Total Tayangan Halaman

Rabu, 29 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (31)

31.

        Sawise kabeh padha sepakat, ora suwe ya banjur padha pamitan bali kabeh. Pak Sugiri bali bareng karo Arja Gendhon lan mBah Di Dong. Boss Jodi bali bareng karo Gejrot lan Gagak. Murtala banjur ngukuti gelas-gelas kothong diloroti arep digawa neng papan korah-korahan. Nanging jebul ibune wis metu karo nggawa bakine, dadi Murtala mung nyeleh-nyelehne gelas kuwi nang baki.

        “Kok mau sajak gayeng olehe padha jagongan sing dirembug apa wae lho Le?” dumadakan Marsini malah mapan lungguh neng kursi karo nakoni anake lanang “gajege sing mrene mau wong-wong sing arang srawung karo awake dhewe kabeh ta? Malah sing tak ngerteni mung telu, Pak Diyana Durenan, Bapake Nita karo kakangane sing jenenge Pak Arja Gendhon kae mau”.

        “Mosok Ibu boten mireng babar pisan?” wangsulane Murtala genti takon “kula nggih sami kalihan Ibu, waune ingkang kula tepangi nggih niku, sareng sampun jagongan nembe tepangan, ingkang kalih kancane Pak Diyana ingkang kula nuwun wau namine Sadiran, celukane Gejrot lan setunggal malih namine Warsiman celukane Gagak, kalih-kalihe tiyang Sragen. Lha nek sing sareng Pak Sugiri goncengan kalihan Pakdhe Arja Gendhon wau, namine mBah Di Dong, tiyang waskitha saking Watugudel, Brang Ler”.

        “Lha kok aku mau krungu Pak Sugiri ketoke ngrasani Pak Guru Har barang ta? Banjur Pak Arja Diyana omong perkara anjang-anjang tanduran kara, lan wekasane padha ngguyu mbandhingne driji jenthik karo jempol barang?” Marsini takon maneh “wong olehe Ibu krungu saka kadohan karo disambi nandangi gaweyan dadi ya ora pati cetha”.

        “Oalah, nggih Bu” wangsulane Murtala karo ngguyu “Pak Sugiri criyos nek wonten kabar Pak Harmaka badhe pala krama kalihan Ibu, nanging Ibu boten kersa lajeng wonten kabar malih menawi badhe mundhut mantu kula, nanging menika namung kabar angin dados inggih sampun dipun gagas. Lha nek sing dicriyosne Pak Diyana wau, sanes anjang-anjang kara, nanging Ki Ambyangkara cikal bakal ingkang kawitan mbakali Desa Kedunggalar mriki”.

        Murtala banjur kanthi ringkes nyritakne apa-apa sing wis dirembug wong-wong mau sawutuhe. Marsini plenggang-plenggong kaworan gumun ngrungokne sing dikandhakne Murtala. Rumangsane sing dicritakne Murtala kuwi lucu banget, malah ora pati klebu nalar, utawa kaya critane dongeng jaman biyen sing isine sarwa ora jumbuh karo kahanan sanyatane.

        “Lha wong-wong sugih tur ya padha pinter-pinter kok padha duwe pikiran sing lucu kaya ngono, lho Mur? Mosok mung merga impen karo njajal nganggo ali-ali wae, banjur percaya nek kowe upama melu mancung Lurah  mesthi kepilihe?” kandhane Marsini sawise Murtala rampung olehe crita, lan dibacutne takon “lha kowe apa ya melu-melu percaya omongane wong-wong mau? Banjur kowe arep melu mancung Lurah neng pilihan tahun ngarep kuwi?”.

        “Lha niku Bu” wangsulane Murtala “kula niki ajeng nggorohne sing dicriyosne tiyang-tiyang nika wau raosing manah boten mentala, tiyang Pak Diyana kalih Pak Sugiri wau jan ketingal sampun mantep saestu kalih wangsit lan pitedah ingkang sami dipun tampi. Nanging nek badhe percaya kok nggih raose kok kaningaya temen?. Milanipun kala wau pas ditari Pak Diyana kula lajeng semados, badhe mikir saged utawi botenipun kula ngayahi jejibahan menawi saged kapilih dados Lurah, badhe dados sae tumrap awak kula piyambak menapa malah dados awon menawi kula tumut mancung ing pilihan benjing. Kalih kula inggih criyos menawi badhe sembahyang istikharah rumiyin. Lajeng dening Pak Diyana ingkang ugi disarujuki dening Pak Sugiri, kula dipun sukani wekdal kalih minggu kangge mikir lan salat istikharah menika”.

        “Ya wis nek pancen mangkono” kandhane Marsini maneh “rumangsaku wong-wong kae mau kok kaya dudu karepe dhewe. Lha wong pilihan lurah kok dianggep kaya bocah dolanan? Wong arep mancung Lurah kuwi kudu duwe sangu serep, lha wong wragate ya ora sethithik. Mula kuwi olehmu arep mikir kudu sing tenanan, apa-apa ki aja mung nyawang gampange wae, nanging gampenge barang ya kudu mbok petung. Ya nek kowe bingung olehmu arep mikir, ya nyuwun pitutur marang Pak Kyai Zamzuri karo Ustadz Nurhamid kana ta. Merga nek kanggoku timbang dhukun apa wong tuwa apa pusaka, luwung nyuwun pitutur wong sing ngalim ngana kae, ora duwe pamrih kajaba ngajak marang kaslametaning urip neng donya tekan akhirat”.

        “Inggih Bu” wangsulane Murtala “nek angsal kula mikir niku jane sampun rampung, kula boten saged nglampahi nyawung utawi mancung Lurah ing pilihan mangke, anggen kula badhe salat istikharah menika namung badhe nyuwun pitedah kados pundi caranipun suka wangsulan dhateng Pak Diyana kalih Pak Sugiri murih kekalihe boten cuwa utawi gela dhateng kula. Kula inggih badhe ngaturaken sedaya menika dhateng Kyai Zamzuri lan Ustadz Nur kok Bu”.

        Toa masjid wis ngumandhangake suwarane wong ngaji, aweh sasmita yen sepuluh menit maneh wektune adzan Dzuhur. Murtala banjur ngadeg, pamit marang Ibune nek arep sesuci banjur budhal menyang Masjid nindakne kuwajibane wong urip marang Pengerane.

        Sauntara kuwi, sawise tekan omahe, Jodi banjur ngandhani Gagak karo Gejrot supaya tansah ngawat-awati Murtala, melu njaga kaslametane, aja nganti ana sing ganggu gawe marang dheweke. Merga ora mokal nek ana wong sing uga kepengin mancung lurah lan ngerti yen Murtala kuwi wis kecondhokan pulung, banjur nekad ora wedi kuwalat nindakne laku sing ora bener kanggo nyingkirake Murtala.

        “Nanging olehmu mlaku aja grusa-grusu” kandhane Jodi marang Gagak lan Gejrot “sing ngati-ati, aja ngawistarani, aja nganti ana wong sing ngerti nek kowe nindakne gaweyan iki”.

        “Inggih Boss” wangsulane Gejrot karo Gagak meh bareng.

        Meh wae Jodi arep kawetu tembunge, nek olehe ngrewangi Murtala kuwi satemene ya duwe pamrih. Ya iku Jodi ngerti nek bar pilihan Lurah mengko bakal ana lowongan Carik, merga petunge Jodi carik Saidi kae wis wayahe leren kegawa saka umur. Lan Jodi ngarah anake lanang sing maune arep digala-gala maju ing pilihan lurah nanging jebul ora dikeparengake dening Sing yasa desa Kedunggalar, arep dibudidaya murih bisa dadi Carik. Nek Saiki dheweke labuh marang Murtala, mbesuk mesthi Murtala ora arep nglalekne marang lelabuhane. Nanging Jodi ora mblakakne isi atine ngono kuwi marang Gejrot lan Gagak.

