Nek ngono piye?”

        “Sansaya nrucak rembugmu Marga” Ki Dodor wiwit ilang sabare “apa klakon kowe tak ajar nganti lempe-lempe luwih dhisik, kareben mripatmu weruh yen Ki Dodor iki wong sing nyata sekti jayeng palugon he?”.

        “Sakersa ndika Ki Dodor, aku mung arep ngladeni” wangsulane Marga.

        “Nek pancen ngono saiki jajalen wae” Ki Dodor wiwit ngepelne tangan lan nata kuda-kudane “seksenana, kuwat ngadhepi aku nganti sepuluh jurus ora ngglethak neng lemah, tak guroni kowe Marga”.

        “Mangga Ki Dodor dicoba wae!” wangsulane Marga uga karo nata adeg-adege.

        Ora suwe wong loro kuwi wis padha ngunggar kasudiran adu kasekten. Ki Dodor nyata nek wong sing peng-pengan tenan, kajaba nduweni kaluwihan cukat lan trengginas, tenagane krasa yen ora baen-baen. Obahing tangan lan sikile seser kaya kitiran lan nuwuhake suwarane angin sing kaya lesus. Nanging Marga ora kalah lincah, siswa batin saka Pangeran Benawa sing   ngelmune wis luwih disampurnakne dening Ki Tanparupa kuwi bisa ngobahake ragane sing cepete tikel ping satuse obahe manuk srikatan. Sanadyan tanpa kendhat Ki Dodor neterake jurus-juruse sing mbebayani iya liwat sikil iya liwat tangane, suprandene ora ana sing bisa ngenani ragane Marga. Malah suwalike, bola-bali Ki Dodor kudu mencolot mundur merga ngrasakne lara jalaran tangane utawa sikile Marga sing ngenani perangane ragane. Ora mung bisa ngendhani wae, kekuwatane Marga uga wis ndadekne Ki Dodor gumun carup lan nesu, nalikane ing mangsa kala Marga ora kober endha serangane Ki Dodor kudu ditangkis sok nganggo tangan sok nganggo sikil, tempuking kekuwatane Marga lan Ki Dodor kuwawa gawe horege lemah ing sakupenge. Lan saben-saben kedadeyan mangkono kuwi, ajeg Ki Dodor nek ora kontal memburi banjur tiba gkangsaran neng lemah, ya kesurung mundur sing ndadekne kuda-kudene sumyur.  Sauntara Marga sanadyan uga kontal memburi nanging kahanane isih luwih becik, ora tau katon nganti tiba neng lemah. Sansaya suwe perang tandhing antarane Marga lan Ki Dodor kuwi dadi sansaya rame, Ora krasa atusan jurus wis lumaku, nanging durung ana tandha-tandha salah siji saka wong loro kuwi gelem ngakoni yen wis kasoran jurite.

        Ora kalah sereme kedadeyan sing ana sacedhake papan perang tandhinge Marga lan Ki Dodor. Ki Lembong sing ngigit-igit marang Rangga lan kepengin tumuli bisa gawe cilakane Rangga, jebul kaya lakune pacul sing nanggor watu item. Senadyan wis wola-wali ngunggahne tataran ngelmune, ewa samono Ki Lembong sing ngaku dadi Ratune Upas-upasan kuwi durung bisa ngalahne mungsuhe. Sakehing aji jaya kawijayan sing dicakne, kabeh bisa digawe cabar dening Rangga. Kamangka anggone tumandang Rangga katone geleme ora-ora. Ki Lembong sing kapeksa bola-bali tiba golung koming neng lemah, nganti sandhangane kebak lebu carup lan kringete. Merga kena sikil utawa kepelane Rangga, banjur maju maneh karo misuh-misuh utawa ngucapne tembung saru lan lekoh, diadhepi dening Rangga kanthi ayem, malah Rangga isih kober karo rengeng-rengeng barang. Kang mangkono kuwi ndadekne Ki Lembong sansaya muntap kanepsone.

        Rumangsa ora keconggah ngalahne Rangga kanthi lelahanan, wekasan Ki Lembong banjur nglolos Tumbake. Tumbak pusaka sing landheyane saka galihing kayu kukun, diukir remit ngentha awake ula jangkep sasisike, katon ireng mencorot kaya ula sing urip. Sauntara matane Tumbak dientha kaya sirahe ula sing lagi mangap, pucuke tumbak dientha kaya ilate ula sing cawang loro lan ing sisih ngisor dientha kaya siyunge ula. Ing tangane Ki Lembong, tumbak pusaka kuwi katon murup lan katon urip nalika disolahne, rupane tumbak wis ilang salin dadi kaya ula bandhotan sing lagi nyander-nyander mangsane. Sauntara kuwi, lumantar pucuking tumbake, Ki Lembong wis munjerake hawa murnine, temah saka tumbak kuwi katon pega abang sing nyembur-nyembur kaya ula Dumung Wesi sing lagi nyembur mungsuhe.

        Sakeplasan Rangga kaget weruh gegamane mungsuhe, nanging iya banjur bali rengeng-rengeng kaya mau. Rangga ndudut gaman sing disengkelitne neng gegere, bongkotan pring kuning sing sadriji jempolan gedhene lan dawane kira-kira patang kilan.

        “O jebul sing mbok kandhakne nek kowe kuwi Ratune upas-upasan kuwi mau, merga kowe duwe dolanan  sing wujud ula-ulanan kuwi ta Bong, Lembong?” karo ngudang bongkotan pring kuninge Rangga takon.

        “Setan alas kowe Rangga” wangsulane Ki Lembong karo misuh “tumuli tata-tataa Rangga, sedhela maneh kowe bakal dadi bathang garing, getihmu bakal dadi unjukane pusakaku Tumbak Kyai Taksakakobra”.

