24.
Kaya
padatan esuk kuwi Marsini lagi nandangi gaweyan nata godhong gedhang digawe
pincuk. Wiwit bubar adus mau, Murtala isih neng kamare durung metu-metu,
nindakne sing dianggep gaweyan rutin sing kudu ditindakne saben esuk, sembahyang
duha disambung maca Qur’an lan nyinaoni wulangan-wulangan sing ditampa saka
guru-gurune, Kyai Zamzuri, Ustadz Nurhamid, Ustadz Wawan lan liya-liyane.
Padatan, nek wis rampung banjur njupuk pitik neng nggone bakul lan diupakara
kanggo didol mengko bengi. Nek ora kober esuk sok olehe njupuk pitik ditandangi
sawise sembahyang asar. Merga sawise sembahyang dluhur ajeg dienggo leren,
sawise sawengi ora turu ngadhepi dagangan ing warung angkringane.
Lagi
kasengsem nandangi gaweyane, dumadakan Marsini dikagetne merga ana sepedha
motor mlebu ing plataran omahe. Wong telu nganggo sepedha motor loro. Sawise
njagangne sepedha motore salah siji saka wong telu kuwi mlaku nyedhaki lawang
pawone Marsini, merga pancen lawang ngarep ditutup rapet. Marsini gage wae
mapagne tekane tamu kuwi neng ngarep lawang pawon, karo mripate nguwasi tamu
sing durung tau ditepungi kuwi.
“Assalamu’alaikum”
kandhane wong sing lagi teka kuwi sopan “nuwun sewu badhe nyuwun pirsa Bu,
menapa leres mriki dalemipun Mas Murtala inggih ?”.
“Waalaikumussalam”
wangsulane Marsini “leres Mas, nuwun sewu Mase menika sedherek saking pundi
inggih?”.
Sanadyan
wonge sopan, panggah wae ing atine Marsini ana rasa cubriya lan sujana, merga
wong sing lagi teka kuwi ketok serem malah kepara medeni.
“Kula
Sadiran Bu, ning kanca-kanca menawi nyeluk kula Gejrot” wangsulane wong kuwi sansaya
yen katon sopan “menawi Mas Murtala wonten dalem, boten nembe repot saha menawi
kaparengaken, Majikan kula badhe sowan”.
“Tengga
sakedhap nggih Mas, Thole kula sanjangane rumiyin” wangsulane Marsini karo arep
mlebu omah nyeluk Murtala.
Jebul
durung nganti Marsini mlebu omah Murtala wis metu menyang Pawon, durung salin
isih nganggo sarung lan klambi koko, sirahe ditutupi kethu, mula gage wae
Marsini nyedhak lan ngandhani nek ana wong aneh sing arep nemoni dheweke.
“Tiyang
aneh Bu? Sinten?” Murtala sing durung ngerti nek ana wong mara gumun.
“Ngakune
jenenge Sadiran apa Gejrot ngono lho? Lagi jenenge wae wis keprungu nek aneh,
kae ta wonge neng emper pawon, ndang temonana!” wangsulane Marsini mrentah
anake lanang. Murtala ya banjur mlaku menyang lawang pawon arep metu nemoni
wong sing lagi teka.
“Assalamu’alaikum
Mas Murtala” lagi wae tekan lawang arep njangkah metu, Murtala wis dipapag karo
uluk salam dening Gejrot, suwarane alus keprungu sopan lan ngajeni banget.
“Salam,
Panjenengan ta Mas?” Murtala wangsulan karo ngajak tamune mlebu omah, atine
rada kaget merga isih kelingan karo kedadean mau bengi “mangga teng mlebet teng griya ngajeng
mrika”.
“Inggih
Mas Matur nuwun, tiyang kula wau ndherekne Pak Jodi kok, Pak Jodi badhe sowan
Panjenengan” wangsulane Gejrot.
“Pak
Jodi? Lha pundi priyantune?” Murtala sing uga durung tepung karo wong sing
jenenge Jodi kuwi takon.
“Lha
nika taksih nengga teng ngajengan” wangsulane Gejrot.
Murtala
ora guneman maneh banjur mlaku marani wong loro kancane Gejrot sing lagi ngadeg
neng latar cedhak pit montore. Gejrot ngetutne neng mburine. Sawise Murtala nyalami tamune sing jebul
Gagak karo sing siji jarene jenenge Pak Jodi mau, banjur ngajak tamune mlebu
neng omah. Wong-wong kuwi ketok padha sopan-sopan lan ngajeni banget marang
Murtala. Beda banget karo pas teka neng warung mau bengi.
“Nyuwun
pangapunten lho Dhik Murtala, nek dugi kula sampun damel kejotipun Dhik Murtala
saha keng Ibu” kandhane wong sing jeneng Jodi mau sawise mapan lungguh neng
kursi. Murtala lagi krasa nek dheweke satemene wis ngerti wong kuwi, mung wae
jenenge sing durung weruh. Malah nek ora kleru Murtala tau krungu wong-wong
ngarani, nek wong kuwi jenenge Diyana (Diyono). Mula Murtala ya banjur mikir
mbok menawa wae wong iki madha rupa karo Diyana sing omahe Durenan.
“Boten
dados menapa Bapak” wangsulene Murtala karo mesem “bares mawon niki wau kula
radi kaget, nalika Mas Gejrot paring dhawuh menawi Pak Jodi badhe kepanggih
kula, kamangka kula dereng nate…….”