        Bareng wektune, beda panggonane, seje critane sing ana omahe Pak Sugiri. Tekan omah, Pak Sugiri gage wae kongkonan Nita supaya ngabari Murtala liwat WhatsApp, nek awan kuwi Pak Sugiri lagi ana tamu dadi ora bisa sembahyang jamaah nyang Masjid.  Bar prentah nyang anake wedok, lagi mbalik menyang pendhapa, arep nutugne olehe rembugan karo kakangane lan mBah Di Dong sing mau padha durung nyandhak sing dadi karepe Pak Sugiri.

        “Kudune kuwi mau mbok tegesne pisan Ri” kandhane Arja Gendhon sawise adhine mapan lungguh neng kursine “ora mung arep ngrewangi golek biting thok, nanging kudune Murtala mbok tanting pisan, kowe sanggup ngangkat ragat, ning Murtala kudu gelem dadi mantumu. Merga miturut petunge mBah Di ya kaya sing dikandhakne mau, Nita kuwi bakal dadi mukti uripe nek dijodhokne karo Murtala. Gek jaremu Nita ya wis gelem upama diolehne Murtala? Lha kok mau mung mbok saguhi nek kowe arep ngrewangi thok, bisa-bisa Murtala mengko ora sida wani mancung merga wedi ora duwe wragat”.

        “Aja samar Kang” wangsulane Pak Sugiri ayem “kanggo kuwi aku wis duwe cara dhewe sing luwih becik. Nek nganggo cara kaya sing mbok omong kuwi, Murtala kae bocah pinter lan duwe jiwa satriya, kaprawirane genep, mesthi sak kal ngomong emoh. Kudu nganggo cara alus, sing mlaku mengko ben Nita karo Ibune, liwate Bu Kojin, kira-kira iki mengko akeh kasile”

        “Nggih niku langkung pas lan langkung leres Pak Sugiri” mBah Di nambahi rembug “lan sedaya inggih kedah dipun suwunaken dhateng Ingjang Maha Kuwaos murih saenipun”.

        mBaleni critane Murtala sing numpak sepedha pancale menyang Masjid. Kelingan perkara Pilihan Lurah tahun ngarep kuwi, sepisan maneh Murtala mesem. Banjur eling marang janjine marang awake dhewe, yen ora arep mikir sing abot-abot sadurunge kasembadan sing dijangka, ya kuwi gawe senenge wong tuwane, saora-orane kudu bisa ngancani Ibune Ziarah Umrah neng Mekah luwih dhisik nganggo wragat sing dicelengi saka asil saben dinane, lagi bisa nggagas perkara liyane.

 

tamat

 

 

 

 

Selasa, 28 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (30)

30.

        Ali-ali dening Jodi banjur dibalekne marang mBah Di maneh. Banjur tangane dicedhakne tangane Gejrot, drijine wong loro kuwi diedho, bener drijine Gejrot luwih gedhe-gedhe tinimbang drijine Jodi. Mula ya pancen nggumunake, ali-ali mau neng drijine Gejrot lodho, nanging neng drijine Jodi ora sedheng. mBah Di Dong karo Arja Gendhon mung padha mesem.

        “Niku boten aneh Boss” kandhane Arja Gendhon mangsuli olehe grenengan Jodi “pancen nek sing nyoba niku tiyang sing boten gadhah wewenang mancung teng Kedunggalar nggih lodho, mbok tangan kula niki nggih lodho. Benten nek sing nyoba ngangge niku tiyang sing angsal menawi badhe majeng, nek boten jodho lire jane boten kiyat dados lurah, nggih sesak utawi boten cekap. Sak niki sing dereng nyobi kantun Mas Murtala, cobi mBah Di, Mas Murtala kapurih ngagem ali-ali Suleman Ratu niku jodho menapa boten?”.

        mBah Di ora wangsulan malah banjur kandha marang Murtala, karo ngulungne ali-aline :

        “Cobi panjenengan agem Mas, ali-ali niki, panjenengan jodho napa boten?”.

        “Walah kinten-kinten nggih lodho mBah Di, tiyang driji kula niki alit-alit” wangsulane Murtala karo mesem, nanging kanggo nglegakne atine mBah Di lan wong-wong sing ana kono, ali-ali kuwi ya ditampani.

        “Cobi kula agemne Dhik” Jodi nyandhak tangane Murtala ali-ali kuwi arep dienggokne neng drijine Murtala. Murtala manut wae, ali-ali dilebokne nyang driji jempolan. Pas, Ora lodho ya ora sesak. Sing weruh padha mlengak.

        “Lha ning nganggo ali-ali mosok neng jempol? Coba nek nek driji manis?” Pak Sugiri ketok sumringah praupane.

        Murtala nyopot ali-ali saka jempolane, banjur dienggo neng driji manis. Pas maneh, ora keciliken ya ora kegedhen. Wong-wong sansaya ketok sumringah, seneng. Banjur Murtala nyoba driji-driji liyane, sing kiwa lan sing tengen kabeh dicoba dienggoni ali-ali sing mripate akik Suleman Ratu kuwi. Murtala dadi gumun dhewe, merga kabeh pas, kamangka cetha nek driji jenthik karo driji jempol kuwi gedhene ora padha.

        “Sampun mBah Di” kandhane Murtala sawise nyopot ali-ali saka tangane lan ngulungake ali-ali kuwi menyang sing duwe.

        “Piye Gan nek ngene iki?” durung nganti mBah Di guneman mangsuli kandhane Murtala, Jodi wis ndhisiki takon marang Pak Sugiri “panjenengan saiki mesthi wis percaya nek wangsit sing tak tampa saka Eyang Ambyangkara kuwi bener ta?”.

        “Aku wiwit pisanan mau ki ya wis percaya karo sing sampean ngendikakne Boss” wangsulane Pak Sugiri “merga miturut sasmita sing tak tampa ya kaya sing sampean ngendikakne mau. Mung wae, saiki dadi luwih manteb maneh”.

        “Lha nek wis cetha ngene iki, mosok nek Panjenengan ora arep nyengkuyung Dhik Murtala maju neng Pilihan tahun ngarep kuwi?” Jodi banjur nanting Pak Sugiri.

        “Nuwun sewu Pak Diyana kalihan Pak Sugiri lan Bapak-bapak sedaya” Murtala wis ora bisa ngampet maneh anggone kepengin melu guneman, nrambul wong-wong sing lagi katrem ngrembug perkara pilihan lurah sing olehe nganakne isih suk tahun ngarep lan sing njalari Murtala kapeksa nyaru wuwus kuwi merga wong-wong kuwi mung adhedhasar petung batin lan wangsit sing durung mesthi wangsit tenan, wis percaya nek dheweke bakal menang menawa melu maju ing pilihan.

        “Inggih pripun Dhik?” sing aweh wangsulan Jodi, sing banjur nakoni karepe Murtala.

        “Nggih kula ngaturaken panuwun awit kawigatosanipun Pak Diyana, Pak Sugiri lan sanesipun dhateng kula ing prakawis Pilihan Lurah tahun ngajeng menika” kandhane Murtala sabanjure “boten ateges kula niki ngremehaken utawi boten pitados dhateng wangsit utawi petang saha ampuhing ali-alinipun mBah Di kala wau, nanging kados ingkang dipun dhawuhaken Pak Diyana kala wau, jangka menika sagedipun dumugi kedah dipun jangkah rak inggih ta?".

        “Mila leres makaten Dhik” wangsulane Jodi sing banjur omong marang Pak Sugiri “rak ya ngono ta Gan?”.

