Total Tayangan Halaman

Jumat, 10 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (13)


 

13.

        Arja Gendhon rada ndlongop krungu kandhane Murtala mangkono kuwi mau. Merga maune Arja Gendhon wis duwe pangira yen Murtala karo Nita kuwi wis suwe olehe nyambung katresnan. Ing batin Arja Gendhon duwe rasa eman yen Nita kepencut marang Murtala, merga kejaba duwe rupa sing ayu, sekolah sing dhuwur, Nita kuwi cetha anake wong sugih. Jan-jane nek Nita kepencut marang Murtala kuwi ya ana empere, wong kajaba Murtala kuwi duwe rupa sing bagus lan duwe slaga sing alus. Nanging, nek Pak Sugiri lan Bu Sugiri, ngrojongi anake wedok sing mung siji kuwi nyambung katresnan karo Murtala sing mung bakul kopi angkringan, ateges adhine Arja Gendhon kuwi padha karo ora ngregani anake dhewe. Kudune Nita kuwi upama duwe pacar, ya saora-orane putrane priyayi luhur, duwe mobil dhewe, ora pacaran kok karo Bakul Kopi neng Angkringan sing warunge nunut neng emper tokone wong kaya Murtala kuwi, sansaya maneh bareng Arja Gendhon ngerti nek Sepedha sing dienggo nggonceng Nita mrene kuwi cetha nek dudu sepedhane Murtala, nanging sepedhane Nita.  Nanging bareng Murtala ngandhakne yen dudu apa-apane Nita, metu bareng wae lagi iki mau merga dikongkon Bu Sugiri, Arja Gendhon banjur rumangsa gumun. Banjur Murtala sapa sing dikarepake dening sedulure lanang sing dikandhakne marang simboke kuwi mau?.

        “Walah ya pangapurane wae sing gedhe Mas” sawise rada sauntara Arja Gendhon banjur guneman maneh mangsuli kandhane Murtala “mau ki tak kira nek sampean kuwi pacare ponakanku Nita iki, jebul mung kanca lumrah ta? Lha mbok menawa sampean duwe petung karo Pak Guru Harmaka kaya sing dikandhakne simbahe Nita mau?”.

        “Sami Pakdhe” wangsulane Murtala “kula nggih namung tepang lan ngertos daleme Pak Harmaka ngoten mawon, dereng nate jagongan babar pisan. Rembagan kalih Pak Harmaka niku menawi Pak Harmaka ngepasi pados kopi teng wande kula, gek niku nggih awis-awis sanget, saemut kula sadangunipun kula bikak angkringan, Pak Harmaka niku mampir angkringan kula kaping kalih, sepeken sasampunipun kula bikak angkringan kalihan watawis sewulan kepengker. Sami kalihan Pak Sugiri, pinarak ing angkringan kula nggih nembe sepisan, ngajengne subuh kala wau, kalih tindak dhateng Masjid”.

        “Waa nek ngono, kira-kira sing dikarepne Bapake Nita ki ya Murtala liyane” Arja Gendhon mbenerne tembunge Murtala nek sing dikarepake Pak Sugiri nalika kandha marang Simbahe Nita kuwi Murtala liyane.

        “Lha Bapak angsale sare teng pundi ta mBah?” Nita genti matur marang simbahe “badhe kula wungu, mosok sampun semadosan kalihan Mas Mur, sareng Mas Mur rawuh lha kok malah ditilar sare teng mriki”.

        “Aja Dhik Nita” sadurunge Simbahe Nita aweh wangsulan Murtala guneman “mbok menawa Bapak pancen sayah lan arip tenan, dadi ben istirahat dhisik wae. Kapan-kapan wae nek Bapak wis longgar lan ngersakne nimbali aku, Dhik Nita rak bisa kirim WA utawa telpon ta?”.

        “Lha Mas Mur piye? Kadhung ngelangne mara nyang omah tibake malah ditinggal sare?” Nita takon.

        “Kuwi ta? Ora apa-apa Dhik” wangsulane Murtala karo mesem “wong nyatane olehku metu saka omah ya ana gunane ngono lho? Bisa silaturrahmi karo Simbah, bisa tepungan karo Pakdhe Arja barang, njajal nek mau Bapak ana ing dalem, aku rak durung tepung karo Pakdhe Arja ta?”.

        “Ya wis yen ngono, banjur saiki awake dhewe piye?” Nita takon maneh. Neng jero atine krasa lega, merga Nita kelingan nek satemene Bapake kae duwe sirikan. Nek lagi turu ora seneng diganggu, ora gelem digugah, nek gak tangi merga karepe dhewe adhakane banjur muring-muring ora karuwan.

        “Becike awake dhewe enggal bali wae, matur Ibu nek Bapak istirahat neng daleme Pakdhe, merga ketoke sayahe nemen banget. Ngono wae, dadi penggalihe Ibu ora kuwatir maneh”.

        Nita nggugu marang eguhe Murtala. Banjur pamitan marang Simbah lan Pakdhene. Nita ya meling marang Arja Gendhon, mengko nek Bapake wis tangi supaya dikandhani nek digoleki Nita karo Murtala.

        “Oalah Nit… Nita, wong jarene niliki Simbahe kok mung sak nyukan terus mulih” kandhane mBahe Nita karo nguntapkne baline putune tekan teras.

        “mBenjing-benjing kula tak sowan malih mBah” wangsulane Nita karo mesem.

        “Iya, nek anu Nak Murtala kuwi ya dijak mrene maneh ta” kandhane Simbahe Nita maneh “mosok mrene sepisan wae mung disuguhi anggur. Aja kapok ya Nak Mur”.

        “Boten mBah, benjing-benjing menawi longgar kula tak sowan mriki malih” wangsulane Murtala.

        Maune karo mlaku Nita karo Murtala ya mung meneng-menengan wae. Lagi bareng tekan protelon Sendhangreja arep menggok menyang jurusan Kedunggalar, Nita ngajak guneman.

        “Pakdhe Arja ki lucu ya Mas?” pitakone marang Murtala.

        “Lucu piye Dhik?” Murtala wangsulan genti takon.

        “Lha awake dhewe mau dikira pacaran, Panjenengan dikira pacarku”.

        “He he he, iya” wangsulane Murtala karo ngguyu “upama olehe ngira Pakdhe mau bener sansaya luwih lucu”.

        “Lha kok ngono Mas?” Nita takon maneh.