        “Aja samar Lembong” wangsulane Rangga karo ngguyu “wis ana unen-unene, matine kutuk merga marani sunduk, cilakane ula merga marani sampluk. Lha kanggo dolananmu sing kaya ula-ulanan kuwi ya wis tak cawisi sampluk, wujude carang pring sing ana tanganku iki. Mula ngati-ati olehmu nyekeli dolananmu nek nganti kena samplukku bisa uga ulamu mati sak sing nduwe pisan”.

        Diwangsuli karo ukara sing mangkono kuwi, Ki Lembong wis ora wangsulan maneh. Tumuli ngrapal mantram sektine, banjur mencolot maju karo namakne tumbake ngarah marang gulune Rangga. Nanging Rangga ora kurang prayitna, karo mencolot nisih ngiwa Rangga ngendhani panumbake Ki Lembong, temah tumbak mung ngenani angin. Rangga banjur muter bongkotan pring kuninge, nuwuhake suwara mbrengengeng kaya suwarane kumbang sing manungsung sarine kembang.

        Ora adoh ing sisihe Rangga lan Ki Lembong perang tandhing, ana kalangan liya sing uga katon nggegirisi. Ya kuwi perange Ki Jenggi sing wiwit pisanan krungu nek ana wong sing uga mulangne ngelmu kabatinan lan ora gelem nyawiji karo pagurone Kyai Dakam banget ngigit-igite, kepengin banget bisa gawe patine Ki Pawit. Mula tandange banget cukate, kaselak kepengin weruh mungsuhe mati ana tangane. Ki Pawit sing ngrumangsani yen wis tuwa lan tau krungu yen Ki Jenggi kuwi nyata wong sing sekti mandra guna, nanging Ki Pawit nduweni rasa banget pangemane marang Desa Kepuh Agal, nduweni tekad ora bakal gelem mati ana tangane Ki Jenggi sing dadi senapatine Kyai Daka. Mula kanthi sangu rasa pangati-ati Ki Pawit uga ora wedi ngadhepi Ki Jenggi. Ki Pawit milih ngakehne olehe endha nalika mungsuhe nrajang, banjur yen ana kalodhangan lagi genti males nyerang nanging panggah ora ninggal kaprayitnan. ora arang merga ngendhani panrajange mungsuhe, Ki Pawit nibakne awake ing lemah, ngglundhungne ragane murih ora kena sadhukan utawa pupuhane Ki Jenggi. Lan yen wis dirasa uwal saka bebaya, Ki Pawit banjur tangi lan mapakne adeg-adege kanggo ngadhepi mungsuhe.

        Suwe-suwe Ki Jenggi dadi sansaya muntap kanepsone, merga mungsuhe jebul angel dikalahne. Mula Ki Jenggi banjur nyandhak gegamane sing wujude Gada Wesi sing sapupu gedhene, karo ngundha gadane Ki Jenggi guneman marang Ki Pawit :

        “Jebul dina iki bakal ana lelakon sing nggegirisi Pawit. Kowe bakal mati kanthi raga sing remuk nek ora ya ajur mumur ketiban gadaku iki, mula tumuli tata-tataa kanggo budhal menyang dhasaring neraka kana!”.

 

 

ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (141)


 

141.

Kahanan dadi sansaya kosek bareng saka Pendhapa Panulad mudhun menyang Plataran ditutne Ki Lurah Pawana lan Para Bebau sarta para Sapukawat sing banjur padha jejer neng mburine Pradapa, wong-wong sing lagi wae padha ngglethak katon padha sigrak lan seger awake. Babar pisan ora nuduhake yen lagi wae padha waras saka sekarat neng pendhapa.

Kyai Daka nyawang marang Ki Lembong kanthi kebak tandha pitakonan ing mripate. Ki Lembong kerot-kerot saking nesune, kanthi suwara santak sedulure Kyai Daka kuwi takon marang Rangga lan Marga :

“He Rangga lan Marga sapa kowe kuwi sejatine he? Teka-teka wis wani dolanan sulapan neng ngarepe Ki Lembong sing wis kondhang minangka Ratuning upas-upasan, apa rumangsamu wong samene akehe iki manut wae mbok apusi karo sulapan sing mbok pamerne iki he? Apa rumangsamu aku oercaya nek wong-wong kuwi wis padha waras tenan saka larane he?”.

“Kowe kuwi wong tuwa kok ora njawa tata ta Ki Lembong?” Rangga sing aweh wangsulan karo mesem ngece “iki mau olehe rembugan antarane menungsa sing wani nganggo sebutan Kyai Daka karo Kakang Pradapa durung rampung, teka kowe nyela-nyela karo bengak-bengok kaya wong urakan ? Apa rumangsamu wong samene akehe iki banjur wedi nek kowe ngaku-aku minangka Ratune Upas-upasan he? Ngertia Lembong, Tenung Wisamu wis entek dayane kalah karo banyu kendhi sing diombe Ki Lurah saandhahane mau”.

“Setan kowe Rangga!” Ki Lembong misuh banter “bocah wingi sore wae, wani njangkar marang wong tuwa. Klakon tak suwek lambemu mengko!”.

“Ha ha ha ha…..” Rangga gumuyu banter “nek kowe arep ngajak gojek, mengko wae Lembong wong tuwek sing wis arep matek. Entenana sedhela, aku arep rembugan karo juraganmu sing wani-wani ngaku nganggo sebutan Kyai iki dhisik!”.

“Kowe arep omong apa Rangga?” sadurunge Ki Lembong semaur, wis kedhisikan Kyai Daka nggetak Rangga .