        “Iya, nek gak dijangkah ya ora bakal kasembadan, ngibarate wong luwe wis dicepaki sega, nek pengin mari luwene, segane ya kudu dipangan, nek gak dipangan ya panggah luwe” wangsulane Pak Sugiri.

        “Kamangka” Murtala nutugne olehe guneman “njangkah niku kedah gadhah sikil sing kenging kangge njangkah, liripun kedah cekap sarat masrute. Lha kula piyambak sampun ngrumaosi upama tumut kepengin dados Lurah, niku kenging diparibasakaken kados cecak pengin nguntal empyak, wong cebol nggayuh lintang, dados inggih nglengkara menawi kula badhe majeng tumut mancung ing Pilihan tahun ngajeng menika”.

        “Sampun ngaten Dhik, Dhik Murtala niku kangge kepilih dados Lurah sarate namung setunggal, inggih menika kersa ndhaftar tumut mancungm niku sampun cekap. Sarat sanese kados wragat upaminipun niku saged dipadosne kalih mlampah” Jodi nanggapi kandhane Murtala.

        “Bener Mur” Pak Sugiri melu guneman mbenerne kandhane Jodi “pokoke awakmu gelem mancung, mengko sing obah ben sing tuwek-tuwek ngene iki. Boss Jodi kuwi wonge neng Kidulan kana akeh, wiwit Dasem, Durenan tekan Kaliwowo sasat keneng dijagakne kabeh, mengko Plosorejo, Ngarengan karo Pulo aku ya bisa melu ngrewangi kuwi mengko paling mung kudu dhisik-dhisikan karo Pak Guru Har, nek wonge sida nekad arep maju”.

        “Inggih Bapak-bapak” wangsulane Murtala sabanjure “perkawis ndhaftar niku nggih gampil mawon, nanging saderengipun mancung rak kedah dipun manah rumiyin, sembada menapa boten saupami kula dados lurah, saged damel tambah saenipun dhusun menapa boten? Lajeng tumrap pribadi kula piyambak, majeng tumut nyawung mangke saged mewahi kasaenan kula menapa malah mewahi dosa saha mengsah? Sadaya menika kajawi mbetahaken obahing nalar ingkang panjang ugi mbetahaken pitedah saking Gusti Allah lumantar sembahyang Istikharah”.

        “Dados saupami kula nyuwun pirsa sak niki Dhik Murtala kersa majeng ing Pilihan tahun ngajeng menika menapa boten, Dhik Murtala dereng kersa paring wangsulan?”

        “Leres Pak Diyana” wangsulane Murtala maneh “kula taksih mbetahaken wekdal kangge mikir lan sembahyang istikharah langkung rumiyin, sedaya menika murih saenipun tumrap kula ugi tumrap dhusun lan warga masyarakat Kedunggalar”.

        “Aku mbenerne awakmu Mur” genti Pak Sugiri sing guneman “senajan nek miturut petungane wong-wong iki kabeh yen awakmu gelem mancung wis kaya kenek dijagakne mesthi menange, nanging nek awakmu isih arep mikir lan arep sembahyang istikharah, kuwi ya luwih prayoga. Aku mung meling, anggonmu mikir lan sembahyang istikharah kuwi aja suwe-suwe”.

        “Upami ngeten pripun?” sadurunge Murtala mangsuli kandhane Pak Sugiri Jodi wis guneman luwih dhisik “kalih minggu melih, kula suwun Juragan Giri, kula, Mas Arja Gendhon kalih mBah Di mlempak malih wonten mriki, Lha Dhik Murtala mesthinipun sampun pikantuk pitedah lan mutusaken saged utawi botenipun majeng pilihan tahun ngajeng menika. Pripun menawi makaten?”.

        “Nuwun sewu Boss Jodi” Arja Gendhon melu guneman “kula kalih mBah Di niku tiyang njawi rangkah lho? Dede tiyang Kedunggalar”.

        “Ngeten Mas Arja” wangsulane Jodi karo mesem “panjenengan kalihan mBah Di niki sampun kathah ngawuningani lampahing pulung Desa Dunggalar niki, dados nggih sampun ngantos panjenengan negakaken Dhik Murtala, mila nggih kedah ndherek menggalihaken murih saene”.

        “Nek bisa ya ditambah wong Boss, sampean pilihi sing sajake bisa dijak nyambut gawe” Pak Sugiri nambahi rembuge Jodi “lan aja neng omah kene, aku kuwatir nek nganti ana wong sing melu ngrungokne banjur nglakokne laku dom sumuruping banyu. Aku pengin mbesuk kuwi lakune pilihan kaya jaman pilihane Pak Tapa biyen, jagone ora keprungu kablak lan kluruke nanging nyatane menang. Dadi botoh njaba bisa kecelik kabeh”.

        “Aku ya mathuk banget kuwi Gan, lha mathuke olehe golek enggon neng ngendi?”

        “Mengko wae nek wis cedhak tak kandha” wangsulane Pak Sugiri “mengko laku karo panggonan sarta uba-rampene dadi tanggunganku, tugase sampean golek tambah kanca telu utawa lima maneh”.

        “Ya wis mathuk Gan” wangsulane Jodi karo mesem lega, banjur genti kandha marang Murtala “mathuk ngaten nggih Dhik?”.

        “Inggih Pak Diyana” wangsulane Murtala, dheweke wis rumangsa ora bisa endha “nanging kula suwun menawi saged wekdalipun sampun ngantos manjing luhur, enjing mawon kados ngeten niki, awit kula menawi siang kedah kendel sakedhap”.

 

 

 

ana candhake

 

 

 

 

Minggu, 26 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (29)


 

29.

        Diwangsuli ngono kuwi Murtala ya banjur meneng, kamangka maune dheweke arep nyethakne nek jenenge impen, embuh kuwi impen sing klebu wangsit embuh kuwi impen lumrah, kuwi olehe negesi kudu dijumbuhne karo kahanan kang nyata. Ora banjur dienggo paugeran sing maton. Lan unine weca kuwi bisane klakon ya kudu disranani nganggo laku sing tenanan. Nanging gandheng Jodi isih kepengin ngrungokne panemu saka Pak Sugiri, mangka Murtala ya banjur ngalah. Meneng dhisik, aweh wektu marang Pak Sugiri sing dijaluk panemune dening Jodi.

        Pak Sugiri bareng dijaluki panemu dening Jodi, banjur njengkerutne bathuke, tandha yen mikir dhisik sadurunge aweh panemu. Nanging tumuli eling karo gagasane saka omah mau, ya kuwi arep ngongkon Murtala supaya nyoba nganggo akik Suleman Ratu duweke mBah Di Dong.

        “Ngene ya Boss” kandhane Pak Sugiri aweh wangsulan marang Jodi “nek sampean wis nampa wangsit saka Ki Ambyangkara merga sampean nglakoni laku prihatin ing pasareyane, aku uga wis nampa peling uga mBah Di Dong kuwi ya wis ngetung nganggo ngelmu kang dhedhasar watake dina, pasaran, sasi lan tahun sarta watake kahanan ing desane dhewe iki, asile meh padha. Ya kuwi sing kuwat kacondhokan Pulung Lurah Desane dhewe iki ora ana liya kajaba Murtala utawa Bu Kojin, ibune Murtala. Lha nek miturut panemune Pak Guru Har, sawuse oleh pituduh saka Kyai Burengan, kajaba Murtala lan Bu Kojin sing kuwat kacondhokan pulung kuwi wong sing bisa manunggalake jiwa ragane karo Murtala utawa Bu Kojin. Mulane aku ya ora gumun nalika ana kabar angin sing ngabarake nek Pak Guru Har arep nglamar Bu Kojin supaya kersa dadi garwane Pak Har. Nek ngono Pak Har wis nempuh cara supaya bisa manunggalake jiwa lan ragane karo Bu Kojin. Nanging kabar angin mau mbuh kena dipercaya mbuh ora, merga aku ya krungu nek Pak Har jarene ora arep ngepek Bu Kojin, nanging arep ngajak besanan, anake wedok sing Pegawe Bank kae arep dijodhokne karo Murtala”.