        “Lha iya laaah, upama tenan rak sida digeguyu wong akeh, malah nek nganggo basane Ibuku tengu-tengu bakal melu ngguyu, merga saking lucune” wangsulane Murtala maneh.

        “Lha ya kok bisa lucu kuwi cethane piye? ngono lho Mas” Nita wiwit gemes.

        “Piye ya?” Murtala wangsulan “aku ki arep nggenahne nanging kangelan nata ukara”.

        “Nek ngono ya ora lucu Mas” Nita gemes tenan, meh wae arep njiwit bangkekane Murtala, nanging ora sida. Nita eling nek Murtala kuwi durung dadi apa-apane.

        “Ngene lho Dhik, aku tak takon marang Dhik Nita” Murtala banjur guneman maneh “saupama Dhik Nita kuwi weruh aku karo adhikku Dikin kae, budhal dodolan nyurung grobag, banjur aku karo Dhik Dikin kuwi padha nganggo Sepatu gilap, nganggo Jas, komplit sak dhasine kaya sandhangan sing dienggo anggota DPR nek pas Sidang Paripurna karo Presiden ngana kae, kira-kira Dhik Nita ngguyu apa ora? Kira-kira wong sing weruh ngarani aku karo Dhik Dikin wong waras apa wong miring nalare?”.

        Nita ora tumuli wangsulan merga ratane rame, saka ngarep lan saka mburi akeh sepedha motor lan mobil sing mlakune banter-banter.

        Sauntara kuwi, Pak Sugiri wis nglilir saka anggone turu, sawuse lungguh sauntara Pak Sugiri lagi krasa nek jebule mau wis keturon neng lincak emper sing ana emper mburi omahe wong tuwane. Eling nek mau dikandhani simbahe Nita nek digawekne kopi, banjur ngadeg, mlaku mlebu omah arep menyang ruang tamu, nggoleki kopine.

        “Lho wis tangi ta Ri?” tekan ruang tamu dipapag nganggo pitakonan dening Arja Gendhon, jebul Kakange karo Simboke ana kono, malah bojone Kakange ya ana, wong telu kuwi lagi jagongan ngedhep mertega sing wis diirisi cilik-cilik.

        “Ora krasa jebul aku mau keturon neng lincak mburi” wangsulane Pak Sugiri “marahi aku mau jan ngantuk banget nganti ora keneng diampet, ngantuk campur kesel”.

        “Nita mau ya kandha jare awakmu dhek bengi blas ora turu?” kandhane Arja Gendhon maneh.

        “Lho Nita apa mrene?” karo ngangkat gelas kopine Pak Sugiri takon .

        “Iya” sing wangsulan genti Simbahe Nita “dikongkon ibune ngeteri Buah Mertega iki apa? Karo ngirimi dhuwit kanggo aku”.

        “Sing dikandhakne Simbok kuwi mung titipan saka Nyonyahmu Ri” Arja Gendhon numpangi rembuge Simboke “sing baku malah nggoleki kowe, merga kowe digoleki neng ngendi-endi ora ketemu. Banjur karo Ibune dikon nggoleki mrene, diterne Murtala, Bakul Kopi angkringan kae”.

        “Murtala malah melu mrene?”

        “Jarene merga dikongkon nyonyahmu? Wong tak takoni malah ngakune metu bareng karo Nita ki ya lagi iki mau, merga dikongkon Ibune Nita” wangsulane Arja Gendhon.

        “Pancen bener” Pak Sugiri wangsulan sawise nyruput kopine maneh “Murtala kae pancen bocah lugu, jujur, sregep tur pinter, mula aku karo Ibune wis sarujuk nek bisa bocah kae arep tak jodhokne karo anakmu Nita, ning embuh Murtala gelem apa ora, aku rung ngerti wong ya durung tak takoni. Ya muga-muga wae gelem, nek Nita-ne ditari Ibune wis gelem malah kepara seneng”.

 

 

Ana candhake

Kamis, 09 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (12)


 

12.

        Murtala ngira nek daleme simbahe Nita kuwi ora adoh, jebul keliru. Omahe wong tuwane Pak Sugiri kuwi ing Desa Pelangkidul, saka omahe Pak Sugiri ana patang kilonan adohe. Dalane liwat dalan desa wis pavingan kabeh, dadi ya wis alus. Dhasar sepeda motor sing disetiri Murtala kuwi sepedha motore Nita sing durung suwe olehe tuku, liwat dalan pavingan ya krasa kepenak. Nanging Murtala ora wani banter olehe numpak sepedha motor, ing dalan desa kuwi akeh bocah cilik-cilik sing kerep mlayu nyabrang ratan ora nganggo inget-inget luwih dhisik. Ora mung bocah cilik thok, sok-sok ya akeh wong tuwa sing mengkono kuwi mau.

        “Sing arep diparani iki daleme Wong Tuwane Bapak apa wong tuwane Ibu Dhik?” karo mlaku, tinimbang ora omong-omongan, Murtala nakoni Nita.

        “Simbah saka Bapak Mas” wangsulane Nita “simbah saka Ibu wis seda kabeh, biyen daleme ya sing saiki tak enggoni kae, wong Ibu ki gak duwe sedulur tunggal bapak ibu. Nek simbah saka Bapak daleme Pelangkidul, Simbah kakung wis seda jaman aku isih kelas siji SMA. Sing ana kari Simbah Putri”.

        “Lha neng dalem Simbah karo sapa?”

        “Karo Pakdhe Mas, Mase Bapak, daleme dadi siji karo Simbah” wangsulane Nita sing banjur nuduhne ancer-ancer daleme simbahe “mengko nek wis tekan Tugu Tengah Protelon Kidul Pasar Pelang rada dialonke Mas, daleme Simbah ngidul sethithik watara rong puluh meter”.

        “Ooo cedhak nggone Om Jaka kuwi”.

        “Om Jaka sapa Mas?”

        “Om Jaka Teseng, kancane Ustadz Anis Purwanto Khatib Jum’at Masjid nggone dhewe” wangsulane Murtala “Om Jaka kuwi kerep mampir angkringan, senengange pesen kopi pait tanpa gula nek karo aku ya akrab banget, wonge paling seneng nekani Kajian-kajian neng ngendi-endi,  nek Nyonyahe aktivis Muslimat”.

        Jebul daleme simbahe Nita kuwi let rong omah karo omahe Om Jaka. Nurut aba saka Nita, Murtala ngenggokne sepedha motore mlebu menyang pekarangane omah.

