Total Tayangan Halaman

Sabtu, 18 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (22)


 

22.

        Wong sing lengene ana tatone kuwi genti nyawang marang Murtala karo mripat sing murup. Sauntara Dikin wis ngalih neng mburine Murtala, tangane loro isih dikepelne, kaprayitnane panggah ora dikurangi. Nanging wis meneng ora guneman maneh. Kancane wong sing tatonan kuwi njawil pundhake  kancane karo aweh sasmita supaya bali linggih maneh. Sing dijawil ya banjur mapan lungguh, mripate isih murup karo ngingeti Dikin lan Murtala genti - genten.

        “Ngene lho Mur, jenengmu rak Murtala ta?” kandhane wong mau karo suwara sing sanadyan ora sereng nanging keprungu nek ngremehake marang Murtala, kanthi nyebut njangkar wae “jane aku mrene mau mung arep takon karo arep ngandhani kowe, kareben kowe ora cilaka uripmu. Nanging sajake kancamu kuwi pancen rada kemajon lambene, tujune kowe ndang nyedhak, upama ora merga aku nyawang kowe ngono, kancamu kuwi pancen prelu rada dipapaki lambene ben njawa dheweke ngomong karo sapa”.

        “Leres kula Murtala” maune Dikin arep nyaut gunemane wong kuwi nanging kedhisikan dening Murtala sing aweh wangsulan karo tangane nyasmitani Dikin supaya meneng dhisik, basane Murtala keprungu alus lan sareh “panjenengan badhe mundhut pirsa menapa? Lan badhe paring pitutur menapa dhateng kula, inggih sadengipun kula matur nuwun”.

        Wong loro sing mau jare arep menyang Dawung, Jagaraga bali lungguh maneh karo panggah ngulati papane Murtala rembugan karo wong loro sing mau mudhun saka mobil.

        “Sokur, kowe luwih njawa timbang kancamu kuwi, Murtala” kandhane kancane wong tatonan kuwi rada alus “nyedhaka mrene, awake dhewe omong-omongan sing kepenak”.

        Murtala manut banjur lungguh neng ngarepe wong kuwi, kedhang-dhangan meja cilik dawa.

        “Aku mung arep takon, apa wis suwe olehmu gandheng karo Nita kae?” karo nyawang landhep marang Murtala wong kuwi takon, suwarane alon nanging mandhes.

        “Gandheng pripun sing dikersakne? Sing panjenengan kersakne Nita niku rak Nita putrane Pak Sugiri kidul mrika nika ta?” Murtala mbalik genti takon, suwarane panggah alus lan sareh.

        “Iya, Nita sing mbok jak pacaran nyang nggone Arja Gendhon Pelang, dhek esuk mau lho” wangsulane wong kuwi wiwit mencereng “kowe apa ora ngerti nek Nita kae wis ana sing duwe?”.

        “Nuwun sewu panjenengan menika sinten? Kajeng kula panjenengan menika  menapanipun Nita, nggih?” karo suwara panggah sareh Murtala takon maneh.

        “Kowe aja ketularan kancamu mau Mur” wong kuwi sansaya mencerereng “kowe ora prelu ngerti aku iki apane Nita, sing baku aku ora seneng nek enek wong lanang sing pamer bagus ngajak pacaran Nita”.

        “Lha nggih empun nek ngoten” Murtala wangsulan karo mesem.

        “Nggih empun piye karepmu? Kowe arep nyepelekne aku?” Wong kuwi sansaya sereng, mripate sansaya abang, tangane loro dikepelne kenceng.

        “Lho sampean wau criyos sing baku sampean boten seneng nek enten lare lanang sing pamer bagus ngajak pacaran Nita ta?” wangsulane Murtala ayem wae “lha nggih sampun ta nek ngoten, ajeng pripun malih? Wong niku urusan sampean dhewe, senes urusan kula. Kalih malih teng mriki nggih boten enten sing adol bagus kados sing sampean omongne niku wau”.

        “Aku iki isih sabar lho?” wong kuwi ngadeg karo malangkerik, tangane sing siji nuding marang Murtala “aku ki mung ngelikne kowe becik-becik, gak sah kakehan cangkem mamerne lemese ilatmu. Pokoke wiwit dina iki kowe ora oleh sesambungan maneh karo Nita, nek nganti nekad, padha wae kowe arep wani karo aku. Ngerti?”.

        “Dereng Mas” wangsulane Murtala “kula dereng mudheng kalih kajeng sampean, sing sampean kandhakne ora oleh sesambungan niku pripun?”

        “Pokoke nek nganti kowe wani goncengan karo Nita, utawa metu karo Nita,  apa kowe wani dolan menyang omahe Nita, kuwi padha karo kowe nantang aku. Ngerti?” wong kuwi nggetak Murtala karo tangane nuding pas neng cedhak irung.

        “Aneh…….” Murtala grenengan dhewe, suwarane alon, nanging jebul wong sing lagi nuding - nuding praupane kuwi krungu.

        “Piye?” wong kuwi nggetak sansaya banter “kowe saguh apa ora? Apa kudu ndadak tak wenehi pelajaran, tak gawe bengeb raimu dhisik karo warungmu iki tak orak-arik pisan? Diamput kowe, dikandhani apik-apik isih arep kakehan cangkem…….”.

        “Heeee…. Sapa bengi-bengi bengak-bengok arep gawe kisruh kuwi…….?!?” Durung nganti Murtala aweh wangsulan marang wong sing nggetak karo misuhi dheweke kuwi, dumadakan saka njabane warung keprungu wong nyuwara sing ora kalah bantere. Ora suwe ketok Pak Sugiri teka mlebu warung mlaku marani panggonane Murtala lungguh.

        Tekane Pak Sugiri sing karo nyuwara banter kuwi mau, gawe kagete wong sing ana warung angkringan kabeh, Murtala, Dikin karo wong loro sing jare saka Sentolo mau. Ora keri wong loro sing mau numpak mobil inova ya ketok nek melu kaget.

        “Kowe ta Jrot sing arep ngorak-arik angkringane Murtala mau?” durung padha ilang kagete wis kesusul keprungu suwarane Pak Sugiri ngabah-abahi wong sing misuhi Murtala mau “jane matamu ki wis picak piye? Apa pancen utekmu wis bosok kekehan mbadhog iwak bosok he? Kowe wani nantang Murtala kuwi sing arep mbok ndelne apamu?  Aja maneh kok mung kowe karo Gagak, mbok kowe ngajak gurumu pisan maju bareng, nek bisa ngalahne Murtala mbok tak ombene uyuhmu. Bangsat Goblog !!!” .