        Ora krasa sirahe Murtala gedheg-gedheg dhewe, batine gumun karo lakuning pikirane wong-wong kuwi. Thik ngonowa, dheweke kok ya dikatut-katutne melu dadi lakon ing gagasane wong-wong kuwi. Murtala ya banjur kelingan karo sing dicritakne Ibune nek Bulik Maryati tau mara neng omah merga diutus Pak Harmaka sing kepengin ngajak omah-omah. Murtala ya kelingan critane Ibune sing ngandhakne nek pas dheweke menyang omahe Pak Sugiri wingenane kae, Ratih teka neng omahe jare kepengin ketemu dheweke. Pikirane Murtala sedhela dadi nglambrang tekan ngendi-endi, nanging tumuli bali eling yen nganti dheweke nutugne nggone mikir bab kuwi, bisa marahi ora becik tumrap awake. Mula Murtala banjur maca istighfar, alon-alon, nyuwun pangapura marang Gusti Allah lan nyuwun pangayoman saka sakehing pitnah.

        “Lha panjenengan apa ya mathuk lire arep nyengkuyung kersane Pak Guru Har kuwi Gan?” Jodi nyelani rembuge Pak Sugiri, suwarane keprungu nek atine rada cuwa.

        “Ora ngono Boss” wangsulane Pak Sugiri karo mesem “srawungku karo Pak Guru Har pancen becik. Nanging nek perkara iki, aku blas gak mathuk. Aku ya wegah nek mung dadi ganjel kanggo ngangkat Pak Har dadi sansaya sugih, njur aku mung oleh digelani wong merga melu ngrewangi dheweke”.

        “Banjur piye Gan?” Jodi durung nyandhak sawutuhe karo sing dikarepne Pak Sugiri.

        “Aku karo sampean ki ketoke rada memper Boss” Pak Sugiri aweh wangsulan “aku kepengin Desane dhewe iki duwe Lurah sing pinter, isih nom, ngerti batal-karam, sing bisa nggawa desane dhewe iki dadi luwih maju tinimbang saiki lan sadurunge. Maune aku mathuk nek Semedi putrane sampean kae sing maju, ning nek sing maju sampean aku jujur wae gak setuju. Nanging, bareng aku krungu kabar saka langit, ya sing saka Kang Arja, kakanganku kuwi, ya saka Sampean mau, ya saka liyane, aku banjur kendho dhewe. Nek aku meksa nyengkuyung lan nyurung Semedi maju, rak padha wae aku njorogne sampean menyang jurang ta Boss?”.

        “Bener Gan” Jodi nyauti kandhane Pak Sugiri “lha saupama Pak Guru Har sing jarene arep ngajak besanan Bu Kojin kuwi mau, banjur ngejokne mantune sing dikongkon mancung Panjenengan mathuk gak?”.

        “Lha nek kuwi kari Murtala piye?” wangsulane Pak Sugiri karo mesem kecut “nek aku ya ora arep melu-melu, merga upama aku sing dadi Murtala, ya wegah nek olehe ngepek mantu Pak Guru Har kuwi merga pamrih, gelem ngepek mantu merga Murtala bakal dadi lurah, nek Murtala mung dadi bakul angkringan ora kepanggonan Pulung, mokal Pak Guru Har gelem besanan karo Bu Kojin sing mung pensiunan. Nanging sepisan maneh kuwi kari nang Murtala”.

        Murtala mesem krungu rembuge Pak Sugiri ngono kuwi. Batine rada mathuk karo panemune Pak Sugiri. Nanging Murtala durung guneman piye-piye, isih ngenteni rembuge Jodi karo Pak Sugiri sabanjure.

        “Lha nek ngene piye Gan?” Jodi takon maneh karo mesem “Upama Dhik Murtala kuwi dijodhokne karo putrane panjenengan, banjur disengkuyung ben mancung, piye?”.

        “Sampean kuwi ya aneh” wangsulane Pak Sugiri, batine rada anyel merga lakuning pikirane disemoni dening Jodi, mula cepet wae olehe mangsuli “aku arep sampean padhakne karo Pak Guru Har? . Ngene ya Boss, perkara jodho utawa perkara arep golek mantu kuwi, aja digandheng-gandhengne karo Pilihan Lurah. Saupama aku nyengkuyung Murtala mancung neng pilihan mengko, merga aku ngerti nek Murtala kuwi kuwat dadi Lurah sing bisa ngayomi desane dhewe. Lha nek saupama aku kepengin ngepek mantu Murtala, kuwi merga kajaba duwe kelakuwan apik lan pinter sarta duwe rasa tanggung jawab, ya merga anakku gelem lan seneng karo Murtala. Gek nganti saiki aku ya durung ngerti anakku kae upama tak jodhokne karo Murtala gelem apa ora, lan aku ya durung ngerti Murtala kuwi wis duwe pilihan calon bojo apa durung. Gelem apa ora nek tak jodhokne karo anakku Nita. Ngono lho Boss”.

        “Lha saiki banjur kepiye Gan?”  Jodi takon maneh.

        “Saiki ngene” Pak Sugiri arep mblakakne karepe “mumpung mBah Di Dong ya neng kene, saiki becike ditakokne mBah Di wae, olehe sampean negesi wangsit saka Ki Ambyangkara karo olehku negesi pituduhe Kyai Burengan marang Pak Guru Har dhek emben kae, jumbuh apa ora yen ditakokne marang pusakane mBah Di, merga miturut petung palintangane mBah Di ki jane ya padha karo sasmita sing sampean tegesi”.

        “Pripun mBah Di ?” Jodi genti nakoni mBah Di Dong.

        “Nggih dicobi mawon Boss, kula tak jawab dhateng Kyai Suleman Ratu riyin, tiyang samanten niki sinten sing kuwat dados Lurah teng Kedunggalar, merga nek Pak Giri sak kulawarga lan sak rewang-rewange pisan wau dicobi boten wonten ingkang jodho. Sinten ngertos nek malah Boss Jodi utawi sedherek kalih niki malah jodho?” wangsulane mBah Di Dong karo ngetokake ali-ali sing mawa sesotya akik Suleman Ratu.

        Jodi sing dhasare sugih pengalaman ing babagan ngono kuwi wis nyandhak apa sing dikarepake dening mBah Di. Mula ya banjur meneng wae, nanging wis sarujuk karo sing dikarepake mBah Di.

        Sawise diwacakne mantra, akik kuwi diulungake Gejrot supaya dienggo. Gejrot gage anggone nampani, banjur dicoba dilebokne driji manise.

        “Piye Jrot? Sedheng? Pas? Apa lodho?” Jodi nakoni Gejrot.

        “Lodho danten kok Boss, Jempolan mawon nggih lodho” wangsulane Gejrot karo mbalekne akik kuwi marang mBah Di “ketoke niki sing pas Gagak, mriku drijine rak ageng-ageng”.

        “Cobi gentos sampean Mas” kandhane mBah Di Dong karo ngulungne akike marang Gagak.

        “Walaaah, sami mBah” kandhane Gagak karo mesem, sawise nampa lan nyoba ngenggo ali-ali kuwi “driji sepuluh lodho danten”.

        “Sak niki cobi panjenengan Boss” kandhane mBah Di genti marang Jodi.

        “Lha nek drijine cah loro niku mawon lodho, driji kula nggih sansaya longgar ta mBah Di?” kandhane Jodi karo nampani akik kuwi, banjur dicoba arep dienggo.

