Total Tayangan Halaman

Kamis, 04 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (20)


 

020.

        Ki Jagabaya Munggur sampun kepireng aring suwantening napasipun, awit saking pamrayoginipun Ki Palir, dening Ki Bebau Peleman dipun tilemaken ing jogan kados limrahipun tiyang ingkang nembe leren. Slendhang alit ingkang kala wau kangge nangsuli sukunipun Ki Jagabaya ugi sampun dipun udhari lan sampun dipun simpen malih dening Ki Palir. Awit miturut Ki Palir Ki Jagabaya Munggur taksih radi sawatawis wekdal malih anggenipun nglilir. Tiyang gangsal ingkang wonten pendhapa Kalurahan Pangapitan menika inggih lajeng jejagongan malih.

        “Aku ora nyana babar pisan, jebul Adhi Palir iki nduweni kaluwihan kanggo nambani wong sing kena wisa kaya Ki Jagabaya iki mau” sasampunipun radi sawatawis kendel, Ki Lurah ngendika “kaya anggonku ora nyana Keris Kyai Wesi Tawa tinggalane sawargi Bapa sing selawase ora tau mindhon gaweni yen kanggo nambani wong kena upas utawa wisa, jebul ora kuwawa nyabarake wisa sing dumunung ana ragane Ki Jagabaya.”

        “Makaten ugi kula Ki Lurah” Ki Bebau Peleman mewahi rembag “kula boten nginten menawi Ki Jagabaya menika kala wau katlusuban dom cacah tiga ingkang nggadhahi kekiyatan saged nutupi katiyasanipun Dhuwung Kyai Wesi Tawa. Saupami niki wau Ki Palir boten nuju wonten dalem mriki, harak inggih siyos katiwasan saestu?”.

        “Malah kula boten nginten menawi Ki Palir jebul wonten dalem mriki Ki Lurah” Ki Kebayan Kuncen urun rembag “awit kala wau enjang, kula kepanggih kalihan Ki Palir sareng-sareng kalihan Dana lan Wala sami kekapalan, criyosipun badhe dhateng Brendhilann kok jebul dalu menika sampun wonten mriki?”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang Lurah, Ki Bau lan Ki Bayan” Ki Palir gentos ingkang wicanten “kala wau kula rak sampun matur bilih kula badhe matur sacetha-cethanipun magepokan kalihan gerahipun Ki Jagabaya Munggur menika ?. Pramila samangke ngiras ngentosi wungunipun Ki Jagabaya, kula badhe miwiti matur”.

        “Iya Dhi” Ki Lurah paring wangsulan “cethane kepiye kok nganti Si Adhi nduwe panjaluk supaya anggonmu aweh tamba marang Ki Jagabaya iki kudu digawe wadi?”.

        “Inggih kados pundi Ki Palir?” Bebau Peleman numpangi rembag.

        “Menika makaten Kakang” Ki Palir lajeng wicanten “kula kuwatos menawi ngantos ingkang damel gerahipun Ki Jagabaya menika sumerep bilih warasipun Ki Jagabaya menika jalaran lantaran saking kula, lajeng piyambakipun gentos amengsahi kula. Kosok wangsulipun, menawi tiyang kala wau boten sumerep sinten ingkang njampeni Ki Jagabaya, piyambakipun badhe boten kumalungkung malih ing Dhusun Pangapitan mriki, ngendelaken dumeh nggadhahi dom cem-ceman ingkang saged kasurung mawi aji Panyemburwisa. Nanging kanyatanipun sanaosa dom cem-ceman  ingkang kasurung Aji Panyemburwisa ingkang tumanduk ing raganipun Ki Jagabaya sampun dipun susuli mawi pijetan sekti, ewa samanten Ki Jagabaya taksih kaparingan pitulunganing Gusti temah saged saras pulih kados wingi uni. Lan malih wontenipun Dhuwung Kyai Wesi Tawa boten saged nyabaraken wisa ing badanipun Ki Jagabaya menika jalaran wisa ing badanipun Ki Jagabaya taksih sesambetan kalihan dom-dom kala wau, menawi dom-domipun sampun kapisah estunipun boten badhe Kyai Wesi Tawa mindhon dameli”.

        “Mengko dhisik Dhi” Ki Lurah Pangapitan nyelani rembagipun Ki Palir “aku kok dadi rada jubriya marang sing mbok kandhakne iki mau”.

        “Jubriya kados pundi Kakang?” Ki Palir nyuwun pirsa.

        “Apa miturut panemune si Adhi, tatune Ki Jagabaya Munggur iki ana sambung rapete karo sedulurmu Adhi Dungkul kanthi mbok kandhakne wis mindhoni nganggo pijetan sekti mau? Jalaran durung ana sing nyenggol Ki Jagabaya kajaba Adhi Dungkul” Ki Lurah gentos ingkang mundhut pirsa.

        Ki Bebau Peleman tuwin Ki Kebayan Kuncen ketingal tumut kaget kalihan pandangunipun Ki Lurah dhateng Ki Palir makaten kala wau.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir lajeng atur wangsulan “menika namung dhapur panginten-nginten kula kanthi wewaton kawontenan ingkang kula panggihi ing kedadosan ingkang dhumawah dhateng Ki Jagabaya Munggur menika”.

        “Cethane kepiye Dhi?”

        “Kala wau nalika sumerep tatunipun Ki Jagabaya” Ki Palir atur wangsulan “kula lajeng kemutan dhateng dom-dom cem-ceman kados ingkang sampun medal saking raganipun Ki Jagabaya menika kala wau. Sangertos kula dom-dom cem-ceman kados menika sedaya cacahipun wonten tigang dasa nem, manggen ing tigang panggenan. Ingkang kalih welas dipun kuwaosi dening Kakang Dungkul, ingkang kalih welas dipun simpen dening Kakang Dhangkal lan ingkang kalih welas malih kula singgahaken.”

        Ki Palir kendel sakedhap anggenipun wicanten awit wonten rewang dalem kalurahan ingkang dhateng pendhapa nyukani pasegahan dhateng ingkang nembe jagongan, inggih menika wedang jahe benter kalihan ketela godhog.

        “Sedaya dom-dom cem-ceman menika suwaunipun kagunganipun Bapa, ingkang angsalipun saking anggenipun maringi Jim Nagaweling, Dhanyang Kedhung Pawon, nalika Bapa Ki Anggira nglampahi tapa kungkum ing Kedhung Pawon, jaman Bapa taksih timur rumiyin” sareng Rewang ingkang ngladosaken segahan sampun ngalih Lo Palir nglajengaken anggenipun wicanten.

        “Iya, nanging kareben ora pati salit neng gorokan, wedang karo ketela kuwi aja ming padha dianggurne wae” Ki Lurah nyelani rembag kalihan ngranggeh cangkir isi wedang jahe ing ngarsanipun, lajeng dipun sruput “mangga Ki Bau lan Ki Bayan, mumpung isih durung adhem”.

        “Inggih Ki Lurah” wangsulanipun Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen meh sareng.