        Aneh, beda banget karo pas misuhi Murtala lan pas tantang-tantangan karo Dikin mau, diunek-unekne karo dipisuhi kaya mangkono kuwi mau wong loro kuwi ora semaur apa-apa malah sirahe ndhingkluk, praupane katon pucet. Wong loro sing sangar-sangar kuwi wedi banget bareng ngadhepi Pak Sugiri.

        “Bajingan cengoh” Pak Sugiri ngunek-ngunekne maneh “karepmu apa arep ngisruh neng kene iki he? Apa pancen wis niyat arep nglalu? Wis bosen urip ya?”.

        “Nyuwun pangapunten Pak-e” sing tatonan tangane, wangsulan alon, suwarane kedher “kula boten ngertos, menawi Mas Murtala menika…….”.

        “Wong Tapak Suci Ban Ireng Mawar loro?” Pak Sugiri nigas gunem karo sansaya mencereng “jenengmu Gagak nanging matamu picak, saiki ngakuwa iki mau karepmu dhewe apa kongkonan?”.

        “Kajeng kula piyambak Pak-e” sing mangsuli Gejrot, wong sing mau misuhi Murtala.

        “Plog!!!” diwangsuli ngono kuwi, ora sranta tangane Pak Sugiri kemlawe, pilingane Gejrot ditempiling. Gejrot sempoyongan arep tiba, nanging tangane Pak Sugiri luwih cepet obahe. Rambute Gejrot dijambak karo digeret munggah, dipisuhi :

        “Iblis, wani kowe ngapusi aku” muni ngono kuwi karo kepelane dithungne raine Gejrot.

        “Nyuwun Pangapunten Pak-e” karo ngampet lara Gejrot guneman “kula namung sadremi….”.

        “Dikongkon sapa ? Setan !!!, cepet ngaku selak tak rampalne untumu ……”.

        “Nggih, Pak-e, nggih… Boss Jodi” wangsulane Gejrot.

        “Awas nek nganti ngapusi” karo muni ngono kuwi, Pak Sugiri ngluwari olehe njambak rambute Gejrot.

        “Saestu Pak-e, kula boten ngapusi” wangsulane Gejrot karo pringas-pringis ngempet mumet.

        “Wis gek ndang minggat saka kene” wangsulane Pak Sugiri “awas nek nganti aku weruh kowe isih klayaban neng kene maneh, ora ana pangapura maneh kanggo kowe cah loro”.

        “Nggih Pak-e, matur nuwun” wong loro sing maune ketok sangar kuwi katon dadi mengkeret, karo mlaku isih kober pamitan marang Murtala “mangga Mas Mur, nyuwun pangapunten”.

        “Nggih Mas, ngatos-atos” wangsulane Murtala karo mesem sajak ora tau ana kedadeyan apa-apa .

        Wong loro kuwi banjur klithih-klithih ngalih, marani mobile ora suwe banjur lunga ninggalne papan kono.Mengalor.

        “Aku gawekna kopi Kin, aja legi-legi” prentahe Pak Sugiri marang Dikin karo mapan linggih neng dhingklik sing mau dilungguhi Gejrot karo Gagak.

        Murtala banjur melu lungguh neng cedhake Pak Sugiri, karo guneman :

        “Matur nuwun lho Pak Sugiri, tujune wau Panjenengan rawuh, upami boten kinten-kinten duka kedadosane”.

        “Wong aku mau” wangsulane Pak Sugiri karo ngetokne rokoke saka njero sak, “wiwit sore wis turu, nglilir-nglilir wis jam siji terus ora bisa turu maneh. Timbang melek ijen neng omah, aku banjur mrene, golek kanca omong-omongan karo arep njaluk ngapura nyang kowe dhek esuk aku keturon neng nggone mBahmu Pelang kana, jare kowe mau ya nggoleki mrana?”.

        “Inggih tiyang kula kadhawuhan Ibu ndherekne Dhik Nita madosi panjenengan mrika” wangsulane Murtala .

        “Lha ya” kandhane Pak Sugiri maneh “tekan kene jebul pethuk bregejil-bregejil loro mau, Gejrot karo Gagak mau njaluk dhuwit kowe apa piye? Olehe aba pira?”.

        Murtala ora tumuli wangsulan, arep ngandhakne apa sing dikarepne Gejrot karo Gagak isih tidha-tidha, merga nyangkut jenenge Nita barang. Sauntara jam neng hapene wis nuduhne angka loro luwih loro.

 

Ana candhake

 

Kamis, 16 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (21)


 

21.

        mBarengi anggone Murtala karo Dikin bukak dhasar, udane teka. Ora deres, nanging ora terang-terang, grimis cilik-cilik isih terus tumiba. Ora ana wong sing mara jajan utawa ngopi, mesthine ya padha wedi nek klebus kena banyu udan. Dikin lungguh sendhen neng dhingklik karo ndeloki Hape. Sedhela-sedhela mesem kecut, sedhela-sedhela ketok mrengut. Murtala sing weruh Dikin ngono kuwi mung mesem. Banjur ngetokne Qur’an cilik sing neng ngendi-endi ora tau uwal saka awake, dibukak banjur wiwit nderes kanthi suwara sing mung bisa dirungokne dhewe. Dadi senajan ora ana wong mara, Murtala ya ora pati nggagas, merga ketungkul luru pituduh kanggo sangune urip sarana mipili isine ayat-ayat suci Sabdaning Gusti.

        “Bocah-bocah ki pancen nggregetake kok” dumadakan Dikin alok rada banter, Murtala leren olehe nderes, banjur nyawang marang adhine nak dulur kuwi, nanging ota guneman apa-apa, nganti Dikin nutugne olehe guneman “jan ora padha duwe perasaan, ngerti nek udan ngene malah padha moyoki wong dodolan, ora padha mesakne malah padha ngece”.

        “Kowe kuwi omong apa ta Dhik?” Murtala nutup Qur’ane karo nyauri gunemane Dikin ”dadi wong kok seneng grenengan dhewe, kresah-kresuh kaya maling kuyuhan,*) ngono kuwi ora becik, tak kandhani”.

        “Witikna olehe ora arep nggreneng ki ya piye ta Mas?” Dikin wangsulan karo mesem anyel “ngerti udane ngriwis ngene, lha kok ya ana sing kober omong neng Grup We A : Murtala karo Dikin ora repot iki, bisa leren. Lha kok ya ana sing mangsuli : Iya, Dikin mesthi seneng iki, olehe dolanan hape ora diganggu wong tuku. Banjur ana maneh sing nulis : aja diece, Dikin mengko nek nesu. Bahaya wiii, Dikin ki nek nesu sok ngamuk, dagangane dipangan dhewe, bisa-bisa wetenge mbledhos. Njajal nek ana omongan pating pecothot ngono kuwi apa ora anyel ta Mas? Deloken ta neng Grup ANTESA kuwi lho”.