        “Kok aneh?” Jodi grenengan ijen “driji sepuluh ora ana sing sedheng, kamangka drijiku iki luwih cilik tinimbang drijine Gejrot karo Gagak, kok malah ora sedheng? Aneh !”.

 

 

Ana candhake

 

Sabtu, 25 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (28)

28.

        Jodi nyandhak gelas kopine sing kari separo kurang, disruput. Bubar kuwi ndudut rokoke sak ler banjur disumet. Kanggo ngandhakne ngimpine mau bengi marang Pak Sugiri ana rasa rada isin, luwih-luwih neng kono ana Arja Gendhon karo mBah Di barang. Mula sadurunge aweh wangsulan marang Pak Sugiri prelu nata ukara sethithik, ora ngapusi nanging ya ora ngandhakne sing sawutuhe.

        “Critane ki mangkene” wekasan Jodi banjur guneman “mau bengi kuwi sajroning setengah melek setengah turu neng kamar, aku ditekani dening pawongan sing ngaku asmane Ki Teken Waja, abdine Ki Lurah Ambyangkara. Ing kono aku dielingne murih gelem nglenggana marang garising lakoning anakku sing sanadyan putune sawargi Pak Darma Nyamun, nanging durung dikeparengake kepengin dadi Lurah ing Desa tinggalane Ki Ambyangkara iki”.

        “Pak Darma Nyamun ki rak Bapak Maratuwa sampean ta Boss?” Pak Sugiri nyela takon “apa gandhengane karo Pilihan suk tahun ngarep kuwi?”

        “Gandhenge ngene Gan” wangsulane Jodi “jaman tahun pitung puluh wolu, pas pilihane Lurah Tapa, Maratuwa ki maune ya arep maju, wong wektu kuwi massane ya akeh, meh wong sak Durenan, Winong, Kaliwowo lan Urung-Urung padha nyengkuyung Maratuwa kabeh, kuwi durung sedulur-sedulure Maratuwa sing ana Pulo karo Plosorejo. Nanging Maratuwa ora sida maju, merga sawise tirakat neng Pasareyane Ki Ambyangkara  kaparingan wangsit sing isine sing kapiji nyekel ruwet rentenging Desa jaman kuwi Anak Lurah sing durung leren, sing manggone ing sisih lor wetan. Kajaba kuwi uga kapringan weruh nek mbesuk mbuh tahune, ana turune Maratuwa sing bakal kuwat yen dadi Lurah kene. Mula jaman semana, Maratuwa banjur ambyok marang Pak Tapa. Wong jaman kuwi Bapake Pak Tapa isih sugeng lan uga isih dadi Lurah neng Jeblogan, Paron. Merga nggondheli wangsit sing ditampa Maratuwa kuwi, aku banjur nindakne laku riyalat neng Pasareyane Cikal Bakal sing mbakali Desa Kedunggalar kuwi kaya sing tak aturne marang Dhik Murtala sing panjenengan ya melu midhangetake mau. Maune aku durung bisa nampa karepe wangsit sing tak tampa kuwi mau, malah panampaku ngene. Anakku Semedi kuwi isih ana pangarep-arep bisa kepilih dadi Lurah nek gelem maju njago, mung wae duwe mungsuh sing abot ya kuwi Panjenengan utawa Putrane Panjenengan lan Dhik Murtala. Mula aku banjur nyeluk Gejrot karo Gagak, tak kongkon mbudidaya piye carane Dhik Murtala lan Panjenengan utawa Putrane Panjenengan, murih bisa dikalahake ing Pilihan tahun ngarep kuwi. Jebul bocah loro kuwi kleru tampa, rumangsane aku kepengin nyingkirake Panjenengan lan Dhik Murtala murih ora maju njago. Lha bareng karo lelakon sing ana warunge Dhik Murtala mau bengi kuwi, Ki Teken Waja teka neng kamarku, aweh pepeling kaya sing wis tak aturne mau”.

        “Lha saiki sing sampean kersakne banjur apa?” Pak Sugiri takon.

        “Wis cukup Gan” wangsulane Jodi “aku mung butuh pangapura saka Dhik Murtala, lan aku mung kepengin matur murih Dhik Murtala pirsa nek jangkane Desa Kedunggalar kuwi bisa dilurahi dening Dhik Murtala, lan nek wis pirsa, mbok menawa Dhik Murtala kersa njangkah maju ing Pilihan tahun ngarep kuwi. Tekan kene mbok menawa ana lupute sing tak aturne aku nyuwun tulung supaya panjenengan benerne piye murih becike?”.

        Pak Sugiri ora tumuli wangsulan, kabeh sing ana kono ora ana sing guneman. Pikirane padha muser mikir apa sing dikandhakne Jodi ngono kuwi. Murtala sing dikandhakne dening Jodi duwe kalodhangan sing gedhe bisa kepilih dadi Lurah ing Pilihan tahun ngarep kuwi ya mikir. Mung rada beda sing dipikir, ora mikir bener utawa lupute sasmita utawa wangsit sing dicritakne Jodi kuwi mau, nanging mikir teka aneh lan nggumunake nek wong pinter tur sugih kok duwe pikiran kaya Jodi, nggugu marang impen sing durung karuwan impen tenan apa impen sing merga kakehan turu. Sak jane Murtala ya ora ngarani nek kabeh impen kuwi mung kembange turu, ya sok nggagas ana sing diarani titi yoni, ganda yoni lan puspatajem, nanging miturut panemune Murtala kabeh impen kuwi durung mesthi Puspatajem. Malah kepara sing akeh nek ora titi yoni ya ganda yoni, merga impen puspatajem kuwi sasmita gaib saka Gusti Allah sing drajate padha karo saprapatangpuluhe wahyu. Dadi ya ora saben wong bisa nemoni ngimpi puspatajem. Panemune Murtala mangkono kuwi cetha nek beda karo panemune Jodi, merga impene Jodi mau dianggep sasamita gaib ora saka Gusti Allah, nanging saka Ki Ambyangkara sing wis suwe banget anggone seda.

        Beda maneh karo sing digagas dening Pak Sugiri sing dhasare wis percaya banget yen Murtala kuwi wis kepanjingan pulunge Lurah Desa Kedunggalar, kaya anggone negesi pituduhe Kyai Burengan nalika samana. Apa sing dikandhakne Boss Jodi kuwi ndadekne Pak Sugiri luwih manteb anggone percaya nek Murtala bakal kepilih dadi Lurah nek tahun ngarep kuwi gelem mancung maju dadi Jago. Satemene tekane Pak Sugiri neng omahe Murtala iki mau arep nguwatake kapitayane bisa apa orane Murtala kepilih dadi Lurah saupama tahun ngarep kuwi melu mancung njago. Iki merga mau esuk, Arja Gendhon, sedulure lanang, teka neng omahe nganthi mBah Di Dong, wong tuwa sing pinter ngelmu palintangan, bisa ngetung nasibe jago-jago lurah lan sapanunggalane, bisa dadi apa malah bakal dadi guyon. Dhek esuk pas lagi teka neng omahe mau, mBah Di Dong ngandhakne yen sawise metung adhedhasar lakuning dina, sasi lan tahun sarta watak-watake, pancen ancer-ancere sing bakal kepilih dadi Lurah suk tahun ngarep kuwi, manggone pas neng pomahane Murtala. Nanging, mBah Di Dong ya ora wani mesthekake, jalaran wektune isih setahun, ora mokal yen mengko ana owah gingsire. Lha kanggo nguwatake, petunge kuwi akeh benere apa akeh lupute. mBah Di Dong ya duwe piranti. Wujude ali-ali sing duwe mata akik Suleman Ratu. mBah Di Dong mau kandha, sing sapa wonge bisa nganggo ali-ali kuwi ing drijine kanthi pas. Lire dienggo neng driji Jempol ya pas, dienggo neng penuding, temunggul, manis lan jenthik kabeh pas, ora sesak lan ora lodho, mangka kuwi sing mbesuke bakal kepilih oleh suwara akeh dhewe yen melu mancung ing pilihan. Mesthi wae olehe nganggo ali-ali kuwi kudu dimantrani luwih dhisik dening mBah Di Dong. Sadurunge budhal menyang omahe Murtala mau, Pak Sugiri wis nyoba nganggo ali-ali kuwi, nanging kabeh drijine ora sedheng dienggoni ali-aline mBah Di Dong kuwi. Banjur Pak Suradi ngongkon anake wedok supaya njajal ali-ali kuwi, asile padha. Ora sedheng. Bojone lan kabeh rewange sing KTP ne Kedunggalar siji-siji dikongkon nyoba, kabeh ya ora ana sing sedheng. Beda maneh nalika sing nyoba nganggo ali-ali kuwi rewang-rewange sing omah lan KTP ne sajabane Kedunggalar. Ali-ali sedheng dienggo nanging lodho banget.  Mula jane ngono tekane Pak Sugiri ngajak Arja Gendhon lan mBah Di Dong neng omahe Murtala kuwi mung arep ngongkon Murtala nyoba ali-aline mBah Di Dong kuwi sedheng apa ora nek dienggo neng drijine Murtala.