“Dereng
nate tepang kalihan Jodi nggih?” Jodi nigas tembunge Murtala laro ngguyu
“jeneng Jodi niku rak otak – athik mathuke lare-lare ta Dhik? Riyin jaman dados
manten kula ditambahi nami dening tiyang-tiyang sepuh Arja, komplite dados Arja
Diyana, lha kalih bocah-bocah niku dicekak dados Jodi”.
“Oh,
makaten ta critanipun?” Murtala manggut-manggut karo mesem.
Marsini
metu neng ruang tamu karo nggawa baki isi kopi susu papat, pisang goreng
sapiring karo Tempe goreng sapiring, kanggo nyuguhi tamune.
“Walaah
kok dados ngrepotaken Ibu kemawon menika……” kandhane Jodi nalika Marsini
ngladekne kopine.
“Boten
kok Bapak” wangsulane Marsini “menika kala wau nuju wonten toya benter, nuwun
sewu mangga dipun unjuk, wontenipun namung toya benter”.
Marsini
banjur bali mlebu maneh. Murtala banjur nyandhak gelas kopine karo ngacarani
dhayohe :
“Mangga
Pak Diyana, mangga Mas Gagak, Mas Gejrot”.
“Inggih
waleh-waleh menapa, sowan kula mriki wau Dhik Murtala” kandhane Jodi karo
nyelehne gelas kopine sawise disruput sethithik “ingkang sepisan inggih
silaturrahmi, kaping kalihipun kula kanthi andhaping manah, nyuwun dhumateng
Dhik Murtala kaparenga ngrentahaken sih
kawlasan dhumateng kula saha Sadiran Gejrot lan Warsiman Gagak, saestu kula
tiyang tiga menika nyuwun pangaksami awit wontenipun kedadosan kala wingi siang
saha kala dalu menika”.
Bubar
muni ngono kuwi Jodi banjur sedheku ngapurancang karo ndhingkluk, semono uga
Gejrot apa dene Gagak, kahanan dadi sepi .
“Inggih
nyuwun pangapunten Pak Diyana” Murtala banjur wangsulan alon “estunipun kula
malah bingung, prakawis kedadosan kala dalu antawisipun Mas Sadiran lan Mas
Warsiman kalihan kula lan adhik kula Dikin, menika kula anggep sampun rampung
lan boten wonten prakawis malih. Lha menawi kalihan Pak Diyana kula rak boten
nate wonten prakawis menapa-menapa? Dados inggih boten wonten ingkang kedah
dipun apunten”.
“Menika
makaten lho Dhik” Jodi guneman maneh nyambung kandhane Murtala “estunipun
sumbering lepat menika manggenipun malah dhateng kula, menawi Gejrot kalihan Gagak
menika namung awit saking bodhonipun anggene mirengaken prentah saking kula, kawewahan
remen tumindak kebat kliwat, temah salah tampi. Inggih awit saking kersaning
Gusti Allah ingkang tansah njangkung Dhik Murtala, kala wingi siang Dhik
Murtala boten menapa-menapa senaosa sampun kabudidaya badhe dipun srempet
kalihan mobil ingkang dipun setiri Gagak ing ngajeng Griyanipun Pak Sugiri.
Lajeng kala dalu menika, rahayunipun Pak Sugiri tumunten dugi ngandhani lare
kalih menika, menawi boten, kula boten saged nggambaraken kados menapa
dadosipun lare kalih niku ugi kawontenan kula. Pramila sepisan malih kula
nyuwun pangaksami dhateng Dhik Murtala, saestu kula boten badhe ngambali malih
tumindak kula ingkang lepat kala wau”.
Murtala
panggah durung mudheng karo sing dikandhakne Jodi ngono kuwi, mung wae Murtala
kelingan wingi nalika bali saka omahe Pak Sugiri meh wae tiba merga arep
kesrempet Mobil Kijang Inova. Murtala uga kelingan nek sadurunge Gejrot karo
Gagak dhek bengi lunga ninggalne warunge, kober ngaku marang Pak Sugiri nek
wong loro kuwi sadrema dikongkon dening Bos Jodi. Sing dadi gumune Murtala, ya gene
Jodi kongkonan Gejrot lan Gagak kanggo gawe cilakane? Nek pawadane Gejrot lan
Gagak mau bengi merga ndakwa Murtala duwe sesambungan katresnan karo Nita, apa
mbok mbok menawa antarane Jodi karo Pak Sugiri wis ana petung arep bebesanan?
Merga Murtala ya tau krungu nek Diyana wong sugih sing omahe Durenan kuwi a
duwe anak lanang sing wis gedhe lagi lulus olehe kuliah neng Sala.
“Inggih
nuwun sewu pak Diyana” kandhane Murtala mangsuli rembuge Jodi sing klebu dawa
kuwi “nanging kalih disambi ta tempe napa pisange niku, mangga Mas Sadiran, Mas
Warsiman”.
Murtala
banjur njupuk tempe, dicokot dienggo lalap olehe nyruput kopine, lagi banjur
nyambung ukarane :
“Kula
kinten anggenipun Mas Sadiran lan Mas Warsiman tumindak kirang leres kala wingi
lan kala dalu menika, tuwin anggenipun dhawuh Pak Diyana dhateng Mas Sadiran
lan Mas Warsiman ingkang wonten gandheng cenengipun kalihan kula, menika sedaya
awit salah tampi. Dados menggah kula inggih sampun boten menapa-menapa, salah
tampi lajeng sampun kadenangan mapanipun salah tampi, menika ateges sampun
rampung. Lha salah tampi ing babagan menapa? Menika kula boten mangertos lan
ingkang langkung pirsa mesthinipun inggih Pak Diyana. Namung sepisan malih mugi
kauningan, kula kalihan Dhik Nita putranipun Pak Sugiri menika namung kekancan
limrah”.