        “Tenan ta tibake” grenenge Nita sawise mudhun saka goncengan, tangane nudingi sepedha motore bapak-e sing diparkir neng teras omah, banjur ngajak Murtala mlebu daleme simbahe “ayo Mas mlebu wae, paling Bapak ya neng jero”

        Murtala ora semaur, banjur mlaku njejeri Nita ngunggahi teras omah sing lawange bukaan amba kuwi. Durung nganti tekan ngarep lawang lan uluk salam, saka njero omah simbahe Nita wis metu ditutne wong lanang sing rambute wis putih nanging isih ketok sehat.

        “Oalah, genah Nita ngono kok” wong lanang sing ngetutne wong wadon tuwa kuwi guneman karo mesem amba “piye ta mBok? Karo putune dhewe kok lali?”.

        “Bekti kula mBah” Nita nyalami simbahe karo ngambung astane, banjur genti nyalami pakdhene uga karo ngambung astane “bekti kula Pakdhe”.

        Murtala melu-melu nyalami simbah karo Pakdhene Nita, sing diambung mung astane simbahe Nita thok.

        “Ayo padha lungguh neng njero kana” kandhane Simbahe Nita sabanjure. Nita ngetutne Simbahe, gawane ditumpangne neng meja ruang tamu.

        “Gek kowe kuwi nggapa apa ta Nit? Kok ketoke abot temen?” Simbahe Nita takon.

        “Mertega mBah, angsale ngundhuhi Ibu kala wingenane, sampun mateng namung dereng ndalu” wangsulane Nita banjur ngulungne amplop titipane ibune “kalihan dipun utus Ibu, ngaturaken menika kagem Simbah”.

        “Oalaah, ya matur nuwun banget, Ibumu ki ngalah-ngalahne Pak Mantri Pensiunan wae, olehe menehi dhek emben durung nganti kalong separo kok wis diteri maneh” kandhane simbahe Nita karo nglebokne amplop isi dhuwit kuwi neng walike setagene.

        “Lha Mase iki daleme sing nggik endi? Kok aku cat kelingan cat ora iki?” Pakdhene Nita genti nakoni Murtala.

        “Kula Murtala Pakdhe, kula sing sadean kopi angkringan ngajeng Toko Sinar nika lho” wangsulane Murtala bares, Murtala kelingan nek Pakdhene Nita kuwi tau jajan neng warunge.

        “Oh, iya iya lagi kelingan aku” Pakdhene Nita nyaut rembug karo ngguyu “iya, aku Pakdhene Nita, sing jenenge Arja Gendhon ki ya aku iki he he he”.

        “Inggih Pakdhe, kula sampun asring mireng asmanipun Pakdhe Arja” wangsulane Murtala maneh “namung nembe menika tepang kalihan piyantunipun”.

        Ana wong wadon setengah umur awake lemu, mlebu menyang ruang tamu banjur nyalami Nita karo Murtala.

        “Dhik Nita ta iki mau?” kandhane wong setengah umur kuwi karo mesem.

        “Inggih Budhe” wangsulane Nita.

        “Iya, Ibune Sigit, Mertega olehe nggawakne Nita kuwi gawanen memburi kana, sokur nek siji loro mbok oncekne pisan, wong samono mbane ngono” Simbahe Nita mrentah mantune.

        “Dikepenakne Dik Nita, Budhe tak memburi dhisik” Budhene Nita pamitan arep memburi, Mertega sing ana tas kresek banjur dicandhak digawa ngalih.

        “Nggih Budhe” wangsulane Nita “sampun ndadak damel wedang lho, kula kalih Mas Mur wau nembe mawon ngombe”.

        Sing diwangsuli ora semaur bablas mlebu omah.

        “Bapak wau napa boten mriki ta Pakdhe?” sawise budhene mlebu omah, Nita nakokne Bapake marang Pakdhene.

        “Iya, Bapakmu mau mrene ndhuk” sing mangsuli malah simbahe “mau nusul simbah menyang Pawon, banjur bablas memburi mapan ngglethak neng lincak emper mburi kana, turu angler banget. Malah tak gawekne kopi ya durung kober didemok, dikepenakne olehe ngorok sing suwarane kaya graji mesin kae”.

        Krungu wangsulane simbahe ngono kuwi Nita mung mesem, Murtala melu mesem, mosok madhakne suwarane wong ngorok kok kaya graji mesin.

        “Wangune karipan banget Bapakmu kuwi Nit” Arja Gendhon melu guneman “lha mau apa ora pamit nek arep mrene?”.

        “Boten Pakdhe” wangsulane Nita “malah pamite badhe dhateng Pasiran Kidul Kalen. Lha sareng kula ken nusul Mas Andi, teng mrika boten wonten. Gek Hapene nggih ditilar teng griya”.

        “Lha wong lagi metu sedhela wae kok mbok goleki kuwi eneng apa?” Arja Gendhon takon maneh.

        “Bapak niku rak sampun semadosan kalih Mas Mur?” wangsulane Nita “Bapak piyambak sing ngendika, malah meling kula sawanci-wanci Mas Mur dugi, kula didhawuhi ngebel, lha sareng kula telepon kok malah ha-pe ne ditilar teng griya. Lajeng kalihan Ibu kula kalih Mas Mur kadhawuhan ningali mriki, Jebul leres, malah teng mriki Bapak sare. Pancen wiwit kala wingi ngendikane Ibu, Bapak niku boten sare, dados nggih leres kados sing dingendikakne Pakdhe wau menawi Bapak nembe karipan”.

        “Wiwit jaman isih jaka biyen, Bapakmu kuwi nek lagi mikir sing serius banjur ora bisa turu” Arja Gendhon guneman maneh “telung dina kepungkur ye mrene, nanging ya gak crita apa-apa. Embuh nek karo Simbahmu omong, aku ora ngerti”.

        “Karo aku ki omong, nanging ora cetha jluntrunge” Simbahe Nita nyaut rembug.

        “Ora cetha jluntrunge piye ta mBok?” Arja Gendhon genti nakoni simboke.

        “Wong karo pamitan mulih kae omong njaluk pandonga, muga-muga wong sing jenenge Murtala luwih percaya marang Giri, tinimbang marang omongane Pak Guru Harmaka. Mung ngono kuwi thok.  nJajal pikiren, nek ngono kuwi jluntrunge piye?” wangsulane Simbahe Nita.

        “Lha sing dikarepne Giri, Murtala kuwi Murtala sapa?” Arja Gendhon guneman maneh “Mas Mur iki apa Murtala liyane? Nek sing dikarepne Murtala ki Mas Mur sing iki, kira-kira ya ana gandhengane karo sesambungane Nita karo Mas Mur, merga aku dhewe ya tau ngalami duwe anak wedok sing duwe sesambungan karo wong lanang sing saiki dadi Bapak-e Dinar kae”.