        Sauntara kuwi, Arja Gendhon sing uga melu ngrungokne apa sing dikandhakne Boss Jodi, rumangsa isih luwih percaya karo ampuhe ali-ali sing saiki ana kanthonge mBah Di Dong. Mikire Arja Gendhon mung siji, nek nganti mengko drijine Murtala ora sedheng utawa lodho yen nganggo ali-aline mBah Di Dong, mangka Arja Gendhon bakal ngandhani sedulure lanang supaya murungake anggone kepengin njodhokne Nita karo Murtala. Kosok baline, nek pranyata bisa pas, mangka Arja Gendhon ya bakal nyengkuyung sakuwasane murih Nita bisa dadi jodhone Murtala.

        “Anggonku matur marang Dhik Murtala wis rampung Gan” sawuse rada suwe ora ana wong guneman, Boss Jodi banjur kandha maneh “saiki panjenengan tak suwun mbenerne nek ana aturku sing ora bener, piye murih benere?”

        “Nuwun sewu Pak Diyana” dumadakan Murtala genti guneman “menapa kula pareng matur magepokan kalihan ingkang sampun dipun ngendikakaken Pak Diyana kala wau?”.

        “Menika ingkang kula suwun Dhik” wangsulane Jodi karo mesem amba “nanging saderengipun Dhik Murtala paring dhawuh, kula kepengin Juragan Giri ndandosi atur kula kala wau menawi wonten ingkang dereng leres”

        Boss Jodi banjur kandha menyang Pak Sugiri

        “Mangga Gan……”.

 

 

Ana candhake

 

Jumat, 24 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (27)


 

27.

        Ngerti nek neng kono wis ana Jodi karo Gejrot lan Gagak, Pak Sugiri katon rada kaget, nanging ya banjur sinamudana. Sawise padha salaman ya banjur mapan lungguh dhewe-dhewe. Maune Jodi arep pamitan dhisik, merga kuwatir nek antarane Pak Sugiri karo  Murtala arep rembugan sing ngandhut wadi, nanging bareng kelingan nek  sing arep dikandhakne marang Murtala isih ana, mula ya ora sida. Malah semune kebeneran banget, merga sing arep dikandhakne marang Murtala mengko kuwi cetha nek ana sambung rapete karo Pak Sugiri.

        “Lha kok njanur gunung, kadhingaren sampean mau yah mene kok wis tekan kene ta Boss?” Pak Sugiri mbukani rembug takon marang Jodi.

        “Kedhisikan olehe ndhengarekne iki” wangsulane Jodi karo mesem “arep tak dhengarekne kok rukun temen dolan-dolan bareng sedulure lanang, malah ngajak priyayi Brang Lor barang, he he he jebul malah didhisiki didhengarekne, iki apa ta Gan, arep nggenahne barang sing ora genah, olehe salah tampa Gejrot karo Gagak marang Dhik Murtala sing ndadekne Panjenengan melu tumandang mau bengi kuwi. Jane karepku mau, nek wis bar saka kene ya arep sowan panjenengan pisan, ben ndang padhang, ndelalah panjenengan wis rawuh mrene dadi ya malah tiba kabeneran”.

        “Lha apa kira-kira isih kurang olehku nyangoni Gejrot mau bengi?” senajan olehe guneman karo mesem, nanging tembunge Pak Sugiri keprungu landhep.

        “Ora Gan” wangsulane Jodi “aku wis ngrumangsani nek sing luput kuwi aku, arepa merga kleruning panampa saka bocah loro kuwi, panggah wae kuwi luputku. Kabeh wis tak aturne marang Dhik Murtala, isih nisa sethithik sing durung tak aturne, banjur panjenengan teka iki mau dadi kasigeg. Lan aku ya nyuwun pangapura marang panjenengan dene wis digawe repot dening Gejrot karo Gagak”.

        “Aku iki jane ya ora apa-apa” kandhane Pak Sugiri maneh “mau bengi kuwi, merga aku mung ngeman marang Gejrot karo Gagak, mula ya banjur olehku ngelingne rada kasar sethithik. Sampean mesthine ya bisa nggambarne, upama bocah loro kuwi ora tak elikne banjur Murtala lali lan ngladeni, apa ora sida klakon bocah loro kuwi babak belur tenan?. Wis babak bundhas isih dikandhangne neng Polsek lor kono,  banjur mlebu neng Berita Kriminal televisi ? nJajal nek ngono tenan sing wirang sapa?”.

        “Panjenengan wis bener Gan” wangsulane Jodi “aku ya nedha nrima banget marang Panjenengan. Saiki tak tutugne olehku arep matur marang Dhik Murtala, Panjenengan ya tak suwun melu nekseni lan nek mengko ana lupute aturku marang Dhik Murtala tak suwun panjenengan gelem cawe-cawe murih apike”.

        “Iya wis , sampean tutugne dhisik, aku tak melu ngrungokne” kandhane Pak Sugiri karo ngetokne rokoke saka njero sak, didudut sak ler banjur diakep. Arja Gendhon lan wong setengah tuwa sing jebul mBah Di Dong Dhukun waskitha saka Watugudel kuwi ya banjur padha melu rokokan.

        “Nyuwun pangapunten lho Dhik Murtala” Jodi banjur guneman maneh marang Murtala “atur kula ingkang kala wau kasigeg sakedhap, dugi pundi ta atur kula wau?”.

        “Dugi ingkang ngendikanipun Pak Diyana wonten sambetipun Pilihan Lurah tahun ngajeng…” wangsulane Murtala.

        “Sik….sik…sik” dumadakan Pak Sugiri ndhisiki guneman sadurunge Jodi omong “aku tak ngalih dhisik, merga nek sampean arep ngrembug Pilihan Lurah tahun ngarep kuwi, embuh sing arep maju kuwi sampean dhewe apa kaya sing tau tak rungu sampean arep ngejokne anak sampean sing jenenge Semedi kae, ketoke aku durung bisa dijak rembugan perkara kuwi”.

        “Tak suwun panjenengan aja ngalih dhisik Gan” wangsulane Jodi sareh “merga iki mengko ya ana sambung rapete karo panjenengan barang, mula aku mau matur nek ana lupute nggonku matur marang Dhik Murtala panjenengan tak suwun gelem cawe-cawe murih becike kepiye. Aku ya durung ngerti sapa sing becike dijokne supaya maju ing pilihan mengko, sing cetha dina iki aku utawa anakku Semedi durung wani nek dikongkon maju”.