        “Dom-dom cem-ceman kala wau lajeng dening Bapa kaparingaken dhateng anak-anakipun ingkang jaler, sesarengan kalihan kaparingan kados pundi caranipun ngusadani menawi wonten tiyang kenging dom-dom menika sadangunipun wisaning dom dereng dumugi jantung” sasampunipun nyruput wedangipun Ki Palir nglajengaken anggenipun wicanten “nanging nalika Bapa badhe seda kober paring weling murih anak-anakipun ngatos-atos sanget menawi badhe ngginakaken dom-dom cem-ceman kala wau, malah dhawuhipun Bapa dom-dom kalawau namung kenging dipun ginakaken menawi kawontenan sampun kepepet saestu. Awit  dayanipun wisa ingkang manunggal kalihan dom-dom kala wau sakalangkung nggegirisi. Sok sintena ingkang kataman dom kasebat, lan menawi lampahipun wisa sampun dumugi ing jejantung, mangka tiyang kala wau badhe ngraosaken sakit ingkang sakalangkung sakit, nalaripun ewah dados tiyang edan lan manawi boten tumunten kaparingan panawa inggih lajeng pejah kanthi kawontenan ingkang sakalangkung nggegilani.”

        “Dadi isih ana panawane? Lan nek wis diwenehi panawa banjur waras maneh?” Ki Lurah nyelani wicantenipun Ki Palir malih.

        “Panawa menika kanggenipun namung sawatawis wekdal kemawon Kakang” Ki Palir atur wangsulan “lan boten saged ndadosaken waras, namung saged ngicalaken raos sakit lan kuwuring nalar, nanging inggih boten dangu namung watawis sapeken lan menawi boten tumunten kaparingan panawa malih inggih lajeng kimat ingkang sakitipun nglangkungi sakit saderengipun”.

        “Temen-temen nggegirisi banget dayane dom-dom cem-ceman kuwi” Ki Lurah ngendikan alon kados namung katuhokaken dhateng saliranipun piyambak.

        “Inggih kanthi nitik kawontenanipun Ki Jagabaya Munggur saha dom-dom cem-ceman cacah tiga ingkang medal saking tatunipun kala wau, kula lajeng nggadhahi panginten menawi kedadosan menika wonten sambetipun kalihan Kakang Dungkul. Namung kemawon, kula kinten ingkang nyawataken dom ingkang kapisan menika dede Kakang Dungkul, kula ngertos menawi Kakang Dungkul dereng dumugi mriku ngelmu kanuraganipun. Menawi dom ingkang kalih, kula kinten anggenipun nyublesaken dhateng badanipun Ki Jagabaya inggih nalika Kakang Dungkul api-api nambani menika” Ki Palir kendel sakedhap lajeng nyruput wedangipun kangge nelesi gorokan.

        Sedaya ingkang mireng wicantenipun Ki Palir namung manggut-manggut eram, lan dereng wonten ingkang wicanten menapa-menapa kalebet Ki Lurah Pangapitan.

        “Sedaya sampun kula aturaken Kakang” Ki Palir lajeng wicanten malih “borong anggen jengandika badhe anampi. Tumrap kula antawisipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal kalihan jengandika Kakang Lurah menika bobotipun sami. Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal kadang tunggil Bapa dene jengandika Kakang Lurah sedherek tunggil biyung kalihan kula. Lan ingkang langkung baken malih, Ki Jagabaya kula tanggel sampun resik saking dayaning wisanipun dom-dom cem-ceman menika lan sampun boten wonten ingkang prelu dipun kuwatosaken malih.”

        Dereng ngantos Ki Lurah paring wangsulan, dumadakan sedaya dipun kagetaken kalihan Ki Jagabaya Munggur ingkang tangi saking anggenipun tilem, lajeng mrepegi papanipun Ki Palir linggih. Ki Jagabaya lajeng ngrungkebi pangkonipun Ki Palir kalihan nangis ngguguk.

        “Ngaturaken genging panuwun Ki Palir” ing sela-selaning tangisipun Ki Jagabaya wicanten “kula sampun wiwit wau nglilir lan sedaya ingkang ndika aturaken dhateng Ki Lurah sampun kula mangertosi. Saestu Ki, kula sampun ndika tulungi lan tanpa pitulungan ndika kula tartamtu kula badhe manggih pejah ingkang sakalangkung nggegirisi kados ingkang kula sumerepi salebeting pasupenan kula nalika kula dereng nglilir kala wau.”

 

 

ana candhake

 

Rabu, 03 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (19)


 

019.

        Dening Ki Lurah, Ki Jagabaya Munggur lajeng kadhawuhan mengkurep ing tikar, rasukanipun inggih sampun dipun uculi. Lajeng Ki Lurah nemplekaken Dhuwung Kyai Wesi Tawa ing tatunipun Ki Jagabaya ingkang kados bathikan sawer dumung ingkang nembe mekrok gulunipun. Wonten kedadosan ingkang radi ngeramaken, Dhuwung Kyai Wesi Tawa kados dipun sedhot dening tatu-tatunipun Ki Jagabaya Munggur. Nemplek kados tosan ingkang nemplek ing tosan sembrani. Ki Jagabaya nggeget waja, ketingalipun nembe ngampet raos sakit. Sansaya dangu ketingal sansaya keket nemplekipun Kyai Wesi Tawa ing tatu-tatunipun Ki Jagabaya, malah nalika Ki Lurah nyobi badhe ngangkat dhuwung kala wau, dhuwung boten saged dipun angkat. Makaten ugi kawontenanipun Ki Jagabaya ugi ketingal sansaya nemen anggenipun ngampet raos sakit, dumadakan Ki Jagabaya lajeng semaput, boten emut menapa-menapa malih.

        Ki Lurah ingkang sumerep menawi Ki Jagabaya semaput, malah lajeng mesem. Astanipun ingkang kala wau nyepengi ukiran Dhuwung, lajeng dipun culaken. Dhuwung panggah nemplek ing geger perangan nginggilipun Ki Jagabaya.

        “Katone wisa sing ngenani Ki Jagabaya iki dudu wisa bandhotan utawa Dumung” Ki Lurah ngendika alon.

        “Inggih Ki, lajeng wisa menapa ?” Ki Kebayan Kuncen nyuwun pirsa.

        “Pangiraku iki kaya wisane ula weling sing wis diolah carub lan wisane gegremetan liyane, nduweni watak adhem nanging banget nggegirisi. Lakune alon, nanging angel digeret mundur” Ki Lurah paring wangsulan.

        “Inggih Ki Lurah” Ki Bebau Peleman tumut wicanten “ketingalipun Dhuwung agemanipun Ki Lurah menika taksih mbudidaya nyedhot wisa ingkang mlebet ing raganipun Ki Jagabaya. Nanging nuwun sewu Ki Lurah ……”

        “nDika apa arep takon Ki Jagabaya iki isih bisa ketulungan apa ora, ngono apa Ki Bau?” Ki Lurah nigas aturipun Ki Bebau Peleman kalihan mesem.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Bebau Peleman atur wangsulan “ingkang kula kajengaken menapa anggenipun Ki Jagabaya semaput menika taksih dangu?”