        Krungu sing dikandhakne Arja Gendhon ngono kuwi, Nita sakala mbrabak abang praupane. Nanging ora kumecap apa-apa. Murtala tanggap, mula banjur karo suwara sing ngati-ati murih ora gawe gelane sing padha krungu Murtala banjur guneman :

        “Nuwun sewu Pakdhe, kula kinten ingkang dipun kersakaken Pak Sugiri menika Murtala sanes, dede kula. Amargi antawisipun kula kalih Dhik Nita menika boten wonten sesambetan menapa-menapa kajawi winates ing kekancan, tunggil kegiatan ing Karang Taruna kalihan ing Pengaosan Masjid. Kula kalih Dhik Nita inggih boten nate jagongan ijen sami ijen, menapa malih medal utawi dolan sareng. Niki wau kemawon, menawi boten awit kadhawuhan Bu Sugiri murih ndherekaken Dhik Nita, kula nggih boten badhe wantun ngajak Dhik Nita medal. Rak ya ngono ta Dhik Nita?”.

 

Ana candhake.

Rabu, 08 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (11)


 

11.

        Ora krasa anggone jagongan wong loro, Murtala karo Nita kuwi wis rada sauntara suwene. Nanging sing dienteni panggah durung teka, sing dikongkon nyusul nggoleki ya ora ngetok pisan. Nanging gandheng sing dirembug ing jagongan kuwi perkara sing disenengi Murtala, dadi sanajan olehe ngenteni Pak Sugiri wis rada suwe, nanging ya ora krasa. Nita pancen pinter, murih dhayohe ora bosen ngenteni Bapak-e, ana-ana wae sing ditakokne marang Murtala, ana sing magepokan karo giat Karang Taruna Desa, ya ana sing ana gandhengane karo kegiatan Remaja Masjid, sing  karo-karone Murtala lan Nita padha dene olehe aktiv neng jerone.

        Nalika jam ing ha-pe ne Nita nuduhake angka sanga luwih limalas, Bu Sugiri sing metu, melu nemoni Murtala, karo nyangga baki sing isi dhawet telung gelas karo kenthang ireng godhogan sing diwadhahi piring.

        “Oleh-oleh saka Pasar Nak Mur” kandhane Bu Sugiri karo nyelehne bakine neng dhuwur meja “mangga dirahabi saanane”.

        “Kok repot-repot ta Bu, namung tiyang dolan kemawon kok kados tamu mawon?” kandhane Murtala mangsuli kandhane Bu Sugiri.

        “Repot apa ta Nak, wong mung jajan saka Pasar wae kok” Bu Sugiri wangsulan “mangga diunjuk, iki mau dhawete sengaja ora tak kon menehi es. Lha ora ngerti nek Nak Mur neng kene kok”.

        “Kuwi kabeneran Buk, wong Mas Mur ki ora remen ngunjuk sing ana es-e, beda karo aku he he he” sing mangsuli genti Nita.

        “Nek kowe ngono, awan bengi senengane banyu anyep terus” kandhane Bu Sugiri sing disambung karo pitakonan “lha Bapakmu mau sida durung bali ta?” 

        “Durung lho Buk” wangsulane Nita “malah Mas Andi sing tak kon nusul katut ora mulih pisan”.

        “Mau ki Andi malah nusul nyang Pasar, dikira Bapakmu nusul Ibu, wong digoleki neng Pasiran Kidul Kalen jarene ora ana, banjur diomongi Kusiran jarene Bapakmu numpak pit-e ngetan ngono” Bu Sugiri ngandhani anake wedok “Andi terus tak kon mulih, wong jarene Pasiran sing kene ora ana sing nunggu”.

        “Lha ya Bapak ki gek nang ngendi? Wong ngendikan dhewe nek wis semayan karo Mas Mur kok malah tindak ora karuwan parane?” Nita grenengan kaya ditujokne awake dhewe.

        “Alaah, wong Bapakmu wae, senengane ya lali ngono kuwi” Bu Sugiri mangsuli olehe grenengan Nita “mengko sedhela maneh rak bali, wong olehe kepengin ngajak jagongan Nak Mur ki jane wis rada suwe, mung nemen-nemene kuwi mau bengi, ketoke sewengi blas ora sare, ditakoni arep ngrembug apa, wangsulane mung cekak mung pengin omong-omongan sing rada taneg ngono wae”.

        “Kala wau jam tiga kirang, sampun bidhal dhateng Masjid lho Bu” Murtala melu amul rembug “lajeng lenggah ing angkringan kula mrika ngantos subuh, lajeng kula kadhawuhan murih sowan mriki enjing menika”.

        “Critane ngono rak ngene ta Nak Mur” Bu Sugiri banjur guneman maneh “Bapakmu kuwi rak dielingne karo Sing Kuwasa, kuwi sing crita ya Bapakmu dhewe, dielingne supaya bali menyang dalan sing bener, nanging jarene arep menyang Masjid kuwi isin, butuh kanca. Banjur karo adhimu Nita dikandhani supaya nemoni keng slira, ben dikancani nek nuju kepengin menyang Masjid. Nita ya crita akeh-akeh bab kaluwihan sing diduweni Nak Mur, mula Bapakmu banjur tansah kandha menyang Ibu nek kepengin jagongan karo Nak Mur wae, Ngono”.

        “Menapa sampun dangu ta Bu anggenipun Bapak ngersakaken sembahyang malih menika?” Murtala takon.

        “Ya kira-kira wis sesasinan, sing tak elingi kuwi bar Bapakmu kundur saka anggone tindak karo Pak Harmaka sowan nyang daleme Kyaine Pak Harmaka, banjur esuke tuku sajadah anyar banjur ngandhani Ibu nek arep sembahyang maneh, ngono kuwi critane” wangsulane Bu Sugiri “nanging kuwi dhawete gek diunjuk, kok malah ditinggal jagongan wae, karo kenthange kuwi didhahar, kuwi kenthang ireng weton Dhawung Jagaraga, adate gurih tur gempi”.