        Pak Sugiri rada kaget krungu wangsulane Jodi ngono kuwi, merga sasuwene iki ing ngendi-endi kabar yen Jodi alias Arja Diyana utawa anake lanang wis tata-tata arep melu maju njago lurah kuwi wis sumebar.  Pancen tenane, wektu kuwi sapa-sapa sing wis tata-tata arep maju njago kuwi wis wiwit dadi omongane wong-wong neng warung kopi. Sing wis banter suwarane ya kuwi Pak Harmaka sing dhek emben ngajak dheweke mara neng nggone wong tuwa. Banjur Boss Jodi utawa anake, ana maneh saka Ngarengan tlatah Kedunggalar sing prenah wetan dhewe kabare ya ana sing arep maju. Mula mau Pak Sugiri arep ngalih, merga kuwatir yen dijaluki tulung supaya gelem melu nyengkuyung  Boss Jodi utawa anake, Jebul tembunge Boss Jodi sing keri dhewe mau aweh sasmita nek temene Boss Jodi utawa anake ora arep melu maju njago ing Pilihan Lurah tahun ngarep kuwi.

        “Ya wis nek ngono, aku tak gak sida ngalih” wekasan Pak Sugiri guneman aweh wangsulan “nanging aja nyalahne aku nek mengko aku ngamuk merga didhapuk dadi tim-sese salah sijine jago sing arep melu maju neng Pilihan Tahun Ngarep kuwi”.

        “Aja samar Gan” wangsulane Jodi karo mesem.

        Marsini saka njero omah metu menyang ruang tamu, kaya mau nyangga baki isi kopi susu telung gelas, sukun goreng karo tela goreng rong piring, kanggo nyuguh dhayohe sing lagi teka.

        “Matur nuwun lho Bu Kojin, sampun damel repot mawon niki…..” kandhane Pak Sugiri nalika Marsini nyelehne sing disuguhne neng meja. Pak Sugiri sing arang banget weruh Marsini saka cedhakan, ing batin banjur kelingan karo Pak Harmaka sing wis nilap dheweke nek arep nglamar Ibune Murtala kuwi. Batine Pak Sugiri ya ngalembana marang Marsini, sing isih ketok seger lan duwe pakulitan resik kuwi. Upama Marsini sida gelem dipek Pak Harmaka, kena diarani nek Pak Harmaka beja kemayangan. Merga kajaba oleh sawabing pulung lurah ya oleh bojo song kena disawang nganggo mripat waras.

        “Repot menapa ta Bapak, tiyang namung toya anget kemawon kok” wangsulane Marsini grapyak “mangga dipun unjuk”.

        “Mangga Pak Sugiri, Pakdhe Arja, mangga Pak nuwun sewu Bapak sinten?” Murtala melu ngacarani dhayohe lan nakokne sapa jenenge mBah Di Dong sing durung tau ditepungi sadurunge.

        “Iki mBah Di, Mas Murtala” Arja Gendhon sing aweh wangsulan “mBah Di iki ya wis kaya wong tuwaku dhewe….”.

        “Inggih, inggih Pakdhe Arja” wangsulane Murtala “mangga dipun unjuk, mBah Di”.

        Ora suwe Marsini bali mlebu omah maneh. Jodi tanggap banjur nutugne olehe guneman :

        “Kados ingkang sampun kula aturaken kala wau Dhik Murtala, bilih sasmita ingkang kula tampi, bilih mapan kula utawi anak kula Semedi ing ngandhap piyambak saupami kepengin majeng ing Pilihan Tahun ngajeng, lajeng sanginggil kula utawi anak kula nuwun inggih panjenenganipun Juragan Giri utawi putranipun Juragan Giri lha ingkang inggil piyambak menika panjenengan. Awit Dhik Murtala piyambak ingkang sampun manunggal kalihan cahya mencorong kala wau. Dalemipun Juragan Giri mila inggih ketingal mencorong, menika menawi Dhik Murtala kersa mlebet ing dalem kala wau, lan miturut panyawang kula panjenengan babar pisan boten mlebet ing griya kula………”.

        “Mengko Dhisik Boss Jodi” Pak Sugiri sing wiwit mau tansah nyemak apa sing dikandhakne Boss Jodi sumela rembug, takon “sampean bisa ngomong ngono kuwi dhasare sasamita saka sapa? Nek wong tuwa, wong tuwa ngendi? Mosok sing sampean kandhakne kok mung Sampean dhewe, Aku karo Murtala thok? Kamangka kabare sing arep maju suk emben kuwi ya akeh, klebu Pak Guru Harmaka sing omahe cedhak Pabrik Kertas kae, malah jarene wong Ngarengan sing kemlinthi kae kabare ya arep maju? Malah aku sing babar pisan ora nggagas kok malah mbok katut-katutne ki piye?”.

        “Kuwi mau sasmita sing tak tampa sewulan kepungkur Gan” wangsulane Boss Jodi karo mesem “nalika aku riyalat turu ing pasareyane Ki Ambyangkara, ing kuburan Ngerjang, lan mau dalu pas Gejrot panjenengan paringi kamplengan neng angkringane Dhik Murtala, aku uga diemutake maneh dening abdine Ki Ambyangkara sing asmane Ki Teken Waja”.

        “Dielingne piye?” Pak Sugiri takon, suwarane keprungu cetha yen percaya banget karo critane Boss Jodi.

 

Ana candhake

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (26)


 

26.

        Jodi meneng sedhela, ndudut rokoke sak ler banjur disumet, disedhot pegane. Gejrot karo Gagak sing wiwit mau ngampet olehe kepengin udut, bareng weruh Jodi ngrokok ya banjur terok-terok padha ngrokok. Murtala sanadyan ora ngrokok, nanging ing mejane tansah sumadia asbak, merga kanca-kancane sing sok dolan menyang omahe padha ngrokok.

        “Critane niku ngeten Dhik” Jodo miwiti critane maneh “kala dalu niku rak wiwit sonten jawah, lajeng terang sekedhap, lajeng tengah dalu nika rak gremis malih?”

        “Inggih?”

        “Lha kala dalu niku kula wiwit sonten kraos radi masuk angin” kandhane Jodi maneh “dhasare nggih jawah pisan, kula lajeng mapan tilem. Dereng ngantos setengah jam anggen kula tilem, kula sampun tangi malih, kula girab-girab mergi ngimpi aneh ngantos nglindur boten kantenan”.

        “Ngimpi aneh Pak Diyana?” Murtala nyelani takon “kadosipun menika kabekta saking masuk angin kala wau nggih Pak Diyana?”.

        “Boten Dhik” Jodi semaur lan sawise nyedhot udute banjur guneman maneh  “Niku ngimpi ingkang saestu, rumaos kula, wonten tiyang ageng inggil, dugi ing kamar kula, pacakanipun ngagem rasukan lurik, jarikan, lancinganipun namung dumugi sangandhaping dhengkul, nggih kados tiang ing kethoprak nika neh”.

        “Lha tiyang kala wau badhe menapa?” Murtala takon, karepe ngge patut-patut merga jroning atine ana rasa mesakne marang Jodi sing isih seneng nggagas impen, impene wong turu sore.

        “Tiyang kala wau nggugah kula kanthi kasar, sikil kula dipun larak ngantos kula meh dhawah saking amben. Sareng kula tangi lajeng mapan linggih, tiang wau wicanten dhateng kula kalihan ngethungaken teken warninipun pethak ketingalipun kadamel saking waja pethak, dipun thungaken kados badhe dipun gebagaken dhateng sirah kula” Jodi leren olehe guneman banjur nyandhak gelase nyruput kopine kanggo nelesi gorokane.

        “Wicanten pripun Pak Diyana?” Murtala takon .