        “Olehe nulis bocah-bocah kuwi rak ya ana benere ta Dhik?” Murtala wangsulan karo mesem “merga udan, awake dhewe bisa leren, rak ya wis bener ta? Olehmu dolanan Hape rak ya pancen ora ana sing ngganggu ta? Awakmu ya dikandhani, nek nesu aja banjur mangan akeh-akeh nganti ngentekne dagangan bisa mbledhos wetengmu, apa luput? Ora kowe dhewe mbok sapa wae ta, nek olehe mangan kakehan nganti ngentekne sega satermos karo gorengan sak panci kuwi, nek gak mbledhos wetenge rak ya kembung?”.

        “Iya Mas” Dikin melu mesem karo wangsulan “nanging kuwi lho, olehe nganyelne, ngerti nek kancane ora kepayon merga gremis, lha kok padha ngece semu nyokurne”.

        “Kuwi aja mbok tampa nek ngece luwih-luwih nyokurne” Murtala ngandhani adhine “nanging bocah-bocah kae nglipur aku karo kowe, nek mbok arani ngece marahi atimu gela kamangka wong ki nek gampang gela gampang kecandhak lelara utawa gelis tuwa, bisa uga banjur adoh karo kanca, iya apa iya?”.

        “Iya Mas”

        Lagi wae padha omong-omongan, ana sepedha motor mandheg. Sing numpak nganggo jas-hujan rapet. Ora lungguh neng dhingklik sing wis cemawis, nanging mung karo ngadeg wong numpak sepedha motor kuwi aba :

        “Tulung Mas, sampean buntelne sega wolu lawuhe ayam karo kopine ya wolu sampean plastiki wae”.

        “Inggih, pinarak rumiyin Mas” wangsulane Murtala karo aweh sasmita marang Dikin supaya mbuntekne sega, dheweke dhewe tumuli nyepakne plastik karo ngraciki kopi.

        “O ya, tak ngadeg wae, nek lungguh mengko marahi aras-arasen ngadeg maneh he he he” wangsulane wong mau karo ngguyu.

        Bareng karo olehe rampung anggone ngedoli wong sing pesen kuwi, saka lor ana sepedha motor mandheg maneh. Sing numpak wong loro goncengan, padha nggendhong tas ransel. Ora nyopot jas hujane sing modhel clana karo klambi, wong loro kuwi banjur mapan linggih neng dhingklik karo aba kopi, disambung pitakonan :

        “Maeme enten Mas?”

        “Wonten, sekul pecel, lawuhe ayam goreng wonten, tigan nggih wonten” wangsulane Murtala.

        “Nggih, sampean damelne, sing setunggal kalih ayam sing setunggal tigan asin mawon” wangsulane wong kuwi.

        “Menawi dhateng Jagaraga saking mriki tesih tebih nggih Mas?” karo nampani olehe ngladeni Dikin, salah siji saka wong loro kuwi takon.

        “Kantun celak kok Mas” wangsulane Dikin “Jagaragane pundi ta?”.

        “Dhawung Mas”

        “Nek Dhawung nggih sampun celak, watawis sedasa kilo boten wonten”.

        “Matur nuwun, kula mengke tak leren mriki radi sawatawis nggih Mas? Kalih ngentosi ben radi enjing. Tiyang niki wau kula saking Sentolo, Yogya, sepedhahan alon-alonan mawon, wiwit mlebet Kartasura dumugi mriki kejawahen terus”.

        “Oalah nggih, enggih dipun sekecakaken mawon” wangsulane Dikin. Sing banjur noleh menyang ratan, ana mobil mandheg banjur minggir nyedhaki angkringane.

        Murtala ya melu ngingeti mobil sing lagi teka kuwi. Atine rada nggragap, ora pangling mobil kuwi Mobil Kijang Inova sing dhek esuk meh wae nyrempet dheweke. Ya kuwi pas Murtala arep mulih saka panggonane Pak Sugiri.

        Ora suwe saka mobil kuwi mudhun wong loro sing awake kiyeng-kiyeng, umur-umurane kira-kira ya sapantaran nek karo Murtala. Sing siji neng lengen tangane ketok ana tatone. Wong loro kuwi ketok nek serem-serem.

        “Ngersakaken menapa Mas? Ngunjuk menapa Dhahar?” pitakone Dikin sawise wong loro kuwi lungguh neng dhingklik angkringane.

        “Hm….” Salah siji saka wong loro kuwi kaya nggereng olehe aweh wangsulan “aku gak butuh mangan ngombemu, aku mung arep lungguh neng kene, oleh apa ora?”

        “Kon mbayar ya gelem” kancane numpangi rembug.

        “Oh, nggih empun, sekecakaken” wangsulane Dikin karo arep mundur alon-alon.

        “He arep nyang ngendi kowe? Aku lungguh kene mbok kon mbayar apa ora? Ditakoni kok nyepelekne!!!” wong mau takon karo mencerengi Dikin.

        “Badhe mriku, boten-boten mbayar” wangsulane Dikin, atine krasa panas dipencerengi ngono kuwi, upama ora kelingan karo welinge Murtala sing kerep ngandhani dadi wong kuwi kudu akeh sabare, Dikin mesthi males mencereng. Dikin sing uga tau melu latihan lan wis disyahne minangka warga Persaudaraan SH Terate kuwi ora wedi nek mung ngadhepi wong loro kuwi. Nanging pituture Murtala luwih digugu dening Dikin tinimbang karo watak brangasane, mula olehe wangsulan ya lumrah wae.

        “Ya wis” wong kuwi guneman maneh karo suwara sing sangar, sing uga dirungokne dening Murtala “Murtala kae kon mrene!”.

        “Ken mriki? Enten napa?” wangsulane Dikin, senajan suwarane keprungu nek ora seneng nanging panggah basa krama.

        “Kowe ki krungu apa ora? Murtala kae kongkonen mrene!” Dikin digetak karo dipenthelengi.

        “Lha kupingmu ki bisa ngrungokne apa ora? Aku ki takon Mas Mur mbok kon mrene arep mbok kon ngapa?” wangsulane Dikin tatag, tangane loro pisan dikepelne, tekade wis dadi, ora nedya golek mungsuh, nanging yen kapeksa kepethuk ora bakal mingkuh ing pakewuh.