        “Ya mengko menawa wisa sing ana ragane wis ora mbebayani tumrap kaslametane, Ki Jagabaya mesthi tumuli eling” Ki Lurah paring katrangan “ndika aja kleru ing panampa, anggone ora eling Ki Jagabaya iki mau ora merga kelaran wisane disedhot dening Keris Wesi Tawa iki, nanging pancen dayaning wisa sing tumama ing awake nyata nggegirisi. Rahayune lakuning wisa iki durung nganti tumekan jantung, dadi isih ana pangarep-arep nylametake nyawane Ki Jagabaya Munggur iki”.

        Rampung ngendika makaten menika kala wau, Ki Lurah lajeng ngadeg lan mlampah nilaraken Ki Bebau Peleman, Ki Kebayan Kuncen saha Sukmana ingkang tiga-tiganipun nenggani Ki Jagabaya. Pranyata Ki Lurah mlebet dhateng dalem wingking. Boten dangu tumunten wangsul dhateng pendhapa malih dipun tutaken Ki Palir ingkang inggih lajeng linggih ing sacaketipun Ki Jagabaya Munggur.

        “Ya kaya mangkono kuwi Dhi kahanane Ki Jagabaya Munggur” ngendikanipun Ki Lurah dhateng Ki Palir “mbok menawa si Adhi duwe cara murih Ki Jagabaya bisa tumuli waras, jalaran padatan kuwi yen ana wong kena wisa banjur ditambani nganggo Keris Kyai Wesi Tawa kuwi ora suwe tumuli  waras, nanging iki kok rada aneh wiwit mau durung ana tandha-tandha yen wisa sing tumama ing ragane Ki Jagabaya bisa ilang”.

        Ki Palir boten tumunten atur wangsulan, malah lajeng saya nyaketaken anggenipun linggih kalihan Ki Jagabaya. Ki Palir ketingal migatosaken tatu-tatu ing geger lan githokipun Ki Jagabaya. Wongsal-wangsul Ki Palir ketingal njengkerutaken bathuk.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” dumadakan Ki Palir noleh dhateng Ki Lurah lan nyuwun pirsa “menapa Ki Jagabaya saderengipun semaput kala wau, inggih sasampunipun kenging wisa menika, sampun nedha tetedhan ingkang ngandhut santen klapa ingkang sampun mateng, jangan upaminipun?”.

        “Lha kuwi sing aku ora ngerti Dhi” Ki Lurah paring wangsulan “merga Ki Jagabaya ya ora kandha sawise semaput lan ditulungi lan ditambani Adhi Dungkul mung kandha yen banjur nggoleki Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen menyang Tepis wiring lor desa, ora kepethuk banjur mrene iki mau”.

        “Ki Jagabaya dipun tambani Kakang Dungkul?” Ki Palir sansaya ketingal nggumun mireng menawi Ki Jagabaya Munggur kala wau sampun ditambani Ki Dungkul.

        “Iya Dhi” Ki Lurah paring wangsulan “sing kandha ya Ki Jagabaya dhewe”.

        “Inggih sampun menawi makaten Kakang” Ki Palir lajeng wicanten malih “mugi-mugi Gusti paring pitulungan dhateng kula saha mugi-mugi janjinipun Ki Jagabaya dereng wancinipun”

        “Sing dikarepake si Adhi iki kepiye ta?” Ki Lurah mundhut pirsa malih “aku kok bingung nampa aturmu iki mau?”.

        “Kula badhe mbudidaya murih Ki Jagabaya tumuli saras Kakang” Ki Palir atur wangsulan “nanging kula nyuwun kanthi sanget dhumateng Kakang Lurah, ugi dhumateng Angger Sukmana tuwin Ki Bebau lan Ki Kebayan, mangke manawi Ki Jagabaya sampun dhangan, sampun ngantos paring mangertos dhumateng sinten kemawon menawi kula ingkang dados sarana dhanganipun Ki Jagabaya. Sampun dipun wangsuli rumiyin panyuwun kula menika, mangke kemawon kula aturaken sacetha-cethanipun”.

        “Iya Dhi, panjaluke si Adhi perkara iki mesthi tak turuti” Dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.

        “Inggih Ki Palir, dhawuh ndika badhe kula estokaken” Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen sareng suka wangsulan.

        Ki Palir lajeng ngedalaken selendhang alit saking waliking rasukanipun. Sukunipun Ki Jagabaya Munggur kalih-kalihipun lajeng dipun tangsuli dados setunggal mawi selendhang alit kala wau. Sawatawis menika dhuwung Kyai Wesi Tawa kagunganipun Ki Lurah Pangapitan panggah taksih nemplek ing tatu-tatunipun Ki Jagabaya. Ki Palir lajeng linggih sila ing caket sirahipun Ki Jagabaya.

        “Nuwun sewu Ngger” Ki Palir wicanten dhateng Sukmana “tulung ndika padosaken santen ingkang taksih mentah kawadhahana ing cowek lan kaselehna ing caket kula mriki, mbok menawi mangke wonten ginanipun”.

        “Inggih Paman” wangsulanipun Sukmana lajeng ngadeg mlampah dhateng dalem wingking.

        Dumadakan iketipun Ki Jagabaya Munggur dening Ki Palir dipun udhari, rambutipun dipun jambak, sirahipun Ki Jagabaya dipun dhangakaken. Ki Jagabaya ingkang taksih semaput babar pisan boten nglawan utawi sambat. Sareng watawis sampun sapanginang dangunipun, Ki Jagabaya wiwit ebah. Sukunipun ketingal badhe mancal-mancal, nanging gandheng sampun dipun banda mawi slendhang dados inggih boten saged mancal.

        Ko Lurah Pangapitan, Ki Bebau Peleman saha Ki Kebayan Kuncen, namung ningali kemawon boten tumindak menapa-menapa. Sukmana ingkang kala wau pados santen, ugi sampun wangsul malih dhateng pendhapa kalihan mbekta cowek isi santen lajeng dipun seleh ing sacaketipun Ki Palir.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir matur dhateng Ki Lurah “ketingalipun Dhuwung Kyai Wesi Tawa sampun boten kelet malih kalihan Ki Jagabaya, prayogi menawi jengandika asta malih”.

        Ki Lurah lajeng mendhet dhuwung ingkang wau nemplek ing tatu-tatunipun Ki Jagabaya. Saestu, jebul samangke dhuwung menika sampun boten kelet kados wau. Dhuwung lajeng kaasta malih dening Ki Lurah. Anyarengi Ki Lurah ngangkat dhuwungipun, dumadakan saking gegeripun Ki Jagabaya ingkang kalawau kaselehan dhuwung, ngedalaken toya pethak ingkang warninipun kados santen. Ki Lurah lan sedaya ingkang wonten pendhapa mriku sami maspadakaken toya menika.