        “Lha inggih, ingkang lucu niku nggih Dhik Nita menika” kandhane Murtala sawuse nyruput dhawet sing disuguhne Bu Sugiri “mesthinipun Bapak rak dipun aturi manggihi Ustadz Nurhamid menapa Kyai Zamzuri, kok malah diaturi manggihi kula? Pangertosan kula niku lebet tapakipun Meri lho Bu, kula niki namung tamatan SMA dados nggih wonten ing sangandhapipun Dhik Nita ing babagan kawruh menapa-menapa. Dhik Nita rak Mahasiswi ingkang sampun meh lulus”.

        “Ora ngono Mas” Nita sing wangsulan “Bapak kuwi nek jagongan karo Priyayi kaya Ustadz Nurhamid utawa Kyai Zamzuri mindher utawa wedi, olehku ngaturi Bapak supaya nemoni Panjenengan kuwi merga aku ngerti, panjenengan ki sak jane mung kacek sausap wae nek karo Ustadz Nur utawa Kyai Zamzuri. Aja mung ndelok peh mung tamatan SMA, nanging kudu disawang saka bukti lan nyatane. Miturut pamawasku, bener  Panjenengan kuwi ora kuliah nanging bobote luwih saka sarjana, ing babagan kawruh apa wae panjenengan kuwi mumpuni sanadyan ora dipamer-pamerne, Bahasa Arab fasih, bahasa inggris mahir tur ya aktiv, Basa Jawa turah olehe bisa. Kawruh exac panjenengan wasis nyatane nguwasani ilmu falaq, ilmu sosial panjenengan ya ora mung tekan teori nanging wis bisa panjenengan praktekne………”.

        “Uwis, uwis Dhik Nita, klambiku mengko nek sansaya sesak” Murtala ngendheg gunemane Nita karo ngguyu lirih “nek olehe ngompak Dhik Nita kedhuwuren, aku ya kuwatir kejlungup he he he”.

        “Sepurane ya Mas, aku iki ora nggunggung ning among apa anane” Nita isih ngeyel “aku percaya Bapak mesthi seneng nek bisa diskusi karo panjenenganm wong menang-meneng Bapak ki ya ngerti kulaitase Mas Mur”.

        “Aku ya seneng kok Dhik jagongan karo Bapak, bisa oleh tambahan kaweruh akeh” Murtala wangsulan “mula pas aku didhawuhi supaya sowan mrene, aku ya rindhik asu digitik, sumrinthil wae, nganti karo Ibuku dikira arep ndolani Dhik Nita he he he…..”.

        “Nek Nak Mur kersa ndolani Nita, Ibu karo Nita mesthi seneng banget Nak Mur” sing semaur malah Bu Sugiri.

        Krungu tembunge Ibune Nita ngono kuwi, Murtala rumangsa getun karo tembung sing mrucut saka lambene. Murtala lagi krasa yen tembunge kuwi mau bisa nuwuhake rasa ora kepenak ing atine Nita. Kurang-kurang bejane Nita bisa ngira yen dheweke mambu ati marang Nita. Nita dhewe krungu ngendikane Ibune ngono mau, banjur mbrabak praupane. Ora semaur malah banjur ndhingkluk, embuh gela embuh seneng ora bisa dikira-kira. Murtala melu ndhingkluk, merga ngira yen Nita gela krungu ngendikane ibune. Getune Murtala sansaya tambah-tambah. Kahanan dadi sepi padha sakala.

        “Atake Bapakmu mau malah menyang daleme Simbah Nit?” bareng kahanan dadi sepi, Bu Sugiri banjur ngajak omong Nita, nutugne olehe ngrembug lungane Bapake “banjur tekan kana pethuk Pakdhemu, ngobrol ngalor ngidul nganti lali anggone wis semayan karo Nak Mur?”.

        “Bisa uga ngono Bu” wangsulane Nita, praupane wis ora mbrabak maneh “Bapak ki nek wis pethuk Pakdhe, banjur jagongan perkara politik betahe ora jamak, sansaya nek karo Simbah dicawisi Kopi neng jimbeng gedhe kae, mesthi dadi luwih betah maneh”.

        “Apa mbok susul mrana?” Bu Sugiri guneman maneh “mengko mesisan Ibu titip, buah mertega sing diundhuhi wingenane kae rak wis padha mateng, aturna Simbah. Karo jatah kanggo sasi ngarep aturna pisan”.

        Anita meneng wae, ora tumuli wangsulan. Ibune wis tanggap karo menenge Nita.

        “Nek kowe ora bisa nggawa buwah Mertega sing diwadhahi kresek kae, aku tak nyuwun tulung Nak Mur” kandhane Bu Sugiri sabanjure. Murtala ndengengek, durung nyandhak apa sing dikarepake Bu Sugiri.

        “Ibu arep nyuwun tulung, Nak Mur bisa ta ngeterne Adhimu Nita menyang daleme Simbah? Wong nek karo nyangking gawan Nita kuwi ora pati tegen olehe nggoceki setir sepedhane?” Bu Sugiri nyethakne karepe, ngongkon Murtala supaya ngeterne Nita.

        “Inggih… saged Bu” wangsulane Murtala alon.

        “Matur nuwun” Bu Sugiri banjur ngadeg “mertegane tak tatane dhsik”.

        “Matur nuwun lho Mas” sawise Bu Sugiri ngalih, Nita kandha marang Murtala karo mesem, polatane katon bingar, nandhakne yen lagi kalegan atine.

 

Ana candhake.

Selasa, 07 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (10)


 

10.

        Murtala salin nganggo kaos, clananan Jeans, banjur metu saka kamare. Menyang Pawon arep nggoleki Ibune. Marsini sing lagi nata godhong gedhang arep digawe pincuk neng amben pawon, ngulati anake lanang sing beda pacakane, banjur takon :

        “Lha kowe arep nang ndi ta Mur? Kok macak gagah ngono?”.

        “Oalaah Ibu ki kok ya ana-ana wae lho” wangsulane Murtala karo ngguyu “mandhak lagi salin kaos rada pantes ngono wae, kok olehe ngalem wis ora karuwan”.

        “Ora ngalem, pancen kowe nek nganggo kaos kuwi banjur clanane ya kuwi ketok gagah tenan lho Mur. Arep menyang ngendi ta?”.

        “Badhe dhateng daleme Pak Sugiri Bu” Murtala wangsulan bares.

        “Kowe arep ndolani Nita ta? Ngati-ati lho Le, aja sembrana, kae bocah sing apik, nanging durung karuwan nek cocog karo kowe” Marsini ngandhani anake lanang.