        “Heh, Munyuk elek, kowe arep wani karo aku? Nantang ya?” wong mau ngadeg, Dikin digetak banter.

        Wong loro sing jarene arep menyang Dawung Jagaraga mau, melu kaget ora krasa padha melu ngadeg karo nguwasi papane wong loro sing lagi teka nunggang mobil mau. Murtala ya banjur ngadeg, nyedhaki Dikin sing sajake wis krasa panas getihe.

        “He Plenthus Bangkak, aku ora nantang, Nanging nek tekamu mrene mung arep golek dadakan gendra, gak sah Mas Mur sing ngadhepi raimu, cukup aku wae! Ayo nek wani neng jaba kana sing panggonane rada jembar” wangsulane Dikin karo arep mlaku metu saka angkringan.

        Nanging durung nganti sida jumangkah, pundhake dijawil Murtala sing banjur guneman marang wong sing nunggang Inova mau karo suwara sing sareh nanging tatag katon nek ora ana rasa wedi sethithik-sethithika :

        “Sampun Mas, sampun dilajengne leh ajeng gegeran. Kula mpun mriki, sampean ngersakne napa?”.

Ana candhake.

 

*) Jaman biyen omah durung akeh sing nganggo pondhasi kaya saiki. Nek ana wong sing sedya maling, nek mlebu omah sing akeh nggangsir metu ngisor ris. Banjur mlebu karo mlumah.

Critane tau kedadeyan ana maling arep mlebu omahe wong liwat gangsiran. Ndelalah anake sing duwe omah krasa nguyuh, arep menyang kamar mandhi wedi. Banjur olehe nguyuh neng pinggir gedheg, ora ngerti jebul olehe nguyuh pas panggonan gangsiran maling. Malinge kuyuhan raine, banjur mbalik menjaba karo kresah-kresuh merga kuyuhan, Tembung kuwi banjur dadi pocapan kanggo nyandra wong sing seneng kresah-kresuh (mengeluh).

Rabu, 15 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (20)


 

20.

        Pancen Marsini durung crita marang anake  yen Maryati dhek emben kae kajaba nekakne welingan saka Bu Huda ya ngiras ngandhakne sing dadi kekarepane Pak Harmaka arep ngepek dheweke. Mungguhe Marsini, dheweke wis mangsuli Maryati nek ora bisa nuruti panjaluke Pak Harmaka kuwi wis cukup. Ora prelu dikandhak-kandhakne marang sapa wae, merga yen dicritakne marang wong liya bisa nuwuhake rasa ora kepenak marang Pak Harmaka lan malah bisa uga dadi dadakan pitnah sing ora genah.

        “Iki mung kanggo awake dhewe wae Mur” kandhane Marsini sawise rada sauntara meneng nata ukara “Bulikmu pas mrene esuk-esuk kae, jan-jane rak diutus Pak Harmaka, nembung Ibu nek arep dikersakne dadi garwane”.

        “Oh, inggih kula nggih kelingan Bu” Murtala nyauti kandhane ibune.

        “Kelingan apa?”

        “Pak Harmaka pinten dinten kapengker nate mampir wande, ngajak jagongan kula radi dangu” wangsulane Murtala.

        “Apa nakoni kowe sarujuk apa ora nek Ibu dijak omah-omah maneh karo Pak Har?” Marsini takon, nocogne karo crita sing digawa Maryati dhek emben.

        “Boten, namung ngraosi Ibu ingkang ditilar seda bapak seprika-sepriki kok dereng krama malih, Pak Har taken napa kula awisi menawi Ibu badhe krama malih. Kula nggih wangsulan menawi boten, malah kula criyos menawi kula jane nggih remen mawon menawi Ibu kersa krama malih, nanging mila Ibu piyambak ingkang dereng ngersakaken emah-emah malih” wangsulane Murtala.

        “Lha tembung sing ngono kuwi, dening Pak Har dikandhakne menyang Bulikmu nek jare kowe wis mathuk menawa Ibu omah-omah karo Pak Har” kandhane Marsini.

        “Lha nek kula ngoten, menawi Ibu ngersakaken emah-emah malih kula inggih remen-remen kemawon” wangsulane Murtala karo mesem.

        “Sapa sing arep omah-omah maneh?” Marsini wangsulan rada sengol, rumangsa dijak guyon anake lanang “Ibu ki mung kandha bek Bulikmu diutus Pak Har ngono kuwi, Ibu dhewe ora duwe karep ngono kuwi, katresnane Ibu wis tak suntak kanggo sawargi Bapakmu karo kowe”.

        “Dados Ibu boten kersa?”

        “Kandhani ora ki ya ora” wangsulane Marsini maneh “saya maneh bareng Bulikmu kandha nek miturut panemune Ibu, niyate Pak Harmaka kuwi ora tulus temenan nanging katutan pamrih. Mula Ibu banjur nggagas, atake Ratih kuwi mau ana gandheng cenenge karo pamrihe Pak Harmaka mau”.

        “Lha Pak Harmaka kagungan pamrih pripun ta Bu cethane niku?” Murtala durung mudheng karo sing dikandhakne Ibune.

        “Ngene lho critane” Marsini banjur nyethakne apa sing dikandhakne mau “Pak Har kae rak isih percaya marang kojahe wong sing diarani wong tuwa apa Kiyai ta Mur?”

        “Lha inggih leres ta Bu?” Murtala nyelani rembuge ibune “mila tiyang sepuh rak kedah dipun mirengaken pituturipun makaten ugi Kiyai, kados kula rak inggih kedah migatosaken pituturipun Kyai Zamzuri?”

        “Mengko dhisik ta” Marsini mangsuli karo suwara rada sereng “nek Ibu guneman kuwi aja mbok selani dhisik, mengko wae nek Ibu wis rampung genti kandhaa”.

        “Inggih Bu” Murtala cengar-cengir.

        “Jarene Bulikmu, Pak Harmaka ki bubar dikandhani Kiyaine, jarene omahe dhewe iki dienggoni Pulung Lurah Desa Kedunggalar, kamangka sing sapa wonge bisa nyawiji karo Pulung mau, mangka bakal kuwat dadi Lurah Desa Kedunggalar kene” Marsini nutugne olehe kandha “Lha miturut panemune Pak Har, sepisan maneh kuwi jarene Bulikmu sing krungu olehe jagongan Pak Har karo Pakmucilik, kanggo ngarah supaya Pulung mau gelem mencok marang Pak Har, Pak Har kudu nyawiji karo Ibu, mula Pak Har banjur utusan Bulikmu, mengko nek Ibu gelem Pak Har arep rawuh mrene nglamar Ibu kanthi upacara jangkep manut karo adat kang ana. Coba gagasen, kuwi rak padha wae Pak Har mung arep ngarah Pulung nganggo srana Ibu ta? Apa ngono kuwi ora jeneng ngremehne Ibu? Upama Ibu iki gela ngono luput apa ora?”