        “Nuwun sewu Ngger” Ki Palir lajeng wicanten dhateng Sukmana, sawatawis piyambakipun taksih nyambak rambutipun Ki Jagabaya “tutukipun Ki Jagabaya ndika tetesi santen menika sakedhik-sakedhik watawis ngantos pitung tetes”.

        “Inggih Paman” Sukmana wangsulan nunten nindakaken menapa ingkang dipun parentahaken Ki Palir dhumateng piyambakipun.

        “Nyuwun pangapunten Ki Bebau” Ki Palir gentos wicanten dhateng Ki Bebau Peleman “tulung mustakanipun Ki Jagabaya ndika cepengi rumiyin, kula badhe mendhet sesuker ing tatu ingkang kados santen menika”.

        “Inggih Ki” Bebau Peleman lajeng nggentosi Ki Palir njambak rambutipun Ki Jagabaya Munggur lan ndhangakaken sirahipun.

        Ki Palir lajeng ngedalaken kapas saking kanthongan ingkang dipun simpen ing waliking rasukanipun. Mawi kapas menika Ki Palir nutuli tatunipun Ki Jagabaya ingkang ngedalaken toya kados santen menika.

        “Kecekel kowe, saiki !!!” kados tiyang ngigit-igit Ki Palir wicanten piyambak.

        “Ana apa Dhi?” Ki Lurah Pangapitan mundhut pirsa kalihan suwanten nedahaken bilih radi gumun kalihan ingkang dipun ungelaken Ki Palir.

        “Dom Kakang” wangsulanipun Ki Palir kalihan nedahaken dom lembat-lembat cacah tiga ingkang kelet ing kapas “inggih dom-dom menika ingkang murugaken wisa ing badanipun Ki Jagabaya boten saged dipun dipun cabaraken sanaosa sampun katumpangan Dhuwung Kyai Wesi Tawa agemanipun Kakang Lurah”.

        Ki Lurah boten ngendika malih, namung mustakanipun manggut-manggut rumaos eram dhateng kalangkungan ingkang dipun gadhahi dening sedherekipun jaler menika.

 

 

ana candhake.

   

Kamis, 21 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (18)


 

018.

        Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen ketingal mencereng mripatipun, kekalihipun sami ngulati Ki Jagabaya Munggur. Malah Ki Kebayan Kuncen sampun ngepelaken tanganipun lan nggegetaken untu, nedahaken panasing manahipun dhateng Ki Jagabaya Munggur. Ki Jagabaya ketingalipun ugi sampun mangertos menawi tiyang kalih menika sami nesu dhateng piyambakipun, lan Ki Jagabaya sajak inggih boten remen menawi kaulatan kados makaten menika. Nanging gandheng Ki Jagabaya Munggur sampun dipun acarani Ki Lurah murih linggih nyaket, pramila raosing manahipun dhateng Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen inggih lajeng kasumenekaken rumiyin.

        “Olehku ngenteni ndika wiwit mau lho Ki Jagabaya” ngendikanipun Ki Lurah sareh kemawon “gandheng ndika ora teka-teka banjur aku kongkonan Sukmana nggoleki ndika, iki mau ketemu neng ngendi?”.

        “Inggih nyuwun pangapunten Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya ingkang lajeng mangertos ingkang dipun kersakaken Ki Lurah, Ki Jagabaya mbatos menawi Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen mesthi sampun madulaken piyambakipun kanthi wadulan ingkang boten-boten tumtap piyambakipun, ingkang namung adhedhasar panginten saha pamanggihipun tiyang kalih menika kemawon “mila kedahipun kula sampun marak ing ngarsanipun Ki Lurah kala wau saderengipun seraping surya, ngaturaken saha nyuwun dhawuh magepokan kalihan wontening kedadosan ing tepis wiring sisih ler Pangapitan ingkang dipun sumerepi dening Ki Kebayan Kuncen, Ki Lurah. Nanging sowan kula sakalangkung randhat jalaran wonten alangan ing margi, temah nembe saged marak sak niki, niki wau kula kepanggih kalihan Adhi Sukmana ing ngajeng regol Kalurahan”.

        “Ki Jagabaya oleh alangan ing dalan?” Ki Lurah mundhut pirsa kalihan suwanten ingkang nedahaken ngunguning penggalihipun.

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya Munggur “kala wau sasampunipun medal saking griyanipun Ki Bebau Peleman, kanthi daya-daya lan setengah kalih mlajeng kula badhe sowan Ki Lurah. Nanging boten kula sumerepi saking pundi asalipun, nalika lampah kula dumugi protigan Peleman dumadakan kula ngraosaken kados ketiban balangan saking wingking ingkang ngengingi geger lan githok kula, ingkang ndadosaken kula dhawah lan boten emut menapa-menapa. Rahayunipun wonen warga Peleman ingkang sumerep anggen kula rebah, kula lajeng dipun gendhong ing griyanipun. Dipun upakara salimrahipun, awit tiyang-tiyang nginten menawi kula kenging angin awon. Sakujuring badan kula ingkang anyep njejet dipun seka mawi toya benter kalihan awu anget, ewa samanten kula panggah dereng saged emut……”.

        “Sabanjure kepiye?” Ki Lurah nyela rembagipun Ki Jagabaya.

        “Salajengipun duka saking tindak pundi boten wonten ingkang sumerep, rayi jengandika Ki Dungkul pirsa menawi wonten rame-rame ing griyanipun warga Peleman menika” Ki Jagabaya Munggur atur wangsulan “inggih awit kaparingan usada dening Ki Dungkul kala wau, kula lajeng emut malih”

        “Dadi ndika ditambani Adhi Dungkul?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya “lajeng Ki Dungkul mrayogekaken murih kula kendel rumiyin boten kenging daya-daya wangsul. Kula lajeng matur, menawi kula boten badhe wangsul nanging badhe dhateng Kalurahan, badhe ngaturi pirsa lan nyuwun dhawuh awit wonten prakawis ingkang wigatos ingkang kedah kapirsanan dening Ki Lurah.”.

        “Banjur ndika mrene iki mau?”

        “Boten Ki Lurah” Ki Jagabaya atur wangsulan lan nglajengaken anggenipun matur “sareng kula matur kados niku wau, Ki Dungkul lajeng gumujeng kalihan ngendika bilih panjenenganipun sampun pirsa prakawis wigatos ingkang badhe kula aturaken dhateng Ki Lurah menika, lan mila leres jebul Ki Dungkul sampun pirsa bilih kula nguwatosaken awit wontenipun tiyang-tiyang ingkang wonten ing saleripun Dhukuh Peleman kala wau”.

        “Banjur Adhi Dungkul kandha kepiye?” Ki Lurah ndangu malih.