        “Lho sing ajeng ndolani Nita niku sinten ta Bu?” Murtala wangsulan karo mesem “kula nggih empun ngertos kok, lare nika sae nanging dados boten sae tumrape kula nek wani ndolani piyambake he he he. Kala wau kalih subuhan teng Masjid, Pak Sugiri niku rak ndhawuhi kula supados dhateng daleme”.

        “Pak Sugiri kuwi subuhan menyang Masjid?” Marsini takon, suwarane nuduhne rasa gumune.

        “Inggih Bu, wiwit wau subuh niku Pak Sugiri sampun kersa sembahyang malih”

        Murtala banjur mbaleni critane Pak Sugiri marang dheweke sing ditampa mau pas arep budhal menyang masjid. Marsini mung manthuk-manthuk, ing batin rumangsa getun dene mau kaya arep ora percaya krungu nek Pak Sugiri subuhan nang Masjid.

        “Lha kula kinten anggenipun Pak Sugiri ndhawuhi kula murih dhateng dalemipun menika, badhe dipun takeni prakawis-prakawis ingkang wonten gandhenganipun kalihan sembahyang, mbok menawi kemawon gandheng sampun radi dangu boten salat wonten ingkang supe, Bu” kandhane Murtala sawuse rampung critane.

        “Kira-kira ya ngono” wangsulane Marsini “tiwas mau tak kira nek arep ndolani Nita, wong dhek emben kae, pas kowe setor dhuwit nyang Bank, bocahe dolan mrene jagongan karo Ibu suwe banget. Mula Ibu mau ngarani nek Nita kae jan-jane bocah sing apik”.

        “Lho Nita niku dolan mriki Bu?” Murtala takon semu gumun, kok aneh temen nek Nita dolan menyang omahe.

        “Iya, jarene suk Ahad ngarep kuwi neng masjid arep enek Pengajian? Lha jarene Nita, Ibune arep nyawisi sarapan prasaja, sega pecel lawuh tempe, kanggo jamaah pengajiane. Mula Nita banjur diutus pesen sambel pecel mrene” Marsini nggenahne olehe Nita dolan menyang omah kono.

        “Inggih pancen wiwit wulan niki saben ahad keempat teng Masjid diwontenaken Kajian Rutin. Kula boten ngertos menawi Ibunipun Nita badhe nyawisi sarapan kangge jamaah, tiyang rencanane niku kajian garingan mawon, boten mawi suguhan” kandhane Murtala mbenerne nek neng Masjid arep dianakne kajian rutin.

        “Kowe ya ditakokne kok, karo Nita” kandhane Marsini maneh “wonge kandha jare angkat topi marang kowe. Jarene Nita kowe kuwi klebu Pemuda sing pantes dadi patuladhan, bocahe ya omong nek kepengin jagongan ngangsu kawruh marang kowe, nanging jarene janji arep mrene ora sida merga jarene mindher dhisik”.

        “Nggih empun, kula tak ndang teng daleme Pak Sugiri” kandhane Murtala nyigeg olehe ngrasani Nita “tiyang kula wau semadosan jam wolu ngoten, gek sak niki sampun jam wolu langkung seprapat”.

        Murtala banjur ngetokne sepedha pancale, ora nganggo sepedha motore sing anyar. Merga Murtala kepengin karo olah raga ben awake krasa luwih seger. Karo ngepit, ing angen-angene Murtala kober kumlembar wewayangane Nita, anake Pak Sugiri. Prawan ayu sing sregep ngaji. Murtala ora ngira nek Nita tau dolan menyang omahe lan kober jagongan karo Ibune. Murtala mesem dhewe, miturut pambijine, Nita kae pancen bocah sing apik. Nadyan anake wong sugih lan dhuwur sekolahe, dhasar sinung rupa sing ayu, nanging ora kemayu. Srawunge karo tangga kiwa tengene katon becik, sing diweruhi Murtala Nita kuwi duwe slaga sing andhap asor marang wong sing luwih tuwa, grapyak semanak karo kanca-kanca sabarakane. Mula ora aran aneh yen jenenge Nita banjur dadi kembang lambe. Kerep dadi pocapane para nom-noman lanang sing padha kayungyun marang dheweke. Ora tau keprungu wong ngrasani ala marang Nita, sing ana meh kabeh padha ngalembana nek putrane Pak Sugiri kuwi nyata bocah wadon sing ayu lahir batine. Akeh bocah lanang sing padha duwe angen-angen, iba bungahe yen bisa nyandhing dheweke. Nanging Murtala tumuli mbusak wewayangane Nita saka angen-angene. Murtala wedi nek nganti olehe ngangen-angen dadi kebablasen, kepanduk rasa tresna sing jarene angel digolekne tamba. Murtala eling sapa dheweke lan sapa Nita. Bebasan cecak pengin nguntal empyak, cebol nggayuh lintang nek nganti dheweke katut melu ngangen-angen Nita, Prawan ayu, bocah kuliyahan, anake wong sugih mbrewu. Lha nek dheweke?  Anake Randha sing uripe disangga pensiunan janda PNS golongan I C, lan dheweke dhewe gaweyane mung dodol kopi neng warung akringan sing bukake mung pendhak bengi.

        Tekan ngarepan omahe Pak Sugiri Murtala mudhun, sepedhane dituntun mlebu pekarangane wong sugih sing latare jembar ditutup nganggo paving, banjur dijagang neng ngisor wit pelem sing dadi salah sijine tanduran pethetan.

        “Badhe ngersakaken pesen Pasir Mas? Mrika bablas mawon teng wingking griya” nalika Murtala lagi ngingat-ngingeti terase Pak Sugiri, diparani bocah nom sing umure sapantaran karo dheweke, dikira arep pesen Pasir. Murtala durung tau tepung karo nom-noman kuwi.

        “Boten kok Mas, anu badhe kepanggih Pak Sugiri” wangsulane Murtala sopan “kala wau kula kadhawuhan sowan mriki”.

        “Oh, kula kinten menawi badhe pesen Pasir, mangga pinarak teng teras rumiyin, Bapak kula aturane” nom-noman kuwi ngajak Murtala lungguh neng kursi teras, banjur ditinggal mlebu omah. Murtala ya banjur mapan lungguh, mripate kober nyawang Manuk Podhang sing kurungane digantung neng teras kuwi.

        Nganti suwe Murtala lungguh ijen neng teras, nom-noman sing mau kandha nek arep “ngaturi Bapak” durung metu-metu. Kanthi sabar Murtala mung bisa ngenteni. Merdhayoh neng omahe wong sugih kuwi beda karo nek merdhayoh neng omahe wong pas-pasan kaya dheweke. Cukup mbengok saka ngarep omah, ngundang jenenge ngono wae wis cukup. Utawa nek kepengin rada sopan, ya uluk salam sing rada banter, mesthi sing duwe omah tumuli metu.