        Murtala mesem krungu rembuge Ibune sing sansaya suwe sansaya keprungu yen  suwarane nuduhne anyeling atine.

        “Kok kowe malah mesam-mesem ta Mur?” Marsini nakoni anake karo suwara sing rada sereng “apa tembunge Ibu mau ana sing lucu? Apa merga Ibu wis disepelekne Pak Harmaka banjur mbok esemi?”.

        “Sabar Bu” Murtala wangsulan sareh, eseme wis ilang “menawi Ibu rumaos dipun remehaken lajeng duka, menika langkung ageng tunanipun tinimbang kalihan bathinipun. Amargi miturut pamanggih kula, Pak Harmaka menika dereng ngremehaken Ibu……”.

        “Durung nyepelekne piye ta? Genah wis kaya ngono kok isih mbok arani ora nyepelekne Ibu…….” Marsini nugel rembuge anake, atine anyel.

        “Sekedhap ta Bu” Murtala mesem maneh “kula tutugne riyin atur kula sing dereng rampung niki, sampun kesesa duka rumiyin”.

        “Iya piye?”

        “Kula wastani dereng ngremehaken, benten kalihan boten ngremehaken” Murtala banjur nutugne olehe kandha “awit anggenipun Pak Harmaka badhe mundhut garwa Ibu namung dumugi ing panyuwunan. Menawi Ibu pirsa bilih anggenipun nyuwun Pak Har murih Ibu kersa dados garwanipun menika amargi namung mamrih pulung, menika saged dipun wastani ngremehaken nanging ugi saged dipun wastani boten, jalaran menika gumantung dhateng Ibu piyambak, boten gumantung dhateng Pak Harmaka”.

        “Wong sing diremehne kuwi Ibu, sing nyepelekne Pak Har, kok malah jaremu gumantung marang Ibu ki piye?” suwarane Marsini mendhuwur maneh.

        “Ngeten lho Bu” Murtala wangsulan suwarane digawe sansaya alus “gumantung dhateng Ibu menika makaten, menawi Ibu nyarujuki panyuwunanipun Pak Har ingkang badhe ndadosaken Ibu dados garwanipun kangge ngarah Pulung menika, mangka ateges Ibu kersa dipun remehaken. Kaping kalih, menawi Ibu duka-duka awit rumaos dipun remehaken, menika cetha menawi Ibu kersa dipun remehaken sanaosa anggenipun nampi kalihan duka-duka, nanging panggah mawon nek Ibu sampun ngakeni menawi kersa dipun remehaken. Kaping tiga, menawi ibu boten kersa nuruti kersanipun Pak Har, tanpa nyebat ingkang wonten gandheng cenenge kalihan Pulung, awit kula kinten anggenipun utusan Bulik, Pak Har ugi boten ngendika murih ngatutaken anggenipun jagongan Pak Har kalihan Paklik ingkang dipun mireng dening Bulik, nanging mawi pawadan kados ingkang wonten penggalihipun Ibu ingkang ndadosaken Ibu dereng kepareng emah-emah malih, menika ateges Ibu boten kersa dipun remehaken lan boten badhe dipun remehaken. Cobi samangke Ibu penggalih kanthi nyuwun pitedah dhateng Gusti Allah langkung rumiyin, atur kula menika saged katampi menapa boten?”.

        Marsini ora enggal wangsulan, kabeh sing lagi wae dikandhakne anake lanang kuwi digagas kanthi wening, nganggo suwaraning ati kang suci.

        “Astaghfirullah…….” Wekasan Marsini nyebut “Ibu sing luput kowe sing bener…..”

        “Boten makaten Bu” Murtala gageyan nyaut kandhane Ibune “Ibu boten lepat, namung badhe lepat nanging boten siyos, awit sampun saged nampi hidayahipun Gusti Allah ingkang mlebet ing penggalihipun Ibu”.

        “Iya, Ibu ya muji Alhamdulillah, merga olehku wangsulan marang Bulikmu dhek emben kae, ya ora nganggo bab pawadan pulung sing Ibu ora mudheng kuwi, nanging cukup kaya wangsulane Ibu marang kowe mau, katresnanku wis tak suntak marang Bapakmu lan kowe”.

        “Inggih sokur ta Bu menawi makaten” wangsulane Murtala, karo ati sing lega “dados prakawis kalihan Pak Har sampun rampung, saenipun boten sah dipun rembag utawi dipun penggalih malih”.

        “Iya, nanging perkarane Ratih sing lagi arep wiwit iki banjur kepriye?” Marsini nakokne bab perkarane Ratih “Wangune Ratih kuwi kepengin kowe dadi jodhone. Upama olehe mrene Ratih mau ora ana sambung rapete karo urusane Pak Har perkara Pulung Lurah mau, miturut panemu kepiye Le?”.

        “Ibu niku kok ngoten lho?” Murtala wangsulan karo ngguyu “perkawise Ratih niku sanes perkawisipun awake piyambak, menawi Ratih curhat dhateng Ibu kados wau, niku sing sae nggih menawi saged dibantu dene boten saged mbantu, nggih dipun dongakne mawon mugi-mugi enggal pikantuk pitulungan saking Pangeran. Kalih ngoten Ratih rak dereng wicanten menawi kepengin kula dados jodhone ta? Dados nggih boten sah dipun gagas. Dene menawi sampun criyos menawi kepengin gesang sesarengan kalihan kula, nembe mengke dipun gagas kados pundi saenipun, menawi dipun tampi sae pripun, menawi boten nggih pripun, niku boten sae menawi dipikir sakniki”.

 

 

Ana candhake

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (119)


 

19.