“Eh Daka, kowe nyata wong licik sing julig” wangsulane Rangga karo mesem sajak ngece “kowe aja selak, wong-wongmu wingi wis arep gawe cilakane Kakang Pradapa, wong siji sing tanpa gegaman dikrubut wongmu cacah sepuluh banjur jaran sing ora luput ya dipateni sarana dijemparing sing mawa wisa. Thik ngonowa, Lurahe murid-muridmu sing jeneng Danara kuwi isih nggawa kanca maneh kanggo melu ngrubut Kakang Pradapa, nganti wekasane, Parwa menungsa sing ngadeg neng mburimu kuwi nyawatake Kudhine menyang Kakang Pradapa, lan ngenani lempenge, ngono kowe ndadak arep selak he? Ngertia Daka, Tanggon sakancane kae weruh kabeh apa sing ditindakne Danara saandhahane marang Kakang Pradapa. Daka…Daka, ngertia!,  kowe kuwi wong licik sing rumangsa resik, kowe kuwi wong sing seneng tumindak juti sing wani nganggo sebutan Kyai.......".

“Iblis kowe Rangga…..!” dumadakan Danara mencolot maju karo Pedhang sing wis diliga arep nyedhaki Rangga “klakon tak tugel gulumu tenan kowe mengko”.

“Kuwanen kowe Danara” bareng karo menenge pangucap saka Danara, Panulad uga wis mencolot ngadhang neng ngarepe Danara karo guneman “kadohan yen kowe arep nandhingi Adhi Rangga, ayo golek panggonan sing jembar, jajalen ngadhepi Panulad luwih dhisik, leganing atiku”.

“Keparat kowe Panulad, anggepmu apa kowe arep wani karo aku he?” Danara nggetak Panulad karo mripat sing murup.

“Gak sah kakehan gunem Danara” wangsulane Panulad manteb “yen nyata kowe lanang tenan, ayo adhepana aku luwih dhisik sadurunge kowe nantang Adhi Rangga”.

Ora sranta Danara banjur mlumpat karo nyabetake pedhange ngarah gulune Panulad. Nanging Panulad ora lagi turu, lan dheweke uga ora kepengin sirahe gumlundhung neng lemah merga gulune keliwatan pedhange Danara.  Kanthi ngiringake awake, Panulad ngendhani sabetan pedhange Danara banjur disusul obahe awak sing endah, pedhang neng tangane disabetake mendhuwur ngarah menyang pedhange mungsuhe. Ora lidok, Danara sing tenagane kesurung dening pedhange, bareng pedhang neng tangane dipapal saka ngisor dening Panulad, pedhang kuwi ucul saka gegeman tangane, mencelat rada adoh saka panggonane. Jurus kapisan Danara wis digawe wirang dening Panulad.

“mBesuk maneh nek nyekel garan pedhang kuwi sing kenceng Danara” karo mesem ngece Panulad guneman “saiki ayo jupuken dhisik pedhangmu sing ceblok neng lemah kae, suthik aku ngadhepi mungsuh sing tanpa nyekel gegaman”.

Danara nggereng atine sansaya panas, banjur mlayu arep njupuk pedhange ditutne Panulad sing ora ninggal kaprayitnan. Ora let suwe wong loro kuwi wis bali adhep-adhepan siyaga mateni utawa dipateni mungsuhe.Merga kekarone padha dene olehe wis nggegem kenceng garan pedhange dhewe-dhewe.

Weruh muride wis ander pati mungsuh Panulad, Kyai Daka arep ngecakne cara julige. Gage wae dheweke nyedhaki Pradapa, karepe Pradapa arep diruket lan didadekne piranti kanggo meksa mungsuh-mungsuhe supaya pasrah,merga ngeman marang kaslametane Pradapa. Nanging jebul Kyai Daka kalah cepet karo tandange Ki Lurah Pawana, sadurunge Kyai Daka kober ngruket Pradapa, Ki Lurah Pawana luwih dhisik nggeret Pradapa memburi, banjur Ki Lurah ngadeg neng ngarepe Kyai Daka.

“Gus Pradapa dede mengsah ndika Kyai” muni ngono kuwi mripate Ki Lurah karo mripat mencereng nyawang praupane Kyai Daka.

“Karepmu apa Ki Jangglengan?” Kyai Daka nggetak Ki Lurah lan olehe nyebut ora Ki Lurah nanging malah nyebut Ki Jangglengan.

“Karepku wis cetha Kyai” wangsulane Ki Lurah Pawana “ndika sakanca ndika kabeh klebu Ki Danara dina iki kudu tak rangket dadi bandan, sabanjure bakal diadili manut paugeraning Kalurahan Kepuh Agal, jalaran ndika sakanca wis kebukten arep gawe kisruhe Kepuh Agal”.

“Lancang pangucapmu Pawana!” karo wangsulan ngono kuwi, Kyai Daka ngobahne kepelan tangane ngarah praupane Ki Lurah Pawana, dikamplengake sakayange.

Ki Lurah rada nisihne awake manganan, temah kamplengane Kyai Daka bisa diendhani, banjur sadurunge Kyai Daka kober narik kamplengane sing mung ngenani angin, sikile Ki Lurah diobahne nyadhuk wetenge Kyai Daka. Kyai Daka kaget ora sranta banjur nggunakne dhengkule kanggo nutupi wetenge murih ora kena sadhukane Ki Lurah. Ana kekuatan tempuk, kekuatane Ki Lurah sing sanadyan dudu kekuwatan wutuh tempuk karo kekuwatan panangkise Kyai Daka. Kekarone banjur padha kesurung mundur. Kyai Daka tiba krengkangan sawise mundur watara limang jangkah, sauntara Ki Lurah kontal memburi watara telung jangkah, sanajan ora nganti tiba nanging kuda-kudane dadi ambyar. Ora suwe antarane Ki Lurah karo Kyai Daka banjur dadi perang tandhing sing rame. Ki Lurah menang nom nanging uga lagi wae pulih tenagane sawuse lara kena tenung upase Ki Lembong, sauntara Kyai Daka sanajan luwih tuwa nanging luwih akeh kawruh ngelmu kanuragane. Dadi sansaya suwe perang tandhing kuwi sansaya nggegirisi, loro-lorone padha dene ngenteni klenane mungsuhe.