        “Ki Dungkul ngendika makaten : “kae dudu bebaya tumrap Desa Pangapitan Ki Jagabaya, merga wong-wong kae mung wong liwat wae, kae para murid Paguron Nagalanang  sing liwat kene merga arep menyang  Patalan, merga kadhawuhan mlumpuk ing Padhepokan Agung dening Kyai Nagalanang”. Salajengipun Ki Dungkul dhawuh menawi badhe nyulihi kula ngaturaken prakawis menika dhateng Ki Lurah, lan kula menawi sampun kendel sawatawis kadhawuhan ngabaraken bab menika dhateng Ki Bebau Peleman tuwin Ki Kebayan Kuncen, murih kekalihipun boten kedlarung-dlarung anggenipun kuwatos. Nanging sareng kula wangsul dhateng Tepis wiring ler, jebul kawontenan sampun sepen, Ki Bebau lan Ki Kebayan lan para sinoman sampun sami boten wonten. Kula lajeng sowan Ki Lurah menika”.

        Ki Lurah kendel sekedhap boten tumuli ngendika malih. Penggalihipun lajeng tumuju dhateng Ki Dungkul. Menawi Ki Dungkul sampun ngertos menawi titiyang ingkang dipun sujanani dening Ki Bebau Peleman saha Ki Kebayan Kuncen jebul para pendherekipun Kyai Nagalanang, lajeng saking laladan pundi?. Sok makatena, kala wau enjing nalika Ki Dungkul lan Ki Dhangkal dhateng Dalem Kalurahan babar pisan boten atur uninga dhateng Ki Lurah menawi badhe wonten tiyang kathah ingkang badhe liwat Pangapitan. Nanging Ki Lurah boten tumunten ngendikakaken ingkang dipun penggalih dhateng Ki Bebau Peleman tuwin Ki Kebayan Kuncen menapa dene Ki Jagabaya Munggur. Malah Ki Lurah lajeng ndangu bab kasarasanipun Ki Jagabaya :

        “Lha saiki kahanan ndika kepiye? Wis waras tenan apa isih ana rasa mumet utawa liyane?”.

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya Munggur “samenika sampun boten mumet, nanging kula kinten kula boten kengin angin kados pangintenipun warga Peleman kala wau. Awit, githok saha geger kula ingkang rumaos kula kedhawahan balangan kala wau dugi sapriki sakedhap-sakedhap taksih kraos benter sok kraos kados dipun cengkerem dening kukunipun kucing”.

        “Coba Sukmana njupuka dimar tak colokane githok lan gegere Ki Jagabaya iki, kok atiku krasa ora pati kepenak” Ki Lurah dhawuh dhateng Sukmana mendhet dimar, kalajengaken dhawuh dhateng Ki Jagabaya “coba lukaren klambi ndika Ki Jagabaya tak deloke geger lan githok ndika sing lara kuwi”.

        Sukmana sampun mendhet dimar lan Ki Jagabaya Munggur ugi sampun mbikak rasukanipun. Kanthi kapadhangan sunaring dimar, Ki Lurah pirsa bilih ing gegeripun Ki Jagabaya ketingal gosong. Ki Lurah sakala njengkerutaken palarapanipun, sareng uninga gosong ing geger lan githokipun Ki Jagabaya menika ketingal boten gosong limrah.

        “Coba Ki Bau lan Ki Kebayan, aku njaluk tulung, ulatna sing premana apa sing katon ing geger lan githoke Ki Jagabaya iki, miturut panyawang ndika” Ki Lurah lajeng dhawuh dhateng Ki Bebau Peleman lan Kebayan Kuncen murih tumut ningali geger lan githokipun Ki Jagabaya Munggur.

        Tiyang kalih ingkang dipun prentah Ki Lurah kala wau inggih lajeng nyaket, samanten ugi Sukmana ingkang nadyan boten kadhawuhan, nanging inggih tumut ningali kawontenaning geger lan githokipun Ki Jagabaya Munggur.

        “Aneh…..” Ki Bebau Peleman wicanten lirih.

        “Nggegirisi!” Ki Kebayan Kuncen mewahi rembag.

        “Apa sing padha ndika weruhi ?” Ki Lurah ndangu pamong kalih kala wau.

        “Rumaos kula ing gigiripun Ki Jagabaya sisih nginggil dumugi ing githok kados dipun bathik mawi cacahan dom Ki Lurah” Ki Bebau Peleman atur wangsulan.

        “Inggih Ki Lurah” Ki Kebayan Kuncen mewahi atur “bathikanipun kados gambar sawer dumung ageng ingkang nembe mekrok gulunipun”.

        “Dadi bener apa sing dikandhakne Ki Jagabaya mau” Ki Lurah lajeng ngendika “Ki Jagabaya ora mung kena angin, nanging cetha yen ana sing mbalang saka mburi sing ora diweruhi dening Ki Jagabaya. Ora dibalang nganggo barang lumrah kaya dene watu utawa kayu, nanging Ki Jagabaya wis ketiban Pupuhan saka kadohan sing disurung nganggo hawa murni sing dhuwur. Nitik tatune, Ki Jagabaya wis kena dayane aji Sembur Sarpa, kuwi aji kuna sing lumrah diduweni dening para wong sekti saka laladan sukuning gunung lawu….”.

        “Adhuh…” Ki Jagabaya sambat lan matur dhateng Ki Lurah kalihan suwanten ingkang nedahaken kuwatosing manah “menapa kula badhe pejah Ki Lurah?”

        “Pati lan uripe menungsa kuwi ing astane Gusti, Ki Jagabaya” Ki Lurah paring wangsulan kanthi suwanten ingkang sareh “menungsa diwajibake mbudidaya sarta ndedonga. Mari lan orane gumantung marang kersaning Allah, mung kang wajib dipercaya dening manungsa kabeh, klebu aku lan ndika kabeh, apa sing dadi kersane Gusti, kuwi mesthi becike. Awit Gusti kuwi banget Maha Welas lan Maha Asihe marang kabeh kawulaNe.”

        Ki Lurah nunten jumeneng, mlebet dhateng griya wingking. Boten dangu lajeng medal malih kalihan ngasta dhuwung Kyai Wesi Tawa ingkang sampun dipun liga.

 

 

ana candhake

 

 

 

 

       

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (17)


 

017.

        Srengenge sampun radi sawatawis dangu anggenipun ambles ing cakrawala imbang kilen, kantun nisakaken cahya abang ingkang sansaya dangu sansaya manda-manda. Nalika samanten Ki Lurah lan Ki Palir saha kulawarga dalem Kalurahan taksih sami lenggah ing dalem wingking, mila nembe kemawon rampung anggenipun sami mancal kemul (makan malam). Dumadakan saking pendhapa kepireng suwantening gentha ingkang minangka tengara menawi wonten warga ingkang kepengin sowan ngadhep Ki Lurah.

        “Sapa iki? Lagi bubar surup kok wis ana sing kepengin ngadhep?” Ki Lurah ngendika piyambak kalihan njengkerutaken palarapanipun.

        “Nggih kirang ngertos ta Kyai?” Nyi Lurah nyauti pangandikanipun Ki Lurah “mesthinipun inggih warga Pangapitan ingkang mbetahaken rerigen menapa pitulungan saking ndika”.

        Ki Lurah jumeneng kalihan mesem, lajeng paring dhawuh dhateng Ki Palir :

        “Awakmu neng kene dhisik Dhi, kancanana sisihanmu kareben nutugne nggone jagongan karo mBakyune, aku karo Sukmana tak menyang Pendhapa dhisik, nemoni wong sing ngunekne gentha kae”.

