018.
Ki
Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen ketingal mencereng mripatipun, kekalihipun
sami ngulati Ki Jagabaya Munggur. Malah Ki Kebayan Kuncen sampun ngepelaken
tanganipun lan nggegetaken untu, nedahaken panasing manahipun dhateng Ki
Jagabaya Munggur. Ki Jagabaya ketingalipun ugi sampun mangertos menawi tiyang
kalih menika sami nesu dhateng piyambakipun, lan Ki Jagabaya sajak inggih boten
remen menawi kaulatan kados makaten menika. Nanging gandheng Ki Jagabaya
Munggur sampun dipun acarani Ki Lurah murih linggih nyaket, pramila raosing
manahipun dhateng Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen inggih lajeng
kasumenekaken rumiyin.
“Olehku
ngenteni ndika wiwit mau lho Ki Jagabaya” ngendikanipun Ki Lurah sareh kemawon “gandheng
ndika ora teka-teka banjur aku kongkonan Sukmana nggoleki ndika, iki mau ketemu
neng ngendi?”.
“Inggih
nyuwun pangapunten Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya ingkang lajeng
mangertos ingkang dipun kersakaken Ki Lurah, Ki Jagabaya mbatos menawi Ki Bebau
Peleman lan Ki Kebayan Kuncen mesthi sampun madulaken piyambakipun kanthi wadulan
ingkang boten-boten tumtap piyambakipun, ingkang namung adhedhasar panginten
saha pamanggihipun tiyang kalih menika kemawon “mila kedahipun kula sampun
marak ing ngarsanipun Ki Lurah kala wau saderengipun seraping surya, ngaturaken
saha nyuwun dhawuh magepokan kalihan wontening kedadosan ing tepis wiring sisih
ler Pangapitan ingkang dipun sumerepi dening Ki Kebayan Kuncen, Ki Lurah.
Nanging sowan kula sakalangkung randhat jalaran wonten alangan ing margi, temah
nembe saged marak sak niki, niki wau kula kepanggih kalihan Adhi Sukmana ing
ngajeng regol Kalurahan”.
“Ki
Jagabaya oleh alangan ing dalan?” Ki Lurah mundhut pirsa kalihan suwanten ingkang
nedahaken ngunguning penggalihipun.
“Inggih
Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya Munggur “kala wau sasampunipun medal
saking griyanipun Ki Bebau Peleman, kanthi daya-daya lan setengah kalih mlajeng
kula badhe sowan Ki Lurah. Nanging boten kula sumerepi saking pundi asalipun, nalika
lampah kula dumugi protigan Peleman dumadakan kula ngraosaken kados ketiban
balangan saking wingking ingkang ngengingi geger lan githok kula, ingkang
ndadosaken kula dhawah lan boten emut menapa-menapa. Rahayunipun wonen warga
Peleman ingkang sumerep anggen kula rebah, kula lajeng dipun gendhong ing
griyanipun. Dipun upakara salimrahipun, awit tiyang-tiyang nginten menawi kula
kenging angin awon. Sakujuring badan kula ingkang anyep njejet dipun seka mawi
toya benter kalihan awu anget, ewa samanten kula panggah dereng saged emut……”.
“Sabanjure
kepiye?” Ki Lurah nyela rembagipun Ki Jagabaya.
“Salajengipun
duka saking tindak pundi boten wonten ingkang sumerep, rayi jengandika Ki Dungkul
pirsa menawi wonten rame-rame ing griyanipun warga Peleman menika” Ki Jagabaya Munggur
atur wangsulan “inggih awit kaparingan usada dening Ki Dungkul kala wau, kula
lajeng emut malih”
“Dadi
ndika ditambani Adhi Dungkul?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.
“Inggih
Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya “lajeng Ki Dungkul mrayogekaken murih
kula kendel rumiyin boten kenging daya-daya wangsul. Kula lajeng matur, menawi
kula boten badhe wangsul nanging badhe dhateng Kalurahan, badhe ngaturi pirsa
lan nyuwun dhawuh awit wonten prakawis ingkang wigatos ingkang kedah kapirsanan
dening Ki Lurah.”.
“Banjur
ndika mrene iki mau?”
“Boten
Ki Lurah” Ki Jagabaya atur wangsulan lan nglajengaken anggenipun matur “sareng
kula matur kados niku wau, Ki Dungkul lajeng gumujeng kalihan ngendika bilih
panjenenganipun sampun pirsa prakawis wigatos ingkang badhe kula aturaken
dhateng Ki Lurah menika, lan mila leres jebul Ki Dungkul sampun pirsa bilih
kula nguwatosaken awit wontenipun tiyang-tiyang ingkang wonten ing saleripun
Dhukuh Peleman kala wau”.
“Banjur
Adhi Dungkul kandha kepiye?” Ki Lurah ndangu malih.
“Ki
Dungkul ngendika makaten : “kae dudu bebaya tumrap Desa Pangapitan Ki Jagabaya,
merga wong-wong kae mung wong liwat wae, kae para murid Paguron Nagalanang sing liwat kene merga arep menyang Patalan, merga kadhawuhan mlumpuk ing Padhepokan
Agung dening Kyai Nagalanang”. Salajengipun Ki Dungkul dhawuh menawi badhe
nyulihi kula ngaturaken prakawis menika dhateng Ki Lurah, lan kula menawi
sampun kendel sawatawis kadhawuhan ngabaraken bab menika dhateng Ki Bebau
Peleman tuwin Ki Kebayan Kuncen, murih kekalihipun boten kedlarung-dlarung
anggenipun kuwatos. Nanging sareng kula wangsul dhateng Tepis wiring ler, jebul
kawontenan sampun sepen, Ki Bebau lan Ki Kebayan lan para sinoman sampun sami
boten wonten. Kula lajeng sowan Ki Lurah menika”.