Para murid-muride Kyai Daka sing wiwit mau padha jejer rapet ing mburine gurune, bareng weruh Ki Danara lan uga Kyai Daka wis padha perang tandhing ngadhepi mungsuhe dhewe-dhewe, ora sranta banjur padha maju bareng arep bebela marang gurune. Nanging Tanggon sakancane, uga para Bebau lan Para Sapukawat sing mau baris jejer ing mburine Pradapa, uga wis siyaga jangkep sagegamane. Pangebyuke murid-muride Kyai Daka ditampani bareng-bareng. Mula ing plataran kono dadi sansaya rame, merga perange dadi kaya perang brubuh sing tanpa gelar perang ing palagan. Dhasar murid-muride Kyai Daka kuwi para brandhal dadi perange rusuh, karo tandange lambene ya melu misuh-misuh nek ora ya guneman sing saru lan lekoh. Nanging Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas sing wis rada sauntara sinau marang Panulad katambah Para Bebau sing wis akeh ngrasakne pedhes asine urip, mbaka sethithik bisa nyontoni para sinoman sing dadi sapukawat kuwi kepriye carane ngadhepi mungsuh sing kaya mangkono kuwi. Dadi ora suwe iya banjur padha ora bingung maneh ngadhepi tandang kasare para brandhal.

Sing durung ngalih saka panggonane kari Ki Pawit, Rangga lan Marga sing adhep-adhepan karo Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor. Sauntara Pradapa kumpul karo para Bebau lan Sapukawat ngadhepi para Brandhal andhahane Kyai Daka. Ki Jenggi sing wiwit teka ing Kepuh Agal nduweni rasa ora seneng marang Ki Pawit, banjur nyedhaki Ki Pawit. Ki Pawit nggragap awit wis tau krungu kasektene Ki Jenggi saka critane Kesit, nanging ya banjur tata-tata, niyate arepa kaya apa Ki Jenggi bakal diadhepi kanthi kekuwatan sing diduweni. Ki Lembong sing wiwit mau wis gela karo Rangga, banjur mencolot maju arep ngrangsang Rangga nganggo kepelane. Nanging Rangga wis siyaga, siswane Ki Tanparupa iku ora niyat ngendhani, nanging malah kepengin nodhi sepira kekuwatane mungsuhe. Kepelane Ki Lembong ditadhahi nganggo epek-epeke. Ana suwara jumlegur, awit anane kekuwatan sing tabrakan. Kekuwatane Rangga sing nangkis kedheseg karo kekuwatan pamupuhe Kyai Lembong. Rangga kedheseg mundur sajangkah, kuda-kudane ora owah, Ki Lembong kontal memburi watara limang jangkah tiba glangsaran ana lemah.

Karo tangi Ki Lembong misuh-misuh ora karuwan.

“Keparat kowe Rangga! Aku lagi nggunakne ora ana saprasepuluhe tanagaku, kowe wis nadhahi nganggo kekuwatan wutuh. Entenana piwalesku!”.

“Sakarepmu olehmu arep omong Lembong” wangsulane Rangga karo maju sajangkah nyedhaki Ki Lembong.

Ki Lembong banjur mapakne juruse, sikile diangkat kanggo nyadhuk dhadhane Rangga. Sepisan maneh Rangga ora niyat endha, tangane tengen ditekuk tangane kiwa dienggo nyangga, sikute dijokne kanggo nangkis sadhukane Ki Lembong. Rangga kontal memburi telung jangkah, kuda-kudane buyar. Ki Lembong kedheseg mundur watara limang jangkah, banjur adege dadi goyang, meh wae tiba nanging ora sida. Banjur bali nata kuda-kudane, ngenteni Rangga mbok menawa genti nyerang.

Ki Dodor wis ora bisa milih mungsuh, anane mung kari Marga. Satemene ana rasa gela ing atine Ki Dodor awit mung arep ngadhepi bocah nom sing durung sepiraa umure, sing miturut petungane Ki Dodor, ora nganti rong puluh jurus Marga mesthi wis ngglethak dadi bathang, nek ora ya mesthi wis melung-melung njaluk urip.

 

ana candhake

 

 

 

 

Jumat, 13 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (140)


 

140.

        Rangga lan Marga banjur njangkahne sikile arep ngunggahi Pendhapa. Panulad tanggap, banjur ngetutne nom-noman loro kuwi mau. Sadurunge mlaku Rangga kober mangsuli gunemane Lurah Danara :

        “Matur nuwun Ki Danara, aku karo adhiku ora mbutuhne wektu suwe kok, mung arep menehne jamu marang sing padha nunggu kareben mengko diombekne marang sing lara, mau Kisanak Panulad kandha yen batihe sing lara padha nunggoni. Dadi aku karo sedulurku mengko ora nganti sapanginang ya bali menyang plataran kene maneh”.

        “Iya” Danara wangsulan cekak.

        Marga sing nduweni ngelmu kasarasan, rumangsa seneng atine. Jalaran ora sah nganggo nakoni sing lagi lara, dheweke wis weruh apa sing ndadekne Ki Lurah lan para andhahane kuwi lara, merga krungu olehe bisik-bisik Ki Lembong marang Kyai Daka mau. Ya kuwi wong-wong kuwi kena Tenung Upas sing dilebokne dening Ki Lembong. Mula sawuse tekan jogan lan ngulati sing padha ngglethak karo ngempet rasa lara, Marga banjur njaluk tulung marang Panulad supaya golek kendhi cacah pitu sing wis diiseni banyu kabeh. Ora mbutuhne wektu sing suwe, Panulad wis oleh apa sing dijaluk Marga, jalaran jebul wong-wong sing padha nunggu kulawargane kuwi racak padha nggawa banyu saka omah sing uga diwadhahi kendhi. Ana sing sisa wingi durung diombe lan uga ana sing lagi teka merga lagi wae olehe ngirim anak-anake.