        Murtala rada gumun, ya bener nek karo Ratih anake Pak Harmaka kuwi dheweke ya wis tepung, wong kanca sekolah jaman neng SMP kacek rong tahun ing sangisore. Nanging tepunge ya mung lumrah, malah sawise padha gedhene iki kena diarani wis ora sanakan maneh. Upama simpangan neng ratan ya ora tau loroh-lorohan. Merga pancen jagade ya wis beda. Nanging kok iki mau Ibune kandha nek Ratih dolan menyang omahe gek sing digoleki kok dheweke. Iki cetha nek aneh, Murtala ya ngerti nek putrane Pak Harmaka kuwi klebu prawan sing duwe selera dhuwur, srawunge ya karo wong-wong sing kelase padha, padha priyayine padha moderene. Akeh sing ngrasani nek bocah kuwi senengane dadi wong kutha sing modern, nek ngarani wong sing ora nocogi atine kerep nganggo tembung “ndesa” sok diplesetne dadi “ndesit”  nek ora ngono ya nganggo tembung “kampungan” . Mula nek Ratih dolan menyang omahe nggoleki dheweke kuwi kena diarani lagi kesasar lakune.

Nanging, Murtala banjur nggagas maneh, mbok menawa wae Ratih oleh tugas saka kantore, ngajak masyarakat supaya gelem dadi nasabahe Bank panggonane nyambut gawe. Gandheng sing arep diajak kuwi dheweke, Ratih ya ora nawakne program-programe marang Ibune. mBokmenawa Ratih nganggep nek ora ana gunane ngrembug sing arep ditawakne marang wong sing ora arep diajak utawa ditawani.

“Mau bocahe ya rada taneg olehe jagongan karo aku” kandhane Marsini maneh marang anake lanang” wong olehe jagongan ya neng amben pawon kana, jebul bocahe kae adoh karo pangiraku”.

“Tebih saking panginten pripun Bu?” Murtala takon.

“Lha nek ndelok modhele pacakan kaya sing uwis-uwis ngana kae, mesthine ora pati njawa karo gaweyan lan pakulinane wong cilik-cilik ngene iki ta Mur, nanging jebule ora. Iki mau bocahe olehe nyandhang nganggo ya kaya lumrahe bocah kene, clananan dawa, ora nganggo clana cekak sak dhuwure dhengkul ngana kae, klambine ya lengen dawa, ora kaosan sing ora nganggo lengen ngana kae, rambute disisir rapi nganggo bandho ketok manise” Marsini nggenahne pacakane Ratih “atiku dadi getun, aku wis dosa merga nduweni pangira ala marang Ratih, bocah sing jebule duwe sopan santun sing jangkep  mau”.

“Lha kok ngantos taneg niku sing dirembag napa mawon lho Bu?” Murtala takon karo mesem, dheweke wis apal karo kelageyane ibune sing seneng ngalem bocah wedok neng ngarepe. mBok menawa wae Ibune duwe karep arep nuturi mbesuk nek golek bojo bisaa kaya sing dicritakne ibune kuwi.

“Akeh, maune bocahe takon perkara sambel pecel gaweyane Ibu kuwi resepe apa wae kok jarene duwe rasa sing luwih sedhep tinimbang sambel pecel liyane, aku ya mangsuli apa anane ora ana sing tak tutup-tutupi, mung mbok menawa wae takeran bumbu sing dicakne Ibu luwih pas. Wonge ya mbenerne kandhane ibu, banjur bocahe ngandhani supaya Ibu nawakne sambel liwat bisnis online, tak wangsuli nek Ibu ora mudheg nggunakne hape. Nggih dhawuh dhateng Mas Mur ta Bu, mengke rak kalih Mas Mur dionlenaken, ngono olehi ngandhani Ibu”.

“Lajeng menapa malih Bu?” Murtala takon maneh.

“Akeh maneh, ya bab pengajiane ibu-ibu karo prawan-prawan neng masjid kene, jarene dheweke ya kepengin melu, nanging isih rada wedi samar nek diece karo wong-wong, wong dheweke ngaku nek durung mudheng alip bak tak blas” kandhane Marsini mangsuli pitakone Murtala “malah suwe-suwe banjur ngrasane kowe barang”.

“Ngrasani kula Bu?” Murtala takon karo suwara nuduhne nek gumun atine “lha wong srawung karo aku wae ora tau kok bisa-bisane ngrasani”.

“Iya nanging ngrasani apik kok” wangsulane Marsini karo mesem “miturut panemune, Kowe kuwi bocah nom sing sing pantes diconto dening bocah nom liyane, mligine ing babagan pagaweyan. Jaman saiki jarene Ratih mau, akeh sarjana padha nganggur bingung golek gaweyan, lulus sekolah isih dadi sanggane wong tuwane, lha nek kowe ora bingung golek gaweyan nanging malah gawe lapangan pekerjaan dhewe, Mandhiri ora direhne sapa wae. Malah bisa mbantu wong liya duwe gaweyan……..”.

“Tiyang sanes sinten? genah kula nembe saged ngejak nyambut damel lare setunggal Dhik Dikin piyambak ngoten lho Bu?” Murtala nyela critane Marsini.

“Ora kuwi sing dikarepne Ratih” wangsulane Marsini “embuh sapa sing wis crita, Ratih kuwi ya ngerti nek gorengan sing mbok dol neng warung kae, kabeh titipane wong, wong siji mung mbok olehi nitipne gorengan sak rupa, kuwi jarene Ratih kowe wis mbantu wong akeh. Mula Ratih mrene mau niyate arep ngangsu kawruh marang kowe”.

“Nggih kwalik niku Bu” Murtala guneman karo ngguyu “wong lulusan D3 wis nyambut gawe neng Bank kok arep ngangsu kaweruh teng lare kados kula he he he”.

“Iya nanging kuwi ora pati tak gagas” kandhane Marsini maneh “sing marakne aku meh katut ndawakne angen-angen kuwi mung siji”

“Menapa menika Bu?”

“Ratih takon pacarmu kuwi bocah ngendi?” kandhane Marsini maneh “aku banjur nggagas, kira-kira pangirane Ratih olehmu menyang daleme Pak Sugiri mau kuwi, kowe butuh arep ketemu karo Nita lan Ratih ngira nek Nita kuwi pacarmu, kuwi pangiraku lho? Ratih dhewe mung takon pacarmu kuwi bocah ngendi ngono thok”.

“Lajeng Ibu paring wangsulan pripun?” Murtala takon karo mesem.

“Ya banjur tak kandhani nek kowe kuwi sangertiku durung wani golek pacar” wangsulane Marsini “ya tak genahne pisan nek olehmu menyang daleme Pak Sugiri kuwi merga dening Pak Sugiri arep didhawuhi supaya marahi wacan-wacan sembahyang sing Pak Sugiri wis lali, merga Pak Sugiri saiki wiwit nindakne limang wektu maneh”.

“Lajeng Ratih pripun sasampunipun Ibu ngendika makaten kala wau?”.