Ki
Lurah kendel sekedhap boten tumuli ngendika malih. Penggalihipun lajeng tumuju
dhateng Ki Dungkul. Menawi Ki Dungkul sampun ngertos menawi titiyang ingkang dipun
sujanani dening Ki Bebau Peleman saha Ki Kebayan Kuncen jebul para
pendherekipun Kyai Nagalanang, lajeng saking laladan pundi?. Sok makatena, kala
wau enjing nalika Ki Dungkul lan Ki Dhangkal dhateng Dalem Kalurahan babar
pisan boten atur uninga dhateng Ki Lurah menawi badhe wonten tiyang kathah
ingkang badhe liwat Pangapitan. Nanging Ki Lurah boten tumunten ngendikakaken
ingkang dipun penggalih dhateng Ki Bebau Peleman tuwin Ki Kebayan Kuncen menapa
dene Ki Jagabaya Munggur. Malah Ki Lurah lajeng ndangu bab kasarasanipun Ki
Jagabaya :
“Lha
saiki kahanan ndika kepiye? Wis waras tenan apa isih ana rasa mumet utawa
liyane?”.
“Inggih
Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya Munggur “samenika sampun boten mumet,
nanging kula kinten kula boten kengin angin kados pangintenipun warga Peleman
kala wau. Awit, githok saha geger kula ingkang rumaos kula kedhawahan balangan
kala wau dugi sapriki sakedhap-sakedhap taksih kraos benter sok kraos kados
dipun cengkerem dening kukunipun kucing”.
“Coba
Sukmana njupuka dimar tak colokane githok lan gegere Ki Jagabaya iki, kok atiku
krasa ora pati kepenak” Ki Lurah dhawuh dhateng Sukmana mendhet dimar,
kalajengaken dhawuh dhateng Ki Jagabaya “coba lukaren klambi ndika Ki Jagabaya
tak deloke geger lan githok ndika sing lara kuwi”.
Sukmana
sampun mendhet dimar lan Ki Jagabaya Munggur ugi sampun mbikak rasukanipun.
Kanthi kapadhangan sunaring dimar, Ki Lurah pirsa bilih ing gegeripun Ki
Jagabaya ketingal gosong. Ki Lurah sakala njengkerutaken palarapanipun, sareng
uninga gosong ing geger lan githokipun Ki Jagabaya menika ketingal boten gosong
limrah.
“Coba
Ki Bau lan Ki Kebayan, aku njaluk tulung, ulatna sing premana apa sing katon
ing geger lan githoke Ki Jagabaya iki, miturut panyawang ndika” Ki Lurah lajeng
dhawuh dhateng Ki Bebau Peleman lan Kebayan Kuncen murih tumut ningali geger
lan githokipun Ki Jagabaya Munggur.
Tiyang
kalih ingkang dipun prentah Ki Lurah kala wau inggih lajeng nyaket, samanten
ugi Sukmana ingkang nadyan boten kadhawuhan, nanging inggih tumut ningali kawontenaning
geger lan githokipun Ki Jagabaya Munggur.
“Aneh…..”
Ki Bebau Peleman wicanten lirih.
“Nggegirisi!”
Ki Kebayan Kuncen mewahi rembag.
“Apa
sing padha ndika weruhi ?” Ki Lurah ndangu pamong kalih kala wau.
“Rumaos
kula ing gigiripun Ki Jagabaya sisih nginggil dumugi ing githok kados dipun
bathik mawi cacahan dom Ki Lurah” Ki Bebau Peleman atur wangsulan.
“Inggih
Ki Lurah” Ki Kebayan Kuncen mewahi atur “bathikanipun kados gambar sawer dumung
ageng ingkang nembe mekrok gulunipun”.
“Dadi
bener apa sing dikandhakne Ki Jagabaya mau” Ki Lurah lajeng ngendika “Ki
Jagabaya ora mung kena angin, nanging cetha yen ana sing mbalang saka mburi
sing ora diweruhi dening Ki Jagabaya. Ora dibalang nganggo barang lumrah kaya
dene watu utawa kayu, nanging Ki Jagabaya wis ketiban Pupuhan saka kadohan sing
disurung nganggo hawa murni sing dhuwur. Nitik tatune, Ki Jagabaya wis kena
dayane aji Sembur Sarpa, kuwi aji kuna sing lumrah diduweni dening para wong
sekti saka laladan sukuning gunung lawu….”.
“Adhuh…”
Ki Jagabaya sambat lan matur dhateng Ki Lurah kalihan suwanten ingkang
nedahaken kuwatosing manah “menapa kula badhe pejah Ki Lurah?”
“Pati
lan uripe menungsa kuwi ing astane Gusti, Ki Jagabaya” Ki Lurah paring
wangsulan kanthi suwanten ingkang sareh “menungsa diwajibake mbudidaya sarta
ndedonga. Mari lan orane gumantung marang kersaning Allah, mung kang wajib
dipercaya dening manungsa kabeh, klebu aku lan ndika kabeh, apa sing dadi
kersane Gusti, kuwi mesthi becike. Awit Gusti kuwi banget Maha Welas lan Maha
Asihe marang kabeh kawulaNe.”
Ki
Lurah nunten jumeneng, mlebet dhateng griya wingking. Boten dangu lajeng medal
malih kalihan ngasta dhuwung Kyai Wesi Tawa ingkang sampun dipun liga.
ana candhake