        Ki Lurah lajeng ditutaken Sukmana dhateng pendhapa. Jebul ingkang ngungelaken gentha kala wau, Ki Bebau Peleman kalihan Ki Kebayan Kuncen. Kekalihipun ketingal nembe kemawon nandangi padamelan awrat, menawi boten inggih nembe dugi saking kekesahan tebih. Ketitik saking  sandhangan ingkang dipun engge ingkang taksih dereng garing kenging kringet.

        “nDika mau saka ngendi ta Ki Bau karo Ki Bayan ?” Ki Lurah daya-daya ndangu dhateng tiyang kalih ingkang sampun sila ing tikar ingkang dipun gelar ing jogan pendhapa menika “kok kadhingaren wong loro bebarengan, nitik saka kahanan ndika wong loro sajak lagi wae saka lelungan adoh ya?”.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah, menapa Ki Jagabaya Munggur wau dereng dumugi mriki?” boten mangsuli menapa ingkang dados pandangunipun Ki Lurah Ki Kebayan Kuncen malah gentos nyuwun pirsa, suwantenipun kepireng radi kirang sekeca, mila Ki Kebayan Kuncen menika nggadhahi watak radi cugetan.

        “Wiwit awan mau durung ana wong mara mrene Ki Kebayan” wangsulanipun Ki Lurah alus kalihan mesem “lha ana apa ta? Sajake kok wigati banget?”.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” gentos Ki Bebau Peleman ingkang matur “badhe matur bilih ing tepis wiring ler kilen Pangapitan nembe mawon wonten kedadosan ingkang nyalawadi lan pantes menawi dipun sujanani”.

        “Kedeyan apa kuwi Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa.

        “Kala wau, saderengipun serap Ki Kebayan Kuncen ingkang nembe wangsul saking pategilanipun, sumerep tiyang kathah, ingkang dereng wonten ingkang dipun tepangi dening Ki Kebayan, tiyang-tiyang kala wau sami sesikep dedamel jangkep. Ketingalipun nembe mlampah ngiteri Dhusun Pangapitan. Lajeng Ki Kebayan ngabari kula, jalaran tiyang-tiyang kala wau ngambah laladan Dhukuh Peleman. Kaleresan wekdal niku wau, Ki Jagabaya Munggur nyarengi sanja ing griya kula, pados wiji gaga abrit ingkang badhe dipun tanem ing pategilanipun. Ki Jagabaya lajeng suka rerigen dhateng kula lan Ki Kebayan murih ngajak para sinoman Peleman saprelu ngangen lampahing tiyang-tiyang kala wau saking katebihan, lan Ki Jagabaya criyos menawi badhe sowan Ki Lurah ngaturaken prakawis menika. Ki Jagabaya ugi meling murih kula sakanca boten nyaketi tiyang-tiyang kala wau rumiyin, saderengipun nampi dhawuh saking Ki Lurah. Rerigen saking Ki Jagabaya nunten kula lampahi, kula kalih Ki Kebayan saha para sinoman Peleman inggih boten nyaketi tiyang-tiyang ingkang sikep dedamel kala wau. Nanging inggih boten kendhat anggenipun ngulati, sinambi ngrantos duginipun Ki Jagabaya ingkang matur dhateng Ki Lurah. Jebul ngantos surya surup, Ki Jagabaya boten ngetingal malih. Temah kula lan Ki Kebayan boten sumerep sinten sejatosipun tiyang-tiyang ingkang nyalawadi menika kalawau”.

        Ki Lurah njengkerutaken palarapanipun midhanget aturipun Ki Bebau Peleman kados makaten menika kala wau. Rumaos ngungun kalihan Ki Jagabaya Munggur ingkang dugi sapriki dereng dugi ing Kalurahan, mila Ki Lurah inggih lajeng ngleresaken menawi Ke Kebayan Kuncen anyel manahipun.

        “Lha ndika kuwi kepiye? Kok malah wong loro mrene kabeh iki?” semu nutuh Ki Lurah mundhut pirsa “lha sing nuwani para sinoman sing ngulat-ulati wong-wong sing pantes disujanani mau banjur sapa?”

        “Kauningana Ki Lurah” Ki Bebau Peleman matur “ketingalipun tiyang-tiyang niku wau ngertos menawi dipun ulati, saderengipun surya surup kala wau tiyang-tiyang menika sami mlampah nebihi Dhusun, lajeng mlebet dhateng wana, temah boten kasumerepan malih dhateng pundi mapanipun, awit inggih kawontenan sampun sansaya peteng. Lare-lare sinoman lajeng kula prentah murih nutugaken anggenipun baris pendhem ing tepis wiring lajeng kula mriki niki wau”.

        “Kalian kula ugi badhe nyuwun palilah saha dhawuh ingkang kasampiran purba wasesa Ki Lurah” Ki Kebayan Kuncen nyambet aturipun Ki Bebau Peleman.

        “Palilah karo dhawuh sing kasampiran purba wasesa sing kepiye Ki Kebayan?" Ki Lurah mundhut pirsa kalihan njengkerutaken palarapanipun.

        “Mugi kaparengna kula badhe nganthi sawatawis sinoman” wangsulanipun Ki Kebayan Kuncen “Jagabaya Munggur badhe kula kendharat lan kula ajengaken ing ngarsanipun Ki Lurah. Piyambakipun kedah tanggel jawab ing prakawis menika, jalaran kula kinten Jagabaya Munggur menika wonten sambung rapetipun kalihan tiyang-tiyang ingkang kala wau kula tingali. Malah boten mokal Jagabaya Munggur badhe damel kisruhing Pangaputan mriki, ketitik piyambakipun sampun dora kalihan kula lan Ki Bebau ing Peleman”.

        “Sabar dhisik Ki Kebayan” Ki Lurah paring wangsulan “aja kesusu ndakwa ala marang kanca, kuwi ora becik kedadeyane. Luwih-luwih yen pandakwa kuwi ora ana pawadan sing nguwatake, kurang-kurang bejane lekas ndika sing kepengin gawe tentreme desa malah nuwuhake kisruh, jalaran yen panjaluk ndika kuwi mau tak turuti tan wurunga bakal ana pasulayan antarane ndika lan Ki Jagabaya Munggur”.

        “Lho lepatipun Jagabaya Munggur menika rak sampun ketingal cetha ta Ki Lurah?” Ki Kebayan Kuncen wangsulan kalihan suwanten ingkang radi inggil “piyambakipun sampun nyukani wekdal dhateng andhahanipun, tiyang-tiyang ingkang sikep dedamel kala wau kangge umpetan, saupami kala wau Jagabaya boten meling murih Ki Bebau ing Peleman boten nyaketi tiyang-tiyang menika kala wau, sak boten-botenipun sampun kamangertosan sejatosipun sinten tiyang-tiyang ingkang nyalawadi menika”.