        “Kisanak Panulad aku nyuwun tulung maneh” kandhane Marga karo ngetokne Bumbung wadhah jamu saka waliking klambine ana buntelan klaras isi barang-barang bunder gedhene samrica-mrica. Saben kendhi siji dileboni barang bunder kuwi siji, banjur Marga nisihne bunderan cacah limalas maneh diulungne marang Panulad karo nutugne olehe kandha “Ki Lurah karo Para Bebau sarta para Sapukawat sing lagi padha lara iki, tulung ndika unjuki jamu iki siji-siji, banjur ndika aturi ngunjuk banyu kendhi sacukupe. Yen banyune isih turah bisa diunjuk dening sapa wae sing ngelak”.

        “Inggih Adhi” wangsulane Panulad karo nampani barang sing diulungne Marga. Ing Batin Panulad ngetung cacahe barang sing ditampa kuwi, kabeh ana limalas, dadi pas wong siji bageyan siji. Merga sing lara kabeh ana limalas, kajaba Ki Lurah lan bebau cacah papat, ana Sapukawat cacah sepuluh.

        “Sabanjure sing prelu ndika ngerti” Marga guneman maneh “sawuse ngunjuk jamu lan banyu kendhi iku, Ki Lurah lan wong-wong sing lagi lara kuwi bakal krasa ngantuk banjur padha sare, nanging ya ora suwe. Watara sapanginang, bakal padha wungu saka anggone sare lan muga-muga awit pitulunganing Allah, lelara sing ana salirane Ki Lurah lan Para Bebau sarta Para Sapukawat wis lunga, lan kanggo mulihnme kekuwatan murih bali wutuh, kabeh ndika aturi dhedhe ing ngisore sunar srengenge, bisa ana latar kana, ing mburine Kakang Pradapa sing lagi jejagongan karo Kyai Daka kae”.

        “Inggih Adhi, dhawuhipun Adhi Marga badhe kula tindakaken sak niki ugi” wangsulane Panulad.

        “Iya Kisanak Panulad, ya mung kuwi bisaku aweh tamba, muga-muga dikeparengake dening Gusti dadi sarana sarase Ki Lurah lan kabeh sing lagi padha lara. Saiki aku arep bali menyang plataran maneh, selak kesuwen anggone Kyai Daka ngenteni” Marga guneman maneh banjur marang Danara Marga uga banjur kandha “wis cukup Ki Danara, sepisan maneh aku nedha nrima marang ndika, saiki aku arep mudhun menyang Plataran maneh”.

        Danara ora wangsulan, nanging banjur ngetutne Rangga lan Marga sing ndhisiki mlaku arep mudhun menyang plataran, mbalik menyang papane ngadeg mau. Ing batin Danara ngguyu, jebul tamba sing diwenehne dening Marga marang Ki Lurah lan para andhahane mung wujud bunderan samrica-mrica sing rupane putih kaya uyah. Kamangka Danara ya wis ngerti nek satemene larane Ki Lurah karo para andhahane kuwi ora lara sabaene, nanging lara jalaran saka Tenung Wisa mandi sing dikirimake sarana mantram sakti dening Ki Lembong. Danara tau dikandhani Ki Lembong yen Tenung Upas kuwi mau peparinge Dewaning Upas sing jejuluk Nagaraja. Dadi wis kena dipesthekne nek sawise diombeni jamu saka Marga mau, wong-wong sing lara ora bakal bisa waras. Aja maneh mung jamu sing rupane kaya uyah dicarup karo banyu kendhi, bisoa marasna sing padha lara. Sedheng saupama ana Dewa mudhun saka Kahyangan wae, pra bakal ana sing bisa ngalahne dayane Tenung Upase Ki Lembong. Danara ora tau ngerti marang Marga sadurunge, lan ora ngerti nek jamu sing diwenehne Marga marang Panulad mau dudu sabaene jamu. Nanging jamu peparinge Ki Tanparupa sing digawe saka pathine oyot, godhong lan uwohe wit Ngilajul Marad sing thukul ing tengahing segara sakidule Tanah Jawa, sing bisa kanggo nambani sewu lelara lan gawe tawane sakehing wisa kang kebacut mlebu ing ragane manungsa.

        Sawise Rangga lan Marga bali ngadeg ing sisih kiwa lan tengene Pradapa, Kyai Daka rumangsa gumun, dene olehe nambani wong-wong mau, Rangga lan Marga mung sedhela. Kyai Daka ngira yen nom-noman loro kuwi mau wis kasoran perbawa karo dayaning Tenung Upas utawa Tenung Wisa saka Ki Lembong sing wis dilebokne marang ragane Ki Lurah lan andhane, mula banjur padha ngalih bali menyang papane sakawit. Nanging pangirane Kyai Daka ngono kuwi mau ora diblakakne, malah banjur wiwit guneman ngajak rembugan Pradapa :

        “Estunipun Raden, kula menika nampi wangsit saking Ingkang Maha Agung. Dene wosing wangsit inggih menika, ngabaraken ngengingi sambet-rapetipun Dhusun Kepuh Agal kalihan sipat kandelipun inggih menika Dhuwung Kyai Pantek ingkang rumiyin dados agemanipun Sawargi keng Bapa, inggih Ki Kepuh Agal Kapisan. Dhusun Kepuh Agal badhe manggih ayem tentrem tebih saking godha rencana manawi taksih katenggan dening Kyai Pantek kanthi wetah, liripun kajawi blegeripun Kyai Pantek kedah cumondhok ing Kepuh Agal mriki, ugi alusipun Kyai Pantek ugi kedah rumaos kraos ing Kepuh Agal. Kala rumiyin, Sawargi Ki Kepuh Agal Kapisan mila saged momong lan ngladosi kabetahaning batinipun Kyai Pantek mila boten nama aneh menawi, jaman Ki Kepuh Agal Kapisan taksih sugeng, Dhusun menika tansah ayem tentrem, pagesanganing kawula sansaya dangu sansaya makmur. Kosok wangsulipun, manawi ngantos Dhusun Kepuh Agal kapisah kalihan Kyai Pantek, mangka Dhusun ingkang suwaunipun ayem tentrem menika badhe wonten kemawon sambikalanipun. Gandheng Ki Lurah Kepuh Agal Kapisan sampun kundur ing ngayunaning Pangeran, mesthinipun ingkang pirsa kawontenanipun Kyai Pantek boten wonten malih kajawi jengandika Raden Pradapa”.