“Ya kuwi sing marahi ibu katut melu nggagas” wangsulane Marsini “nek nganggo basane bocah saiki ngono, Ratih banjur curhat menyang Ibu”

“He he he curhat Bu?” Murtala ngguyu “curhat pripun?”.

“Ratih kuwi rak wis bola-bali pacaran karo bocah lanang? Wis ping pat apa ping lima ngono” Marsini nutugne olehe crita “nanging kabeh pedhot neng tengah dalan, ora ana sing bisa tekan rampung dadi jodhone. Saking susahe, Ratih banjur matur marang Bapake, piye carane pacaran bisa terus dadi manten sing langgeng selawase. Bapake sing jebul uga mrihatinake lelakone Ratih sanadyan maune ora dikandhakne, banjur ngendika mbok menawa ana sukerta sing nemplek ing awake Ratih sing prelu diresiki. Bapake Ratih banjur sowan Guru Kebatinane, menyang Kediri kana, nyuwun pirsa ya gene Ratih nemoni lelakon mangkono kuwi mau. Lha dening Guru Kebatinane, Pak Harmaka kadhawuhan supaya ndhawuhi Ratih supaya nindakne laku prihatin ing malem dina wetone…..”.

“Ratih nggih purun?” Murtala nyelani takon.

“Gelem lan wis dilakoni dhek malem Rebo, wong wetone Ratih kuwi Rebo Pon” wangsulane Marsini.

“Lajeng asil saking lampah prihatin niku napa?”

“Ratih sing selawase ora tau nggagas Ibu, bengi kuwi sajroning kahanan setengah melek setengah turu, ngimpi nek dolan mrene banjur dening ibu diparingi  Jarik Bathik Sidamukti. Esuke ing padoning netrane Ratih tansah katon wewayangane Ibu wae. Sawise matur marang Bapake bab impen karo sing dadi angen-angene kuwi mau, Pak Harmaka paring dhawuh yen mbok menawa jodhone Ratih kuwi wong lanang sing cedhak karo Ibu, kamangka wong sing paling cedhak karo Ibu kuwi ya mung kowe dhewe ta Mur?. Sabanjure Pak Harmaka paring dhawuh menyang Ratih supays ngaturake lelakone mau marang Ibu. Lan sing luwih aneh semu lucu maneh, Ratih kandha marang Ibu senajan wis bola-bali pacaran, nanging dheweke wani sumpah nek isih prawan, merga Ratih lan tilas pacar-pacare, durung tau nerjang pepacuhing agama sing siji kuwi” Mursini mungkasi critane.

“Oalah ngoten ta criyose?” Murtala genti guneman “lajeng Ibu pitados kalihan ingkang dipun cariyosaken Ratih niku wau? Lan nginten menawi jodhonipun Ratih menika kula?”.

“Maune ya ngono, nanging bareng Ibu kelingan karo sing dikandhakne Bulikmu dhek kapan kae, Ibu banjur mikir-mikir maneh” wangsulane Marsini.

“Lha Bulik matur menapa dhateng Ibu?” Murtala tambah gumun, critane dadi mbabrak tekan Bulike barang.

 

 

Ana candhake.

Selasa, 14 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (18)


 

18.

        Nanging Arja Gendhon ya nggagas aja nganti sedulure lanang kuwi malah keplecuk. Merga neng donya iki ya akeh wong sing ora ngerti ing kabecikan, kuwatire Arja Gendhon mengko nek Murtala kaget. Kulina urip pas-pasan bareng dipek mantu wong sugih lan urip sarwa turah banjur lali purwa duksina, ngaji mumpung, saya maneh nek wis dadi Lurah sing rumangsa duwe asil dhewe, bisa-bisa dadi gedhe sirahe, bojone disiya-siya banjur golek senengan karo wong wadon liyane. Olehe duwe pikiran mangkono kuwi, merga Arja Gendhon ya tau ngalami. Anake lanang sing jeneng Sigit sawise dipercaya dening Maratuwane sing sugihe ora karuwan, malah tau sesidheman nyambung katresnan karo Pemandu Lagu ing Club Karaoke. Tujune durung nganti entek-entekan wis konangan, upama wektu kuwi bojone ora lagi meteng gek ya isih tresna marang dheweke ngono, Sigit mesthi wis dikon minggat dening Maratuwane. Wekasane Arja Gendhon diceluk besane, dikon nekseni janjine Sigit yen wis kapok ora arep mbaleni tumindake sing dhemen slingkuh. 

        “Lha jaremu mau aku arep mbok kongkon sowan Kiyai suk kapan kuwi?” Arja Gendhon nemu akal kanggo ngudhari apa sing dikuwatirake “nek bisa aja suwe-suwe, sesuk apa piye aku tak budhal nemoni wong tuwa sing waskitha, kajaba nanjihake Pulung Lurah nggonmu kuwi, aku ya arep nyuwun pirsa cocog utawa orane nek anakku Nita dijodhokne karo Murtala”.

        “Ngono ya Kang?” Pak Sugiri genti takon.

        “Iya Ri, merga aku ora kepengin anakku Nita kae nganti sengsara uripe merga kleru olehe golek jodho. Banjur nek kabeh wis apik, mesthine kowe gek ndang ngajak rembugan Murtala karo wong tuwane ben ora kedhisikan Pak Guru Harmaka” wangsulane Arja Gendhon.

        “Sesuk utawa mengko ya kenek Kang” kandhane Pak Sugiri karo ngetokne dhompete, njupuk dhuwit atusan ewon sepuluh lembar banjur dilungne Kakange “sewu kurang pa gak ? Nek panggonane adoh ya nggawa mobilku wae, ben disetiri Andi”.

        “Kakehan kuwi Ri” Arja Gendhon semaur dhuwit sing dilungne adhine ora tumuli ditampani “wong mung nyang Watugudel kono kuwi wae kok, nggone mBah Didong sing kulina tak jaluki tulung. Aku tak nggawa motor dhewe, mrana kuwi butuhe nggawa Rokok Surya rong adhah rokok Junem rong adhah, gula rong kilo, The, karo tindhihe rong atus. Mangatus wae, mengko kuwi wis sak bensin karo rokokku”.

        “Ya wis iki sampean tampani, nek enek turahe ya keneng sampean enggo cekelan ta neh”.

        “Ya beneran nek ngono” wangsulane Arja Gendhon karo nampani dhuwite “mengko awan bar-bar luhur wae aku tak budhal, sesuk esuk kowe mrenea ngrungokne kabar sing tak gawa”.