        “Oh, Mas Mur ta?” bareng wis rada suwe ngenteni, ana sing marani, Nita anake wedok sing duwe omah sing banjur karo grapyak semanak  alok sapa aruh  “nggoleki Bapak ya Mas?”.

        “Iya Dhik” wangsulane Murtala “mau esuk pas karo subuhan mau Bapak dhawuh supaya aku sowan mrene”.

        “Iya Mas, Bapak mau ya dhawuh nek Mas Mur wis rawuh diaturi ngenteni sedhela, Bapak isih neng Pasiran kidul kalen, mau meling nek Mas Mur rawuh aku didhawuhi ngebel, lha tak bel kok tibake Hapene Bapak malah keri neng omah. Mas Andi wis tak kon marani kok” Nita kandha maneh “Iya, Mas Mur ngunjuke apa? Kopi Susu ya?”

        “Gak sah repot Dhik, nek ngelak tak njupuk banyu putih iki wae” wangsulane Murtala karo nudingi botol cilik-cilik isi banyu mineral sing ditata neng dhuwur meja. Nita ora wangsulan, mung tangane nduduli hurup-hurup neng ha-pe ne kirim WA, mbuh menyang sapa?.

        “Aku dhek emben sowan nyang daleme Panjenengan lho Mas” Nita kandha maneh karo nyelehne ha-pe ne neng meja “panjenengan pas gak neng dalem, ngendikane Ibu setor tabungan nyang Bank? Aku ya banjur ngrusuhi Ibu he he he”.

        “Iya Ibuku mau ya crita nek Dhik Nita rawuh nyang omah, pesen sambel pecel?” Murtala wangsulan karo mesem.

        “Iya, wong nyang Ibu didhawuhi pesen sambel pecel kanggo kajian suk pendhak Ahad kuwi” kandhane Nita maneh “oh, iya sing ngsisi kajian sapa Mas? Panjenengan ta sing golek Ustadze?”.

        “Aku wis nyuwun tulung Ustadz Anies Yuliarsa, tak aturi maringi kajian. nDelalah Ustadz Anies wis kadhung nyaguhi ngisi neng Masjid Al Buraidi, banjur Panjenengane ndhawuhi Ustadz Mahsun Amrullah supaya nyulihi”.

        “Dadi sing ngisi Ustadz Mahsun sing daleme Sukareja? Panjenengane kae Dhosenku neng STIT Paron lho Mas…..”.

 

Ana candhake.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Senin, 06 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (09)


 

09.

        Batine Murtala kudu ngguyu wae, merga krungu wangsulane Pak Sugiri sing keprungu lucu kuwi. Budhal subuhan menyang Mesjid kok jam telu durung ana, kamangka jadwal manjing subuh ing Kedunggalar lan sakupenge kuwi jam papat luwih rong menit. Ya mesthi wae nek mesjid isih sepi lan ora ana wong babar pisan. Nanging guyune Murtala ora sida diwetokne, Murtala banjur duwe pangira, mbok menawa wae Pak Sugiri kleru anggone ndelok jam. Utawa mbok menawa saking semangate Pak Sugiri anggone arep ngibadah, pancen sok-sok wong kuwi nek lagi anyaran anggone nindakne sembahyang semangate makantar-kantar, ngalah-ngalahne sing wis suwe dadi santri, durung wancine barang wis budhal ndhisiki. Gek Murtala ya ngerti nek Pak Sugiri kuwi ya lagi wae olehe gelem nindakne salat. Wong sasuwene iki sing diweruhi Murtala, Pak Sugiri kuwi blas ora njawa agama. Senengane ngabotohan nek mbeneri ana Pilihan Lurah ing ngendi-endi. mBok adoha ya dilurug. Pak Sugiri kuwi wis kondhang kaloka minangka botoh gedhe. Uga seneng ngombe arak lan minuman keras liyane sing nganti mendem, malah kerep wae nglumpukne bocah-bocah nom sing duwe kasenengan mendem neng omahe, banjur dijak ngombe bareng nganti padha mendem. Luwih-luwih nek wayah ana tontonan Tayub, dhangdhut, apa campur sari, kondhang nek Pak Sugiri mesthi olehe nyumbang omben banyu landa ngono kuwi nganti pirang-pirang krat. Nek wulan Ramadhan Pak Sugiri kuwi ya ora tau gelem pasa kaya lumrahe wong Islam, malah nek mangan, ngrokok utawa ngombe kaya-kaya dipamerne ben diweruhi wong akeh. Nanging, ya ana apike, Pak Sugiri ya duwe watak sosial sing dhuwur, nek ana urunan kanggo dandan-dandan Masjid utawa Mushala olehe nyumbang mesthi akeh dhewe. Nek dijak kerja bakti ya sregep. Bu Sugiri lan anake wedok sing mung siji ya sregep melu Pengajian neng Masjid.

        “Pancen masjid mriki niku kirang sedasa menit nembe pengerase diungelne kok Pak” kandhane Murtala mangsuli kandhane Pak Sugiri sing ngandhakne nek mesjide isih sepi “gek niki nggih nembe jam tiga kirang gangsal, dados nggih sak jam malih nembe Pak Jumari ngungelne pengeras. Paling niki Pak Jumari nggih taksih tilem teng griyane”.

        “Lha subuhe ki jam pira ta Mur?” Pak Sugiri isih ngeyel takon.

        “Nggih manut jadwal saking Kemenag, mriki jam sekawan langkung kalih”.

        “Oalaah, tak kira nek jam telu luwih rong menit, tiwas aku mau rada kesusu”.

        “Nggih boten napa-napa ta Pak” Dikin sing olehe linggih neng dhingklik ing sisihe Pak Sugiri melu nrambul rembug “bidhal saking griya yah menten niki, terus mampir ngopi kalih ngentosi manjing subuh, mengke sekeca boten kraos arip”.

        “Iya, nanging iki mau ya tiwas kebeneran kok” wangsulane Pak Sugiri banjur nyruput kopine.

        “Kleresan pripun Pak?” Dikin takon.

        “Aku ki wis rada suwe kepengin mara rene, nanging pijer kalah karo acara liyane” wangsulane Pak Sugiri.

        Dikin ora nyauti tembunge Pak Sugiri mung mripate wae sing nyawang praupan, ngenteni sambunge rembug saka sing ngajak omong.