        “Nyuwun pangapunten Kyai” Pradapa aweh wangsulan alon nanging cetha “malah kula nembe menika mireng menawi Kyai Pantek menika sipat kandel dhusun Kepuh Agal ingkang boten kenging kapisahaken. Awit sadangunipun kula gesang, ingkang kula sumerepi Dhuwung menika agemanipun Bapa, lan Bapa nate paring dhawuh menawi Dhuwung Kyai Pantek menika dede kagunganipun Bapa piyambak, nanging bapa namung sadremi kaampilan kemawon. Lan nalika Bapa badhe seda ingkang katengganan dening Wa Pawit, kula lan Para Bebau kajawi Ki Danara Bebau ing Sidamulya, Bapa ugi boten dhawuh babagan menika. Lan sareng Bapa sampun seda, ing Plangkan Pusaka Dalem Kalurahan, Kyai Pantek sampun boten wonten malih. Lan mugi kauningan Kyai, nalika kula bidhal badhe ngayahi jejibahan winados saking Bapa, ing margi kula kepanggih kalihan Ki Parwa abdinipun Ki Danara lajeng katedahaken margi ingkang saged kaliwatan kapal, jebul ing margi ingkang dipun tedahaken Ki Parwa kala wau kula malah kepanggih tiyang-tiyang ingkang ngaken utusanipun Kyai lan nuwuhaken pasulayan. Rahayunipun kula saged mlipir margi temah boten saged kapeksa dening utusanipun Kyai ingkang badhe mbeta kula wangsul dhateng Kepuh Agal kanthi kawontenan gesang utawi pejah. Lan nalika kula mlipir margi kala wau, kula lajeng kepanggih Adhi Rangga lan Adhi Marga ingkang pranyata Adhi kekalih menika ingkang kajibah ngreksa Kyai Pantek dening ingkang kagungan. Kula inggih gumun salebeting manah, nalika kepanggih Wa Pawit ingkang ngendika menawi Wa Pawit kadhawuhan dening Kyai murih madosi kula, kamangka saderengipun menika Kyai sampun utusan kados ingkang kula aturaken ing ngajeng. Samangke sareng sampun kepanggih, Kyai dhawuh badhe ngajak ngrembag Kyai Pantek, awit saking menika murih cethanipun, Kyai kula suwun ngendika kemawon dhateng Adhi Rangga lan Adhi Marga, awit kekalihipun menika ingkang langkung pana babagan Kyai Pantek”.

        Diwangsuli dening Pradapa klawan tembung sing dawa mangkono kuwi, sapandurat Kyai Daka mbrabak abang praupane, untune digegetne kenceng. Samono uga kahanane Danara lan Ki Jenggi, Ki Lembong sarta Ki Dodor. Lan nalika Pradapa nyawang wong-wong sing baris rapet ing mburine Kyai Daka, Pradapa weruh yen Parwa lan wong sepuluh sing nyegat lakune kae uga padha ana kono. Saka praupane katon yen Parwa lan wong-wong sing nyegat Pradapa kuwi padha bingung atine.

        “Mangke rumiyin Raden” Kyai Daka guneman maneh, suwarane keprungu kedher, nanging ketara yen disareh-sarehake “kula babar pisan boten mangertos kalihan ingkang jengandika dhawuhaken menika, awit kula boten nate kengkenan sinten kemawon kangge manggihi jengandika kajawi Ki Pawit ingkang lajeng dipun kancani dening yoganipun pun Panulad. Dados menawi saderengipun wonten tiyang ingkang ngaken-aken kengkenan kula, cetha menawi wonten tiyang ingkang badhe damel awon kula ing ngarsa jengandika Raden Pradapa”.

        Dumadakan saka regol ngarep keprungu suwara rame-rame, suwarane wong sing padha tumuju menyang Plataran Kalurahan. Jebul sing teka para Nom-noman sing dadi Sapukawat Kepuh Agal sing durung manunggal karo Kyai Daka, tekane ngetutne Tanggon, Pahing, Tolu lan Pangkas. Para sinoman sing lagi teka kuwi banjur baris rapet ana mburine Pradapa. Weruh tekane wong-wong kuwi, Kyai Daka katon yen kaget. Luwih-luwih Lurah Danara lan para andhahane sing baris rapet ing mburine Kyai Daka. Tanpa krasa,  Lurah Danara wis nggoceki garan pedhange sing dislempangne ana lempeng, semono uga para andhane sing uga wis wiwit padha ngliga gegamane dhewe-dhewe.

 

ana candhake

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (139)


 

139.