        “Panemu ndika mangkono kuwi ora luput Ki Kebayan” Ki Lurah paring wangsulan kalihan suwanten panggah sabar lan sareh “ing perkara iki Ki Jagabaya Munggur mula prelu dijaluki tanggung jawabe, nanging kudu nganggo cara sing ora nuwuhake prekara anyar sing nambahi ruwete kahanan”.

        “Lajeng caranipun kados pundi Ki Lurah?” Ki Kebayan Kuncen taksih ngeyel.

        “nDika leren dhisik, aku tak rembugan karo anakku si Sukmana” wangsulanipun Ki Lurah ingkang lajeng nimbali Sukmana “Sukmana…”.

        “Inggih, wonten dhawuh Bapa?” Sukmana atur wangsulan siyaga nampi prentah.

        “Saiki budhala nggoleki Ki Jagabaya Munggur” Ki Lurah paring dhawuh dhateng Sukmana “yen wis kepethuk, kandhanana kanthi tembung sing alus, yen tak timbali menyang dalem kalurahan saiki bareng sak lakumu. Aja nganti Ki Jagabaya Munggur ngerti yen saiki Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen lagi ana kene. Wis budhala, yen Ki Jagabaya ora gelem bareng salukumu, mangka purba wasesa tak pasrahake marang kowe”.

        Mireng dhawuhipun Ki Lurah dhateng Sukmana makaten menika, Ki Kebayan lajeng mesem kalihan ndhingklukaken sirahipun. Sukmana ugi lajeng atur wangsulan dhateng tiyang sepuhipun :

        “Inggih Bapa, nyuwun pangestu” Sukmana lajeng ngadeg badhe bidhal madosi Ki Jagabaya Munggur.

        Nanging nembe kemawon Sukmana mandhap saking pendhapa, lajeng mandheg, boten nglajengaken lampahipun. Saking regol ngajeng ingkang kapadhangan soroting diyan ting Sukmana sumerep wonten regemenging tiyang ingkang mlampah tumuju pendhapa dalem kalurahan. Sareng dipun waspadakaken langkung titi, Sukmana radi kaget. Boten pangling mila tiyang ingkang nembe dugi menika boten sanes kajawi Ki Jagabaya Munggur ingkang badhe dipun padosi.

        “Ki Jagabaya Munggur……” Sukmana alok mawi suwanten alon.

        “Inggih Adhi, kula ingkang sowan” wangsulanipun Ki Jagabaya Munggur “menapa Ki Lurah wonten dalem?”.

        “Wonten, wonten Ki Jagabaya” groyok anggenipun wangsulan “kaleresan sanget, mila Bapa sakalangkung anggenipun ngajeng-ajeng ndika, mangga katuran minggah dhateng Pendhapa”

        Ki Jagabaya inggih lajeng minggah dhateng pendhapa dipun tutaken dening Sukmana.  Sapandurat Ki Jagabaya ketingal kaget nalika sumerep Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen sampun linggih ing tikar ngadhep Ki Lurah Pangapitan. Nanging inggih lajeng kasamudana kalihan matur dhateng Ki Lurah :

        “Kula ingkang sowan Ki Lurah….”.

        “Kene-kene Ki Jagabaya, linggih cedhak aku kene” wangsulanipun Ki Lurah grapyak lan boten nedahaken raos sujana menapa-menapa.

 

ana candhake

 

 

 

Rabu, 20 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (16)


 

016.

        Ki Palir ketingal njengkerutaken bathuk, nggagas menawi sedherekipun jaler kalih niku sampun wangsul malih dhateng Pangapitan kok boten simpangan kalihan piyambakipun?, menapa anggenipun dumugi sampun kala dalu?, menapa anggenipun liwat ngginakaken margi sanes?. Lan tiyang sekawan ingkang dipun kanthi menika tiyang Brendhilan menapa tiyang Paguron? Menawi tiyang Brendhilan mesthinipun boten, kala wau Nyai Palir criyos menawi Ki Dungkul lan Ki Dhangkal sampun dangu boten nyambangi griya lan semahipun.

        “Sakniki saenipun kados pundi Paman?” Sukmana wicanten nakeni Ki Palir “Paman Palir nglajengaken tindak dhateng Brendhilan mendhet barang-barang ingkang badhe kabekta dhateng Pangapitan menapa kados pundi?”.

        “Boten Ngger” wangsulanipun Ki Palir “langkung prayogi wangsul dhateng Pangapitan kemawon, menawi kula wangsul dhateng Brendhilan boten sande badhe dipun ranjap tiyang sa Brendhilan, Jagabaya Tampeng tamtu sampun wadul dhateng Ki Lurah prakawis anggenipun kerengan ing papan menika lan mesthi dhandhang dipun unekaken kuntul kuntl dipun ungelaken dhandhang”.

        “Menawi makaten mangga suwawi kula dherekaken Paman”

        Sukmana lajeng mendhet kapalipun ingkang kala wau dipun cancang ing papan radi tebih. Gothot inggih lajeng ngrakiti lembunipun malih. Dening ingkang jaler, Nyai Palir kaprentah murih nunggang ing cikaripun Gothot. Boten watawis dangu, cikar lajeng mlampah tumuju Pangapitan, ngetutaken lampahing kapalipun Dana lan Wala, dipun iring dening Ki Palir lan Sukmana ingkang kekalihipun ugi sami nunggang kapal.

        Dereng ngantos seraping surya, lampahipun Ki Palir sampun dumugi ing Dhusun Pangapitan. Ki Palir criyos dhateng Sukmana bilih badhe njujug ing dalem Kalurahan. Badhe ngaturaken sedaya ingkang sampun kedadosan ing wana kala wau. Ngiras pantes nepangaken Nyai Palir dhateng Ki lan Nyai Lurah tuwin kulawarga dalem kalurahan sanesipun.

        “Kok kebat temen lakumu dina iki mau Dhi?” panyapanipun Ki Lurah kalihan nyalami Ki Palir ingkang nembe kemawon dugi lajeng kaajak minggah dhateng Pendhapa “miturut petunganku, cepet-cepete si Adhi tekan kene maneh kuwi lagi sesuk bengi, kuwi nek si Adhi ora ndadak mubeng pamitan marang tangga teparo ing Brendhilan kana. Lha iki lagi wayah semene si adhi kok wis tekan kene maneh?”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir suka wangsulan “mila kedahipun leres kados ingkang dados petanganipun Kakang Lurah, nanging niki wau jalaran wonten prakawis ingkang boten kalebet ing petangan saderengipun, rayi jengandika pun Tandur, bidhal saking griya kala dalu badhe nusul kula mriki, temah kalihan kula kepanggih ing satengahing margi”.

        “Kendel tenan sedulurku wadon iki” ngendikanipun Ki Lurah nanggapi wangsulanipun Ki Palir “wani mlaku ijen ing wanci bengi liwat alas pisan. Rahayune ora ana alangan, merga miturut kabar sing digawa dening Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal esuk mau, dina-dina iki kahanan alas ing antarane Pangapitan karo Brendhilan kuwi lagi gawat, akeh begal sing kluyuran ngadhang lakune wong sing liwat. Nganti Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal milala golek dalan liya murih ora kepethuk Begal ing dalan”.