        Pak Sugiri banjur ngadeg, nggoleki simboke pamitan arep bali. Sepedhane digelak alon-alonan, merga pikirane wis rada padhang.

        mBaleni critane Murtala sing nggonceng Nita. Wis wiwit mau olehe tekan omah. Sawise Nita matur marang Ibune nek Bapake jebul neng daleme simbahe lagi sare, Murtala ya banjur pamit mulih, karo ninggal weling :

        “Benjing mawon menapa kapan-kapan, menawi Bapak ngersakaken ngendikan kalihan kula, Dhik Nita kemawon dipun dhawuhi ngebel kula Bu”.

        “Ya sepurane wae ya Nak Mur, ya kapan-kapan nek butuh Bapakmu ben nelpon dhewe” wangsulane Bu Sugiri, banjur dhawuh marang Nita “mengko Bapakmu caosana nomere Masmu Nit, dadi nek butuh ya ben ngebel dhewe”.

        “Iya Bu, saiki wae tak kirimne nyang nomere Bapak karo nomere Ibu” wangsulane Nita “nek sing butuh karo Mas Mur Bapak, Bapak ben telpon nek sing butuh Ibu, Ibu ben ngebel”.

        “Lha nek sing butuh kowe?” Bu Sugiri takon karo ngguyu.

        “Aku tak sowan ngalor ta neh? Nek aku ngebel apa ora sida kuwalat apa piye?” wangsulane Nita karo ngguyu.

        Murtala nyandhak sepedha pancale, dituntun nganti tekan ratan lagi ditumpaki. Murtala sing ora ngira nek arep ana mobil liwat sing banter saka mburine kaget, meh wae sepedhane kesrempet Mobil Kijang Inova sing mlayu banter kaya diuber dhemit. Tujune Murtala ora tiba. Batine Murtala ngucap syukur marang Pangeran dene ora kesrempet, banjur maca istighfar merga ngrumangsani nek mau ora inget-inget ngareplan mburi luwih dhisik sadurunge nuengklak sepedhane. Banjur sepisan maneh noleh ngiwa lan nengen ngarep lan mburi,  lagi nerusne lakune arep mulih menyang omahe dhewe.

        Tekan omah, wis dipapagne nganggo pitakon saka ibune, Pak Sugiri ngajak rembugan apa.

        “Dereng siyos kepanggih Pak Sugiri kok Bu” wangsulane Murtala sing banjur crita nek Pak Sugiri ora ana omah, malah keturon neng daleme wong tuwane. Ora kliwatan Murtala uga crita yen dheweke karo Nita diutus Bu Sugiri nggoleki Pak Sugiri menyang daleme wong tuwane. Nganti tekan olehe jagongan karo Arja Gendhon ya dicritakne pisan.

        “Dadi Pakdhene Nita ngira nek kowe kuwi pacaran karo ponakane?” Bu Marsini nakoni anake.

        “Inggih ngaten menika” wangsulane Murtala “nanging sampun kula cethakne nek antawisipun kula kalihan Nita menika namung kanca limrah, malah ugi kula aturne pisan menawi kula kesah medal saking griya sareng kalihan Nita niku nggih nembe sepisan niki wau, upami boten amargi diutus Bu Sugiri nggih mokal kula kesah sareng kalihan Nita”.

        “Ya wis nek wis mbok cethakne ngono kuwi” kandhane Ibune maneh banjur disambung pitakonan “nanging upama Nita kae seneng karo kowe tenan, apa kira-kira kowe emoh ta Le? Nita kae ayu, manis, pinter tur sopan lho”.

        “Oalaaah Bu, Ibu” wangsulane Murtala karo ngguyu “ndangu kok kados ngoten? Dhawuhipun Ibu rumiyin ngrabi prawan ayu niku abot sanggane? Dados mantune tiyang sugih nggih sansaya ageng rekaose? Nuruti ati seneng niku kathah wragate? Nek ngemohi Nita niku nggih boten, nanging nek ajeng purun niku boten kiyat nyekapi sarat-rukune Bu he he he”.

        “Sokur ta Mur, nek kowe isih eling dhawuhe Ibu,  sing tak kandhakne biyen kuwi pancen kanyatan” kandhane Bu Marsini maneh “nanging iki mau aku ya meh wae arep katut ndawakne angen-angen, nanging ya banjur ora sida merga aku kelingan kandhane ibu mau”.

        “Lha kok manjangaken angen-angen ta Bu? Wonten menapa?” Murtala takon, gumun karo sing dikandhakne ibune.

        “Let sedhela kowe budhal menyang nggone Pak Sugiri mau, rak banjur ana tamu, nggoleki awakmu?"

        “Sinten Bu? Madosi kula gadhah kajeng menapa? Menapa pegawe Koperasi?” batine Murtala ngira nek dhayoh sing nggoleki dheweke kuwi petugas Koperasi sing golek nasabah, nawani pawitan bakul-bakul cilik kaya dheweke kuwi, Ibune mesthi wis dikandhani akeh-akeh nek dheweke gelem utang nyang koperasine anggone bakulan bakal dadi gedhe. Tumrap wong sing durung ngalami rekasane nicil utang koperasi ngono kuwi, pancen ketoke gampang wae nek kepengin nggedhekne bakulane. Nanging nek wis weruh, ya arep nambah modal liwat utang neng koperasi ngono kuwi mesthi mikire kliwat ping satus.

        “Dudu, Pegawe Bank sing kantore cedhak Pasar Wedhus kae lho” wangsulane Bu Marsini.

        “Oalaah kula kinten Pegawe Koperasi sing nek tiyang-tiyang mastani Bank Plecit nika” kandhane Murtala maneh “lha tiyang Bank Jatim kok madosi kula napa nggih ajeng nawakne utang-utangan?”.

        “Ora, malah blas gak nyenggol perkara dhuwit kok, olehe mrene ya mung arep dolan wae”.

        “Dolan?” Murtala rada mlengak “lha dolan kok wancine kerja niku lho? Mengke tiyang sanes Bu? Dede Pegawe Bank?”.

        “Lha kowe ki piye ta? Genah iki mau tanggal abang ngono lho? Dadi kantor-kantor ya prei” Bu Marsini wangsulan karo mesem amba “gek aku ya wis apal karo wonge dadi ya ora kleru”.

        “Lha nggih sinten niku?” sajak ora sabar Murtala nyuwun pirsa ibune.

        “Ratih Kusumastuti”.

        “Ratih? Ratih putranipun Pak Harmaka nika? sing rambute semiran soklat?”

        “Iya, mulane Ibu kandha nek wis apal karo wonge, Pegawe Bank tenan dudu Pegawe Bank Plecit”.

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...