        Ing atine Kyai Daka ana rasa sing ora bisa nampa marang apa sing dadi wangsulane Ki Pawit sing ora klebu ing nalare kuwi. Wingi Kyai Daka nampa palapuran saka Lurah Danara yen Pradapa kapeksa ora bisa digawa bali menyang Kepuh Agal jalaran sawuse kena Kudhi sing disawatake Parwa, kunarpane Pradapa banjur ilang musna. Malah pangirane wong-wong bathange Pradapa sing ilang kuwi wis dipangan dening Dhemit sing mbaureksa sawijining watu gedhe sing manggon ing pinggire Kali Gebyog. Teka saiki kanthi entheng Ki Pawit kandha yen tekane wis nganthi Pradapa lan sawayah-wayah bisa diajak nemoni dheweke. Apa crita sing digawa Danara wingi kuwi dora?. Iku cetha yen luwih mokal maneh, ora ana tinone Danara wani dora marang dheweke. Kajaba saka iku, wong sepuluh sing ditambah wong lima las, sing diprentah nututi lan nggawa bali Pradapa, critane padha yen Pradapa kena Kudhine Parwa lan nandhang tatu sing abot, dadi saupama ora dibadhog dhemit sing mbaureksa watu gedhe sing ana pinggire Kali Gebyog, mesthine Pradapa wis tumekeng pati kentekan getih utawa saora-orane isih sekarat, embuh neng ngendi papane. Lan saupama ana sing aweh pitulungan marang Pradapa sing nandhang tatu abot, uga mokal yen saiki Pradapa wis bisa diajak bali menyang Kepuh Agal kajaba yen digotong lan mesthi durung bisa diajak rembugan.

        “Pripun Kyai ? Menapa sampun angsal Gus Dapa kula sowanaken ing ngarsa ndika, sakniki ugi?”  lagi ngrasakne kisruhe rasa, dumadakan Kyai Daka dikagetne dening pitakone Ki Pawit.

        “nDika sampun sembrana lho Ki Pawit” wangsulane Kyai Daka sajak ora seneng krungu pitakon sing kaya mangkono kuwi “ndika niku rembugan kalih tiyang tuwek, boten guyon klecon kalih lare sing lagi angon”.

        “nDika niku pripun ta Kyai?” Ki Pawit takon karo mesem sajak ngece “kula wangsul dhateng Pendhapa mriki niku nggih merga ajeng manggihi ndika Kyai Daka, Pangarsaning Paguron Ageng, Kyai sekti sing kondhang dados samodraning ngelmi agal lan alus. Gek kula niki nggih empun tuwek, boten lucu menawi wantun sembranan kalihan ndika. Kala emben ndika ngongkon kula murih madosi lan nganthi Gus Dapa wangsul dhateng Kepuh Agal minangka sarana anggen badhe ndika nambani anak kula lan para Bebau sarta para Sapukawat ingkang pating glethak niku? Sak niki sareng kula sampun angsal damel, kok ndika malah ngarani kula ngomong sembranan kaya guneman guyon klecon karo bocah angon, niku terange pripun?”.

        Nalika Ki Pawit guneman ngono kuwi mau, Lurah Danara metu saka omah mBuri, ditutne dening andhahane lan uga  Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor, wong telu sing kasebut keri iki lan Lurah Danara banjur ngadeg neng sisihe Kyai Daka kang uga isih ngadeg, dene andhahane Danara banjur padha bablas mudhun ing plataran Kalurahan.

        “nDika sampun salah tampa Ki Pawit” Kyai Daka nyarehne olehe guneman “mergi angsale ndika budhal lunga niku nembe  kalih dinten, kamangka teng pundi papane Raden Pradapa niku dereng cetha, kok ndika kanthi gampang saged wangsul ndherekne Raden Pradapa niku cethane pripun?”.

        “O ngoten ta?” Ki Pawit nglendhehne suwarane “papanipun Gus Pradapa niku empun cetha Kyai, kados sing ndika dhawuhne dhateng kula wingenane nika, menawi Gus Dapa nembe kakempalaken dening lelembut ingkang mbaureksa Dhusun Kepuh Agal kalihan lare-lare ingkang ical nalika samanten, boten saged katingalan dening tiyang limrah, jalaran nembe dipun tutupi ron salembar. Andilalah kala wingi niku, pas kula mlampah kalih anak kula Panulad niki, wonten angin radi banter, ron ingkang kangge nutupi Gus Pradapa lan lare-lare niku kabur, mula kula lajeng saged sumerep lan Gus Dapa lan lare-lare ugi sumerep kula. Lajeng lare-lare kalih Gus Dapa sami criyos menawi waunipun badhe wangsul boten sumerep margi, jane ngoten, Gus Dapa lan Tanggon sakancane nika nggih ngertos menawi dipadosi Ki Danara lan rencang-rencange, tiyang Ki Bebau Sidamulya niku nggih kober midaki ron ingkang nutupi Gus Dapa lan lare-lare niku. Nanging Ki Danara diceluki criyose boten ngrewes babar pisan. Kula nggih lajeng criyos, menawi kula ndika kengken madosi Gus Dapa, kula nggih criyos menawi Kyai Daka sampun kangen sanget dhateng Gus Dapa lan lare-lare kala wau. Mila sedaya inggih lajeng semrinthil ngetutne kula wangsul”.

        Krungu wangsulane Ki Pawit marang Kyai Daka mangkono kuwi, Panulad mesem banjur tangane ditutupne lambe ben ora keprojol guyune. Beda karo Danara sing banjur mbrabak abang praupane, mangar-mangar kaya kembang wora-wari. Untune nggeget banter, katon yen lagi ngampet kanepsone. Ki Jenggi sing uga ketok nek ora seneng ngrungokne tembung sing diucapne Ki Pawit, banjur bisik-bisik menyang kupinge Kyai Daka. Kyai Daka manthuk-manthuk, banjur guneman marang Ki Pawit :

        “Lha sak niki Raden Pradapa wonten pundi Ki Pawit? Nek nyata leres sing ndika kandhakne niku wau, mangga Raden Pradapa ndika aturi manggihi kula. Boten ing mriki, nanging ing plataran ngajeng mriku, sing papane luwih jembar lan luwih padhang”.

        “Inggih Kyai, mangga kula dherekaken teng plataran” wangsulane Ki Pawit sing banjur prentah marang anake wuragil “Panulad, Gus Dapa karo kancane loro kae mau aturana menyang Plataran, nemoni Kyai Daka”.

        “Inggih” wangsulane Panulad karo menyat “mugi-mugi ron sing wingi nutupi Gus Pradapa boten katut angin mriki lajeng nutupi malih”.