        “Arep takon Murtala kuwi lho” Pak Sugiri nyambung rembuge.

        “Badhe mundhut pirsa teng kula? Bab menapa Pak?” genti Murtala sing takon, karo batine ngira-ira apa sing arep ditakokne Pak Sugiri kuwi marang dheweke, Murtala ngira nek Pak Sugiri arep takon bab tata carane sembahyang.

        Pak Sugiri ora tumuli wangsulan. Ana rombongan wong lima sing teka lan aba mangan karo kopi marang Murtala. Wong lima bakul sayur sing lagi mudhun saka Pasar Gunung, kulakan. Wong lima kuwi ora lungguh neng dhingklik, nanging milih manggon neng klasa sisih kiwane dhasaran warunge Murtala. Lagi sawise Murtala rampung olehe ngladeni wong lima kuwi mau, Pak Sugiri guneman :

        “Awakmu kuwi duwe wektu longgar ngono jam pira? Jarene bocah-bocah nek bar surup awakmu ki marahi ngaji bocah cilik-cilik, nek bar ngisak jarene ngaji Kitab?”.

        “Wekdal longgar kula nggih menawi enjing dumugi wanci bedhug Pak Sugiri, mergi bakda luhuran ngantos ngasar kula damel tilem, lajeng bakda ngasaran wiwit nyawis-nyawisaken ingkang badhe kula sade” wangsulane Murtala ditutugne takon “lha badhe wonten kersa menapa ta?”.

        “Arep tak jak omong-omongan sing rada dawa” wangsulane Pak Sugiri “nek bisa dolana nyang Omah Kidul ya? Awake dhewe mengko bisa jagongan sing taneg neng kana”.

        “O kula kadhawuhan sowan dhateng dalem? Inggih Pak Insya’allah mengke jam-jam wolu napa jam sanga kula tak mrika” wangsulane Murtala.

        Durung nganti Pak Sugiri guneman maneh, ana wong sing teka, ora aba apa-apa terus linggih neng sisihe Pak Sugiri karo nembung njaluk rokok :

        “Nyuwun rokoke sak ler mawon Boss damel tamba kecut”.

        “Saka Markas ta Gang? Menang pa kalah?” wangsulane Pak Sugiri karo ngesrokne rokoke nyang ngarepe Bogang sing lagi teka kuwi.

        Sing dikarepake nganggo tembung “Markas” kuwi omah suwung, ya kuwi omahe wong sugih sing saiki dadi Pengusaha gedhe neng Jakarta, omahe dititipne marang salah sijine sedulure, sing dening sedulure mau banjur digunakne kanggo papane wong-wong sing seneng dolanan kertu karo dhadhu kanggo ngabotohan. Sok-sok neng omah kuwi ya dienggo papan kanggo ngombe arak utawa miras bareng-bareng, Manggone rada ndhelik dadi ora gampang konangan Polisi.

        “Ludhes kok Bos” wangsulane Bogang karo ndudut rokoke Pak Sugiri sak ler banjur disumet disedhot pegane “dhuwit turahan olehku dodol wedhus, amblas mlebu kanthonge Begog kabeh”.

        “He he he” Pak Sugiri ngguyu nggleges “Ya lumrah, jenenge wong main kuwi ya sok kalah ya sok menang barang. Bek menang terus ya disirik kancanem sing dijak main mesthi wegah”.

        Bogang ora semaur, mung olehe nyedhot rokoke ketok dinikmati tenan. Murtala ngladekne kopi neng ngarepe Bogang karo muni :

        “Kopine Gang”

        “He he he iya Matur nuwun lho Mas” wangsulane Bogang karo ngguyu “iki mengko gratis ya? Aku lagi pailit je”.

        “Gratis ya gratis neh” wangsulane Murtala karo mesem .

        “Lha karo Begog pa gak diwehi ujuran?” Pal Sugiri takon.

        “Diwenehi rong puluh, ning ajeng kula sukakne Mak-e, ngge imbuh mbayar listrik”.

        “Mangan apa piye Gang? Segane isih nek mung kanggo kowe wae”  Murtala nari Bogang mangan.

        “Arep mangan sega nek ngene iki lagi males banget Mas” wangsulane Bogang “jane ya luwe, upama Mie godhog ngono aku gelem”.

        “Bogang gawekna Mie godhog Dhik!” Murtala prentah marang Dikin. Sing diprentah ya banjur ngadeg, njupuk Mie Instan siji arep digodhog.

        “Lomboke katutna nggodhog pisan Kin” Bogang melu mrentah Dikin “ben mateng, gusiku lagi abuh kok, gak keneng dienggo nyakot lombok mentah”.

        “Wong menangan ngalahne Bogang ki pancen gak enek kok” Pak Sugiri nggremeng karo guyon “wis gak umbas, kathik isih milih lan mrintah macem-macem”

        Bogang mung mlengeh amba, ora semaur apa-apa.

        mBarengi karo rampunge Dikin olah Mie, saka Masjid wis keprungu suwarane Pak Jumari muter Shalawat Tarhim aweh tengara marang wong-wong yen sepuluh menit maneh wis manjing wektu subuh. Murtala njupuk sarung karo sajadahe, ngajak Pak Sugiri lan Dikin budhal menyang Masjid. Warunge dipasrahne Bogang sing isih mangan Mie godhog, dikongkon nunggoni.

        “Tak tinggal subuhan dhisik ya Gang” kandhane Murtala “titip mbok menawa nek ana wong sing mara”.

        “Iya Mas, beres” wangsulane Bogang .

        Jebul Bogang ora mung dititipi warunge Murtala wae, sepedha motore Pak Sugiri ya ditinggal neng kono, wonge milih mlaku bareng karo Murtala lan Dikin. Karo mlaku Pak Sugiri lagi waleh marang Murtala, yen anggone arep miwiti sembahyang kuwi ya lagi ing wektu subuh iki. Pak Sugiri crita nek telung dina kepungkur, kaya ana sing ngosikne atine supaya sembahyang maneh. Kaya jaman dheweke isih cilik biyen, saben sore budhal menyang masjid nindakne sembahyang lan sinau ngaji. Nanging banjur ditinggalne nalika dheweke wiwit ngerti jagad jaba srawung karo jinise wong sing manekawarna.

        Murtala ora semaur apa-apa, kajaba mung “nginggihi” wae. Jroning atine melu seneng yen Pak Sugiri wis bali eling gelem sembahyang lan saba masjid maneh.

 

Ana candhake.

 

 

           

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...