        “Anggenipun Tandur wantun menika estunipun inggih saking kapeksa Kakang” wangsulanipun Ki Palir kalihan mesem “sanaosa boten kepanggih kalihan Begal, niki wau meh kemawon rayi jengandika menika badhe manggih cilaka, malah saupami Angger Sukmana boten tumunten rawuh anggenipun nusul lampah kula, kula boten mangertos menapa kula, Ki Dana lan Ki Wala tuwin Paman Gothot menika taksih saged kepanggih kalihan Kakang Lurah menapa boten.”

        “Kok bisa mangkono? Cethane kuwi piye Dhi?”

        Ki Palir lajeng ngambali cariyosipun Nyai Palir dhateng Sukmana kala wau, lajeng kasambet lelampahan sasampunipun Sukmana dugi lan nulungi Nyai Palir saking tumindakipun Raden Mas Daksina ingkang murang tata. Ki Palir ugi nyariyosaken menawi Lurah Brendhilan lan meh sadaya Pamong Dhusun sarta para kawula ingkang dados siswanipun Kyai Gendirwesi sampun sami nggadhahi kapitayan bilih ing pungkasaning tahun menika ing Patalan badhe madeg nagari enggal ingkang nami Nagari Majapahit Enggal lan sadaya Adipati, Demang, Lurah lan sapiturutipun ingkang boten purun manunggal kalihan Majapahit Enggal menika badhe dipun sirnakaken.

        “Inggih kalihan wontenipun kedadosan menika, sansaya manteb anggen kula badhe ngaup ing sangandhaping kawicaksanan jengandika Kakang Lurah, dados warga ing Dhusun Pangapitan mriki” Ki Palir amungkasi cariyosipun lan nelakaken kasetyanipun.

        “Iya Dhi” wangsulanipun Ki Lurah Pangapitan “aku seneng nek si adhi wis manteb manggon neng desa kene iki. Mung sing gawe gumune atiku sing ora uwis-uwis kuwi malah karo tekune wong sing jeneng Raden Mas Daksina kuwi mau. Ingatase dheweke kuwi putrane Pangarsa Padhepokan, malah jarene uga cinaket karo Kyai Nagalanang, lha kok tumindake ora murih ditresnani wong akeh, malah kepara seneng gawe seriking liyan mung sabab kepengin nguja hardaning karsa priyangga. Kaya ngono kuwi rak malah bisa nuwuhake kapitunane dhewe? Wong-wong sing maune arep kepencut marang gegayuhane namjur manunggal marang padhepokane rak banjur mlayu ngethar kaya sing mbok alami iki ta Dhi?”

        “Inggih Kakang” Ki Palir mangsuli pangandikanipun Ki Lurah “kula piyambak inggih nggumun, jaman rumiyin nalika dumugi ing Brendhilan sapisanan para cantrikipun Kyai Gendirireng menika sakalangkung ing saenipun. Andhap asor ngajeni dhateng sesami, dhemen tetulung lan boten dhemen ngongasaken kalangkunganipun, malah kathah remen ngalah. Tembung satembung boten uwal saking damel remenipun ingkang mireng. Temah kathah tiyang ingkang kayungyun lajeng kapencut kepengin ndherek dhateng kapitayanipun, kalebet kula piyambak. Nanging sareng pandherekipun sampun kathah lan sansaya kathah, piwucal bab budi utami sansaya tipis, ingkang dipun tengenaken namung ing bab ulah kanuragan. Malah sampun radi sawatawis dangunipun wonten kados dene paugeran, sedaya ingkang dados gadhahanipun para pendherek, menawi dipun kersakaken dening Cantrik Paguron ingkang cinaket kalihan Kyai Gendirireng kedah dipun caosaken. Menika boten winates ing barang kemawon, nanging kalebet anak lan semah. Ingkang langkung mrihatosaken malih, nyumerepi ingkang kados makaten menika, Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal tuwin Ki Lurah Brendhilan ugi tumut anyengkuyung lan paring duka menawi wonten pandherek ingkang rumaos kawratan masrahaken gadhahanipun ingkang dipun kersakaken dening para penggedhening Padhepokan menika”.

        “Yen pancen mangkono Dhi” Ki Lurah lajeng paring dhawuh malih “kedadean sing padha mbok alami, ya iku perkara anggonmu wis kerengan nganti meh paten pinaten karo Raden Mas Daksina lan kanca-kancane mau aja nganti dicritakne marang sapa wae. Aku kuwatir yen nganti Adhi Dungkul an Adhi Dhangkal krungu, bisa nuwuhake salah tampa.”

        “Inggih Kakang”

        “Dana lan Wala sarta Gothot padha kandhanana, Sukmana” Ki Lurah lajeng paring dhawuh dhateng Sukmana “saiki wae mumpung wong-wong kae isih ana kene lan durung kepethuk sapa-sapa”.

        “Inggih Bapa” Sukmana atur wangsulan lajeng menyat nyaketi Dana, Wala lan Gothot ingkang taksih linggihan ing dhingklik ngajeng Pendhapa.

        Ki Lurah lajeng paring dhawuh malih dhateng Ki Palir :

        “Becike siadhi lan sisihanmu aja kesusu bali menyang omahmu dhewe dhisik Dhi. Bengi iki padha nginepa neng omah kene, merga isih ana sing arep tak rembug karo si Adhi magepokan karo sing diaturake Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal esuk mau”.

        “Inggih Kakang, ngestokaken dhawuh”

        “Saiki ajaken sisihanmu nemoni mBokayune neng pungkuran kana. Yen wis, ya banjur padha reresika kaya lumrahe. Mengko bengi wae, awake dhewe nutugne jagongan ing kene, sisihanmu kareben padha crita karo mbokayune”.

        Ki Palir lajeng mbeta semahipun dhateng pungkuran kepanggih kalihan Nyai Lurah. Nyai Lurah sakalangkung remen manahipun tetepangan kalihan kadang pripeanipun menika. Langkung remen malih sareng mangertos bilih wiwit dinten menika Ki Palir lan semahipun sampun manteb dados warga ing Pangapitan. Nyai Lurah lajeng paring rerigen bilih saenipun salebeting tiga utawi sekawan dinten Ki Palir lan semahipun manggen ing dalem kalurahan rumiyin. Mangke anggenipun manggen ing griyanipun piyambak saenipun dipun teraken Ki lan Nyai Lurah kados limrahipun kulawarga ingkang boyongan manggeni griya enggal. Menika ngiras pantes kalih pados ubarampe kangge isen-isen pawon, kados dene dandang, kwali, kukusan, lemper, munthu lan sapiturutipun, awit sedaya uba rampening Pawon gadhahanipun Nyai Palir sedaya kantun wonten ing Brendhilan. Ki Palir lan semahipun matur menawi kantun ndherek menapa ingkang dados rerigenipun Nyai Lurah kekalihipun ugi sanget anggenipun ngaturaken panuwun.

 

ana candhake

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...