        Muni ngono kuwi, Panulad karo mesem, mripate nglirik prenahe Danara. Sing dilirik mencereng, mripate abang, nanging ora guneman apa-apa. Kyai Daka banjur ndhisiki metu arep mudhun menyang plataran, Danara karo Ki Jenggi, Ki Lembong lan Ki Dodor banjur tutwuri. Ki Pawit banjur pamitan marang mantune nek arep ngetutne Kyai Daka, karo pamitan Ki Pawit isih kober aweh pitutur marang mBok Mas Lurah supaya sabar.

        Ora suwe tekan Plataran Kalurahan, Kyau Daka ngadeg ing sisih kiwane uga ngadeg Ki Jenggi jejer karo Ki Lembong. Lan ing sisih kanane Danara dijejeri Ki Dodor. Sautara iku, para andhane Kyai Daka banjur mlumpuk ngadeg baris rapet neng mburine Gurune. Ki Pawit milih panggonan ngadeg ing ngarepe Kyai Daka watara gang rong dhepa. Saka regol ngarep Panulad mlebu plataran, ngiringne Pradapa sing diamping-ampingi Marga lan Rangga ing sisih kiwa lan tengene. Pradapa anggone mlaku katon jejeg, gagah, ora ana tandha-tandha yen lagi wae bubar lara.

        “Taklim kula katur Rama Kyai” kandhane Pradapa nalika lakune wis tekan ngarepe Kyai Daka.

        “Inggih Raden, boten langkung dhawah sami-sami” wangsulane Kyai Daka karo manthuk kurmat, nanging banjur takon karo suwara sing nuduhne ora senenging atine karo ngulati Rangga lan Marga “lha lare kalih menika sinten Raden? Kula dereng tepang lan boten betah kalih piyambakipun menika!”.

        “Inggih Kyai” wangsulane Pradapa karo mesem “nyuwun pangapunten menika Adhi Rangga lan Adhi Marga, kekalihipun ingkang samangke kajibah ngreksa kayuwananipun Dhuwung Kyai Pantek agemanipun sawargi Bapa Kepuh Agal Kapisan. Menawi Rama Kyai Daka, boten sarju ing panggalih awit wontenipun adhi kekalih menika, mangke kula aturanipun murih sumingkir sawatawis”.

        Ki Pawit lan Panulad padha mesem semu ngampet guyu krungu wangsulane Pradapa marang Kyai Daka mangkono kuwi. Beda karo Kyai Daka dhewe sing banjur groyok aweh wangsulan marang Pradapa :

        “Sampun Raden, sampun kadhawuhan sumingkir, kula kepengin rembagan sakedhik kalihan Kisanak Rangga lan Kisanak Marga menika rumiyin”.

        “Mangke rumiyin Kyai” wangsulane Pradapa panggah karo suwara sareh sing alus “kula mireng saking Wa Pawit lan Kakang Panulad, kabaripun Ki Kepuh Agal Kaping Kalih lan Para Bebau tuwin para Sapukawating Dhusun nembe nandhang gerah ing Pendhapa Kalurahan mriki? Menapa leres makaten?”.

        “Inggih Raden, mila leres kabar ingkang Raden tampi menika” wangsulane Kyai Daka karo suwara sing sajak prihatin “inggih awit kenging walat jalaran wantun ngawontenaken upacara kepyakan wisudan nanging saratipun kirang jangkep……”.

        “Manawi makaten” Pradapa nugel rembuge Kyai Daka “saderengipun Rama Kyai ngendikan kalihan Adhi Rangga lan Adhi Marga, kaparengna adhi kekalih menika paring jejampi dhateng Ki Lurah, Para Bebau lan para Sapukawat ingkang nembe sakit menika langkung rumiyin. Menawi Kyai boten marengaken, inggih sampun Adhi Rangga lan Adhi Marga badhe kula aturi sumingkir saking mriki. Awit miturut dhawuhipun Kyai ingkang lumantar Wa Pawit ingkang kula tampi, ingkang dipun betahaken Rama Kyai Daka menika namung kula piyambak, boten kalihan Adhi Rangga lan Adhi Marga”.

        Kyai Daka ora tumuli aweh wangsulan, malah wola-wali njengkerutne bathuke. Ki Lembong sing ngadeg ana sisihe tumuli, mbisiki Kyai Daka, alon-alon banget sing rumangsane mung bisa dirungokne Kyai Daka dhewe, kamangka Rangga lan Marga uga krungu kanthi cetha merga bocah loro kuwi wiwit mau wis ngecakne aji Sasra Pangrungune :

        “nDika idini wae, bocah loro kuwi nambani wong-wong sing padha ngglethak neng jogan kae. Nanging wisa tenung sing tak lebokne neng ragane wong-wong kae yekti ora ana tambane, aja maneh mung ditambani bocah sing lagi jajalan dadi dhukun, mbok Dewa pisan ora ana sing bisa nundhung tenung wisa peparinge Dewaning Upas Sang Nagaraja. Sajroning sepuluh dina mesthi kabeh wis modar dadi bathang”.

        Kyai Daka manthuk-manthuk karo mesem, banjur guneman marang Pradapa :

        “Inggih Raden kaleresan sanget menawi Kisanak Rangga lan Kisanak Marga kepareng badhe paring jejampi dhateng Ki Lurah saha sedaya ingkang nembe sakit ing pendhapa menika” Kyai Daka banjur prentah marang Lurah Danara “Danara dherekna Kisanak loro kuwi menyang papane Ki Lurah lan para Bebau sarta Sapukawating Desa sing lagi padha lara kae”.

        “Inggih Bapa Guru ngestokaken dhawuh” wangsulane Lurah Danara sing ditutugne kandha marang Rangga lan Marga “Ayo kisanak, tak terne munggah menyang Pendhapa papane wong-wong sing lagi padha lara sing arep ndika wenehi jamu kuwi”.

 

ana candhake

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...