        “Wicantene ngeten : - aku Teken Waja, abdine Ki Ambyangkara, tekaku mrene arep mecah sirahmu, lan nek prelu ya numpes sakulawargamu, merga kowe menungsa ora duwe tata, bebudenmu banget nistha, kowe nyuwun pituduh marang Ki Lurah, bareng diparingi weruh, ora matur nuwun lan nglenggana, malah saiki arep gawe cilakane Titahe Allah sing tanpa dosa. Aja mbok kira yen bocah loro sing mbok kongkon kae bisa gawe cilakane wong sing arep mbok paeka, aja maneh mung bocah loro sing mung ngendelne gedhe lan rosa, mbok sak gurune maju bareng ora bakal bisa menang…….”.

        “Niku persis kalihan sing dikandhakne Juragan Giri kala dalu Boss……” durung rampung Jodi guneman, Gejrot sing wiwit mau uga melu nyemak olehe crita Jodhi, ora sengaja melu nyaut sing dikandhakne Majikane.

        “Juragan Giri ya muni ngono kuwi?” Jodi genti nakoni Gejrot, karo panyawang semu gumun,

        “Enggih malah olehe mungel nek kula kalih Gagak majeng sareng kalihan guru kula ngrubut Mas Murtala, nek saged menang ajeng diombe uyuhe ngoten” wangsulane Gejrot “lajeng kula dikampleng pilingan kula niku”.

        “Eng…….” Jodi manthuk-manthuk ketoke lagi mudheng.

        “Lajeng criyos salajengipun pripun Pak Diyana?” Murtala banjur takon, merga ora kepengin Jodi ngalih olehe crita.

        “Lha kula nggih lajeng ajrih boten kantenan ta Dhik? Nek ngantos teken waja sing rupane putih niku siyos dipupuhne teng sirah, polo kula rak siyos muncrat saestu? ” wangsulane Jodi karo nutugne critane “kula lajeng mandhap saking amben, ndheprok teng jogan kalih ngrangkul lan ngambungi sukunipun tiang wau, mertobat nangis gero-gero nyuwun gesang lan nyuwun pangapura”.

        Gagak karo Gejrot sing sasuwene iki tepung karo Jodi minangka wong digdaya sing ora tau gigrig ngadhepi wong sing pintere gelut kaya apa wae, rumangsa eram krungu critane Jodi sing jarene nganti nyembah-nyembah merga saking wedine marang wong sing nekani ing impene kuwi. Meh wae Gagak arep kawetu pamaidone nanging ora sida, kelingan nek nganti gawe nesune Jodi dheweke bisa cilaka.

        “Pak Diyana inggih lajeng dipun sukani pangapura?” Murtala takon sawise sauntara kahanan sidhem.

        “Dereng ngertos Dhik” wangsulane Jodi “tiyang jebul anggen kula nangis gero – gero kala wau ngantos kepireng kalihan Ibune Semedi ingkang nembe jagongan kalihan rewang kula teng griya wingking. Tiyang kalih niku laheng mlajeng murugi kula teng kamar. Sumerep kula nangis kalih ngrangkul cagak amben, kula lajeng digugah. Sareng kula sampun eling, kula lajeng dhateng kamar mandi, tiyang clana kula sampun kebloh kenging ompol. Ibune Semedi lajeng ngereh rewange kapurih ngepel…..”.

        Diampet - ampet meksa ora kuwat, wekasan Gejrot karo Gagak keprojol guyune. Pancen ya keprungu lucu nek ana crita Jodi, Pendekar Macan Lorek sing dhemit wae mlipir lan mikir - mikir nek dikongkon adu arep karo dheweke, jebul konangan nangis-nangis karo ngompol. Murtala dhewe ya mung mesem, senajan satemene ya kudu ngguyu wae, nanging isih bisa ngampet.

        “Ora apa-apa kowe padha ngguyu” Jodi guneman karo menthelengi Gejrot lan Gagak “aku ora ngerti kepiye polahmu mengko nek nganti utusane Ki Ambyangkara genti nemoni kowe wong loro”.

        Gejrot karo Gagak sakala meneng olehe ngguyu, praupane dadi pucet, wedi nek nganti sing dikandhakne Jodi kuwi kedadeyan tenan. Murtala mesem maneh, mesem jalaran ngerti nek wong-wong kuwi isih wedi marang bangsa alus sing durung karuwan bakal methuki. Lan anehe padha ora tau nggagas nek ana bangsa alus sing embuh wektune mesthi bakal nekani saprelu ngutabne lakune metu saka ngalam donya manjing alam kang langgeng.

        “Sedaya sampun kula criyosaken Dhik” kandhane Jodi sabanjure “sepisan malih kula suwun Dhik Murtala paring pangaksami dhateng kula. Lan mugi – mugi peparingipun pangapura saking Dhik Murtala dhateng kula saged mahanani lereming dukanipun Ki Ambyangkara dhateng kula”.

        “Inggih, inggih Pak Diyana” wangsulane Murtala sareh “saestu saderengipun Pak Diyana lan Mas Sadiran tuwin Mas Warsiman mundhut pangapura dhateng kula, kula sampun caos pangapura langkung rumiyin. Awit menggah kula, ngapura dhateng tiyang ingkang andelalah tumindak lepat dhateng kula, menika menika salah satunggaling kuwajiban ingkang kedah kula lampahi murih tentreming manah kula. Inggih bares kemawon, salah satunggal piwucal saking Guru kula inggih menika Ustadz Nurhamid. Ingkang saged kula lampahi inggih  menika kala wau. Mila saben-saben badhe mapan tilem, langkung rumiyin kula ndedonga dhateng Allah mugi Allah ngapura sedaya lepat lan dosa kula, tiyang sepuh kula, sanak kadang lan tangga kula, ugi mugi Allah anekseni bilih kula sampun ngapura dhumateng tiyang ingkang andilalah tumindak siya dhateng kula. Amalan menika mila entheng nanging ageng manfangatipun, manah saged tentrem lan ayem boten kemrungsung. Lan setunggal ingkang prelu kula aturaken dhumateng Pak Diyana. Inggih menika, kula niki dereng nate tepang kalihan Ki Ambyangkara, malah pasareyanipun kemawon kula inggih dereng sumerep. Nanging kila aturi pitados, bilih Ki Ambyangkara menika sakalangkung welas lan asih dhateng tiyang-tiyang sa Kedunggalar, panjenenganipun boten badhe wantala dhumateng warga Kedunggalar, dados Pak Diyana sampun was sumelang malih awit menggalih dukanipun Ki Ambyangkara”.

        “Inggih Dhik Murtala, matur nuwun sanget lan nyuwun pandonganipun mugi kula saged niru lekas panjenengan kados ingkang sampun dipun dhawuhaken kala wau” wangsulane Jodi “salajengipun kula badhe matur pisan, ingkang magepokan kalihan pilihan lurah tahun ngajeng menika”.

        Murtala ora tumuli aweh wangsulan utawa takon apa sing dikarepake Jodi muni ngono kuwi. Merga saka walike kaca riben ruang tamune, Murtala weruh ana sepedha motor loro sing mlebu ing plataran omahe. Sepedha motor sing siji sing nunggangi Pak Sugiri, sing sijne maneh sing nyetiri Arja Gendhon sing nggonceng wong setengah tuwa, rambute wis putih, nanging isih katon gagah, awake keker otote sentosa. Murtala durung tepung karo wong sing digonceng Arja Gendhon kuwi.

        “Assalamu’alaikum” Pak Sugiri uluk salam neng ngarep lawang.

        “Alaikum salam” wangsulane kabeh sing ana jero omah bebarengan. Murtala banjur ngadeg, nyedhaki lawang karo mbagekne dhayohe sing lagi teka.

 “Mangga Pak Sugiri, Mangga Pakdhe Arja, mangga Bapak” kandhane Murtala karo nyalami tamu-tamune “mangga pinarak mrika”.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...